39.
Aku mung meneng ora bisa semaur, aku ngerti Rama
Tumenggung Jatikusuma duka marang aku. Nanging Rana Tumenggung ora kelangan
rasa tresnane. Muruh jejeging adil pancen aku kudu nampa pidana saka
Panjenengane, sanadyan saupama aku gelem ngeyel bisa wae aku selak ngemohi
tumibane pidana jalaran ora angger-anggering negara sing tak terjang, nanging aku
panggah ngrumangsani yen kaluputanku iki ora marang negara, nanging marang wong
tuwaku angkat ya Rama Tumenggung, dadi arepa kaya apa aku panggah luput lan
saupama aku ngeyel, bisa-bisa Rama Tumenggung banjur ilang rasa tresnane marang
aku temah aku ora dipidana nanging banjur dibalekne marang wong tuwaku sing ana
desa lan jejer kalungguhanku minangka putrane Rama Tumenggung disuwak, aku
bakal ora ana sing ngajeni maneh. Mula aku ya banjur pasrah kanthi meneng. Mau
Rama Tumenggung wis ngendikakne yen aku wis gelem ngakoni luput lan kaluputan
sing tak tindakne nyatane durung kebacut, dadi aku bakal nampa
pangentheng-entheng sajroning nampa pidana iki.
“Nuwun sewu lan nyuwun pangaksami Gusti Tumenggung”
dumadakan bareng wis sauntara kahanan tintrim Wa Anggara munjuk atur marang
Rama Tumenggung.
“Ki Kebayan, wektu iki Tumenggung Jatikusuma lagi
ruwet penggalihe” Rama Tumenggung paring wangsulan sadurunge Wa Anggara gubeman
luwih akeh “dadi Tumenggung Jatikusuma ora bisa diajak guneman dening Kebayan
utawa liyane, nanging Kunthing sing uga lagi buneg nalare mbutuhake kanca
omong, mula nek Kakang Anggara arep ngajak rembugan karo Kunthing, manga tak
aturi nbacutne gunem sing arep dikandhakne”.
“Iya Dhi, iya” Ki Anggara wangsulan karo mesem “minangka
sedulur temu tuwa, aku mung bisa kandha marang siadhi supaya nggedhekne rasa
sabar lan nggedhekne rasa panarima marang Hyang Maha Agung, jalaran apa kang
dumadi sajroning uripe titah ora bakal kedadean kajaba awit wis oleh palilah saka
pangwasane Gusti, lan satemene Gusti ora bakal kagungan kersa gawe sengsarane
kawulaNe sing ora njarag ngliwati dedalan sing anjog marang kasangsarane dhewe”.
“Iya Kakang, aku mung bisa masrahake kabeh apa kang
bakal dumadi ing tembene, marang Hyang Maha Agung dene anggonku mbudidaya iki
mung jalaran aku nindakne dhawuhE, ya iku wajibing titah sing gelem pasrah, kudu
gelem obah nindakne apa sing jumbuh karo kekuwatan sing digadhuhne, dene kasil
lan orane pabudidayaning titah kuwi kabeh gumantung saka KawicaksanaNe” Rama
Tumenggung genti wangsulan.
“Bener kuwi Dhi” Ki Anggara manggut-manggut sajak
nyarujuki sing dadi wangsulane Rama Tumenggung “sabanjure, ya aku nyuwun pangapurane
si Adhi luwih dhisik sadurunge tak tutugne nggonku arep ngandhakne apa sing
dumadakan tuwuh ana sajroning atiku, magepokan karo kang lagi wae dikandhakne
dening Angger Suwanda iki mau”.
“Iya Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan karo
nyawang praupane Ki Anggara “tak suwun kakang aja ndadak nganggo ewuh pakewuh
marang adhimu sing mung siji iki, tak jaluk Kakang Anggara tumulia paring
dhawuh apa sing jare ndika dumadakan tuwuh ing angen-angen lagi wae iki mau”.
“Ngene ya Dhi” alon-alon Ki Anggara ngandhakne apa
sing dikarepne “bares wae, bareng aku krungu yen putramu Angger Suwanda kepengin
mengku anakku wadon si Andalu, minangka wong tuwa aku rumangsa seneng jer
nyatane sadurunge nampa kojah saka Ki Suwela, Angger Suwanda luwih dhisik
kepengin ngepek Andalu dadi sisihane. Mula yen si Adhi arep ngandhakne nek aku
wis ngunggah-unggahi ya mangga, aku ora arep cuwa, akua rep takon marang si
Adhi, apa sakirane Adhi Kunthing ora kabotan upama duwe besan kakangmu sing
mung pangkat Kebayan manggone neng ndesa pisan iki?”.
Aku njomblak krungu tembunge Wa Anggara sing ngajak
besanan Rama Tumenggung, jalaran mau aku wis mupus sanajan kanthi ati sing mbok
menawa bakal tatu rojah-rajeh. Mupus mokal bisa nampani katresnane Andalu,
jalaran aku bakal nampa pidana saka Rama Tumenggung, kanthi mangkono ora bakal
ana sing ngluputake yen Wa Anggara bakal tuwuh rasa sengit marang aku,
luwih-luwih Wa Angara ya wis pirsa nek aku wis nyarujuki rerigen saka Ki Suwela
supaya aku luwih becik ngepek Andalu dadi selirku tinimbang dadi sisihanku.
Nanging rasa kaget sing kaworan seneng iki babar pisan ora tak tuduhne, aku
isih ngenteni dhawuh saka Rama Tumenggung sing mau durung rampung. Pidana rupa
apa sing kudu tak lakoni sawuse nampa pangentheng-entheng awit anggonku wis
bares gelem crita apa anane lan ngakoni kabeh kaluputan sing wis tak tindakne.
“Aku uga seneng Kakang” bareng wis sauntara kendel,
Rama Tumenggung tumuli mangsuli panembunge Wa Anggara “malah kepara seneng banget
yen Kakang Anggara kersa ngepek mantu anakku sing nyatane wis tumindak luput
kaya sing dikandhakne dhewe mau. Nanging sadurunge aku aweh wangsulan marang Kakang
Anggara, tak suwun Kakang Anggara nakoni anakku wadon si Andalu luwih dhisik,
gelem utawa orane saupama diolehne karo Suwanda, nek putramu si Suwanda cetha nek wis gelem
malah kena diarani yen ditakoni gelem apa ora dijodhokne karo Andalu, mesthi rindhik
asu digitik olehe mangsuli iyane”.
Aku ora bisa ngampet esemku nalika krungu wangsulane
Rama Tumenggung sing mangkono kuwi. Kanthi wangsulan iki cetha lamun Rama
Tumenggung wis nyarujuki saupama aku nglakoni urip bebarengan karo Andalu.
Nanging, banjur kepiye karo pidana sing durung cetha sing bakal ditibakne
marang aku iki mengko?.
“Satemene sanadyan durung tau tak takoni, aku wis
ngerti wangsulan apa sing bakal tak tampa saka putra ndika si Andalu kuwi Dhi”
Wa Anggara guneman karo praupan sing nuduhake senenging atine “jalaran, nalika
ngepasi Andalu sing saiki kerep ngancani mbakyune, tilik menyang omah, aku
krungu olhe rasan-rasan Andalu karo biyunge, yen Andalu uga wis kayungyun
marang Priya sing lagi sepisan kepethuk, mung kuciwane Andalu uga ngrumangsani
yen mung saanak Kebayan, kamangka sing wis ngrebut atine Andalu kuwi, priyagung
sing uga putrane Gusti Tumenggung. Nalika kuwi, aku krungu Biyunge Andalu aweh
pitutur, murih Andalu ngakeh-akehne nggone nyedhak marang Gusti, mbok menawa
kanthi mangkono Gusti ora bakal kangelan ngowahi barang sing mokal dadi barang sing
kudu dumadi. Lan aku kapeksa durung mblakakne marang sisihanku yen tekane Ki
Suwela awan ngarepakae surup mau duwe karep ndadekne Andalu dadi selire Angger
Suwanda, kira-kira upama wis tak blakakne banjur sisihanku crita marang anake
wedok, Si Andalu bakal nekad gelem kanthi senenging ati didadekne selire Angger
Suwanda, jalaran aku ngerti yen Andalu temen-temen wis kayungyun marang Angger
Suwanda”.
Ana rasa mongkog sajroning atiku, jebul ngibarat
suwara kendhang, munine ora mung dikeplak tangan sesisih, nanging muni sing
bisa nuwuhake irama endah merga dikeplak dening tangan kiwa lan tengen. Tresnaku
marang Andalu bakal bisa dadi katresnan sing tundhone bakal nguwohake
kamulyaning urip, jalaran Andalu uga tresna marang aku.
“Ngene ya Kakang” Rama Tumenggung paring wangsulan
karo mesem “yen mangkono wis ora ana maneh sing dadi pepalang anggone awake
dhewe bebesanan, kajaba mung siji”.
“Apa kuwi Dhi?” Wa Anggara takon karo suwara rada
njengek.
“Suwanda kudu nglakoni pidana luwih dhisik” Rama
Tumenggung paring dhawuh karo suwara sing babar pisan tanpa rangu.
Wa Anggara katon suntrut polatane, nanging durung
guneman apa-apa. Nganti Rama Tumenggung nutugne olehe ngendika :
“Kanggo jejeging adil, putramu Suwanda kudu nglakoni paukumane,
nanging tak suwun kakang Anggara aja kesusu cuwa gedhene dadi gela marang aku,
jalaran paukuman sing kudu dilakoni anakku Suwanda iki mengko, ngiras pantes
anggone Suwanda bisa antuk sangu sing bisa kanggo ngayomi sisihane ya iku
Andalu”.
“Nyuwun pangapunten Rama” aku ketrucut atur “menapa
kula kaparengaken ngertos pidana menapa ingkang kedah kula lampahi?”.
“Sliramu bakal tak sebratake sauntara saka dalem Katumenggungan
kene Ngger” Rama Tumenggung paring
wangsulan “nanging ora suwe, mung telu kaping patang puluh dina wae. Sajroning
wektu satus rong puluh dina kuwi, sliramu tak dhawuhi puruita marang Eyangmu
Resi Doradruwasa sing mangasrama ing bumi Kedhuwang, ya iku ing pereng kulon
saka Gunung Mahendra, utawa Gunung Lawu”.
Ana candhake.