Total Tayangan Halaman

Selasa, 22 Agustus 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (86)


 

86.

            Ki Lurah unjal ambegan landhung, nanging pasuryanipun nedahaken menawi boten nembe sekel penggalihipun. Taksih kalihan jumeneng, ugi taksih nyepengi ukiraning Wangkingan Kyai Pantek, panjenenganipun nunten ngendika :

            “Kuwi mangkene Pradapa, wangsulan kanggo pitakonmu sing kapisan ya iku aku nduweni pangarep-arep Kepuh Agal iki sansaya kuwat ora sansaya ringkih lan pangarep-arepku iki dibarengi karo anane pepenginan supaya apa sing dikandhakne Kyai Daka sakancane mau temen-temen tulus tunejan ati. Karo maneh aku nduweni panemu yen saben wong kuwi bisa wae tumindak luput, jalaran saben wong kagadhuhan sipat lali, lan becike ora kok saben wong sing wis tumindak luput banjur dipidana ngono wae, luwih-luwih saben wong sing tumindak kleru banjur dipateni. Yen ana wong tumindak kleru banjur wis ngrumangsani klerune kuwi luwih becik diparingi pangapura, ora kudu dipidana, kajaba yen wis bola-bali tumindak kleru lan pancen duwe watak seneng gawe gendra, kuwi kudu dipidana murih kapok lan murih ora ditiru karo wong liyane. mBok menawa pancen kena diarani kawicaksanan sing tak tetepake aweh pangapura marang Kyai Daka iki ora kabeh bener, nanging mungguhku kleru merga ora aweh pidana marang wong luput kuwi ora pati mbebayani yen ditandhing karo kleru merga aweh pidana marang wong sing kudune ora dipidana. Dene saupama Kyai Daka sakancane kae mau tembunge mung lamis, aku luwih percaya marang Maha Adil lan Maha Kuwasane Gusti sing paring panguripan marang awake dhewe lan kabeh titah sing ana donya iki”.

            “Inggih Bapa” kula atur wangsulan lan saged nampi menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Lurah Sarkara ingkang ugi tiyang sepuh kula piyambak menika.

            “Dene kanggo mangsuli pitakonmu sing angka loro” Ki Lurah ngendika malih “biyen tau tak kabarake marang sliramu. Yaiku dhawuhe Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta marang aku sing ngandhakne yen pusaka sipat kandel Desa Kepuh Agal ya Keris Kyai Pantek sing saiki tak cekel ana tanganku iki  wis nyawiji sajiwa karo aku. Anane bisa manunggal antarane Kyai Pantek karo aku, kuwi merga saka Maha Murahing Gusti Sing Maha Agung. Dudu karepku dhewe ya dudu karepe Kyai Pantek. Lan miturut dhawuhe Senapati Kraton Pangayoman loro kuwi, anane aku kaparingan kanugrahan saka Gusti Kang Maha Agung kuwi salah sijni sing dadi sebabe ya kuwi merga aku dhemen anggegulang ing kalbu, temah ing sasmita dadi lantip, aku kang dhemen nindakne laku kang sabenere ya iku tansah mbudidaya murih saya raharjane Kepuh Agal, rinangkepan seneng nindakne panyuwun marang Hyang Agung kanthi laku prihatin. Mula Kyai Jurudah uga banjur meling supaya nggonku nggulawenthah sliramu kudu uga memulang murih kowe niru lekas kang wis ditindakne dening wong tuwamu iki”.

            “Inggih Bapa” kula sumela atur “lan nyuwun pangapunten menawi dugi titi kalenggahan menika, keng putra pun Pradapa dereng saged nglampahi piwucaling Bapa, inggih awit saking lumuh kula piyambak”.

            “Sokur yen kowe wis ngrumangsani, mula aja mung mandheg teka ngrumangsani wae, nanging tumuli dandanana uripmu kaya welinge Kyai Jurudah mau” Bapa Lurah Sarkara paring pitedah, kalajengaken nutugaken ngendikanipun “satemene prajurit-prajurit Mataram sing saiki isih padha pacak baris ing plataran lan pekarangan kae lan uga padha ngetutne lakune Kyai Daka sakancane bali, kabeh dudu Prajurit Mataram sing satuhune. Kuwi wadya balane Kyai Jurudah lan Kyai Prasanta saka Kraton Ngiyom, tekane kene merga sisnasmintan karo tak unuse Kyai Pantek saka warangkane. Mula aja gumun mengko sedhela maneh, prajurit-prajurit kuwi bakal bali menyang asale sakawit tanpa bisa mbok weruhi parane”.

            Rampung anggenipun paring dhawuh paring wangsulan dhateng kula makaten menika, Ki Lurah tumuli ngeremaken netranipun sakedhap nalihan tumungkul mangandhap. Lajeng wangkingan Kyai Pantek dipun tempelaken ing palarapan, lajeng dipun lebetaken malih dhateng wrangkanipun. Eloking kawontenan, sareng kalihan manjingipun Kyai Pantek dhateng warangkanipun dumadakan prajurit ingkang kathahipun sasat boten wilangan ingkang wonten ing plataran tuwin pekarangan kalurahan Kepuh Agal, sedaya ical boten kula mangertosi purugipun. Dumugo sapriki kula boten ngertos, menapa prajurit-prajurit kala wau prajurit saestu saking alam alus menapa namung prajurit semu wujud wewayangan kemawon.

            Dinten-dinten candhakipun kawontenan ing Kepuh Agal lumampah kanthi limrah. Para warga inggih kados padatan, sami makarya kangge nyekapi kabetahaning gesang kulawarganipun sarana nyambut damel ing pategilan lan pasabinanipun piyambak-piyambak. Makaten ugi Ki Lurah Sarkara, meh saben dinten nganglang Dhusun, aniti priksa kawontenaning Kepuh Agal pundi ingkang sajakipun prelu kawigatosan murih saged dados sae kados papan sanesipun. Inggih angengeti jembaring laladan saha cacahing warga ingkang sansaya kathah, murih kawilujengan saha karaharjaning warga langkung tumata, Ki Lurah kanthi pasarujukaning para warga ambage Kalurahan Kepuh Agal dados gangsal Dhukuh. Saben-saben Dhukuh kapangarsan dening Bebau setunggal, ingkang jejibahanipun ambiyantu Ki Lurah mranata warga ing Dhukuhipun.

            Kawiwitan saking Kepuh Agal sisih wetan, Dhukuhipun kaparingan tenger Sidadadi ingkang ngemu pandonga murih sedaya panjangkaning warga saged dados. Ingkang kapiji minangka Bebau Ki Sudib, ingkang lajeng kaprah sinebat Ki Sidodadi. Sakilenipun Dhukuh Sidodadi kaparingan nami Dhukuh Sambirobyong awit ing satengahing Padhukuhan wonten witipun Sambi ingkang ageng. Ingkang piniji lan kasarujukan dening warga minangka Bebau nami Ki Sambi, menika taksih kaprenah ponakanipun Ki Pamuji . Lan salajengipun titiyang sami mastani Ki Sambi ugi Ki Robyong. Ing Sakilenipun Sambirobyong kaparingan tetenger nami Dhukuh Sidamulya, sami kalihan Sidodadi menawi asma kinarya japa, para warga nggadhahi pangajeng-ajeng murih ing tembenipun pagesanganing para warga ing mriku saged manggih kamulyan. Ki Lurah Sarkara amiji Ki Danara murih angesuhi Dhukuh Sidamulya minangka Bebau, jalaran warga ing mriku biten wonten ingkang purun kadadosaken Bebau inggih awit sami ngrumaosi menawi boten saged anglampahi jejibahanipun menawi kapiji dados Bebau. Benten kalihan Sidadadi menapa dene Sambirobyong, Bebau Sidamulya boten kaprah kasebat minangka Ki Bebau, nanging malah ngangge sebatan Ki Lurah. Ingkang makaten menika jalaran Ki Danara menika sampun dangu dados Lelurahipun para siswanipun Kyai Daka ing reh ulah kanuragan saha kebatosan. Mila sebatan kangge Bebau Sidamulya dede Ki Lurah Sidamulya, nanging panggah mawi sebatan nami ingkang asli, inggih menika Ki Lurah Danara. Sakilenipun Dhukuh Sidamulya, kawastanan Dhukuh Grojoganngubal, jalaran ing mriku wonten lepen alit ingkang toyanipun dhawah dados grojogan sarta toyanipun ngubal (ngambra-ambra), miturut pasarujukaning warga ingkang kapiji dados Bebau ing mriku Ki Pahang, rumiyinipun dados siswanipun Kyai Daka ing reh kebatosan, nanging sasampunipun wonten kedadosan ing Pendhapa Kalurahan ingkang meh kemawon wonten pasulayan antawisipun Ki Pawit ingkang ambelani Ki Lurah kalihan Kyai Daka,  lajeng ngalih santun dados sekabatipun Ki Pawit, awit rumaos langkung sreg marsudi ing kebatosan mawi piwucal lan pituturipun Ki Pawit. Dados inggih sampun limrah menawi meh sedaya tiyang sampun pirsa bilih sesambetan antawisipun Ki Lurah Danara kalihan Ki Pahang menika saenipun namung winates ing tata gelar kemawon. Naminipun Ki Pahang ugi lajeng kaprah sinebat Ki Grojoganngubal utawi Ki Ngubal. Ingkang Pungkasan laladan Kepuh Agal ingkang kilen piyambak, mepet wana ingkang dados wates antawisipun Dhusun Kepuh Agal lan Dhusun Tambak, winastan Dhukuh Jangglengan awit ing mriku para warga sami remen ndhedher wiji wit Jati lan dipun tanem ing pekaranganipun lan tiyang-tiyang menawi betah badhe nanem jati saged pados ing mriku. Ingkang kapatah minangka Bebau nami Ki Pawana. Nanging lajeng kaprah sinebat Ki Jangglengan. Ki Jangglengan menika taksih kaprenah putranipun mbarep Ki Pawit, ingkang sasampunipun emah-emah lajeng adeg griya ing Jangglengan mriku.

            Kanthi wontenipun tatanan enggal ingkang wujud wontenipun dhukuh-dhukuh saha bebaunipun menika, mundhak dinten kawontenan Dhusun Kepuh Agal dados sansaya reja. Para warga boten ngemungaken ulah tetanen kangge nyekapi gesangipun, nanging ugi kathah ingkang nyambi bebakulan. Ugi boten sakedhik warga ingkang sumebar ing dhukuh-dhukuh saindenging Kepuh Agal ingkang sami dados kemasan, greji, undhagi lan sanes-sanesipun. Ingkang makaten kala wau estu ndadosaken Dhusun Kepuh Agal sansaya mindhak makmur.

            Ketingalipun Dhusun Kepuh Agal inggih ayem tentrem kemawon, boten wonten titiyang mriku ingkang dhemen tumindak ingkang damel kapitunanipun tiyang sanes. Ki Lurah sanaosa tambah dinten tambah sepuh, ugi boten kendhat anggenipun mbudidaya murih Kepuh Agal dados Dhusun ingkang gemah ripah tata raharja. Ki Bebau ing Sidamulya, inggih Ki Lurah Danara nate nggadhahi usul dhateng Ki Lurah murih para sinoman ing Kepuh Agal kaparingan seserepan ing reh ulah kanuragan, prekunipun saged kadadosaken tamenging Desa mbok menawi sawanci-wanci wonten bebaya saking njawi ingkang dugi. Usulipun Ki Danara ugi katampi kanthi sae dening Ki Lurah. Malah Ki Danara inggih lajeng kawewahan jejibahan minangka dados suhing para mudha kala wau. Tamtu kemawon Ki Lurah ugi paring dhawuh dhumateng para Bebau murih makarya sesarengan kalihan Ki Danara kangge paring gladhen kanuragan dhateng para sinoman ing dhukuhipun piyambak-piyambak. Para Bebau ugi sami nyengkuyung menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Ki Lurah.

 

 

Ana candhake.

 

 

1 komentar:

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...