49.
Kamangka satemene Rangga ngerti yen Luwukabang sasuwene iki tansah nyinaoni obahe sarta niti ing ngendi papan karingkihane. Rangga uga sengaja pasang pancingan supaya kaya-kaya ana ing sela-selaning solahe ana bolongan karingkihan sing mbebayani. Dadi cethane, polah apus-apuse Rangga wis kasil ndadekne Luwukabang mlebu wuwu pancingan.
Lan mesthi wae Luwukabang ora ngerti yen Rangga sing sasuwene mlaku pitung jurus, mung endha tanpa nganakne panangkis, luwih-luwih males, kuwi mung kanggo nuwuhake pangira ing pikirane Luwukabang yen Rangga pancen kacipuhan ngadhepi jurus-juruse Luwukabang.
Mula nalika bola-bali Rangga mbukak karingkihane kanggo diserang, Luwukabang kepancing kepengin enggal ngrampungi bocah nom sing dianggep durung duwe pengalaman perang tandhing mungsuh wong sing nduweni kanuragan sakdhuwure.
"Iki margane patimu Rangga" Luwukabang mbengok banter, bebarengan karo munjerake kekuwatan ing sikil sing sumiyut ngarah lambunge Rangga sing katon benggang ucul saka pangreksane tangan lan sikil. Luwukabang yakin yen panyadhuke ora bisa diendhani dening Rangga. Samono uga Tamparangin sing tansah nyemak anggone Luwukabang lan Rangga adu kasudiran.
"Woluuuu" panyaute Rangga karo ngetung wis oleh pirang jurus anggone perang tandhing. Nalika semana mbarengi Rangga weruh yen Luwukabang wis mlebu pancingan. Kanthi obah sing angel dicritakne, ngerti-ngerti sikut kanane Rangga wis nunjem neng garese mungsuh, lan sadurunge Luwukabang bisa sambat, pucuk sikile sing maune arep kanggo ngrampungi Rangga kuwi, saiki digoceki kenceng ngangggo tangan loro dening mungsuhe. Rangga sing dhasare duwe watak rada mentalan kuwi, kanthi kekuwatan lahiriyahe mluntir sikil sing digujeri. Ana suwara kemerutuk, Luwukabang mbengok banter, merga ngrasakne saking larane. Sepisan maneh dening Rangga sikil sing wis dipluntir nganti ucul engsel-engsele kuwi disendhalne, Luwukabang tiba mengarep, nanging sadurunge mengkurep nyang lemah, tumibane dhadha isih ditampani karo dhengkulane Rangga. Lan nalika awake ngambah lemah, Luwukabang wis ora kuwat sambat. Semaput ngurepi lemah, tutuke ngutahne getih seger.
"Tulung openana dhisik sedulurmu kuwi Ki Tamparangin" aloke Rangga sawuse sauntara Luwukabang ngglethak "sajake isih bisa dislametne kok, tegese isih adoh karo tandha-tandha pesating nyawa".
Tamparangin mencolot, ndheprok neng sandhinge Luwukabang. Luwukabang sing mengkurep kuwi dilumahake. Kolore dikendhoni.
"Rangga" Tamparangin ngucap "minangka seksine Kakang Luwukabang, aku nekseni kowe sing menang".
"Pancen kanyatane ngono Tamparangin" wangsulane Rangga "banjur karepmu piye?".
"Padha karo Kakangku, tak tantang kowe ijen padha ijen" saurane Tamparangin banter
"Dadi kowe ya kepengin kaya sedulurmu?" Rangga takon karo gumuyu .
"Keparat tak tantang kowe, ayo unusen gegamanmu" wangsulane Tamparangin karo ngliga goloke sing ketok mawa pamor mencorong asulak ijo "bisa mbalekne Kyai Upasnaga, tak dadekne sesembahanku selawase urip kowe".
"Bagus" tumanggape Rangga karo nyandhak pring kuning sing disengkelit neng lempenge "ayo maju kene, tak ladeni sagendhingmu".
Ana Candhake.