Total Tayangan Halaman

Kamis, 24 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (88)


 

88.

            Ananging sareng gladhen sampun rampung lan kula badhe wangsul, dumadakan dening Ki Lurah Danara kula dipun endheg.

            “Kok kesesa kundur menika ing dalem napa wonten damelan ingkang dereng rampung ta Gus?” makaten pitakenipun Ki Danara dhateng kula kalihan mesem semanak.

            “Estunipun inggih boten Ki” wangsulan kula blaka “namung boten sekeca menawi ngganggu Ki Lurah Danara saha Rama Kyai Daka ingkang mesthinipun badhe tumunten aso salira”.

            “Oalah…boten kok Gus” Ki Danara wicanten malih kalihan mapan linggih ing dhingklik panjang ingkang wonten emperan kering pendhapa “menawi Gus Dapa boten badhe kaselak kundur, kula kepengin rembagan sakedhik”.

            “Inggih, inggih Ki” wangsulan kula kalih nusul linggih ing sacaketipun Ki Danara “mangga badhe paring dhawuh menapa?”.

            “Niki ngaten lho Gus” Sasampunipun kendel sakedhap Ki Danara lajeng wicanten “kala emben Bapa Guru Kyai Daka rak sampun paring dhawuh badhe nurunaken Aji Bledheg Saleksa dhateng Gus Dapa?”

            “Inggih Ki, kula kemutan” wangsulan kula “kala emben menika Rama Kyai Daka paring dhawuh, malah nalika samanten Ki Danara ugi wonten, menawi badhe nyuwun palilah dhumateng Bapa Lurah langkung rumiyin, menawi Bapa sampun ngeparengaken nembe aji kala wau dipun turunaken dhateng kula. Kula inggih ngrantos, nanging kok rumaos kula ngantos dangu kula boten dipun timbali malih, menapa Rama Kyai Daka sampun kepanggih Bapa lan ngrembag prakawis menika menapa dereng, kula inggih boten mangertos”.

            “Lha keng Bapa menapa dereng paring uninga dhateng Gus Dapa?” dumadakan Ki Danara pitaken kanthi suwanten kepireng nedahaken gumunipun.

            “Kaparingan ngertos prakawis menapa Ki?” sanaosa estunipun kula sampun tanggap kalihan pikajengipun Ki Danara, nanging kula nambong kemawon.

            “Inggih babagan anggenipun Bapa Guru Kyai Daka badhe nurunaken aji dhateng Gus Dapa menika” Ki Danara nyethakaken pitakenipun.

            “Dereng menika Ki?” kula gedheg-gedheg kalihan panggah nyawang praupanipun Ki Danara.

            “Hm…………” Ki Danara unjal ambegan landhung lajeng wicanten kados katujokaken dhateng awakipun piyambak “aneh!”.

            “Menapanipun ingkang aneh Ki?” kula waton taken kemawon.

            “Mangke rumiyin” Ki Danara wicanten malih kalih mripatipun kados nyawang mripat kula “estunipun ndika menika kersa saestu menapa boten kaparingan aji Bledheg Saleksa menika?”.

            “Lho pripun ta Ki?” kula wangsulan kalih suwanten gumun, murih Ki Danara ngertos menawi tembung ingkang kula ucapaken menika boten tembung gegujengan “mesthi kemawon kula purun. Malah kepara ngajeng-ajeng enggala aji Bledheg Saleksa menika katurunaken dhateng kula. Estunipun wonten menapa ta Ki? Kok dumadakan ndika paring pandangu dhateng kula ingkang kados makaten menika?”.

            “Saestu ingkang ndika dhawuhaken menika tulus lahir trusing batos?” kados kirang pitados Ki Danara pitaken malih dhateng kula. Wonten  raos anyel salebeting manah kula nampi pitaken ingkang kados makaten menika.

            “Nuwun sewu Ki Lurah Danara” kula lajeng wangsulan kanthi suwanten radi minggah “menapa Ki Lurah mastani atur kula menika gegujengan? Menapa ndika nate tumon kula remen rembagan lelemeran ? menapa Ki Lurah nate manggihi kula wicanten dora utawi goroh sadangunipun ndika tepang kalihan kula?”.

            “Sampun duka Gus” Ki Lurah Danara wangsulan kalih mesem “tiang bagus kados ndika niku boten sae menawi gampil duka, kalih ngaten badhea kados menapa Gus Dapa menika taksih kaprenah sedherek kula timur tunggal sapaguron, sanaosa Gus Dapa dereng kineceran toya suci minangka tandha sampun dados siswanipun Bapa Guru Kyai Daka, nanging tumrap kula ndika menika sampun kalebet siswa cinaket kalihan Bapa Guru Kyai Daka.  Atur kula kala wau namung dhapur kepengin ngantebaken manah kula kangge mitadosi dhawuhipun Gus Dapa kemawon, saha kangge njajagi sapinten raos kepengin ndika nggadhuh aji Bledheg Saleksa ingkang kekiyatanipun satuhu nggegirisi bebasan ing jagad boten wonten tandhingipun menika”.

            “Nyuwun pangapunten Ki, saestu kula kepengin kaparingan aji menika dening Rama Kyai Daka” suwanten kula mandhap malih “samangke lajeng kados pundi?”.

            “Menika makaten lho Gus” Ki Danara lajeng wicanten malih “estunipun Bapa Guru Kyai Daka menika sampun kepengin sanget maringaken aji Bledheg Saleksa menika dhumateng Gus Dapa, jalaran miturut pamawasipun Bapa Guru boten wonten tiyang ingkang kiyat kacondhokan aji pamupuh ingkang nggegirisi kadibyanipun menika kajawi namung Gus Dapa, nanging eman sanget Gus…………”

            “Eman sanget kados pundi Ki?” gandheng Ki Danara kendel boten nutugaken rembagipun, kula lajeng nyela wuwus, pitaken.

            “Hm………..” Ki Danara boten wangsulan malah wongsal-wangsul unjal ambegan, lajeng nyuwanten kados tiyang ingkang nggereng.

            “Wonten menapa Ki Lurah?” kula ngambali pitakenan.

            “Emanipun, Keng Bapa, inggih Ki Lurah Kepuh Agal boten utawi pasipun dereng marengaken Bapa Guru Kyai Daka nurunaken aji menika dhateng Gus Dapa”.

            Sanaosa estunipun kula sampun mangertos, nanging murih Ki Danara boten sumerep menawi kula sampun mangertos, kula lajeng tangklet mawi suwanten ingkang nedahaken raos cuwaning manah :

            “Bapa boten ngeparengaken kula kaparingan aji Bledheg Saleksa, Ki Danara?. Mawi pawadan menapa Bapa boten marengaken kula nggadhuh aji ingkang nggadhahi kekiyatan ngedab-edabi menika?”.

            “Sampun klentu ing panampi lajeng Gus Dapa duka dhateng keng Bapa” Ki Danara suka wangsulan kalihan suwanten ngedhem-edhemi manah kula “Ki Lurah boten menging Bapa Guru Kyai Daka nglunturaken Aji Bledheg Saleksa dhateng Gus Dapa, namung dereng paring palilah Bapa Guru Kyai Daka nurunaken aji menika dhateng Gus Dapa”.

            “Kula dados bingung kalihan dhawuh ndika ingkang makaten menika Ki Lurah Danara” suwanten kula, kula damel kados suwantenipun tiyang ingkang kagelan manahipun.

            “Sabar Gus Dapa” suwantenipun Ki Danara kapireng sareh “cethanipun rak makaten…..”.

            “Inggih kados pundi Ki Lurah?”

            “Salah satunggal saking sarat masrut kangge nurunaken Aji Bledheg Saleksa menika harak kedah kaungkulan pusaka Sipat Kandel saking Dhusun ingkang kacondhokan ingkang badhe nampi aji menika. Kados nalika Bapa Guru nampi aji menika saking Eyang Guru Ajar Genisamodra, Bapa Guru kaungkulan Pusaka Sipat Kandeling Dhusun Segaraputih ingkang wujud Duwung Kyai Samber. Lha samangke kangge nampi Aji Bledheg Saleksa menika Gus Dapa kedah kaungkulan Duwung Kyai Pantek ingkang dados sipat kandelipun Dhusun Kepuh Agal menika. Nanging kula lan Bapa Guru boten mangertos, jebul Keng Bapa, inggih Ki Lurah Kepuh Agal boten ngeparengaken Bapa Guru Kyai Daka nyuwun ngampil  Pusaka Sipat Kandel Kyai Pantek menika. Nanging Gus Dapa sampun lajeng pupus ing pangajeng-ajeng murih saged anggadhuh aji Bledheg Saleksa menika. Sanaosa anggen kula saha Bapa Guru Kyai Daka ngrerimuk murih Ki Lurah ngeparengaken Kyai Pantek dipun ampil parandene cabar boten angsal damel, nanging taksih wonten cara sanesipun, ingkang kula pitados badhe saged ndadosaken Ki Lurah Kepuh Agal marengaken Kyai Pantek kaampil kangge sarana anggen ndika badhe nampi aji Bledheg Saleksa menika”.

            “Inggih Ki Lurah Danara” wangsulan kula panggah mawi suwanten kados suwantenipun tiyang ingkang katelasan pangajeng-ajeng “mugi-mugi Rama Kyai Daka lan ndika saged manggih cara damel Bapa saged nglenggana lan marengaken Kyai Pantek kaginakaken kangge sarana anggen kula badhe nampi aji Bledheg Saleksa saking Rama Kyai Daka menika”.

            “Makaten Gus” Ki Danara nglajengaken anggenipun wicanten “kula menapa dene Bapa Guru Kyai Daka nggadhahi panginten, wontenipun Keng Bapa ngekahi anggenipun boten ngeparengaken Bapa Guru Kyai Daka nyuwun ngampil Kyai Pantek menika mbok menawi awit Keng Bapa dereng uninga menawi Gus Dapa saestu kepengin saged nggadhuh aji Bledheg Saleksa kala wau. Gus Dapa mesthi dereng matur dhumateng Keng Bapa ing babagan menika ta?”.

            “Leres Ki Lurah” kula wangsulan “mila kula dereng matur babagan menika dhateng Bapa”.

            “Naaah rak tenan ta ?” Li Danara wangsulan kalihan radi gumujeng “inggih amargi Gus Dapa dereng atur uninga dhateng Keng Bapa menika, ingkang ndadosaken Ki Lurah Kepuh Agal boten marengaken Kyai Pantek dipun ampil dening Bapa Guru Kyai Daka, jalaran kula ngertos lan ngrumaosi, menawi kandel tipis, Ki Lurah taksih kagungan raos cubriya lan sujana dhumateng Bapa Guru Kyai Daka menapa dene dhateng kula ingkang nate tumindak lepat lan dosa ingkang sakalangkung ageng dhateng Ki Lurah, dhateng Dhusun Kepuh Agal minggahipun dhateng Nagari Mataram, sanaosa awit saking kawicaksananipun saha welas asihipun Ki Lurah, Bapa Guru Kyai Daka lan kula sampun kaparingan pangapura”.

            “Menapa prayoginipun kula matur dhateng Bapa ngaturi uninga bilih kula badhe kaparingan Aji Bledheg Saleksa menika, Ki Lurah Danara?”.

            “Mila kedah makaten Gus” Ki Danara wangsulan kalihan mesem “kajawi atur uninga dhateng keng Bapa menawi Gus Pradapa badhe kaparingan Aji Bledheg Saleksa dening Bapa Guru Kyai Daka, ngiras pantes Gus Dapa matur nyuwun ngampil Sipat Kandel Kyai Pantek kangge sarana nampi Aji menika. Mangke sasampunipun Kyai Pantek kaparingaken, Gus Dapa saged ngaturaken dhateng Bapa Guru Kyai Daka. Lan sampun kesupen ugi matur dhateng Keng Bapa, menawi sampun kasembadan Gus Dapa nggadhuh Aji Bledheg Saleksa, Duwung Kyai Pantek badhe kaaturaken kundur dhateng Keng Bapa”.

            “Inggih Ki Lurah” kula wangsulan nanging kula lajengaken pitaken “lha menawi Bapa panggah kukuh boten nglilani Kyai Pantek dipun ampil lajeng kados pundi?”

 

 

Ana candhake.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...