98.
Kula
inggih namung matur sendika, boten matur nyuwun pirsa dhateng pundi anggenipun
Bapa ngupadi tambanipun Biyung. Sasampunipun Bapa bidhal, kula nunten wangsul
malih nenggani Biyung, ingkang ketingal taksih sare. Boten watuk babar pisan,
dados inggih boten ngedalaken rah malih. Kula nicil ayem, menapa malih saya
dangu ketingal anggenipun sare sansaya angler. Namung kala-kala mila taksih
ngeses kados nembe ngampet raos sakit, nanging inggih boten dangu lajeng
kendel, wangsul sare malih.
mBok
Jayem ingkang wongsal-wangsul nggentosi pipih kacelup toya minangka sarana
kangge ngirangi bentering badanipun Biyung, kula kengken leren, awit ketingal
sampun kesel sanget, jalaran anggenipun nenggani Biyung mila wiwit
saprotiganing dalu dumugi sapriki dereng wonyen ingkang nggentosi. Lan
padamelanipun nenggani Biyung kula gentosi. mBok Jayem inggih lajeng medal
nilar patunggonipun Biyung, gentos kula ingkang linggih caket kalihan
mustakanipun Biyung, murih gampil menawi nggantos pipih ingkang kacelup ing
toya asrep lan katemplekaken ing palarapanipun Biyung.
Nenggani
Biyung ingkang gerah lan namung kendel amargi sare, ndadosaken badan kraos
kirang sekeca, awit boten obah kados padatan, kajawi namung linggih kendel
tanpa guneman menapa-menapam malah obah ingkang nuwuhaken suwanten ugi boten
wantun awit ajrih menawi ngantos mbribeni sarenipun Biyung. Kula lajeng ngewahi
anggen kula linggih, suku kula slonjoraken geger lan sirah kula angge sumendhe
dhateng gebyog, kanthi makaten raosing badan kraos radi sekeca. Nanging jebul
kanthi linggih makaten menika sampun ndadosaken kula boten kraos ngantos
ketileman.
Inggih
ing salebeting katileman menika, dumadakan kula sumerep wewayangan ingkang
aneh. Lan langkung aneh malih, kula boten saged ebah lan boten saged ngucap
menapa-menapa, sagedipun namung nguwasi wewayangan ingkang aeng kala wau.
Rumaos kula ing senthong menika Biyung boten namung setunggal, nanging wonten
sekawan malih ingkang rupinipun persis kalihan Biyung. Biyung ingkang cacah
sekawan menika sami ngadeg jejer ing jogan madhep dhateng Biyung ingkang nembe
sare, sekawan-sekawanipun sami suka kurmat dhateng Biyung ingkang namung kendel
sare ing ambenipun, lajeng sami mlampah medal nilaraken senthong liwat kori.
Sareng Biyung cacah sekawan kala wau sampun boten ketingal, nembe kula saged
obah, anyarengi Biyung wungu saking anggenipun sare kapratandhan kalihan
mbikakipun netra ingkang kala wau merem.
Daya-daya
kula nata linggih kula lajeng madhep dhateng Biyung sarwi matur :
“Biyung
ngersakaken menapa? Ngunjuk menapa dhahar?”
Biyung
boten wangsulan kajawi namung nggedhegaken mustakanipun. Lajeng biyung mirsani
kula kalihan mesem, nanging rumaos kula esemipun Biyung menika ketingal benten
kalihan esem padatan. Boten dangu lajeng ngeremaken netra, wangsul sare malih kados
wau. Kula inggih lajeng nutugaken anggen kula nenggani ngantos Bapa rawuh
saking anggenipun ngupados jampi.
“Apa
Biyungmu wiwit mau babar pisan ora nglilir?” Bapa ndangu kula.
“Nglilir
sepisan Bapa” atur wangsulan kula, lajeng kula nyariyosaken sesawangan aneh
ingkang kula sumerepi nalika kula ketileman kala wau.
“Hm……”
Bapa unjal napas landhung lajeng ngendika “aku wis nggawa boreh kanggo
Biyungmu, nanging dhawuh sing tak tampa saka Eyangmu Nyai Pandhansari mau awake
dhewe iki titahing Allah, sing duwe kuwajiban mbudidaya nanging ora kinudokake
kasile. Kaping pindhone titah kudu tansah nyenyuwun marang Allah lan mesthi
bakal dikabulne, nanging wujud kabule panyuwunan kuwi ora dijumbuhake karo sing
dikarepne titah, nanging dijumbuhake karo sing dibutuhne titah mung emane akeh
titah sing ora weruh marang apa sing dibutuhne merga ketutup dening kekarepane.
Kaping telune, satemene kabeh barang kang gumelar iki kagungangane Allah,
manungsa saderma wenang anggadhuh, barang gadhuhan kuwi ora bisa digondheli yen
kakersakne bali dening ingkang Kagungan, kalebu sing aran pati uripe dhewe iki.
Dene prentah saka Eyangmu Nyai Pandhanwangi mau, awake dhewe, aku lan kowe kudu
gentenan nunggoni anggone turu Biyungmu, Biyungmu ora dikeparengake kijenan
turu tanpa ana sing nunggoni. Aku lan kowe kena bareng ninggalne Biyungmu yen
ana tamu wigati sing kepengin ketemu karo aku lan kowe”.
“Inggih
Bapa, sadaya dipun dhawuhaken Bapa menika badhe kula lampahi kanthi
sasae-saenipun” atur wangsulan kula ingkang lajeng kula susuli kalihan
panyuwunan pirsa “menapa Bapa samangke sampun saged manggihi Kanjeng Eyang Nyai
Pandhanwangi ?”.
“Dudu
aku sing bisa sowan marang Nyai Pandhanwangi” dhawuh wangsulanipun Bapa
“nanging pancen Nyai Pandhansari sing saiki madhepok ing papan kanggo tumibane
Sendhang Mustikawarih, ngersakne aku sowan. Mau niyatku satemene arep ngupadi
papane Sendhang Ngiyom, arep nyoba sowan Kanjeng Ratu Setyawati utawa
saora-orane ya sowan marang Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta saperlu arep nyuwun
pituduh kanggo nambani Biyungmu, nanging jebul lakuku malah dituntun manjing
marang Pratapane Nyai Pandhanwangi. Lan sawuse aku nampa dhawuh kaya sing wis
tak kandhakne mau, aku uga diparingi weruh senadyan bisa nemokne Sendhang
Ngiyom aku panggah ora bisa sowan marang Kanjeng Ratu Setyawati, Ki Jurudah apa
dene Ki Prasanta kajaba yen dikersakne wae, aku uga dielingake sawayah-wayah ana
wong sing melik marang Kyai Pantek lan aku utawa kowe ora bisa ngukuhi Keris
Kyai Pantek, murih ora ndadekne rusake jagad aku kadhawuhan nglarung Kyai
Pantek iku ing telenge Sendhang Ngiyom”.
“Inggih
Bapa, lajeng benjang menapa anggenipun Bapa badhe amborehi Biyung murih Biyung
tumunten waluya jati jati temahan waluya?” kula lajeng nyuwun pirsa anggenipun
badhe mborehi Biyung.
“Saiki
uga boreh sing ana takir iki usapna marang dlamakane Biyungmu, muga-muga bisa
ngilangake panase sarta ndadekne Biyungmu waras kaya wingi uni” Bapa paring
dhawuh kalihan maringaken takir plonthang ingkang isi beboreh.
Takir
Plonthang lajeng kula tampi lan kanthi ngatos-atos, dlamakanipun Biyung kanan
kering kula borehi. Biyung ketingalipun kraos menawi dlamakanipun kula usap
kalihan beboreh ingkang dipun asta Bapa kala wau. Sukunipun dipun obahaken,
sareng kula tingali jebul Biyung sampun wungu lan boten merem. Dupi pirsa menawi
kula borehi, Biyung lajeng mesem. Bapa ugi pirsa menawi menawi Biyung wungu.
Bapa lajeng sansaya nyaket anggenipun lenggah.
“Matur
nuwun Kyaine, awit paringipun jampi ingkang dipun borehaken putra ndika niku”
ngendikanipun Biyung dhateng Bapa.
“Ya
muga-muga bisa ndadekne sliramu enggal waluya jati Nyai” dhawuh wangsulanipun
Bapa ingkang kapireng rena penggalihipun.
“Inggih
Kyaine, kula sampun mantun kok Kyaine” Biyung ngendika malih “kantun nisa raos
sayah lan arip kemawon, mangke menawi sampun kula angge tilem lan kendel paling
dangu sapeken malih sampun ical sedaya sakit kula”.
“Iya
Nyai” dhawuh wangsulanipun Bapa “yen nyatane sliramu isih krasa kesel karo
ngantuk ya dienggo leren lan turu wae dhisik, kareben tenagamu tumuli pulih lan
bisa waras kaya wingi-wingi”.
“Inggih
Kyaine, boten langkung kula ndherek titip sampun ngantos Kyaine negakaken putra
ndika nempuh bebaya piyambakan” rampung ngendika makaten kala wau, lan dereng
ngantos Bapa paring wangsulan, Biyung sampun sare malih. Nanging sarenipun
Biyung boten kados kala wau, samangke anggenipun sare inggih kados tiyang boten
sakit. Saliranipun Biyung sampun boten benter kados wau. Samangke limrah kados
tiyang ingkang badanipun waras.
Bapa
wongsal wangsul unjal ambegan landhung. Nitik pasuryanipun Bapa ketingal nembe
nandhang sayah sanget. Awit saking menika, Bapa lajeng kula aturi murih lerem
ing papan palereman rumiyin. Kula ingkang badhe nenggani Biyung. Mangke kemawon
menawi Bapa sampun ical sayahipun, saged nggentosi kula. Inggih wiwit menika,
kula kalihan Bapa gentosan nenggani anggenipun sare Biyung. Ing wanci dalu,
saderengipun wanci lingsir, kula ingkang nenggani lajeng sasampunipun lingsir
dalu ngantos wanci saput siti, gentos Bapa ingkang nenggani. Menawi nuju siang,
sok kula kalihan Bapa sareng-sareng anggenipun nenggani Biyung. Lan wiwit sare
sasampunipun dipun borehi menika, Biyung babar pisan boten nate nglilir.
Nyarengi
tigang dinten saking anggenipun Biyung Kantaka ing sacaketing regol, ngepasi
kula kalihan Bapa sesarengan nenggani Biyung dumadakan Paman Genter nusul
mlebet dhateng patunggonipun Biyung. Ingkang makaten kala wau ndadosaken Bapa
lan kula radi gumun.
“nDika
ora tak timbali teka nusul neng patunggone Nyai Lurah kene Ki Genter? Ana apa?”
Bapa lajeng ndangu menapa pikajengipun Paman Genter.
“Nyuwun
pangapunten Ki Lurah” Paman Genter atur wangsulan “ing pendhapa wonten tamu
agung ingkang ngersakaken kepanggih kalihan Ki Lurah saha Gus Dapa”.
“Tamu
Agung? Sapa kuwi?” Bapa mundhut pirsa malih.
“Kula
boten mangertos, priyantunipun taksih kalebet timur watawis kaot tiga menapa
sekawan tahun langkung sepuh tinimbang Gus Dapa, kagungan pasuryan pekik, nitik
perbawa, lan busananipun ingkang mramong ingkang dipun agem, saha titihanipun
ingkang rupi Kapal Teji, kula kinten menika dede tiyang limrah” Paman Genter
atur wangsulan “lan nalika kula dipun dhawuhi murih matur dhateng Ki Lurah,
menawi teja ingkang nembe rawuh menika ngersakaken kepanggih Ki Lurah lan Gus
Pradapa, kula boten saged suwala”.
“Busanane
mopyor, ngemu perbawa, titihane Jaran Teji, sapa ya?” Bapa ngendikan kados
katujokaken dhateng panjenganipun piyambak.
Kula
lajeng kemutan kalihan dhawuh pawelingipun Raden Gunendra dhateng kula, ing
sanggar winadosipun Rama Kyai Daka menawi tigang dinten kapetang kalihan
anggenipun paring dhawuh menika, Raden Gunendra badhe rawuh dhateng Dalem
Kalurahan Kepuh Agal saprelu kepanggih Bapa lan badhe mundhut palilah menawi
badhe nurunaken aji jaya kawijayan dhateng kula.
Ana candhake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar