93.
Raden Gunendra ketingal boten wonten
ewah-ewahan ing praupanipun, benten kalihan Ki Danara menapa dene Rama Kyai
Daka ingkang ketingal mbrabak abrit, nalika kula pitaken prakawis
pepenginanipun Ki Lurah Danara ingkang dipun aturaken dhateng Raden Gunendra.
Nanging inggih boten dangu, kados kasirep dening gumujenging Raden Gunendra
ingkang lajeng nyriyosi kula, murih kula boten keladuk kleru ing panampi.
“Kowe kudu ngerti Pradapa” Raden Gunendra nutugaken wicantenipun “para
Bebau andhahane wong tuwamu kuwi satemene isih cethek kaweruh lan kanuragane,
nanging gandheng dening wong tuwamu dipercaya ngesuhi dhukuh wewengkone, banjur
duwe watak ambeg gumedhe. Kamangka kowe mesthi ya wis ngerti, wong sing duwe
ambeg gumedhe kuwi sok dhemen ngremehake liyan, anggepe para Bebau kae sing
wenang ngelingake upama bebau-bebau kuwi lali ya mung wong tuwamu, Ki Lurah
Kepuh Agal wae. Beda adoh karo watake wong tuwamu, sing sanadyan wis akeh
kaweruh sing dingerteni lan duwe kadigdayan sing pilih tandhing, nanging isih
dhemen ngrungokne panemune sapa wae, merga Wong Tuwamu ngerti yen panemu becik
kuwi ora mesthi metu saka wong sing duwe pangkat wae, sanadyan wong pidak
pajarakan ora arang nduweni gagasan sing gedhe pedahe marang bebrayan agung
Kepuh Agal kene. Mula Danara banjur duwe gagasan,kanggo kabecikane Kepuh Agal
kene, dheweke kepengin ngesuhi para Bebau kae kabeh sarta dadi pangarepe para
Bebau, kanthi mangkono Para Bebau kae ora mung seneng nggugu karepe dhewe lan
seneng kekudhung asmane wong tuwamu Ki Kepuh Agal. Lan mesthi wae, wewenange
Danara panggah manggon ngisore wong tuwamu, kabeh tumindake Danara sing
magepokan karo para Bebau kudu oleh palilah saka wong tuwamu”.
“Inggih Raden” wangsulan kula inggih
namung sakecandhakipun kemawon.
“Sanadyan aku uga nyarujuki yen Danara
kepengin ngesuhi para Bebau lan dadi Pangarepe kabeh panguwasa padhukuhan,
nanging aku duwe rasa samar yen nganti Danara ketiban lali” Raden Gunendra
wicanten malih “mula saliyane Ki Kepuh Agal lan Kyai Daka sing loro-lorone wis
padha tuwa kuwi, kudu ana maneh sing bisa ngendhaleni Danara samangsa-mangsa
dheweke lali lan arep nggugu karepe dhewe”.
“Lajeng sinten malih menika Raden?” kula
nyobi pitaken “sedheng ing Kepuh Agal mriki menika boten wonten ingkang
kasudiranipun mapaki kadibyanipun Ki Lurah Danara”.
“Kowe Pradapa” wangsulanipun Raden
Gunendra kalih mesem. Kula lirik, Ki Danara menapa dene Rama Kyai Daka sami
ndhingkluk tumungkul ningali siti.
“Kok kula Raden?” kula rumaos boten
ngertos kalihan rembagipun Raden Gunendra makaten menika “kula menika boten
gadhah kelangkungan menapa-menapa. Malah saupami kula sampun kaakenan minangka
siswa ing Paguronipun Rama Kyai Daka menika kemawon, kula menika namung mapan
dados andhahan ingkang tebih sangandhapipun Ki Lurah Danara, dhawuh jengandika
Raden Gunendra menika kapireng lucu menawi boten kangge nggegujeng kula Raden”.
“Ha ha ha ha…..” Raden Gunendra gumujeng
malih, kula tingali sakeplasan Rama Kyai Daka lan Ki Danara sami mesem
ngimbangi, lajeng Raden Gunendra wicanten malih “sansaya nambahi senenging
atiku marang kowe wangsulanmu kang mangkono iku Pradapa, kanggo mangsuli
pitakonmu sing keri dhewe sing sajak ora percaya karo sing tak kandhakne mau,
entenana sedhela aku tak takon marang Danara lan Kyai Daka luwih dhisik”.
“Inggih Raden, sumangga” wangsulan kula.
“Danara…..” Raden Gunendra nunten ndangu
Ki Lurah Danara.
“Nuwun inggih Raden?”
“Aku tak takon wangsulana kanthi
sabener-benere!”
“Kawula nuwun inggih Raden, sumangga
kaparingana dhawuh abdi jengandika pun Danara, menawi saged tantamtu badhe kula
aturaken wangsulan ingkang saleres-leresipun” wangsulanipun Ki Lurah Danara
kalihan nyembah.
“Kowe wis weruh dhewe, aku mau mbithi
watu sing cedhak plangkan pusaka, mung sepisan lan ora pati banter, nanging
pranyata watu bisa sumyur dadi sawalang-walang. Iya apa ora?”
“Inggih Raden kula nyipati piyambak ampuhing
pupuhan asta jengandika Raden ingkang satuhu nggegirisi, boten namung kula
ingkang eram kaworan miris sumerep ampuhing pupuhan jengandika kala wau,
sanaosa Bapa Guru Kyai Daka menapa dene Gus Pradapa kula kinten inggih sami
kalihan kula” wangsulanipun Ki Lurah Danara.
“Sabanjure” Raden Gunendra wicanten malih
“apa kowe sadurunge nate weruh wong sing nduweni pupuhan kaya pupuhanku mau?
Lan saupama kowe tak prentah mupuh watu kaya sing tak tindakne mau apa kowe
bisa kaya aku?”.
“Lepat nyuwun pangapunten Raden” Ki
Danara nyembah kalihan atur wangsulan “sadanguning gesang kula, inggih nembe
sepisan menika kula sumerep ampuhing pupuhan, dados kula saged mesthekaken menawi
ing salumahing bantala sakureping akasa boten wonten ingkang kagungan kasekten
ampuhing pupuhan sampun malih ngungkuli ngembari kemawon boten badhe wonten
kalihan kasekten jengandika Raden. Lan
yen ta Jengandika paring dhawuh murih kula mupuh sela kados ingkang jengandika
tindakaken, dede selanipun ingkang sumyur nanging mbok bilih malah balunging
tangan kula ingkang putung”.
“Ha ha ha ha ……..jujur tenan kowe Danara”
Raden Gunendra gumujeng sarwi wangsulan, lajeng gentos wicanten dhateng Kyai
Daka “Saiki piye panemu nDika Kyai Daka, marang apa kang wis ndika weruhi
dhewe, ya iku nalikane siswa ndika sing dhuwur dhewe ngelmu kanuragane namakne
tumbak marang saliraningsun sing malah ndadekne tumbak sing tumiba marang
ragaku dadi putung kaya ngana kae mau?”.
“Dhuh Gusti saestu nembe menika kula
kaweleh dening panginten lan raos kuminter kula” wangsulanipun Rama Kyai Daka
kalihan sikep ingkang sakalangkung kurmat “sadangunipun kula gesang menika,
wontenipun unen-unen ingkang nyebataken tan tedhas tapak paluning pandhe
sisaning gerenda tanapi tebaning kikir, kula wastani menawi namung mandheg ing
unen-unen ingkang ngayawara. Nanging jebul panginten kula kala wau babar pisan
lepat, jengandika Gusti kula Raden Gunendra pranyata tuhu ingkang mbikak mripat
kula, temah kula sumerep menawi titah ingkang tinatah mendat jinara menter,
menika tuhu wonten. Sanaosa mbok menawi sajagad boten jangkep tiyang sedasa.
Kula piyambak pitados wontenipun aji jaya kawijayan ingkang saged madal saking
dedamel, nanging inggih boten ngantos kados jengandika Raden kala wau”.
“Kabeh wae padha sumurupa” kalihan mesem
lan suwanten kapireng ingkang nedahaken manah ingkang mongkog Raden Gunendra
wicanten malih “saplenik saka kanuragan sing dadi gadhuhanku sing tak tuduhne
ing ngarep ndika kuwi mau, ya mung saperangan cilik ngelmu kanuraganku sing tak
tampa saka Guruku ing Pasanggrahan Alas Patalan. Pancen ora saben titah wenang
anggadhuh ngelmu-ngelmu kanuragan kaya sing tak duduhne mau. Mung wong sing
nduweni jiwa raga kang mumpuni sing kuwat kacondhokan ngelmu kanuragan
mau, Aji Pamupuh sing kuwawa ngejur watu
sing atose kagila-gila mung sarana dibithi nganggo kepelan mau, diarani Aji
Paluwaja, yen tumiba menyang watu item wae dadine kaya ngana, ndika mesthi bisa
ngira-ira kaya apa dadine sirahe menungsa yen ketiban pupuhan tanganku kanthi
tak lambari Aji Paluwaja iki mau”.
“Hla menawi sirahipun menungsa ingkang
kedhawahan Aji jangandika Raden, saged kula pesthekaken menawi badhe mawut
polonipun” ingkang mangsuli namung Ki Lurah Danara ingkang anggenipun wicanten
sarwi radi gumujeng.
“Bener apa sing dadi kandhamu Danara”
wangsulanipun Raden Gunendra malih “dene kang ndayani aku ora pasah ketiban
tumbak mau, kuwi jalaran saka Ajiku Maesasakecu, uga peparinge Guruku ing
Pasanggrahan Patalan. Aji Maesasakecu iki katiyasane mbalekne sakehing
kekuwatan kang nedya gawe rusake ragaku. Aji Maesasakecu kuwi dumadi saka
pirang-pirang tataran, wiwitane daya panulake ya cilik, upama ana gegaman utawa
pupuhan lan sadhukan sing tumiba ing awak, sanadyan ora nganti bisa nuwuhake
tatu, nanging isih krasa lara. Malah kepara bisa uga yen gegamane gegaman
pusaka isih bisa gawe tatuning perangan raga ing sisih njero. Nanging yen aji
iki terus diungkal bakal bisa kaya sing
tak gadhuh dina iki, malah kepara luwih sampurna maneh. Nanging sepisan maneh
tak kandhakne, ora saben wong kuwawa nampani lan kanggonan aji loro iki mau”.
“Abdi jengandika nglenggana ing bab
menika Raden” ingkang wangsulan Rama Kyai Daka “sampun ta ngantos ngelmi
ingkang samanten agungipun, tiyang ngelmi ingkang bobotipun namung sak Aji
Bledheg Saleksa kemawon boten sadhengah tiang kuwat kapanggenan, kalebet pun
Danara menika”.
“Bener apa sing dadi kandha ndika kuwi
Kyai” Raden Gunendra anumpangi rembagipun Rama Kyai Daka “lan klebu begja
tumrapku tekan ing papan kene iki mau”.
“Begja kados pundi Raden?” Rama Kyai Daka
sumela rembag.
“Jalaran sawise milang-miling ing
ngendi-endi, aku nggoleki nom-noman sing kuwawa nampa Aji Maesasakecu apa dene
Aji Paluwaja lan Aji liyane sing wis dadi gadhuhanku ora nemokne. Jebul ing
papan kene ana nom-noman sing jiwa ragane sampurna dhasare duwe nalar sing
wasis, sing ora liya ya Pradapa iki”
Raden Gunendra suka wangsulan lajeng ningali dhateng kula.
Kageting manah kula boten kenyana-nyana
dene Raden Gunendra nuding kula bilih kula kiyat menawi kacondhokan Aji
gadhahanipun. Makaten ugi Rama Kyai Daka lan Ki Danara ketingal menawi kaget manahipun,
mbok menawi sami kalihan kula, ingkang boten ngira menawi miturut pamawasipun
Raden Gunendra namung kula ingkang kuwawi nampi Ngelmi Kanuragan ingkang
wujudipun Aji Paluwaja lan Aji Maesasakecu saha aji sanesipun malih.
“Wis cetha nggonmu nampa apa sing tak
dhawuhake iki mau Pradapa?” Raden Gunendra wicanten suka pitakenan dhateng
kula.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar