Total Tayangan Halaman

Kamis, 03 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (069)


 


69.

Barenng srengenge ing sisih wetan wiwit katon,  Ki Lurah Kuwera lan Bebau Senggot sarta Bebau Watutanggul pamitan marang Sabekti, arep sowan menyang Jatigrowong. Kena diarani kepasang yogya, tekane Ki Lurah lan Bebau loro kuwi neng ngarep Jatigrowong mbarengi karo jumedhule Ki Gedhe Pelanggolan sing ditutne Ki Lasma, saka wit jati sing growong kuwi. Dadi wong telu kuwi ora ndadak ngobong kemenyan luwih dhisik kanggo atur pirsa marang Ki Gedhe yen arep marak sowan kaya padatan. Satemene Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma ora tau aweh warah supaya yen ana sing arep ketemu kudu ngobong dupa ngono kuwi, nanging embuh wiwit Lurah sapa biyen sing miwiti banjur adat lan tatacara ngono kuwi dilestarekne dening wong-wong sabubare. Ya mbok menawa tatacara ngono kuwi sing banjur tuwuh kapitayan yen Ki Gedhe pelanggolan kuwi manungsa setengah dewa sing kalis ing pati. Ki Pelanggolan dhewe satemene olehe mulang muruk marang murid-murid Paguron Pelanggolan utawa Jatgrowong panggah ngandhakne yen dheweke kuwi titahe Allah sing lumrah, sing ndelalah durung nampa timbalan kanggo bali ing jaman kalanggengan. Nanging dening murid-muride, piwulang ngono kuwi malah dimaknani sing beda, lire dianggep minangka piwulang supaya para murid ing Paguron Jatigrowong kono ora duwe watak gumedhe, jalaran arepa kaya apa drajate padha mung kawulane Gusti lan mbuh wancine bakal nemoni pati.

 

"Pangabekti kula mugi kunjuk ing ngarsa paduka Ki Gedhe" Ki Lurah Grumbulan karo ndheprok neng lemah ngaturake pangabekti. Bebau Senggot lan Bebau Watutanggul kanthi sikep kang padha manggon ing mburine Ki Lurah.

 

"Ya, ya Ki Lurah pangabektimu wis tak tampa" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan sing banjur mapan lungguh ing ngarepe wong telu kuwi, Ki Lasma njejeri, lungguh ana sisihe "njanur gunung, kadhingaren ndika isih esuk wis tekan kene Ki Lurah? malah ngajak Ki Bau loro pisan, apa ana kabar sing nyenengake saka Padhukiuhan Pelanggolan sing ndika lurahi?".

 

"Cadhong duka Ki Gedhe" Ki Lurah karo nyembah banjur matur "mila leres ingkang dipun dhawuhaken Ki Gedhe menika. Sasampunipun radi sawatawis dangu Padhukuhan Pelanggolan ingkang samangke sinebat Dhusun Grumbulan nandhang pepeteng labet lepat kula duk rumiyin memengsahan kalih adhi Widarba, temah dados jag-jaganipun titiyang saking Paguron Tangen lan Paguron Ngampon, ketingalipun sampun badhe pikantuk pitulungan saking Hyang Agung".

 

 "Banjur sambunge karo teka ndika ing kene apa?" Ki Gedhe Pelanggolan banjur takon.

 

Ki Lurah Kuwera banjur nyritakne, wiwit dheweke kadukan dening Ki Gedhe Pelanggolan jalaran anane rebut panguwasa ing Padhulkuhan Pelanggolan jaman semana, banjur diususul critane nggone nindakne laku tirakat sing banjur nampa sasmita saka Ki Tanparupa, banjur dipungkasi olehe nekseni pderang tandhinge Rangga lan Marga mungsuh Puthut Jayantaka lan Puthut Jayandaga, sing wekasan Rangga lan Marga murca saka pandulu, malah mungsuhe uga banjur kaweden lan duwe pangira yen Rangga lan Marga kuwi Bangsane Dewa saka Kahyangan utawa bangsane Titah sekti saka jagad sonyaluri.

 

"Inggih gandheng kalihan kadadosn ingkang makaten kala wau, sowan kula kalih Ki Bekel Senggot tuwin Ki Bekel Watutanggul ing ngarsa paduka menika, namung badhe nyuwun kalidamar dhateng paduka Ki Gedhe, menapa ingkang kedah kula lampahi murih saenipun Padhukuhan pelanggolan utawi Desa Grumbulan menika?" Ki Lurah mungkasi critane karo atur nyuwun rerigen marang Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Aku matur nuwun banget marang ndika Ki Lurah" wangsulane Ki Pelanggolan "dene ndika lan para Bebau andhahan ndika, isih ora nyingkur utawa nglalekne aku lan isih gelem mikir murih becike Padhukuhan Pelanggolan utawa sing saiki mbok arani Desa Grumbulan kuwi.Kang mangkono kuwi, tuhu beda banget karo sikep lan lekase Ki Lurah Widarba sing selawase durung tau midak papan kene lan durung tau kepethuk karo aku".

 

"Nyuwun pangapunten Ki Gedhe" Ki Lurah Kuwera matur karo nyembah "inggih mbok menawi kemawon, adhi Widarba dereng mangertos tata cara kangge sowan dhateng Ki Gedhe, awit boten wonten ingkang paring tuntunan bab menika, benten kalih kula ingkang wiwit alit dipun wucal dening tiyang sepuh kula bilih kula menika nggadhahi pepundhen inggih menika Paduka Ki Gedhe ingkang satuhunipun ingkang kagungan bumi ing Pelanggolan menika sadaya".

 

"mBok menawa pancen bener apa sing dadi tembung ndika kuwi mau Ki Lurah Kuwera" Ki Gedhe Pelanggolan guneman maneh "perkara kuwi ora perlu dirembug luwih dawa maneh, yegti ora ana gunane. Saiki aku malah arep takon, apa sing didhawuhne Raden Rangga lan Angger Marga marang ndika sadurunge nom-noman loro kuwi perang karo muride Dewa Karkatha ing gisiking Bengawan sing wekasane siswane Ki Tanparupa kuwi musna saka pandulu?".

 

"Inggih Ki Gedhe" Ki Lurah Grumbulan banjur matur "satriya kekalih mila waleh bilih kangge ngadhepi paguron Tangen tuwin Ngampon ingkang nggadhahi kekiyatan atusan tiyang, angger Rangga miwah Angger Marga ngendikaken mokal saged mimpang jalaran kekiyatan kula namung watawis wolung dasa tiyang. Lajeng kula ngatruraken dhawuhipun Ki Gedhe dhateng kula rikala samanten, sasampunipun kula nglampahi semedi lan sampun wonten tandha-tandha bilih pitunganing Hyang Agung sampun meh dugi, kula kadhawuhan sowan malih dhateng Ki Gedhe. Kajawi menika kula ugi matur dhateng Angger Rangga lan Angger Marga menawi Ki Gedhe kagungan siswa ingkang mapan ing pondhokan langkung saking kalih atus tiyang, ingkang sedaya sami baud ing reh ulah kanuragan. Lan dhateng Angger Rangga lan Angger Marga kula ugi matur bilih murih langkung prayogining lampah kekalihipun kula ajak sowan sareng kula manggihi Ki Gedhe wonten mriki, nanging pranyata Angger Rangga lan Angger Marga malah musna saking pandulu menika. Kula ugi lajeng gumun saestunipun Angger Rangga lan Angger Marga menika menapa bangsaning Dewa menapa bangsanipun titah saking jagad Sonyaluri?".

 

"Lancang ndika Ki Lurah!" Ki Gedhe Pelanggolan wangsulan karo suwara santak, ndadekne Ki Lurah Kuwera lan Bebau loro kancane kuwi dadi pucet merga kaweden.

 

"Nyuwun pangapunten Ki Gedhe" karo suwara ndhredheg Lurah Grumbulan kuwi guneman "saestu kula boten ngertos menawi sampun nindakaken lampah lancang lan botenh leres".

 

"Wong kaya ndika kuwi kena diarani wong sing degsura, murang tata sing pantes nampa pidana sing abot, ngerti dununge luput ndika?" Ki Gedhe Pelanggolan nutugne olehe aweh srengen marang Lurah Kuwera.

 

"Nyuwu pangapunten Ki Gedhe" Lurah Kuwera sansaya ndhredheg awake dadi ngewel "saestu kula boten ngertos".

 

"Ngertiya Angger Rangga kuwi tenane ngono putrane kanjeng Panembahan Senapati Ing Ngalaga Ngabdulrahman Sayidin Panatagama kang jumeneng ing Mataram, Kalifahing Allah ing Tanah Jawa kene dene Angger Marga kae, siswa kinasihe Gusti Pangeran Benawa putrane Kanjeng Sultan Adiwijaya ing Pajang sing awit kepencut marang laku ngibadah marang Allah banjur ngrilakne dhampar keprabon marang Raden Suitawijaya ya Kanjeng Panembahan Senapati ramane Raden Rangga kuwi. Kaping pindho, kekarone kae siswa kinasihe ki Tanparupa, ndika kudu ngerti, Ki Tanparupa kuwi tutahing Allah sing antuk kanugrahan saka Allah temah bisa ngambah Jagad Sanga kanthi gampang kaya ngambah ing jagad sing kasat mata iki" srengene Ki Gedhe Pelanggolan sabanjure.

 

"Saestu kula babar pisan boten mangertos bab menika Ki Gedhe" Ki Lurah Kuwera wiwit prembik-prembik arep nangis saking wedi wor lan getun dene wis wani tumindak degsura marang Raden Rangga lan Marga.

 

"Merga saka degsura ndika sing wani ngajak Raden Rangga lan Angger Marga nggoleki aku, ndika kudu nyuwun pangapura marang siswane Ki Tanparupa loro kuwi" kandhane Ki Gedhe Pelanggolan sabanjure "merga kudune ndika ngajak aku marak ing ngarsane Angger Rangga lan Angger Marga, ora kok malah ngajak kekarone nemoni aku ngono kuwi".

 

"Inggih Ki Gedhe" wangsulane Lurah Kuwera "malah kula kinten boten mandheg ing panyuwunan pangapunten kemawon, nanging kula inggih sagah kanthi rilaning manah menawi pari kedah kula nampi pidana awit lampah degsura kula ingkang makaten kala wau".

 

"Bagus" Ki Gedhe Pelanggolan aweh pangalembana marang Ki Lurah Grumbulan.

 

"Nanging, kula boten sumerep ing pundi samangke dunungipun Angger Rangga miwah Angger Marga lenggah? jalaran ingkang kula sumerepi kekalihipun menika musna saking pandulu babar pisan boten nilaraken tilas ingkang saged dipun titik" Ki Lurah Grumbulan guneman kanthi suwara sing nuduhne yen atine lagi sajroning kabingungan.

 

"Yen temen ndika kepengin asok kaluputan marang Angger Rangga lan Angger Marga, coba ndika nyuwun tulung marang Paman Lasma, mbok menawa Paman Lasma weruh dalan kanggo bisa sowan siswane Ki Tanparupa loro kuwi".

 

 

ana candhake.

Rabu, 02 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (068)


 68.

Ki Gedhe Pelanggolan sing isih wujud macan lan Ki Lasma padha ndheprok karo ngraup sukune Ki Tanparupa. Sawuse mangsuli tembung salam sing diucapake Ki Tanparupa, Kekarone padha atur bekti kaya lumrahe wong sing kepethuk karo wong sing pantes dibekteni. Kahanan ing jerone Jati Growong sing maune peteng dhet-dhet tanpa ana cahya babar pisan, saiki dadi padhang njingglang ngungkuli padhange wayah rahina. Katon Ki Tanparupa lenggah sila, karo nyawang marang Ki Gedhe Pelanggolan klawan sunaring soca kang kebak rasa welas asih.

 

"mBok menawa ndika sakoron padha ora ngira yen wengi iki aku bakal teka ing papan kene" Ki tanparupa wiwit ngendika "sanadyan satemene wis rada sauntara anggon ndika padha ngenteni tekane muridku sing arep ngliwati papan kene".

 

"Mila leres ingkang ndika dhawuhaken menika Ki" wangsulane Ki Pelanggolan alon "jalaran weca ingkang kula tampi saking Ki Markidin, ingkang badhe ngliwati papan mriki menika siswa ndika cacah kalih, dados inggih nyuwun pangapunten menawi kula kalih Paman Lasma mboten wantun ngangen-angen badhe karawuhan ndika Ki Tanparupa".

 

"Iya - iya aku wis ngerti apa sing ndika kersakne Ki Pelanggolan apa dene Ki Lasma, jalaran pancen sing bisa dadi saranane ndika bali marang kahanan sakawit kuwi mung muridku sing aran Rangga lan Marga" Ki Tanparupa paring dhawuh maneh "lan ndika tak wenehi weruh, sajroning wektu sepasar, Rangga lan Marga sing nggelak prau gethek tumpakane bakal teka ing bengawan ora adoh saka kene kuwi. Mula ndika sakloron tak aturi padha tata-tata kanggo mapag tekane putra raja Mataram sing lagi nindakne laku pangumbaran kuwi".

 

"Menapa ingkang kedah kula tindakaken Ki?" Ki Lasma genti sing nyuwun pirsa.

 

"Ora adoh saka papan kene aku wis yasa omah cilik kang dumadi saka maya, pakonku marang Ki Lasma tungganana tekane Rangga lan Marga ing omah maya kuwi, yen wis teka kekarone ladenana kaya lumrahe dhayoh adoh sing mampir ing omahmu. Lan marang nDika Ki Pelanggolan, yen Rangga lan Marga wis dumunung ana omah maya sing ditunggu Ki Lasma kuwi, ndika enggal-enggal nemono bocah sakarone, kandhakna apa sing dadi pepenginan ndika apa dene Ki Lasma. Yen wis titiwancine, tak tuntune bocah loro kuwi supaya manjing ing alam maya lan mampir ing omah sing ditunggu dening Ki Lasma kuwi. Sabanjure aku wis ora melu cawe-cawe maneh ing babagan iki, jalaran aku kudu nindakne kuwajiban liyane" Ki Tanparupa mungkasi dhawuhe lan durung nganti Ki Pelanggolan lan Ki Lasma atur wangsulan Ki Tanparupa wis ilang saka pandulu. Kahanan bali peteng dhet-dhet kaya maune.

 

"Makaten menika kala wau Ngger menggah lelampahan kula kalih Ki Lasma sadaya sampun kula aturaken nadyan samendhang datan wonten ingkang karempit, samangke pejah saha gesang kula kekalih kula pasrahaken dhateng Angger Rangga miwah Angger Marga, kados pundi murih kula kekalih enggal saged luwar saking panandhang menika" Ki Gedhe Pelanggolan mungkasi critane.

 

Rangga lan Marga padha pandeng-pandengan, sanadyan wis makaping-kaping sasuwene nindakne laku lelana ing brang wetan nom-noman loro kuwi kerep kesandhung lelakon isining jagad sing aneh-aneh, nanging krungu critane Ki Pelanggolan banjur digandhengne karo critane Ki Lurah Grumbulan Kulon ya Ki Kuwera disambung karo lelakon anggone wis kepethuk wong-wong Paguron Tangen, ndadekne Rangga lan Marga dadi rada suwe olehe bisa aweh wangsulan marang panjaluke Ki Pelanggolan apa dene Ki Lasma kuwi.

 

"Inggih Ki Gedhe lan Ki Lasma" wasana Rangga banjur aweh wangsulan sawuse sauntara meneng "menawi lekasipun Ki Gedhe miwah Ki Lasma ingkang makaten kala wau awit nuhoni rerigen saking Bapa Ki Tanparupa, kula estu pitados bilih pitedahipun Bapa Tanparupa menika leres. Nanging gandheng Bapa Tanparupa dereng paring dhawuh dhateng kula menapa ingkang kedah kula lampahi, kula nyuwun wekdal kangge pados wangsulan menapa ingkang kedah kula tuwin adhi kula lan Ki Gedhe Pelanggolan saha Ki Lasma lampahi murih sedya ndika kekalih menika saged kasembadan".

 

"Inggih Ngger, kula kekalih namung ndherek menapa ingkang dados dhawuhipun Angger Rangga lan Marga" wangsulane Ki Pelanggolan alon, sanadyan ing ati semu rada cuwa dene durung oleh wangsulan kapan dheweke bisa luwar lan pulih dadi manungsa maneh.

 

"Dados dinten niki, prayogi Ki Gedhe kundur rumiyin dhateng Jatigrowong" kandhane Rangga sabanjure "benjing kenging siang kenging dalu, Ki Gedhe kula aturi rawuh malih dhateng mriki, mugi-mugi kula lan adhi kula sampun pikantuk pitedah margi pundi ingkang kedah karempuh murih Ki Gedhe lan Ki Lasma saged pulih kados wau-waunipun".

 

"Inggih Ngger" Ki Pelanggolan wangsulan banjur pamitan "menawi makaten, kaparengna kula wangsul dhateng Jatigrowong malih benjing utawi benjingipun kula badhe sowan malih, nuhoni dhawuh ndika Angger Rangga".

 

Ki Pelanggolan banjur mlaku metu ninggalne gandhok papan kanggo lerene Rangga lan Marga kuwi ditutne dening Ki Lasma.

 

"Gegayutan karo lelakon sing diadhepi iki miturut panemumu piye Dhi?" sawise ki Pelanggolan lan Ki Lasma padha lunga, Rangga njaluk panemu marang Marga.

 

"Iki lelakon sing ngodhengake pikir tenan Kakang" wangsulane Marga "mung wae, aku duwe panemu mbuh kepiye asile, aku kepengin nyoba cara sing sakira ana guna lan paedahe tumrap desa Grumbulan, sokur yen cara iki ndelalah uga bisa dadi sarana Ki Gedhe lan Ki Lasma oleh pitulungane Allah, dene yen durung ya awake dhewe maneges marang Allah luwih dhisik cara apa sing kudu ditindakne murih Ki Gedhe lan Ki Lasma bisa pulih".

 

"Iya Dhi aku mathuk karo panemumu kuwi, nanging cak-cakane kepiye?" Rangga bali takon maneh.

 

"Ngene kakang" wangsulane Marga "yen nitik saka crita sing tau ditampa saka Ki Lurah Kuwera apa dene Ki Gedhe Pelanggolan, cetha yen warga ing Grumbulan utawa ing Pelanggolan kuwi wis jinajah dening Paguron Tangen lan Paguron Ngampon kanthi degsiya. Dadi ora ana alane yen awake dhewe aweh pambiyantu marang Ki Kuwera, ngluwari Desa Grumbulan utawa Pelanggolan saka cengkeremane Paguron loro kuwi, lha minangka kekuwatan awake dhewe bisa ngajak Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma sarta para siswane kanggo ngadhepi paguron loro kuwi mau. Piye Kakang?".

 

"Iya Dhi sajake sing dadi panemune si Adhi iki mathuk banget, luwih-luwih kaya sing dicritakne Ki Lurah Kuwera lan dikandhakne Puthut Jayantaka lan Puthuit Jayandaga wingi, cetha banget yen Paguron Tangen sing dipandhegani Gurube sing nganggo sebutan Panembahan Dewa Karkatha kuwi nek arep njongkeng kawibawane Rama Panembahan ing Mataram. Mula prayoga banget yen Paguron Tangen sing luwih dhisik di telukne. Sokur yen Dewa Karkatha lan kabeh andahane gelem mertobat lan murungne impene nguwasani Tanah Jawa, dene ora gelem tobat ya pancen kudu disirnakne murih ora gawe bubrahing tatanan ing Mataram" kandhane Rangga nggenepi panemune Marga.

 

"Dadi ngene Kakang" Marga wangsulan karo mesem lega "sesuk yen Ki Gedhe Pelanggolan teka kene, prayogane diajak nemoni Ki Lurah Grumbulan kanggo nindakne apa sing Kakang Rangga dhawuhake iku mau".

 

"Iya Dhi, prayogane pancen mangkono"

 

Sauntara kuwi, Ki Kuwera lan Bebau Watutanggul sarta Bebau Senggot wis tekan ing Jatigrowong. Gandheng tekane wis nyedhaki surupe surya, Ki Lurah lan bebau loro kuwi banjur karep olehe arep ngadhep Ki Gedhe Pelanggolan kapeksa disumenekake. Wong telu kuwi banjur mlipir menyang pondhoke para siswa Jatigrowong sing mapane kaeletan kali cilik karo Jatigrowong papan paleremane Ki Gedhe Pelanggolan Ki Lasma sarta kaling-kalingan gegrumbulan sing kandel lan peteng.

 

"Bapa rawuh mriki kalih Paman Senggot tuwin Paman Watutanggul, wonten wigatos menapa bapa?" lagi wae Ki Kuwera teka ngarep lawang salah sijine pandhok wis dipapag dening Sabekti, anake lanang sing uga meguru ing pagurone Ki Pelanggolan, nanggo pitakonan "badhe nimbali kula menapa wonten kersa sanes?".

 

"Iya ngger" wangsulane Ki Lurah karo ati sing seneng weruh anak lanange sing saiki katon yen luwih kiyeng awake, mratandhani wekel ing reh pasinaone "kajaba Bapa kepengin ngendhangi awakmu ing pondhok kene, Bapa uga duwe lekas arep sowan Ki Gedhe, nanging gandheng wektune wis nyedhaki suruping surya , nggonku duwe niyat sowan Ki Gedhe tak sumenekne dhisik, merga kowe ya ngerti dhewe yen Ki Gedhe wiwit jaman biyen ora marengake sok sapa wae midak bumi sakupengane Jatigrowong kae".

 

"Inggih Bapa" wangsulane Sabekti karo mesem seneng "pancen prayoginipun Bapa kalih Paman Senggot tuwin Paman Watutanggul, dalu niki sare ing pondhok. Benjing enjing kemawon anggenipun sowan ing ngarsanipun Ki Gedhe".

 

wekasane wengi kuwi Ki Lurah lan Bebau loro kancane kuwi, padha nginep ing pondhok. Ngiras pantes nambani rasa kangene bapa marang anake lanang.

 

ana candhake.

Selasa, 01 Februari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (067)


 


67.

Ngaweruhi kahanan padhukuhan sing sansaya reja lan panguripane warga padhukuhan sing sansya makmur sarta ngaweruhi kahanane Paguron sing siswa-siswane sansaya ngrembaka kuwi, ndadekne Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma duwe rasa marem. Nanging ing sela-selane rasa marem kuwi uga ana rasa susah, Ki Pelanggolan nyusahne kahanane sing panggah olehe bisa nemoni siswa-siswane sarta wong-wong ing Padhukuhan mung yen ing wanci awan. Sauntara Ki Lasma uga ngrasakne olehe kudu nandhang lara ing ragane jalaran saking kerepe kudu manggon ing alam sing yegtine dudu alaming bangsa prayangan. Kamangka Ki Pelanggolan apa dene Ki Lasma ya ngrumangsani nek olehe urip neng donya kuwi kena diarani wis ngliwati wates, lire kanca-kanca barakane wis padha suwe olehe ningal donya, mati. Malah anak putune mitra karuhe sing biyen bareng-bareng mbabad alas yasa padhukuhan iki ya wis padha suwe olehe ora ana. Ewa samono durung ana tandha-tandha sing ditampa, wong loro kuwi bakal oleh pitulungan. Ki Gedhe Pelanggolan bisa bali dadi wujud manungsa lan Ki Lasma bisa lepas saka kungkungane alam prayangan. Nanging susah lan sedhihe wong loro sing umure wis kliwat adoh tinimbang wong-wong liyane kuwi babar pisan ora dikatonake marang wong liyane. Mung yen ing kalane wong loro kuwi lungguh bareng ing wayah bengi, kekarone sok padha jejagongan ngrembug nasib sing padha disandhang.

 

"Paman Lasma, awake dhewe iki wis suwe banget nglakoni panandhang sing saiki, apa ndika uga ngrasakne bab iki?" Ki Pelanggolan takon marang Ki Lasma sing lungguh ing sandhinge. Nalika kuwi wayahe wis nyedhaki parak esuk, lire wektu tengah wengi wis diliwati. Lan wis dadi padatan wiwit Paguron kuwi madeg, wong loro kuwi saben nyedhaki wayah surup srengenge mesthi wis umpetan ing papane dhewe, ya iku ing jerone wit Jati sing Growong, sing peteng dhedhet tanpa damar babar pisan, para cantrik lan sapa wae wis diwanti-wanti ora kena nyedhaki papan kuwi.

 

"Sanajan ora tak aturake, mesthine Ki Gedhe ya wis ngrasakne dhewe" wangsulane Ki Lasma nelangsa "nglakoni urip sing ora lumrah ngene iki sansaya suwe dadi sansaya mundhak rekasa rasane, luwih-luwih yen ngerteni sanak kadang sing umur-umurane pantaran karo awake dhewe wis entek kabeh, malah anak-anake lan uga putu-putune uga wis padha entek, rasa nelangsa kuwi sansaya angranuhi sajroning ati".

 

"Lha iya?" Ki Pelanggolan nanggapi wangsulane Ki Lasma karo mesem sing dipeksa "apa kira-kira awake dhewe iki wis pinesthi urip terus matine bareng karo tangkebe bumi lan langit kanthi kahanan sing kaya mangke iki ya Paman?".

 

"Aku ora bisa matur Ki Gedhe" wangsulane Ki Lasma "jalaran sepisan sing diarani pepesthen kuwi mung Allah pribadi sing Maha Nguningani, kaping pindho minangka pandherek e Ki Gedhe, aku isih percaya karo sing dadi wecane Kakang Markidin nalilka semana, ya iku awake dhewe bakal oleh pitulungan saka Allah yen wis ana siswane Ki Tanparupa sing liwat papan kene. Dadi aku babar pisan ora kelangan pangarep-arep bakal bisa bali dadi manungsa lumrah maneh".

 

"Bener Paman" Ki Pelanggolan mbenerne kandhane Ki Lasma "aku uga isih eling dhawuhe Bapa Guru Markidin, yen siswane Ki Tanparupa cacah loro kuwi sing siji satemene isih putra pambayune Raja Ing Tanah Jawa kene lan sing siji isih siswane putra Sultan sing tan kersa jumeneng nata. Weca liyane nyebutake, kajaba bakal paring pitulungan ngruwat aku lan ndika, siswane Ki Tanparupa kuwi uga bakal paring pitulungan marang anak putune wong-wong sing yasa Padhukuhan Pelanggolan, jalaran anak putune wong sing yasa padhukuhan kuwi oleh walat saka Allah kang diwiwiti saka ati srei, bumi tinggalane leluhure digawe rebutan temah nekakne bilahi gedhe wekasan Padhukuhan sing wis pecah dadi loro kuwi kabeh dikuwasani dening wong manca sing neneka, lan wong manca sing neneka kuwi temene isih ana gandheng rapete karo Resi Wresaya sing biyen tau arep tak guroni, nanging banjur wurung jalaran aku kepethuk Juragan Widaru siswane Ki Cupuwatu".

 

"Bener, bener kuwi ngger" Ki Lasma semaur kanthi mripat sing sumunar nuduhne yen sansaya mundhak pangarep-arepe "aku dadi kelingan jaman kawitan aku tepung karo Ki Sima Loreng sing lagi nggoleki Gurune".

 

"Iya Paman, sabanjure kepiye?" Ki Pelanggolan banjur takon marang Ki Lasma .

 

"Kanthi nyemak lakuning kahanan ing Pelanggolan, sajake pitulungane Allah marang awake dhewe iki wis sansaya cedhak Ngger" wangsulane Ki Lasma manteb "ketitik saka anane perang antarane Lurah Kuwera karo Lurah Widarba sing ndadekne Pelanggolan pecah dadi loro, malah jeneng Padhukuhan Pelanggolan uga melu ilang diganti nganggo sebutan lawas ya iku Desa Grumbulan, aku dhewe ya ora eling sapa sing ngelih jeneng Pelanggolan dadi Grumbulan kuwi biyen. Kahanan Pelanggolan utawa Desa Grumbulan saiki wis dadi loro, ya iku Grumbulan wetan lan Grumbulan kulon.......".

 

"Bener Paman" Ki Gedhe Pelanggolan nyaut critane Ki Lasma "sing ngelih jeneng Padhukuhan Pelanggolan dadi Desa  Grumbulan kuwi miturut critane Ki Kuwera sing watara sewulan kepungkur nemoni aku ing Jatigrowong kene, jarene awit prentahe Ki Julunggeni. Kang mangkono kuwi jalaran jarene wong-wonge Ki Julunggeni yen Jeneng pelanggolan kuwi tetep dienggo jenenge Padhukuhan utawa Desa, mangka bakal ana mungsuh sing ngrebut panguwasane Lurah Kuwera lan Lurah Widarba, Pelanggolan bakal madeg maneh nanging sing nguwasani wong sing ora ana sambung rapete karo Cikal Bakal sing mbakali Desa kono. Gandheng Kuwera apa dene Widarba kuwatir kelangan palungguhan, wekasan manut Pelanggolan dibalekne nganggo jeneng lawas ya iku Grumbulan".

