78.
Krungu
pangandikane Ki Tanparupa sing kaya mangkono iku, atiku dadi adhem kaya siniram
banyu sewindu. Suwarane Ki Tanparupa beda adoh karo suwarane sing mau tak
rungokne ya iku nalika grenengan lan nalika rembugan karo Sang Hyang Wilis
utawa Sang Hyang Ijo mau. Yen mau suwarane keprungu rada serak, nanging suara
ing pangandika sing ditujokne marang aku iki keprungu endah lan kepenak dirungokne
kuping.
“Jengandika
babar pisan boten lepat Kyai” wangsulanku sabanjure “malah kula sepisan malih
nyuwun pangaksami jebul kula sampun nggodha anggen jengandika nembe manembah
dhumateng Gusti,inggih awit saking boten ngertos kula ingkang boten nate
sumerep tata caranipun bangsa manungsa manembah dhumateng sesembahanipun”.
“Satemene
tata cara manembah marang Gusti kuwi tumrap bangsa Jim lan Bangsa manungsa kuwi
ora pati akeh bedane malah kepara kena diarani padha wae” genti Sang Hyang
Wilis sing paring dhawuh marang aku “bedane mung mapan marang agama sing padha
dirasuk. Sangertiku nalika aku kober leledhang menyang tlatah negara Ngerum,
wis akeh manungsa kang ngrasuk agama sing diwulangake dening Utusaning Allah
kang pungkasan yaiku Kanjeng Nabi Muhammad Kang Jumeneng Rasulullah, samono uga
tumrape bangsa Jim. Mung sing tak weruhi Narendra Jim sing ngratoni Kraton
Setambul kang ora liya ya keng rama ndika, isih kukuh nggondheli kapitayan saka
leluhure. Kang mangkono iku jalaran rumangsa yen nduweni drajat sing luwih
luhur tinimbang drajate manungsa kang asal-usule saka sari pathining lemah,
kamangka asal-usule bangsa Jim cinipta saka saripathining geni. Dadi yen Nini
Dewi Kusali panggah ngukuhi panemu yen bangsa Jim luwih luhur drajate tinimbang
bangsa manungsa, tak kira luwih prayoga yen ndika tumuli ninggalake Tanah Jawa
iki, tinimbang mengkone tan wurunga bakal memungsuhan karo sedulurku Ki
Tanparupa lan siswa-siswane”.
Pangandikane
Sang Hyang Ijo sing pungkasan kuwi ndadekne gumeter rasaning dhadhaku. Adoh
saka Setambul tekan Tanah Jawa iki jalaran aku kepengin suwita marang Ki
Cahyangumbara, sing uga isih siswane Ki Tanparupa. Tekaku mrene iki ora nedya
golek mungsuh, iya mungsuh sing wujud bangsa apa wae, nanging malah kepara arep
nambah paseduluran, paseduluran karo bangsa apa wae, ora metung kuwi bangsane
Jim apa bangsane manungsa. Dene babagan kapitayan kaya sing dikukuhi Kanjeng
Rama sing ngugemi kapitayan yen bangsa manungsa luwih asor drajate tinimbang
bangsa jim, kuwi tak kira ya ora pati luput jer geni karo lemah kuwi tak kira
luwih aji geni. Nanging, bareng kapitayan sing kaya mangkono mau bisa dadi
tuking pasulayan antarane manungsa lan jim, aku banjur kepengin mangerteni
kepriye mungguh kapitayane wong loro sing sanadyan asale saka bangsa manungsa
nanging nyatane kasektene ngungkuli kasektenku sing saka bangsa jim. Yaiku
kapitayan endi sing luwih luhur drajate bangsa manungsa apa bangsa jim.
“Nyuwun
pangapunten saderengipun Pukulun” aku wiwit matur “jengandika paring dhawuh
makaten menika kala wau cetha menawi geseh kalihan ancas lan sedya kula.
Jalaran sagluguting kolang-kaling pinara sewu, anggen kula nilaraken nagari
Setambul boten wonten sedya kangge pados mengsah. Nanging jengandika paring
dhawuh menawi kula taksih nggegegi kapitayan kados kapitayaning tiyang sepuh
kula, boten sande ing tembenipun badhe memengsahan kalihan Rama Ki Tanparupa
lan siswa-siswanipun. Menika cethanipun kados pundi? Menapa kula kedah santun
kapitayan bilih drajating bangsa jim menika mapan wonten sangandhaping
drajatipun manungsa?”.
Sang Hyang
Wilis ora tumuli paring wangsulan, malah karo mesem banjur njawil Ki Tanparupa,
wangune aweh sasmita marang kancane kuwi supaya mangsuli sing dadi pitakonku.
“nDika aja
kleru ing panampa Dewi Kusali” tenan, Ki Tanparupa sing banjur ngendika
mangsuli pitakonku “aku sakancaku kabeh uga padha, ora niyat arep memungsuhan
karo sapa wae, kajaba karo sing sapa ngalang-alangi nggonku manembah marang
Allah. Sartane ndika aja kleru ing panyana yen manungsa kaya aku lan Sang Hyang
Ijo kuwi nduweni kapitayan lamun drajate manungsa manggon ana ing sadhuwure
bangsa jim. Kapitayanku ora rumangsa luwih luhur trinimbang drajate sapa wae,
sanadyan asal usule manungsa sing wiwitane saka sari pathining lemah kuwi uga
ngemu anasir telu liyane ya iku anasir bumi, anasir geni, anasir banyu lan
anasir angin, nanging ora kudu ditegesi yen drajate manungsa kuwi luwih luhur tinimbang
liyane. Jalaran asor luhuring drajat kuwi ora manggon ana asal lan usule, ora
manggon ing kasekten lan kapinterane, uga ora ana ing endhek lan dhuwuring
tataran pangkat ing kaprajan. Nanging dhuwur lan asoring drajat kuwi dumunung
ana lakuning titah anggone mlaku manembah marang Allah Dzat Kang Nitahake
samubarang kang ana. Endi sing luwih akeh anggone angestu, percaya, manut lan
miturut marang wewarahe Gusti ya kuwi sing unggul drajate. Ana kalane bangsa
jim sing tekun nggone manembah marang Gusti temah dadi luhur drjate akeh bangsa
manungsa kang mapan ing sangisore, nanging ya akeh saka bangsane manungsa sing
uga banget angestu lan tansah manut miturut apa sing dadi dhawuhe Gusti temah
kaparingan drajat sing kaliwat luhur”.
“Inggih Kyai”
aku sumela atur “menawi kula manah menapa ingkang kadhawuhaken Kyai menika
langkung jumbuh kalihan lampahing nalar. Menawi kaparengaken kula badhe nyuwun
pirsa malih Kyai”.
“Sokur bage
sekethi jumurung yen ndika bisa nampa apa sing tak kandhakne ngenani luhur
asoring drajat iki mau” wangsulane Kyai Tanparupa sing banjur ditututi karo
pamundhut pirsa “ndika ngersakne pitakon bab apa maneh?”.
“Inggih Kyai”
wangsulanku banjur nutugne ngaturake pitakonan “ing jagadipun bangsa jim ing
Setambul, sedaya ngekahi bilih drajatipun jim menika langkung inggil tinimbang manungsa,
samangke kula piyambak boten sreg malih kalihan pamanggih ingkang makaten
menika, ingkang kula gumuni, sinten ingkang miwiti mucalaken kapitayan ingkang
saestunipun boten jumbuh kalihan nalar menika Kyai? Kenging menapa kapitayan
ingkang makaten kala wau ngantos pinten-pinten atus tahun panggah boten santun?”.
Ki Tanparupa
mesem rada amba, banjur paring wangsulan :
“Jenenge
kapitayan ngono mula angel diowahi Nini, awit wis kadhung mbalung-sungsum ing
jeroning atine sing ndarbeni kapitayan kang mangkono kuwi mau. Lan maneh, mula
wiwit jaman anyar-anyarane Gusti nitahake manungsa, ana sawenehing bangsa jim
sing nduweni kapinteran sing onjo tinimbang titah liyane, nduweni kasekten lan
kadigdayan sing uga arang sing bisa mapaki, malah anggone manembah marang Gusti
uga kaliwat tekune, dadi ya barang ora mokal titah sing saka bangsa Jim kuwi
banjur kinasihan ing Pangeran kajen lan kineringan dening sapepadhaning titah. Cekak
cukupe, titah saka bangsa jim kuwi temen-temen kagadhuhan drajat sing luhur.
Nanging eman, drajat sing luhur kuwi ora lana. Nalika Gusti ndhawuhake marang
sakehing titah saka bangsa Malaikat lan liyane supaya atur pakurmatan marang
salah sijining titah kang asale saka bangsa manungsa kang aran Adam,
sanggyaning Malaikat padha nyendikani lan nindakne dhawuhing Gusti. Mung Iblis
titah sing saka bangsa jim sing mbangkang dhawuhe Gusti, ora gelem atur
pakurmatan marang Adam. Dene sing dadi pawadan Iblis rumangsa nduweni drajat
luwih mulya tinimbang Adam sing bebakale mung saka lemah, kamangka Iblis kang
saka bangsa jim kuwi bebakalane saka sari pathining geni. Iblis babar pisan ora
gelem ngrumangsani yen drajate titah kuwi padha, lire padha-padha dititahake
dening Gusti. Sanadyan panemune Iblis kuwi dening Gusti ora dikeparengake,
parandene Iblis mbeguguk makutha waton, mbondhan datanpa ratu, malah Iblis wani
nantang marang Gusti ora wedi marang pidana kang bakal ditampa. Ya wiwit kuwi
Iblis banjur mulangake marang anak turune uga marang kanca-kancane padha-padha
bangsa jim supaya padha wani marang Gusti lan supaya padha nduweni panganggep
yen drajating bangsa jim kuwi luwih luhur tinimbang drajate bangsa manungsa
kanthi wewaton asal-usul lan bebakalne sakawit. Akeh bangsa jim sing padha
nggugu marang piwulange Iblis nanging uga ana sing ora percaya lan milih dadi
titahing Gusti sing manut marang piwulange Gusti. Ora mung tekan samono nggone
Iblis wani marang Allah, dheweke uga marentahne marang kanca-kancane sing padha
manut supaya ngajak-ajak bangsa manungsa supaya padha wani marang Allah lan
gelema niru lekase Iblis. Mula ing dina saiki aran ora aneh yen ana padha-padha
manungsane nanging rumangsa nduweni drajat sing luwih luhur tinimbang manungsa
liyane kanthi wewaton asal-usule banjur ngremehake manungsa liyane. Ana sing
rumangsa luwih luhur drajate jalaran trahing kusuma rembesing madu turase wong
andana warih. Ana maneh sing saweneh rumangsa luwih mulya tinimbang liyane mung
sabab tedhak turune para auliyak utawa para ngulama sing gentur tirakate”.
Sansaya
mundhak padhang rasaning atiku krungu pituture Ki Tanparupa kang mangkono mau.
Ing wasana tuwuh rasa kepenginku bisa nglakoni urip kanthi salin kapitayan,
ninggal kapitayane wong tuwa lan leluhurku sing ana negara Setambul lan ganti
kapitayan kaya kapitayane Ki Tanparupa.
Ana candhake
BalasHapusMatur sembah nuwun
SAMI-SAMI
BalasHapus