91.
Ora kedhep anggonku namatake pasuryane wong sing ayune
babar pisan tanpa cacat kuwi, wiwit pucuk rambut nganti dlamakan sikil ora ana
perangan sing ora nengsemake marang mripat sing ngulati. Kang mangkono kuwi
sansaya adoh angen-angenku nggone nglambrang, mendah mulyaning uripku yen ta
klakon Ratu Katentreman iki wis klakon dadi sisihanku. Tak ulati karo ora
guneman apa-apa, wangune Kang mBok Setyawati krasa yen ing atine uga ana rasa
sing mbok menawa wae padha karo rasa sing tumanduk ing atiku. Pasuryane wong
ayu kuwi dadi rada mbrabak abang sing sansaya muwuhi ayuning rupane. Genining asmara
sing ngobong jantungku sansaya mundhak mulat-mulat rasane.
“Dhimas Suwanda” Kang mBok Setyawati guneman maneh,
suwarane keprungu rada banter “aku iki takon marang sliramu! Ya gene si adhi
ora tumuli wangsulan? Malah ngingeti pun kakang kaya durung tau tepung wae. Ya
gene Dhimas Suwanda bali maneh menyang Taman Pangayoman kamangka durung jangkep
patang puluh dina kaya sing wis tak welingake kae? Malah tekane si adhi
bebarengan karo Kala Canthuka Dhanyang Candhi Gunung Kumitir sarta nggawa kanca
yen ora kleru panyawangku iki tilas andhahane Tumenggung Jatikusuma he?”.
Aku rada kaget krungu pitakon sing kaping pindhone
saka Kang mBok Setyawati iki, jebul wong ayu kuwi wis ngerti marang Lancur sing
nyata tilas abdi dalem Katumenggungan. Banjur Kang mBok Setyawati nyebut jeneng
Kala Canthuka, Dhanyang Candhi Gunung Kumitir barang, apa asmane Guru sing
sasuwene iki diarani dening Lancur nganggo sebutan Ki Tanpa Aran kuwi, Kala
Canthuka lan nduweni panggonan ana ing Candhi Gunung Kumitir?.
“He he he…….” Durung nganti ilang rasa kaget lan
gumunku, dumadakan Ki Tanpa Aran sing saiki wis dadi guruku kuwi ngguyu ngekek
banjur ngendika marang Kang mBok Setyawati sing semune melehake “dadi uwong kuwi
mbok ya gelem ngoilo ta dhiajeng……..”.
“Awuku luwih tuwa tinimbang awumu Kala Canthuka”
durung nganti tutug Guru anggone ngendika wis dipunggel dening Kang mBok
Setyawati karo suwara sing canthas “simbahmu kae isih kaprenah adhine Eyangku
Resi Paluamba, dadi benere kowe ngundang aku iki mbakyu, ngerti?!?”.
“Sepisan maneh tak aturi ngilo heh Ratu Kraton
Katentreman” Guru aweh wangsulan “sanajan bener yen Eyangku Rekyana Patih Lo
Gender biyen isih adhine Eyangmu Rekyana Patih Maudara sing banjur mandhita
dadi Ki Ajar Paluamba, nanging sadurunge oleh ibumu Ramamu kuwi tau dadi adhine
ipe wong tuwaku, merga ngrabeni Bibi Anjasmara, dadi miturut awu sing anyar
ndika kuwi isih adhiku tiba nak dulur, mula aku ngundang ndika nganggo sebutan
Dhiajeng”.
Krungu sing dingendikakne Guru ngono kuwi, aku lagi
ngerti yen satemene Guruku sing sasuwene iki dianggep wong sing ora waras lan
ora genep nalare iki, jebul isih trahing kusuma, isih kaprenah wayahe paraga
Pepatih ing Nagara Majapahit, pepatihe Kanjeng Sinuhun Prabu Putri Ratu Ayu
Kencanawungu, jaman atusan taun kepungkur. Lan nitik sing dingendikakne Guru
iki mau, Kang mBok Setyawati ateges putrane Raden Damarwulan putra mantune
Rekyana Patih Logender, sing wusanane jumeneng nata ing Majapahit kanthi
sebutan Prabu Brawijaya Wikramawardana, apa malah Kang mBok Setyawati iki admajane
Prabu Brawijaya Wikramawardana patutan karo Ratu Ayu Kencanawungu sing ora kersa
nglenggahi dhampar keprabon Majapahit nalika samana?.
“Wasis ilatmu ngrakit ukara, Kala Canthuka” Kang mBok
Setyawati mangsuli pangandikane Guruku, kanthi suwara sing nuduhne sengiting
atine “pancen ora arep tak selaki yen Kanjeng Ibu Anjasmara kuwi isih bibimu, adhine
wong tuwamu, nanging kowe kudu ngerti yen aku iki putrane kanjeng Ibu
Kencanawungu wayah dalem Sri Brawijaya dudu putune mBahmu Si Patih Logender
menungsa sing tan weruh ing kabecikan kae. Banjur apa sing mbok karepake aku
kudu ngilo nalika aku ngenteni wangsulan saka Adhiku Dhimas Suwanda he?”.
“He he he……” Guru ngguyu maneh, tumuli ngendika aweh
wangsulan “ndika mau maido marang Gus Wanda merga ora enggal mangsuli pitakon
ndika, nanging ndika ora rumangsa luput nalika aku alok sapa aruh marang ndika
lan ndika ora mangsuli nanging malah nakoni Gus Wanda. Kamangka adile ndika
kudu mangsuli marang aku luwih dhisik lagi ndika ndangu marang Gus Wanda sing
jarene isih kadang ndika kaprenah nom sapaguron kuwi. Mula ndika tak aturi
ngilo luwih dhisik, aja kesusu maido marang Gus Wanda sing temene anggone ora
enggal aweh wangsulan jalaran weruh lan ora seneng nerjang pranataning adil”.
“Sepisan maneh aku ngakoni Canthuka, pancen lemesing
ilatmu temen wis bisa niru lemesing ilate mbahmu” Ratu Katentreman kuwi semaur
karo mesem ngece “tak akoni ing babagan iki sing mbok kandhakne ora luput.
Saiki rungokna wangsulanku : kang sepisan tanpa nganggo ukara kaluputanmu midak
Taman Pangayoman wis tak ngapura ketitik aku ora nibakne pidana apa-apa marang
kowe, kapindho nduwe karep apa kowe wani mlebu taman kene? Sumurupa yen kowe
isih arep nutugne sedyamu jaman semana, ya iku jaman sadurunge kowe nampa
jejibahan ngreksa Candhi Gunung Kumitir biyen, mangka aku ora arep aweh
wangsulan kajaba rupa pidana sing jumbuh karo prasetyamu marang Kanjeng Eyang
ing Paluamba, ya iku sirahmu bakal tak pisah karo gembung. Gembungmu bakal tak
buwang menyang segara lor murih dadi mangsane buron segara, dene sirahmu bakal
tak cemplungne menyang kawahe Gunung Lawu kene. Ngerti?”.
Tak lirik, Guru katon lagi nggeget untu, nahan duka,
pasuryane sedhela malih dadi abang mbranang kaya kembang wura-wari abang,
sedhela malih dadi ireng kaya dhuwet mateng. Nanging kahanane Guru sing
mangkono kuwi mau ora suwe, kira-kira sapanginang, pasuryane Guru bali kaya
padatan, malah banjur cengar-cengir maneh mimbuhi lucune. Lan wektu kuwi, aku
babar pisan ora mudheng urut-urutaning crita sing dikarepake Kang mBok
Setyawati mau. Lagi sawuse aku atusan taun candhake aku ngerti, yen jebul jaman
biyen Guruku sing asma asline Raden Kala Canthuka kuwi tau kayungyun lan
kepengin ngepek bojo sedulur nak dulure ding aran Setyawati, nanging ora kasembadan.
Jalaran, kajaba Setyawati ora gelem, uga dening wong sing ngopeni Guruku nalika
ditinggal mati wong tuwane, ya iku Resi Paluamba ya Eyange Setyawati, Guru
didukani merga duwe karep arep ngrabeni Setyawati. Saking nemene anggone
ndukani, temah ora sengaja banjur nibakne sot sing ndadekne Raden Kala Canthuka
anjur duwe lara kaya wong song ora ganep nalare nganti saiki iki. Kamangka nalika
samana resi ing Pakuamba mung ngendikakne yen lekase Raden Kala Canthuka arep
ngrabeni Setyawati sing uga putrane pepundhene kuwi kaya lekase wong edan sing
ora ganep nalare. Nanging merga mandining sabda binarung karo Maha Adile Hyang Agung,
pangandikane Resi ing Paluamba kuwi tumiba dadi sot sing ndadekne getune sing
ngendika lan sedhihe sing disotne. Mula banjur ana ila-ila, ala menga becik
muni, prayogane uni sauna kuwi sing ngati-ati.
“Aja kaduk ati lan nemen-nemen anggon ndika nibakne
rasa sengit marang aku, Ratu Katentreman” sawise mendha dukane Guru banjur
ngendika maneh kanthi suwara sing keprungu sareh, aweh wangsulan marang Kang
mBok Setyawati “sanadyan aku ora pati percaya yen ndika bisa nibakne pidana
sing ndika kandhakne mau, jalaran Canthuka sing saiki wis beda adoh karo
Canthuka jaman samana, nanging aku uga ora bakal wani nyelaki prasetyaku marang
Eyangmu Resi Paluamba, awit satemene saglugut pinara sasra wis ora ana rasa
kepencut sajroning atiku marang pulasaning pasuryan ndika sing katon mencorong kuwi.
Malah satemene nggonku mrepegi papan kene iki amarga kasurung dening ciptaning
ati suci, aku kepengin asung pambiyantu marang siswa-siswane sawargi Sang
Maharsi Doradruwasa, ya iku ndika lan Raden Bagus Suwanda, murih tumuli lebda
nggone nggadhuh Aji Sekti sing diarani Ngelmu Sejatining Sih”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar