Total Tayangan Halaman

Jumat, 01 September 2023

SENDHANG ,ISTIKANING WARIH 7 (96)


 

96.

        Kraos dangu sanget anggen kula ngrantos anggenipun Bapa nindakaken panembah wanci pacak dalu. Wongsal-wangsul anggen kula ngungak papan panembah, inggih Bapa panggah taksih lenggah sila majeng mangilen kalihan muter kagunganipun kalung ingkang kadamel saking rentengan wohing jali. Kula boten ngertos menapa ingkang dipun ungelaken Bapa salebeting nindakaken lampah panembah makaten menika. Estunipun, jaman taksih alit kula nate dipun ajak Bapa lan dipun wucal cara-cara menembah kados ingkang dipun tindakaken Bapa ngaten menika. Malah anggenipun mucal Bapa radi keladuk, menawi kula boten purun sok dipun gitiki. Ingkang makaten menika kala wau ndadosaken asring salah tampi antawisipun Bapa kalih Biyung, awit Biyung menika sakalangkung tresnanipun dhateng kula temah boten rila menawi kula dipun dukani Bapa. Sareng mindhak ageng, lan lajeng kathah srawung kalihan kanca-kanca sabarakan, lampah panembah ingkang dhawuhipun Bapa satunggaling kuwajiban ingkang boten kenging dipun tilar menika, sansaya awis kula lampahi awit kawon kalihan karepotan mburu remening manah. Ing wasana sansaya dangu lajeng raos menawi lampah panembah menika kuwajiban sampun ical saking manah babar pisan. Menapa malih kula ugi asring mireng pitutur saking tiyang-tiyang ingkang kula anggep pinter, bilih manembah dhateng Gusti menika boten kedah kados ingkang dipun tindakaken Bapa menika. Ingkang baken salebeting gesang menika sampun ngantos damel kapitunaning sanes, menika saestu sampun cekap. Malah menawi lampah panembah kados ingkang dipun tindakaken dening Bapa saben dinten kaping gangsal menika klentu anggenipun nglampahi kirang-kirang bejanipun saged nuwuhaken dosa ingkang ageng, awit manembahipun dipun tedah-tedahaken tiyang sanes, ingkang sami kemawon murih panggunggunging titah, ing satemah kados nandhing-nandhingaken Gusti kalihan kawula.

        “Mlebua kene Pradapa” boten kraos lan boten kula ngertosi jebul Bapa sampun rampung anggenipun nindakaken lampah panembah “banjur tutupen lawange, murih ora konangan wong liya. Jalaran sing arep tak rembug iki kalebu perkara wadi sing ora saben wong kena mangerteni”.

        Kula lajeng mlebet nusul Bapa ing papan kangge manembah, sasampunipun kori kula tutup, kula lajeng mapan linggih ing ngarsanipun Bapa sumadia nampi dhawuh ingkang ngendikanipun Bapa kalebet barang ingkang ngemu wewadi menika kala wau.

        “Sumurupa Pradapa” Bapa miwiti paring dhawuh “anggonku aweh weruh marang Biyungmu mau satemene ora bener, nanging panggah tak kandhakne marang Biyungmu murih ora sansaya nambahi kisruhing atine wae”.

        “Dados boten leres menawi Biyung menika kesayahen Bapa?” kula sumela atur nyuwun pirsa.

        “Nek kesele ya mesthi wae kesel, wong jenenge wong tumandang gawe kuwi mesthi suwe-suwe ya nganggo kesel barang” dhawuh wangsulanipun Bapa “nanging Biyungmu kuwi duwe kekuwatan simpenan sing cukup akeh, mula sanadyan paribasan saben dina ora leren nggone nutu pari, mbebak gabah, nosoh beras wuluh, tapen lan inter-inter ora bakal ndadekne Biyungmu nganti rubuh kantaka kaya awan mau”.

        “Lajeng menapa ingkang anjalari Biyung ngantos kantaka lan boten emut menapa-menapa kala wau siang menika Bapa?”

        “Kowe kudu ngerti ya Ngger” Bapa paring pangandika malih “Biyungmu kuwi dudu jamaking wong wadon sing lumrah, nanging wong wadon sing gedhe tirakat lan prihatine wiwit jaman isih nom biyen nganti tekan saiki. Mula ora aran aneh yen banjur kaparingan nugraha dening Gusti sing wujude lantiping panggraita sing adoh ing sadhuwure wong-wong liyane, malah kepara mbok menawa wae luwih dhuwur lantiping panggraitane Biyungmu tinimbang panggraitaku”.

        “Lajeng sambetipun kalihan anggenipun Biyung kantaka kala wau kados pundi Bapa?” kula nyuwun pirsa malih.

        “Awit saka lantiping panggraitane Biyungmu, temah Biyungmu kerep wae bisa weruh sasmitaning jagad kang bakal dumadi. Mung emane gandheng lantiping panggraita sing digadhuh dening Biyungmu kuwi ora dilelinthing kanthi becik, anane sasmita sing diweruhi sok malah ndadekne bingunge atine, kaya kedadean awan mau sing ndadekne Biyungmu rubuh kantaka” Bapa paring wangsulan nyethakaken ingkang sampun dipun alami dening Biyung.

        “Manawi makaten, wewayangan ingkang dipun pirsani Biyung kala wau siang menika dede wewayangan suwung kados ingkang Biyung dhawuhaken wau Bapa?” kula lajeng matur nyuwun pirsa dhateng Bapa prakawis ingkang dipun sumerepi Biyung saderengipun dhawah kantaka kala wau.

        “Miturut panrawanganing batinku liwat laku pasujudan nalika Biyungmu pamit arep mlebu Senthonge nindakne pakonku mau awan” Bapa lajeng paring wangsulan “mula nyata Biyungmu nampa sasmita yen wektu iki kowe lagi sajroning bebaya gedhe sing ora mbok ngerteni. Bebaya kuwi mawa pancingan sing wis gawe sengseme atimu. Mung wae aku durung mudheng apa wujude pancingan kang disanepakne rerupan manuk Podhang Pita kaya sing diweruhi Biyungmu ing sasmita sing ditampa. Yen miturut ancer-ancere layang primbon sing tau tak waca jaman aku isih manggon ana Pajang biyen Manuk Podhang Pita kuwi bisa dadi pralambange wanita, bisa uga sanepane palungguhan, pusaka lan uga aji jaya kawijayan. Jaman biyen sadurunge aku kepethuk karo Biyungmu tau ana sasmita rupa Manuk Podhang Pita sing jebule kuwi pralambange wanita sing ditresnani”.

        “Dados Bapa nate ngalami nampi sasmita ingkang ing mriku wonten Podhang Pita ?” kula sumela atur.

        “Dudu aku sing nampa sasmita, nanging Simbahmu Wedok ya Biyungku” Bapa paring wangsulan “nalika samana Simbahmu Wedok weruh sesawangan ing antarane ngimpi karo ora, jalaran wektu kuwi Simbahmu Wedok ora turu, nanging weruh sesawangan kang cetha, ya kuwi rumangsane Simbahmu Wedok, aku lagi menek wit waringin arep ngundhuh Manuk Podhang Pita sing nusuh ana kono, nanging aku dadi keblorot mudhun ora sida bisa nyekel Manuk Podhang kuwi, jalaran dumadakan ana manuk Alap-alap Wulung sing nyaut Manuk Podhang kuwi digawa mabur adoh embuh menyang ngendi parane”.

        “Lajeng jumbuhing kalihan kedadosan ingkang nyata salajengipun menapa Bapa?” kula nyuwun pirsa malih.

        “Critane kuwi rada dawa, nanging ringkese mangkene” Bapa lajeng paring wangsulan “biyen aku sadurunge pethuk Biyungmu tau ngiket janji arep urip bareng karo sawijining kenya tunggal desa. Wong tuwane kenya kuwi isih mitra rakete Simbahmu Lanang, lan uga wis nyarujuki aku dadi mantune. Nanging kabeh mau jebul ora kelakon. Kurang sepasar anggonku arep budhal nyantri ing omahe calon Maratuwa, dumadakan  Wong Tuwane kenya sing tau dadi gegantilaning atiku kuwi nemoni Simbahmu Lanang, ngabarake yen kapeksa murungake nggone arep bebesanan. Dene sing dadi jalaran, ya iku anake wedok dikersakne dening Punggawa Kasultanan Pajang sing pangkate Tumenggung Kaprajuritan. Yen nganti pamundhute nDara Tumenggung kuwi ora diolehi, mangka calon mara tuwaku sing ora sida kuwi arep dipidana abot. Wekasan wong kuwi mung bisa pasrah, anake wedok klakon diboyong nyang Dalem Katumenggungan didadekne garwane nDara Tumenggung”.

        “Lajeng Bapa kados pundi?” kula sumela atur.

        “Nemoni kanyatan kaya mangkono kuwi, aku dadi kaya wong kentekan nalar, susah, sedhih, pegel, gela, nesu campur adhuk dadi siji” Bapa nglajengaken anggenipun cariyos “wekasan ragaku sing ora kuwat, aku banjur kecandhak lelara panas-tis, nganti pirang-pirang tahun suwene mung bisa dadi kembange dhipan. Warase olehku lara sawuse aku diendhangi Simbahmu sekalihan, ya kuwi wong tuwane Biyungmu sing wektu kuwi ngajak anake wedok. Simbahmu ngujar-ujari aku, yen aku bisa tumuli waras saka anggonku lara mangka bakal dipek mantu dijodhokne karo anake wedok. Let sepasar saka anggone ngunekne ujar Simbahmu kuwi, aku keparingan waras. Mula aku ya banjur dijodhokne karo anake wedok nganti tekan saiki iki lan wis nukulake kowe kuwi Pradapa”.

        Bapa kendel anggenipun cariyos, kula manthuk-manthuk nggambaraken lelampahan ingkang dipun alami dening Bapa saderengipun kepanggih kalihan Biyung.

        “Saiki aku arep takon, wangsulana apa anane” sasampunipun kendel sawatawis Bapa lajeng ngendika malih “dina iki apa kowe lagi mambu ati marang sawijining kenya? Yen bener, banjur kenya kuwi anake sapa ? omahe ngendi?”.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” ngatos-atos kula matur “ing ngajeng Bapa ndhawuhaken bilih miturut ungelipun Serat Primbon jaman kina, Peksi Podhang Pita menika kajawi saged minangka pralambangipun pawestri, ugi saged dados pralambang saking Pangkat, Pusaka lan Aji Jaya Kawijayan. Lan mugi kauningan Bapa, ngantos titi kalenggahan menika kula dereng nate kasengsem dhateng kaendahaning kenya”.

        “Yen mangkono” Bapa numpangi atur kula “kowe awan mau kandha yen wiwit sadurunge tengange kowe ana ing Sanggar awit ditimbali dening Kyai Daka. Banjur apa sing wis mbok tindakne nalika kowe ing sanggar mau lan dening Kyai Daka kowe diwejang apa wae?”.

        Sakedhap kula njejegaken anggen kula linggih, lajeng kula ngaturaken sedaya lelampahan ing wau siang. Wiwit dipun tepangaken kalihan Raden Gunendra, lajeng kacariyosan ingkang dados panyuwunipun  Ki Danara dhateng Raden Gunendra, ingkang kepengin dados pangajeng saha suhipun Para Bebau ing Kepuh Agal, lajeng sumerep katiyasanipun Aji Paluwaja saha Aji Mahesasakecu ingkang dipun tedahaken dening Raden Gunendra, tuwin keparengipun Raden Gunendra badhe nurunaken Aji Paluwaja lan Maesasakecu tuwin aji sanesipun dhateng kula.  Lan ingkang pungkasan ugi kula aturaken pisan piwelingipun Raden Gunendra menawi tigang dinten malih badhe rawuh ing Kalurahan saprelu manggihi Bapa.

        Bapa ketingal migatosaken anggen kula matur. Nanging dereng ngantos Bapa paring dhawuh menapa-menapa , dumadakan korinipun senthong papan panembah menika dipun dhodhog seru saking jawi, kahiring panguwuhipun mBokne Gendruk ingkang sambat nyuwun pitulungan dhateng Bapa.

 

 

Ana candhake

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...