87.
Sesambetan
antiwisipun Ki Lurah sabebaunipun sedaya kalihan Kyai Daka ketingal sae, awit
Kyai Daka ugi ngatingalaken anggenipun tresna dhateng Dhusun Kepuh Agal. Kyai
Daka ingkang tuhu nggadhahi kalangkungan ing ulah kanuragan saha kebatosan,
asring maringi pitedah-pitedah dhateng para mudha lan para sinoman, mesthi
kemawon anggenipun paring makaten kala wau saderengipun inggih nyuwun palilah
dhateng Ki Lurah. Lan miturut Ki Lurah saha para Bebau, anggenipun paring
pitedah Kyai Daka boten wonten ingkang awon, sedaya jumbuh kalihan kabetahaning
Kepuh Agal, babar pisan boten cengkah kalihan piwucaling kapitayan ingkang
dipun rasuk dening Ki Lurah tuwin Warga Kepuh Agal. Kula piyambak minangka
putranipun Ki Lurah lan ingkang dinama-nama sageda gumantos Lurah Kepuh Agal
sawanci-wanci Bapa Ki Sarkara sampun surud ing kasedan jati, ugi ndherek
ngangsu kawruh kanuragan lan kebatosan dhateng Kyai Daka. Boten benten kalihan
sinoman sanesipun.
“Pradapa”
anuju sawijining dinten kula katimbalan dening Ki Lurah “aku melu seneng dene
kowe katon taberi nggonmu melu gladhen ulah kanuragan lan kebatinan marang Kyai
Daka. Muga-muga anggonmu gladhen kuwi ing mbesuke bisa mbok gunakne kanggo
kabecikan lan kanggo ngangkat drajate Desa Kepuh Agal kene”.
“Inggih
Bapam angkah salebeting manah kula mila inggih makaten” atur wangsulan kula
nalika samanten.
“Mesthine
sing mbok weruhi sasuwene iki, sesambungan antarane awake dhewe karo Kyai Daka,
Bebau Danara lan wong-wong sing biyen tau meh memungsuhan karo aku, saiki wis
becik. Kaya ora nate ana kedadean apa-apa. Iya apa iya?” Ki Lurah paring
pandangu malih kalihan mesem.
“Lakar kados
makaten Bapa, sajakipun wonten prakawis ingkang dereng kula mangertosi ingkang
badhe Bapa dhawuhaken dhateng pun Pradapa, Bapa?” gandheng kula ngraos radi
aneh kalihan pangandikanipun Ki Lurah dhateng kula makaten menika, kula lajeng
nyuwun pirsa.
“Ora!”
dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “mung wae, pun Bapa meling marang kowe, Apika
kaya ngapa sesambunganmu karo sapa wae, aja nganti kabeh isen-isening atimu
mbok bukak ana ngarepe wong sing duwe sesambungan becik karo kowe kuwi mau.
Jalaran, sing jenenge manungsa kuwi kabeh kedunungan sipat lali. Menungsa sing
uga sinebut “Tiyang” kuwi atine tansah goyang, lire lumrah wae sing wiwitane
kaya sedulur lanang ora let suwe malih memungsuhan kaya dene kucing karo tikus.
Uga kosok baline, sing maune memungsuhan ora let suwe dadi mitra sing sinara
wadi. Mula kowe kudu tansah ora kena nyuda kaprayitnaning batin”.
“Inggih
Bapa”
“Bares wae,
wektu iki tuwuh rasa sujanaku marang Kyai Daka lan Bebau Danara” Ki Lurah paring
dhawuh malih.
“Sujana awit
menapa Bapa?” kula matur nyuwun pirsa.
“Iya awit
Kyai Daka watara selapan dina kepungkur, kanthi mirunggan nemoni aku. Mung
saprelu takon, ya gene Prajurit Mataram sing biyen tau nekani Kepuh Agal, saiki
ora tau katon teka maneh?. Ya gene Prajurit Mataram samana akehe kae mung
sepisan teka ing Kepuh Agal?”.
“Lajeng
dhawuh wangsulanipun Bapa dhateng Kyai Daka kados pundi?” kula nyuwun pirsa.
“Olehku aweh
wangsulan ya gampang wae” Ki Lurah paring wangsulan kalihan mesem “aku iki dudu
Prajurit Mataram dadi ya ora ngerti obahe para Prajurit Mataram, sing cetha
lakuned Prajurit kuwi mung manut marang unine parentah, lha sing wenang aweh
prentah marang Prajurit kuwi ya Lurah Prajurit, munggahe menyang Rangganing
Prajurit nganti tekan Tumenggung sarta senapatining praja Mataram”.
“Lajeng Kyai
Daka kados pundi?”
“Kyai Daka
ya mung manthuk-manthuk ngiyani” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “nanging malah
sing banjur duwe gagasan sing mundhak dawa”.
“Penggaluhan
menapa Bapa?”.
“Aku sujana,
wangune Kyai Daka duwe pangira yen tenane Prajurit-prajurit Mataram sing teka
nalika samana, mula dudu prajurit sing temenan. Lan sujanaku kang mangkono mau,
dikuwatake karo tekane Kyai Daka sing kaping pindho, ya kuwi telung dina
kepungku, malah tekane sing keri iki ora ijen, nanging nganthi Bebau Danara,
Kyai Daka kandha yen arep nurunake ngelmu kanuragan linuwih marang kowe
Pradapa” Ki Lurah paring wangsulan.
“Mila leres
Bapa” kula lajeng matur prasaja “Kyai Daka mila nate paring dhawuh dhateng kula
bilih kula badhe kaparingan aji jaya kawijayan ingkang nggegirisi, namung
saderengipun Kyai Daka badhe nyuwun palilah dhateng Bapa langkung rumiyin”.
“Kyai Daka
ora mung njaluk palilah marang aku, nanging uga nembung supaya aku gelem
nyawisake piranti kanggo nurunake aji jaya kawijayan marang kowe kuwi” Ki Lurah
paring dhawuh malih.
“Lajeng
wujudipun piranti menika menapa Bapa?” kula matur nyuwun pirsa “menawi
panunggilanipun pisang ayu, sedhah temu rose, lawon pethak, ayam jago pethak
mulus utawi wiring kuning lan sapiturutipun, kula kinten boten badhe ngrekaos
anggenipun pados”.
“Bener apa
sing mbok kandhakne kuwi Pradapa” Ki Lurah ngendika malih “aku ya wis kandha
marang Kyai Daka nek mung barang-barang kuwi sing dadi pirantine, ora nganti
wektu setugel dina mesthi wis tak wujudi. Nanging jebul sing dijaluk Kyai Daka,
barang sing aku ora bisa mujudi”.
“Menapa
menika Bapa?” kula radi nggragap,lajeng nyuwun pirsa dhateng Bapa Sarkara.
“Kyai Daka
nyuwun ngampil Keris Kyai Pantek Sipat Kandel Kepuh Agal kang bakal digunakne
kanggo nurunake aji jaya kawijayan marang kowe” Ki Lurah nyethakaken menapa
ingkang dados panyuwunipun Kyai Daka “mesthi wae, aku ora bisa mujudi apa sing
dadi panjaluke Kyai Daka kuwi. Jalaran jejerku iki mung nggadhuh, Kyai Pantek
dhewe kuwi pusaka ampilan saka Kraton Ngiyom lan Senapati Kraton Ngiyom
sakembaran ya kuwi Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta wis manti-manti marang aku
supaya ora pisan-pisan ngulungake Kyai Pantek marang sapa wae. Nanging, mesthi
wae sing keri dhewe kuwi ora tak kandhakne marang Kyai Daka. Aku mung wangsulan
yen ora bisa ngulungake Kyai Pantek marang spa wae kanggo kabutuhan apa wae”.
Kula ugi
lajeng manthuk-manthuk ngleresaken menapa ingkang dados wangsulanipun Ki Lurah
dhateng Kyai Daka. Kula kemutan dhateng dhawuhipun Ki Lurah ingkang dumugi
wanci menika dereng saged kula lampahi, inggih menika nggegulang kalbu murih
saged nampi kanugrahaning Gusti saged manunggalaken Kyai Pantek dhateng jiwa
raga kula.
“Sareng
makaten Kyai Daka lajeng kados pundi Bapa?” kula nyuwun pirsa malih.
“Maune Kyai
Daka lan Ki Bebau Danara ngotot arep meksa, malah wani ngundhat-undhat aku
didakwa durung percaya marang wong loro kuwi kanthi wutuh barang” dhawuh
wangsulanipun Ki Lurah “nanging aku puguh ora bisa nuruti panjaluk sing banget
mbebayani kuwi. Aku mung kandha yen Kyai Pantek kuwi dudu duwekku, nanging
dhapur gadhuhan saka Titahing Gusti kang ngratoni bangsa alus sing ora kepareng
tak kandhakne asmane, dadi ora kok aku ora percaya marang Kyai Daka apa dene
Bebau Danara, nanging aku ora wani ngulungake merga kuwi dudu darbekku”.
“Inggih
Bapa” kula matur malih “menapa Kyai Daka menapa dene Lurah Danara saged nampi
dhawuhipun Bapa?”.
“Sajake ya
durung bisa nampa, nanging aku ora idhep” Ki Lurah paring wangsulan “wekasane
wong loro kuwi ya banjur mulih tanpa nggawa Pusaka Kyai Pantek. Kyai Daka lan
Bebau Danara ya banjur ora ngrembug nggone arep nurunake aji jaya kawijayan
marang kowe maneh. Malah saiki aku genti arep takon marang kowe”.
“Badhe
mundhut pirsa menapa Bapa?”
“Magepokan
karo sing jarene kowe arep kaparingan aji jaya kawijayan kuwi, sawuse panjaluke
Kyai Daka ora tak turuti, banjur kowe dikandhani apa?”.
“Nyuwun
pangapunten Bapa” kula matur menapa wontenipun “salebeting sekawan dinten
menika, kula dereng kepanggih malih kalihan Kyai Daka menapa dene Lurah Danara,
malah kala wau kula mireng kabar saking kanca sinoman kala wingi Kyai Daka
tindak dhateng sanjawining Kepuh Agal lan Lurah Danara ugi nembe ngayahi
jejibahan wigatos ing Dhujuh Sidamulya, para siswanipun Kyai Daka tuwin para
sinoman kadhawuhan gladhen piyambak, dados inggih dereng kaparingan dhawuh
menapa-menapa magepokan kalihan anggenipun Kyai Daka badhe nurunaken aji jaya
kawijayan dhateng kula menika”.
“Ya yen
pancen mangkono” Ki Lurah lajeng paring dhawuh malih “tak jaluk kowe aja nganti
ngowah-owahi adat samangsa-mangsa wis kepethuk karo Bebau Danara apa dene Kyai
Daka. Luwih becik kowe api-api ora ngerti lan api-api yen durung tak critani
ing babagan iki. Lan sepisan maneh welingku marang kowe, sing ngati-ati lan aja
nganti nyuda kaprayitnaning batin. Sarta tak jaluk, yen kowe dikandhani apa wae
dening Kyai Daka utawa Bebau Danara sing ana sambung rapete karo Kyai Pantek,
aku kabarana”.
“Inggih Bapa”
kula atur wangsulan “sadaya dhawuhipun Bapa badhe kula lampahi kanthi
sasae-saenipun”.
Let sapeken
saking anggenipun Ki Lurah paring dhawuh dhateng kula kasebat, Kyai Daka sampun
kundur saking anggenipun tindak. Lan nalika kepanggih kalihan kula babar pisan
boten ngatingalaken menawi nembe kemawon kecuwan manahipun awit Bapa Sarkara
boteh nuruti panyuwunipun. Malah ing ngajengipun para siswa tuwin para mudha
Kepuh Agal ingkang nembe gladhen ulah kanuragan, Kyai Daka taksih kober paring
pangalembana dhateng kula lan dhawuh dhateng sinoman sanesipun murih sami nulad
anggen kula gladhen ingkang katingal taberi lan migatosaken sedaya pitedah
saking Kyai Daka menapa dene Ki Lurah Danara.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar