88.
Sepisan maneh aku diwelehake dening Guruku, pancen aku
gampang kepencut marang bab-bab sing satemene ora ana tuna lan bathine yen ta
tak gagas, temah rasa kepencut kuwi malah ndadekne aku lali marang apa sing
kudune tak pikir lan tak tindakne. Kaya upamane nggagas apa sing dingendikakne
Guru mau, ya iku ngenani Kang mBok Setyawati sing diarani Guru olehe dadi wong
wadon iya awit saka panggawene Kanjeng Eyang Resi Doradruwasa iki mau. Ora
krasa aku mesem dhewe, ngesemi nggonku duwe pakulinan sing tenane mung
ngeceh-eceh dayaning nalar iki mau.
“Inggih Guru” wekasan aku banjur matur “mila sampun
dados pakulinan, kula menika asring kapencut dhateng prakawis ingkang estunipun
boten wonten sambetipun kalihan kula. Inggih awit saking menika, mugi
jengandika Guru keparenga tansah anuntun lampah kula murih kula saged ngicali
pakulinan ingkang boten wonten ginanipun menika kala wau”.
“Ngilangi pakulinan ngono kuwi, ora mbutuhne tuntunan”
wangsulane Ki Tanpa Aran ora karo cengengesan kaya adate “nanging mung mbutuhne
rasa eling, lire tansah eling marang apa sing kudune dipikir lan ditindakne lan
rasa eling kuwi pancen kudu dilatih saka sethithik nanging ajeg, ora kena dhang
thek mung sakecandhake. Nanging nek ndika mbutuhne tuntunan saka aku, aku ya ora
kabotan waton ndika gelem sabar”.
“Inggih Guru, ngaturaken gunging panuwun” aku
wangsulan karo nyembah kurmat.
“Aku ora mbutuhne panuwun, merga kuwi kuwajiban sing
kudu tak tindakne minangka jejering guru marang muride” Ki Tanpa Aran aweh
wangsulan karo suwara sengak kaya padatan ngana kae “saiki ndika tak tuduhi piye
carane murih ndika bisa enggal kasembadan manunggal karo Ratu Setyawati, kuwi
ta satemene sing banget ndika arep-arep? Iya apa ora?”.
“Nyuwun pangapunten, mila leres makaten Guru”
wangsulanku karo mesem semu ngempet rasa isin. Tak lirik Lancur sing wiwit mau
mung ndhingkluk wae, iya melu mesem, embuh mengku karep apa karo eseme si
Lancur iki, mbok menawa wae ngesemi aku sing seneng nanging rada kisinan iki.
“Miturut panyawangku, nganti saiki Setyawati kae isih
ngugemi karepe sing mung arep urip ijen, lire durung gelem duwe bojo” Ki Tanpa
Aran nutugne olehe ngendika “ya neng kono kuwi katon bodhone titah ing jagad
iki, kalebu Seyawati sing satemene wola-wali nggagas yen ing kala mangsa tinamtu
bojo utawa sisihan kuwi dibutuhake, nanging ajeg gagasane kuwi dipunggel dhewe
malah dhasaring atine diapusi dhewe karo pawadan yen sing satemene dibutuhake
kuwi bisa dadi pepalang nggone nggayuh kasampurnan”.
“Inggih Guru” aku nyela atur “gandheng kula ngrumaosi bilih
kula estu taksih cubluk, babar pisan kula pasrah dhateng jengandika Guru, kados
pundi murih kasembadaning sedya, dhawuh saking Guru estu badhe kula lampahi
kanthi remining manah”.
“nDika kudu blaka marang Setyawati” Ki Tanpa Aran
paring dhawuh maneh “lire Setyawati kudu ndika kandhani yen ndika wis kepencut
marang kasulistyane sarta ndika kepengin mangun kulawarga karo dheweke. Lan
ndika kandhani pisan, menawa Setyawati nampik apa sing dadi pepenginan ndika,
mangka ndika kudu aweh ngerti yen lekas ndika kepengin ngepek Setyawati dadi
sisihan ndika kuwi jalaran nindakne dhawuh saka Hyang Agung sing mbisiki ati ndika,
uga ndika jarwani pisan yen murih ndika lan Setyawati bisa mangwasani Ngelmu Sejatining
Sih kanthi sampurna, ndika lan Setyawati kudu bisa manunggal salakirabi”.
“Manawi Kang mBok Ratu panggah boten purun utawi boten
pitados ingkang kula criyosaken kados pundi Guru?”
“nDika kuwi pancen angel bisane pinter” Ki tanpa Aran
mencereng “bola-bali aku wis kandha, dhisikna nggone nggagas sing pantes
digagas, tindakna sing pantes ditindakne!. Nanging ndika panggah isih seneng
nggagas sing durung wayahe digagas, ya kuwi sing ndadekne randhating jangkah lan
laku ndika. Ngerti?” .
“Nyuwun pangapunten Guru” aku gage-gage ngakoni luput,
wis mikirake kedadean sing jalarane wae durung tak lakoni.
“Iya” ki Tanpa Aran wangsulan anyep.
“Samangke kaparenga kula badhe bidhal malih dhateng
Kraton Katentreman badhe manggihi Kang mBok Setyawati. Boten langkung pangestunipun
Guru saha pandonganipun Ki Lancur ingkang kula suwun, mugi-mugi kula saged
lebda ing karya” aku banjur pamitan arep nemoni Kang mBok Setyawati maneh.
Ki Tanpa Aran, ya Guruku kuwi ora semaur malah banjur
cengar-cengir dhewe. Mung Lancur sing tak jaluki dongane, aweh wangsulan :
“Inggih Gus, boten langkung kula meling sampun ngantos
nilar kaprayitnan, Hyang Agung mugi mayungana tindak jengandika”.
Aku banjur ngelus mustikaning kalpika Mustika Tirta
peparinge Kang mBok Setyawati nalika samana. Kalpika banjur tak sawang tanpa
kedhep binarengan angen-angen sing nyawiji tumuju marang Katon Katentreman.
Awit kanthi cara iki, miturut welinge Kang mBok Setyawati jaman semana, mangka
Hyang Agung bakal nuduhne dalan lan nuntun marang aku kanggo mlaku menyang
Kraton Katentreman sing nduweni Taman sing aran Sendhang Pangayoman kuwi.
Nanging nganti suwe nggonku ngingeti sesotyaning
Kalpika Mustika Tirta lan ngeningke angen-angen marang Kraton Katentreman, babar
pisan ora ana asile. Gegambaraning Kraton Katentreman ora tumuli katon kaya
nalika aku bali saka Majapahit wingenane. Nganti wola-wali anggonku mbaleni, nindakne
piweling saka Kang mBok Setyawati magepokan karo guna katiyasane Kalpika Mustikaning
Tirta, nanging panggah cabar tanpa ana asile.
“He he he……..” dumadakan Ki Tanpa Aran ngguyu nyekikik
karo ngingeti aku.
“Wonten dhawuh Guru?” merga rumangsa digeguyu aku
banjur matur, nyuwun dhawuh.
“Bola-bali wis dikandhani” Ki tanpa Aran wangsulan,
nanging kaya ora ditujokne marang aku, mung grenengan ijen kaya kanggo awake
dhewe “aja nemen-nemen olehe dhemen njagakne kaluwihane barang sing mung
gaweyane wong, nanging ya meksa nekad wae. Rak wis cetha ta? Tumenggung
Jatikusuma biyen nate kandha : ora aran kedadeyane, barang sing sing diejibne
mungguh sing dadi kamandene, jebul bareng kapengkoking panca baya ubayane mung
ambalenjani?”.
“Leres ingkang dados dhawuh jengandika menika Guru”
aku mangsuli alon.
“Aku mung nerokne apa sing dadi pituture Bapak ndika
angkat wae kok” Ki Tanpa Aran semaur karo mesem “ndika saiki wis ngerti dhewe,
wektu iki nganti tekan suk kapan ora ana sing ngerti, sedulur tunggal guru
ndika kuwi ora lila nek ndika ngancik wewengkon kratone. Mula murih wong kuwi
ngerti nek sing duwe kaluwihan ora mung dheweke thok, ndika arep tak terne
menyang Kratone Setyawati sing dalane durung ndika ngerteni kuwi”.
“Ngaturaken geng panuwun Guru” aku wangsulan karo neng
ati rumangsa mongkog duwe guru kaya Ki tanpa Aran sing migatekne banget marang
siswane iki.
“nDika tak kandhani pisan” Ki Tanpa Aran ngendika
maneh “tenane Setyawati kuwi mapane wis ora ana ing jagad nyata maneh, nanging
neng alam maya. Samono uga karo kraton lan patamanane ya manggon neng alam maya
sing ana ing waliking alam kang kasat mata iki, mula ndika arep tak terne mrana
lan tak rojongi apa sing ndika karepake iki”.
“Inggih Guru, kula namung saged ndherek ingkang dados
dhawuh jengandika” wangsulanku.
“Ki Lancur, ndika ndang tata-tata ngambah dalan sing diliwati
mau, ayo ngeterne Gusa Wanda menyang Kraton Katentreman” Ki Tanpa Aran banjur
paring dhawuh marang Lancur, dijak budhal ngeterne aku.
“Inggih Guru, suwawi kula dherekaken” wangsulane
lancur banjur ngadeg.
Saka waliking klambi sing dienggo, Ki Tanpa Aran
ngetokne slendhang sutra, rupane ijo, dicekeli pas ing tengah. Banjur dhawuh
marang aku supaya melu nyekeli pucuking slendhang rupa ijo kuwi, sauntara
Lancur didhawuhi supaya nyekeli pucuk sijine.
“Wis saiki ndika sakloron padha meneng lan padha merem
kabeh, nek bisa ambegane rada diampet, merga iki arep tak jak ngambah dalan
sing arang diliwati menungsa!” dhawuhe Ki tanpa Aran maneh sawuse aku lan
Lancur padha nyekeli pucuking selendhang.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar