Total Tayangan Halaman

Kamis, 31 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (95)

95.

        Alon-alon tangan kula, kula tumpangaken ing palarapanipun Biyung. Lajeng pipih ingkang wonten sacaketipun kula pendhet, kula angge ngusapi riwenipun. Wangunipun Biyung kraos menawi kula usap riwenipun, netranipun dipun bikak, nglirik dhateng kula, lajeng mesem.

        “Kowe ora apa-apa Nang?” kanthi suwanten ingkang alon Biyung ndangu kula. Kepireng aneh pandangunipun Biyung menika, panjenenganipun ingkang nembe gerah, malah kula ingkang dipun dangu “boten menapa-menapa”.

        “Pradapa seger waras Biyung” atur wangsulan kula “Biyung enggal dhangan inggih?”.

        “Sokur ta nek pancen kowe ora apa-apa Ngger” Biyung ngendika malih “jebul wewayangan sing tak sawang mau mung wewayangan suwung, tiwas aku kaget nganti dadi rejengane wong akeh kaya ngene”.

        “Ki Lurah, kaparenga nulungi, kula kepengin linggih piyambak” Biyung lajeng matur dhateng Bapa ingkang mangku mustakanipun.

        “Iya ayo tak tangekne Nyai” wangsulanipun Bapa kalihan nulungi Biyung “kene sendhen ing dhadhaku kene, sadurunge kekuwatanmu bali pulih”.

        Biyung lajeng lenggah kalihan sumendhe dhateng Bapa. Tiyang-tiyang ingkang sami ngrubung dening Bapa dipun sasmitani murih sumingkir saking mriku rumiyin, supados hawanipun boten sumpeg.

        “Sliramu mau genahe kepiye ta Nyai?” sasampunipun tiyang-tiyang sami sumingkir tebih, Bapa lajeng ndangu dhateng Biyung “kok jarene sing weruh mau, dumadakan sliramu rubuh banjur ora eling apa-apa? Lan sawise anakmu lanang nyedhak kowe kandha yen weruh sesawangan sing jebule mung wewayangan sing suwung, sliramu mau weruh apa Nyai?”.

        “Inggih Kyaine” atur wangsulanipun Biyung kaselanan mawi nyruput wedang jahe benter ingkang cumawis ing sacaketipun “kula piyambak inggih kirang patosa cetha. Kala wau kula rak nembe kasengsem methiki sekar melathi ingkang nedheng mekar-mekar ing sacaketing regol, badhe kula sukakaken ing cem-cemaning klentik. Dumadakan kula mireng suwanten pating jalerit saking katebihan. Sareng kula ngadeg sarwi nilingaken asaling suwanten, dumadakan kula sumerep gunung lan jurang-jurang ingkang lebet mapan ing sabranganing margi ngajengan mriku. Lan ing gunung ingkang ngongkang jurang menika kula sumerep putra ndika pun Pradapa menika nembe mlajeng-mlajeng mbujung Podhang Pita, temah sukunipun kepleset dhawah kajegur dhateng salebeting jurang. Sakala kula njerit sakayangipun ketang kageting manah kula, salajengipun kula sampun boten emut menapa-menapa malih. Nembe kraos menawi kula sampun kabekta mlebet griya nalika kringet kula dipun seka putra ndika pun Thole Pradapa niku wau”.

        Ketingal menawi Bapa sakalangkung migatosaken atur wangsulanipun Biyung ingkang makaten menika. Menika saged katitik saking njengkerutipun kulit ing palarapanipun, lan sareng sampun rampung anggenipun Biyung atur wangsulan, kepireng suwantenipun Bapa ingkang lajeng unjal ambegan landhung.

        “Nyuwun pangapunten Kyaine” sareng sampun radi dangu Bapa boten ngendika menapa-menapa, Biyung lajeng matur malih “menika pralampita menapa ? mbok inggiha Kyaine nyukani kabar dhateng kula. Jalaran sanaosa sak niki anak kula Pradapa boten kirang setunggal menapa, nanging wewayanganing sesawangan ingkang ndadosaken kaget kula menika tansah kumanthil-kanthil ing mripat niki lan ingkang makaten kala wau ndadosaken manah kula tansah kraos sar-saran ingkang boten kanten-kantenan”.

        “Kuwi dudu pralampita apa-apa Nyai” dhawuh wangsulanipun Bapa “wangune sliramu kuwi kekeselen lan kurang leren, saking nggonmu ketungkul nandangi gaweyan nganti kowe lali mangan lan ora kober leren, angen-angenmu klambrangan tekan ngendi-endi sing pungkasane kaya sing mbok alami iki, weruh sesawangan sing satemene wewayangan sing ngayawara”.

        “Rumaos kula, kula niki nggih boten nyambut damel menapa-menapa lho Kyaine?” Biyung  gentos wangsulan “menawi prekawis nedha, kula inggih boten kirang, tiyang saben-saben ngladosi ndika dhahar ngoten nika kula nggih lajeng tumut nedha, menawi dinten Senen lan Kemis kula inggih ndherek siam ndika. Lan kula ugi boten ngraosaken kesel babar pisan, tiyang kula boten nyambut damel awrat”.

        “Sliramu kuwi pancen angel kok nek dituturi” Bapa ngendika kalihan mesem “lha wong genah wis sepasar luwih ajeg lesungmu jumengglung suwarane, merga sliramu lan para simbok padha repot yasa beras ngono lho? Orawa tanganmu kekeselen ngudang alu, ya ora sedhela nggonmu mumet inter-inter lan tapen. Merga atimu seneng, sliramu ora ngrasakne kesel, nanging sirah karo bebaumu ora bisa diapusi, panggah upama bisa guneman mesthi padha kandha nek mbutuhne leren sauntara. Karo maneh anakmu lanang kuwi wis gedhe tuwa, wis bisa ngopeni awake dhewe, pikiranmu aja kaya nalika Pradapa isih cilik biyen, nek tiba saka olehe dolanan isih mbutuhake pitulungan bisane tangi, nganti sapari polahe Pradapa mbok uwasi aja nganti dolanan sing bisa mbebayani.”

        “Inggih, inggih Kyaine” Biyung nguwali anggenipun sendhen dhateng Bapa kalihan atur wangsulan “perkawis damelan mila ndika ingkang leres, nanging menawi prekawis Pradapa, menapa estu yoga ndika niku empun ageng ?”.

        “Sliramu ki gek kepiye ta?” Bapa mangsulaken pitakenipun Biyung “genah nek karo aku wae wis dhuwur Pradapa ngono kok, sliramu malah isih ndadak takon tenan apa ora? Apa sliramu duwe karep liya?”

        “Kajeng sanes pripun Kyaine?”

        “Sliramu wis kepengin momong putu?” Bapa pitaken kalihan gumujeng.

        “Gene ya wis pirsa ngoten lho? Kok ndadak takok barang?”.

        Mireng anggenipun gegujengan antawisipun Bapa kalih Biyung ingkang nggepok kula makaten menika, raosing manah kula inggih lajeng lingsem piyambak. Estunipun Biyung sampun wongsal-wangsul paring dhawuh dhumateng kula murih kula enggal pados sisihan, awit kanca dolan sabarakan kula sampun meh sedaya gadhah semah. Nanging kula dereng kepengin mangun bebrayan, kula taksih rumaos kirang ing sadhengah seserepan, inggih seserepan ing babagan kanuraganm babagan bebrayan, sastra lan sanesipun. Kula taksih kepengin pados lan mewahi seserepan kula langkung rumiyin.

        Ketingalipun Bapa tanggap kalihan kawontenan kula, mila lajeng dhawuh dhateng Biyung :

        “Perkara olehmu kepengin enggal momong putu kaya tangga-tanggane dhewe, bisa dirembug sesuk-sesuk, sing baku wektu iki sliramu kudu waras dhisik”.

        “Kula sampun saras kok Kyaine?” wangsulanipun Biyung “kantun lemes lan kraos lungkrah kemawon”.

        “Iya, kareben enggal bali pulih kekuwatanmu lan ilang rasa lungkrahmu, saiki enggonen turon neng senthongmu kana. Mau aku isih krungu suwarane mBokne Gendruk jagongan karo wong-wong neng Gandhok wetan, kongkonen supaya ngancani lan ngurut sliramu pisan” Bapa nglajengaken dhawuhipun dhateng Biyung murih tumuli kendel ing papan pasareyanipun.

        Biyung inggih lajeng jumeneng badhe madosi mBokne Gendruk badhe kadhawuhan meteki saliranipun ing patunggon. Nalika kula nututi ngadeg badhe nglawani anggenipun Biyung tindak, kalihan mesem Biyung paring dhawuh :

        “Aku wis kuwat dhewe kok Nang, aja banget-banget nggonmu mikirne Biyung, merga Biyung ora apa-apa tenan”.

        Nembe sasampunipun kula sumerep Biyung medal saking gandhok wetan tindak tumuju patunggonipun lan dipun tutaken mBokne Gendruk, Dhukun pijet ingkang kulina meteki Biyung, kula lajeng wangsul mapan linggih ing sandhingipun Bapa malih. Nanging kula radi gumun, kalihan lenggah ing papanipun kala wau ketingal menawi Bapa nembe nindakaken lampah semedi. Lenggahipun sila suku kanan tumumpang ing suku kering. Epek-epeking asta kanan kering tangkeb ing sangajenging jaja. Mustaka radi tumungkul kalihan netra anglirik dhateng pucuking grana. Ngantos sawatawis dangu Bapa namung kendel kados reca, malah napasipun ugi boten kapireng babar pisan. Kula inggih lajeng mapan linggih ngapurancang ing ngarsanipun Bapa, boten wantun kumecap menapa-menapa.

        Sareng sampun sawatawis dangu, Bapa sampun rampung anggenipun nindakaken lampah semedi. Lajeng wangsul lenggah kanthi limrah, kula lirik ketingal menawi Bapa nembe ngampet raos ingkang boten sekeca ing penggalihipun. Sasampunipun unjal ambegan landhung kaping tiga, Bapa lajeng ndangu kula :

        “Kowe mau isih ana kene ta Pradapa? Kepiye Biyungmu mau? Wis gelem leren neng senthonge apa isih ana ngendi?”.

        “Inggih Bapa, Biyung sampun mlebet ing patunggon dipun kancani mBokne Gendruk” wangsulan kula menapa wontenipun.

        “Kowe mau menyang ngendi kok olehmu nyedhak Biyungmu wis suwe sawuse Biyungmu ngglethak ora eling, kowe lagi teka? Sangertiku, wiwit sadurunge srengenge ngglewang mangulon kowe mau wis ora ana omah ta? Menyang ngendi kowe mau Ngger?” dumadakan Bapa ndangu dhateng kula, mundhut pirsa makaten menika.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” kula lajeng atur wangsulan, kalihan nimbang-nimbang salebeting manah, prayogi menapa boten manawi dhawuh welingipun Raden Gunendra dhateng kula kala wau, kula aturaken dhateng Bapa pisan “mila wiwit tengange kala wau, kula dhateng Sanggar, katimbalan marak dening Rama Kyai Daka”.

        “Iya, iya kabeneran yen pancen mangkono” Dhawuh pangandikanipun Bapa malih “ana bab-bab wigati sing arep tak kandhakne sarta tak rembug karo kowe, nanging ora saiki awit wektune wis rada kesoren, kamangka sing arep dirembug cukup akeh. Dadi mengko bengi wae, kowe aja lunga saka omah, aku karo kowe bisa jagongan nganti katog ana ing Sanggar Kalurahan”.

        “Manawi makaten inggih ngestokaken dhawuh Bapa” atur wangsulan kula, kalih ing salebeting manah wonten sakedhik raos cuwa, awit dereng saged ngaturaken dhawuh pawelingipun Raden Gunendra dhateng Bapa.

        Bapa lajeng jumeneng, tindak dhateng pancuran badhe sesuci, kados padatan saben dintenipun inggih menika kangge ngayati jejibahan kapitayan ingkang dipun rasuk, manembah ing wanci sonten sasampunipun wewayanganing barang ingkang kasorot dening surya langkung panjang katimbang barangipun. Kula piyambak inggih lajeng medal saking griya badhe nindakaken kuwajiban nyawisaken diyan ingkang badhe kasumet mangke dalu murih kawontenan boten peteng.

 

Ana candhake.

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...