Total Tayangan Halaman

Minggu, 27 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (91)

91.

        Kula sampun badhe nekad menawi ngantos Raden Gunendra wicanten awon malih, inggih menika anggenipun ngremehaken Bapa, mangka badhe kula wantuni. Tumrap sinten kemawon tartamtu boten badhe remen menawi wonten tiyang ingkang ngremehaken tiyang sepuhipun, kalebet kula. Menapa malih tiyang ingkang ngremehaken menika dereng nate srawung kalihan ingkang dipun remehaken. Sanaosa miturut Rama Kyai Daka Raden Gunendra menika priyagung luhur trahing kusuma rembesing madu, nanging kasunyatanipun dede menapa-menapanipun Bapa Lurah Sarkara. Pramila saestu badhe kula sauri mawi basa ingkang sami menawi ngantos Raden Gunendra ngambali rembagipun ngina dhateng Bapa Lurah Sarkara.

        Nanging dumadakan, ing telenging manah kula wonten suwanten alus, ingkang estunipun suwanten menika mila asring kula mireng nalika kula wiwit wantun dolan, medal saking griya piyambak, Inggih menika suwantenipun Biyung, ingkang asring paring pitutur dhumateng kula :

        “Thole Pradapa, sajroning pasrawungan kowe bakal kepethuk wong sing maneka warna watak lan wantune. Ana sing becik lan ana sing ala. Ana sing dhemen gawe senenging atine liyan lan uga akeh sing dhemen gawe laraning atine wong.  Ana sing dhemen ngalembana lan akeh sing dhemen nacad lan memada. Sumurupa ya Ngger, sing bisa ndadekne luhur utawa asoring manungsa kuwi sing akeh ya mung saka tumindake dhewe, gumantung marang lakuning urip sing ditindakne. Yen tumindake becik ora seneng gawe kapitunaning liyan, dhemen tetulung lan ora seneng ngina sapepadhaning titah, mangka wong kang mangkono mau bakal dadi wong luhur, senadyan uripe wong mau mung sarwa kacingkrangan, sandhang pangane mung saka olehe gresek lan leles ing pinggir dalan. Kosok baline, yen tumindake wong kuwi seneng gawe kapitunaning liyan, seneng yen ana wong liya ora seneng, ora seneng yen ana wong liya seneng, seneng memada lan ngremahke wong liya, seneng diajeni ora gelem ngajeni, mangka wong kang mangkono iku sing diarani wong sing nduweni drajat kang asor, senadyan tata gelar uripe mubra-mubru blabur madu, sugih bandha sugih bandhu lan kondhang minangka trahing pandhita ratu. Lan maneh, yen ana wong sing memada kahananing uripmu, mbuh pamadane bener mbuh pamadane luput, kaya upamane kowe diwada ora duwe rupa bagus, mlarat, bodho lan sapiturute, becike kowe ora ngrungokne lan ora gela, jalaran kang mangkono mau ora ndadekne kowe tuna. Kosok baline yen sing dipaido kuwi tumindak utawa lakumu, kowe uga ora kena gela malah kepara ngaturna panuwun lan panedhatrima marang sing gelem maido, tumuli leremna atimu sawatara petanana laku kang wis mbok tindakne jumbuhna karo pamaido sing wis mbok tampa, yen bener unine pamada mula tumuli dandanana lakumu sing ora bener, dene yen ta luput pamaidone wong mau, dadekna minangka tengara aja kongsi lakumu ing tembe kaya unine pamaido sing wis mbok tampa. Yen kowe bisa nglakoni pitutur iki, mangka kowe bakal dadi wong sing luhur nanging ora angungkuli, wong sing menang tanpa ana sing rumangsa mbok kalahake. Lan ngelingana, apese manungsa jalaran kagawa dening lali, mula tansah eling-elingen pitutur iki murih kowe ora gampang lali”.

        Sareng kula kemutan pituturing Biyung ingkang mijil saking telenging manah kula makaten menika, kula tumunten kendho malih. Kula gagas sedaya pangucapipun Raden Gunendra tumrap tiyang sepuh kula boten ndadosaken kula nandhang tuna, lan kanthi ucapipun Raden Gunendra ingkang makaten menika ugi boten badhe ngucemaken asmanipun Bapa Lurah ingkang labuh labetipun dhateng bebrayan agung Kepuh Agal tuhu boten saged dipun selaki sok sintena kemawon. Kosok wangsulipun, menawi kula ngantos gela lan raos gela menika kula wujudaken ing tumindak mesthi langkung kathah tunanipun tumrap kula boten cundhuk kalihan namung nuruti raos nguber marem ingkang semu. Inggih awit saking menika, kula lajeng nata malih anggen kula linggih, wangsul tumungkul kados nalika kula nembe mlebet dhateng Sanggar kala wau.

        “Ya gene kowe mung meneng wae Pradapa?” dumadakan Raden Gunendra nakeni kula “babar pisan ora nimbangi apa sing wis tak ucapake marang kowe he?”.

        “Lha kula badhe matur menapa malih ta Raden?” kula mangsulaken wicantenipun Raden Gunendra “menawi miturut Raden Gunendra kedah makaten, kula harak inggih kantun niteni lan ngentosi sedaya dhawuh jengandika menika mbenjang leres menapa boten jalaran sedaya dereng kalampahan kanthi nyata”.

        “Ha ha ha ha…….pinter kowe Pradapa” Raden Gunendra gumujeng lajeng wicanten malih, inggih taksih rupi pitakenan “saiki aku arep takon maneh, mbesuk samangsane wong tuwamu wis mati, apa kowe kepengin nutugne kalungguhane wong tuwamu nglurahi Kepuh Agal kene?”.

        “Nyuwun pangapunten Raden” kula wangsulan kalihan ngatos-atos sanget “kula boten saged atur wangsulan, jer pandangu jengandika menika dereng wancinipun saged kula aturaken wangsulanipun, sanaosa tata gelar Bapa Lurah menika sampun sepuh lan kula taksih nem, nanging dhumawahing pepesthen menika boten kedah nurut lampahing nalar ingkang adhedhasar tata gelar, dereng kantenan kula amenangi sedanipun tiyang sepuh kula, jer umur menika mila dados wewadining Gusti ingkang titah boten saged mangertosi. Makaten ugi, bab angger-angger saha paugeran yasanipun manungsa, sanaosa titi menika paugeraning Dhusun Kepuh Agal nyebatakaken bilih menawi Lurah ingkang jumeneng menika seda, mangka yoganipun jaler ingkang sepuh piyambak ingkang wenang gumantos dados Lurah, nanging kula boten wantun mesthekaken bilih ing tembenipun kula mesthi dados Lurah ing Kepuh Agal mriki, jalaran saupami Gusti nggarisaken kula gadhah umur panjang, dereng kantenan menawi Angger-angger saha Paugeraning Dhusun Kepuh Agal ingkang suraosipun kados makaten menika taksih lumampah, jer namining Paugeran lan Angger-angger menika sawanci-wanci saged dipun ewahi murih  langkung saening kawontenan. Sampun ta ingkang nami Paugeran Dhusun, sedheng Paugeran Tanah Jawi kemawon nyatanipun ugi saged dipun ewahi, ketitik Sampean Dalem Gusti Panembahan Senapati Ing Alaga, ingkang namung putranipun Ki Gedhe Pemanahan samangke ingkang jumeneng Ngratoni Tanah Jawa”.

        Raden Gunendra boten tumunten wicanten suka wangsulan ananggapi wangsulan kula, malah lajeng wicanten dhateng Rama Kyai Daka, ing semu kados angalembana dhateng kula :

        “Bener apa sing wis ndika kandhakne marang aku mau Kyai Daka. Bocahmu siji iki ora mung lancuran Wiring Kuning sing subale mulus, nanging malah kepara bisa dadi Alab-alab wulung kang cucuk kencana yen wis mambu keceran banyu suci saka Patalan”.

        “Kasinggihan Raden” Rama Kyai Daka atur wangsulan kanthi kurmat “menapa ingkang kula unjukaken ing ngarsa jengandika Raden Gunendra, mila inggih namung kados makaten menika, sawanci-wanci Gusti kula Raden Gunendra angersakaken amurba, abdi jengandika pun Daka namung saged anyumanggaken”.

        “Danara…..!” Raden Gunendra gentos nimbali Ki Danara.

        “Kawula nuwun wonten dhawuh Raden” Ki Lurah Danara wangsulan kalihan nyembah, sirahipun panggah tumungkul madhep ing siti.

        “Petungku jebul luwih sampurna tinimbang petungmu” Raden Gunendra wicanten malih kalihan mesem “mula wiwit saiki petung gaweyanmu tumuli busaken lan lakumu kudu nurut marang petung gaweyanku, kowe kudu percaya kanthi nurut petung saka aku kowe bakal ngundhuh kamulyan, sinuyudan bangsa putih lan diasihi dening bangsa ireng, nanging yen kowe nyidrani petung gaweyanku, kowe mesthi bakal mati sajroning kahanan sing ora lumrah. Ngerti?”.

        “Inggih Raden” kalihan suwanten semu ndhredheg Ki Danara antur wangsulan “sedaya dhawuh jengandika Gusti Kula Raden Gunendra ingkang badhe kula dadosaken pandoming lampah”.

        “Bagus” Raden Gunendra wangsulan kalihan mesem lega, lajeng gantos wicanten dhateng Rama Kyai Daka “ndika ora kena sembrana Kyai, ora ateges aku ora percaya kato sing dikandhakne Danara iki mau, nanging murih Danara ora lali, ndika kudu tansah ngulati lan aja ngenteni benjut dhisik lagi dipupuri, kudu tumuli ndika elingake samangsa-mangsa ana tandha yen Danara arep lali”.

        “Boten langkung inggih sendika Raden” Rama Kyai Daka atur wangsulan.

        Kula piyambak lajeng radi bingung, boten ngertos menapa ingkang sampun dados underaning prakawis ingkang dipun rembag Raden Gunendra lan Ki Lurah Danara menika. Nanging kula gadhah dudutan manawi sampun wonten pasarujukan antawisipun Ki Lurah Danara, Rama Kyai Daka lan Raden Gunendra, wonten sambetipun kalihan Kyai Pantek menapa boten kula inggih dereng mangertos. Inggih awit saking menika kula kedah langkung waspada, awit kula mireng wau, Raden Gunendra menika mapan ing pasanggrahan Wana Patalan kempal kalihan titiyang ingkang  ngaken minangka Trah Majapahit. Kamangka kula emut  Bapa Lurah Sarkara nate ngendika menawi titiyang ingkang makempal ing Wana Patalan menika kathah para durjana ingkang dados buronipun Mataram, lajeng mlajar dhateng wana Patalan mangayom kalihan para priyagung ingkang boten purun kabawah Panembahan Senapati ing Mataram lan nembe ngrancang cara kangge njongkeng kawibawaning Sampean Dalem Panembahan Senapati Ing Alaga.

        “Pradapa apa kowe ngerti underaning rembug antarane aku karo Danara lan Kyai Daka iki mau?” nalika kula kendel kalihan nggagas kados makaten kala wau, dumadakan Raden Gunendra pitaken dhateng kula.

        “Nyuwun pangapunten Raden” kula wangsulan prasaja “inggih awit cubluking manah kula, kula babar pisan boten mangertos saha dereng kepengin mangertos, jalaran kula ugi boten mangertos menapa anggen jengandika wawan rembag kalihan Ki Lurah Danara saha Rama Kyai Daka kala wau, wonten sambetipun kalihan kula menapa boten”.

        Raden Gunendra lajeng gumujeng.

 

 

Ana candhake

 

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...