 

"Bener kuwi Ngger" Ki Lasma aweh wangsulan "aku dadi kelingan bab kuwi, malah yen ora kleru Ki Gedhe akeh-akeh ndukani marang Kuwera nalika Kuwera nyuwun pambiyantu kanggo nundhung wong-wong Paguron Ngampon sing tekane ing desa kono merga didadekne sraya dening Widarba kanggo ngadhepi Kuwera lan wong-wong Paguron Tangen sing tekane kono merga disraya dening Kuwera kanggo ngadhepi Widarba. Sing wekasane malah Kuwera lan Widarba dadi telukane Paguron loro kuwi".

 

"Iya Paman" Ki Gedhe Pelanggolan banjur nggenahne critane "sanajanta nalika kuwi aku rada nemen olehku aweh srengen marang Kuwera, nanging aku uga isih duwe rasa asih marang dheweke, jalaran arepa dikaya ngapa dheweke isih nindakne piwelingku marang leluhure ya iku Ki Sandak Purwa Taruna, ya iku yen ana apa-apa isih kelingan karo aku. Beda karo Si Widarba sing babar pisan ora kelingan marang sing yasa padhukuhan iki biyen. Lan marang Kuwera nalika kuwi tak kandhakne aku arep mahas ing asepi nyuwun pituduh marang Allah mbuh sepira suwene lan aku meling supaya ora ana wong Pelanggolan utawa Grumbulan sing nyoba nyedhaki papan kene sadurunge aku aweh tandha yen anggonku semedi wis rampung".

 

mBarengi wong loro kuwi padha jagongan, dumadakan ing papan kono ana sumiliring angin sing nggawa perbawa. Ana ganda arum kaya gandane kembang melathi, kamangka ing cedhake papan kono ora ana tanduran melathi. Sansaya suwe ganda arum kuwi sansaya krasa, Ki Pelanggolan banjur namakne aji Mayasamun peparinge Ki Markidin sing bisa ngaweruhi alam gaib lan Ki Lasma nuli nggunakne kekuwatane minangka prayangan. Kekarone mbudidaya ngawruhi apa sejatine sing nekani papan kuwi kanthi pralambang nyebar gandane melathi.

 

Nanging kekarone ora ana sing bisa ngaweruhi apa-apa. Sing ana amung sepi lan samun, Ora ana apa-apa sing teka. Ki Gedhe lan Ki Lasma nggragap, ana rasa kuwatir kaworan samar awit wong loro kuwi padha ngerti yen ana titahing Allah sing nduweni kaluwihan sing ora baen-baen, ketitik ora bisa didulu klawan aji Maya Samun apa dene ora kena disawang dening mripat prayangan. Wong loro kuwi banjur eling welinge Ki Markidin, yen ana apa-apa sing angel dingerteni becik dipasrahne marang Sing Maha Ngudaeneni, ya iku Allah Kang Maha Wikan.

 

Ki Gedhe lan Ki Lasma tumuli ndandani carane lungguh, kekarone banjur ngeningke ciptane nyawijekne rasane. Ngilangi kabeh isen-isening nalar lan ati, banjur nenuwun marang Allah masrahake pati urip sing satemene mung gadhuhan saka Allah.

 

Ora suwe ing petenging wengi kuwi dumadakan Ki Gedhe lan Ki Lasma weruh ana cahya putih sing mbalerengi, sansaya suwe cahya sing mbalerengi kuwi sansaya cetha disawang nganggo mripat lumrah, jebul wujude paraga sing busanane sarwa putih. Jumeneng wibawa ing ngarepe Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma.

 

"Assalamu'alaikum, aja kaget Ki Gedhe lan Ki Lasma, aku Ki Tanparupa sing teka" paraga sing lagi wae teka kuwi jebul Ki Tanparupa. Ora sranta, Ki Gedhe lan Ki Lasma banjur ndheprok ngraup sukune tuitahe Allah sing wis pirang-pirang puluh tahun dienteni tekane kuwi.

 

 

ana candhake.

Minggu, 30 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (066)

 

 

66.

Sakehing mripat tumuju marang Sandak sing saiki wis sedheku marikelu ing ngarepe Ki Gedhe Pelanggolan. Wong-wong sapendhapa kuwi padha ora ngerti apa karepe Sandak sing katon yen ana sing arep dikandhakne marang Ki Gedhe Pelanggolan. Ki pelanggolan dhewe bareng weruh yen Sandak lungguh ndheprok sedheku ing ngarepe, uga tumuli nakoni apa sing arep dikandhakne parga sing didumuk supaya Nglurahi Padhukuhan nggenteni palungguhane  Ki Gedhe Pelanggolan.

"Ki Sandak, ana apa? Sliramu arep ngandhakne apa?" pitakone Ki Gedhe Pelanggolan sareh.

 

"Nyuwun pangapunten Ki Gedhe" Sandak wangsulan ngati-ati "boten ateges kula boten pitados kalih kawicaksananipun Ki Gedhe, nanging kapeksa ing babagan amiji sinten ingkang kedah kalenggahaken dados Lurah ing padhukuhan menika kula nggadhahi panginten bilih pandumukipun Ki Gedhe mleset".

 

Bareng Sandak wangsulan kaya ngono kuwi, wong sapendhapa banjur cep klakep meneng kabeh, jroning batin wong-wong kuwi wis ngarani nek Sandak wis kuwanen, wani maido marang Ki Gedhe sing selawase iki ora ana siji-sijia wong sing wani beda ing panemu. Ora merga Ki Gedhe sing geleme mung menang dhewe, nanging kabeh panemune Ki Gedhe ajeg yen bakal nguwohne kabecikan tumrap wong sapadhukuhan kono. Mula karo dheg-dhegan wong-wong kuwi padha meneng kepengin ngrungokne apa sing dadi wangsulane Ki Gedhe marang Sandak.

 

"Mleset sing kepiye Ki Sandak?" Ki Gedhe Pelanggolan takon maneh marang Sandak.

 

"Inggih jalaran Ki Gedhe sampun amiji kula murih nyulihi Ki Gedhe nglurahi Padhukuhan ing Pelanggolan mriki menika" wangsulane Sandak "kula menika namung dhapur Sapukawat angesuhi para sinoman ingkang jejibahanipun mbantu para Ki Gedhe saha para Bebau murih para sinoman sami nggadhahi raos tanggel jawab dhateng Padhukuhanipun menika. Kamangka taksih kathah para Bebau ingkang langkung sepuh lan langkung pana ing reh paprentahan ing Padhukuhan menika, menawi Ki Gedhe amiji salah satunggal saking Bebau ingkang wonten, menika kula kinten sampun pas, nanging sareng Ki Gedhe ndumuk kula, menika ingkang kula wastani kirang pas utawi mleset".

 

"Ki Sandak" Ki Gedhe Pelanggolan karo mesem amba aweh wangsulan "wiwit sliramu kapilih dadi lelurahing para sinoman, kabeh solah bawa lan kawicaksananmu tansah tak ulati lan miturut pambijiku apa sing sira tindakne kabeh wis trep lan laras karo kahanane Padhukuhan kene. Kang angka loro, sliramu kuwi muridku sing durung tau gawe kuciwaning atiku sajrone sliramu nindakne kabeh piwulang saka aku. Dadi aran wis pas lan babar pisan yen aku banjur aweh kaparcayan marang sliramu supaya nutugne jejibahanku nglurahi Padhukuhan Pelanggolan iki. Iki prentah saka aku minangka gurumu, apa kira-kira sliramu arep nyelaki kuwajibane murid sing diprentahne dening gurune?".

 

"Sewu nyadhong deduka Ki Gedhe" Sandak wangsulan suwarane kedher nuduhne yen atine rumangsa wedi "boten pisan-pisan kula badhe wani nyulayani dhawuhipun Ki Gedhe. Namung kemawon saestu kula ajrih menawi ing wingkingipun mangke kula boten saged nindakaken jejibahan minangka lurah menika kanthi leres lan damel kasangsaranipun sedaya warga ing Padhukuhan menika".

 

"Aja kesusu ndhisikne karingkihanmu Sandak" Ki Gedhe nutugne olehe aweh wangsulan "ing Padhukuhan iki akeh para Bebau lan Sapukawating padhukuhan sing uga akeh kawruhe ing babagan reh parentahing padhukuhan, mula saupama ing tembe sliramu ana tandha-tandha arep nibakne kawicaksanan sing ora becik, para Bebau lan para sapukawating Padhukuhan mesthi bakal aweh pemut marang sliramu".

 

Ki Pelanggolan banjur kandha marang wong-wong sing ana pendhapa kabeh :

"Piye para sedulur kabeh? nDika kabeh tak jaluk ora negakne Ki Sandak nggone ngayahi kuwajibane minangka Lurah ing padhukuhan kene. nDika padha saguh kabeh apa ora? Sapa sing ora saguh?".

 

"Inggih ki Gedhe sedaya dhawuhipun Ki Gedhe badhe kula pundhi, kula boten badhe negakaken Ki Lurah salebeting nindakaken jejibahanipun" Bebau Garem sing tuwa dhewe kuwi semaur, banjur genti takon marang sing ana pendhapa kabeh "iki aku makili wangsulan ndika kabeh marang Ki Gedhe lho sedulur? Mathuk apa ora?".

 

"Nggiiiiiiiiiih......... mathuk niku Ki Garem" wong sapendhapa wangsulan bareng.

 

"Sabanjure" Ki Gedhe Pelanggolan nutugne anggone guneman "sepisan maneh tak kandhakne sawise aku madeg paguron ing Jatigrowong, aku ora pisan-pisan duwe karep bali madeg nyekel panguwasa ing padhukuhan Pelanggolan kene. Nanging, aku uga ora bakal negakne padhukuhan asile nggonku mangarsani babad iki. Dadi saupama ana bebaya saka jabaning padhukuhan utawa ana kisruh lakuning paprentahan, aku karo Paman Lasma mesthi ora mung meneng wae, mesthi bakal melu udhu panemu lan cawe-cawe. Mula aku meling yen ana kedadeyan sing mbebayani tumrap Padhukuhan kene, Ki Lurah Sandak utawa Bebau lan Sapukawating Padhukuhan aja padha pekewuh aweh kabar marang aku ing Jatigrowong. Mung wae, aku mung bisa nampa lan nemoni sapa wae ing Jatigrowong  sajroning wektu sawuse mletheking srengenge nganti suruping surya".

 

Sawuse kabeh welinge Ki Tanparupa sing ana sambung rapete karo warga Padhukuhan Pelanggolan dikandhakne, Ki Gedhe Pelanggolan banjur pamitan bali menyang Jatigrowong nutugne nandangi jejibahan liyane.

 

Watara sepasar sawuse Ki Gedhe Pelanggolan netepne Ki Sandak dadi Lurah ing Pelanggolan kanthi tambahan jeneng Purwa Taruna sing tegese Lurah Kapisan sing isih nom. Ing Jatigrwong ketekanan para nom-noman sing nedya puruita ngangsu kawruh marang Ki Gedhe Pelanggolan. Ora mung nom-noman saka Padhukuhan kono wae sing padha teka, nanging uga akeh nom-noman sing asale saka padhukuhan sing adoh saka kono. Ki Pelanggolan sing wis nggadhuh peranganing aji Mayasamun peparinge gurune yaiku Ki Markidin utawa Ki Sima Abang utawa Ki Sima Rekta, wis ngerti yen nom-noman sing ngakune saka padhukuhan sajabane padhukuhan pelanggolan kuwi sing akeh nom-noman sing asale saka para bocah Ambar-Angin, yaiku pranakane manungsa setengah Jim, utawa siluman. Beda karo Ki Lasma sing dhasare pancen merga walat wis suwe anggone dadi bangsa Prayangan, Ki Lasma luwih dhisik ngerti yen sing teka maguru ing paguron Jatigrowong kuwi, akeh anake bangsa prayangan sing banjur omah-omah karo bangsa jim. Miturut panyawang batine Ki Gedhe Pelanggolan apa dene Ki Lasma, para pranakan lan anak putune prayangan sing omah-omah karo bangsa Jim kuwi racak klebu jinising titah sing ora nasar. Malah ora sethithik sing anggone puruita ing papan kono merga kepengin bisa nggayuh kanugrahan murih bisa bali dadi wujud manungsa lumrah maneh, persis kaya lekase Ki Lasma.

 

mBuh wis pirang tahun lawase Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma mapan dadi guru ing Paguron Jatigrowong kono. Siswa-siswane akeh sing wis padha tuwa lan bali menyang padhukuhane dhewe-dhewe, banjur diganti siswa anyar sing lagi teka. Mangkono kuwi wis kopang-kaping kedadeyan, semono uga kahanan kang ana ing Padhukuhan Pelanggolan, Lurah Sandak Purwa Taruna wis digenteni anake sing jeneng Purwa Taruna Kapindho, merga Sandak wis tinggal donya. Purwa Taruna kapindho uga wis ditutugne anake, banjur anake wis ditutugne anake maneh. Embuh wis pira Lurah ing pelanggolan digenteni anake lanang.

 

Ora mung kuwi wae owah-owahan sing ana, Padhukuhan sing biyen mung cilik saiki wis mundhak dadi jembar, mekar ngiwa lan lan nengen, malah wis mlangkahi bengawan barang. Bebau sing dadi pangarsane dhukuh sansaya akeh, jalaran saben dhukuh mesthi ana bebaune siji. Mung siji loro dhukuh cilik sing banjur nyawiji melu dhukuh sandhinge. Panguripane para warga ing kono sansaya luwih makmur, semono uga panguripane sing dadi Lurah lan para Bebau lan para Sapukawating Kalurahan. Kang mangkono kuwi, ndadekne wong padha kepengin lungguh dadi Bebau, sing wiwit jaman Lurah Sandak Purwa Taruna biyen, yen ana Bebau sing tinggal donya, mangka sing dadi gantine salah sijining warga sing gelem dipilih dening warga liyane dadi Bebau.  Malah maune Ki Lurah Sandak Purwa Taruna duwe karep yen sing gumanti lurah sawuse dheweke lereh, becike uga dipilih kanthi adil dening para warga sapadhukuhan kabeh, nanging niyate Ki Lurah Sandak kang mangkono mau nalika disuwunake tetimbangan marang para Bebau, ora oleh pasarujukan. Malah nalika wong-wong kuwi padha njaluk rerigen marang Ki Gedhe Pelanggolan, jebul Ki Gedhe pelanggolan uga ora nyarujuki karepe Ki Lurah Sandak Purwa Taruna. Dadi sing wenang gumanti lurah sawuse lurahe tinggal donya ya anak lanange lurah sing tinggal donya kuwi.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (065)

 


65.

Tekane Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma bali neng pedhukuhan ndadekne senenge para warga padhukuhan kabeh, mligine para bebau lan para sapukawate padhukuhan. Jalaran sabudhale Ki Gedhe sing pamit arep menyang Jatigrowong banjur nganti pirang-pirang dina ora bali, wis ndadekne bingung lan sedhih sing campur dadi siji tumrap wong-wong kuwi. Malah saking bingung lan sedhihe kerep wae antarane para bebau lan para sapukawat dadi meh kerengan. Jalaran ana sing takon apa kira-kira Ki Gedhe lan Ki Lasma wis ilang mlebu wetenge macan gembong sing mbaureksa Jatigrowong apa piye? yen ora mengkono mesthine Ki Gedhe lan Ki Lasma rak ya wis kundur maneh menyang padhukuhane. Pitakon kang mangkono kuwi, ndadekne seriking atine wong liyane, banjur nganggep yen pitakon kaya mangkono kuwi padha wae karo ngalup murih Ki Gedhe lan Ki Lasma dadi mangsane Macan gembong sing saiki wis ora ana ngaton maneh kuwi. Banjur saka pitakonan lan panganggep sing kebangeten kuwi nuwuhake padu rame, sing tenane ora bisa madhangake kahanan malah kepara nambahi kisruhing padhukuhan.

 

Mula bareng saka Kalurahan keprungu suwara Kenthongan sing ditabuh nganggo irama Daramuluk, ya iku tengara yen Ki Gedhe Pelanggolan ngersakne para Bebau lan para Sapukawat padha teka ing pendhapa kalurahan, ora mung Bebau lan Sapukawat wae sing padha kaget kaworan seneng banjur ora sranta padha mlayu mara menyang Kalurahan, nanging uga para warga liyane padha melu mara.

 

"Para sedulur kabeh" Ki Pelanggolan miwiti guneman sawuse para Bebau lan para sapukawating padhukuhan lan para warga padha mlumpuk, mapan lungguh ing pendhapa siaga nampani warta "awit saka pamuji ndika kabeh, aku wis tekan Jatigrowong lan wis kepethuk karo Macan Gembong sing dhek wingenane kae kluyuran ing padhukuhane dhewe".

 

Krungu kandhane Ki Gedhe Pelanggolan mangkono kuwi, para Bebau lan Sapukawat sarta para warga Padhukuhan, padha nyedhot ambegan lega. Kanthi olehe Ki Gedhe lan Ki Lasma wis kasil ketemu karo Macan Gembong sing sajak nyalawadi kuwi, ateges wis bisa ditemokne cara sing becik kanggo nyikepi Macan Gembong kuwi.

 

"Lha salajengipun kados pundi Ki Gedhe?" Bebau Gulon sing dhek wingenane kae ngusulake lan ngajak para warga caos dhahar marang Macan gembong sing dianggep sesinglone Dewa saka Kahyangan kuwi banjur takon.

 

"Jebul Macan Gembong kae dudu wujud sesinglone Dewa kaya sing dikira kae, nanging ya mung Macan lumrah sing wis oleh kanugrahaning Allah, temah duwe kaluwihan tinimbang macan-macan liyane" Ki Pelanggolan aweh katrangan sing wujude dora sembada murih ora gawe bingunge para Bebau, para Sapukawat lan para Warganing Padhukuhan "ya awit wis oleh kanugrahaning Allah kuwi Macan Gembong kae banjur weruh yen ing tembe mbesuke Padhukuhane dhewe iki bakal dadi Padhukuhan sing gedhe lan reja. Mung emane, kanggo tumeka maujuding Padhukuhan Pelanggolan sing gedhe, makmur lan reja kuwi, kudu ngliwati pacoban sing gedhe. Yen nganti awake dhewe kabeh ora kuwat nampani gedhening coba, mangka padhukuhane dhewe iki ya ora bakal klakon dadi padhukuhan sing gedhe makmur lan reja kaya sing tak omongne neng ngarep mau".

 

"Pacoban ingkang badhe dugi menika wujudipun menapa Ki Gedhe?" Bebau Garem, bebau sing tuwa dhewe takon marang Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Lha kuwi sing aku durung ngerti" wangsulane Ki Pelanggolan ngati-ati "nanging Macan Gembong kae wis aweh weruh marang aku cara-carane mbudidaya murih ing tembene samangsa-mangsa pacoban kuwi nekani padhukuhane dhewe iki bisa ngadhepi kanthi becik temah bisa lulus lan bisa ndadekne pacoban kuwi marga kanggo nggayuh kabecikane padhukuhan iki".

 

"Sokur menawi makaten ki Gedhe" Bebau Gulon nanggapi wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan "saestu kula lan para kadang Bebau miwah para Sapukawating Padhukuhan badhe kanthi sukaning manah badhe nindakaken cara-cara murih saged lulus aking pacoban menika".

 

"Leres Ki Gedhe..... Leres Ki Gedhe....." wong-wong sapendhapa padha saur manuk mbenerake apa sing dikandhakne Bebau ing Gulon.

 

"Iya pancen ya kudu mangkono" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan karo mesem lega "yen para Bebau lan para Sapukawat lan warga Pelanggolan wiwit saiki ora nyawiji dadi siji saguh nindakne cara kanggo ngadhepi pacoban sing bakal teka kuwi, ya ora bakal klakon padhukuhane dhewe dadi padhukuhan sing reja lan makmur".

 

"Inggih Ki Gedhe" Bebau Garem matur maneh "samangke keparenga Ki Gedhe paring dhawuh, menapa ingkang kedah katindakaken para Bebau, para Sapukawat miwh para warga padhukuhan menika?".

 

"Iya" Ki Gedhe Pelanggolan banjur wiwit arep aweh prentah "saiki ndika kabeh padha ngrungokna apa sing bakal tak kandhakne".

 

Kahanan ing pendhapa dadi sepi nyenyet, ora ana sing guneman siji-sijia. Kabeh padha meneng ngrungokne apa sing arep dikandhakne dening Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Kang kapisan" sawuse kahanan sepi sauntara Ki Gedhe Pelanggolan banjur wiwit guneman "salah siji saka Bebau utawa Sapukawating Padhukuhan kudu ana sing gelem nyulihi kalungguhan lan kuwajibanku, nglurahi padhukuhan sing jeneng Pelanggolan kene iki, jalaran aku karo Paman Lasma kudu ninggalne padhukuhan kene".

 

"Kok ngaten Ki Gedhe?" Bebau Gulon nyelani takon "Ki Gedhe lan Ki Lasma badhe jengkar saking mriki lajeng badhe tindak pundi malih?".

 

"Mengko dhisik ta Ki Bau" Ki Gedhe Pelanggolan aweh wangsulan, karo rada nyendhu pitakone Bebau Gulon sing ngono kuwi "tembungku iki durung rampung, ndika aja kesusu nyelani dhisik".

 

"Inggih nyuwun pangapunten Ki Gedhe" Bebau Gulon wangsulan karo ndhingkluk atine semu rada kisinan.

 

"Lungaku karo Paman Lasma kuwi ya salah siji wujud pambudidaya murih awake dhewe bisa lulus ngadhepi pacoban sing bakal teka iku" Ki Gedhe nutugne anggone arep aweh prentah "dadi aja padha duwe panganggep yen aku karo Ki Lasma iki arep tinggal glanggang colong playu".

 

"Inggih Ki Gedhe" Bebau Gulon wangsulan "kula pitados ing bab menika".

 

"Iya" Ki Gedhe Pelanggolan nutugne olehe guneman "Lungaku karo Ki Lasma ora adoh saka kene, ya kuwi aku karo Paman Lasma arep mapan ing Jatigrowong, ya iku tilas palerenane Macan Gembong sing saiki wis lunga adoh saka papan kene. Neng kana aku karo Paman Lasma bakal nindakne laku tapa kaya sing diwelingne dening Macan gembong sadurunge lunga wingenane. Aku karo Ki Lasma uga adeg Paguron Ngelmu Kanuragan lan ngelmu liyane ing Jatigrowong kana. Mula tak jaluk ndika kabeh padha nyengkuyung adege Paguron kuwi, para nom-noman ing padhukuhan kene sing kepengin ing tembe bisa dadi betenging padhukuhan padha ndika kandhani supaya padha ngangsu kawruh ing paguron Jatigrowong".

 

"Inggih Ki Gedhe dhawuhipun Ki Gedhe badhe kula estokaken" Bebau Garem wangsulan marang Ki Gedhe pelanggolan, ditutugne nari para sing padha ana kono kabeh "rak ya ngono ta Ca?"

 

"Nggiiiiiiiiih" kaya bata rubuh saka linggan, wong sapendhapa semaur bareng.

 

"Sabanjure " Ki Pelanggolan nutugne kandha "saiki sapa mitirut panemu ndika kabeh sing cocog madeg dadi Lurah, nyulihi aku, mangarsani padhukuhan ?"

 

Kahanan bali sepi, ora ana sing padha wangsulan, nganti rada suwe kabeh padha meneng. Wong-wong kuwi bener-bener ora ngerti sapa sing kudu didumuk supaya dadi sesulihe Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Nuwun sewu Ki Gedhe" Ki Lasma sing wiwit mau mung meneng karo lungguh tumungkul ing sisihe Ki Gedhe Pelanggolan dumadakan guneman rada banter temah wong sapendhapa padha melu krungu.

 

"Iya piye Paman?" Ki Gedhe Pelanggolan genti takon.

 

"Sangertiku, Ki Gedhe iki wis asring paring piwulang marang para Bebau lan para Sapukawating Padhukuhan ing reh lakuning parentah, dadi kena diarani ing kene Ki Gedhe wis kagungan murid. Kepiye upama Ki Gedhe miji salah sijining muride Ki Gedhe supaya nglurahi padhukuhan kene ngono wae? Jalaran tak sawang para sedulur sing padha teka iki padha kewuhan olehe arep ndumuk sapa sing kudu didegne dadi Lurah sajengkare Ki Gedhe saka kene" Ki Lasma aweh pamrayoga, banjur nyawang sing padha ana ing pendhapa karo takon "Upama ngono kepiye dulur-dulur?".

 

"Inggih, mathuk sanget niku Ki....." wong sapendhapa padha pating cruwet saur manuk aweh wangsulan sing isine sarujuk karo sing dikandhakne Ki Lasma.

 

"Bener ngono para sedulur?" Ki Gedhe sepisan maneh nari para Bebau lan para Sapukawating Padhukuhan.

 

"Inggih Ki Gedhe" wong sapendhapa wangsulan bareng.

 

"Yen pancen mangkono, padha ndika rungokne wiwit dina iki sing dadi pangarsaning Padhukuhane dhewe iki, yaiku ........ Sandak . Dadi wiwit dina iki Sandak kudu padha disengkuyung anggone nindakne kuwajibane minangka Lurah ing Pelanggolan kene".

 

Wong sapendhapa padha keplok campur surak rame nyaguhi apa sing dadi putusane Ki Gedhe Pelanggolan.

 

"Nyuwun pangapunten Ki Gedhe........" bareng olehe padha surak lan keplok suwuk, Sandak, nom-noman sing piniji dadi Lurah kuwi mlaju ndhodhok nyedhaki Ki Gedhe Pelanggolan.

 

 

ana candhake.

 

 


Jumat, 28 Januari 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (064)

 


64.

Kanthi lon-lonan aku nyaketi pasareyan ya kuburane Guru Kyai Bantarjati, banjur ndheprok karo ndedonga marang Allah supaya Guru bisa lepasa parane temah katampa sowane ing alam kaswargan kang langgeng.  Sawise rampung aku ndedongan marang Allah, aku banjur duwe niyat arep ngreksa lan ngupakara pasareyane Guru, kaya jaman Guru isih sugeng, aku sing kadhawuhan ngreksa lan ngupakara dalem paleremane, saiki sawuse guru sumare ing pakuburan mangka tak kira aku ora kleru yen genti rumeksa lan ngupakara pasareyane Guru iki. Nanging luwih prayogane tak kira ora ana alane yen aku nyuwun idi pangestu marang Ki Tanparupa sing uga durung jengkar ninggalne papan kono kuwi.

 

"Markidin" dumadakan Ki Tanparupa nimbali aku karo nyedhak  lan mundhut pirsa, sing sajake Ki Tanparupa wis uninga karo sing ana jerone atiku "apa sira duwe niyat arep manggon ing sacakete pasareyane Gurumu Kyai Bantarjati iki?".

 

"Mila leres ingkang ndika dhawuhaken menika Ki" wangsulanku blaka apa anane "nanging kula inggih nyuwun pitedah murih saenipun lampah saking sedya kula menika".

 

"Yen sira kepengin ngreksa pasareyane Kyai Bantarjati kuwi uga ora ana alane" dhawuhe Ki Tanparupa sabanjure "waton anggonmu ngreksa ora kacampuran kapitayan manembah marang pasareyan. Jalaran pasareyan kuwi mung papan kanggo nyeleh ragane Gurumu lan ragane Gurumu kuwi ya wis ora duwe daya lan kekuwatan apa-apa. Dadi luput gedhe yen sira nganti gedhene duwe panyuwun marang pasareyan cilike ngalab barokahe Kuburan. Dene nggonku mrayogakne sira mapan ing kene lan ngreksa pasareyan kuwi tujuwanku mung siji ya iku murih sira tansah eling karo apa sing tau diwulangake dening Kyai Bantarjati duk nalika sugenge marang sira. Ngiras pantes kanggo papan pangrantu tumrapmu".

 

"Papan pangrantu kados pundi Ki?" aku nyuwun pirsa.

 

"mBesuk ruwatmu kuwi lantaran muridmu sing bakal nggoleki sira. Lha kanggo ngrantu tekane muridmu, sira bisa mapan ing sacakete pasareyan iki, watara satus jangkah mangulon saka papan kene ana wit Jati growong sing kena sira anggo palereman. Mapana ana kono nganti sira ditekani muridmu sing bakal nutugne panandhangmu, muridmu bakal salin wujud dadi kaya wujudmu sing saiki lan sira bakal bali wujud manungsa maneh. Lan luware muridmu sawuse dadi macan gembong kuwi ngenteni tekane muridku cacah loro sing bakal liwat papan kene" Ki Tanparupa banjur paring dhawuh maneh.

 

"Inggih Ki, dhawuh ndika Ki Tanparupa badhe kula lampahi" wangsulanku.

 

"Sadurunge aku nutugne laku, kanggo sangumu aku bakal paring aji marang sira sing sinebut Aji Mayasamun, dene gunane aji iki, lamun sira watak sira bakal nampa kanugrahan bisa ngambah pira-pira saka peranganing alam sipatullah, kaya dene alam pangimpen, alaming para jim, alaming para brekasakan, alaming prayangan lan isih akeh maneh. Aji iki uga bisa sira gunakne kanggo singidan murih sira ora keganggu dening manungsa sing saba ing papan kene lan manungsa sing bebadra ing sacedhake papan kene ora keganggu awit sumurup wewujudanmu kaya sing saiki iki".

 

"Ngaturaken genging panuwun Ki Tanparupa" aku rumangsa nampa kanugrajan sing gedhe banget lumantar saka peparinge Ki Tanparupa sing jarene wujud aji Mayasamun.

 

Ki Tanparupa banjur dhawuh marang aku supaya meneng karo nata ambegan lan nyawijekne rasa lan cipta kanggo nampa aji Mayasamun. Bebasan ora nganti sapanginang suwene, aji maya samun wis manjing marang jiwa lan ragaku.

 

"Markidin, tak kira wis cukup anggonku leren ing papan kene, saiki aku arep nerusne laku maneh. mBesuk yen keris sing biyen mancep ana ragamu nalika sira arep maguru marang Kyai Bantarjati biyen dumadakan ceblok ing ngarepmu, kuwi sing dadi pratandha lamun murid sing lagi ngupadi sira wis wayahe ketemu karo sira. Sira kena ngatonake wewujudanmu marang wong-wong sing mapan lan bebadra gawe padhukuhan ora adoh saka papan kene iki. Lan mbesuk yen sira wis pulih bali wujud manungsa maneh, sira lumawata menyang puncake Gunung Lawu, mbok menawa ing kana sira bakal kepethuk Guru sing bisa nuntun sira murih manggih kasampurnaning urip" bubar maringne aji Mayasamun marang aku Ki Tanparupa isih paring paweling marang aku sing unine mangkono kuwi. Bubar iku tanpa tak ngerteni parane Ki Tanparupa wis ilang saka panduluku.

 

"Mangkono kuwi critane lelakon sing tak alami sawise aku ninggalne Parangabang nganti tekan dina iki" Ki Sima Abang sing saiki wis ganti asma dadi ki Markidin mungkasi critane.

 

"Dados anggen kula saged wangsul dados manungsa malih menawi sampun kepanggih siswanipun Ki Tanparupa menika Guru?" Ki Gedhe Pelanggolan matur nyuwun pirsa marang Gurune sing saiki wis ganti jeneng dadi ki Markidin kuwi.

 

"Bener Ki Pelanggolan" wangsulane Markidin "samono uga bisane Adhi Lasma ucul saka jireting alam Prayangan lan pulih dadi manungsa lumrah".

 

"Salajengipun menapa ingkang kedah kula kalih Ki Pelanggolan lampahi Kakang?" Ki Lasma genti sing takon "menapa kalih ngrantos rawuhing siswanipun Ki Tanparupa kula kalih Ki Gedhe Pelanggolan kedah umpetan ing Jatrigrowong mriki?".

 

"Ora Adhi Lasma" wangsulane Ki Markidin "malah aja nganti para warga padhukuhan ing Pelanggolan padha ngerti anane kedadeyan iki, nanging ya aja nganti para warga banjur kleru pangira yen Ki Lasma karo Ki Pelanggolan ilang bebarengan karo ilange Macan Gembong sing kerep ngaton saba ing padhukuhan".

 

"Lajeng prayoginipunkados pundi Guru?" Ki Gedhe Pelanggolan nyuwun pirsa marang Markidin.

 

"Sapungkurku, wong yen ing wektu rahina sliramu ora wujud Macan wae" Markidin banjur ngandhani muride "sliramu lan Adhi Lasma baliya sedhela ing padhukuhan, para bebau lan para sapukawating padhukuhan kandhanana. Sepisan pasrahna panguwasa Padhukuhan Pelanggolan marang para Bebau kuwi, kaping pindho kandhaa yen sliramu karo Ki Lasma saiki adeg padhepokan lan paguron ing Jatigrowong kene, kaping telu yen mbutuhne rerigen kang magepokan karo katentremane padhukuhan sapa sing mengko piniji nggenteni sliramu dadi Lurah ing Pelanggolan lilanana nemoni sliramu lan Ki Lasma ing Jatigrowong, sing keri dhewe iki mesthine mung yen wanci awan wae".

 

"Inggih Guru, sedaya dhawuhipun Guru ketingalipun saged kula lampahi namung setunggal ingkang ndadosaken kula dereng mudheng" Ki Gedhe pelanggolan aweh wangsulan marang gurune.

 

"Sing endi kuwi Jungkung?" Markidin takon.

 

"Ingkang kula kedah adeg Paguron menika lho Guru?" Ki Gedhe Pelanggolan nggenahne karepe "ing mriki dereng kathah tiyangipun sarta radin-radin kenging winastan sampun setengah umur, dene ingkang nem-nem saged kawilang mawi driji, menapa anggen kula ngedegaken paguron menika mangke wonten ingkang ndugeni saperlu meguru dhateng kula miwah dhateng Paman Lasma?".

 

Krungu tembunge Ki Gedhe Pelanggolan sing keri dhewe kuwi, Ki Markidin gumuyu lirih.

 

"Sumurupa ngger Sima Loreng" bareng karo rampung olehe ngguyu Ki Markidin banjur guneman "mbesuk paguronmu iki bakal duwe siswa sing akeh, cacahe atusan. Jalaran mengko sing teka ing papan kene saperlu arep ngudi ngelmu kanuragan lan kasantikan marang sliramu lan Adhi Lasma kuwi ora winates saka bangsane manungsa wae, nanging uga saka anak-anake para jim sing wis kuwawa ngambah alam sing katon gumelar iki. Malah kira-kira cacahe bangsa Jim sing bakal dadi siswamu kuwi bakal luwih akeh tinimbang sing wujud manungsa. Nanging sliramu aja kuwatir, mengko sadurunge aku nerusne laku munggah menyang pucuking Gunung Lawu, sliramu bakal tak paringi perangane ngelmu Aji Mayasamun, murih sliramu bisa srawung karo titahing Gusti sing saka alam liya".

 

"Manawi makaten estu kula ngaturaken panuwun ingkang tanpa pepindhan Guru" wangsulane Ki Gedhe Pelanggolan "sadaya dhawuhipun Guru badhe kula tindakaken sakiyating jiwa raga kula".

 

Ki Markidin banjur nurunake perangane Aji Mayasamun marang Ki Pelanggolan lan Ki Lasma. Sawuse wong loro kuwi bisa nguwasani ngelmu anyar kuwi kanthi becik, Markidin banjur pamit lan budhal lunga menyang pucuking Gunung Lawu kaya sing didhawuhne Ki Tanparupa marang dheweke.

 

Sapungkure Ki Markidin, Ki Gedhe Pelanggolan lan Ki Lasma banjur tata-tata arep nindakne kabeh welinge Ki Markidin. Diwiwiti arep bali tilik padhukuhan nemoni para Bebau lan Para Sapukawating Padhukuhan. Mesthi wae Ki Pelanggolan lan Ki Lasma milih wektu sing prayoga, aja nganti ana sing ngerti yen Ki Pelanggolan yen ng wayah bengi saiki wis ora wujud manungsa maneh, nanging wujud Macan gembong sing gedhene ngluwihi gedhene Kebo benthung. Mula kudu dipilih tekane Ki Pelanggolan karo Ki Lasma mengko kudu yen srengenge wis njudhul ing langit imbang wetan, lan kudu ninggalne padhukuhan sadurunge srengenge ambles ing imbang kulon.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH V (063)

 


63.

Sawuse ilang rasa kemeng ing gegerku, aku nerusne laku mangetan. Nanging aku bingung lali karo dalan sing mau tak liwati, wekasan aku mung mlayu mangetan ngono wae. Pancen aku milih dalan sing ora ngliwati padesan jalaran kuwatir yen ndadekne wedine wong-wong sing padha meruhi anggonku mlayu. Ora krasa lakuku jebul nurut pinggire bengawan sing uiga mili mangetan, siji-sijine bengawan gedhe ing laladan tanah jawa sisih tengah tembing wetan iki.

 

Nalika lakuku embuh tekan ngendi, aku ngrasakne nek kentekan tenaga. Jalaran kajaba kagawa rasa sedhih sing ngebaki rasane dhadhaku, pancen aku ya wis lali karo kuwajibanku aweh pangan marang ragaku sarta ora eling yen pikiran butuh leren sarana nindakne turu. Kamangka aku ya wis lali, olehku ora mangan lan ora turu kuwi wis pirang dina. Wekasane nadyan tekadku isih makantar-kantar nggoleki Ki Tanparupa sing miturut petunge nalarku papane wis ora adoh maneh, nanging sikilku wis ora kuwat dienggo mlaku.  Aku ambruk ing lemah, sabanjure aku wis ora eling apa-apa maneh.

 

Embuh sepira suwene anggonku ora eling, ngerti-ngerti aku krasa ana tangan alus sing ngelus-elus sirahku, karo kandha :

 

"Sanadyan bodho nanging sira duwe kasetyan sing gedhe, senadyan duwe kasetyan sing gedhe nanging sira kuwi bodho......... Markidin.... Markidin, tangia sing mbok goleki wis suwe ngenteni".

 

Gragap!. Aku kaget, mbukak mripatku kepengin ngerti sing nggugah nggonku ora eling. Nanging neng kono ora ana sapa-sapa, tak toleh ngiwa nengen, panggah ora ana  wong sing kemliwer. Aku kelingan semu kuwatir, nguwatirake karo Salirane Guru sing sadurunge aku rubuh isih tak selehne ana gegerku. Sepira mesgul rasaning atiku, Guru uga wis ora ana. Sapa sing wis wani ganggu gawe nyidra kunarpane guruku?. Sakala kekuwatanku pulih. Aku nggero karo nesu, aku arep nggoleki sapa sing wis nyolong kunarpane Guruku. Nanging menyang ngendi?.

 

Aku banjur duwe pangira yen sing nyidra kunarpane Guruku, mesthi ya wong sing mau ngelus-elus sirahku lan ngguggah anggonku turu, tegese wong kuwi mesthi isih ana sakiwa tengene papan iki, kira-kira wae wong iki mesthi wis ngecakne aji panglemunan ndadekne ora bisa disawang kanthi mripat wantahan. Aku banjur matak ajiku Panglemunan, awit kanthi mangkono aku bakal bisa ngaweruhi dununge wong sing nyidra kunarpane guruku. Nanging ing alam panglemunan panggah aku ora weruh sapa-sapa, anane mung sepi nyenyet. Aku rumangsa nek wis diremehne dening wong sing nyidra salirane Guruku. Nesuku wis ora kena diupamakne maneh.

 

"Markidin......" dumadakan keprungu ana suwara nyebut jenengku.  Gandheng suwara kuwi tanpa ana wujude, aku wegah aweh wangsulan. Aku wis ngira mesthi sing duwe suwara iki sing wis nyidra salirane Guruku.

 

"Markidin, ya gene sira milih ndhisikne panyana ala sing sira surung karo nafsu kanepson sing yegti mung bakal nuwuhake kapitunan tinimbang milih nggunakne weninging nalarmu murih sira nemu pepadhang?" suwara kang tanpa wujud kuwi muni maneh, ngelokne aku kanthi ukara sing memper ukarane wong aweh pitutur.

 

"He, kowe kuwi sapa? ayo nek nyata kowe wong perwira, ketokna ragamu. Aku ngerti yen kowe wong sing sekti pilih tandhing, nanging aja mbok kira Markidin miris ngadhepi wandamu" aku semaur karo nesu.

 

"Lho Markidin ya gene sira nesu karo aku?" suwara kuwi takon sajak ora kaget karo panantangku, malah banjur aweh pitutur luwih dawa maneh "gajege Kyai Bantarjati asring banget paring piwulang marang sira, supaya sira ora gampang nesu aja maneh marang wong sing ora tumindak luput marang sira, sanajan marang wong sing wis cetha gawe kapitunan marang sira wae, Gurumu Kyai Bantarjati paring weling yen tinimbang nesu luwih becik aweh pangapura. Apa sira lali Markidin? Apa pancen sira kepengin bali nganggo jeneng Sima Abang wae, merga wis lumrah yen sipating macan kuwi kaya sing sira cakne saiki iki".

 

Krungu tembunge suwara sing tanpa wujud ngono kuwi, sakala aku kelingan yen tekaku mrene mau saperlu nggoleki Ki Tanparupa. Saiki ana suwara sing kepenak dirungokne aweh pitutur, ngelingne pitutur sing kerep tak tampa saka Guruku Kyai Bantarjati. Sabodho-bodhone nalarku, aku banjur duwe dudutan yen sing duwe suwara kuwi mesthi Ki Tanparupa titahing Allah sing lagi tak goleki.

 

"Dhuh Sang Waliyullah, abdi paduka pun Markidin nyuwun genging pangaksami. Inggih labet saking cubluking manah kula, temah kula boten mangertos bilih kula sampun tampi kanugrahan saged kepanggih kaliyan paduka Ki Tanparupa" aku ndheprok nyuwun pangapura.

 

"Sokur ta yen sira wis ngerti yen sing ngajak rembugan sira iki dudu mungsuhmu, Markidin" dumadakan tanpa sangkan ing ngarepku wis ana pawongan sing ngagem busana sarwa putih. Pasuryane katon sumorot mencorong kebak perbawa.

 

"Pangabekti kula mugi kunjuk ing sahandhaping pepada paduka Dhuh Sang Waliyullah" aku daya-daya ngaturake pangabekti.

 

"Markidin, ya gene sira nyebut asmaku nganggo tembung Waliyullah? gajege Kyai Bantarjati wis paring piwulang marang sira, yen sing weruh Waliyullah kuwi mung Allah pribadi. Tegese, sing winastan Waliyullah ngono titah sing temen-temen bisa nindakne dhawuh-dhawuhing Allah kanthi bener jumbuh karo kang kaweca sajroning KitabE lan piwucaling Kanjeng Nabi. Titah ringkih kaya aku iki lagi ing tataran mbudidaya dadia titah sing mangkono kuwi, dadi mungguhku durung patut aku sinebut Waliyullah, jalaran sing uninga temen-temen bisa nindakne dhawuh kuwi mau mung Allah pribadi. Ngerti Markidin?" Ki Tanparupa rada sereng olehe paring pangandika marang aku.

 

"Inggih Ki Tanparupa, mugi ndika Ki Tanparupa ngagungna ing sih pangaksami jalaran balilu kula" aku nyuwun pangapura maneh.

 

"Iya Markidin sepira luputmu wis tak ngapura" Ki Tanparupa paring wangsulan "sumurupa Markidin, awit saka Maha Murahing Allah aku kaparingan weruh mungguh sing dadi sedyamu temah sira nganti teka ing papan iki, ya iku sira kepengin kepethuk karo aku. Nanging sawise ketemu, lan sadurunge sira ngandhakne sing dadi perlumu, luwih dhisik aku arep aweh weruh marang sira, yen sira wis tumindak siya marang sedulurku ya Gurumu ya iku Kyai Bantarjati".

 

Diarani yen aku wis tumindak siya marang Guru, aku dadi ora mudheng karo sing dingendikakne Ki Tanparupa . Jalaran aku ora rumangsa tumindak kaya sing didhawuhne Ki Tanparupa ngono kuwi mau. Gandheng aku ora wani semaur nganggo ukara, aku mung bisa nyawang marang pasuryane Ki Tanparupa, minangka pratandha yen aku durung bisa nampa apa sing dikersakne.

 

"Markidin, mesthine sira ngerti, yen meruhi ana manungsa sing wis kapundhut utawa kasarane mati, kuwi dadi wajibe sing urip aweh pangrukti marang kunarpane wong sing wis kapundhut kuwi ya kanthi sakuwasane. Ya iku disuceni, dibusanani, disembahyangi lan dipetak ing sajroning bumi, yen sira ora bisa nyuceni, mbusanani lan nyembahyangi awit saka wujudira sing isih kaya mangkono kuwi, mesthine sira panggah bisa nindakne kuwajiban sing keri dhewe ya iku ametak jasade Kyai Bantarjati ing jerone bumi. Ora malah mbok gawa mloya-mlayu kaya ngono kuwi" Ki Tanparupa nyethakne yen lekasku nggawa salirane Guru kanggo nyuwun tulung supaya diusadani murih bali sugeng maneh kuwi pranyata luput.

 

"Sumurupa Markidin" sadurunge aku semaur, Ki Tanparupa wis nyambung pangandikane maneh "pancen wis pinesthi sugenge Kyai Bantarjati ya mung tekan semono kuwi, dadi lekasira sing arep golek usada murih Gurumu bisa bali sugeng maneh, kuwi aran lekas sing luput lan yen ora enggal-enggal sira tobati, mangka sira mesthi bakal oleh pidana saka Allah jalaran lekasira kang mangkono iku mau cetha yen wis wani nantang marang  Maha Asihe Allah".

 

Aku njetung krungu pituture Ki Tanparupa sing mangkono kuwi mau. Dadi cetha yen pancen Gusti Allah wis ngersakne aku kudu pisah karo guruku kanggo selawas-lawase. Ora krasa aku banjur nangis merga sedhih, luh dleweran tanpa nyuwara.

 

"Markidin" Ki Tanparupa paring pangandika maneh "aku ngerti sepira sedhihing atinira awit tininggal dening Gurumu, nanging ora becik dadine yen sira nganti kedlarung-dlarung ing kasedhihanira. Sumurupa, nalika sira lagi ora eling merga kekeselen nggonmu mloya-mlayu mau, jisime Kyai Bantarjati wis tak rukti kanthi samestine. Saiki pasareyane ana ing sisih wetan kae, minangka tetenger ing pasareyane Gurumu tak tancepi balung pokange Kebo Alasan sing wis suwe mati ngurag ana kene, kae".

 

Ki Tanmparupa nudingi arah sisih wetan, saiki aku weruh yen ing kono jasade Guru disarekne, kanthi tinengeran balunge Kebo Alasan sing mati ngurag, ya iku balung pernah pokang.

 

 

ana candhake.

 

Catrhetan sethithik : mbok menawa pasareyane Kyai Bantarjati kuwi saiki sing kondhang karo sebutan Makame mBah Pokang, sing mapan ana salore Jalan Raya Ngawi - Solo, kira-kira Km. 17. Kira-kiraku Lho...... mbuh tenane. Sing cetha jarene kuwi makam keramat.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...