85.
Ngantos sawatawis
pandurat Kyai Daka boten enggal atur wangsulan dhateng Ki Lurah. Tiyang-tiyang
ingkang ngrantos awit kepengin ngertos atur wangsulanipun Kyai Daka lan
kanca-kancanipun wiwit umyeg klesak-klesik grenengan piyambak. Malah wonten
tiyang rencangipun Ki Pawit ingkang kober radi maiben dhateng Ki Lurah menapa,
kenging menapa tiyang murang tata ingkang ngendelaken dumeh gadhah kadigdayan
kados Ki Daka ingkang remen tumindak sawenang-wenang menika ndadak dipun takeni
lados makaten? Mesthinipun Ki Lurah tumuli asung sasmita dhateng para Prajurit
Mataram ingkang jejer baris ing sakanan keringipun menika murih enggal-enggal
ngrangket Kyai Daka lan rencang-rencangipun nunten kadhawahan pidana dipun
gantung ing ara-araning Dhusun Kepuh Agal murih dados tontonan lan dados penget
tumrap tiyang ing Kepuh Agal supados boten tumindak murang tata kados Ki Daka
lan rencang-rencangipun menika.
“Piye Kyai
Daka?” sareng dangu Kyai Daka boten enggal atur wangsulan, Ki Lurah ngambali
pandangunipun “ndika gelem mangsuli pitakonku iki mau apa ora? Apa pancen
pitakonku kurang cetha?”.
“Sampun Ki
Lurah” saderengipun Kyai Daka wicanten, tiyang ingkang kala wau grenengan
maiben dhateng Ki Lurah, wicanten radi sora “tiyang kados Kyai Daka lan
erencang-rencangipun niku boten pantes dipun ajak rembagan malih, dosanipun
sampun sagendhong sapikulan, lepatipun sampun dipun kempit dipun indhit,
tiyang-tiyang makaten menika boten sakalangkung mbebayani tumrap bebrayan,
boten pantes dipun paringi gesang, prayogo tumuli karangket lan dipun
sirnakaken kemawon, malah menawi prelu kedah dipun tumpes kelor, ditelasi
sacindhil abritipun……..”.
“Cukup Ki
Pamuji !” Ki Lurah munggel aturipun rencangipun Ki Pawit ingkang nami Pamuji
menika “mengko wae nek dak butuhne ndika bisa aweh rerigen marang aku, saiki
durung wayahe, aku isih kepengin takon marang Kyai Daka, Ki Danara lan
sedulur-sedulur sing saiki lagi klesotan ing ngarepku iki”.
Ki Pamuji
inggih lajeng kendel anggenipun wicanten.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” wekasan Kyai Daka lajeng wicanten atur wangsulan dhateng
Ki Lurah “sepisan malih kula nyuwun sih kawelasan lan atur uninga, bilih semah
lan anak kula tuwin kulawarga kula sadaya boten tumut tumindak dosa, mugi
sampun dipun katutaken nampi pidana”.
“Kyai Daka”
Ki Lurah wicanten malih suwantenipun kepireng radi sereng “ndika kuwi wis gedhe
tuwa, ya gene wangsulan ndika geseh karo unine pitakon sing tak wenehake? Aku
ora takon kulawarga ndika kabeh padha katut tumindak dosa apa ora!. Ngerti?”.
“Nyuwun
pangaksami Ki Lurah” Kyai Daka wangsulan kalih suwanten ingkang kapireng
ndhredheg “menawi kula sakrowang kapatrapan pidana pejah dipun tumpes kelor
sakulawarga kula sedaya, tartamtu badhe nistha pejah kula, sukma kula sakanca
tartamtu badhe klambrangan dados dhemit lan memedi ingkang nggegilani tiyang
kathah. Menika wangsulan kula ingkang kapisan”.
“Banjur
wangsulan sing kapindho kepiye?” Ki Lurah nyelani rembag mawi pitakenan malih.
“Ingkang
angka kalih” Kyai Daka nutugaken aturipun “menawi Jengandika Ki Lurah paring
pangaksami lan boten paring pidana menapa-menapa, kula sarowang rumaos kados karoban
samodra madu kajugrugan wukir sari, kula sarowang boten saged males kasaenan
jengandika Ki Lurah, kajawi Ki Lurah ngersakaken mundhut menapa kemawon saking
kula sakanca, saestu badhe kula aturaken kanthi suka lilaning manah”.
“Dina iki
aku ora mbutuhake apa-apa saka ndika lan kanca-kanca ndika” Ki Lurah paring
wangsulan kanthi suwanten ingkang anteb.
“Menawi
makaten, kula sakanca badhe prasetya sisaning gesang kula sarowang badhe kula
udhokaken kangge kaluhuraning asmanipun Ki Lurah saha kasaenanipun Dhusun Kepuh
Agal menika. Bebasan badhe putunga kinarya bebalang, lebura kadamel sesawur,
sauger menika kangge njunjung asmanipun Ki Lurah utawi kangge kaluhuraning
Dhusun Kepuh Agal, kula sarowang boten badhe angresula saha kula sarowang
sumpah, boten badhe damel sakiting raga tuwin manahipun sedaya warga ing Kepuh
Agal mriki” Kyai Daka njangkepi atur wangsulanipun.
“Apa sing
ndika kandhakne iki tulus tekan ing dhasaring ati suci? Ora tembung lelamisan
sing mung bisa nambahi abanging lambe wae?” Ki Lurah ngendika malih nandhesaken
wangsulanipun Kyai Daka.
“Saestu Ki
Lurah, atur kula menika mijil saking dhasaraning manah ingkang suci, dede atur
gegujengan menapa dene atur lelamisan. Lan ing tembenipun manawi pranyata kula
lan rowang-rowang kula menika nyidrani dhateng atur kula menika, mugi kula
sedaya miwah sedaya anak turun kula sedaya, pikantuka sikudhendhaning bathara temah
nandhang gesang kasurang-surang ing papa cintraka lajeng pejah kanthi
siniya-siya” wangsulanipun Kyai Daka ingkang kalajengaken nakeni para
rowangipun “rak ya bener mangkono ta Ca?”.
“Inggiiiiiiiiiiih…….”
Para rowangipun Kyai Daksa sesarengan semaur amangsuli.
Ki Lurah
lajeng paring dhawuh dhumateng Kyai Daka lan rewangorewangipun murih wangsul
linggih ing papanipun sakawit, ugi dhawuh dhateng sedaya ingkang wonten
pendhapa mriku murih linggih.
“Para
sedulurku kabeh” taksih kalihan ngadeg sarta Kyai Pantek taksih dipun asta Ki
Lurah lajeng ngendika mawi suwanten ingkang sora “saupama Kyai Daka, Ki Danara
lan sedulur-sedulur sing mau padha nglolos gegamane arep kanggo mrawasa aku
sing duwe panemu beda karo panemune Kyai Daka padha dirangket lan kapidana
kanthi murwat, kuwi ora bakal angel. Ing kene wis mlumpuk prajurit-prajurit
saka Mataram sing cacahe prasasat tanpa wilangan. Nanging, aku kelingan dhawuh
dalem Gusti Panembahan Senapati lumantar Gusti Raden Tumenggung Tesengkusuma
wingenane kae, yen Kepuh Tunggal iki kepengin dadi Desa sing gedhe, tentrem lan
ayem kawulane, murah sandhang murah pangan, kabeh wargane kudu bisa mujudake
urip sing guyub lan sing rukun, Kaping pindhone, minangka pangareping desa kudu
tumindak ambeg adil para marta, lire marang kawula ing Kepuh Agal kene ora kena
tumindak emban oyod emban cindhe, kaping telune yen ana kawula sing tumindak
luput lan isih bisa dingapura lan ditata murih ora mbaleni tumindake sing
luput, pangareping Desa kudu nggedhekne pangapurane. Iki mau Kyai Daka, Ki
Danara lan liya-liyane sing wis lali temah tumindak luput, wis padha ngakoni kaluputane
sarta padha nggetuni tumindake sing luput, uga saupama diparingi pangapura
banjur padha duwe prasetya kaya kang wis diucapake sing ndika kabeh padha
krungu. Mula minangka Lurah ing Kepuh Agal kene, aku paring pangapura marang
Kyai Dakam Ki Danara lan liya-liyane lan prasetya sing dikandhakne mau uga tak
cekel ora bakal tak uculne nganti selawase uripku. Lamun ing tembe Kyai Daka
cidra ing janji, mangka bakal nampa pidana sing luwih abot tinimbang pidana
sing wis tak wurungake iki mau”.
“Ngaturaken
sewu genging Panuwun Ki Lurah” Kyai Daka lan rewang-rewangipun sesarengan atur
wangsulan lajeng sami sujud ngambung jogan kados kala wau.
“Sabanjure”
Ki Lurah lajeng ngendika malih “klumpukan lan rembugan dina iki tak anggep wis
cukup, kabeh wis sarujuk karo lekasku kang ndadekne Kepuh Agal nyawiji karo
Mataram lan mangayom marang Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga Sayidin
Panatagama Kalipatullah Tanah Jawa kang jumeneng ing Mataram. Mula saiki uga ndika kabeh tak prentah supaya
bali menyang omahe dhewe-dhewe kanthi tekad bakal ngukuhi jiwa guyub lan rukun
sapepadhaning warga Kepuh Agal. Lan marang Kyai Dakam Ki Danara lan kanca-kanca
liyane, aja padha dadi ati yen bali ndika kabeh bakal diawat-awati dening
Prajurit Mataram sawatara, iki ora ateges ngemuj lekas sing neka-neka, mung
kanggo jaga-jaga lan sangune pangati-ati kanggo dina ngarsi”.
Tiyang-tiyang
ugi lajeng sami pamitan wangsul. Boten kathah ingkang sami rerembagan, meh
sedaya mlampah wangsul kalihan boten gineman menapa-menapa ngantos dumugi
griyanipun piyambak-piyambak. Langkung-langkung Kyai Daka lan
rencang-rencangipun, anggenipun mlampah wangsul ketingal sami ndhingkluk lan
boten wantun kumecap menapa-menapa, awit saben tiyang satunggal dipun tutaken
prajurit cacah gangsal, ngantos dumugi ngakenging kori griyanipun.
Sareng
kawontenan pendhapa sampun sepen, sampun boten wonten tiyang sanes, Ki Lurah
lajeng nimbali kula murih nyaket.
“Ngger
Anakku Pradapa” ngendikanipun Ki Lurah sasampunipun kula mapan linggih
ngarsanipun “dadia kaweruhmu yen Kyai Daka sakancane mau mbutuhake kawigaten
kang mirunggan jalaran wong-wong kae padha olehe nduweni ngelmu kanuragan sing
sajake luwih dhuwur tinimbang warga Kepuh Agal liyane. Awake dhewe kena percaya
lan ngandel karo apa sing dikandhakne Kyai Daka ing ngarepku mau, nanging rasa
percaya mau kudu dingegehi, tegese awake dhewe kudu nisakne rasa ora percaya
marang wong-wong kae mau sanadyan mung sethithik, Kanthi mangkono awake dhewe
ora kelangan rasa pangati-ati ing dina-dina sing bakal teka”.
“Inggih Bapa”
atur wangsulan kula dhateng Ki Lurah “estunipun wonten raos gumun ing
salebeting manahipun Pradapa ingkang badhe kula suwunaken pirsa dhateng Bapa”.
“Apa sing
mbok gumuni Pradapa?”
“Ingkang
kapisan, sampun cetha menawi Kyai Daka sarowangipun kala wau sampun tumindak
murang tata lan saged mbebayani dhumateng jiwanipun Wa Pawit lan rencang-rencangipun,
nanging kenging menapa Bapa sakalangkung gampil maringaken pangapura dhateng
Kyai Daka lan rencang-rencangipun?. Dene ingkang angka kalih, duginipun
prajurit saking Mataram samanten kathahipun menika kok anyarengi kalihan Kyai
Daka sarencangipun badhe damel gendra? Kamangka Bapa boten paring dhawuh
saderengipun menawi Kepuh Agal badhe kedugen prajurit Mataram samanten
kathahipun? Menika ingkang ndadosaken gumuning manah kula Bapa”.
Ana candhake
Hmm
BalasHapusAmpuh perbawané kyai Pantek, wewayangan gawé giris para dur angkara.
Maturnuwun
🙏