89.
Bebasan nginanga durung abang, ngidua durung asat, Ki
Tanpa Aran paring dhawuh marang aku lan Lancur supaya padha ngelekne mripat.
Aku pancen ngrasakne ana sing beda, nalika sadurunge aku diprentah ngelekne
mripat mau, hawa sakiwa tengene rasane beda adoh karo sadurunge aku ngeremne
mripat mau. Hawane krasa atis nanging nyegerake awak. Lan nalika dhawuhe Ki Tanpa
Aran kuwi tak tindakne, ya iku aku mbukak mripat sakala aku dadi kelingan papan
kuwi. Aku wis tekan ngarep regole Taman Pangayoman. Nanging ana sing aneh. Neng
sisihe gapura mlebu sing ana kanan keringe Regol, katon ana macan putih loro
cacahe, suing siji njerum ana ing kiwaning regol dene sing siji kanthi sikep
kang padha mapan ing satengene regol. Macan putih sing gedhene padha karo kebo
babon kuwi ora ana sing nyuwara apa-apa, mung mripate sing abang angatirah
katon lagi padha nguwasi aku wong telu. Ora mung kuwi wae, ing wit asem sing thukul neng mburine regol, ya
iku ing plataran Taman, katon ana ula sing gedhene kira-kira sagedeboge gedhang
kepok , lagi muletake awake. Mung sirahe ula sing gedhene meh sadandang kanggo
adang, katon ndengongok siaga nyander mangsan, mripate uga manther tumuju
marang papanku wong telu.
“Wis tekan enggon Gus” Guru ngendika marang aku,
sauntara tak lirik Lancur katon yen atine lagi gumun carob lang iris merga
diulati Macan Putih loro karo ula gedhe.
“Inggih Guru” wangsulanku alon tak bacutne karo atur
pitakonan “menapa awakipun piyambak badhe mlebet dhateng salebeting taman
menika?”.
“He he he……” Ki Tanpa Aran ngguyu nyekikik banjur
wangsulan “lha iya ngono, wong arep nggoleki sing duwe Taman ya prayogane mlebu
wae menyang jero kono, nek konangan sing jaga taman awake dhewe rak banjur
diwadulake marang bendarane, wong wenange sing mbau reksa taman iki ya mung
wadul thok, ora wenang nyapa utawa tumindak apa-apa marang sapa wae sing bisa
mlebu menyang jero taman”.
Kanthi wangsulan iki, nuduhake yen Guru wis ngerti
banget kahanan lan pranatan taman kono kuwi. Aku banjur duwe gagasan yen
satemene antarane Guru karo Kang mBok Setyawati iki duwe sesambungan sing
raket, ora-orane kekarone mesthi wis anggone padha tepung.
“Lha mlebetipun liwat pundi Guru?” Lancur matur nyuwun
pirsa marang Guru. Kang mangkono mau genah nek lumrah, merga dalan mlebune
dijaga dening Macan Putih cacah loro sing gedhene sakebo babon, nadyan katone
ora ana sing obah, nanging mripate macan loro kuwi nuduhne yen samekta nubruk
lan mbekuk sok sapawa sing wani ngliwati dalan sing lagi dijaga. Lan saupama
macan kuwi ora ngganggu gawe, cetha nek ula jinis puspapajang sing gedhene sak
wit gedhang kepok lan nggubetake buntute neng wit asem mburi regol kuwi, katon
lagi luwe lan mapane neng kono kuwi wangune lagi ngadhang mangsan sing liwat.
Tan wurunga nek aku, Ki Tanpa Aran apa dene Lancur kumawani mlebu menyang taman
liwat regol mlebu kuwi, bisa-bisa koncatan urip dadi mangsane Macan Putih loro
kuwi, utawa nek ora ya klakon diulu dening Ula Gedhe sing lagi luwe kuwi.
“nDika rak ya wis weruh dalane mlebu ta Ki Lancur?” Guru
wangsulan karo suwara rada nyentak “neng ngendi-endi nggon, gapura sing manggon
neng regol ngarep ngono kuwi, nuduhne nek kuwi dalan kanggo mlebu. Ngono wae
kok ndadak nganggo takon barang lho?!?”.
“Inggih Guru” wangsulane Lancur sajak ora pati seneng
karo wangsulane Guru mangkono kuwi mau.
“Lha nggih piye?” Guru nyentak maneh “wangsulan ndika
kuwi cetha nek ndika arep ngandhakne panemu nanging ndika ora wani, ndika arep kandha
nek dudu kuwi wangsulan sing ndika butuhne, nanging ndika ora gelem blaka
marang aku, ngono kok ngakune seneng dadi muridku, muride wong sing kondhang
nek ora ganep nalare iki?”.
“Nyuwun pangapunten Guru” aku nyelani rembug “mbok
bilih ingkang dipun kajengaken dening Ki Lancur, awit ing margi mlebet
ketingalipun wonten bebaya ingkang ngadhang lampah”.
“nDika kuwi ya seneng melu-melu guneman wae ta Gus?”
aku disentak dening Ki Tanpa Aran “tak tuturi ya? Dadi wong kuwi sanajan weruh
nanging aja banjur seneng kumeruh, wong sing ora butuh ndika wenehi weruh ndika
kabari, kuwi sok ndadekne wong-wong ora seneng marang ndika, ngerti?”.
“Nyuwun pangapunten Guru” aku wangsulan lirih banjur
ndhingkluk.
“Mila leres ingkang dipun aturaken Gus Wanda wau Guru”
Lancur matur maneh “ing mriku wonten sima kalih ingkang sakebo babon agengipun,
lan ing wingking nika ketingal sawer ageng ingkang ketingalipun inggih nembe
ngadhang mangsan, menawi awakipun piyambak liwat mriku menapa boten sami
kemawon kalihan nglalu Guru?”.
“Mula dadi wong kuwi aja sok rumangsa luwih dhisik weruh
sadurunge bener-bener ngerti” Ki Tanpa Aran wangsulan karo mesem, ora
nyentak-nyentak kaya mau “kanthi anane kucing putih loro karo ula tampar kae, nuduhake
yen sing arep ditemoni Gus Wanda kuwi wis ngerti nek awake dhewe arep mrene.
Lan dadi wong kuwi aja seneng ngingu pangira ala marang liyan, sanajan mbok
menawa sing dikira kuwi mungsuh pisan. Awit satemene pangira kuwi adhakan bisa
dadi kanyatan temenan, ana barang becik ndika kira ala mangka sing becik kuwi
dening Hyang Agung banjur diowahi dadi ala, merga Hyang Agung kuwi dhemen
banget ngabulake apa sing dipengini kawulaNe. Kaya dina iki, Kucing Putih
lemu-lemu cacah loro karo ula tampar sing buntute nggubet wit asem kae, bisa
uga olehe ana kene merga dikongkon dening sing arep ditemoni Gus Wanda, mapag awake
dhewe, yen sing teka wis cetha kuwi bener-bener awake dhewe, mangka titah telu
kuwi banjur matur marang bendarane nek awake dhewe wis teka. Nanging nek ndika
padha nduwe pangira yen kewan telu kuwi ana kene nedya ngalang-alangi laku
ndika, gampang wae Hyang Agung ngowahi kahanan sing dijumbuhne karo sing dadi
pangira ndika kuwi. Ngerti?”.
“Inggih Guru” aku tumuli atur wangsulan “kula ngertos,
ngaturaken genging panuwun awit peparinging pangertosan menika”.
“Kula ugi ngaturaken panuwun Guru” Lancur melu matur
marang Ki Tanpa Aran.
“Ya wis” Guru ngendika maneh, saiki mbalik kaya wong
sing ora genep, olehe ngendika karo cengar-cengir sajak ngece “nek wis padha
ngerti, saiki ndika banjur kepiye ?”.
Aku nyawang Lancur arep njaluk tetimbangan kango atur
wangsulan marang pitakone Guru iki. Nanging Lancur malah ngangkat pundhake,
nuduhne nek dheweke ya ora ngerti apa sing arep diaturake.
“Nyuwun pangapunten Guru” wekasane aku sing atur
wangsulan alon-alon “kula kalih Ki Lancur sami ing cublukipun, boten mangertos
menapa ingkang kedah kula lampahi. Samangke kaparenga Guru paring dhawuh, kula
kalih Ki Lancur kedah kados pundi murih saenipun lampah?”.
“He he he” Ki Tanpa Aran ngguyu nyekikik “ndika kabeh
kuwi kok banjur gampang wedi kleru ta? Nek gampang kaweden samar nek kleru
ngono kuwi ndadekne wong dadi ora pinter, ora gendheng nanging bodho. Merga
tenane kanthi wedi yen kleru, ndadekne wong wegah mikir lan wegah tumandang,
kamangka wong sing wegah mikir kuwi sing diarani wong goblog, wong goblog kae
ora kok merga ora bisa mikir nanging mung sebab ora gelem mikir. Mula sanadyan
megurua marang Brahmana sing sundhul langit kawruhe, nek wong ora gelem mikir,
selawase ora bakal ilang bodhone.Ngerti?”.
Pancen sarwa ora kebeneran omongan karo Guruku sing
sok kaya wong ora genep nalare iki. Apa-apa sarwa salah, apa-apa sarwa ora
bener. Krungu ngendikane Guru sing ngono kuwi, aku temen-temen banjur rumangsa
dadi wong sing bodho dhewe sangalam donya. Mula aku mung bisa meneng, ora bisa
guneman apa-apa, bingung apa sing arep tak ucapne murih ora diklerokne dening
Guru. Wangune Lancur ya padha karo aku, dheweke malah banjur ndhingkluk nyawang
lemah karo ngrapetne lambene.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar