Total Tayangan Halaman

Sabtu, 13 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (26)


 

026.

        Ki Lurah Pangapitan njejegaken anggenipun lenggah sila, Sukmana lan Ki Palir dipun pirsani genti-gentos. Sasampunipun kendel sakedhap lajeng ngendika :

        “Kaya sing tak critakne nalika kowe lan Pamanmu Palir lagi teka saka mapag bibimu wingi. Pamanmu Dungkul lan Dhangkal nemoni aku neng pendhapa Kalurahan karo nganthi wong papat sing durung tau tak tepungi sadurunge. Wingi kuwi, Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal mung ngabarake yen wis bali menyang Pangapitan maneh sawise nyambangi omahe sing ana Brendhilan, wong loro kuwi uga kober nyuwun pangapura merga anggone teka ing Pangapitan maneh rada kasep, jalaran kapeksa leren ing Brendhilan rada suwe amarga sisihane Adhi Dhangkal jarene rada ora pati kepenak awake, dadi olehe bali mrene ngenteni warase sisihane Adhi Dhangkal.

        Adhi Dungkul uga takon, Pamanmu Palir menyang ngendi? jalaran nalika Pamanmu loro kuwi teka omah, padha meruhi omahe Pamanmu Palir suwung. Banjur tak warah menawa Pamanmu Palir lagi wae budhal menyang Brendhilan mapag bibimu arep diajak boyong menyang Pangapitan kene. Krungu wangsulanku mangkono kuwi, pamanmu sakloron katon rada kaget semu gumun. Nanging uga ora guneman apa-apa. Semono uga nalika tak kandhani yen mbok menawa rong dina utawa telung dina maneh paman lan bibimu lagi tekan ing Pangapitan maneh. Dadi mesthine Pamanmu Dungkul lan Pamanmu Dhangkal nganti dina iki durung ngerti nek Pamanmu Palir lan Bibimu Tandur wis ana omah kene, mula mau nalika aku nemoni Pamanmu sakloron, Pamanmu Palir mung tak kongkon melu ngrungokne saka Pringgitan kene, jalaran nitik saka lelakon sing dialami dening Bibimu Tandur, ana perkara sing ora beres antarane Pamanmu Palir karo sedulure loro kuwi.

        Kajaba saka kuwi, Pamanmu sakloron uga nepungake kanca-kancane sing diajak mrene. Kabeh ana papat, sing tuwa dhewe jenenge Ki Batasigar, banjur Ki Kecrukabang, Ki Tempuyung lan Ki Klabangbiru. Kabeh mau jarene isih sedulur tunggal sapaguron karo Paman-pamanmu. Dene tekane kene nyuwun palilah jarene arep melu mbara kerja bareng karo Pamanmu sakloron lan bakal manggon ing omahe Pamanmu sakloron”.

        “Lajeng Bapa inggih ngeparengaken panyuwunipun Paman Dungkul lan Paman Dhangkal saha rencang-rencangipun kala wau?” Sumana nyela atur, nyuwun pirsa dhateng tiyang sepuhipun.

        “Wangsulanku ya kaya lumrahe nek ana wong njabane Pangapitan  sing nembung arep golek sandhang pangan kanthi bener ngana kae. Ya kuwi, kabeh titahing Allah wenang luru sandhang pangan ing Pangapitan kene, waton ora gawe kapitunane warga Pangapitan lan kudu manut marang paugeran kang ana ing Pangapitan” Ki Lurah paring wangsulan, lan nutugaken anggenipun ngendika “wong-wong mau iya padha nyaguhi, malah semu pamer merga wong-wong mau siswa Paguron kang gedhe, yen nganti tumindak sing ora bener ing desane wong tan wurunga bakal ngucemake luhuring pagurone. Nanging iki mau, Pamanmu sakloron lan kanca-kancane mrene maneh lan sing dirembug wis beda karo wingi kae.”

        “Benten kados pundi Bapa?” Sukmana matur nyuwun pirsa.

        “Iki mau, wong tuwa sing ngaku jeneng Ki Batasigar wiwit dodolan umuk, kaya sing dikandhakne Pamanmu Palir mau, ya iku crita sing ngayawara” Ki Lurah paring wangsulan.

        “Ngayawara kados pundi Bapa?” Sukmana matur kalihan mesem.

        Ki Lurah ugi mesem lajeng ngendika malih :

        “Ki Batasigar nyritakne jangkane Tanah Jawa wiwit dumadine nganti tumeka pungkasane kapundhut bali dening Jawata lan kapapanake ing alam sonyaluri,  crita iki banget ngawure, nganti ora tinemu ing nalar babar pisan. Dheweke kandha yen biyen Tanah Jawa iki manggon ing Alam gaib kang uga sinebut Alam Sonyaluri, papane para lelembut sing dadi reh-rehane Sang Hyang Bathara Wisnu. Banjur salah siji saka putrane Bathara Wisnu sing asmane Raden Wijaya kepengin jumeneng Nata mrentah para manungsa, mangka Sang Hyang Wisnu banjur maringake Tanah Jawa iki marang Raden Wijaya supaya dadi negarane, dene kawulane kacipta saka para lelembut sing banjur pinuja dadi manungsa, sarta Tanah Jawa dadi wujud alam kang nyata, lan wiwit kuwi Tanah Jawa diarani Negara Majapahit. Iki cetha nek ngawur lan cetha nek ngayawara sarta ora tinemu ing nalar.”

        “Lha Bapa menapa boten paring dhawuh dhateng Ki Batasigar menawi cariyosipun kala wau boten leres?” Sukmana nyuwun pirsa malih.

        “Maune arep tak wangsuli mangkono kuwi” Ki Lurah paring wangsulan “nanging bareng Ki Batasigar tak takoni, crita kuwi kapethik saka layang apa lan sing yasa sapa, Ki Batasigar wangsukan yen dheweke kuwi ora ngerti aksara lan ora bisa maca, lan Jangka kuwi jarene ditampa saka gurune sing selawase ora tau dora. Aku banjur murungake nggonku arep aweh weruh marang Ki Batasigar yen critane kuwi ora bener. Jalaran, wong kaya ngono kuwi rumangsa luwih ngerti lan rumangsa sing bener mung dheweke dhewe, dadi ora ana gunane rebut bener karo wong kang mangkono kuwi”.

        “Mila leres makaten Bapa” Sukmana atur wangsulan lan kalajengaken nyuwun pirsa malih, awit Sukmana mangertos menawi ingkang dipun dhawuhaken Ki Lurah menika nembe perangan pucukipun “salajengipun kados pundi Bapa?”.

        “Sabanjure Ki Batasigar nyaritakne nek Negara Majapahit nate kaparentah Ratu lima cacahe, ya kuwi Prabu Brawijaya kapisan nganti Raden Damarwulan kang jejuluk Prabu Brawijaya Kalima. Iki cetha nek Ki Batasigar luwih ngawur maneh, jalaran miturut layang sing tau diwaca dening Sawargi mBah Buyutmu, lan aku uga melu ngrungokne, sing tau jumeneng Nata ing Majapahit kuwi ana telulas, lan ora kabeh ngagem asma Brawijaya. Lan Raden Damarwulan sing dicritakne banjur jumeneng Nata, kuwi tenane mung dedongengan wae, ya kuwi dongeng yasane Kanjeng Susuhunan ing Giri Prapen. Tekan kene iki, aku durung ngerti mengku karep apa Ki Batasigar nyritakne sing diarani jangka kuwi marang aku” Ki Lurah kendel sakedhap anggenipun ngendika.

        Sukmana tanggap lajeng menyat mendhet Kendhi kaselehaken ing ngarsanipun Ki Lurah Pangapitan. Ki Lurah inggih lajeng ngunjuk toya kendhi kala wau.

        “Aku lagi ngerti karepe Ki Batasigar bareng wonge nyritakne nek Raden Patah kuwi putrane Raden Damarwulan ya Kanjeng Sinuhun Brawijaya Pamungkas” sasampunipun ngunjuk Ki Lurah nglajengaken anggenipun ngendika “lan Raden Patah kuwi putra sing wani mbalela marang Bapa lan klakon mbedhah Majapahit, banjur nggenteni jumeneng Nata ing Demak Bintara. Kamangka cetha bedhahe Majapahit nganti ilang kuwi kelakon jaman sing jumeneng ing Demak Bintara Kanjeng Sultan Trenggana. Nanging merga wegah bebantahan, aku ora guneman apa-apa marang Ki Batasigar. Sabanjure Ki Batasigar kandha nek madege Kraton Demak nganti tumekan Mataram saiki iki, wis gawe gerahing penggalihe Sang Hyang Wisnu. Mula Sang Hyang Wisnu banjur ngutus salah sijining Dewa sing dadi siswane, sing jaman Tanah Jawa isih mapan ing Sonyaluri siswane Sang Hyang Wisnu kuwi kapatah dadi Lurahe Tanah Jawa, wujude Ula Naga, supaya ngrebut panguwasa saka trahe Raden Patah lan mbalekne marang Trah Brawijaya maneh. Ya Ula Naga kuwi sing saiki dadi gurune Ki Batasigar, Pamanmu Dungkul lan Pamanmu Dhangkal. Dene Ki Kecrukabang, Ki Tempuyung lan Ki Klabangbiru, kuwi kaprenah muride Ki Batasigar.”

        “Nuwun sewu Bapa” Sukmana nyela atur nyuwun pirsa “menapa ingkang dipun kajengaken Ki Batasigar Dewa ingkang wujud Sawer Naga siswanipun Sang Hyang Wisnu menika ingkang samangke nami Ki Nagalanang menika?”.

        “Bener Sukmana” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “lan Ki Nagalanang sing wujud manungsa sing saiki dadi Pangarsane Padhepokan Nagalanang kae, kae siswane Bathara Nagalanang sing wujud Ula Naga sing wis bisa manunggalake jiwa lan ragane karo Gurune, Dadi ora ana bedane antarane Nagalanang sing wujud Ula Naga lan Naga Lanang sing wujud manungsa. Mung sing dadi gumune atiku, ana crita sing ngayawara kaya mangkono kuwi, lha kok Pamanmu Dungkul lan Pamanmu Dhangkal percaya banget, malah wani ngajak aku supaya melu nyengkuyung karepe Ki Batasigar sing ngajak supaya Pangapitan gelem manunggal karo Padhepokan Nagalanang sing arep mbalela marang Mataram lan nggiri-giri apa sing bakal dumadi yen nganti aku ora gelem nuruti pangajake.”

        “Nggiri-giri kados pundi Bapa? Menapa Paman Dungkul lan Paman Dhangkal saha Ki Batasigar lan murid-muridipun badhe ngrebat Dhusun Pangapitan?” Sukmana matur nyuwun pirsa kalihan suwanten ingkang nedahaken bentering manahipun.

        “Ora, Sukmana” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah sareh.

        “Lajeng kados pundi?” Sukmana matur malih.

 

ana candhake

Kamis, 11 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (25)


 

025.

        Ki Lurah inggih lajeng nusul lenggah ing tikar nyaketi Sukmana lan Ki Palir ingkang sampun linggih langkung rumiyin. Sami antawisipun Ki Lurah lan Ki Palir anggenipun ngulati Sukmana prasasat boten kedhep lan panyawangipun nedahaken raos kepengin ngertos dhumateng kedadosan kala dalu ingkang dipun lampahi Sukmana nalika nindakaken dhawuhipun Ki Lurah saprelu ngulat-ulati tiyang-tiyang ingkang sikep gegaman lan kendel ing wana sak leripun Dhusun Pangapitan.

        “Ingkang nembe mandhap saking pendhapa kala wau menapa Paman Dhangkal lan Paman Dungkul ta Bapa?” kados boten ngawaki menawi dipun gatosaken, Sukmana malah matur nyuwun pirsa dhateng Ki Lurah.

        “Iya, Pamanmu Dungkul lan Dhangkal karo kanca-kancane, sing olehe teka kene iki mau ngajak rembugan sing klebu wigati” wangsulanipun Ki Lurah “nanging sadurunge tak kandhakne apa wigatine Adhi Dungkul sakancane mau, aku kepengin takon marang kowe Sukmana”.

        “Inggih Bapa” atur wangsulanipun Sukmana.

        “Kapan lan ing ngendi kowe kepethuk Senapati Arya Sandi? Ya gene panjenengane ora mbok aturi pinarak ing Kalurahan?” Ki Lurah ndhawuhaken pamundhutipun pirsa.

        Mireng pandangunipun Ki Lurah makaten menika, gentos Sukmana ingkang ketingal bingung, boten mangertos kalihan ingkang dipun kersakaken Ki Lurah.

        “Nyuwun pangapunten Bapa” wekasan Sukmana matur “Senapati Arya Sandi menika sinten? Kula boten kepanggih kalihan panjenenganipun menika”.

        “Lho? Apa paraga sing paring rontal kanggo aku sing mbok gawa mau esuk ora dhawuh sapa panjenengane?” Ki Lurah mundhut pirsa malih “kowe kuwi kepiye ta Sukmana? mBesuk maneh nek dititipi apa-apa kuwi kudu ngerti sapa sing titip, ora kok waton gelem nggawa ngono kuwi. Ngertia Sukmana, sadurunge aku maca rontal sing mbok gawa mau, atiku banget sumelang semu kuwatir merga kahananmu sing banget nguwatiri. Kowe teka munggah pendhapa malah tekenan Tumbak Kyai Larih karo mripat merem, ora kandha apa-apa banjur niba ing jogan kaya patrape wong mendem Ketela Gendruwo. Mula banjur dening Pamanmu Palir kowe didhabyang-dhabyang mlebu ing paturon. Nanging sawuse aku nemu rontal sing ditaleni ing poking landheyane Kyai Larih, aku lagi krasa ayem, jebul rontal kuwi rontal dhawuh kanggo aku minangka Lurah ing Pangapitan kene, saka Senapati Arya Sandi sing uga jejuluk Ki Lurah Dhedhali…….”.

        “Inggih Bapa” dupi mireng Ki Lurah nyebat nami Dhedhali, Sukmana lajeng saged nyaut pangandikanipun Ki Lurah. Sukmana kemutan bilih tiyang ingkang badhe dipun rangket kala dalu nepangaken naminipun Dhedhali.

        “Inggih piye?” Ki Lurah mundhut pirsa.

        Sukmana lajeng matur, nyariyosaken ingkang dipun lampahi wiwit bidhal saking griya ngantos kepanggih kalihan tiyang ingkang nami Dhedhali. Inggih tiyang nyalawadi ingkang pantes dipun sujanani. Sukmana ugi lajeng nyariyosaken anggenipun perang tandhing kalihan Dhedhali ingkang pranyata sekti mandraguna, ngantos saged ngrebat Kyai Larih saking tanganipun lan ndadosaken piyambakipun boten emut menapa-menapa.

        “Dados kajawi kula boten mangertos menawi Ki Dhedhali ingkang badhe kula kendharat nanging wurung menika jebul Senapati Arya Sandi, kula ugi boten mangertos anggen kula saged dumugi ing Pendhapa Pangapitan ingkang dhawuhipun Bapa kala wau, kula mlampah kalihan merem, teteken Tumbak Kyai Larih, dugi-dugi lajeng rebah kados tiyang mendem Ketela Gendruwo lan kula ugi boten mangertos wontenipun rontal ingkang cinancang ing landheyanipun Kyai Larih” Sukmana mungkasi anggenipun cariyos.

        “Eeeeeng……” Ki Lurah manggut-manggut lajeng paring dhawuh “yen mangkono olehmu tekan pendhapa parak esuk mau, merga dituntun nganggo ngelmune Senapati Arya Sandi, sing nyata jeroning kadigdayane ora bisa dijajagi”.

        “Mila saestu leres Bapa, kula sampun mbuktekaken menawi Ki Lurah Dhedhali nyata sekti mandraguna” Sukmana mewahi rembag.

        “Aja maneh kok mung sak kowe ta Sukmana?” Ki Lurah ngendika malih “mbok wong sa Pangapitan maju bareng ora bakal kuwawa mapaki kadigdayane Lurahing Prajurit Teliksandi Mataram, Putra wuragile Gusti Patih Mandaraka kuwi”.

        Sukmana lan Ki Palir sami anggenipun manthuk-manthuk eram. Sukmana rumaos keduwung dene boten nginten babar pisan menawi tiyang nami Dhedhali ingkang dipun adhepi kala dalu jebul tetuwangganipun Prajurit teliksandi Mataram ingkang ugi putranipun Patih Mandaraka.

        “Lajeng suraosing dhawuh ing rontal kala wau kalebet dhawuh ngemu wewados menapa boten Kakang?” sareng sampun sawatawis radi dangu Ki Palir lajeng matur nyuwun pirsa.

        “Kanggo awakmu apa dene Sukmana kena diarani ora wadi, malah kepara awakmu wong loro kudu melu ngaweruhi” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah “mula saiki arep tak waca sepisan maneh, padha melua ngrungokne”.

        Ki Lurah lajeng mbikak gulungan rontal lajeng dipun waos isinipun ingkang sinawung ing Asmaradana :

Saka kene datan tebih

ana klilipe mataram,

Nagalanang sesinglone,

welingku marang Ki Lurah

diage sumurupa

ana dom sumurup banyu

aneng desa pangapitan.

 

“Mangkono iku kang dadi surasaning rontal saka Senapati Arya Sandi, Adhi Palir lan kowe Sukmana.”

“Inggih Bapa” Sukmana atur wangsulan “saemut kula, kala dalu Senapati Arya Sandi inggih wicanten dhateng kula, bilih ing Dhusun Pangapitan mriki mila sampun wonten mata-pitaning mengsah ingkang mbudidaya murih kisruhing Pangapitan, namung kemawon Panjenenganipun boten blaka sinten telik sandining mengsah ingkang mlebet ing Pangapitan menika”.

“Nyuwun pangapunten Kakang” gentos Ki Palir ingkang munjuk atur “kula kok lajeng ngraosaken kirang sekeca ing salebeting manah menika ta?”

“Kurang kepenak merga apa Dhi?” Ki Lurah ndangu dhateng Ki Palir.

“Inggih Kakang” Ki Palir atur wangsulan “sanaosa ing rontal ingkang jengandika waos kala wau ugi kados ingkang sampun dipun cariyosaken dening Angger Sukmana, Ki Lurah Dhedhali boten nyebataken sinten pawongan ingkang nglampahaken dom sumuruping toya dhateng Dhusun Pangapitan menika, nanging manah kula wicanten bilih ingkang dipun kersakaken dening Senapati Arya Sandi menika boten sanes inggih kadang-kadang kula piyambak, inggih menika Kakang Dungkul menapa dene Kakang Dhangkal lan rencang-rencangipun ingkang kala wau ngadhep lan matur ing ngarsa jengandika Kakang Lurah.”

“Ora tak selaki Dhi” Ki Lurah ngendika malih “maune aku ya duwe rasa ora kepenak yen kudu ngira sing tak dhaku minangka adhi-adhiku sing wis nindakne laku dom sumuruping banyu ing Pangapitan. Nanging rasa ora kepenak kuwi wiwit ilang nalika aku krungu apa sing dikarepake Dungkul lan Dhangkal sawise ngadhep aku lagi wae iki mau. Apa Adhi Palir babar pisan ora krungu sing dadi rembug antarane aku karo Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal lan kanca-kancane iki mau?”

“Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir atur wangsulan “sanaosa boten jangkep, kula ugi mirengaken cariyos ngayawara ingkang dipun criyosaken dening rencangipun Kakang Dungkul ingkang nami Ki Batasigar kala wau. Kula ugi mireng anggenipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal kumawantun adol gendhung, nggiri-nggiri Kakang Lurah kala wau. Inggih awit saking menika kula rumaos boten sekeca manah kula, jebul sedherek-sedherek kula kados makaten menika. Kamangka duginipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal ing Pangapitan mriki ingkang lajeng jengandika paringi kamukten menika sesarengan kalihan kula……”

“Si Adhi aja kaduk ati bela panampa ing babagan iki” Ki Lurah nigas aturipun Ki Palir ingkang dereng rampung, kalihan suwanten sareh “ana unen-unen, ndhog pitik sapatarangan kae dadine kuthuk sok ora padha. Luwih-luwih awakmu wis tau ngucapake sumpah yen ora bisa dipisahake maneh karo Desa Pangapitan lan wis wegah dadi kawula ing Brendhilan Desa papanmu lahir. Lan si Adhi kudu percaya yen aku minangka kakangmu lan minangka Lurah ing Pangapitan kene ngerti lan percaya yen si Adhi iki dudu Dungkul lan dudu Dhangkal, nanging Palir sing nduweni jiwa sing beda karo sedulur-sedulure tunggal Bapa. Dadi kipatna rasa ora kepenak sing saiki mapan ana atimu kuwi Dhi”.

“Inggih Kakang” Ki Palir atur wangsulan “boten langkung inggih ngestokaken dhawuh lan ngaturaken genging panuwun awit kawicaksanan jengandika menika. Lan sepisan malih kula ambali prasetya kula, badhea putung kinarya bebalang, lebur kinarya sawur bebasanipun, sauger kangge kamulyaning Pangapitan pun Palir boten badhe suwala”.

Kawontenan ing Pringgitan lajeng sepen sawatawis, awit Ki Lurah ugi boten tumuli paring dhawuh malih sasampunipun Ki Palir ngambali anggenipun prasetya. Lan Ki Palir ugi boten nyambet wicantenipun.

“Nuwun sewu Bapa” Sukmana mecah sepening kawontenan kalihan matur dhateng tiyang sepuhipun.

“Iya ana apa Sukmana?” Ki Lurah paring wangsulan kalihan mundhut pirsa menapa ingkang dipun kajengaken Sukmana.

“Bares kemawon, kula taksih dereng mangertos underaning perkawis ingkang nembe kemawon dipun dhawuhaken Bapa saha Paman Palir” Sukmana atur wangsulan kalajengaken nyuwun pirsa “estunipun cariyosipun Paman Dungkul lan Paman Dhangkal menika kados pundi ta Bapa?”.

 

 

ana candhake

Rabu, 10 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (24)


 

024.

        Sansaya dangu tenaganipun Sukmana kraos sansaya susut, sawatawis mengsahipun panggah dereng saged dipun telukaken. Nanging Sukmana boten nglokro malah anggenipun nerjang dipun cepetaken, boten metang kados menapa mengke kedadosanipun. Lekas kepengin saged ngrangket Dhedhali kanthi kawontenan gesang murih saged dipun peksa nyariyosaken sinten piyambakipun sarta menapa tujuwanipun, sampun kasupekaken. Ing manahipun Sukmana namung wonten setunggal pepenginan, inggih menika tumuli saged ngawonaken mengsahipun.

        “Wis meh rahina, Ki Sukmana” dumadakan kalihan perang tandhing Dhedhali wicanten sora.

        “Yen wis rahina banjur arep apa Ki Dhedhali?” wangsulanipun Sukmana “apa ndika kuwatir yen nganti anggon ndika sesinglon kawiyak merga padhange rahina he?”.

        “Bener pambadhemu Ki Sukmana” Dhedhali wangsulan kalihan gumujeng “nanging kuwi ora pati baku, sing luwih tak kuwatirake yen nganti Ki Lurah Pangapitan dadi bingung merga nguwatirake ndika sing ora bali-bali, olehe ndika tekan kene iki mau rak merga diutus Ki Lurah ngulat-ulati wong-wong sing arep menyang Padhepokan Nagalanang mau ta?”

        “Kleru Ki Dhedhali” panyautipun Sukmana “anggonku tekan kene iki mau merga mung arep nyowanake ndika ing ngarsane Ki Lurah, merga aku ngerti nek ndika jebul tetuwanggane wong-wong sing tak sujanani arep nyebar kisruh ing Desa Pangapitan. Gandheng ndika milih tak sowanake kanthi wujud bandan, kapeksa aku nggunakne Tumbak Kyai Larih iki, mula aja dadi ati ndika yen mbok menawa kapeksa aku gawe tatu ing raga ndika”.

        “Sansaya nglantur rembug ndika Ki Sukmana” dumadakan suwantenipun Dhedhali kapireng dados sereng “satemene aku ora mentala lan ora tega, nanging gandheng ndika ora kena tak tuturi kanthi becik, saiki rasakna!”.

        Benten kalihan wau-wau, saben-saben campuh, ajeg ingkang miwiti mesthi Sukmana rumiyin, dumadakan Dhedhali mencolot majeng ngrangsang Sukmana. Sukmana sakalangkung kaget, nanging sampun kasep. Duganganipun Dhedhali boten kober dipun endhani menapa dene dipun tangkis mawi tumbakipun, temah Sukmana kontal mundur dhawah ing siti. Lan saderengipun saged tangi malih, Dhedhali sampun nututi. Boten saged dipun ulati, inggih labet saking kebatipun ebah, ngertos-ngertos tumbak Kyai Larih sampun ngalih ing tanganipun Dhedhali.

        Boten kados nalika kacepeng dening Sukmana, ing tanganipun Dhedhali, Kyai Larih ketingal murup kados dene latunipun obor. Jantungipun Sukmana kraos kados mandheg dadakan, rumaos badhe dumugining pejah ing tanganing mengsah kanthi lantaran ketaman Sipat kandeling Dhusun Pangapitan. Nanging kedadosan makaten menika boten dangu, jalaran dumadakan  panyawangipun Sukmana dados klemun-klemun lan sansaya peteng, Sukmana boten saged ningali menapa-menapa. Sirahipun kraos ngelu ingkang boten kanten-kantenan, wekasan Sukmana lajeng boten emut menapa-menapa malih.

        Ngantos sapinten anggenipun boten emut, Sukmana boten mangertos. Malah nalika wiwitan emut malih, kalihan tinengeran kanthi ngraosaken keju ing sukunipun, Sukmana nginten manawi sampun salin alam. Inggih menika alaming tiyang ingkang sampun pejah. Salebeting manah Sukmana nyuwun pangapunten dhateng Ki Lurah miwah Dhusun Pangapitan awit boten saged ngrampungi karya, nyowanaken tiyang ingkang dipun sujanani badhe damel kisruhing dhusun, ing ngarsanipun Ki Lurah. Malah piyambakipun dumugining pejah. Sukmana ugi nyenyuwun dhumateng Gusti, mugi Sipat Kandel Dhusun Pangapitan, inggih Tumbak Kyai Larih, ingkang kala wau dipun rebat dening mengsah boten ndadosaken Dhusun Pangapitan sansaya kisruh. Inggih labet saking susahing manahipun kasarengan rumaos sampun boten saged tumindak menapa-menapa malih, boten kraos luh bening wiwit medal saking mripatipun Sukmana.

        Alon-alon Sukmana ngebahaken tangan badhe ngusapi eluhipun. Nanging dumadakan manahipun Sukmana nggragab, nalika piyambakipun melek, mripatipun sumerep menawi piyambakipun dipun lurupi jarit ingkang resik, lan rikala Sukmana nglirik nganan ngering, piyambakipun nggagas kados sampun apal sanget kalihan papanipun menika, ingkang cetha sampun boten ing papan nalika piyambakipun rebah kenging duganganipun Dhedhali kala wau. Inggih, Sukmana emut bilih papan menika mila senthong panggenanipun tilem saben dintenipun.

        Lon-lonan Sukmana lajeng tangi, mapan linggih ing dipan. Manahipun taksih nggagas lan nggadhahi panginten bilih ing alaming tiyang pejah menika sami kalihan ing alam nalika gesangipun.

        “Sampun wungu ta Kakang?” dumadakan semahipun Sukmana ingkang nami Sumi, njudhul saking korining senthong mrepegi papanipun “welingipun Bapa kala wau, sasampunipun Kakang Sukmana wungu, kadhawuhan ngunjuk toya ingkang wonten bathok klapa menika. Mangga Kakang, kula aturi ngunjuk”.

        Boten semaur menapa-menapa, Sukmana tumunten nampeni Bathok Klapa Gadhing ingkang kaukir kados cangkir isi toya wening ingkang wonten sekaripun.

        “Saiki Bapa ana ing ngendi?” sasampunipun nginum toya ing bathok klapa kala wau, Sukmana taken dhateng semahipun.

        “Kala wau Bapa lan Paman Palir sakenjing inggih nenggani ndika ing senthong mriki Kakang” wangsulanipun Sumi “samangke Bapa wonten pendhapa manggihi tamu, Paman Dungkul lan Paman Dhangkal kalihan rencang-rencangipun. Menawi Paman Palir dening Bapa kadhawuhan lenggah ing pringgitan, boten kaparengaken ngetingal saking Paman Dungkul lan Paman Dhangkal, duka kula kok boten mangertos ingkang dipun kersakaken Bapa makaten menika menapa?”.

        “Hm….. dadi saiki iki aku isih urip lan mapan ing omah kene ya?” kados katujokaken dhateng awakipun piyambak Sukmana grenengan.

        “nDika niku pripun ta Kakang?” Sumi pitaken kalihan suwanten ingkang nedahaken menawi nembe anyel “menapa ndika wau nyepena aeng? Kala dalu menika sinten ingkang nyukani ndika Ketela Gendruwo bakar? Kok ngantos ndika wuru? Mlebet dhateng senthong kemawon ndadak dipun dhabyang-dhabyang dening Bapa lan Paman Palir? Malah sakniki tangklet apa isih urip barang?”

        Sukmana boten wangsulan, nanging malah mesem piyambak. Sanaosa dereng mangertos menapa ingkang sampun kedadosan temah piyambakipun dipun tilemaken ing senthongipun piyambak, nanging Sukmana sampun nicil ayem, pranyata piyambakipun dereng pejah.

        “Ya uwis yen ngono” kalihan suwanten ingkang sareh Sukmana wicanten “aku tak ngancani Paman Palir ing Pringgitan wae.”

        “Sampun ical saestu puyenge? Mbok damel leren rumiyin?” Sumi ngemutaken sisihanipun.

        “Wis, aku wis waras tenan kok” wangsulanipun Sukmana kalihan mesem lajeng mandhap saking dhipan, nilar semahipun ingkang lajeng nata patilemanipun.

        Nalika dumugi ing Pringgitan, Sukmana sumerep Ki Palir nembe ngadeg ing sangajengipun Kere ingkang dados aling-aling korinipun Pringgitan tumuju pendhapa. Ketingalipun Ki Palir nembe nginceng sesawangan ingkang wonten ing Pendhapa, menapa ingkang nembe dipun waspadakaken Ki Palir, Sukmana boten mangertos. Nanging Sukmana mangertos menawi Ki Palir sakalangkung migatosaken ingkang nembe dipun sawang, ketitik Ki Palir ngantos boten sumerep lan boten mireng nalika Sukmana lumampah nyaketi panggenanipun.

        “Ehm.. ehm…” Sukmana dhehem alon suka sasmita dhateng Ki Palir menawi piyambakipun ngadeg ing wingkingipun.

        “Elho… Angger Sukmana?” semu kaget Ki Palir noleh lan wicanten “sampun wungu ngger?”.

        “Sampun Paman” wangsulanipun Sukmana kalihan mesem, lajeng pitaken “Paman Palir nembe mirsani menapa kok ketingal wigatos sanget?”.

        “Anu, ningali anggenipun Keng Bapa nguntabaken wangsulipun Kakang Dungkul lan Kakang Dhangkal saha rencang-rencangipun, kok ngantos dumugi regol ngajeng” wangsulanipun Ki Palir “sokur ta Ngger, menawi ndika sampun wungu kanthi kawontenan ingkang boten kirang setunggal menapa. Kala wau, manah kula kados telas-telasa nalika kula kalihan Keng Bapa nyumerepi kunduripun Angger Sukmana saking nindakaken dhawuhipun keng Bapa, dugi-dugi lajeng dhawah kantaka ing pendhapa. Estunipun menapa ingkang sampun kalampahan ta Ngger?”.

