Total Tayangan Halaman

Rabu, 13 April 2022

SLENDHANG KUNING (022)


22.

Sodik rada kewuhan olehe arep aweh wangsulan marang pesen sing lagi wae ditampa lumantar WA saka Waginem kuwi. Dhek emben Sodik wis janji nek arep mbantu sakuwasane marang Waginem sing nglebokne layang lamaran menyang SMA papane mulang kuwi. Nanging saiki bareng bantuwan kuwi dibutuhne, Sodik malah ora ana omah lan lagi wae olehe budhal mau awan. Upama olehe teka ing Yogya kuwi wis rada sauntara, pantes wae upama banjur pamitan marang Ibu lan mBakyune nek arep bali dhisik menyang Kedunggalar merga ana urusan sing kudu dirampungne. Nanging bareng olehe test lan wawancara Waginem kuwi kudu sesuk awan, nek dheweke kepengin bisa melu nunggoni, gelem ora gelem sesuk esuk kudu bali, kamangka iki mau lagi wae teka. Genah nek mokal bisa dilakoni. mBuh arep nganggo pawadan apa wae, nek arep pamait marang mBakyu lan Ibune nek sesuk arep bali dhisik, cetha nek bakal nuwuhake sujana sajroning atine mbakyu lan wong tuwane. Lan arep kandha blaka apa anane durung ana kuwanen ing atine Sodik nyritakne mungguh anane jemparing asmara sing tumanduk ing jantunge.

 

"Klunthing" hape sing diselehne meja muni maneh, ana pesen WA sing mlebu. Saka Waginem maneh. Durung nganti dibukak, disusul ana suwara klunthing sepisan maneh, Waginem nusuli pesene.

 

"Sanajan radi dheg-dhegan, kula inggih nggadhahi raos optimis kok Mas" unine pesen WA ne Waginem sing lagi ae mlebu kuwi "jalaran kajawi nampi panggilan wawancara ingkang dipun kintun dening Mas Khoirul, nembe kemawon kula pikantuk WA saking Ustadz Mahfudzi ingkang maringi suport dhateng kula. Kula matur nuwun sanget dhateng Mas Sodik lho, awit dipun terne Mas Sodik kala emben nika, ndadosaken Ustadz Mahfudzi paring suport dhateng kula".

 

Banjur ing ngisore pesen kuwi ana gambar tayangan layar sing nuduhake nek ing Hp ne Waginem ana pesen WA  sing dikirim dening Ustadz Mahfudzi :

 

"Assalamu;alaikum Wr Wb.

sesuk awan wawancara ya mBak?

muga-muga kaparingan lancar. Aamiin."

 

Iki pesen saka bapak kagem mBak Waginem, nuwun.

(Sip. Ny. Mahudzi)".

 

Ngono kuwi unine foto tayangan layar sing dikirm Waginem menyang Sodik, sing nuduhake yen Bu Mahfudzi wis ngirimake pesene Kakunge menyang Waginem.

 

Sakala Sodik mesem lega, nek nitik anane pesen kuwi, nuduhake yen Ustadz Mahfudzi wis pana tenan marang kapribadene Waginem mula banjur paring suport sing kaya mangkono kuwi. Lan Sodik uga duwe pangarep-arep, muga-muga Ustadz Mahfudzi mbaleni maneh olehe paring kabar marang Pak Kepala SMA ngenani kapribadene Waginem, kaya sing dingendikakne pas bareng karo rapat yayasan kae.

 

Merga atine krasa lega lan pangarep-arep ing jero atine tuwuh ngrembaka, mula Sodik ya banjur wani aweh wangsulan WA ne Waginem marang dheweke kanthi ukara :

 

"Alhamdulillah muga-muga suport saking Ustadz Mahfudzi saged nambahi semangatipun mBak Waginem. Estunipun, kula inggih kepengin saged nyumerepi anggenipun mBak Waginem Wawancara, nanging gandheng wekdal niki, nembe kemawon anggen kula dugi ing Yogya, dados inggih kapeksa benjing dereng saged wangsul. Nanging kula pitados dhateng Allah kok, mBak Waginem tamtu saged wawancara kanthi lancar, awit pitulunganing Allah".

 

Durung suwe pesen kuwi kakirim, Waginem wis aweh wangsulan cekak : "Aamiin. Matur nuwun Mas".

 

Sodik mesem, banjur ngadeg arep mlebu omah, Sodik kepengin marani kamare ibune, mbok menawa ibune ngersakne paring dhawuh apa ta apa marang dheweke.mbarengi lakune Sodik tekan ngarep lawang kamare Bu Kaji sing bukakan, katon Bu Kaji lagi lenggah dikancani Ririen, mBakyune. Nanging wektu kuwi katon yen Ririen lagi serius guneman neng telepon hapene, sauntara Bu Kaji katon melu nyemak kanthi pasuryan sing sajak ngemu rasa kuwatir. Batine Sodik banjur takon-takon, sapa sing lagi telpunan karo Ririen kuwi? Ya gene katon nek ngemu rasa kuwatir? iya ing praupane Ririen, iya ing pasuryane Ibune?.

 

Alon-alon Sodik nyedhak, ngadeg ing sisihe mBakyune, meneng, ora guneman apa-apa.

 

"Piye nDhuk sidane?" Bu Kaji mundhut pirsa, sawuse Ririen ngudhunke hapene tandha yen olehe telpon wis ditutup.

 

"Anu Bu" Ririen atur wangsulan, secleraman kober ngilirik Sodik sing lagi ngadeg neng sisihe "Pak Jayadi kalih Bu Hasanah wiwit siang wau sampun wonten ing Panggang, Gunung Kidul mrika. Inggih mantun nambi wartos menawi Ibunipun Bu Hasanah dibeta dhateng Rumah Sakit, Pak Jayadi kalih Bu Hasanah inggih lajeng bidhal nusul mrika, dados Bu Hasanah inggih kober nenggani sedanipun ingkang ibu. Dhik Restu wau ngabari bilih benjing enjing, piyambakipun badhe mruput bidhal nusul Bapak lan Ibunipun dhateng Panggang".

 

"Lha awake dhewe piye?" Bu Kaji mundhut pirsa marang putrane sing mbarep kuwi.

 

"Ingkang dipun kersakaken Ibu?" Ririen nggenahne apa sing dikersakne Ibune.

 

"Awake dhewe ki kudune rak ya melu bela sungkawa kanthi takziyah mrana ta nDhuk? Jeneh srawunge kulawargamu karo kulawargane Bu Hasanah ki wis ngungkuli karo sedulur cedhak ngono" Bu Kaji nggenahne apa sing dadi kersane.

 

"Inggih Bu" Ririen wangsulan "padatanipun, menawi wonten kulawarga caketipun warga RT ing mriki ingkang ninggal, kamangka mapanipun ing njawi kitha, wonten perwakilan warga RT ingkang nyulihi, takziyah lan ngaturaken raos bela sungkawanipun warga dhateng ingkang kasripahan wau".

 

"Iya kuwi rak kanggo warga RT kene?" Bu Kaji ngendika maneh "sing tak karepne ki awake dhewe iki lho? Aku karo awakmu, mosok nek ora budhal takziyah?".

 

"Inggih Bu, mila kedahipun nggih takziyah" Ririen atur wangsulan, banjur karo nglirik adhine, Ririen mesem amba "pripun menawi ngeten mawon Bu?. Ibu kalih kula benjing enjing bidhal takziyah nyarengi Dhik Restu kemawon?".

 

"Lha kok esuk ki awakmu apa ora mulang?"  Bu Kaji mundhut pirsa maneh.

 

"Benjing rak Sabtu ta Bu? nggih libur ta?" Ririen mesem sansaya amba "menawi Ibu mathuk, mangke mbeta mobil kula mawon kersane disetiri Sodik". Ririen banjur nakoni adine "gelem ta Dik?".

 

"Siap!" Sodik wangsulan cekak.

 

Sanadyan durung pati cetha bongkot pucuke perkara sing lagi dirembug, nanging Sodik sethithik-sethithik wis nyandhak yen mBakyu karo Ibune kuwi sesuk arep nglayat, menyang Panggang, Gunung Kidul.

 

"Nek ngono ya luwih becik" Bu Kaji ngendika sajak karenan penggalihe "nek ngono Nak Restu ndang telpunen, kandhanana karo rencanamu iki mau".

 

"Inggih Bu" Ririen atur wangsulan, banjur nyandhak hapene, nelpon Restu.

 

"Inggih Bu Kahar?" saka sabrang kana Restu nampani telpune Ririen "wonten dhawuh ?".

 

"Iya mBak" Ririen wangsulan, banjur takon "sesuk esuk budhale mBak Restu menyang Panggang kira-kira jam pira? karo sapa?".

 

"Inggih radi enjing Bu" wangsulane Restu "piyambakan badhe numpak Bus saking Giwangan mawon. Badhe wonten dhawuh menapa ta Bu?".

 

"Sirku ngene, Ibu karo aku rak ya arep ndherek bela sungkawa menyang Panggang kana, upama mBak Restu bareng karo aku ngono piye?" Ririen takon maneh.

 

"Sareng kalih Bu Kahar?" Restu nggenahne takon "inggih Bu boten napa-napa, mbenjing bidhale dhateng terminal Giwangan tak mampir mriku".

 

"mBak Restu wae sing tak ampiri" wangsulane Ririen karo suwara renyah "merga aku mengko rak bisa nggawa grobag saka omah, kabeneran iki mau Sodik teka nyang omah, dadi sesuk ben disetiri Sodik wae".

 

"Mas Sodik mriki ta Bu? manawi makaten, inggih matur nuwun. Salam kula Bu katur Mas Sodik".

 

Ririen banjur nutup telpune. Karo mapan lungguh neng ambene Ibune, Ririen banjur kandha menyang adhine :

 

"Oleh salam saka Restu Dik" .

 

"Restu sapa ta mBak? Bu Guru TK putrane Pak Jayadi kidul kono kuwi pa?" Sodik wangsulan nggenahne sapa sing kirim salam marang dheweke.

 

"Iya" wangsulane Ririen "arep Restu sapa maneh? wong sak blok kene iki sing jenenge Resti ya mung siji kuwi".

 

"Iya, matur nuwun" Sodik wangsulan karo mesem "alaika wa alaihissalam warahmatullah".

 

"Lha kowe mau wis maem ta?" Ririen genti nakoni bab liya "senenganmu ki ajeg ngasep-ngasep ngono kuwi kok nek maem, dikandhani nek ngono kuwi ora becik kok panggah nekad wae".

 

"Iya, tak ndang maem nek ngono" Sodik wangsulan karo mesem, banjur pamit marang ibune "kula maem riyin nggih Bu?".

 

"Ya" Bu Kaji wangsulan cekak.

 

Sapungkure Sodik saka kamare Ibune, Bu Kaji karo Ririen banjur kanthi suwara sing alon ngrembug yen dina sesuk kuwi bisa dadi dina sing becik, dina sing bisa kanggo miwiti olehe luwih ngraketake antarane Sodik Salim karo Restu Arumdalu. Muga-muga kanthi cara sing ora dirancang sadurunge iki bisa dadi lantaran dumadine jejodhowan sing becik antarane Putrane Bu Kaji Ali jaka sing wis rada kasep karo Restu Arumdalu putrane Bu Hasanah, prawan ayu sing isih sajroning nahan rasa bingget ing atine.

 

 

ana candhake.

 

SLENDHANG KUNING (021)

 


21.

Mudhun saka sembahyang Jumuah, sawise pamitan lan aweh pituduh-pituduh bab gaweyan sawah lan omah marang Sampir lan Simpen, Sodik banjur budhal nusul Ibune menyang Yogya. Mobile digelak kanthi laku sing ora kesusu, sengaja ora liwat dalan tol kanthi pawadan murih rada ngirit, rada suwe sauntara ora apa-apa wong ya ora lagi mburu gaweyan sing gage-gage wae. Ngarepne Maghrib jebul wis tekan omahe mbakyune, kaya padatan sing digoleki dhisik dhewe ora ana liya kajaba ibune sing wis rada sauntara dina ora kumpul saomah. Sodik pancen wis rada nemen olehe kangen karo ibune.

 

"Lha kowe mau saka omah jam pira ta Le?" pitakone Bu Kaji nalika Sodik nusul nyang kamare perlu sungkem.

 

"Nggih bakda sembahyang jumuah wau bidhal saking griya Bu" wangsulane Sodik karo mapan lungguh njejeri ibune.

 

"Lha urusan omah wis mbok pasrahne Simpen karo Sampir ta?" Bu Kaji mundhut pirsa urusan omah.

 

"Sampun Bu" Sodik wangsulan banjur ditutugne karo tembung pangalembana marang kahanane ibune "Ibu teng mriki ketingal langkung seger lho Bu?, ketingale kraos nggih Bu? layak nganti pirang-pirang dina ora kundur-kundur, beda banget karo padatane ngana kae".

 

"Lha olehe arep ndang bali ki ya piye? wong kowe saben dikongkon ndang mapag malah pawadan ana gaweyan sing ora bisa ditinggal ngono kok? Mosok Ibumu arep mbok kon ngebus dhewe?" Bu Kaji wangsulan karo suwara sing digawe rada anyel, anyel sing ora nganti tekan jero ati.

 

Sodik ora semaur, mung nggleges mbenerne apa sing didhawuhne ibune. Dumadakan Sodik mesem rada amba, kelingan karo Waginem sing wis dadi salah sijine jalaran dheweke ora enggal-enggal mara menyang Yogya. Batine Sodik, mendah senenge saupama bisa ngajak Waginem banjur ditepungne Ibu karo mbakyune, karo kandha nek atine wis wiwit ketuwuhan rasa asmara marang kenya sing sulistiyeng warna.

 

"Kegedhen rumangsan tenan kok Dik, kowe kuwi" dumadakan ana suwara cumengkling sing nyenggol temboking atine "apa rumangsamu Waginem kae gelem karo kowe apa piye? karo maneh kowe ya durung ngerti, bocah kae ki wis duwe pacangan apa durung ta?".

 

Krungu suwara batine dhewe sing mangkono kuwi, Sodik ya banjur mesem maneh.

 

"Ya atine muga-muga wae Waginem kae durung ana sing duwe lan gelem dadi jodhoku" sepisan maneh batine aweh wangsulan marang batine dhewe.

 

"Kok malah mesam-mesem dhewe, ana apa ta Le? Apa ibumu malih lucu ngono apa piye rumangsamu?" Bu Kaji ngendikan karo ngingeti praupane Sodik.

 

"Boten kok Bu" wangsulane Sodik dora sembada "Ibu saestu ketingal langkung seger, Sodik remen Bu".

 

"Iya ta?" Bu Kaji mesem "ya mesthi wae, wong neng kene Ibu mentas nemu barang sing ndadekne Ibu seneng kok".

 

"Menapa menika Bu?"

 

"Wis, kowe ora perlu ngerti dhisik mundhak ora becik" Bu Kaji wangsulan karo ngguya-ngguyu "kowe mau wis kepethuk mBakyumu apa durung? Kana ndang nemoni mBakyumu dhisik, banjur gek ndang adus-adus kana, sedhela maneh maghrib".

 

"Inggih Bu" Sodik ngadeg banjur metu saka kamare Ibune, neng omah kono kuwi Sodik ya didhakoni kamar dhewe, kaya dene Bu Kaji sing uga duwe kamar dhewe. Pancen omahe Dokter Kahar kuwi jembar, jogane ana loro, ngisor karo dhuwur, Kamare Sodik manggon neng jogan dhuwur.

 

Ora kaya sing didhawuhne Ibune supaya nemoni mBakyune, nanging Sodik milih mlaku munggah menyang kamare arep adus lan reresik awak luwih dhisik, mengko wae nek wis seger lagi arep nemoni mBakyune. Karo adus Sodik duwe gagasan mengko arep crita marang Ibu lan mBakyune sarta mase ipe nek pas dheweke bali saka dhek emben kae, neng bus kepethuk karo Waginem kenya ayu sing sregep nyambut gawe, pinter tur ya solihah. Nanging durung nganti rampung olehe nggagas, karepe sing ngono kuwi tumuli dihugarake. Sodik ora sida olehe arep crita, merga Sodik kuwatir nek ditakoni Ibune utawa mBakyune, apa Waginem kuwi wis mratelakne isi atine yen gelem saupama dijak urip bebarengan karo Sodik, apa durung?. Mesthi Sodik banjur ora bisa wangsulan, mula Sodik ya banjur mutusne olehe arep nyritakne Waginem marang Ibu lan mBakyune sarta Mase Ipe mbesuk wae nek wis ana wangsulan yen dheweke ora mung keplok nganggo tangan sing mung sesisih wae.

 

Wingi Ririen liwat telpon kandha yen Ibune ngersakne Sodik leren neng Yogya telu utawa patang dina, aja kesusu bali menyang Kedunggalar, lan Sodik iya wis nyaguhi, dumadakan Sodik wis rumangsa getun olehe wis nyaguhi apa sing dadi panjaluke mBakyune kuwi.

"Lha nek aku kesuwen neng kene, rak ya kangelan olehku arep mangerteni critane Waginem? sidane piye karo lamaran sing wis diaturne Pak Ketua Yayasan kae? Olehe arep diwawancarani suk kapan? bisa ketampa apa ora?" batine Sodik rame dhewe "Ning nek aku ora nuruti Ibu sing ngersakne tindak-tindak banjur kepiye? Mosok aku arep suwala mung merga kepengin mangerteni lakon sing arep diadhepi Waginem? Bener Waginem kuwi wis angel tak lalekne, nanging rak ya durung dadi apa-apaku?".

 

Merga karo nglamun olehe adus Sodik dadi rada suwe, nalika keprungu suwara adzan maghrib saka Masjid sing ora adoh karo omahe mbakyune kuwi, Sodik lagi krasa nek wis keseret ing lelamunan sing ora cetha jluntrunge. Gageyan Sodik byar-byur nutugne olehe adus. Bubar adus, ganti sarung karo klambi koko, gegancangan budhal menyang Masjid, nindakne kuwajibane wong urip sing ngrasuk agama Islam, sembahyang jamaah maghrib neng masjid, banjur dijamak kanthi ijen karo sembahyang isyak sing dikosor dadi rong rekangat. Bubar sembahyang ora bisa enggal-enggal mbalik menyang omahe Ririen maneh, merga saking kerepe Sodik sanja menyang omahe Mase ipe kuwi, ndadekne Sodik tepung karo meh kabeh jamaah masjid kono. Sodik leren sedhela neng masjid, njagongi tepungane sing nakokne kabar kuwarasane.

 

"Olehmu teka mau jam pira ta Dik?" Ririen mapag adhine sing lagi bali saka masjid nganggo pitakonan "ngerti-ngerti kok mobilmu wis neng garasi, tak goleki neng dhuwur ora ketemu, jebul malah wis tekan masjid barang?".

 

"Jam lima luwih sethithik Yu" wangsulane Sodik karo mesem "bar ketemu Ibu, banjur adus terus Maghriban. Lha Yu Rien mau nyang ngendi kok pas aku arep adus mau tak ingat-ingeti ya ora eneng?".

 

"Iya, mau aku nyang warunge Mat Aji wong Medura sing bakul Gas LPG lor kono kuwi, wong tak telepon bola-bali arep tak kon ngeteri Gas, telepone ora diangkat terus aku mara rana. Mulih saka nggone Mat Taji kok mobilmu wis neng garasi, tak goleki mendhuwur kok ora eneng, jebul wis neng masjid" wangsulane Ririen sabanjure.

 

Ora banjur mlebu omah, Sodik malah banjur mapan lungguh neng kursi teras. Ngetokne Ha-pe ne, banjur wiwit maca pesen-pesen sing wiwit awan mau durung didelok. Pesen-pesen lumantar aplikasi WhatsApp lan Telegram sing wis sapirang-pirang. Sing akeh ya mung pesen sing ana grup-grup sing dieloni, ora ana pesen sipate pribadi. Saka Grup RT, Grup Alumni Kampuse, Grup SMA lan liya-liyane sing tumrape Sodik ora pati wigati.

 

"Nyuuuuut" dumadakan Sodik kepengin kirim pesen WhatsApp menyang nomere Waginem, ora arep kandha apa-apa, mung arep aweh kabar yen dheweke lagi neng Yogya nusul Ibune. Ambak-ambak arep nulis pesen mung ngono kuwi, ewa semono Sodik kaya wong ora pati mudheg, olehe nulis rumangsane angel banget, kangelan olehe arep nata ukara. Nanging suwe-suwe ya bisa kanthi ukara prasaja :

 

"Assalamu'alaikum mBak Waginem, kados pundi wartose sami sehat ta? Wekdal niki kula dhateng Yogya, nusul Ibu".

 

Pas pesene "terkirim" mbeneri Waginem pas online, lan banjur centhang loro rupane biru. Sodik mesem, atine krasa seneng, WA ne wis diwaca dening Waginem. Luwih seneng maneh bareng Sodik weruh, Waginem lagi nulis pesen, suwe ora rampung-rampung. Sodik ngguyu alon, batine : "ketoke bocahe ya padha karo aku, kangelan olehe arep nata ukara".

 

Hape ditutup banjur diselehne neng dhuwur meja.

 

"Thuwit-thuwit" ana pesen mlebu, hape bali dicandhak banjur diwaca :

 

"Waalaikumussalam, alhamdulillah sae Mas. Mas Sodik wonten Yogya? kok sami Mas? kula nembe wonten kos-kosanipun ponakan, nanging benjing enjing badhe wangsul Ngawi, jam kalih siang dipun dhawuhi sowan dhateng SMA, panggilan wawancara. Nyuwun pangestunipun inggih Mas?" pesen saka Waginem rada dawa.

 

Sapandurat Sodik njegreg, sesuk awan Waginem wawancara, dheweke ora bisa melu nunggoni aweh semangat.

 

"Hm........" Sodik unjal ambegan landhung.

 

 

ana candhake.


Jumat, 08 April 2022

SLENDHANG KUNING (020)

20.

Waginem ora enggal semaur, dheweke butuh nata ukara sing becik kanggo mangsuli pitakone simboke sing sajake rumangsa ora marem krungu wangsulan sing dhek mau dikandhakne. Waginem wis duwe pangira yen mau Munir wis crita akeh-akeh marang simboke lan Waginem ya ora bisa ngluputne simboke yen banjur percaya marang apa ding dikandhakne Munir, merga Waginem ya ngerti nek Munir kuwi pancen wasis micara. Lan kanggo mangsuli piakone simboke sing keri dhewe iki mau, mbutuhne basa sing becik sing bisa ditampa lan ora nganti gawe seriking atine wong tuwane sing kari siji kuwi.

 

 

"Kok malah meneng ki karepmu piye ta Nem?" mBok Sadikem wiwit ora sabar merga Waginem ora enggal semaur nyauti omongane.

 

 

"Sabar dhisik ta mBok" wangsulane Waginem nganggo suwara sing alus "karepku mau ki ngene lho.......".

 

"Iya piye? aku mung butuh genahe ngono lho!" mBok Sadikem nigas tembunge anake wedok.

 

"Iya, Simbok mau rak meling supaya aku ngati-ati sajrone srawung karo sapa wae ta? kareben ora getun tembe mburine, rak ya ngono ta?" Waginem tembunge nanging diganti nganggo ukara pitakon.

 

"Iya banjur?"

 

"Jenenge ngati-ati kuwi ora mung nek ngadhepi salah sijine wong wae, nanging sikep ngati-ati kuwi kudu dicakne sjrone srawung karo sapa wae luwih-luwih marang wong sing durung ditepungi lahir batine, upamane ya Mas Sodik karo Mas Munir ngono kuwi, iya ta?" Waginem wiwit nggenahne apa sing mau dikandhakne.

 

"Bener, banjur piye?" mBok Sadikem mburu nganggo pitakonan.

 

"Nah, pancen bener Mas Munir kuwi tau ngandhani aku nek arep aweh pitulungan nggolekne panggonan mulang neng sekolahan sing ana kutha Ngawi kene, sing jarene sekolahan sing maju, muride akeh lan blanja kanggo guru sing mulang sak liyane sing wis PNS jarene cukup lumayan gedhe. Nanging, pas aku takon sekolahane kuwi ngendi? Mas Munir ora gelem blaka, bakune aku mung dikongkon nyepakne berkas-berkas lamaran thok, mengko sing arep nglakokne Mas Munir lan Mas Munir ya janji nek sing nggawa lamaran kuwi Mas Munir mesthi ketampane, wong Mas Munir kuwi neng jagade Lawyer, LSM lan sapanunggalane jarene klebu dhuwur".

 

"Lha kok ora mbok turuti?  malah kowe manut Sodik sing sekolahane ora pati cetha, wis adoh saka omah kathik neng ndesa tur muride mung sethithik kuwi?" mBok Sadikem nugel rembuge Waginem maneh, nganggo pitakon sing isine mbaleni pitakonan sing  mau.

 

"Kuwi ngene" Waginem semaur karo suwara sing sareh lan sabar "merga aku ki rak durung ngerti njaba lan njerone Mas Munir satemene ta mBok? wong tepungku karo Mas Munir kuwi ya merga wonge kuwi kancane kanca ing grup Prasaja Laras lan kerep ngendhangi nek dhong Prasaja Laras Gladhen, gek kabar saka kanca-kanca sing wis luwih wanuh karo Mas Munir kuwi beda-beda, ana sing kandha nek wonge apik ning ya ana sing kandha nek wonge kuwi perlu diwaspadani, malah mBak Muji tau meling marang supaya aku ngati-ati nek srawung karo dheweke......".

 

"Lha ngapa kok ngono?" mBok Sadikem nigas rembug maneh.

 

"Aku ora ngerti mBok" wangsulane Waginem karo nutugne gunemane "jarene mBak Muji, Mas Munir kuwi seneng ngajak lunga dolan kanca-kanca waranggana sing isih nom tur ayu rupane, lha ora suwe nek wis bar dijak dolan karo Mas Munir kanca-kanca Waranggana kuwi banjur kaya wong kisinan, pamit metu saka Grup Prasaja Laras".

 

"Kuwi sing kandha mBak Muji?" mBok Sadikem takon, nggenahne.

 

"Iya mBok" Waginem aweh wangsulan "kajaba saka kuwi, olehku kudu luwih ngati-ati nek srawung karo Mas Munir kuwi, merga aku bola-bali weruh, wonge ki seneng mampir nyang warunge mBah Kadut wetan kana kae, terus ngajak metu anak-anakane mBah Kadut, mbuh menyang ngendi parane".

 

mBok Sadikem manthuk-manthuk karo ketok nek nggagas karo apa sing dikandhakne anake wedok, banjur takon maneh :

 

"Lha nek mung kuwi pawadanmu banjur kowe ngati-ati olehmu srawung karo Munir ya ora apa-apa, nanging bab olehmu ngemohi gaweyan sing ditawakne kuwi piye? kamangka cetha nek luwih becik tinimbang sing ditawakne Sodik?".

 

"Nek kuwi ngene mBok" Waginem mesem banjur semaur "merga aku ngati-ati, aku banjur mbudidaya murih ora duwe utang budi karo Mas Munir, merga nek nganti aku kepotangan budi, tan wurunga aku banjur kelangan pangati-ati. Karo maneh, olehe simbok ngragati aku sekolah nganti lulus sarjana iki sarta awit pandongane Simbok sing ora tau leren, kuwi wis ngasilne aku dadi wong sing bisa mikir mBok, ngasilne aku ngerti endi sing bener endi sing luput, kamangka olehe nawani gaweyan Mas Munir kuwi jaminane mung ngendelne dumeh Mas Munir kuwi genderane wis dhuwur, jarene. Lan nek aku nggugu, genderaku dhewe banjur ilang ora katon, olehe ngragadi lan ndongakne simbok menyang aku saben dina ketutup karo genderane Mas Munir, kuwi sing aku ora seneng, merga padha karo aku wis ora percaya karo awakku dhewe. Rak ya ngono ta mBok?"

 

"Lha nek karo olehmu nglebokne lamaran nyang sekolahane Sodik, sekolahan ndesa sing isih kolot kuwi?" mBok Sadikem takon maneh.

 

"Kuwi ta?" Waginem mesem sansaya amba "wiwit pisanan Mas Sodik wis kandha, nek olehe mulang neng sekolahane kuwi mung GTT dudu Guru Tetap lan Mas Sodik ya kandha nek sekolahane kuwi isih durung suwe, umure lagi patang tahunan, manggone neng ndesa pisan, lan Mas Sodik uga ora njanjeni nek aku mesthi ketampane nek gelem nglebokne lamaran mrono, wong neng sekolahan kono kuwi Mas Sodik kandha nek mung Guru sing ora duwe kuwasa apa-apa........".

 

"Lha wis ngerti nek kaya ngono kok kowe nekad nglebokne lamaran mrono? ketampane durung karuwan? tur nek ketampa tenan blanjane ya durung cetha sepira?"

 

"Ngene ya mBok" Waginem nutugne olehe kandha, suwarane panggah sabar lan sareh "ketampa utawa ora mengkone kuwi ora baku, sing cetha kuwi kabeh awit saka pambudidayaku dhewe kanthi sangu ngilmu sing tak temu sawuse diragati lan didongakne Simbok. Nek ketampa ya sokur nek ora ya ora apa-apa wong jenenge wae wong mbudidaya. Lha saupama ketampa bisa melu mulang neng kono, kuwi wis tak niyati ngibadah mBok bab blanjane sepira kuwi nomer loro, merga ngene mBok, aku kelingan jaman awake dhewe arep miwiti bukak cucian klambi iki, biyen Simbok wiwitane rak ya kuwatir nek asile ora cucuk nek dibandhing karo tenaga lan kangelanku, iya ta mBok?"

 

"Iya kuwi biyen merga aku dikandhani Lik Tirah sing jebule mung pinter maido thok kae......." wangsulane mBok Sadikem mbela awake dhewe.

 

"Ora sah ngrembug Lik Tirah sing wis ora ana mBok, ora becik, didongakne wae muga-muga Gusti Allah paring papan sing becik neng kanane" Waginem nutugne olehe omong "najanta wektu kuwi Simbok rada nesu olehe menging aku, nanging aku nekad, aku omong nyang Simbok nek niyatku bukak kumbahan klambi iki ngibadah, merga Gusti Allah majibake kawulane mbudidaya lan makarya minangka srana golek sangu kangge urip neng dunya, dene rejeki kuwi wis ditata dhewe dening Gusti Allah, lha merga saka maha murahe Gusti Allah saka bukak kumbahan klambi iki asile rak ya wis bisa dirasakne, bisa nyelengi malah najan sethithik ya bisa kanggo aweh pitulungan marang wong sing mbutuhake. Lha olehku nglebokne lamaran nyang sekolahan nggone Mas Sodik ki ya ngono kuwi mBok. Lan ana siji maneh sing ketoke simbok prelu ngerti iki".

 

"Apa kuwi?" mBok Sadikem takon.

 

"Jebul sing jarene sekolahan ndesa, kolot, ora maju kuwi, bareng aku tekan kana lan ngerti kahanane, aku banjur duwe pangira yen ora suwe maneh sekolahan kuwi bakal dadi sekolahan nduweni bobot luwih tinimbang sekolahan-sekolahan liyane" Waginem aweh wangsulan karo suwara sing manteb "guru-gurune mBok, dening yayasane tansah digembleng supaya bisa dadi guru sing nduweni rasa tanggung jawab minterake bangsane, ana sing lulusan saka Mesir barang, sing lulusan Madinah ya ana, sing lulusan Leiden siji. Simbok ngerti sapa Ketua Umum Yayasane sekolahan sing jarene ndesa kuwi?".

 

"Sapa?" mBok Sadikem takon.

 

"Kae lho mBok, sing kerep ngisi Pengajian neng Masjide dhewe, sing jarene Simbok wonge Bagus, basane runtut, najan wis rong jam olehe ceramah nanging meh kabeh sing ngrungokne isih rumangsa kurang suwe kae neh.........." Waginem aweh wangsulan.

 

"Sapa?" mBok Sadikem dadi penasaran "sing ceramah neng Masjid pendhak dina Jumuah ngisi Pengajian ki akeh, ning sing paling tak senengi lan ya dicocogi wong akeh ki ya Pak Karmudi sing daleme Perumahan lor kono kuwi kae......".

 

"Sapa mBok? Pak Karmudi?" Waginem ngguyu rada banter "kae ngono asmane Ustadz Mahfudzi mBok, daleme Perumahan Karangasri lor kono kuwi, ya kuwi sing dipercaya dadi Ketua Yayasan sing ngayomi sekolahan sing lamaranku tak lebokne esuk mau".

 

"He? iya?" mBok Sadikem mlenggong, nuduhne gumune.

 

 

ana candhake.

 

Kamis, 07 April 2022

SLENDHANG KUNING (019)

19.

Lagi wae Sodik mlebu omah, hape sing diseleh neng tas cangklonge muni. Ana sing lagi telepon. Karo ngetokne hape saka tase, batine nggagas takon sapa sing telepon kuwi. Sawise diiling-ilingi sedhela banjur ditampa karo sajak seneng.

"Assalamu'alaikum, iya Yu piye kabare Ibu?" kandhane Sodik neng telepone, mangsuli panyeluke Ririen mBakyune, kanthi nakokne kabare ibune.

 

"Alaikumsalam" wangsulane Ririen lumantar telepone "alhamdulillah kabeh apik,  mau tak telepon bola-bali kok ora mbok angkat ki ana apa ta Dik?"

 

"Sepurane mBak, ora krungu wong hape tak selehne tas tak tinggal neng meja dadi aku gak ngerti, wong iki aku ya lagi mlebu omah, kas rapat Yayasan neng Ngawi" wangsulane Sodik ngandhakne nek ora ngerti makyune telepon.

 

"Ya wis nek mung ngono" kandhane Ririen lega "aku mau ki kober nggagas sing ora-ora lho?. Anu, arep takon.....".

 

"Takon bab apa Yu?" wangsulane Sodik karo mesem, batine rumangsa luput sing wis marahi mbakyune nguwatirake dheweke.

 

"Olehmu menyang Yogya ki suk kapan?" pitakone Ririen sabanjure "aku matur Ibu ki ngendikane Ibu kowe kuwi saiki dadi wong sing repot terus? Dhek emben matur nyang Ibu nek arep ngrampungne gaweyan sawah sing wayahe tandur, banjur jarene neng Sekolahan ana gaweyan sing kudu mbok rampungne, banjur dina iki mau jaremu rapat Yayasan. Sesuk ngapa maneh?".

 

"He he he, aja muring ngono kuwi ta Yu" wangsulane Sodik karo ngguyu "pancen ya lagi repot tenan kok, arep piye maneh? Tenan lho Yu, aku ki ora ngapusi lan saben bar maghrib aku rak ya telepon Ibu ngaturake apa sing wis tak tandangi neng omah".

 

"Iya, aku ya ngerti kuwi, aku mung takon olehmu bisa nyang Yogya ki suk kapan?" Ririen mbaleni pitakone.

 

"Sik Yu, suk Jum'at sore wae Yu" wangsulane Sodik "bar jum'atan tak terus budhal, aturna Ibu pisan nek olehku mapag nganggo grobag wae, wong nek numpak bus ki najan Patas ya wektune suwe".

 

"Iya, Ibu pancen dhawuh nek kowe didhawuhi nggawa kendharaan dhewe wae, ngendikane Ibu kowe didhawuhi leren neng Yogya telung dina apa patang dina ngono, ketoke Ibu ngersakne tindak-tindak neng Yogya kene ki".

 

"Tindak-tindak? menyang ngendi no Yu? kok kadhingaren temen, ibu ngersakne tindak-tindak barang?".

 

"Aku ya ora ngerti kok, wong kuwi mau mung kira-kiraku wae" wangsulane Ririen "kowe rak ya ngerti dhewe, Ibu ki neng dalem apa neng Yogya ya ngana kae, ora ana acara liya kajaba mung ngaji njingglengi Kitab Suci. Ya wis ngono wae dhisik ya?  Ning tenan, suk Jumuah aja nganti dibatalne, Assalamu'alaikum".

 

"Salam"

 

Sodik nglebokne hapene menyang sak klambine. Karo mlaku menyang kamare, pikirane nglambrang, nggagas karo apa sing dikandhakne mbakyune neng telpon mau. Ibune ngersakne tindak-tindak?. Ibune mesthi banjur dhawuh supaya didherekne menyang papan-papan wisata sing suwe ora tau diparani, mesthi bisa gawe sengseme ati tenan. Saora-orane bakal bisa nyegerake utek sing saben dina mung mikirne gaweyan wae iki. Ah, iba luwih senenging atine, saupama olehe ndherekne Ibune tindak-tindak mengkone kuwi ora mung ijen, utawa mung dikancani mBakyu lan Mase Ipe sarta ponakane? Nanging uga dikancani Waginem sing mau dikancani ngadhep Ustadz Mahfudzi?. Sodik mesem dhewe.

 

"Pikiranmu ki kok kaya pikirane bocah puber kapisan wae ta Dik-dik?" ana suwara sing cumengkling nyenggol temboking atine "gawe gambaran kok ngawur, genah mokal kowe bisa ngajak Waginem mlaku-mlaku karo ndherekne Ibu, wong Waginem kuwi dudu apa-apamu. Upamaa Waginem gelem mbok jak mlaku-mlaku, disawang wong ya kurang becik, wong dheweke kuwi genah nek dudu mahram-mu".

 

"Iya, ya?" batin sing sisih liyane semaur "mosok jaka kaplak arep pacaran kaya ABG genah saru dinulu ing akeh, ya mbesuk wae nek wis klakon Waginem tak wengku dadi sisihanku, tak jake mlaku-mlaku ngiras bulan madu".

 

"Piye? nek wis klakon mbok wengku?" batin sing sisihe semaur karo ngguyu "rumangsamu Waginem kae gelem ta karo kowe?, aja kegedhen rumangsan kowe Dik, aja nemen-nemen olehmu duwe panjangka bab kuwi, bisa-bisa kowe mengko ngetan bali ngulon, tiwas edan jebul gak klakon".

 

Sodik ngguyu dhewe. Banjur cucul klambi arep mangkat adus, wektune wis rada sore.

 

Sauntara kuwi, neng omahe karo nandangi gaweyane, Waginem alon-alonan rengeng-rengeng karo ati sing seneng. Mau neng kantore Ustadz Mahfudzi Waginem krungu dhewe nek olehe nglebokne lamaran menyang SMA Al-Hasan, mbarengi karo kahanane sekolahan kuwi mbutuhne Guru Mapel Bahasa sing jumbuh karo jurusan sing kecathet ana ijazahe. Waginem uga krungu yen Ustadz Mahfudzi ngendikakne yen wis apal karo kapribaden sing diduweni Waginem. Kanthi pawadan iki, mbok menawa wae bisa dadi dalan sing padhang bisa ketampane olehe nglebokne lamaran mau.

 

"Mbesuk nek klakon ketampa, bakal kerep kepethuk karo Mas Sodik neng sekolahan" suwara batine Waginem guneman dhewe. Waginem mesem.

 

"Nem, aku mau lali" dumadakan mBok Sadikem, simboke Waginem mara karo kandha.

 

"Lali, apa sing lali mBok?" Waginem semaur genti takon.

 

"Dhek esuk saungkurmu mau, kancamu sing jaremu Pengacara kae teka, nggoleki kowe" mBok Sadikem ngandhakne bab tekane Munir mau esuk.

 

"Mas Munir rene? arep ngapa jarene? lha Simbok mangsuli piye?" Waginem mbrondong pitakonan marang simboke.

 

"Iya, butuhe apa aku ya gak takon, aku ya kandha nek kowe menyang Kedunggalar arep nglebokne lamaran neng sekolahan kana, ngono" mBok Sadikem wangsulan.

 

"Wonge rak ya banjur bali ta mBok? ya wis neh, kapan-kapan nek kepethuk wonge rak ya crita dhewe" kandhane Waginem sabanjure.

 

"Nanging wonge mau ya rada suwe lho olehe leren neng warung kono" mBok Sadikem nyambung kandhane.

 

"Neng warunge Simbok? Ngajak crita apa karo Simbok?" Waginem takon.

 

"Wonge mau grenang-greneng, ora mudheng karo karepmu, jarene wonge wis nyaguhi nggolekne gaweyan kowe neng sekolahan sing cedhak-cedhak kene, sing blanjane klebu gedhe, lha kok kowe malah nglebokne lamaran menyang sekolahan ndesa, sing durung maju, muride sethithik lan blanjane mung sak-sake, apa merga kowe wis kepencut karo critane kancamu sing jenenge Sodik kae?" mBok Sadikem nekakne apa sing mau dikandhakne Munir marang dheweke.

 

"Mas Munir ngomong ngono kuwi?" Waginem takon maneh "banjur ngomong apa maneh mBok?".

 

"Ora, ya mung grenang-greneng ngono kuwi mau, karo ngomongi aku supaya ngandhani kowe supaya luwih ngati-ati" wangsulane mBok Sadikem kalem.

 

"Iya" Waginem wangsulan karo mesem "gajege saben arep nang ngendi-endi aku rak ya pamit simbok ta? Banjur Simbok ya meling supaya aku ngati-ati, rak ya ngono ta mBok?".

"Ora kuwi sing dikarepne ki" mBok Sadikem wangsulan arep nggenahne ukarane.

 

"Lha piye?"

 

"Ngene lho Nem" mBok Sadikem kandha alon-alon kanthi suwara sing sareh "mau ki Mas Munir kae kandha, jarene kowe kuwi bocah sing sregep, pinter tur sembarang kalir bisa, nanging isih polos, isih lugu. Ya merga isih polos lan lugu kuwi, nek ora ngati-ati gampang keglendheng dening wong culika, keblithuk dening manising wicara, kalimput dening alusing solah bawa, sing dicakne dening wong sing dhemen laku cidra".

 

"Iya mBok" Waginem wangsulan alon "aku bakal mbudidaya ngati-ati, ya pandongane Simbok wae sing tak jaluk, muga-muga aku kinayoman dening Gusti Allah temah ora kleru ngambah dalan sing ora bener merga nuruti pangajak lan pambujuke wong seneng laku cidra".

 

"Iya ndhuk"  kandhane mBok Sadikem sabanjure "saiki aku tak takon, wangsulana, sakjane ngono olehmu kekancan karo Sodik kae wis tekan ngendi ta? Kok olehmu nggugu kandhane ngluwihi petungan nalar sing lumrah, wis disaguhi nek arep digolekne panggonan mulang neng sekolahan sing maju dening Munir, kok malah kowe milih nggugu pangajake Sodik sing ngongkon nglebokne lamaran neng sekolahan ndesa sing durung bisa aweh blanja sing mingsra?".

 

Waginem unjal ambegan landhung, batine wiwit ngira nek tekane Munir mau esuk nalikane dheweke ora neng omah wis crita sing neka-neka marang simboke. Kuciwane, simboke wong tuwa sing lugu, sing cupet kawruh lan srawunge gampang wae ngandel lan percaya karo apa sing dikandhakne Munir, sing dhasare pancen Munir kuwi wong sing wasis ngolah ukara.

 

"Ngene ya mBok" Waginem aweh wangsulan marang simboke sawise rada sauntara meneng "nek Simbok mau ngandhani aku supaya ngati-ati, aja gampang kepilut tembung manis sing bisa uga metu saka lambene wong sing dhemen tumindak lamis, saiki tak kandhakne yen olehku milih nglebokne lamaran menyang sekolahan sing jarene Mas Munir sekolahan ndesa kuwi sarta ora nggugu marang pangrigene Mas Munir, jalarane ya merga aku nindakne pituture simbok supaya aku ngati-ati kuwi mau".

 

"Piye ta karepe tembungmu iki? Aku kok malih dadi bingung iki?" mBok Sadikem takon, rumangsa ora ngerti karo tembunge Waginem sing lagi wae dikandhakne.

 

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...