92.
Anyarengi
kendeling anggenipun gumujeng, dumadakan Raden Gunendra ngadeg, lajeng mlampah
nyaketi peranganing sanggar sisih kanan, ingkang ing mriku mapan plangkaning
manekawarni dedamel pirantining perang, kados dene Keris, Pedhang, Clurit, tumbak, bindhi lan
sanes-sanesipun. Ing sangandhaping plangkan dedamel ugi wonten sela ageng-ageng
watawis saklapa ingkang dereng srumbatan, watawis cacah wonten gangsal welas.
Gandheng kula boten mangertos menapa kajengipun Raden Gunendra nyaketi papaning
dedamel menika, kula inggih namung kendel kalihan nguwasi saking papan kula
linggih. Makaten ugi Rama Kyai Daka lan Ki Danara ugi boten kedhep anggenipun
ningali dhateng Raden Gunendra.
Dumadakan Raden
Gunendra mbungkukaken badanipun, kanthi entheng mendhet salah satunggaling sela
ingkang agengipun saklapa dereng srumbatan menika. Kalihan wangsul ngadeg malih
lan mondhong sela kala wau, Raden Gunendra ningali papan anggen kula linggih
kalihan Rama Kyai Daka saha Ki Danara.
“Watu sing ana
sanggar iki apik-apik lan anteb, watu saka ngendi iki Kyai Daka?” Raden
Gunendra pitaken dhateng Rama Kyai Daka.
“Mila sela-sela
menika anggen kula milih lan milahi saking Lepen Sumberlanang, Raden”
wangsulanipun Rama Kyai Daka nerangaken asaling sela “kula kinten sela-sela
menika rumiyin asalipun saking wutahaning Redi Lawu nalika watuk, lajeng
gumlundhung nurut ilining lepen Sumberlanang, ketitik saking warninipun ingkang
cemeng nggales lan bobotipun ugi radi awrat saha boten gampil benthet ketatap
sela sanesipun”.
“Pancen bener
apa sing dadi pangiramu Kyai, watu-watu iki kabeh saka wutahaning Gunung
Mahendra, kajaba watu-watu iki padhet, uga nduweni watak atos semu ulet, serate
muntir temah ora gampang pecah” Raden Gunendra wicanten malih “saiki padha
sawangen watu sing tak pondhong iki arep tak enggo nuduhne kekuwatan sing
tembene bakal tak turunake marang Pradapa, kuwi yen Pradapa gelem”.
Rama Kyai Daka
boten wangsulan, kula piyambak senadyan nami kula dipun sebat badhe kaparingan
kekiyatan dening Raden Gunendra, nanging kula milih boten kumecap
menapa-menapa, ngentosi samudayanipun langkung cetha langkung rumiyin. Namung
panyawang kula boten kedhep ningali dhateng samobah mosikipun Raden Gunendra,
makaten ugi ingkang dipun tindakaken Rama Kyai Daka saha Ki Lurah Danara.
Raden Gunendra
lajeng ngandhapaken sela ingkang dipun pondhong, dipun seleh wonten joganing
sanggar, lajeng piyambakipun linggih jengkeng madhep dhateng sela menika.
Ketingal menawi Raden Gunendra ngampet ambegan, ngeremaken mripatipun,
tanganipun ingkang kanan dipun kepelaken, ketingalipun nembe ngempalaken
kekiyatan. Wasana sela ing ngajengipun dipun jotos saking nginggil, nuwuhaken
suwanten jumedhor kados suwantening gludhug, sanggar dados horeg. Lan ing mriku
ketingal wonten keluk ingkang ngembuleng peteng, nembe sareng sampun sawatawis
keluk cemeng lajeng ical mbaka sakedhik katut sumiliring angin ingkang nrabas
ing sela-selaning gedheg sanggar. Ing
panyawang kula, sela ageng kala wau lajeng ambles mangandhap watawis tigang nyari,
tumanem dhateng jogan.
“Danara coba
nyaketa mrene!” kalihan wangsul ngadeg malih sarwi malang kerik, Raden Gunendra
prentah dhateng Ki Danara murih nyaket. Raden Gunendra piyambak ketingak kados
nembe rampung nyambut damel awrat, sarandhuning badanipun ngedalaken kringet
ingkang kathah.
“Sendika”
wangsulanipun Ki Danara ingkang lajeng mlampah dhodhok, nyaketi papanipun Raden
Gunendra.
“Saiki coba
grayahana watu kuwi kaya apa wujude?” sareng lampahipun Ki Danara sampun caket,
Raden Gunendra lajeng prentah malih.
Ki Danara lajeng
nggrayang sela ingkang nembe kemawon kapupuh mawi kepelanipun Raden Gunendra
kala wau. Kados tiyang boten pitados dhateng panyawangipun, sasampunipun
nggrayahi sela kala wau, Ki Danara mlengak kalihan ningali Raden Gunendra.
Raden Gunendra
gumujeng lirih, lajeng wicanten suka prentah dhateng Ki Danara malih:
“Saiki ngadega,
lan samparen watu kuwi nganggo sikilmu!”
Tanpa nyuwanten
menapa-menapa, Ki Danara lajeng nindakaken prentahipun Raden Gunendra. Boten
namung Ki Lurah Danara kemawon, sanadyan
kula menapa dene Rama Kyai Daka sakalangkung eram. Sela kala wau jebul sampun
sumyur dados sawalang-walang awit kapupuh dening Raden Gunendra mawi kepelan
tanganipun. Sumerep kula tetiga sami eram kaworan ngungun, Raden Gunendra boten
ngucap menapa-menapa, kajawi namung mesem sajak marem sampun damel cingakipun
tiyang.
“Saiki, genti
mjupuka gegaman ing plangkan sacedhakmu kuwi Danara!” dereng ical raos
cingakipun, dening Raden Gunendra Ki Danara kaprentah malih “pilihen sing
paling ampuh, kena tumbak, pedhang utawa liyane sasenengmu watone sing paling
becik”.
Ki Danara lajeng
mendhet tumbak ingkang ketingal kukuh lan sae. Lajeng wangsul ngadhep dhateng
Raden Gunendra badhe ngulungaken tumbak ingkang nembe dipun pendhet kala wau.
“Saiki siyagaa!”
wicantenipun Raden Gunendra malih “tamakna tumbak kuwi marang aku, bisa mbok
pilih prenah weteng, prenah dhadha, prenah lambung sing ngarah marang
jejantung!”.
Ki Danara
ketingal pucet, boten mangertos kalihan kersanipun Raden Gunendra.
“Kowe krungu
dhawuhku mau apa ora Danara he?” radi nyentak Raden Gunendra nakeni Ki Danara.
“Kersanipun
Raden ?” Ki Danara ketingal taksih dereng mudheng.
“Tumbak kuwi
tamakna marang aku!” kalih suwanten semu srengen Raden Gunendra mangsuli
prentahipun “kaya nek kowe numbak mungsuhmu utawa kaya nek kowe numbak celeng
sing ngganggu gawe tanduranmu kae, ngerti?”.
“Nanging kula
ajrih Raden” wangsulanipun Ki Danara kalihan suwanten ndharodhog.
“Piye?” Raden
Gunendra mencereng “kowe wedi nek aku mati? Kowe wani ngremehne aku? Apa kowe
milih tumbak kuwi tak enggo nyudhet wadhukmu utawa nyigar dhadhamu kanggo
ngetokne jantungmu he?”.
“Nyuwun
pangapunten Raden” Ki Danara sansaya ketingal ajrih “babar pisan kula boten
wantun ngremehaken jengandika Raden, dhawuh jengandika badhe kula lampahi”.
“Bagus!” Raden
Gunendra wangsulan kalihan gumujeng “saiki tata-tataa, sing tenanan nggonmu
namakne tumbak neng tanganmu, aja tidha-tidha nggonmu namakne tumbakmu, rapalen
kabeh japa mantramu, yen kowe bisa gawe buciking kulitku merga tumbakmu,
timangan mas sing saiki tak agem bakal tak paringake kowe minangka ganjaran.
Nanging yen nggonmu namakne tumbak mung ethok-ethokan, ora tenanan, aja sambat
yen gegermu bakal tak sabeti nganggo landheyane tumbakmu nganti entek!”.
Raden Gunendra
lajeng malang kadhak, tanganipun dipun angge malang kerik, dhadhanipun dipun
bikak wiyar, siyaga nampeni panumbakipun Ki Lurah Danara. Ki Danara ugi lajeng
ngagaraken tumbakipun, ingkang dipun arah kaprenah dhadhanipun Raden Gunendra.
Lan katingal kanthi kekiyatan wetah, tumbak katamakaken pas ngengingi
dhadhanipun Raden Gunendra.
“Clang!” kados
suwantening gangsa centhe ketabuh kaseron dening niyaga nalika pucuking tumbak
dhumawah ing dhadhanipun Raden Gunendra.
Ki Danara sakalangkung eram. Raden Gunendra kapireng namung gumujeng kemawon
kados boten ngraosaken menapa-menapa.
“Ayo aja mung
ping pisan!” Raden Gunendra suka parentah dhateng Ki Danara “dibolan-baleni lan
pilihen perangan ngendi saka ragaku sing kira-kira pasah mbok tamani
tumbakmu!”.
Ki Danara kados
tiyang kemropok manahipun, tumbak dipun tamakaken malih dhateng Raden Gunendra,
wongsal-wangsul lan saontan-santun papan, dhadha, padharan, lambung sedaya
sampun dipun tamani. Malah tumbak ugi katamakaken ing walikat. Parandene Raden
Gunendra boten menapa-menapa. Wekasanipun tumbakipun Ki Danara malah dados
putung nalika dhumawah ing lempengipun Raden Gunendra.
“Sewu nyadhong
deduka Gusti” Ki Danara lajeng ndheprok ing ngarsanipun Raden Gunendra.
“Ha ha ha ha…….”
Raden Gunendra gumujeng ngakak “kowe ora luput Danara, malah aku sing nedha
nrima, kowe wis nindakne dhawuhku kanthi becik. Ayo saiki bali lungguh neng
kana maneh, nutugne nggone jagongan sing durung rampung”.
Raden Gunendra
lajeng wangsul mapan linggih ing papanipun sakawit. Ki Danara ugi lajeng
ndherek lan ngenggeni papanipun wau.
“Pradapa”
sasampunipun lenggah, Raden Gunendra lajeng wicanten dhateng kula.
“Nuwun inggih
Raden” kula wangsulan kalihan kurmat.
“Saiki rungokna
aku arep blaka marang kowe” Raden Gunendra lajeng nutugaken anggenipun wicanten
“tenane sadurunge kowe ditimbali gurumu Kyai Daka mrene mau, antarane aku karo
Danara apa dene Kyai Daka wis ana rembug sing durung rampung. Kowe ngerti apa
kira-kira sing dadi rembug?”.
“Babar pisan
kula boten ngertos Raden” wangsulan kula menapa wontenipun “lan kula kinten
boten prayogi menawi kula nrambul rembag ingkang dede prakawis kula, menapa
malih ingkang kagungan rembag jengandika Raden Gunendra kalihan Rama Kyai Daka
ingkang kalebet pepundhen kula”.
“Maune pancen ya
ngono, kowe ora arep diajak rembugan perkara iki, nanging sawuse Kyai Daka
kandha nek arep nurunake Aji Bledheg Saleksa marang kowe, sarta Kyai Daka uga
nyritakne nggonmu taberi lan olehmu banget gathekan nampa piwulang kanuragan,
aku banjur kepengin weruh kahananmu sawutuhe. Mula kowe banjur ditimbali mlebu
ing jero sanggar winadi iki” Raden Gunendra nyauti wangsulan kula “lan sawuse
aku ngaweruhi jiwa ragamu, aku mutusake kowe kudu melu ngerti ing prakara sing
lagi dadi rembug antarane aku, Danara lan Kyai Daka”.
“Inggih Raden”
kula namung saged wangsulan makaten.
“Dene sing dadi
rembug kuwi ya iku ngenani pepenginane Danara sing diaturake marang aku, ya iku
anggone kepengin ngesuhi lan dadi pangarepe para Bebau ing Kepuh Agal kene”
Raden Gunendra mblakaken pepenginanipun Ki Lurah Danara, andadosaken radi
kageting manah kula.
“Menapa Ki Lurah
Danara ngersakaken saged ngendhih Palenggahanipun Bapa Lurah ing Kepuh Agal
mriki Raden?” boten sranta kula lajeng taken, awit pamanggih kula pepenginan
dados suh lan pangajengipun para Bebau ing Kepuh Agal menika sami kemawon
kepengin dados Lurah ing Kepuh Agal.
“He he he…..”
Raden Gunendra gumujeng lirih lajeng wicanten “aja kaduk ati kesusu kleru
nggonmu nampa sing dadi pepenginane Danara iki mau, Pradapa”.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar