SENDHANG
MUSTIKANING WARIH VI
Kacariyosaken
malih dening : Rust Luh Getih
87.
Mau Ki Tanpa Aran ngendikakake yen Kang mBok Setyawati
kuwi nduweni sipat semuci-suci, lire dhemen ngluputake liyan lan dumeh
kasampiran panguwasa banjur dhemen sakepenake nibakne paukuman marang sing
dianggep luput tanpa gelem ngrumangsani yen satemene kaluputan kuwi mung
kaluputan sing lumrah. Mula aku banjur kepengin banget ngrungokne pituture
guruku iki murih aku ora bola-bali diluputake dening Kang mBok sing temene mung
kajibah aweh tuntunan marang aku. Lan aku enggal bisa mangwasani ngelmu
peparinge Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa, kang sinebut Ngelmu Sejatining Sih
kuwi.
“Tenane rak ngene ta Gus” Ki Tanpa Aran wiwit ngendika
“ngelmu sing diarani Sejatining Sih peparinge Resi Doradruwasa marang ndika
kuwi, temene mung ngelmu lumrah wujude laku sing kudu ndika tindakne sajroning
ngayahi kuwajiban urip neng jagad padhang iki. Lan kanggo mangerteni laku kuwi,
ora kudu nganggo sarat sing angel lan abot kaya sing dikandhakne Ratu Kraton
Katentreman kae. Aku dhewe uga wis ngerteni mungguh sari pathine Ngelmu kuwi,
dadi saupama Ratu Kraton Pangayoman kae ora gelem aweh tuntunan marang ndika, kuwi
ora apa-apa, mengko aku sing bakal nuntun ndika murih bisa mangwasani Ngelmu
pethingane Resi Doradruwasa kuwi”.
“Menawi makaten kula namung saged ngaturaken gunging
panuwun Guru” aku rumangsa seneng krungu ngendikane Ki Tanpa Aran sing arep
aweh tuntunan marang aku kalamun ta Kang mBok Ratu ora gelem nenuntun marang
aku jalaran aku diangep durung resik saka dosa lan kaluputan sing wis kebacut
tak tindakne “lajeng menapa ingkang kedah kula lampahi Guru?”.
“Kaya sing wis dikandhakne Setyawati marang ndika, ya
iku ndika kudu nindakne laku sabar lan narima, nanging iya mung sakuwasa lan
sakuwat ndika wae, Jalaran laku Sabar narima kaya sing dikandhakne Setyawati
marang ndika kae, katone ora ana titah sing kuwawa nglakono kanthi sampurna. Nanging
ndika kudu bisa ngaweruhi uga, ana wewadi apa dene Resi Doradruwasa matah
marang Setyawati murih ndika katuntun kanggo ngaweruhi sejatining Ngelmu Sejatining
Sih kuwi” Ki Tanpa Aran aweh wangsulan lan ngandhani yen ana wewadi sing durung
tak ngerteni.
“Lajeng wewadi menika wujud menapa Guru?” aku matur
kepengin ngerti.
“Resi Doradruwasa wis uninga yen wanita sing ndika tresnani
nalika ndika tinggal lunga menyang Kedhuwang kae wis sirna jalaran saka budi
candhalane Makara” Guru paring katrangan ngenani wewadi sing tak takokne “kamangka
Resi Doradruwasa uga luwih uninga yen satemene bareng karo dikubure ragane
Andalu, aluse anak prawane Anggara kuwi wis tinuntun dening Resi Doradruwasa
supaya manunggal marang muride sing jeneng Setyawati kuwi. Mula dadi ora
nggumunake yen ndika banjur kayungyun marang Setyawati wiwit nalika weruh kang
kapisan kae. Mula Resi Doradruwasa sengaja ora nyampurnakne anggone paring
wejangan marang ndika, malah banjur mrintah marang Setyawati supaya aweh
tuntunan marang ndika, kang mangkono kuwi mung sarana sing ditempuh dening Guru
ndika kuwi kanggo nyawijekne katresnan ndika marang aluse Andalu sing samengko
manunggal karo Setyawati, mung emane Resi Doradruwasa sing satemene ratune wong
waskitha kae kalepyan paningale temah ora metung yen ing sajroning Setyawati
kajaba ana aluse Andalu uga ana alus liyane sing manggon luwih dhisik sing uga
nduweni katresnane dhewe sing wujude dudu Raden Bagus Suwanda sing ditresnani
Andalu”.
Aku manthuk-manthuk, lan banget nggonku eram ngaweruhi
kawaskithane Ki Tanpa Aran sing ws nuduhne wewadi sing sasuwene iki babar pisan
ora tau tak gagas. Wewadi sing wujud kawaskithan lan kawicaksanane Eyang Resi
Doradruwasa.
“Sabanjure Gus” Ki Tanpa Aran nutugne anggone ngendika
“temene ana cara sing luwih becik murih ndika apa dene Setyawati bisa
mangwasani Ngelmu Pethingane Resi Doradruwasa sing aran Sejatining Sih kuwi”.
“Nuwun sewu Guru” aku nyela rembug “menapa Kang mBok
Setyawati dereng sampurna anggenipun mangertosi ngelmi menika?”.
“He he he…….” Ki Tanpa Aran ngguyu, kaya padatan
guyune ya memper guyune wong sing ora waras nalare ngana kae, kamangka iki mau
wis sauntara anggone ngendika wis cetha ora nuduhne yen panjenengane kuwi wong
sing ora ganep nalare, nanging malah nuduhne yen panjenengane kuwi nyata wong
sing duwe kawaskithan linuwih “Pangertene sedulur tunggal guru ndika ngenani
Ngelmune Resi Doradruwasa kuwi lagi mung sak kulit ayame wae Gus. Satemene
dheweke ya ngrumangsani bab kuwi, nanging gandheng rumangsane ora ana wong liya
sing luwih ngerti babagan ngelmu iku banjur rumangsa yen sanadyan pangertene
ing Ngelmu Sejatining Sih mung sakulit ayam nanging banjur rumangsa mung dheweke dhewe
sing ngerteni babagan kuwi”.
“Makaten inggih Guru?” aku matur maneh “lajeng cara
menapa ingkang Guru dhawuhaken langkung
sae murih kula kalihan Kang mBok Setyawati saged nguwaosi Ngelmi Sejatining Sih
kasebat?”.
“nDika lan Ratu ing Kraton Katentreman kudu manunggalake
jiwa lan raga dadi siji” wangsulane Guru karo pasuryan sajak wigati “lire,
Setyawati kudu bisa dadi bojone Suwanda
lan Suwanda dadia sisihane Setyawati”.
Aku ora enggal guneman aweh wangsulan marang apa sing lagi
wae didhawuhne guruku iku. Jalaran saupama sing didhawuhne guru iki yekti wis
dadi pepenginan sing ora tau leren ngreridhu atiku. Malah saupama aku bisa
mengku Kang mBok Setyawati dadi sisihanku ngono, ora sida bisa nyampurnakne
ngelmu sing aran Sejatining Sih kuwi aku ya ora rumangsa apa-apa. Upama
dikongkon milih, bisa duwe bojo Kang mBok Setyawati apa milih bisa mangwasani
Ngelmu Sejatining Sih, aku bakal milih Kang mBok Setyawati wae. Lha iki mau kok
Guru ndhawuhake yen cara sing luwih becik kanggo bisa mangwasani Ngelmu
Sejatining Sih tumrapku lan tumrape Kang mBok Setyawati saranane wong lro kudu
manunggal dadi bojo. Iki kanggoku temen-temen aran nugraha sing luwih saka
sampurna.
“Piye Gus?” nedheng-nedhenge aku nggagas apa sing dadi
dhawuhe Guru, Guru mundhut pirsa “kira-kira ndika mathuk lan sarujuk karo sing
tak kandhakne iki mau apa ora he?”.
“Saestu kula remen sanget Bapa” wangsulanku karo mesem
semu rada isin “nanging menapa Kang mBok Setyawati ngertos ing prakawis menika?”.
“Lha sing bisa aweh wangsulan marang sing ndka takokne
keri dhewe iki cetha nek mung sedulur tunggal guru ndika dhewe ta Gus? Nek
ndika takon marang aku genah nek ora pas babar pisan” wangsulane Ki Tanpa Aran
karo pasuryan sing anyep kaya padatan.
“Lha lajeng kados pundi Guru?” aku matur maneh.
“Bola-bali kok mung bisa takon piya karo piye wae ta
Gus?” Ki Tanpa Aran wangsulan karo nyentak lirih “nek ndika temen-temen nduweni
panjangka bisa ngawruhi jatining Ngelmu Sejating Sih lan ngepek bojo wong sing
olehe dadi wedok merga digawe dening Resi Doradruwasa kae, ya kudu enggal
tumuli dijangkah. Ora kok mung kadospunda-kadospundi ngongo kuwi”.
Aneh!. Tembunge guru sing keri iki ana sing temen-temen
ora cetha, mosok Kang mBok Setyawati dikandhakne nek olehe dadi wadon merga digawe
deningKanjeng Eyang Resi Doradruwasa?
Apa maune Kang mBok Setyawati kae tumitah dadi wong lanang? Banjur disotne
dening Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa dadi wadon? Apa piye?.
“Nah, rak tenan ta?” Ki Tanpa Aran nyendhu marang aku.
“Ingkang estu menapa Guru?” aku gage takon.
“nDika malah ora nggagas carane njangkah tumuju
menyang sing ndika jangka, nanging malah nggagas sing oraana gunane babar pisan
merga ora ana sambung rapete karo sing ndika pengini” Ki Tanpa Aran wangsulan
karo cengar-cengir sajak ngece “karo maneh, ndika kuwi isih seneng mikir kaya
wong bodho wae, nek saiki dadi wedok banjur ndika tegesi sadurunge kuwi mesthi lanang,
ora mesthi mangkono Gus. Nanging bab iki becik ndika singkirne luwih dhisik
saka angen-angen ndika, tinimbang angen-angen digawe repot merga nggagas sing
ora ana gunane luwih becik kanggo nggagas nata caa kanggo njangkah murih kasembadan
sing ndika jangka!”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar