90.
Wangune Guru uga pirsa marang apa sing lagi tak
rasakne apa dene sing dirasakne dening Lancur. Ketitik panjenengane banjur
nyekikik maneh, kukur-kukur mustakane, banjur mapan lenggah ing pasuketan,
gage-gage aku lan Lancur nututi melu lungguh, ora adoh ing ngarsane Guru,
ngeringake lawanging gapura taman sing dijaga dening Macan Putih loro kuwi.
“nDika satemene ya bisa males genti ngunekne aku”
ngendikane Guru karo cengar-cengir lucu “lha wong nuturi kok malah kosok balen
karo sing dilakoni? He he he , sadurunge ndika males ngunekne ngono, tak
dhisiki wae, aku lali nek olehku kandha mau satemene ya ora ana gunane malah
sansaya nyuwen-nyuweni laku sing kudune tumuli ditindakne. Pancen lali kuwi
kerep wae njalari menungsa dadi nggladrah kaya aku iki, nggladrah ngono kuwi
nek diumbar lan ditutug-tutugne entek-entekane ya banjur gendheng, aku bisa
muni ngono kuwi merga aku wis nglakoni dhewe he he he”.
“Naminipun tiyang supe menika boten saged dipun
lepataken Guru” wangsulanku rada mbantah pangandikane Guru “jer supe menika
dede pikajengipun piyambak. Samangke mumpung dereng kesupen, kaparenga Guru
paring dhawuh kados pundi caranipun mlebet dhateng Taman Pangayoman menika?”.
“Huh…., eling-eling wong sing rumangsa waras, sing
lali dheweke kok arep ngluputne liyane” Guru grenengan alon banget sing ditujokne
marang salirane dhewe, nanging kegawa aku kena pangaribawane Kyai Bancik sing
isih tak sengkelit aku bisa krungu karo sing dingendikane guru kuwi.
“Carane mlebu taman kuwi gampang Gus” sawise grenengan
dhewe Guru tumuli paring wangsulan “ya liwat dalan mlebu sing wis dicawisne
dening sing gawe taman”.
“Lajeng kalihan sima kalih menika kados pundi?” aku nyuwun
pirsa.
“Ora sah nggagas sing neka-neka!” Guru jumeneng saka
anggone lenggah banjur ngendika, paring prentah “ayo ndika tutne lakuku!”
Aku karo Lancur bebarengan ngadeg banjur mapan ing pungkure
guru, siaga ngetutne tindake.
Kaya ora migatekne marang Macan Putih sing ana kiwa
tengene Regol, Ki Tanpa Aran jumangkah arep mlebu menyang jerone taman, aku
karo Lancur ngetutne ana pungkure. Rumangsa nek ora digatekne Macan loro kuwi
tangi saka anggone njerum, banjur nggereng sajak arep nubruk aku wong telu. Aku
siaga samono uga Lancur, beda karo Ki Tanpa Aran sing babar pisan ora kengguh
dening panggerenge Macan loro sing gedhene padha karo kebo babon kuwi. Malah Guruku
sing sok-sok kaya wong ora ganep nalare kuwi, nyedhaki papane Macan sing
nuduhne yen lagi nesu kuwi. Keris Kyai Bancik wis tak dudut saka sengkelitanku,
ukirane tak gujengi kenceng siaga ngadhepi bebaya. Lancur uga wis ngliga pedhange
sing mau cemanthel ana lempenge.
“He he he….” Guru ngguyu banjur ngendika kaya
ditukokne marang Macan loro sing lagi ngadhang laku kuwi “wiwit biyen kok isih
panggah seneng dedolanan kaya ngono ta? Lha nek sing disuguhi dolanan ngono
kuwi liyane aku ngono yap antes-pantes wae, lha nek sing dipapagne nganggo
dolanan kuwi aku? Rak malah jeneng ngeceh-eceh tenaga sing tanpa guna ta?”.
Dumadakan Macan Putih sing gedhene sak Kebo babon kuwi
nglumba nubruk Guru, aku kaget semono uga Lancur. Ora sranta, aku karo Lancur
kepengin ngalingi Guru saka pangrangsange Macan loro kuwi, kanthi mapanake Keris
Kyai Bancik kanggo mapag panubruke Macan, samono uga sing ditindakne Lancur
karo pedhang sing ana tangane. Aneh.
Macan sing nglumba kuwi bisa ngendhegne obahe dhewe, murungake nggone nubruk
malah banjur mbalik mundur. Genti nata awake sing mau cetha ngarah marang Guru,
nanging bareng tak papagne karo Lancur banjur nggereng banter katone genti arep
nubruk aku karo Lancur .
“Aja ngeceh-eceh tenaga Gus Wanda karo Ki Lancur!” Guru
ngendika rada banter “carane ngadhepi wong dolanan kuwi ya kudu nganggo
dolanan!”.
Aku karo Lancur ora semaur, merga durung ngerti karo
sing dikersakne Guru kanthi ngendika mangkono kuwi. Nanging aku panggah samekta
ing gawe, sawayah-wayah Macan kuwi nubruk aku, sabisa-bisa aku kudu bisa
ngendhani, merga manut petungane nalarku, yen nganti kena ditubruk dening Macan
putih kuwi tan wurunga aku bakal cilaka.
Dumadakan Guru katron wis ngasta selendhang ireng sing
mau tak cekeli pucuke karo Lancur. Kanthi obah sing ora bisa digambarake merga
saking cepete, weruh-weruh Macan loro kuwi wis kejiret dening slendhang sing
jebul dawa banget kuwi. Pucuke slendhang kekarone padha-padha naleni sikil ngarepe
macan putih sing gedhe-gedhe kuwi. Luwih nggegirisi maneh bareng Guru banjur
ngebatake slendhang kuwi mendhuwur. Katon entheng wae, Macan loro sing kecancang
sikil ngarepe dening pucuke slendhang kuwi katut obahe slendhang banjur kaya
dibandhilake, mencelat memburi. Luwih aneh maneh, bareng tumibane macan loro
kuwi pas ngenani wit asem sing dienggo rambatan ula puspapajang sing gedhene
sagedebog gedhang kapok, ing mburine regol. Wit asem kuwi rungkat saoyod-oyode,
lan embuh menyang ngendi tibane, sing cetha Macan Putih loro, wit asem karo Ula
Puspapajang kuwi wis ilang saka panduluku. Tanpa krasa aku ndomblong saking
anggonku ngrasa eram weruh kasektene Guruku, Ki Tanpa Aran sing nyata
nggegirisi kuwi.
“nDika aja padha gampang gumunan weruh dolanane wong
sing wis ngapusi pandulu ndika iki mau” Ki Tanpa Aran paring dhawuh marang aku
lan Lancur sing uga isih semlengeren weruh kasektene Guruku iki “awake dhewe
wektu iki mapan ing Jagad Maya ora manggon neng jagad nyata. Macan Putih karo
Ula gedhe sarta wit asem sing wis ilang kuwi mau satemene mung dolanan,
dolanane wong sing mapan ing Jagad Maya. Dadi cethane kabeh-kabeh mau anane ya
mung wewayangan wae cinipta dening angen-angen sing kapulas mawa daya
kekuwataning batin, lha cara kanggo ngadhepi wewayangan kaya mangkono mau uga
nganggo wewayangan kang padha. Dadi kang ana iku satemene dudu, singpadha ndika
tonton kuwi satemene suwung ora ana apa-apa babar pisan”.
Sanadyan durung ngerti kanthi tenanan apa sing
didhawuhne Ki Tanpa Aran iki, nanging kanggo ngenaki ati aku banjur manthuk-manthuk
kaya wis ngerti sing dikersakne Guru iki, Tak lirik Lancur uga padha, mung
manggut-manggut sajak weruh-weruha.
“Saiki ayo mlebu menyang papan sing dijenengne Taman
Katentreman iki” Guru banjur ngajak mlebu menyang jero Taman. Aku karo Lancur
tumuli ngetutne tindake Guru.
Nanging lagi wae teka Regol, Guru aweh sasmita ngajak
mandheg. Saka ngarep krasa ana angin sumilir sing nggawa ganda arum, gandane
lenga cendhana wangi sing carob lan ambune kembang melathi. Angin kuwi nampeg
praupan, gandane sing ngaleg-aleg ndadekne ati ora karu-karuwan. Ana rasa samar
wor rasa kuwatir, samar yen ana apa lan nguwatirake bab apa? Ora cetha.
Dumadakan banjur katon ana cahya ijo maya-maya,
tumiyup saka langit sinusul cahya putih sing ndadekne balerenge mripatku,
kapeksa aku merem kanggo ngeman mripat sing balerengen iki.
“Sing gedhe pangapuramu dhiajeng aku teka ing Tamanmu
kene tanpa luwih dhisik asung kabar marang slirane” aku melek, merga krungu
Guru ngendika. Cahya putih sing mau ndadekne aku merem wis ora ana, sing katon
saiki Kang mBok Setyawati sing lenggah ing watu gedhe ing ngisor wit Soka karo
mripat manther marang papanku sing ngadeg awor lan Ki Lancur lan Guru. Aku dadi
ngerti yen sing diajak ngendikan guruku mau jebul Kang mBok Setyawati sing lagi
wae teka ditutne cahya ijo maya-maya lan cahya putih sing mbalerengi mata.
“Ya gene Dhimas Suwanda bali menyang Taman kene maneh?”
Kang mBok Setyawati ora mangsuli pangandikane Guru malah takon marang aku “malah
yen ora kleru baline si adhi ngajak apa bareng-bareng karo wong tuwa sing
kudune ora kena ninggalne gaweyan ngreksa candhi ing Gunung Kumitir ? Ana apa
Dhimas?”.
Ditakoni ngono kuwi, aku ora enggal aweh wangsulan,
jalaran kajaba durung nata ukara kanggo wangsulan, wektu kuwi aku lagi
kasengsem nyawang kasulistyane Ratu Kraton Katentreman sing saka rumangsaku
mundhak sansaya ayu lan sansaya nengsemake.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar