99.
Bapa
lajeng mirsani kula kalihan ngendika :
“mBok
menawa tamu iki sing dikersakne dening Nyai Pandhanwangi, yen aku lan kowe kena
ninggalne tamu sing wigati sing tekane arep nemoni aku lan kowe Pradapa”.
“mBok
bilih mila makaten Bapa” wangsulan kula cekak.
“Ya
wis yen pancen mangkono, ayo tamune ditemoni bebarengan, sauntara Ki Genter lan
mBok Jayem kareben nyulihi awake dhewe ngancani Biyungmu ing kene”.
Sasampunipun
Bapa paring dhawuh dhateng Paman Genter murih nenggani Biyung, kula lan Bapa
lajeng mlampah dhateng Pendhapa, badhe manggihi tamu ingkang dipun aturaken
Paman Genter kalawau. Saderengipun dumugi pendhapa, Bapa kober mlebet dhateng
plangkaning pusaka. Lan nalika miyos sampun nyengkelit Kyai Pantek ing lempeng
kananipun.
Pranyata
anggen kula nggadhahi panginten leres. Tamu ingkang katemben rawuh menika Raden
Gunendra saestu. Namung benten kalihan nalika jaman ing sanggaripun Rama Kyai
Daka kala emben, ingkang anggenipun nyebat asmanipun Bapa, Raden Gunendra
kepireng ngremehaken. Samangke sareng ing Pendhapa Kalurahan, dupi pirsa menawi
Bapa lan kula saking wingking medal dhateng Pendhapa, Raden Gunendra ketingal
suka pakurmatan dhateng Bapa langkung rumiyin, kanthi nindakaken sembah kalbu.
Bapa ugi ketingal boten benten anggenipun nampi rawuhipun Raden Gunendra,
panggah kados menawi manggihi tamu sanes. Sasampunipun anjawat astanipun Randen
Gunendra lajeng kaacaran lenggah ing gelaran joganing pendhapa. Kula ugi lajeng
atur sembah dhateng Raden Gunendra kados nalika ing sanggaring Rama Kyai Daka
kala emben.
“Nuwun
sewu saderengipun Kisanak” Bapa lajeng ngendika “sampun mastani kula tambuh,
awit mila sayegtosipun nembe menika kula kepanggih kalihan andika Kisanak. mBok
bilih wonten sarjuning panggalih, kaparengna Kisanak sudi paring uninga dhateng
kula pun Sarkara ingkang pinitados angesuhi Dhusun Kepuh Agal mriki menika,
Kisanak wingking saking kasatriyan pundi saha sinten sinambating wangi?”.
“Inggih
Ki Lurah” boten nyana babar pisan, jebul Raden Gunendra ngagem basa krama
nalika mangsuli pitaken saking Bapa “kula menika saking Dhukuh Gundhalasewu
sacaketipun Pasanggrahan Patalan, dene nami kula tiyang-tiyang sami amastani
Raden Gunendra”.
“Raden
Gunendra saking Dhukuh Gundhalasewu?” Ki Lurah amangsuli wangsulanipun Raden
Gunendra, kados nyethakaken ungeling tembung ingkang medal saking lesanipun
Raden Gunendra.
“Leres
Ki Lurah” Raden Gunendra lajeng suka katrangan malih “estunipun kula menika
suwaunipun saking Kitha Pajang, kula menika putranipun Rama Tumenggung
Dibyaningrat abdi dalem kaprajuritan ing Kasultanan Pajang duk ing uni,
ananging anyarengi ngalihipun Kraton Pajang dhateng tilas wana Mentaok ingkang
winastan Kutha Gedhe Mataram lan Kanjeng Rama Tumenggung surut ing kasedan
jati, boten dangu kula lajeng nilar Kitha Pajang lan gesang ing Dhuhuh Gundhalasewu”.
“Oooo,
dados jengandika menika putranipun Gusti Tumenggung Dibyaningrat Senapati
Pajang gandhenganipun Gusti Tumenggung Prabalintang, ingkang kondhang kaloka
ing rat prajurit sekti mandraguna, ingkang kagungan panguwaos namung satapak
ing sangadhapipun Kanjeng Sultan Adiwijaya piyambak menika?” Bapa ngendika
kanthi suwanten kados nocogaken pangintenipun.
“Bab
sepinten panguwaosipun Kanjeng Rama kula boten mangertos Ki Lurah, nanging menawi
gandhenganipun Uwa Prabalintang mila leres” Raden Gunendra suka wangsulan lajeng
pitaken “menapa Ki Lurah rumiyin ugi saking Pajang ? ingkang dalemipun
sakilenipun Sendhang Umbul ?”.
“Leres
Raden, kula Sarkara mila saking mrika” Bapa gentos suka wangsulan.
“Menawi
makaten kula boten klintu” Raden Gunenendra mesem.
“Liripun
boten klintu kados pundi Raden?” Bapa pitaken.
“Jengandika
kalebet priyagung ingkang kedah kula kurmati, awit jengandika menika priya
ingkang asring dipun cariyosaken dening Kanjeng Ibu, minangka priya ingkang
jujur lan abudi luhur, ingkang satuhu dipun kurmati dening Kanjeng Ibu. Sanaosa
anggenipun cariyos Kanjeng Ibu mesthi menawi Kanjeng Rama nuju boten wonten”
Raden Gunendra suka wangsulan.
Kula
lajeng emut cariyosipun Bapa dhumateng kula, bilih saderengipun kepanggih
kalihan Biyung, Bapa nate kagungan sambeting tresna kalihan satunggaling
wanita, nanging sesambetan menika kedah pedhot jalaran wanita kala wau dipun
pundhut garwa dening Gusti Tumenggung. Kula lajeng nggagas menawi Raden
Gunendra menika taksih putranipun wanita ingkang nate dipun tresnani Bapa.
“Prakawis
menika prayogi boten dipun rembag malih Raden” Bapa lajeng ngendika amangsuli
cariyosipun Raden Gunendra “menika namung cariyos lelampahanipun tiyang jaman
kina ingkang sampun katutup dening obahing jaman sarta kawontenan. Malah
samangke kula badhe nyuwun pirsa, Raden ngantos dumugi papan mriki menika,
amengku kersa menapa?, awit kala wau rewang kalurahan cariyos dhateng kula
bilih rawuhipun Raden menika namung saprelu kepanggih kalihan kula lan anak
kula Pradapa”.
“Inggih
kula nyuwun pangapunten Ki Lurah” Raden Gunendra wangsulan kalihan mesem “saderengipun
kula ngaturaken wosing sedya kula sowan Ki Lurah ing Pendhapa Kepuh Agal mriki
menika, kaparenga kula nyuwun pirsa, menapa putra jengandika Pradapa dereng
mlambangi atur dhumateng Ki Lurah bab anggen kula kepengin mewahi raketing
kekadangan antawisipun kula kalihan Pradapa?”.
“Satleraman
mila Pradapa nate cariyos bilih nembe kemawon kepanggih satriya bagus ingkang
kagungan kasekten pindha jawata Surapati ngejawantah ingkang asma Raden
Gunendra” ngendikanipun Bapa mangsuli pitakenipun Raden Gunendra “nanging kula
kinten langkung jangkep malih menawi jengandika Raden Gunendra ingkang
ngendikakaken dhateng kula”.
“Walah
kula kinten anggenipun matur Pradapa dhateng Ki Lurah menika sampun dipun
emperi kathah” kalih gumujeng alit Raden Gunendra ngendika dhateng Bapa “mila
leres manawi kula sampun nedahaken sapletik saking Aji ingkang kula gadhuh
dhateng Pradapa tuwin Danara lan Kyai Daka, ingkang wujudipun Aji Paluwaja
miwah Aji Mahesasakecu. Lan kula kepengin sanget nyowanaken Pradapa ing
ngarsanipun tiyang sepuh angkat kula murih Pradapa ugi kaparingan sedaya Aji
ingkang sampun katurunaken dhateng kula dening Tiyang sepuh angkat kula kala
wau. Sartanipun malih, Pradapa sageda sinengkakaken dados putra angkat dados
adhi kula. Ing prakawis menika kula sampun rembagan kalihan Pradapa, Pradapa
ugi sampun nayogyani. Samangke kula suwun Ki Lurah mugi ngeparengaken menapa
pepenginan kula ingkang sampun kula aturaken menika lan ugi ingkang sampun
dados pepenginanipun Pradapa. Kadospundi Ki Lurah?”.
Radi
dangu Bapa namun kendel, boten tumunten suka wangsulan dhateng Raden Gunendra.
Namung ketingalipun Bapa nembe menggalih utawi nimbang-nimbang pangandikanipun
Raden Gunendra menika.
“Mangke
rumiyin Raden” sasampunipun sawatawis anggenipun menggalih Bapa lajeng ngendika
“saestu kula ngaturaken genging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhateng
jengandika Raden ingkang sampun paring kawigatosan samanten agengipun dhumateng
anak kula pun Pradapa. Sangertos kula ingkang nami Aji Jaya Kawijayan kados ingkang
katiyasanipun ngedab-edabi kados ingkang sampun kula pireng saking Pradapa
menika, boten sauger tiyang saged dipun gadhuhi, sanaosa tiyang ingkang
kepengin kagadhuhan anggenipun nyuwun dipun rencangi tetangisan ngantos luhipun
awujud getih, dereng kantenan menawi saged dipun paringi. Nanging anak kula
Pradapa menika, ngimpekaken saged katurunan aji jaya kawijayan ingkang makaten
menika kula kinten dereng pantes, dumadakan Raden Gunendra kepareng badhe
nurunaken aji jaya kawijayan kasebat dhateng piyambakipun. Menika tuhu
satunggaling kanugrahan ingkang agungipun tanpa saged dipun pindhakaken………”
“Menika
makaten Ki Lurah” Raden Gunendra nigas pangandikanipun Bapa “mila leres ingkang
jengandika dhawuhaken menika, nanging mugi kaemutana bilih Aji Jaya Kawijayan
menika makutha pepindhanipun, boten saben sirah saged pas manawi kaageman
Makutha ingkang sampun wonten, lepatipun lodho awit kagengen makuthanipun,
inggih sesak jalaran kagengen sirahipun. Makaten ugi sambetipun Aji Jaya
Kawijayan ingkang badhe katurunaken dhateng Pradapa menika, prasasat sampun
tepung gelang nggen kula ngulati papan ing Tanah Jawi menika, kanthi sangu
pitedahipun tiyang sepuh angkat kula ing Patalan, ngupadi tiyang ingkang saged
kanggenan aji jaya kawijayan kados ingkang kula gadhuh peparingipun tiyang
sepuh angkat kula menika, nanging kepanggihipun inggih namung Pradapa piyambak.
Pramila Bapa ing Patalan sampun ngersakaken Pradapa katurunan aji jaya
kawijayan sami kalihan kula saha badhe kaangkat dados putra kasedherekaken
kalihan kula”.
“Nuwun
sewu Raden” Bapa ingkang gentos ngendika
“ menapa leres Jengandika kala wau dhawuh menawi samangke Raden milih manunggal
kalihan para ingkang masanggrah ing Patalan?”
“Leres
Ki Lurah” wangsulanipun Raden Gunendra “kula menika namung nulad lekasipun Kanjeng
Rama sawargi ingkang setya tuhu dhateng Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang
ingkang tedhakipun Pangeran Handayaningrat saking Majapahit, suthik menawi ta
kedah suwita dhateng tedhak turunipun tiyang saking Dhusun Sela ingkang
samangke ngagem sebatan Panembahan Senapati lan ngedhaton ing Kutha Gedhe
Mataram menika”.
“Kula
aturi pirsa inggih Raden?” Bapa ngendika malih “kula Sarkara mila rumiyin
saking Pajang, nanging ingkang netepaken kula minangka Lurah ing Kepuh Agal
menika Ngersa Dalem Gusti Panembahan Senapati ing Alaga, ingkang menawi katurut
ugi trah saking Raden Bondhan Kejawan putra wuragilipun Prabu Brawijaya ing
Majapahit. Kula boten nglepataken para ingkang masanggrah ing Patalan awit
ngugemi kapitayan bilih ingkang wenang mranata Tanah Jawi menika namung Trah
Majapahit ingkang samangke masanggrah ing Patalan, nanging kula ugi boten badhe
nglunturaken kapitayan kula bilih Kanjeng Panembahan Senapati saturun-turunipun
menika ugi kagungan wewenang mranata Tanah Jawi. Samangke jengandika kagungan
kersa badhe ngajak anak kula dhateng Patalan, menapa jengandika mila kagungan
sedya badhe misahaken kula kalihan anak kula Raden?”.
“Sampun
klentu ing panampi Ki Lurah” Raden Gunendra suka wangsulan kalihan gumujeng
alon “babagan ngelmu utawi Aji Jaya Kawijayan sampun dipun campur kalihan
babagan para luhur rebat nagari. Sanaosa ing mangkenipun Pradapa badhe kapundhut
putra dening Rama ing Patalan nanging boten pisan-pisan badhe kadhawuhan murih
wani dhateng Mataram……”.
Ana candhake
Tidak ada komentar:
Posting Komentar