86.
Aku ora tumuli aweh wangsulan marang
pitakone Ki Tanpa Aran kuwi. Jalaran aku isih nggagas, kono kuwi papan ngendi?.
Nek nitik ana Ki Tanpa Aran lan Ki Lancur sing mrepegi aku, kira-kira wae anggone
Kang mBok Setyawati mbalangne ragaku mau, nganti tekan laladan sing ora adoh
karo Padhukuhan Bulak Pandhe sing isih cedhak karo Kutha Majapahit. Nanging
mosok iya? Aku disawatake nganti samono adohe? Antarane papan sing disebut
klawan jeneng Taman Sendhang Pangayoman karo Kutha Majapahit kuwi adoh banget,
yen diparani sarana laku ndharat bisa mbutuhake wektu sepuluh dina luwih.
“nDika kuwi isih waras Gus” Ki Tanpa Aran
sing pitakone durung tak wangsuli kuwi guneman maneh “upama mencelate raga
ndika kuwi nganti tekan Majapahit utawa Bulak Pandhe, mesthi wis ora wutuh
maneh. Dadi ndika saiki iki ya isih mapan sing ora adoh karo panggonane wong
ayu sing ndika gandrungi kae mau”.
Jebul Ki Tanpa Aran nyata wong sing
waskitha tenan, tanpa ana sing ngandhani wong sing ketoke ora genep nalare kuwi
ngerti sing lagi tak gagas, malah dheweke uga ngerti yen satemene aku banget kayungyun
ndulu kasulistyane sedulurku tunggal guru kae.
“Ngaturaken genging panuwun awit
katranganipun Kyai” aku guneman minangka wangsulan marang apa sing dikandhakne
Ki Tanpa Aran lagi wae mau.
“Satemene panuwun kaya sing ndika kandhakne
kuwi ora pati ana gunane Gus” wangsulane Ki Tanpa Aran karo cengar-cengir “jalaran
aku ora mbutuhne, nanging kareben kaya lumrahe wong sing waras nalare, panuwun
ndika wis tak tampa. Saiki aku genti sing arep takon, sanajan wangsulan saka
pitakonku iki mengko ya ora ana gunane kanggo aku, dadi upama ora ndika
wangsuli utawa wangsulan sing ndika wenehne ora jumbuh karo sing ana
angen-angen ndika, aku ya ora apa-apa”.
Wong setengah tuwa kuwi kumat maneh,
omongane dadi sakarepe dhewe. Nanging aku ngerti yen satemene apa sing ana
waliking ukara sing diucapake dening Ki Tanpa Aran kuwi ana bab-bab sing satemene
wigati. Mula kanthi kurmat aku banjur wangsulan klawan blaka :
“Kula badhe nindakaken lampah kados ingkang
dipun dhawuhaken dening Kang mBok Setyawati, kados ingkang sampun ndika pirsani
Kyai”
“Sapa sing ngandhani ndika yen aku wis
ngerti omongane Setyawati marang ndika kuwi? Aja kemeruh marang apa sing
satemene ora ndika weruhi Gus!” Ki Tanpa Aran guneman karo nyentak krungu
wangsulanku sing mangkono kuwi mau.
“Inggih nyuwun pangapunten Kyai” aku
wangsulan alus “mila boten wonten ingkang nyriyosi, namung awit saking
panginten kula kemawon, ingkang adhakanipun ndika sampun pirsa sanadyan boten
wonten ingkang atur uninga”.
“He he he he” Ki Tanpa Aran ngguyu karo
cengar-cengir “ya ngono kuwi kawitane dadi wong gendheng kaya aku iki, seneng percaya
marang pangira sing durung nyata mung wewaton pakulinan, nek ndika kepengin
sansaya edan ngono kuwi becik banget ditutugne, mengko suwe-suwe ndika rak kaya
aku iki he he he”.
“Nyuwun pangapunten Kyai” aku gage wae
njaluk ngapura lan nyritakne kanthi bares apa sing kudu tak lakoni “estunipun
anggen kula dhateng Kraton Katentreman kala wingi menika rak inggih kados
ingkang sampun kula aturaken dhateng ndika nika, inggih menika badhe netepi
sesanggeman dhateng Kang mBok Ratu. Nanging jebul kula kaanggep lepat, jalaran
sampun nerjang pepacuh, damel pejahipun Ki Suwela lan Makara. Wekasan kangge
nebus kalepatan kasebat, kula kedah nindakaken lampah Sabar Narima, ingkang
dangunipun sekawan dasa dinten kapetang wiwit dinten menika”.
“Heh…heh…heh….” Ki Tanpa Aran ngguyu maneh “wong
kaya Setyawati ngana kae, rumangsane dheweke ora tau tumindak luput. Dadi nek
ana wong kleru gage wae anggone ngluputake, sansaya yen kasampiran wewenang
aweh pidana. Kamanga nek nek tak gagas, lakon sing kudu ndika lakoni kuwi kuwih
abot tinimbang laku sadurunge. Nanging bawane ndika wis kadhung kayungyun
marang pasuryan, dedeg piadeg lan slaga sing memper karo praupan lan solah bawa
sing dadi duweke anak prawane Ki Anggara, ndika tanpa mikir dawa tumuli nyaguhi
ngono wae. Apa ndika kira-kira kuwawa nindakne laku kuwi kanthi becik lan bener
?. Atake, tiwas ndika lakoni ngaya-ngaya jebul isih diluputne maneh dening Ratu
Kraton Katentreman, sing semuci-suci kae?”.
Ditakoni ngono kuwi, aku ora bisa aweh
wangsulan. Tak gagas-gagas pancen ya ana benere apa sing dikandhakne Ki Tanpa
Aran kuwi. Banjur yen aku wis rampung nindakne laku patang puluh dina nanging
meksa dianggep durung bener dening Kang mBok Setyawati, mangka gelem ora gelem
aku kudu nglakoni maneh laku panebusing kaluputan sing dikandhakne Kang mBok
Ratu luwih abot lan luwih suwe maneh nganti matikel-tikel yen ditandhing karo
lakon sing lagi wae arep tak ayati iki. Yen mangkono banjur besuk kapan aku
bisa kasembadan nampani tuntunan kanggo nyampurnakne ngelmu Sejatining Sih peparinge
Kanjeng Eyang Doradruwasa?.
“Aku satemene bisa wae aweh pitutur marang
ndika, gegayutan karo laku sing kudu ndika lakoni iki Gus” bareng nganti suwe
aku ora bisa mangsuli pitakone, Ki Tanpa Aran banjur guneman maneh “nanging aku
wedi marang walat, kuwalat merga saka nggonku kumenthus, wani nuturi siswane
Resi Suci Doradruwasa sing kabare wis makahyangan, kamangka sing tak tuturi
kuwi ya dudu apa-apaku, dudu muridku pisan”.
“Menawi makaten menapa Ki Tanpa Aran kersa nampi
saupami kula nyuwun murih saged dados siswa jengandika? Saestu kanthi suka
gembiraning manah kula badhe nglampahi sedaya dhawuh jengandika Kyai, menawi
kula saged katampi dados siswa jengandika” gage wae aku matur, kepengin maguro marang
Ki Tanpa Aran.
“nDika kepengin dadi muride wong ora waras
kaya aku iki?” Ki Tanpa Aran takon karo gumuyu nyekikik.
“Kula boten mastani jengandika menika gerah
engetan Kyai” wangsulanku alus “lan kula boten badhe mirengaken kojahing tiyang
sanes ingkang badhe mada dhateng kula, bakenipun kula sampun pitados bilih
kangge nggayuh kasampurnaning gesang menika kula kedah meguru dhateng
jengandika Ki Tanpa Aran”.
Bubar guneman ngono kuwi aku banjur sujud
ing ngrasane Ki Tanpa Aran karo matur :
“Dhuh Guru, kaparenga nampi sembah
pangabekti saking siswa jengandika pun Suwanda”.
“Menawi Gus Wanda ingkang dereng dangu
anggenipun tepang kalih ndika, sampun katampi dados siswa, mangka kula ugi
nyuwun murih kula ugi saged dados siswa ndika Ki” dumadakan Lancur sing wiwit
mau mung meneng wae, bareng weruh aku sujud ing ngrasane Ki Tanpa Aran banjur
melu ndheprok banjur niru lekasku, sujud lan njaluk supaya ditampa dadi siswane
wong sing kerep ngaku yen duwe nalar ora pati ganep kuwi.
“Edan….edan…edan…..” Ki Tanpa Aran
grenengan dhewe “kabeh-kabeh wis padha arep edan, merga padha niyat meguru
marang wong edan. Nek ngene iki apa ora edan tenan?”.
“Guru mugi kaparenga nampi sembah kula pun
Suwanda” isih karo sujud aku matur.
“Inggih Guru, mugi sembah kula pun Lancur”
Lancur nerokne apa sing lagi wae tak kandhakne.
“Iya-iya, iya” Ki Tanpa Aran ngguyu ngakak
banjur aweh wangsulan “wis tak tampa kabeh, saiki ndika wong loro wis dadi
muridku lan wiwit dina iki ndika wong loro wis tak idini sinau dadi wong
gendheng kaya aku. Saiki ndika gek padha tangi kabeh merga ora ana gunane
suwe-suwe sujud ngono kuwi”.
Aku banjur tangi, mapan lungguh, timpuh ing
ngarepe Ki Tanpa Aran, Guruku. Lancur uga banjur tumindak sing padha, lunguh
timpuh ing prenah mburiku.
“gandheng Gus Wanda saiki wis dadi muridku,
mangka aku arep aweh tutur, ya kuwi pituture wong edan marang wong gendheng, sing
ana sambung rapete karo laku sing didhawuhake dening wong ayu sing jarene duwe
nalar sing waras, nanging satemene dhawuh sing diucapake cengkah karo lakuning
nalar sing isih waras” Guruku Ki Tanpa Aran banjur wiwit guneman, arep aweh
pitutur marang aku, magepokan karo laku sing kudu tak lakoni dhawuh saka Kang
mBok Ratu Setyawati.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar