83.
Rumaos dados
kawigatosanipun tiang kathah Kyai Daksa ketingal rumaos mongkog manahipun,
ketitik anggenipun linggih dipun jejegaken, polatanipun ketingal dipun
ongasaken. Nanging Ki Lurah Sarkara boten padosa ketingal menawi kejot
manahipun, malah kalih tembung ingkang alus lajeng ngendika kalihan mirsani
Kyai Daka:
“Aku
rumangsa seneng nek ana para sedulur sing ngelingake lamun kleru nggonku
tumindak sadurunge kedlarung-dlarung gawe kapitunane wong akeh, kaya sing
ditindakne Kyai Daka iki. Mung wae, aku durung ngerti sing dikersakne Kyai
Daka, ora pas-e tumindakku manghon ing
sisih ngendi? Lan bisa mbubrahne tatanan kuwi tatanan sing endi?, Coba Kyai
Daka tak aturi ngendikakne sing luwih cetha!”.
“He he he
Matur nuwun Ki Lurah” kalihan gumujeng seru Kyai Daka mangsuli pangandikanipun
Ki Lurah Sarkara “kula lan sedaya warga ing Kepuh Agal sampun sami mangertos
menawi Ki Lurah lan para warga sedaya niki yasa Dhusun Kepuh Agal niki awit
pikantuk dhawuh saha palilah saking Narendra ingkang sejatos, liripun Ratu
ingkang leres inggih menika Kanjeng Sinuwun Sultan Adiwijaya. Nanging sareng
Kanjeng Sultan surud lajeng Ki Lurah nglajengaken kanthi kersa manunggal lan
dados bawahanipun tiyang Mataram menika ingkang boten pas”.
“Ora pase
kepiye Kyai Daka? Cetha nek Kratone saiki ngalih menyang Mataram lan sing
jumeneng saiki Ngarsa Dalem Panembahan Senapati kang nutugake jejibahane Sultan Pajang sing
wis sawargi, tak kira lekasku ngukuhake kasetyan marang Kanjeng Panembahan
Senapati iki rak ya wis trep?. Lha yen ndika ngarani ora pas, kuwi nganggo
wewaton apa?” panggah kanthi suwanten ingkang alus Ki Lurah sarkara nanggapi
ucapipun Kyai Daka.
“Menika
makaten Ki Lurah” Kyai Dala lajeng wangsulan “tiyang saged dados Ratu menika
wonten pranatanipun, kados upaminipun Sawargi Sultan Adiwijaya saged jumeneng
Nata ing Pajang nglajengaken jejibahanipun Kanjeng Sultan Trenggana ing Demak
menika sampun trep lan leres, jalaran sanaosa namung dhawah putra mantu kalihan
Sultan Trenggana, nanging Mas Karebet ingkang lajeng ngagem asma Sultan
Adiwijaya menika taksih turun lajer saking Majapahit, awit Eyangipun Kanjeng
Sultan Adiwijaya menika Ki Ageng Pengging Sepuh inggih Pangeran Handayaningrat.
Lha menawi Danang Sutawijaya menika? Tataraning drajat Sutawijaya menika paling
inggil inggih namung dados Lurah Pasar Pajang, sanaosa piyambakipun remen
ngaken menawi putranipun Kanjeng Sultan Pajang, nanging jejeripun namung putra
angkat, putra dhakon-dhakon, dados boten leres menawi piyambakipun lajeng madeg
nggentosi kalenggahanipun Kanjeng Sultan Adiwijaya, awit saking menika menawi
Ki Lurah lajeng ndadosaken Dhukuh Kepuh Agal ingkang leresipun kebawah
Kasultanan Pajang dados kebawah ing Mataram menika cetha menawi boten pas utawi
boten trep babar pisan. Malah ngakeni bilih Raja Tanah Jawi samangke kok Tilas
Lurah Pasar Pajang menika kemawon sampun ateges nerjang pranatan, menapa malih
kok purun ndhawahaken kasetyan dhateng piyambakipun?”.
Kawontenan
ing pendhapa kalurahan lajeng dados radi kosek. Tiyang-tiyang kathah ingkang
pating klesik rembagan piyambak kalih sesami rowang. Malah para
kanca-kancanipun Kyai Daka ingkang dipun suhi dening Ki Danara, anggenipun
grenengan kepireng radi seru, dene wosipun inggih ngleresaken menapa ingkang
dipun aturaken Kyai Daka dhateng Ki Lurah. Kyai Daka piyambak sasampunipun
matur dhateng Ki Lurah inggih lajeng tumut rembagan kalihan
kanca-kancanipun,kados-kados boten ngreken kalihan Ki Lurah malih.
Benten malih
kalihan tiyang-tiyang ingkang sampun sepuh-sepuh kados Ki Pawit lan
kanca-kancanipun. Tiyang-tiyang menika boten gineman menapa-menapa namung soroting
mripat sami mirsani dhateng Ki Lurah Sarkara minangka sasmita nyuwun kalidamar mrih padhanging swasana.
“Para
Sedulurku kabeh” sareng sampun tadi sawatawis Ki Lurah lajeng ngendika radi
sora, ndadosaken tiyang-tiyang sami kendel anggenipun sami klesak-klesik
rembagan kalihan sesamining rowangipun “aku ora ngluputake yen ana sing
mbenerake apa sing dadi kandhane Kyai Daka iki mau, sing katone tinemu ing
nalar. Nanging aku ya duwe panemu sing uga luwih tinemu ing nalar tinimbang
tinemune Kyai Daka. Cethane ngene, awake dhewe iki kabeh ya kudu ngakoni yen
jaman Panembahan Senapati isih ngagem asma Raden Danang Sutawijaya kuwi mula
putrane Gusti Sultan Pajang, awit sanadyan mung putra angkat nanging nyatane
Kanjeng Sultan nggone ndhaku putra marang Raden Sutawijaya ya tenanan ora mung
guyonan. Kaping pindho, satemene sasurude Sinuwun Sultan Pajang sing wenang
gumanti nata kuwi rak ya Gusti Pangeran Benawa, ya putra kakung siji-sijine
saka Sultan Pajang sing patutan karo garwa Pframeswari?. Nanging kanyatane
Gusti Pangeran Benawa ora kersa jumeneng Nata jalaran Gusti Benawa kagungan
pamanggih lamun Tanah Jawa bakal luwih becik, luwih makmur, luwih kuncara maneh
lamun ingkang jumeneng nata kuwi Raden Danang Sutawijaya ingkang kaparingan
ganjaran asma Senapati Ing Alaga dening Kanjeng Sultan Pajang. Dadi anggone
jumeneng Sampean Dalem Panembahan Senapati kuwi ora nuruti karsa priyangga
nanging nuruti pamundhute Gusti Pangeran Benawa. Kaping telune, yen ngrembug
perkara trah utawa sarasilah, sanadyan yen diturut kanthi sabenere wong sajagad
iki kabeh trahe wong siji ya cikal bakale bangsa manungsa sing sinebut Nabi
Adam jutawa Sang Hyang Adama, nanging yen kurang maren bisa tak cethakne ing
kene, ya iku Panembahan Senapati kuwi putrane Ki Gedhe Mataram utawa Ki Ageng
Pamanahan, kamangka Ki Ageng Pamanahan kuwi wayahe Kyai Ngabdul Rahman ya Ki
Ageng Sela lan Ki Ageng Sela kuwi wayahe Ki Ageng Tarub ya Raden Bondhan
Kejawan putra dalem Kanjeng Sinuhun Prabu Brawijaya ing Majapahit. Dadi
jumenenge Sampean Dalem Panembahan Senapati ngratoni Tanah Jawa sing ngedhaton
ing Mataram kuwi aran wis trep banget. Ora kliru kaya pandumuke Kyai Daka ing
ngarep mau”.
Mireng
dhawuhipun Ki Lurah Sarkara ingkang sakalangkung cetha makaten menika, Ki Pawit
sakancanipun boten sranta lajeng sami keplok lan surak rame ambata rubuh
suwantenipun, sedaya sami ngleresaken menapa ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah
saha sami angleresaken kawicaksananipun Ki Lurah ingkang ambekta Kepuh Agal
kebawah Mataram.
“Nuwun sewu
Ki Lurah” sareng ingkang sami keplok sampun sirep Kyai Daka ngangkat tanganipun
malih kalihan wicanten, praupanipun ketingal wiwit mbrabak abrit, kawistingal
menawi nembe ngempet kanepsonipun “kula inggih ngertos menawi Gusti Pangeran
Benawa mila boten kersa jumeneng nata, menika boten lepat, nanging panggah
lepat menawi ingkang jumeneng menika Sutawijaya, jalaran wonten ingkang
langkung wenang ngratoni Tanah Jawa menika katimbang tilas Lurah peken Pajang
menika. Mesthinipun menawi Pangeran Benawa tuhu waskitha, panjenenganipun saged
ngunduraken kalenggahan raja dhateng sumberipun, inggih menika trah Majapahit
ingkang satuhu, ingkang samangke nembe masanggrah wonten ing Wana Patalan”.
“Sapa sing
ndika karepake Kyai Daka? Aku ora tepung karo sing ndika kandhakne Trah
Majapahit sing satuhu kuwi” Ki Lurah mangsuli ucapipun Kyai Daka “luwih-luwih
masanggrah neng alas sing ora cedtha lan kondhang dadi papan pandhelikane para
durjana kuwi. Ora bakal aku gelem ngajak sedulurku kabeh ing Kepuh Agal
manunggal karo wong ndika kandhakne kuwi”.
“Sampun
klentu tampi Ki Lurah” praupanipun Kyai Daksa sansaya ketingal mangar-mangar “kula
boten ngaturi Ki Lurah murih manunggal kalihan Trah Majapahit ingkang
mesanggrah ing Patalan wekdal menika. Kula namung nyuwun murih Ki Lurah njabel
anggenipun ngajak Kepuh Agal ngakeni panguwaosing Tilas Lurah Peken Pajang
menika minangka pangayoman, kanthi makaten kalenggahanipun Dhusun Kepuh Agal
asil babadanipun Ki Lurah lan para warga sadaya menika sajajar kalihan
kalenggahanipun Mataram ingkang asil yasanipun Pamanahan lan anak-anakipun”.
“Katon
sansaya ngayawara apa kang ndika ucapake kuwi Kyai Daka” Ki Lurah Sarkara
paring wangsulan kanthi suwanten ingkang cetha “aku ora idhep karo sing ndika
kandhakne kuwi mau, aku mung ngugemi kahanan kang sanyatane. Dina iki sing
jumeneng ngratoni Tanah Jawa Sampean Dalem Panembahan Senapati, kanyatan iki
ora bisa diselaki. Mula sing ora nyarujuki Kepuh Agal manunggal karo Mataram,
aku minangka Lurah Kepuh Agal anglilani wong-wong sing kasebut mau lunga
ninggalake Kepuh Agal kene. Luwih-luwih yen wong sing tak kandhakne iki mau
biyen takane neng Kepuh Agal kene wis kerim lire tekane kene nembung kepengin
mangayom marang aku minangka Lurah ing Kepuh Agal kene”.
mBokmenawi
rumaos katantang raos manahipun Kyai Daka mireng dhawuhipun Ki Lurah Sarkara
ingkang pungkasan menika. Kyai Daka lajeng asung sasmita dhateng Ki Danara lan
kanca-kancanipun ingkang kala wau anggenipun dugi ing Kalurahan kanthi sesikep
dedamel jangkep, kados tiyang badhe ngrulug perang. Kasusul Kyai Daksa ngadeg
kasusul nglolos pedhangipun saking warangka, dipun tutaken kanca rowangipun
ingkang inggih lajeng ngadeg lan nglolos dedamelipun piyambak-piyambak.
Sumerep
lekas lan sikepipun Kyai Daka ingkang ketingal murang tata makaten menika,
sanaosa sampun sami thuyuk-thuyuk ketang sepuhipun, saha sanadyan mbekta
gegaman menapa-menapa, sami lajeng madeg suraning ndriya. Boten sranta ugi
lajeng ngadeg, tata-tata siaga badhe ngadhepi Kyai Daka sakancanipun.
Tiyang-tiyang sanes ingkang manahipun taksih bingung animbang pundi ingkang
mathuk pamanggihipun Ki Lurah menapa pamanggihipun Ki Daka, ugi lajeng sami
ngadeg. Namung kemawon anggenipun ngadeg radi mire nebihi papanipun KYai Daka
sakancanipun ugi boten nyaketi papanipun Ki Pawit lankanca-kancanipun.
Ana candhake
Maturnuwun sanget.
BalasHapusMugio tansah winantu karahayon
🙏
Matur nuwun sanget sambunganipun dongeng SMW 7 eps 83
BalasHapusAAMIIN, dhawah sani-sami.
BalasHapus