86.
Ki Lurah
unjal ambegan landhung, nanging pasuryanipun nedahaken menawi boten nembe sekel
penggalihipun. Taksih kalihan jumeneng, ugi taksih nyepengi ukiraning
Wangkingan Kyai Pantek, panjenenganipun nunten ngendika :
“Kuwi
mangkene Pradapa, wangsulan kanggo pitakonmu sing kapisan ya iku aku nduweni
pangarep-arep Kepuh Agal iki sansaya kuwat ora sansaya ringkih lan
pangarep-arepku iki dibarengi karo anane pepenginan supaya apa sing dikandhakne
Kyai Daka sakancane mau temen-temen tulus tunejan ati. Karo maneh aku nduweni
panemu yen saben wong kuwi bisa wae tumindak luput, jalaran saben wong
kagadhuhan sipat lali, lan becike ora kok saben wong sing wis tumindak luput
banjur dipidana ngono wae, luwih-luwih saben wong sing tumindak kleru banjur
dipateni. Yen ana wong tumindak kleru banjur wis ngrumangsani klerune kuwi
luwih becik diparingi pangapura, ora kudu dipidana, kajaba yen wis bola-bali
tumindak kleru lan pancen duwe watak seneng gawe gendra, kuwi kudu dipidana
murih kapok lan murih ora ditiru karo wong liyane. mBok menawa pancen kena
diarani kawicaksanan sing tak tetepake aweh pangapura marang Kyai Daka iki ora
kabeh bener, nanging mungguhku kleru merga ora aweh pidana marang wong luput
kuwi ora pati mbebayani yen ditandhing karo kleru merga aweh pidana marang wong
sing kudune ora dipidana. Dene saupama Kyai Daka sakancane kae mau tembunge
mung lamis, aku luwih percaya marang Maha Adil lan Maha Kuwasane Gusti sing
paring panguripan marang awake dhewe lan kabeh titah sing ana donya iki”.
“Inggih
Bapa” kula atur wangsulan lan saged nampi menapa ingkang dipun dhawuhaken
dening Ki Lurah Sarkara ingkang ugi tiyang sepuh kula piyambak menika.
“Dene kanggo
mangsuli pitakonmu sing angka loro” Ki Lurah ngendika malih “biyen tau tak
kabarake marang sliramu. Yaiku dhawuhe Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta marang
aku sing ngandhakne yen pusaka sipat kandel Desa Kepuh Agal ya Keris Kyai
Pantek sing saiki tak cekel ana tanganku iki
wis nyawiji sajiwa karo aku. Anane bisa manunggal antarane Kyai Pantek
karo aku, kuwi merga saka Maha Murahing Gusti Sing Maha Agung. Dudu karepku
dhewe ya dudu karepe Kyai Pantek. Lan miturut dhawuhe Senapati Kraton
Pangayoman loro kuwi, anane aku kaparingan kanugrahan saka Gusti Kang Maha
Agung kuwi salah sijni sing dadi sebabe ya kuwi merga aku dhemen anggegulang
ing kalbu, temah ing sasmita dadi lantip, aku kang dhemen nindakne laku kang
sabenere ya iku tansah mbudidaya murih saya raharjane Kepuh Agal, rinangkepan
seneng nindakne panyuwun marang Hyang Agung kanthi laku prihatin. Mula Kyai
Jurudah uga banjur meling supaya nggonku nggulawenthah sliramu kudu uga
memulang murih kowe niru lekas kang wis ditindakne dening wong tuwamu iki”.
“Inggih
Bapa” kula sumela atur “lan nyuwun pangapunten menawi dugi titi kalenggahan
menika, keng putra pun Pradapa dereng saged nglampahi piwucaling Bapa, inggih
awit saking lumuh kula piyambak”.
“Sokur yen
kowe wis ngrumangsani, mula aja mung mandheg teka ngrumangsani wae, nanging
tumuli dandanana uripmu kaya welinge Kyai Jurudah mau” Bapa Lurah Sarkara
paring pitedah, kalajengaken nutugaken ngendikanipun “satemene
prajurit-prajurit Mataram sing saiki isih padha pacak baris ing plataran lan
pekarangan kae lan uga padha ngetutne lakune Kyai Daka sakancane bali, kabeh
dudu Prajurit Mataram sing satuhune. Kuwi wadya balane Kyai Jurudah lan Kyai
Prasanta saka Kraton Ngiyom, tekane kene merga sisnasmintan karo tak unuse Kyai
Pantek saka warangkane. Mula aja gumun mengko sedhela maneh, prajurit-prajurit
kuwi bakal bali menyang asale sakawit tanpa bisa mbok weruhi parane”.
Rampung
anggenipun paring dhawuh paring wangsulan dhateng kula makaten menika, Ki Lurah
tumuli ngeremaken netranipun sakedhap nalihan tumungkul mangandhap. Lajeng
wangkingan Kyai Pantek dipun tempelaken ing palarapan, lajeng dipun lebetaken
malih dhateng wrangkanipun. Eloking kawontenan, sareng kalihan manjingipun Kyai
Pantek dhateng warangkanipun dumadakan prajurit ingkang kathahipun sasat boten
wilangan ingkang wonten ing plataran tuwin pekarangan kalurahan Kepuh Agal,
sedaya ical boten kula mangertosi purugipun. Dumugo sapriki kula boten ngertos,
menapa prajurit-prajurit kala wau prajurit saestu saking alam alus menapa
namung prajurit semu wujud wewayangan kemawon.
Dinten-dinten
candhakipun kawontenan ing Kepuh Agal lumampah kanthi limrah. Para warga inggih
kados padatan, sami makarya kangge nyekapi kabetahaning gesang kulawarganipun
sarana nyambut damel ing pategilan lan pasabinanipun piyambak-piyambak. Makaten
ugi Ki Lurah Sarkara, meh saben dinten nganglang Dhusun, aniti priksa
kawontenaning Kepuh Agal pundi ingkang sajakipun prelu kawigatosan murih saged
dados sae kados papan sanesipun. Inggih angengeti jembaring laladan saha
cacahing warga ingkang sansaya kathah, murih kawilujengan saha karaharjaning
warga langkung tumata, Ki Lurah kanthi pasarujukaning para warga ambage
Kalurahan Kepuh Agal dados gangsal Dhukuh. Saben-saben Dhukuh kapangarsan
dening Bebau setunggal, ingkang jejibahanipun ambiyantu Ki Lurah mranata warga
ing Dhukuhipun.
Kawiwitan
saking Kepuh Agal sisih wetan, Dhukuhipun kaparingan tenger Sidadadi ingkang
ngemu pandonga murih sedaya panjangkaning warga saged dados. Ingkang kapiji
minangka Bebau Ki Sudib, ingkang lajeng kaprah sinebat Ki Sidodadi. Sakilenipun
Dhukuh Sidodadi kaparingan nami Dhukuh Sambirobyong awit ing satengahing
Padhukuhan wonten witipun Sambi ingkang ageng. Ingkang piniji lan kasarujukan
dening warga minangka Bebau nami Ki Sambi, menika taksih kaprenah ponakanipun
Ki Pamuji . Lan salajengipun titiyang sami mastani Ki Sambi ugi Ki Robyong. Ing
Sakilenipun Sambirobyong kaparingan tetenger nami Dhukuh Sidamulya, sami
kalihan Sidodadi menawi asma kinarya japa, para warga nggadhahi pangajeng-ajeng
murih ing tembenipun pagesanganing para warga ing mriku saged manggih kamulyan.
Ki Lurah Sarkara amiji Ki Danara murih angesuhi Dhukuh Sidamulya minangka
Bebau, jalaran warga ing mriku biten wonten ingkang purun kadadosaken Bebau
inggih awit sami ngrumaosi menawi boten saged anglampahi jejibahanipun menawi
kapiji dados Bebau. Benten kalihan Sidadadi menapa dene Sambirobyong, Bebau
Sidamulya boten kaprah kasebat minangka Ki Bebau, nanging malah ngangge sebatan
Ki Lurah. Ingkang makaten menika jalaran Ki Danara menika sampun dangu dados
Lelurahipun para siswanipun Kyai Daka ing reh ulah kanuragan saha kebatosan.
Mila sebatan kangge Bebau Sidamulya dede Ki Lurah Sidamulya, nanging panggah
mawi sebatan nami ingkang asli, inggih menika Ki Lurah Danara. Sakilenipun
Dhukuh Sidamulya, kawastanan Dhukuh Grojoganngubal, jalaran ing mriku wonten
lepen alit ingkang toyanipun dhawah dados grojogan sarta toyanipun ngubal
(ngambra-ambra), miturut pasarujukaning warga ingkang kapiji dados Bebau ing
mriku Ki Pahang, rumiyinipun dados siswanipun Kyai Daka ing reh kebatosan,
nanging sasampunipun wonten kedadosan ing Pendhapa Kalurahan ingkang meh
kemawon wonten pasulayan antawisipun Ki Pawit ingkang ambelani Ki Lurah kalihan
Kyai Daka, lajeng ngalih santun dados
sekabatipun Ki Pawit, awit rumaos langkung sreg marsudi ing kebatosan mawi
piwucal lan pituturipun Ki Pawit. Dados inggih sampun limrah menawi meh sedaya
tiyang sampun pirsa bilih sesambetan antawisipun Ki Lurah Danara kalihan Ki
Pahang menika saenipun namung winates ing tata gelar kemawon. Naminipun Ki
Pahang ugi lajeng kaprah sinebat Ki Grojoganngubal utawi Ki Ngubal. Ingkang
Pungkasan laladan Kepuh Agal ingkang kilen piyambak, mepet wana ingkang dados
wates antawisipun Dhusun Kepuh Agal lan Dhusun Tambak, winastan Dhukuh
Jangglengan awit ing mriku para warga sami remen ndhedher wiji wit Jati lan
dipun tanem ing pekaranganipun lan tiyang-tiyang menawi betah badhe nanem jati
saged pados ing mriku. Ingkang kapatah minangka Bebau nami Ki Pawana. Nanging
lajeng kaprah sinebat Ki Jangglengan. Ki Jangglengan menika taksih kaprenah
putranipun mbarep Ki Pawit, ingkang sasampunipun emah-emah lajeng adeg griya
ing Jangglengan mriku.
Kanthi wontenipun
tatanan enggal ingkang wujud wontenipun dhukuh-dhukuh saha bebaunipun menika,
mundhak dinten kawontenan Dhusun Kepuh Agal dados sansaya reja. Para warga
boten ngemungaken ulah tetanen kangge nyekapi gesangipun, nanging ugi kathah
ingkang nyambi bebakulan. Ugi boten sakedhik warga ingkang sumebar ing
dhukuh-dhukuh saindenging Kepuh Agal ingkang sami dados kemasan, greji, undhagi
lan sanes-sanesipun. Ingkang makaten kala wau estu ndadosaken Dhusun Kepuh Agal
sansaya mindhak makmur.
Ketingalipun
Dhusun Kepuh Agal inggih ayem tentrem kemawon, boten wonten titiyang mriku
ingkang dhemen tumindak ingkang damel kapitunanipun tiyang sanes. Ki Lurah
sanaosa tambah dinten tambah sepuh, ugi boten kendhat anggenipun mbudidaya
murih Kepuh Agal dados Dhusun ingkang gemah ripah tata raharja. Ki Bebau ing
Sidamulya, inggih Ki Lurah Danara nate nggadhahi usul dhateng Ki Lurah murih
para sinoman ing Kepuh Agal kaparingan seserepan ing reh ulah kanuragan,
prekunipun saged kadadosaken tamenging Desa mbok menawi sawanci-wanci wonten
bebaya saking njawi ingkang dugi. Usulipun Ki Danara ugi katampi kanthi sae
dening Ki Lurah. Malah Ki Danara inggih lajeng kawewahan jejibahan minangka
dados suhing para mudha kala wau. Tamtu kemawon Ki Lurah ugi paring dhawuh
dhumateng para Bebau murih makarya sesarengan kalihan Ki Danara kangge paring
gladhen kanuragan dhateng para sinoman ing dhukuhipun piyambak-piyambak. Para
Bebau ugi sami nyengkuyung menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Lurah.
Ana candhake.
Tata titi tentrem kartorahardjo.
BalasHapus