90.
Sanaosa kula
sampun langkung pitados dhateng Bapa tinimbang dhateng Rama Kyai Daka menapa
dene Ki Danara, nanging kula kirang saged nampi menawi Bapa ngendikaken bilih
Kyai Daka menika boten nggadhuh Aji Bledheg Saleksa. Awit sanaosa kula dereng
sumerep piyambak kados menapa kadibyanipun Aji Bledheg Saleksa, nanging kula
mangertos bilih Rama Kyai Daka menika tuhu paraga ingkang nggembol aji jaya
kawijayan ingkang sakalangkung kathah, dados kula inggih pitados manawi Kyai
Daka boten kados ingkang dipun ngendikakaken Bapa kala wau, inggih menika
sampun kaseret ing cariyos jaman kina, temah kepengin dados kados Ki Gedhe
Pengging Sepuh ingkang kasektenipun prasast tanpa tandhing labet nggadhuh Aji
Sasra Birawa, ingkang Aji menika samangke dados piyandelipun Ki Gedhe
Pangrantunan ing Banyubiru.
“Percayaa marang
apa sing dadi kandhaku mau Pradapa” Bapa ngendika malih, wangunipun Bapa saged
maos menapa ingkang nembe kula gagas “saupama Kyai Daka kae duwe Aji Bledheg
Saleksa, mesthi wis biyen-biyen wong kuwi wani mbalela marang aku”.
“Inggih Bapa”
kula atur wangsulan lan kula sambung panyuwunan pirsa “Nanging kenging menapa
Bapa taksih ngumbar Kyai Daka, Lurah Danara lan kanca rowangipun? Kamangka Bapa
sampun uninga legetaning manahipun tiyang-tiyang kasebat ingkang kasetyanipun
dhateng Bapa menapa dene dhateng Kepuh Agal namung lelamisan?”.
“Kowe aja kleru”
Bapa paring wangsulan “aku ora ngumbar wong-wong kae nutugne nggone kepengin
kepengin gawe kisruh ing Kepuh Agal kene, utawa luwih pase kepengin ngajak wong
Kepuh Agal wani mbalela marang Mataram. Aku mbudidaya nganggo cara sing alus
murih wong-wong kae padha bisa rumangsa ing lupute weruh ing dosane tanpa kudu
tak tuduhake. Kaping pindhone, nganti wektu iki tata gelar Kyai Daka, Bebau
Danara lan wong-wonge isih setya marang aku apa dene marang Desa Kepuh Agal,
mula pandakwaku marang wong-wong kae iya lagi tumekan ing ati, jalaran durung
ana bukti, nanging kuwi kaya-kaya wis mesthi, mula pandakwa sing tanpa bukti
iki tumuli nuwuhake rasa pangati-ati”.
“Inggih Bapa”
kula atur wangsulan lan nyuwun pirsa malih “kula sampun saged nampi ingkang
dados kersanipun Bapa. Salajengipun magepokan kalihan Kyai Pantek, kados pundi
anggen kula badhe wangsulan dhateng Kyai Daka menapa dene Ki Danara?”.
“Pradapa kowe
wis dudu bocah cilik maneh” Bapa paring wangsulan “kowe mesthi bisa gawe crita
sing ora pati katon yen ngayawara banjur mbok critakne marang Kyai Daka lan
Bebau Danara sing wis miwiti gawe crita lan dicritakne marang aku lan kowe”.
Rumambating
wanci sampun kliwat madya ratri. Bapa Lurah lajeng pamitan badhe sesuci kangge
nindakaken panembah ing wanci saprotiganing dalu. Kula piyambak inggih lajeng
mlebet dhateng papan palereman, nedya badhe ngginakaken sisa-sisaning dalu
menika kangge tilem.
Let sapeken kula
katimbalan dening Rama Kyai Daka ing sanggar winados, jebul ing mriku ugi
sampun wonten Ki Lurah Danara lan setunggal malih paraga ingkang dereng nate
kula tepangi saderengipun. Priyantunipun ketingal alus, pakulitanipun jene,
taksih nem kinten-kinten yuswanipun boten kaot tebih kalihan kula langkung
sepuh watawis gangsal tahunan lan busananipun ketingal sae, memper busananipun
priyantun saking kraton. Kyai Daka menapa dene Ki Danara ketingal menawi kurmat
sanget dhateng paraga menika.
“Kene, kene
Anakmas Pradapa, rada nyaket mrene” Dupi sumerep kula mlebet ing Sanggar Kyai
Daka gurawalan anggenipun suka pambage.
“Pangabekti kula
katur Rama Kyai” kalihan mapan linggih lan atur kurmat kula ngaturaken
pangabekti kados padatanipun menawi nembe marak ing ngarsanipun tiyang sepuh.
“Pangabektine
Anakmas wis tak tampa, pangestune Rama wae gage tampanana” wangsulanipun Kyai
Daka kalihan mesem ketingal menawi remen manahipun.
“Iki ta Kyai
putrane Ki Kepuh Agal sing ndika kandhakne marang aku mau?” dereng ngantos kula
atur wangsulan dhateng Rama Kyai Daka, karumiyinan priyantun bagus kala wau
pitaken dhateng Kyai Daka mawi tembung ngoko kemawon. Kamangka sangertos kula,
ing Kepuh Agal menika, awis sanget tiyang ingkang boten mawi basa krama manawi
rembagan kalihan Rama Kyai Daka, menika nedahaken bilih priyantun menika mbok
menawi mila priyagung ingkang kagungan pangkat luhur saking Kraton.
“Leres Raden,
inggih menika Anakmas Pradapa putranipun Ki Lurah Kepuh Agal ingkang kula
aturaken dhateng jengandika Raden, bibitan sawung Wiringkuning jalu bungalan,
ingkang pantes ing tembenipun dados Senapati saking Kepuh Agal” wangsulanipun
Kyai Daka, ingkang ndadosaken kula sansaya mindhak gumun awit boten mangertos
sampun wonten rembag menapa antawisipun Rama Kyai Daka kalihan priyagung
menika. Nalika kula nglirik dhateng prenahipun priyantun kala wau, piyambakipun
ketingal mesem kalihan manthuk-manthuk.
“Aja dadi kaget
lan gumuning ati ndika Anakmas” dumadakan Rama Kyai Daka wicanten dhateng kula
“sing lenggah ing ngarsa ndika iki, Gusti Raden Gunendra, putrane ingkang
Sawargi Gusti Tumenggung Dibyaningrat Senapati Kasultanan Pajang, lan sawuse
keng Ramane seda lan Kraton dielih menyang Mataram dening Raden Sutawijaya,
Gusti Raden Gunendra ora kepareng nutugne kalenggahane ingkang Rama, malah
banjur tilar kamukten ing Pajang milih kumpul lan manunggal karo Trah
Majapahit, ing Pasanggrahan Alas Patalan. Mula yen dina iki Panjenengane Gusti
Raden Gunendra kepareng ngersakne sapatemon karo ndika, Anakmas Pradapa bebasan
nampa nugrahaning Hyang Agung sing tanpa upama ajine”.
“Ngaturaken
gunging panuwun Rama Kyai” sanaosa kalihan manah ingkang dereng patos mudheng
kalihan ingkang dipun criyosaken Rama Kyai Daka menika, kula ngaturaken
panuwun, lajeng kalihan sikep sembah kalbu, kula madhep dhateng Raden Gunendra
sarwi matur :
“Lepat nyuwun
gunging sih pangaksami Raden, kaparengna kula pun Pradapa ngaturaken pangabekti”.
“Banget gawe
renaning penggalihku Pradapa, kowe wis ngaturake pangabekti marang aku,
pangestuku wae diage tampanana” wangsulanipun Raden Gunendra kalihan suwanten
ingkang nedahaken gambiraning manahipun.
“Gurawalan
anggen kula nampi paring pangestu jengandika Raden, mugi ndadosna jimat
kayuwanan kula” wangsulan kula ngenaki rembag.
“Ngene ya
Pradapa” Raden Gunendra wicanten malih “aku krungu saka Kyai Daka apa dene saka
Danara, jare kowe kepengin nduweni Aji Bledheg Saleksa? Apa ya pancen mangkono?”.
“Mila leres
makaten Raden” kula wangsulan blaka “dhawuhipun Rama Kyai Daka menapa dene Ki
Lurah Danara mila kula badhe kaparingan Aji Bledheg Saleksa, namung kuciwanipun
dumugi sapriki kula dereng saged ngaturaken salah satunggaling sarat ingkang dados
sarananipun kula saged katurunan Aji menika Raden”.
“Dadi nganti
saiki wong tuwamu durung gelem nglilakne Kerise sing jeneng Kyai Pantek kuwi disilih kanggo njangkepi
saranane kowe, sing jarene anake lanang, bisa nampa Aji Bledheg Saleksa saka
Kyai Daka kuwi?” Raden Gunendra pitaken kanthi anlemak dhateng kula. Wonten
raos kirang remen salebeting manah kula dene basanipun Raden Gunendra kepireng
ngremehaken tiyang sepuh kula Ki Lurah Sarkara. Mesthinipun sanaosa Raden
Gunendra menika priyagung luhur, nanging kedahipun panggah kedah ngurmati Bapa
kula ingkang jumeneng Lurah ing Kepuh Agal mriki lan dede andhahanipun Raden
Gunendra. Nanging gandheng wekdal menika kula mapan ing Sanggar kagunganipun
Rama Kyai Daka, kula lajeng ngampet raos kuciwaning manah kula murih boten
katingalan.
“Mila leres
makaten Raden” kula wangsulan ngatos-ngatos, sampun ngantos suwanten kula
nedahaken menawi manah kula nembe kirang sekeca “Bapa Lurah Sarkara mila boten
kagungan wewenang angampilaken Pusaka Kyai Pantek dhateng sinten kemawon,
jalaran dening ingkang kagungan Wangkingan Kyai Pantek, Bapa Lurah boten dipun
keparengaken ngampilaken Dhuwung kala wau dhateng sinten kemawon kalebet
dhateng kula, putranipun piyambak menika”.
“Ha ha ha ha…….”
Raden Gunendra gumujeng lajeng katerusaken wicanten malih “ya wis ora sah mbok
gagas sikepe wong tuwamu sing ora seneng
yen anake lanang mbesuke dadi wong sing peng-pengan kuwi, lan sumenekna dhisik
nggonmu kepengin nampa Aji Bledheg Saleksa saka Gurumu Kyai Daka. Dadi yen kowe
tau diwarahi dening Danara cara supaya bisa njupuk Kyai Pantek saka Plangkane,
kuwi ya wurungna dhisik”.
“Cethanipun
kados pundi Raden?” kula rumaos bingung mireng wicantenipun Raden Gunendra
ingkang kantun menika.
“Cethane ngene”
Raden Gunendra suka wangsulan “suwe-suwene sajroning wektu lima nganti sepuluh
tahun maneh, kowe bakal nduweni wewenang sing wutuh kanggo nguwasani Kyai
Pantek, dadi upama Kyai pantek arep mbok buwang, arep mbok silihne utawa mbok
wenehne sapa wae, kuwi kari manut marang karepmu. Merga wong tuwamu kae kalebu
menungsa lumrah sing ora bisa mlungsungi kaya ula lan nitik jinising ragangan,
ragangane wong tuwamu kae klebu ragangan sing ora bisa awet, ora kaya
raganganku utawa ragangane Kyai Daka lan Danara. Sajroning wektu lima utawa
suwe-suwene sepuluh tahun maneh, ragane wong tuwamu bakal entek kepangan dening
umur, lan gelem ora gelem wong tuwamu kae bakal mati. Lha nek wong tuwamu wis
mati, mangka kabeh sing ditinggal dadi duwekmu kabeh, kalebu Keris Kyai Pantek”.
Sansaya boten
sekeca raosing manah kula. Raden Gunendra sampun kesangeten anggenipun
ngremehaken tiyang sepuh kula. Piyambakipun sampun kumawantun ngepal yuswaning
Bapa Lurah, bilih paling dangu sedasa tahun malih sampun pejah. Saestu kula
boten saged narimahaken tiyang sepuh kula dipun ungelaken makaten kala wau. Boten
kraos kula nggeget untu, tangan kula wiwit ngepel kenceng, ngampet gumronjaling
manah ingkang sansaya mindhak kraos benter.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar