Total Tayangan Halaman

Senin, 04 September 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (100)

100.

        Bapa ketingal njengkerutaken palarapanipun. mBokmenawi mila sami kalihan kula, Bapa dereng pirsa jlentrehaning pangandikanipun Raden Gunendra, Awit sampun cetha bilih Bapa lan ugi kula menika boten badhe saged kapisahaken kalihan Nagari Mataram, jalaran Kepuh Agal menika mila Dhusun ingkang kabawah ing Mataram. Kamangka para-para ingkang masanggrah ing Patalan ingkang ngakenipun Trah Majapahit lan boten purun manungkul dados setunggal kalihan Mataram menika badhe tansah mbudidaya murih sirnanipun Mataram. Ewa samanten pangandikan pungkasan saking Raden Gunendra kala wau sanaosa kula sampun dados siswa lan kapundhut putra dening Tiyang Sepuh angkatipun Raden Gunendra, boten badhe kadhawuhan murih wani kalihan Mataram.

        “Inggih Raden Gunendra” sareng radi sawatawis dangu kawontenan sepen, Bapa lajeng ngendika “kula ngertos lan saged nampi ingkang jengandika dhawuhaken ingkang wekasan kala wau. Mila babagan rebat nagari menika prakawisipun para luhur ingkang sami-sami Trahipun Prabu Brawijaya ing Majapahit. mBok bilih inggih memper kalihan lelampahan ing jaman Purwa rumiyin, ingkang lelampahanipun kados kacetha ing pagelaran ringgit. Inggih menika rebat nagari antawisipun para wayahipun Resi Wiyasa ingkang sami-sami ngrumaosi taksih dharahipun Raden Priyamadamana utawi Prabu Barata. Pramila ing pungkasaning lelampahan ginambaraken dados wontenipun Perang Bharatayuda. Ing mriku Pandhawa lan Kurawa ingkang sami ngaken Trah Barata sami memengsahan lan ambangun perang ing Tegal Kurusetra. Ing paprangan Bharatayuda menika kacariyosaken, ing madyaning rana sami pejah pinejahan antawisipun guru lan siswa, wayah mengsah simbah, anak mengsah tiyang sepuhipun lan sanes-sanesipun. Lan sadaya ingkang gugur lajeng sinebat minangka kusumaning bangsa. Makaten ugi saupami ing benjang, menawi antawisipun Trah Majapahit ingkang samangke masanggrah ing Patalan tuwin Trah Majapahit ingkang ngedhaton ing Mataram, amangsuli lelampahanipun para kina ing Jaman Purwa menika,kanthi dumadosing perang, badhe wonten lelampahan ingkang boten benten kalihan lelampahan ing Perang Agung Bharatayuda”.

        “Inggih Ki Lurah, lajeng kersanipun Ki Lurah kados pundi?” Raden Gunendra nyelani pangandikanipun Bapa.

        “He he he “ Bapa gumujeng alon lajeng wangsulan “estunipun minangka kawula alit, kula tansah ngajeng-ajeng sampun ngantos Perang Agung Bharatayuda ingkang ngorbanaken maleksa-leksa prajurit, satemah nuwuhaken maleksa-leksa warandha lan lare ingkang lola, dipun wangsuli malih kalihan wontenipun perang antawisipun sami-sami Trah Majapahit menika. Nanging kula ugi nglenggana, kula menika namung kawula alit ingkang kuwaosipun namung nyenyuwun dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Dados saupami saestu kalampahan anak kula Pradapa suwita dados siswa Rama jengandika ing Patalan, lan kalampahan wonten perang kados ingkang kula aturaken ing ngajeng, boten mokal menawi ing benjangipun Pradapa badhe aben ajeng kalihan kula ing tengahing palagan lan saged ugi Pradapa badhe rebat gesang kalihan jengandika menapa dene Rama Jengandika ingkang sampun paring aji jaya kawijayan dhateng piyambakipun. Kajawi menawi jangkaning jagad mila nggarisaken boten badhe wonten perang antawisipun para-para ingkang sami-sami ngaken Trah Majapahit menika”.

        “Kasinggihan Ki Lurah” Raden Gunendra ketingal menawi kasoran perbawa kalihan pangandikanipun Bapa ketitik radi tumungkul anggenipun lenggah ing ngarsanipun Bapa, lajeng ngendika suka wangsulan “estunipun legetaning manah kula menika boten benten kalihan penggalihipun jengandika Ki Kepuh Agal. Kula ugi ngajeng-ajeng murih boten wonten perang ingkang mbetahaken korban ingkang kathah ingkang radin-radin ingkang dados korban menika tiyang-tiyang ingkang boten patosa mangertos kersa menapa ingkang wonten penggalihipun para luhur ingkang marentahaken perang. Pramila kula ugi ndherek nyenyuwun dhumateng Gusti kados ingkang jengandika suwunaken kala wau. Lan ingkang cetha, kula lan jengandika menika namung titah ingkang boten saged sumerep kados menapa garising jangka ing Tanah Jawi ingkang badhe kalampahan. Sokur menawi panyuwun jengandika saha panyuwun kula kinabulaken ing Hyang Suksma. Temah boten badhe wonten lelampahan calon kadang kula Pradapa menika benjing memengsahan kalihan Kanjeng Rama ing Patalan ugi boten badhe aben ajeng kalihan jengandika Ki Lurah ing madyaning palagan paprangan. Dene menawi jangkaning jagad anggarisaken ingkang benten kalihan pangajeng-ajeng kula lan jengandika, menika winastan pesthi ingkang purun utawi boten purun titah namung saged anglampahi. Samangke ingkang baken, kaparenga jengandika Ki Kepuh Agal paring idi pangestu dhumateng kula ingkang badhe nglantaraken Pradapa nami kanugrahan saking Kanjeng Rama ing Patalan”.

        Mirengaken anggenipun wawan pangandika antawisipun Bapa kalihan Raden Gunendra makaten menika, kula rumaos alit sanget, rumaos bodho lan cubluk, jebul kula menika boten benten kalihan lare alit ingkang ngertosipun namung dolanan lan nedha kemawon. Sanaosa makaten, salebeting manah ugi ngajeng-ajeng mugi-mugi Bapa kepareng paring palilah lan angidini kula puruita dhateng Patalan saprelu nampi kanugrahan Aji Jaya Kawijayan saking Raden Gunendra miwah tiyang sepuhipun angkat. Kula sakedhap-sakedhap nglirik dhateng pasuryanipun Bapa, ing pangangkah kepengin mangertosi wonten tandha-tandha Bapa ngeparengaken menapa boten panyuwunan saking Raden Gunendra kala wau.

        “Prakawis idi lan palilah ingkang dipun kersakaken Raden Gunendra menika tumrap kula gampil lan boten angel Raden” dhawuh pangandikanipun Bapa suka wangsulan dhateng Raden Gunendra “namung kemawon, kangge ngucapaken menapa ingkang jengandika kersakaken menika kula mbetahaken wekdal radi sawatawis”.

        “Liripun wekdal kados pundi Ki Lurah?”

        “Naminipun tiyang sepuh Raden” Bapa ngendika sareh “gandheng anak kula menika badhe puruita, kula kedah asung sanguning batin dhateng Pradapa langkung rumiyin, murih gangsar anggenipun mangke nampi kanugrahan saking jengandika menapa dene Rama Jengandika ing Patalan. Kaping kalih, mugi kauningan, ing wekdal menika Pradapa taksih kabetahaken biyungipun ingkang nembe nandhang sakit, murih tumuli saged waras malih Biyungipun Pradapa dereng saged pisah radi dangu kalihan yoganipun ingkang namung setunggal menika”.

        “Ooom Nyai Lurah wekdal menika nembe nandhang gerah Ki Lurah?” Raden Gunendra nyelani pangandikanipun Bapa “nyuwun pangapunten kula boten mangertos menawi Nyai Lurah nembe gerah, saestu kula ndherek prihatos Ki Lurah, inggih mugi-mugi Nyi Lurah enggala tumunten waluya jati, jati temahan nirmala bagas waras lan panjang yuswa”.

        “Ngaturaken gening panuwun awit pandonganipun Raden” Bapa paring wangsulan “lan ketingalipun inggih boten dangu malih Biyungipun Pradapa badhe wangsul waras malih, awit sampun ketingal suda kathah sakitipun. Awit saking sedaya ingkang kula aturaken kala wau, ing salebeting wekdal pitung dasa dinten kapetang wiwit dinten menika, kula piyambak ingkang badhe ngeteraken Pradapa dhateng Patalan lan nglantaraken sowan ing ngarsa jengandika Raden Gunendra miwah dhateng Rama Jengandika ing Patalan”.

        “Ngaturaken genging panuwun Ki Lurah” Raden Gunendra kebat anggenipun wangsulan, pasuryanipun ketingal sumringah nandhakaken bilih nembe karenan penggalihipun “Ki Kepuh Agal kasekecakna lenggah kemawon, saru dinulu lan kirang prayogi menawi Ki Lurah ingkang tindak piyambak dhateng Patalan. Benjang kemawon pas ing dinten kaping pitung dasa kapetang wiwit dinten menika, kula ingkang badhe sowan malih dhateng Kepuh Agal mriki lan wangsulipun badhe nganthi calon kadang kula Pradapa dhateng Patalan”.

        “Manawi makaten kula namung saged ndherek lan ngaturaken sewu guning panuwun Raden”.

        “Dhawah sami-sami Ki Lurah” wangsulanipun Raden Gunendra kanthi pasuryan ingkang sumringah rena “menapa wonten dhawuh malih saking Ki Lurah dhateng kula? Mangga kula suwun Ki Lurah boten tidha-tidha enggal kadhawuhna kemawon”.

        “Matur nuwun saderengipun Raden” dhawuh wangsulanipun Bapa “ambok bilih Raden Gunendra dhangan ing panggalih saha ngeparengaken, sanaosa kula sampun mireng saking Pradapa katiyasnipun Aji Paluwaja miwah Aji Mahesasakecu ingkang nggegirisi, nanging malah ndadosaken kula kepengin sumerep ugi, pramila kula nyuwun mbok inggiha Raden Gunendra kersa nedahaken dhateng kula”.

        “Ki Lurah ngersakaken kula nedahaken katiyasanipun Aji Paluwaja tuwin Aji Mahesasakecu?” kalihan mesem lega Raden Gunendra atur wangsulan “kanthi suka remening manah, pamundhutipun Ki Lurah kula sagahi, namung kemawon kula suwun mugi Ki Lurah boten nggegujeng kula awit kawastanan dhemen pamer lan ngongasaken sakedhik kanuragan ing ngarsanipun Ki Kepuh Agal ingkang satuhu wicaksana”.

        “He he he….” Bapa gumujeng alit lajeng ngendika “boten Raden, mokal kula kumawantun nggegujeng jengandika, awit kula ngertos bilih jengandika Raden mila nyirik pamer kasudiran ing sangajengipun tiyang ringkih kados kula ingkang namung tilas blantik boten nggadhahi ngelmu kanuragan menapa-menapa”.

        “Inggih Ki Lurah” Raden Gunendra nunten ngendika malih “samangke kaprenga suwawi kula dherekaken dhateng Sanggar, badhe kula aturaken pamundhutipun Ki Lurah dhateng kula”.

        “Boten sisah dumugi Sanggar, Raden” Bapa wangsulan kalihan mesem “nyuwun pangapunten menawi kula taksih nggadhahi raos eman menawi wonten sela ing Sanggar ajur kataman pupuhan jengandika Raden, saha menawi ngantos wonten dedamel putung awit boten kiyat natoni salira jengandika Raden Gunendra”.

        “Lajeng keparengipun Ki Lurah kados pundi?”.

        “Sekedhap inggih Raden? Kula badhe kengkenan anak kula rumiyin” Bapa suka wangsulan lan kalajengaken nimbali kula “Pradapa”.

        “Inggih wonten dhawuh Bapa?” kula tanggap lan kebat atur wangsulan.

        “Kowe ngerti ta? Ing Pager Satru sisih kulon kae, ana wit Semboga sing kerep dienggo pasaban manuk ocah-ocehan kaya dene Jalak, Kuthilang, Kepodhang lan sapiturute merga kepencut karo wohe ?”

        “Inggih Bapa, ngertos” kula wangsulan.

        “Mengko dhisik, kandhaku durung rampung” Bapa ngendika malih “woh sembaga kae ora bisa dijupuk dening wong apa dene kewan sing ora bisa mabur, jalaran wite akeh erine sing landhep lan lancip. Aku njaluk tulung jupukna erine wit Samboga kae loro utawa telu, gawanen mrene”

        “Inggih Bapa, ngestokaken dhawuh”.

        “Karo maneh, ing ngisore wit sembaga kae ana thukulan waluh sing wohe mbriyet sapirang-pirang, methika siji pilihna sing tuwa dhewe, banjur gawanen mrene bareng karo eri sembaga mau”.

 

 

Ana candhake.

Pranyata tekan nomer 100 SMW 7 meksa durung bisa rampung. Dadi mathuke ya kudu dirampungne mbuh tekan nomer pira mengko.

Nanging upama leren dhisik tak kira ya gak apa-apa ta?.

 

 

         

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...