89.
Ki Danara
boten tumuli suka wangsulan, alisipun dipun kincangaken lan bathukipun
njengkerut sakedhap. Ketingalipun nembe ngulir pikir, boten dangu lajeng
wicanten kalihan praupan ingkang ketingal padhang :
“Sampun ta
Gus, Gus Dapa tindakaken kemawon rerigen saking kula niki wau. Kula pitados Ki
Lurah Kepuh Agal tamtu boten badhe nulak lekas ndika lan tamtu badhe
ngeparengaken Sipat Kandel Kyai Pantek ndika ampil kangge sarana ndika nampi
Aji Bledheg Saleksa menika, dene menawi kapeksanipun Ki Lurah panggah kukuh
boten ngeparengaken, taksih wonten cara ingkang sakedhik radi kirang sae,
nanging mesthi kasilipun”.
“Cara menapa
menika Ki Lurah?” kula nyela rembag, pitaken.
“Caranipun
gampil kemawon” Ki Danara esemipun sansaya ketingal wiyar “ndika harak inggih
sampun pirsa plangkanipun Kyai Pantek?. Mangke menawi Kyai Pantek boten pareng
dipun ampil kanthi sae, inggih boten wonten awonipun menawi ndika pundhut
saking plangkan sarana dhedhemitan, utawi kasaripun ndika colong, lha mangke
menawi sampun rampung upacara turunipun Aji Bledheg Saleksa dhateng Gus
Pradapa, pusaka Piyandel Dhusun Kepuh Agal kala wau enggala tumuli
kawangsulaken malih dhateng plangkanipun sekawit, kanthi makaten Ki Lurah boten
badhe pirsa menawi Kyai Pantek sampun dipun ampil dening Gus Dapa”.
Boten wonten
pawadan tumrap kula kangge nulak rerigenipun Ki Danara ingkang makaten kala
wau. Salajengipun Ki Danara ugi wicanten bilih murih langkung amanipun anggen
kula badhe nyidra Kyai Pantek, menawi kula tembung sarana aris dening Bapa
panggah boten pareng, Ki Danara sampun ngrancang cara. Inggih menika Ki Lurah
badhe kaaturan wungon ing griyanipun Ki Lurah Danara sareng-sareng kalihan para
Bebau sa Kepuh Agal, kanthi makaten kula saged kanthi gampil nyolong Kyai
Pantek saking plangkanipun. Lan kula kapsarahan malih nyawisaken redana
minangka gantosipun wragad wungon menika. Salebeting manah kula kedah ngakeni
menawi Ki Danara menika paraga ingkang satuhu julig lan kathah akalipun.
Dening Ki
Danara kula dipun sukani wekdal sedasa dinten, menawi salebeting sapeken kula
sampun kasil ngampil Kyai Pantek kanthi sae, menika langkung kaleresan. Dene
menawi Ki Lurah panggah boten ngeparengaken, kula kapurih criyos dhateng Ki
Danara, murih Ki Danara saged matengaken rancanganipun. Sasampunipun kaanggep
cekap, kula lajeng pamit badhe wangsul. Kalih mlampah nguntapaken kula dumugi
regol, Ki Danara kober wicanten kanthi suwanten bisik-bisik ing kuping kula :
“Boten dangu
malih Gus Dapa badhe kagungan aji ingkang ing lumahing bumi menika prasasat boten
wonten ingkang saged nandhingi”.
Kula boten wangsulan, kajawi namung
mesem kemawon.
Kalih
mlampah wangsul, dumadakan thukul raos ing manah kula, kepengin saestu
nggadhahi Aji Bledheg Saleksa ingkang badhe dipun paringaken dening Kyai Daka
dhumateng kula menika. Menawi saestu kula sampun nggadhuh Aji menika, kula
kinten boten badhe wonten tiyang ingkang wantun ganggu damel dhateng Dhusun
Kepuh Agal, satemah Dhusun menika badhe dipun siriki dening para durjana. Lha
kanthi pawadan menika, mangke badhe kula angge ngrimuk penggalihipun Bapa murih
ngeparengaken Kyai Pantek kula ampil sakedhap kadadosaken sarana anggen kula
badhe nampi aji Bledheg Saleksa menika. Kanthi wontenipun raos ingkang makaten
menika, sansaya kula gelak lampah kula, enggala dumugi griya lan manggihi Bapa
Lurah Sarkara.
Nalika kula
dumugi griya, kaleresan Bapa Lurah ketingal badhe mandhap saking pendhapa, kula
kinten badhe medal utawi badhe nganglang Dhusun kados padatan. Nanging dupi
pirsa kula nembe mlebet saking regol ngajeng, Bapa Lurah lajeng kendel boten
nglajengaken tindakipun. Malah kula lajeng dipun awe, dipun dhawuhi kapurih
nyaket.
“Menapa
badhe nganglang ta Bapa?” saderengipun dipun dangu, kula ngrumiyini matur.
“Ora” Bapa
Lurah paring wangsulan “maune arep nusul kowe menyang panggonane Kyai Daka,
nanging ora sida. Merga mau atiku krasa ora kepenak, nganti tengah wengi ngene
kowe durung bali, adate lagi wayah sepi bocah kowe wis teka omah. Ana apa ta
kok anggonmu bali rada kasep iki mau?”.
“Inggih
Bapa, kala wau nalika kula badhe wangsul sasampunipun rampung gladhen, dening
Ki Lurah Danara dipun candhet lan dipun ajak rembagan sawatawis” wangsulan kula
blaka menapa wontenipun.
“Ayo
lungguhan neng longkangan kulon wae, aku kepengin ngerti apa sing dadi rembug
antarane Ki Bebau Danara karo kowe mau” Bapa Lurah ngajak kula lelenggahan ing
longkangan kilen. Kula inggih lajeng tut wuntat.
“Saiki
critakna kanthi wutuh apa wae sing mbok rembug karo Bebau Danara kuwi mau!”
kalih mapan lenggah ing dhingklik Bapa Lurah dhawuh dhumateng kula.
Kula inggih
lajeng nyariyosaken sedaya rembagan antawisipun kula kalihan Ki Lurah Danara,
sedaya kula aturaken boten wonten ingkang kecicir. Kajawi rancanganipun Ki
Lurah Danara ingkang ngengken kula supados nyidra Kyai Pantek ing plangkanipun
manawi ngantos panyuwun kula ngampil Kyai Pantek boten dipun parengaken. Malah
ugi lajeng kula sambung kalihan panyuwunan murih Bapa ngeparengaken Kyai Pantek
kula ampil kangge sarana anggen kula badhe nampi Aji Bledheg Saleksa saking
Kyai Daka.
Lumantar
sunaring diyan ublik ingkang kaseleh ing ajug-ajuging longkangan kula tingali
Bapa Lurah wongsal-wangsul njengkerutaken palarapanipun, menika nedahaken bilih
Bapa sanget anggenipun migatosaken cariyos miwah panembung kula. Ngantos radi
dangu Bapa namung kendel, boten ngendika menapa-menapa.
“Kados pundi
Bapa?” kula mantunaken matur malih, jalaran kirang sabar ngentosi Bapa paring
dhawuh “petangan kula menawi Aji Bledheg saleksa sampun saged kula gadhuh,
Kepuh Agal badhe sepi saking para satru, jalaran sinten ingkang kumawantun
damel kisruh ing Kepuh Agal mesthi badhe sirna marga layu awit kedhawahan aji
kula Bledheg Saleksa”.
“Sabar
dhisik Pradapa” Bapa Lurah paring wangsulan kanthi suwanten ingkang radi seret
“aja keburu ing nafsu, sumurupa wektu iki kowe wis kaya iwak sing anguk-anguk
ijep-ijeping wuwu, yen kowe ora enggal ngerti purwa duksina ing kowe bisa
kecemplung jroning wuwu lan nggeret aku sarta warga Kepuh Agal kabeh mlebu ing
krangkenge mungsuh”.
“Nyuwun
pangapunten Bapa” kula matur nyuwun pirsa “sinten ingkang Bapa kersakaken
mengsah menika? Lan wuwu menapa ingkang kapasangaken kangge kula? Ki Danara
mila criyos bilih miturut pamawasing Kyai Daka, namung kula ingkang kuwawi
nggadhuh Aji Bledheg Saleksa menika”.
“Pradapa!”
Bapa paring wangsulan mawi suwanten ingkang radi sereng “kowe luwih percaya
karo aku minangka wong tuwamu apa luwih percaya kandhane Bebau Danara he?”.
Dipun sentak
mawi pitakenan ingkang makaten kala wau, sakala kula mengkeret, badhea kados
menapa kula inggih langkung pitados dhateng Bapa Lurah tinimbang kalih sinten
kemawon kalebet Ki Lurah Danara menapa dene Rama Kyai Daka.
“Nyuwun
pangapunten Bapa……” kula lajeng matur kalih suwanten ajrih.
“Tak kira
critamu kuwi mau durung tutug, lire isih ana sing durung mbok kandhakne marang
aku, Bebau Danara mesthi wis aweh weruh lan ngongkon kowe kudu nindakne apa
lamun panembungmu ngampil Kyai Pantek iki ora tak kabulne. Ayo, nek pancen kowe
isih ndhaku aku iki wong tuwamu sing ngantia tekan jaman apa wae ora bakal lila
kowe nandhang lara, kandhakna apa anane, dening Bebau Danara kowe diwulang apa
magepokan karo nggonmu arep murih Kyai Pantek iki?” Bapa Lurah paring dhawuh,
suwantenipun kepireng mandhes ngantos dumugi dhasaring manah kula.
“Inggih
Bapa” kalih suwanten alon nanging cetha kula lajeng ngaturaken sedaya krenah
saha rerigenipun Ki Lurah Danara dhateng kula. Rancangan kangge nyidra Kyai
Pantek saking plangkanipun ugi kula cariyosaken. Kula lirik pasuryanipun Bapa
Lurah ketingal radi padhang Kula nggadhahi panginten menawi Bapa sampun
pikantuk margi kangge panjaring kawontenan.
“Naaa… harak
tenan ta?” Bapa Lurah ngendika kalihan mesem “aku wis ngira yen Kyai Daka lan
Ki Danara sakancane kae mung ngenteni lenaku wae, sajake wong-wong kae wis
weruh yen kekuwatane Kyai Pantek kuwi wis nyawiji karo kekuwatanku. Yen nganti
kekuwatan loro kuwi dipisahake, loro-lorone bisa ilang kekuwatane kabeh, aku
bisa bali kaya jaman kowe isih cilik biyen, ya iku wong sing kekuwatane mung
salumrahe wong, ora ngerti ngelmu kanuragan lan ora bisa nggunakne simpenan
kekuwatan kang manggon ing ngisoring ati. Samono uga Kyai Pantek, keris kuwi
bakal bali dadi kaya lading lumrah, sing katiyasane mung kena kanggo ngrajang
brambang”.
“Makaten
Bapa?”
“Iya” Bapa
Lurah lajeng paring dhawuh malih “lan bares wae, aku nduwe pandakwa sing banget
marang Kyai Daka, dheweke mung kepengin nguwasani Kyai Pantek. Yen Kyai Pantek
wis ucul saka aku, Kyai Daka bakal mbaleni tumindake jaman arep meksa aku
supaya misahake dhiri saka Mataram. Aku, kowe lan wong-wong sing ora sarujuk
karo panemune mesthi bakal disirnakne kabeh. Dadi aja gampang kowe
diiming-imingi karo sing jarene Aji Bledheg Saleksa kuwi. Awit satemene, Kyai
Daka kae ora duwe Aji sing jeneng Aji Bledheg Saleksa kuwi, aji sing jarene ora
ana tandhinge kuwi anane ya mung ana angen-angene Kyai Daka lan angen-angene
Bebau Danara. Entrane ngono wong-wong kae kepengin kaya critane Ki Gedhe
Pengging Sepuh ya Pangeran Handayaningrat jaman semana sing kadigdayane tanpa
tandhing awit nggadhuh Aji Sasra Birawa”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar