Total Tayangan Halaman

Senin, 12 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (12)

12.

Tahun terus tambah, Sudimin wis ngalih sekolah. Dening Pak Suwaji Sudimin disekolahne neng SMP KEBANGSAAN sing manggon neng Kutha Kecamatane. Wektu kuwi ing Kedunggalar durung ana SMP Negeri, sekolah lanjutan sing statuse Negeri mung siji  yaiku STN. Jurusan sing ana ya mung loro, Teknik Bangunan Air karo Teknik Bangunan Gedung. Merga nitik kelantipaning pikire, dening Pak Suwaji, Sudimin didhawuhi mlebu menyang SMP wae. Manggone SMP Kebangsaan kuwi ora adoh karo SD Pasopati sekolahane Sudimin sing biyen.

 

Pagaweyan sing ditandangi Sudimin sanjabane wektu sekolah isih pancet kaya biyen. Mung gandheng Sudimin wis sansaya gedhe, tandang gawene dadi luwih rikat. Mula iya banjur bisa nyandhak gaweyan liyane, kalebu luwih kerep menyang sawah sanadyan mung sak endhang-endhang tumpukan kawul sing didadekne papan thukule Jamur Damen. Bener kaya sing dikandhakne Lik Sakir, wonge sida tiru-tiru Sudimin. Lan ora mung Lik Sakir dhewe sing tiru-tiru lekase Sudimin, nanging akeh wong-wong sing padha melu mbudidayakne Jamur Damen kanthi cara  prasaja kuwi. Lan bener apa sing dadi pambadhene Pakdhe Saidi biyen, rendhengan candhake sawise weruh nek Lik Sakir lan wong-wong tumpukan kawule padha bisa ngasilake Jamur Damen sapirang-pirang, Pak Dalal ya banjur ngatag Pakdhe Marimin, penggarape supaya melu-melu kaya sing ditandangi kanca-kancane. Wangune Pak Dalal wis lali anggone maido Sudimin jaman pisanan ngecakne wulangane buku Ilmu Hayat biyen. Sing luput ramalane malah ramalane Sakir sing ngandhakne yen sawuse kawule bisa ngasilake jamur Pak Dalal neng endi-endi rapat ngandhakne yen merga olehe nuturi Sudimin lan Lik Sakir saiki pinter mbudidaya Jamur Damen.

 

Pak Suwaji apa dene garwane sansaya mundhak tresna lan asihe marang Sudimin, nalika Sudimin arep mlebu SMP biyen, dening Pak Suwaji Sudimin disunatne. Mesthi wae ya sawise taren marang Diman Bandhat, wong tuwane Sudimin. Mula ora aran aneh yen Sudimin uga sansaya bekti marang Guru kang uga pangayomaning uripe kuwi. Mungguhing Sudimin sanadyan tata gelar sing dadi lantaran dheweke ana ing alam padhang iki Diman Bandhat, wong tuwane lanang lan sing nglahirne sarta ngopeni kuwi Sudinem wong tuwane wadon, sing kudu dipundhi-pundhi sarta diaji-aji ing selawase uripe, nanging sing ndadekne dheweke weruh lan ngerti apa sing diarani urip lan kepriye carane urip sing becik kuwi sing akeh ya awit saka sih kawelasane Pak Suwaji lan Bu Suwaji. Tekad ing atine Sudimin, dheweke kuwi wajib ngabekti marang wong tuwane sing cacahe papat, ora mung loro. Lan carane ngabekti uga ora padha, kudu dijumbuhne karo mekaring budayane dhewe-dhewe. Kaya nalika sawijining wengi, ngepasi Sudimin bali saka langgar, ngaji, ing pendhapa daleme Pak Suwaji katon lagi ana wong jagongan sajak gayeng. Jebul wong tuwane loro karo ngajak adhine loro Daliyem karo Wagirah sing lagi mara, entrane ngono kaya wong merdhayoh.

 

“Kene lungguh kene pisan Min” ngendikane Pak Suwaji sawise Sudimin mlebu omah “digoleki Bapak karo Smbokmu iki lho?!?”

 

Ora semaur apa-apa, Sudimin banjur melu mapan lungguh ing kursi sing isih kothong. Batin takon-takon, ana pari gawe apa Bapak karo Simboke mara menyang daleme Pak Suwaji, thik ngonowa adhine loro pisan uga diajak.

 

“Ngene lho Le” Diman Bandhat banjur guneman ngandhani anake lanang “iki aku karo mBokmu arep lunga adoh, adoh banget lan mbuh bisa tilik mrene maneh embuh ora, karepku kowe karo adhi-adhimu ya arep tak jak pisan”.

 

Sudimin domblang-domblong, durung nyandhak karo apa sing lagi wae dikandhakne bapakne.

 

“Merga kowe dhewe ya ngerti”  Diman Bandhat nyambung omonge “nek panggah ora ngalih saka desa kene, sansaya suwe uripe dhewe iki ora sansaya mapan nanging malah sansaya keponthal-ponthal ditinggal dening kahanan, mula mumpung ana kalodhangan sing becik, arep tak gunakne mbok menawa kanthi cara iki aku bisa ndandani panguripane dhewe sakulawarga”.

 

“Mengko dhisik” Sudimin sing durung ngerti paraning tembung sing diucapne bapakne kuwi nyela takon “sing dikarepne Pak-e iki piye ta? Aku blas ora mudheng. Pak-e karo mBok-e arep ngajak aku karo Daliyem apa dene Wagirah lunga, kuwi lunga menyang ngendi? Lan apa gandheng cenenge karo panguripane kulawargane dhewe?”.

 

Diman Bandhat mesem, banjur nyawang Pak Suwaji karo matur :

 

“Nyuwun tulung Pak Mantri, Sudimin panjenengan tuturi ingkang kula kajengaken niki, kula ajeng guneman kok angel lan boten saged nata ukarane”.

 

“Ngene lho Min” karo mesem lan tanpa mangsuli panembunge Diman Bandhat, Pak Suwaji ngendika marang Sudimin “Wektu iki Pemerintah rak mbukak daftaran Transmigrasi?. Kowe ngerti ta apa kuwi Transmigrasi?”.

 

“Inggih ngertos Bapak” wangsulane Sudimin wiwit bisa nyandhak apa sing dikarepne dening bapakne karo tembung lunga adoh mau “menapa Pak-e kalih mBok-e  badhe ngajak kula kalihan adhik-adhik Transmigrasi?”.

 

“Bener” dhawuh wangsulane Pak Suwaji rumaos rena penggalihe dene Sudimin cepet nyandhak yen diajak rembugan “lha lemah tujuan Transmigrasi kuwi manggone neng  Baturaja, Lampung kana. Kabar sing tak tampa, Transmigrasi sing arep dieloni Bapak karo simbokmu iki jinis Transmigrasi PIR, ya kuwi mbukak tanah Perkebunan Inti Rakyat. Neng kana mengko saben wong sakeluarga oleh jatah omah sak pekarangane jembare setengah hektar, pekarangan samono kuwi bisoa ditanduri tanduran pangan. Banjur oleh kebun sing wis ditanduri Karet lan butuh diopeni murih dadine, rong hektar. Lan kabeh kuwi mau nyambut gawe bareng karo Perusahaan sing dipilihne Pemerintah, kanggo ngagati tanduran lan mbesuk nek wayah panen sing diwenehi wewenang nuku asile kebun kuwi. Lan sasuwene rong tahun, pangane para peserta transmigrant ditanggung dening Pemerintah.  Kari saiki kowe piye? Melu wong tuwamu apa keri ana kene nutugne sekolah lan yen wis lulus SMP kowe nusul mrana?”.

 

Sudimin meneng sedhela, pikirane isih nimbang lan nglimbang, endi sing arep dipilih? Nek nitik pangandika sing didhawuhne Pak Suwaji kuwi, Pak Suwaji isih kersa didhereki nganti lulus SMP. Mengko nek wis lulus SMP dheweke dikeparengne nusul wong tuwane menyang papan panggonan sing anyar. Nanging Sudimin ya nggagas, lulusan SMP kuwi beda karo lulusan ST utawa Sekolah Kejuruan liyane, lulus SMP kuwi isih mbutuhne sekolah sing luwih dhuwur maneh supaya ngerti carane nyambut gawe utawa bisa nyambut gawe. Sekolah menyang SPG upamane kepengin dadi Guru, sekolah neng STM nek kepengin bisa nyambut gawe sing ana gandheng cenenge karo Teknik lan sapiturute. Dadi Saupama mengko wis lulus SMP banjur nusul wong tuwane, tan wurunga tekan kana ya ora bisa nyambut gawe apa-apa kajaba mung mbantu wong tuwane sing dhasare ya dadi wong tani. Nadyan ta mangkono, Sudimin uga isih rumangsa eman yen kudu metu saka sekolahe mung beteke kepengin ngetutne wong tuwane menyang tanah sabrang, golek papan jembar sing jarene lemahe  loh jinawi, tulus kang sarwa tinandur sing ndadekne murah kang sarwa tinuku.

 

“Piye Le?” bareng Sudimin ora enggal atur wangsulan, Diman Bandhat banjur mbaleni takon “kowe melu budhal saiki bareng karo adhi-adhimu? Apa ngenteni lulus sekolah dhisik lagi mbesuk nusul?”.

 

“Olehe budhal menyang Baturaja kuwi rak isih rada suwe ta Pak?” Sudimin genti takon “tegese kuwi ora sesuk utawa sesuke, paling ora rak ya ana sepasar utawa rong pasar maneh ta?”.

 

“Dhawuhe Pak Kyai Mundir sing dadi Pengarepe para Transmigran, isih suk tanggal siji enteke sasi iki, dadi ya isih rong puluh dina luwih” wangsulane Diman Bandhat “Transmigrasi iki ujube rak bedhol Pesantren ta Le? Dadi sing budhal asline ya para santri utawa kulawargane Santri ing Pondhoke Pak Kyai Mundir, lha aku wis didhaku minangka kulawarga Pondhok, mula saiki gelem ora gelem aku karo mBokmu ya kudu sinau sembahyang kaya lumrahe wong Pondhok Pesantren. Ana apa ta kok kowe nakokne kapan olehe budhal?”.

 

“Aku butuh wektu kanggo mikir Pak” wangsulane Sudimin “sedina utawa rong dina maneh aku tak aweh wangsulan, milih budhal bareng karo Pak-e apa ngenteni lulus dhisik lagi nusul lan bisa uga ana pilihan liyane”.

 

Pak Suwaji sing uga midhanget wangsulane Sudimin manthuk-manthuk, panjenengane pirsa yen atine Sudimin lagi ewuh aya ing pambudi.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

 

2 komentar:

  1. kawula namung saged matur gunging panuwun wontenipun Bloger cerita utawi seratan 2 hingkang mawi basa jawi , suwun Darsono ,Cepu Blora

    BalasHapus

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...