Total Tayangan Halaman

Rabu, 30 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (94)

94.

          Nampi pitakenan ingkang makaten kala wau, raosing manah kula lajeng dados kados campur adhuk. Liripun, inggih rumaos remen lan kepengin sanget saged nggadhahi Aji ingkang nami Aji Mahesasakecu saha Aji Paluwaja kala wau. Nanging raos boten remen dhateng Raden Gunendra ingkang wongsal-wangsul sajak ngremehaken dhateng tiyang sepuh kula, ugi taksih rapet sumimpen ing salebeting manah kula. Menapa badhe kelampahan kula meguru dhateng tiyang ingkang salebeting manah kula sengiti?. Nanging iba emanipun menawi kula boten purun nampi kasekten saha kasudiran ingkang ing jagad awis-awis saged dipun panggihaken menika?. Ing wekdal menika, kula nggadhahi kapitadosan menawi kula sampun kasembadan nggadhuh Aji Mahesasakecu lan Paluwaja sokur-sokur katambahan Aji sanesipun, Rama Kyai Daka menapa dene Ki Lurah Danara boten wonten menapa-menapanipun tumraping kula.

          “Kok ora tumuli wangsulan, apa sing mbok gagas Pradapa?” Raden Gunendra ngambali pitakenipun “apa kowe isih tidha-tidah karo sing dak kandhakne iki mau? Dudu watake Raden Gunendra dhemen ngumbar rembug kanggo geguyon ing babagan ngilmu lan kanuragan Pradapa!”.

          “Nyuwun pangapunten Raden” wasana kalihan nyembah, kula atur wangsulan. Salebeting manah kula kemutan piwucaling tiyang kina menawi dedalane guna lawan sekti menika kedah andhap asor, wantun ngalah, saha prayitna anyingkiri bapang. Kula nggadhahi dudutan bilih nugrahaning Gusti badhe tumurun dhateng kula lelantaran Raden Gunendra, saha raos serik dhateng Raden Gunendra wiwit kala wau menika saged kula wastani “bapang” ingkang kedah kula singkiri, inggih awit saking menika kanthi kekiyataning manah pengin nggayuh kagunan saha kasekten, kula kedah nyingkiraken raos sengit kula dhateng Raden Gunendra lan kula santuni kanthi raos tresna asih saha pangabekti.

          “Iya. Piye?” Raden Gunendra paring panadangu malih.

          “Kula sampun ngertos dhateng sedaya ingkang Jengandika dhawuhaken, namung kemawon awit saking cubluking manah kula, kula ajrih menawi ngantos klentu anggen kula merdeni dhawuh jengandika kala wau. Sepisan malih kula nyuwun pangaksami” atur kula ngatos-atos sanget.

          “Cekak cukupe, kowe wis gelem yen katurunan Aji Mahesasakecu lan Paluwaja sarta isih akeh Aji Jaya Kawijayan liyane sing tatarane padha karo Aji loro kuwi, saka sing wenang nurunake?” Raden Gunendra nanting kula sepisan malih.

          “Ngaturaken sewu genging panuwun menawi ta Gusti Kula Raden Gunendra kepareng anurunaken Aji Jaya Kawijayan menapa kemawon dhateng pun patik Pradapa” kasurung raos sengsem dhateng ingkang dipun dhawuhaken Raden Gunendra kula atur wangsulan kanthi prasaja.

          “Bagus!” Raden Gunendra mesem karenan “Kajaba saka kuwi Pradapa, mbok menawa pancen wis dadi kodrating jagad yen drajad luhur sing disingidake wong tuwamu bakal katon sumunar maneh liwat kowe. Ngerti ?”.

          “Nyuwun pangapunten Raden” kula atur wangsulan “blaka kewala kula dereng mudheng kalihan ingkang jengandika kersakaken kalihan dhawuh menika”.

          “Perkara ngerti kuwi bisa mbesuk-mbesuk Pradapa” Raden Gunendra paring wangsulan kalihan gumujeng alon “sing cetha, yen wis klakon kowe kagadhuhan Aji Jaya Kawijayan sing tak kandhakne ing ngarep, kowe wis dudu wong liya tumrapku, kowe bakal dadi sedulurku lanang kaprenah nom, jalaran nggonku nurunake Aji Jaya Kawijayan marang kowe mengko amung minangka wewakile Wong Tuwaku Angkat sing asmane lagi bisa mbok weruhi bareng karo nggonmu nampa Aji jaya kawijayan mbesuk lan kowe uga bakal dadi putra angkate wong tuwaku angkat mau, kanthi drajat sing padha karo aku, kanthi mangkono kowe bakal dadi Satriya sing sejati, satriya kang cinaket ing ratu, mbawahi prajurit lan kawula sing maleksa-leksa cacahe, mapan adoh ing sadhuwure Lurah, Demang, Panewu lan liya-liyane, nanging kuwi mbesuk sawise kowe lara lapa sarta urip ngrekasa jalaran kudu taberi nyawijekake Aji Jaya Kawijayan sing bakal mbok tampa marang jiwa ragamu, kanthi laku sing ora entheng. Kowe saguh apa ora Pradapa?”.

          “Tumrap kula Raden, kangge nggayuh guna lawan sekti, lados menapa kemawon awratipun tartamtu badhe kula tempuh kanthi sukaning manah” wangsulan kula sansaya manteb.

          “Ha ha ha ya kuwi sing tak karepake Pradapa. Dadi wis cetha, sabanjure sanadyan mbesuke Danara kaya sing mau tak kandhakne bakal nduweni palungguhan sing bisa mranata para Bebau andhahane Ki Kepuh Agal, nanging kena diupamakne pati uripe Danara bakal manggon ana jerone gegeman tanganmu. Dadi Danara ora bakal bisa tumindak sakarepe dhewe”.

          Raden Gunendra kendel sakedhap lajeng kalihan gentosan mirsani kula, Ki Danara lan Rama Kyai Daka, panjenenganipun  ngendika malih :

“Saiki wis padha ngerti kabeh karo sing dadi kersaku iki ?”   

“Kawula nuwun inggih kula saged mangertos saha kanthi legawa kula aturaken bilih jengandika nyata wicaksana Raden” ingkang atur wangsulan rumiyin piyambak nenggih Rama Kyai Daka “saha kula estu ngaturaken genging panuwun awit Jengandika Gusti sampun kepareng miyak aling-aling kacublukan ingkang nutupi mripat batin kula temah boten sumerep sesotya ing ngajeng kula, nuwun inggih Anakmas Pradapa menika”.

“Nedha nrima banget Kyai” Raden Gunendra paring wangsulan kalihan mesem lega “satemene aku dhewe maune ya ora ngira yen ing Kepuh Agal kene ana sing ndika kandhakne sesotya kuwi mau, lagi sawise budhalku menyang Kepuh Agal kene iki mau diparingi sangu wujud lenga pranalengnala dening Kanjeng Rama ing Patalan, aku banjur bisa weruh sesotya sing dening Kanjeng Rama kadhawuhan nglari kuwi, dadi satemene antarane aku lan ndika kuwi ya ora pati akeh bedane”.

“Inggih Raden” Rama Kyai Daka atur wangsulan lajeng wangsul tumungkul malih.

“Nek kowe kepriye Danara?” Raden Gunendra lajeng ndangu Ki Lurah Danara, utawi Ki Bau Sidamulya.

“Kula ngrumaosi Raden” wangsulanipun Ki Danara alon.

“Ngrumangsani kepriye?” Raden Gunendra mundhut pirsa malih.

“Inggih ngrumaosi bebakalaning balung lan daging kula, ingkang pranyata tebih kalihan bebakalanipun Gus Pradapa, dados kula inggih kanthi manah legawa saged nampi menapa ingkang jengandika dhawuhaken” atur wangsulanipun Ki Danara “kula ugi rumaos bombong dene wiwit Gus Pradapa alit kula sampun dipun tepangi, dados ing benjangipun menawi Gus Pradapa sampun ngagem sebatan Raden lan dados pepundhen saha pangayoman kula, kula sampun mangertos kados pundi murih saged sae anggon kula badhe lelados dhumateng panjenenganipun”.

“Sokur yen pancen mangkono Danara” Raden Gunendra sansaya ketingal rena penggalihipun “samengko marang Kyai Daka, tak jaluk rilaning ati ndika supaya ndika tumuli murungake kersa ndika sing arep aweh kecer marang Pradapa sarta nurunake Aji Bledheg Saleksa marang dheweke”.

“Kawula nuwun ngestokaken dhawuh Raden” wangsulanipun Rama Kyai Daka “estunipun sampun wiwit wau kekajengan kula menika sampun kula wurungaken”.

“Pradapa” Raden Gunendra lajeng amiji kula.

“Kawula wonten dhawuh Raden” wangsulan kula sarwi atur sembah.

“Sajake wis sansaya padhang dalan sing bakal mbok liwati kanggo tumuju marang kamulyaning uripmu, mung kari sajangkah apa rong jangkah wae, lakumu bakal tekan papan sanggar pamujan ing Pasanggrahan Patalan kanggo nampa kanugrahan saka Kanjeng Rama ing Patalan lumantar aku wujud tumuruning Aji Jaya Kawijayan panunggalane Aji Paluwaja lan Mahesasakecu. Mula kowe kudu nyiyagakne jiwa lan ragamu murih ora ndrawasi lamun kacondhokan Aji sing kabeh duwe daya pangaribawa sing ngedab-edabi” Raden Gunendra paring dhawuh dhateng kula.

“Sendika ngestokaken dhawuh Raden” wangsulan kula, kalihan salebeting manah sampun gadhah panginten murih kula miwiti lampah prihatin, ngirang-ngirangi tilem menapa dene nedha. Murih sawanci-wanci kula kagadhuhan aji jaya kawijayan boten kaget.

“Saiki kowe balia” Raden Gunendra nglajengaken anggenipun paring dhawuh “matura kanthi sing sabecik-becike marang Ki Kepuh Agal ya Ki Lurah Sarkara, wong tuwamu kuwi ngenani asil pirembugan antarane aku, kowe, Kyai Daka lan Danara. Sarta matura, telung dina maneh kapetung karo dina iki, aku Raden Gunendra sing biyen putrane Sawargi Kanjeng Rama Raden Tumenggung Dibyaningrat, abdi dalem Kasultanan Pajang, sing saiki ndherek masanggrah ing Pasanggrahan Alas Patalan, arep teka ing Kalurahan saprelu nemoni Ki Kepuh Agal lan njaluk palilah bakal paring kanugrahan marang putrane sing ora liya kowe dhewe”.

“Ngaturaken genging panuwun Raden, samangke kaparenga kula nyuwun pamit badhe wangsul saha matur dhateng Bapa” kula ugi lajeng nyuwun pamit “nyuwun pangestu mugi-mugi atur kula mangke ndadosaken renanipun tiyang sepuh kula”.

Boten mawi tolah-toleh kebat lampah kula, daya-daya enggal dumugi griya lan saged tumunten ngaturaken sadaya prakawis ingkang kula panggihi menika dhateng Bapa. Nanging nembe kemawon kula nglangkungi regol pekarangan kalurahan, manah kula dumadakan kraos boten sekeca. Ing ngajenging pendhapa kathah tiyang jaler estri sami ngadeg kanthi praupan sajak nembe bingung, ngemu kuwatos. Daya-daya kula nyaketi tiyang-tiyang kala wau kepengin mangertos sampun wonten kedadosan menapa.

“Nyuwun pangapunten Gus” saderengipun kula kober taken, Ki Sanja salah satunggaling abdi Kalurahan nyaketi kula kalihan wicanten alon-alon, lathinipun kacaketaken ing kuping kula “Nyai Lurah gerah dadakan, kala wau nalika nembe methiki sekar melathi ing sacaketing regol dumadakan dhawah lajeng kantaka. Samangke nembe dipun upakara dening tiyang-tiyang estri ing jogan dalem wingking”.

Boten sranta kula lajeng setengah mlajeng mlebet griya murugi papanipun Biyung dipun upakara dening tangga-tangga. Tiyang-tiyang ingkang sami ngupengi Biyung sami piyak suka margi dhateng kula. Kula lajeng mapan linggih jengkeng ing sisih keringipun Biyung ingkang gumlethak ing tikar, mustakanipun dipun pangku dening Bapa. Pasuryanipun Biyung ketingal pucet sanget, netranipun merem dipet. Wajanipujn nggeget kados tiyang ingkang nembe ngempet raos sakit.

 

Ana candhake

 

 

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...