97.
Bapa
ketingal kejot penggalihipun, lajeng jumeneng tindak nyaketi kori lan dipun
bikak. Kula tutwuri ing sawingkingipun Bapa. Sasampunipun kori dipun bikak,
mBokne Gendruk ketingal pucet praupanipun, sunaring mripatipun nedahaken nembe
kabidhung raos ajrih lan bingung manahipun.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah, anu…a… Nyai Lurah anu eh ……..” mBokne Gendruk wicanten
gugup lan boten cetha ingkang dipun kajengaken.
“Alon
lan sabar mBokne Gendruk” Bapa ngendikani mBokne Gendruk “lerena sedhela,
nyedhot ambegan landhung, banjur kandhawa sing cetha!”.
“Inggih
Ki Lurah” sasampuning dhawuhipun Bapa dipun lampahi mBokne Gendruk lajeng saged
gineman kanthi sareh “kalawau bakda serap niku, kula rak dipun timbali Nyai
Lurah malih?”
“Iya,
wangune nggonmu meteki Nyai Lurah durung tatas?” Bapa nugel aturipun mBokne
Gendruk.
“Boten
Ki Lurah” mBokne Gendruk matur “Nyai Lurah boten mundhut dipun peteki, nanging
dhawuh supados kula ngancani anggenipun badhe sare, dhawuhipun tansah trataban
lan wonten raos ajrih ing penggalihipun, dhawuhipun malih mangke menawi Ki
Lurah sampun rawuh ing patunggon, nembe kula kaparengaken ngalih dhateng
senthong sanes, nanging kula dereng kaparengaken wangsul utawi kesah saking
dalem Kalurahan mriki rumiyin”.
“Iya
sabanjure kepiye?” Bapa mundhut pirsa
malih.
“Kula
inggih lajeng mapan ngestokaken dhawuh, Nyai Lurah kula aturi mapan sare
rumiyin, sawatawis kula linggih boten tebih saking Dhipan. Waunipun inggih
boten wonten menapa-menapa, malah kalih sarean Nyai Lurah ngajak criyos
prakawis anggenipun yasa wos cawisan kangge adicara Bersih Desa wulan ngajeng
menapa. Nanging niki wau, nembe kemawon Nyai Lurah kendel anggenipun ngendikan
dereng wonten wekdal sapanginang, dumadakan wungu saking anggenipun sare,
kawontenanipun aneh, kados tiyang ingkang ajrih, boten ngendikan menapa-menapa
nanging malah netranipun mencereng abrit, lajeng jumeneng ing pojoking senthong
kalihan netra jlalatan kados pirsa rerupen ingkang nggegirisi. Kula ajrih, mila
lajeng kengkenan mBok Jayem murih ngawat-awati Nyi Lurah, kula piyambak lajeng
mriki menika, awit kala wau sonten Nyai Lurah dhawuh menawi Ki Lurah nembe tirakat
wonten mriki”.
“Iya,
iya mBokne Gendruk, saiki tak paranane lagi ngimpi apa Nyi Lurah kuwi” tanpa
ngentosi wangsulan Bapa lajeng tindak tumuju papanipun Biyung. Kula inggih
lajeng tut wuntat.
Nembe
kemawon Bapa mlebet senthong papanipun Biyung, sampun dipun tubruk lan dipun
rungkebi dening Biyung kalihan muwun.
“Kyaine,
sampun ndika tegakaken putra ndika nika, Kyaine” aturipun Biyung ing sela-selaning
muwunipun.
“Ora,
ora Nyai” dhawuh wangsulanipun Bapa sareh “aku ora bakal negakne anakmu si
Pradapa, lha iki lho bocahe ya ana kene awor karo aku”.
“Inggih
Biyung” kula tumut wicanten “kula boten kenging menapa-menapa, malah kala wau
nembe kemawon jejagongan kalihan Bapa”.
Dupi
mireng suwanten kula, Biyung lajeng ngalih saking anggenipun ngrungkebi Bapa,
gantos ngrangkul kula, kula dipun kekepi kados jaman taksih alit siyen. Kula
tanggap, Biyung lajeng kula rangkul lan kanthi alon kula tuntun murih lenggah
ing dhipan pasareyanipun.
“Oalah
Gusti kula nyuwun pangapura” sareng sampun sawatawis anggenipun ngekepi kula,
Biyung lajeng nyebut tumunen ngendika dhateng saliranipun piyambak “jebul aku mau mung nglindur, aku
ora ngerti nek jebule mau mung ngimpi”.
“Bener
Nyai” Bapa nyaut pangandikanipun Biyung “sliramu mau ngimpi banjur nglindur,
sing nggawe kaget lan wedine mBokne Gendruk sing ngancani sliramu, uga gawe
kagete anakmu lanang lan aku sing lagi jagongan ing ngarep sisih kiwa kana”.
“Nyuwun
pangapunten Kyaine sedaya menika babar pisan boten kula sengaja” Biyung matur
nyuwun pangapunten dhateng Bapa.
“Jenenge
ngimpi lan nglindur, mesthi wae ora ana sing ndadak nganggo disengaja” kalihan
radi gumujeng Bapa paring wangsulan “lan jenenge wong lagi ngimpi utawa nganti
nglindur, kuwi ora kena diluputake, sliramu ora luput Nyai”.
“Nanging
mila supena kula kala wau kados kedadosan ing alam nyata, kula ajrih sanget
Kyaine” Biyung wiwit ketingal membik-membik badhe muwun malih.
“Iya
Nyai aku ngerti” Ngendikanipun Bapa sareh “jenenge impen kuwi yen durung
nglilir ya pancen kaya tenanan ngana kae, nanging sawise tangi rak ya banjur
ngerti nek sing diprangguli mau jebul mung ngimpi, dadi rasa wedi kuwi becike
enggal dikipatne wae, merga mung impen ora ana nyatane. Lha sliramu mau ngimpi
apa ta?”.
“Mugi-mugi
pasupenan menika dede pasupenan puspatajem, ingkang dados sasmitaning jagad
dhateng kula, inggih Kyaine?” Biyung atur wangsulan kalih nenuwun .
“Iya
Nyai, bannjur sliramu mau ngimpi apa?” Bapa ngambali anggenipun mundhut pirsa.
“Ing
salebeting pasupenan kala wau” Biyung wiwit nyariyosaken pasupenanipun “kula
sumerep ndika Kyaine kalihan putra ndika pun Pradapa, ndika kekalih nembe
nganam blarak damel bleketheple ing sisihing gandhok sisih kilen mrika, ingkang badhe kadamel payoning tarub ing
adicara Bersih Dhusun wulan ngajeng. Ketang anggen ndika ketungkul damel
Bleketheple, temah ndika menapa dene putra ndika boten pirsa menawi wonten
Segawon ulesipun cemeng ingkang agengipun samaesa benthung. Dumadakan segawon
cemeng kala wau nubruk putra ndika saking wingking pas gegeripun, Pradapa
dhawah saking gegeripun ngedalaken rah ingkang kathah, lajeng dening segawon
kala wau dipun saut mawi congor ingkang untunipun ketingal landhep,
lancip-lancip. Pradapa lajeng dipun gondhol kesah kalihan mlajar. Lajeng
jengandika Kyaine, mbujung segawon ingkang nggondhol putra ndika kala wau.
Sasampunipun ndika lan putra ndika boten ketingal, dumadakan ing sandhing kula wonten
kethek ingkang agengipun boten kantenan, lan kethek kala wau badhe nyakar kula,
kula ajrih sanget, dumadakan kula sumerep ndika sampun rawuh malih mila lajeng
kula rungkebi kala wau”.
“Hm…….”
Bapa unjal ambegan landhung lajeng ngendika “impen sing nggegirisi, mula ya
pantes nek sliramu banjur nglindur kaya ngono kuwi mau”.
“Rumaos
kula, anggen kula tilem wau dereng dangu lho Kyaine” Biyung matur malih lajeng
nyuwun pirsa “menika pasupenan mengku werdi menapa inggih Kyaine?”.
“Ngimpi
kuwi kembange turu” dhawuh wangsulanipun Bapa ayem “ora prelu digagas
nemen-nemen, marahi neng sirah mumet. Sliramu kuwi kekeselen, enggal dienggo
leren, ayo tak kancani kareben bisa angler nggonmu turu”.
Bapa
lajeng minggah ing dhipan badhe mapan sare, Biyung inggih lajeng nusul Bapa,
mapan sare ing sisihipun Bapa. Kula lan mBokne Gendruk, ugi mBok Jayem lan para
rewang ingkang kala wau tumut ngawat-awati Biyung lajeng medal, wangsul dhateng
papanipun piyambak-piyambak.
Kalih
glethakan ing amben, angen-angen kula nglambrang dhateng pundi-pundi. Kula
radi-radi pitados kalihan dhawuhipun Bapa, bilih anggenipun Biyung sumerep
wewayangan ingkang ndadosaken Biyung dhawah kantaka kala wau siang menika
wujuding sasmita saking jagad, ingkang ngabaraken bilih kula wekdal menika
wonten salebeting bebaya ageng. Kula lajeng nginten-nginten pasupenanipun
Biyung niki wau ugi sasmita gaib. Angen-angen kula sansaya nglambrang tebih,
saupami kemawon kula sampun kagadhuhan Aji Maesasakecu saha Aji Paluwaja tuwin aji
jaya kawijayan sanesipun ingkang badhe
dipun turunaken dening Raden Gunendra, kula mesthi boten badhe was lan boten
prelu kuwatir sanaosa badhe ngadhepi bebaya kados menapa kemawon wujudipun.
Nanging benjing menapa aji jaya kawijayan kala wau saged kula gadhuh?, kala wau
Bapa ugi dedreng kober ngendika menapa-menapa ing babagan menika. Wasana kula
inggih lajeng tilem.
Dinten
enjingipun, nalika anggen kula tangi radi kerinan, kula dipun caketi dening
Paman Genter, salah satunggaling rewang utawi abdi dalem kalurahan. Dening
Paman Genter kula dipun sukani kabar bilih enjing menika Biyung nandhang gerah
benter katambahan watuk ngikil ingkang ngantos luntak rah saking lesanipun.
Kula tumunten reresik badan lajeng mlebet ing patunggonipun Biyung.
Jebul
ing patunggonipun, Biyung dipun tenggani Bapa lan para abdi kalurahan. Kula
inggih lajeng nusul mapan linggih ing sacaketipun Biyung. Nalika kula nyobi
nggrayahi palarapanipun Biyung, mila estu palarapanipun Biyung benter sanget.
Lan Biyung ingkang netranipun dipun remaken, dupi kraos palarapanipun wonten
ingkang nggrayahi, lajeng ngendika sarwi mbikak netranipun :
“Pradapa
anakku ngger…….” Kalihan suwanten ingkang kepireng ringkih Biyung nimbali kula.
“Inggih
Biyung” wangsulan kula “Biyung sare kemawon, murih enggal saras”.
“Iya”
Biyung ngendika malih “wektu iki Biyungmu lagi nandhang lara, tak jaluk kowe
aja nakal ya nang? Aja tumindak neka-neka, merga yen nganti ana apa-apa marang
awakmu, Biyung ora bisa tetulung, kahanane Biyung lagi kaya ngene iki, ringkih
lan tanpa daya”.
“Inggih
Biyung” kula atur wangsulan “samangke Biyung kedah kathah kendelipun, sampun
menggalih ingkang boten-boten, putranipun Biyung sakniki sampun ageng, sampun
boten remen nakal lan tumindak ingkang boten leres. Dados Biyung sampun
sumelang malih, Pradapa badhe tansah ngatos-atos, sedaya welingipun Biyung
badhe tansah kula emut-emut”.
Biyung
boten wangsulan. Lajeng ngeremaken netranipun malih, boten dangu kepireng
suwantening napasipun sampun benten, inggih menika suwanten napasipun tiyang
ingkang nembe sare. Pirsa menawi Biyung sampun sare, Bapa lajeng jumeneng,
paring dhawuh dhumateng mBok Jayem kanthi suwanten alon murih anengga
anggenipun sare Biyung. Bapa lajeng paring sasmita dhumateng kula, kaajak medal
nilaraken patunggonipun Biyung.
“Pradapa,
katone lara sing disandhang dening Biyungmu iki dudu lara kang sabaene, dina
iki aku arep ninggalake omah kanggo golek tambane Biyungmu. Aku meling marang
kowe, aja pisan-pisan kowe ninggalake pekarangan Kalurahan sadurunge aku bali
menyang omah maneh. Lan weling sing kaping pindho yen bisa kowe aja adoh-adoh
karo patunggone Biyungmu” makatem dhawuhipun Bapa sasampunipun dumugi
sanjawining senthong papan sarenipun
Biyung.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar