Total Tayangan Halaman

Jumat, 20 Oktober 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7. (148)

148.

        Ki Lurah sing uga rumangsa ora ngerti ya gene Tumenggung Tesengkusuma lan para prajurit pandhereke padha lungguh jengkeng, tumuli mrepegi. Ki Pawit, Para Bebau lan Para Sapukawat liyane uga banjur ngetutake. Rangga lan Marga kari ana papan sakawit karo nyawang wong-wong kuwi. Nanging ora suwe Rangga banjur mlengos, nuduhne nek atine ora pati seneng merga tekane sabregada Prajurit sing ditindhihi Tumenggung Tesengkusuma kuwi.

        “Sing salah ki pancen awakmu kok Marga” karo semu rada nggresah Rangga guneman alon, semune nenutuh marang Marga “merga aku kasengsem weruh olehmu geguyonan karo Dodor mau, nganti aku ora migatekne nek enek andhahane mBah Juru mara menyang papan kene”.

        “Barang wis kadhung Kakang, ora susah diomong maneh” wangsulane Marga ayem “karo maneh jejibahane awake dhewe ing Kepuh Agal iki kena diarani wis rampung, sawayah-wayah awake dhewe bisa lunga saka kene ora bakal dadi luput. Nanging gandheng nyatane Tumenggung tilas andhahane Gusti Pangeran Singasari kuwi wis weruh nek awake dhewe ana kene. Ya becike Kakang tumuli nemoni sedhela banjur pamitan nerusne laku, dadi ora gawe bingunge Ki Lurah Kepuh Agal lan para andhahane”.

        “Iya” wangsulane Rangga “awakmu wae sing marani andhahane mBah Juru kae, kandhanana nek arep tak temoni neng pendhapane kalurahan, sarta kandhaa maneh yen aku ora seneng weruh wong sing seneng nyembah drajat sing kenemenen ngana kae”.

        Marga banjur menyat, mlaku nusul Ki Lurah sakancane arep nindakne welinge Rangga. Sauntara kuwi, Ki Lurah, Ki Pawit, Pradapa lan Para Bebau sarta Para Sapukawat dadi sansaya gumun wor lan bingung, nalika Tumenggung Tesengkusuma ora ngrewes marang anggone padha mbagekne tekane. Lan gandheng rumangsa ora dianggep, Ki Lurah lan kanca-kancane kuwi uga banjur meneng, lungguh nglesot karo ndhingkluk neng ngarepe Tumenggung Tesengkusuma sing panggah isih lungguh jengkeng klawan sikep kurmat.

        “Ngaturaken kasugengan sarawuh jengandika nDara Menggung, bekti kula mugi katur” karo panggah ngadeg Marga mbagekne tekane Tumenggung saka Mataram kuwi.

        “Awit pandonganipun Adhimas Marga, lampah kula sakanca ngantos dumugi mriki tansah manggih basuki, kula ajrih nampi bekti jengandika Adhimas Marga, boten langkung taklim kula katur” bareng sing mbagekne Marga, Tumenggung sing dadi tetindhihe bregada prajurit jejaranan kuwi gelem wangsulan sing banjur ditutugne nungsung warta “ing mriki kula nengga dhawuh Adhimas, ambok bilih Keng Raka  sampun paring dhawuh ingkang katitipaken Adhimas Marga, mugi kaparenga ambabarana dhumateng kula”.

        “Mila leres dhawuhipun nDara Menggung, nanging saderengipun kula wedharaken weling ingkang kula tampi, kaparengna kula badhe matur dhateng Ki Kepuh Agal Kapindho langkung rumiyin” Marga wangsulan karo mesem.

        “Inggih Dhimas, kula badhe ngrantos dhawuhipun Adhimas kalihan remening manah” panyaute Tumenggung Tesengkusuma.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Marga genti guneman marang Ki Lurah Pawana “menawi kaparengaken saha wonten dhanganing penggalih, Kakang Rangga, badhe nyuwun ngampil Pendhapa Kepuh Agal sakedhap kangge pepanggihan kalihan nDara Menggung Raden Mas Tesengkusuma”.

        Lurah Pawana sing sansaya bingung merga ora ngira babar pisan yen antarane Rangga lan Marga karo Tumenggung Tesengkusuma jebul wis padha tepung, lan nitik sikepe Tumenggung Tesengkusuma sarta basa sing digunakne Marga lan Tumenggung Tesengkusuma nalika padha rembugan, Ki Lurah lan liya-liyane bisa njupuk dudutan yen satemene Rangga lan Marga kuwi cetha yen punggawa Kraton Mataram sing dhuwur drajat lan pangkate . Mula bareng ditembungi Marga yen Rangga arep nyilih pendhapa Kalurahan kuwi, kanthi groyok tumuli aweh wanngsulan :

        “Inggih Adhi, eh Raden, saestu kanthi suka gambiraning manah, pamundhutipun Adhi, eh Raden Rangga kula aturaken, kaagema Pendhapa Kepuh Agal sacekapipun. Samangke kaparenga kula lengser rumiyin, badhe nyawisaken gelaran kangge lenggah jengandika saha Gusti Tumenggung lan pandherekipun sedaya”.

        Ki Lurah banjur aweh sasmita marang Panulad lan Para Bebau sarta Para Sapukawat diajak ninggalne papan kuwi saprelu nyawis-nyawisake apa sing mbok menawa dibutuhne kanggo nampa tekane Tumenggung Tesengkusuma.

        “Matur nuwun Ki Lurah” kandhane Marga karo mesem “kula suwun mangke Kyai Pawit, Ki Lurah, Kakang Pradapa lan sedaya sedherek menika kaparenga ngancani kula lan Kakang Rangga manggihi nDara Menggung ing Pendhapa”.

        “Inggih sendika Raden” wangsulane Ki Lurah sing banjur ninggalne papan kuwi.

        “Dhawuhipun Raden Rangga kadospundi Dhimas?” pitakone Tumenggung Tesengkusuma sawuse Ki Lurah lan wong-wong ngalih.       

        “Aku kuwi nek ndika nyebut aku Adhimas ngono kuwi, kuwatir nek banjur ora ngerti nek sing ndika ajak guneman kuwi aku lho Kakang” wangsulane Marga karo rada mrengut “dadi wong kuwi mbok ya sing prasaja wae, ora sah ngowah-owahi adat, kaya jaman aku isih sok dolan menyang Kepatihan ngana kae, ndika nek nyeluk aku cukup “Marga” ngono wae, lan senajan umure rada akeh kaceke banjur ndika mbasakne aku supaya ngaturi “Kakang”. Mangkono mau rumangsaku ndadekne aku krasa duwe sedulur tuwa sing asmane “Jaka Sumarsana” . Nanging bareng saiki wis kaparingan nugraha asma dening Gusti Panembahan Senapati dadi Raden Mas Tumenggung Tesengkusuma, lha kok banjur ngowah-ngowahi slaga, aku rak banjur dadi rikuh ta?”.

        “Ngene ya Dhi” Tumenggung Tesengkusuma wangsulan karo mesem “arepa kaya apa, si Adhi saiki wis katon luwih diwasa lan wis dadi sedulure pepundhenku Raden Rangga, nek aku ora basa lan ngaturi Adhimas, harak aku bisa diarani wong sing nrucak lan degsura? Nanging nek si Adhi ora karenan merga anggonku ngaturi tak owahi, aku ya njaluk pangapura. Banjur dhawuhe Gustiku Raden Rangga apa marang aku, apa Dhi?”.

        “Sepisan, ndika sakanca arep ditemoni dening Kakang Rangga ing Pendhapa, kaping pindho Kakang Rangga ora seneng nek ana wong sing anggone nyembah drajat nganti kenemenen kaya sing lagi wae ndika sakanca tindakne. Mung kuwi Kakang, saiki ayo tak dherekne munggah pendhapa sowan ing ngarsane Raden Rangga” wangsulane Marga cekak aos.

        Tumenggung Tesengkusuma banjur aweh sasmita marang andhahane diajak ngetutne Marga munggah menyang Pendhapa. Jebul tekan pendhapa kahanane wis malih, sanajan kunarpane Kyai Daka lan Ki Jenggi isih durung dielih, nanging wong-wong liyane wis padha nisih, klebu Lurah Danara sing isih gumlethak tanpa daya kanthi kahanan tangan sing kari siji. Lurah Danara dipapanake ing jogan sisih kiwa cedhak karo lawang butulan.

        Sawuse kabeh ya iku Ki Pawit, Ki Lurah, Pradapa, Panulad lan Para Bebau sarta Tumenggung Tesengkusuma wis padha lungguh kupeng neng klasa sing digelar ing joganing pendhapa, Rangga lan Marga uga wis lungguh neng kono. Sarta sawuse padha bage binage sawatara, Rangga banjur takon ya gene Tumenggung Tesengkusuma ngirid wadya sabregada menyang Kepuh Agal.

        “Nyuwun pangapunten Gusti” wangsulane Tumenggung Tesengkusuma “estunipun kajawi wartos menawi Pasanggrahan ing Patalan sampun wiwit ebah, Telik Sandi Kapatihan ugi mbekta wartos menawi Ki Lurah Sarkara sampun seda. Magepokan kalihan warta sedanipun Ki Lurah Sarkara menika, Gusti Patih Mandaraka lajeng paring dhawuh dhateng kula murih ningali mriki menapa Pradapa yoganipun Ki Lurah Sarkara taksih wonten Kepuh Agal, menawi taksih, kula kadhawuhan anganthi piyambakipun sowan dhateng Kepatihan”.

        “Lha kuwi, Kakang Pradapa isih lungguh neng sandhing ndika kuwi apa Paman?” Rangga nyela ature Tumenggung Tesengkusuma “dadi mengko tak kira bisa ndika ajak bareng menyang Mataram”.

        “Inggih Gusti” wangsulane Tumenggung Tesengkusuma “nalika lampah kula sakanca mlebet Kepuh Agal, kula kepanggih para kawula sami ketingal ajrih lan nalika kula takeni sami criyos menawi ing Kalurahan wonten geger ageng, geger awit mbalelanipun Bebau Danara ingkang dipun dombani dening Kyai Daka lan para siswanipun, wekasan dados perang ing plataran Kalurahan. Kula lajeng daya-daya dumugi mriki, jebul perang sampun rampung, miturut aturipun salah satunggaling sapukawat ingkang kula takeni ing sanjawining regol kala wau, Kyai Daka sampun dumugi ing pejah lan Bebau Danara ugi sampun saged dipun lumpuhaken. Lan nalika kula mlebet ing Plataran, jebul malah kula sumerep Jengandika Gusti Raden Rangga kalihan Adhi Marga wonten mriki. Awit saking menika kula rumaos begja kemayangan saestu…..”.

        “Rumangsa beja merga weruh aku lan Marga, Paman?” Rangga nyela rembug maneh karo takon “ya gene bisa mangkono?”.

        “Inggih Gusti” wangsulane Tumenggung Tesengkusuma karo ngetokne bumbung saka waliking klambine “estunipun kajawi kapasrahan jejibahan ingkang sampun kula aturaken ing ngajeng, nalika kula badhe bidhal Gusti Patih maringaken Bumbung menika dhateng kula kawewahan dhawuh : mbok menawa kowe bisa kepethuk putuku, embuh neng dalan embuh neng ngendi, bumbung iki aturna marang putuku Rangga, dene yen ora kepethuk, gawanen bali menyang Mataram maneh. Jebul kula saged kepanggih jengandika Gusti kula Raden Rangga wonten mriki, awit saking menika, samangke kaparenga Gusti kula Raden Rangga nampi bumbung ingkang kula beta menika”.

        Rangga nampani bumbung sing diulungake Tumenggung Tesengkusuma, banjur dibukak, isine layang saka Patih Mandaraka. Rada sawantara nggone maca kanthi dibatin dening Rangga. Wong-wong sing ana kono padha meneng ora ana sing wani kumecap apa-apa. Luwih-luwih Ki Pawit, Pradapa, Ki Lurah lan Panulad sarta Para Bebau, sing babar pisan ora ngira yen nom-noman loro sing wis aweh pitulungan kuwi jebul Putra Pambayun saka Panembahan Senapati lan sedulur angkate, wong-wong kuwi mung bisa tumungkul amarikelu rumangsa yen anggone linggih neng kono kuwi kaya endhog manuk emprit sing cecaketan karo watu sing sagunung gedhene.

        “Matur nuwun banget Paman Tumenggung” kandhane Rangga sawise rampung nggone maca layang saka Patih Mandaraka lan dilebokne menyang bumbung maneh “saiki tak blakakne isine layang saka mBah Juru iki mau, marang ndika kabeh sing ana pendhapa kalurahan iki. Ya iku aku lan sedulurku Marga kadhawuhan tumuli nutugne laku. Awit sing tak upadi sasuwene iki wis meh ketemu, papan sing tak tuju wis ora adoh saka papan kene. Mula mangsa borong anggon ndika kabeh padha nutugne jejibahane dhewe-dhewe, aku lan Marga njaluk pamit arep nutugne laku. Sepisan maneh aku nedha nrima lan njaluk pangapura mbok menawa ana luputku lan lupute adhiku marang ndika kabeh”.

        Rangga banjur ngadeg Marga melu ngadeg. Ota guneman apa-apa maneh, bocah nom loro kuwi banjur mlaku ngudhuni Pendhapa, arep nutugne nggone lelaku ngupadi Sendhang Mustikaning Warih.

 

 

SIGEG.

Telas sinerat ing

Sanggar Maladi Hening,

Setu Kliwon,

5 Rabingulakir Tahun Jimawal 1957

Jam 10.35 WIB.

Kurup Salasiyah,

Windu Sancaya,

Mangsa Kalima,

Wuku Wuye,

Padangon  Tulus,

Padewan Dewi Uma,

Paringkelan Paningron.

Sinengkalan

Pandhita Njemparing Dewaning Bumi

Muga-muga bisa nutugne critane ing SMW 8.

 

2 komentar:

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...