        “Nuwun sewu Paman” Sukmana ingkang dereng mangertos kalihan ingkang dipun criyosaken Ki Palir, boten mangsuli pitakenipun Ki Palir malah lajeng gentos pitaken “rikala kula wangsul kala wau kula mbeta Kyai Larih menapa boten?”.

        “Inggih Ngger” Ki Palir suka wangsulan “mila Angger Sukmana ngginakaken Tumbak Kyai Larih minangka teteken, lan sasampunipun dumugi pendhapa ndika dhawah kantaka , Tumbak Kyai Larih inggih lajeng uwal saking astanipun Angger Sukmana, samangke Tumbak Pusaka menika sampun dipun rawati dening Keng Bapa, wonten menapa ta Ngger?”.

        Sukmana boten tumunten suka wangsulan dhateng Ki Palir, namung salebeting manahipun rumaos sansaya ayem. Jalaran wiwit kedadosan Tumbak Kyai Larih saged dipun rebat dening Dhedhali ngantos piyambakipun tangi saking anggenipun tilem kala wau, ingkang sakalangkung dipun sumelangaken inggih Pusaka Sipat Kandel Dhusun Pangapitan menika.

        Sukmana lajeng mapan linggih ing tikar ingkang dipun gelar ing Pringgitan menika, ing pangangkah badhe nyariyosaken lelampahan kala dalu dhateng Ki Palir, Ki Palir ugi lajeng nututi linggih. Nanging dumadakan saking Pendhapa Ki Lurah Pangapitan miyak kere lajeng mlebet dhateng Pringgitan.

        “Kowe wis tangi Sukmana?” kalihan suwanten ingkang nedahaken menawi kejot penggalihipun Ki Lurah ndangu putranipun jaler.

 

 

ana candhake

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (23)


 

023.

        Sukmana tumunten nata manahipun lan siyaga badhe ngrangsang Dhedhali ingkang dipun anggep sampun ngremehaken piyambakipun. Sukmana ugi lajeng nggadhahi pandakwa menawi Dhedhali menika salah satunggal utawi malah kapetang pangarsanipun tiyang-tiyang ingkang kala wau dipun cariyosaken dening Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen. Inggih awit sampun mangertos menawi Dhedhali menika nggadhahi ngelmu kanuragan ingkang inggil, Sukmana ugi boten wantun ngremehaken. Ngelmi-ngelmi kanuraganipun sampun dipun tata lan dipun siyagakaken murih mangke saged ngendharat Dhedhali lan kabekta ing ngarsanipun Ki Lurah Pangapitan.

        “Mengko dhisik Ki Sukmana, aja kesusu ngajak kerengan, mundhak ora becik kedadeyane” dumadakan kados mangertos ingkang dipun manah dening Sukmana, Dhedhali lajeng wicanten kanthi suwanten sareh “anane aku ora gelem ndherek ndika sowan ing ngarsane Ki Lurah Pangapitan, iki ora jalaran aku ngremehake panjenengane lan ora ngajeni panemu ndika, nanging merga aku duwe pawadan sing ora kena dak kandhakne marang ndika lan marang sapa wae. Mau ndika kandha yen ing Pangapitan ana Pamong Desa Pangapitan sing meh wae tumekeng tiwas sing  jalarane merga anane wong-wong sing disujanani ngambah ing pinggire alas kene. Tak aturi ya Ki Sukmana, sing ndika sujanani kuwi aku ngerti ya kuwi wong-wong sing tak kandhakne prajurit tanpa busana kaprajuritan mau. Lan aku uga weruh yen wong-wong mau babar pisan ora tumindak apa-apa, lire padha karo aku, mung liwat ing sajabane desa Pangapitan lan saiki mesthine wis adoh saka kene, miturut saka pangrunguku, wong-wong mau arep menyang Padhepokan Nagalanang saprelu nampa ngelmu kasekten lan parentah saka Ki Nagalanang, nanging embuh tenane. Dadi kedadean sing disandhang dening salah sijining Pamong Desa Pangapitan sing ndika kandhakne mau, ora merga saka tumindake wong-wong mau. Malah aku duwe pangira yen tenane ing desa Pangapitan wis ana wong sing nedya gawe cilakane Pamong mau, utawa malah nedya gawe kisruhing desa. Kuwi sing prelu ndika pikirake, aja malah ngurusi sing ana sajabaning desa lan mung wewaton pangira-ngira sing durung karuwan benere….”

        “Cukup Ki Dhedhali” kalihan suwanten santak Sukmana medhot wicantenipun Dhedhali “aku ora butuh pitutur saka ndika, sing mbok menawa salah siji saka wong sing ndika kandhakne jare Prajurit sing tanpa busana kaprajiritan mau, sing baku saiki ndika gelem apa ora tak sowanake ing ngarsane Ki Lurah Pangapitan?”.

        “Woooo, eman banget nek ana wong kok dhemen ngrodhapeksa wong liya lan ora gelem ngrungokne utawa nglimbang pituturing liyan” Dhedhali grenengan kados katujokaken dhateng awakipun piyambak.

        “Ora sah kakehan gunem sing tanpa guna Ki Dhedhali” Kalihan nata kuda-kudanipun Sukmana nyentak Dhedhali “ndika gelem apa ora? He?”.

        “Yen aku ora gelem ndika arep apa?” Dhedhali wangsulan kalihan mesem sajak ngece.

        “Wessss!” tanpa mawi gineman, Sukmana nrajang mawi sukunipun kanan ngarah dhateng lambungipun Dhedhali.

        Nanging jebul Dhedhali langkung prayitna, kanthi gampil panrajangipun Sukmana saged dipun endhani. Malah lajeng tanganipun Dhedhali gentos ngrangsang badhe mupuh praupanipun Sukmana. Mesthi kemawon Sukmana boten badhe lila menawi praupanipun ngantos ketiban kepelanipun Dhedhali, pramila sanadyan kanthi gedandaban Sukmana mbudidaya ngendhani kanthi ndhawahaken badanipun mangering lajeng nggulung ing siti ngantos watawis gangsal jangkah nebihi Dhedhali.

        “Hm….” Kalihan tangi ngadeg Sukmana nggereng lajeng nata kuda-kuda nedya nerjang malih.

        “Wis ta Ki Sukmana, ora sah ndika tutugne kekarepan ndika nggawa aku ing ngarsane Ki Lurah Pangapitan, aku ora arep gawe kapitunane Desa lan kawula ing Pangapitan” kalihan suanten ingkang sajak ayem Dhedhali wicanten “malah tumuli ndika bali wae, matur marang Ki Lurah yen ing Pangapitan wis ana wong sing nedya gawe kisruh, kanthi diwiwiti saka anggone arep gawe cilakane salah sijining Pamong kaya sing ndika kandhakne mau…..”.

        “Aja kakehan wuwus Ki Dhedhali” wangsulanipun Sukmana sereng, kalihan nyaketi papanipun Dhedhali “ayo yen nyata ndika wong prewira, adhepana Sukmana kaya lumrahe wong lanang.”

        “Wong lanang kuwi sing dawa nalare Ki Sukmana” Dhedhali wicanten mangsuli wicantenipun Sukmana, “dudu rambute lan uga dudu nepsune, aku ngajak ndika nggunakne nalar ora mamerne kaluwihan kanuragan…..”

        Sukmana sampun boten sabar malih, sukunipun dipun ginakaken kangge ndugang Dhedhali. Dhedhali boten kober endha, lajeng sukunipun ditekuk dipun rengkepi tangan kalih, padugangipun Sukmana dipun tangkis. Estunipun Sukmana sampun nginten menawi Dhedhali badhe nangkis duganganipun, pramila anggenipun ndugang Sukmana ngginakaken tenaga ingkang kebak, ing pamrih sanadyan Dhedhali saged nangkis, tan wurunga badhe kontal mundur utawi badhe rebah ing siti. Nanging kanyatanipun boten kados ingkang dipun gagas dening Sukmana. Nalika dhumawahing sukunipun Sukmana ketadhahan dhengkulipun Dhedhali lan kekiyatan kalih tempuk, Sukmana kontal mundur ngantos gangsal jangkah dhawah klumah ing siti, sukunipun tengen wiwit dlamakan ngantos pupu kraos gringgingen, kados-kados boten saged dipun ebahaken malih. Tujunipun Sukmana tumunten enget menapa ingkang kedah dipun tindakaken menawi ketanggor lelampahan ingkang kados makaten menika. Kanthi manunggalaken raosipun, nata medal lan mlebeting napasipun, lajeng ngetog kekiyataning hawa murninipun, sakala Sukmana saged tangi ngadeg malih.

        Ingkang mampir ing panyawangipun Sukmana riyin piyambak, inggih menika Dhedhali ingkang taksih ngadeg ing papanipun sekawit, kalihan mesam-mesem ngulati mobah mosiking Sukmana tanpa wicanten menapa-menapa. Sukmana ngrumaosi bilih mengsah ingkang dipun adhepi menika sakalangkung sekti mandraguna. Nanging salebeting manahipun Sukmana nglenggana dhateng kuwajibanipun, badhea kados menapa kedah saged ngrangket Dhedhali lan nyowanaken ing ngarsanipun Ki Lurah. Tuwuh ing salebeting manah badhe asung sasmita mawi piranti ingkang kala wau dipun beta saking griya, kangge ngabari tiyang sepuhipun menawi piyambakipun kepanggih bebaya. Nanging dipun petang-petang lekas makaten menika mbetahaken wekdal ingkang radi panjang, Sukmana kuwatos menawi ngantos duginipun pitulungan saking Ki Lurah kasep, Dhedhali sampun nilaraken papan mriku malah saged ugi piyambakipun sampun pejah langkung rumiyin saderengipun pitulungan dumugi.

        Dumadakan Sukmana mesem salebeting manah, emut menawi kala wau mbekta sipat kandeling Dhusun Pangapitan ingkang wujud Tumbak Kyai Larih. Kamangka ujaring para sepuh kalebet dhawuhipun Ki Lurah Pangapitan, sok sintena tiyang badhe sektia kados menapa menawi gadhah lekas ingkang boten sae dhateng Dhusun Pangapitan boten badhe kiyat nadhahi Kyai Larih sanaosa namung kenging landheyanipun. Awit Tumbak Kyai Larih menika peparingipun Raden Sutawijaya dhumateng Ki Tamejana nalika Ki Tamejana babat wana yasa dhusun Pangapitan jaman semanten, dene landheyaning tumbak menika kadamel saking galihing kajeng Kukun peparingipun Ki Jurumartani ingkang sepuhipun jumeneng Pepatih Mataram kanthi asma Patih Mandaraka.

        Kalih majeng sajangkah Sukmana lajeng ngliga Tumbak Kyai Larih badhe kangge ngadhepi Dhedhali, ingkang nyata sekti mandraguna.

        “Aja kesusu bungah Ki Dhedhali” wuwusipun Sukmana kalihan siyaga pasang kuda-kuda “ayo yen nyata wong prawira, ungalna dhadhamu, kuwat nadhahi tumbak sing ana tanganku iki tak sembah ider-ideran”.

        “nDika aja sembrana  Ki Sukmana” Dhedhali ketingal kaget nalika sumerep Sukmana sampun nyepengi tumbak lan badhe katamakaken dhateng piyambakipun “sing ndika cekel kuwi tumbal pusaka, aku ngerti yen kuwi Tumbak Kyai Larih. Pusaka sing banget mbebayani tumrap sapa wae sing wani nganggo dolanan, kurang-kurang bejane sanadyan tumbak kuwi saiki ana tangan ndika, malah bisa gawe cilaka ndika dhewe.”

        “Mulane Ki Dhedhali” wangsulanipun Sukmana kalihan gumujeng ngece “nek ndika wedi ngadhepi tumbak sing ana tanganku iki, becik nek saiki ndika manut aku, ayo tak tutne sowan ing ngarsane Ki Lurah Pangapitan.”

        “Kaya sing tak kandhakne neng ngarep mau Ki Sukmana” wangsulanipun Dhedhali “ing wektu iki, aku ora bisa sowan Ki Lurah Pangapitan, sanadyanta ndika peksa nganggo tumbak pusaka kuwi, ora bakal aku gelem nuruti sing ndika karepake. Anggonku elik-elik mau, merga aku ngeman marang ndika, nanging nek ndika nekad, ya mangsa bodhowa yen ana apa-apane ndika dhewe sing bakal nanggung.”

        Dipun wangsuli makaten menika kala wau, Sukmana boten ngrewes, lajeng majeng lan wiwit namakaken tumbak Kyai Larih dhateng Dhedhali. Nanging Dhedhali pranyata kesit solahipun. Kados kitiran anggenipun Sukmana nyolahaken tumbak, ewa samanten Dhedhali tansah saged ngendhani lan taksih kober namakaken pupuhan utawi dugangan dhateng Sukmana, sanaosa dhumawahing pupuhan lan dugangan menika boten mbebayani tumrap kawilujenganipun Sukmana. Sukmana piyambak ugi rumaos jegeg, dene mengsahipun boten saged tumunten dipun kawonaken sanaosa mengsah kala wau miris kalihan pusakanipun.

 

 

ana candhake.

 

 

 

 

 

Senin, 08 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (22)


 

022.

        Ki Lurah boten tumunten paring dhawuh dhateng Ki Bebau Peleman, Ki Bebau Peleman ugi lajeng tumungkul kalihan ing batos ngraos gumun. Boten padatanipun Ki Lurah dangu anggenipun menggalih menawi wonten andhahanipun ingkang nyuwun pitedah kados wekdal menika.

        “Ngene wae Ki Bau” wasana Ki Lurah paring dhawuh “bocah-bocah parentahen bali marang padhukuhan maneh. Nanging aja ninggal ing kaprayitnan. Padha parentahna supaya nyiyagakake panah sendaren, murih sawanci-wanci ana bebaya sing nekani ing padhukuhan Peleman, ndika bisa tumuli aweh weruh marang aku sarana panah sendaren kuwi”.

        “Inggih Ki Lurah” wangsulanipun Ki Bebau Peleman.

        “Marang awakmu ngger Sukmana” Ki Lurah nglajengaken paring dhawuh dhateng putranipun jaler “nggebala dalan sidhatan, tlitinen kahanan ing alas sak lore Pangapitan. Sing ngati-ati, nggawaa piranti sasmita sacukupe, karo nggawaa sipat kandel Desa Pangapitan Tumbak Kyai Larih”.

        “Inggih Bapa keparenga kula bidhal sak menika ugi, nyuwun tambahing pangestu” Sukmana atur wangsulan lajeng menyat nilar pendhapa.

        Sasampunipun mendhet Pusaka sipat kandel Dhusun Pangapitan ing papanipun, Sukmana lajeng bidhal dhateng wana sisih leripun dhusun. Kados ingkang kadhawuhaken Ki Lurah kala wau, Sukmana medal margi sidhatan, temah boten dangu sampun dumugi ing papan ingkang dipun tuju. Sukmana sampun apal panggenan pundi ingkang kedah dipun tliti, jalaran mila sampun asring Sukmana dipun kanthi dening Ki Lurah menawi nuju nganglang dhusun ing wanci dalu. Ki Lurah asring paring pitedah kados pundi caranipun madosi tiyang awon ingkang umpetan ing salebeting wana mriku tanpa kamangertosan dening ingkang dipun padosi.

        Dumadakan kanthi ebahing naluri, Sukmana nyiyagakaken tumbak ing tanganipun, inggih Tumbak Kyai Larih, sipat kandel Dhusun Pangapitan. Awit nembe kemawon Sukmana mireng suwanten panggeroning sima ingkang nembe pados tedha. Nanging boten dangu Sukmana malah lajeng mesem piyambak, miturut petanganing nalaripun, katitik saking suwantenipun sima ingkang pados tedha kala wau  papanipun tebih saking papan menika. Menapa malih wiwit wau suwantening buron wana ingkang padatan nyuwanten ing wanci dalu, kados dene suwantenipun peksi truwok lan sribombok ingkang sesahutan, kaselingan suwanten kluruking ayam wana, inggih boten wonten ewah-ewahan awit suwantening sima ingkang nggero kala wau. Menawi sima ingkang nggero kala wau caket saking mriku, tartamtu suwanten sato sanesipun boten badhe kapireng jalaran sami ajrih.

        Dunadakan gagasanipun Sukmana mrambat radi tebih malih, Inggih kanthi nitik suwanten-suwantening sato kala wau, ugi nedahaken bilih tiyang-tiyang ingkang kala wau dipun cariyosaken dening Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen, sampun boten wonten mriku. Awit sato-sato menika anggenipun ajrih dhateng tiang kathah nglangkungi ajrihipun dhateng sima lan sato galak sanesipun. Sukmana lajeng mlampah malih, nitik papan sanesipun, kanthi boten nyuda ing kaprayitnan.

        Sukmana mandheg. Panggraitanipun suka penget, bilih wonten mripat ingkang ngulati piyambakipun, namung kemawon panggraitanipun boten dumugi saged mangertosi ing pundi papanipun tiyang ingkang tansah ngengen lampahipun menika. Pramila Sukmana inggih lajeng sansaya ngetog pamirengipun saha nglandhepaken panyawangipun ing petenging dalu ingkang namung kepajaran dening rembulan tanggal kaping kalih dasa menika. Saestu boten dangu, tanpa suwanten menapa-menapa dumadakan saking waliking grumbul ketingal wewayanganing tiyang ingkang mlumpat angadhang lampahipun Sukmana. Tiyang menika cetha menawi dede tiyang limrah, nanging tiyang ingkang nggadhahi ngelmu kanuragan ingkang inggil, ketitik babar pisan boten kepireng suwantenipun nalika sukunipun tumapak ing siti. Miturut panyawangipun Sukmana, tiyang menika watawis saumuran kalihan piyambakipun. Samanten ugi ngengingi pawakanipun. Boten nyepeng dedamel menapa-menapa, namung ing lempengipun ketingal menawi nyengkelit dhuwung.

        “Landhep panggraita ndika Kisanak” tiyang kala wau wicanten dhateng Sukmana, lirih nanging cetha “aja kaget, aku ora duwe sedya ala marang ndika”

        “Aku ngerti kanthi kadigdayan kang dhuwur, ndika wiwit mau tansah angon lakuku” wangsulanipun Sukmana kanthi suwanten ingkang ugi cetha, tumbak Kyai Larih ingkang kala wau dipun cepeng ugi lajeng dipun wrangkakaken ing lempengipun malih, ngimbangi tiyang ingkang ngajak wicanten ingkang ugi boten nyepeng dedamel “ndika iku sapa lan ngemu karep apa dene tansah memanuki lakuku?”.

        “He he he” tiyang kala wau gumujeng lajeng suka wangsulan “aku iki mung wong sing lagi lelungan, merga kawengen banjur leren ing alas kene. Nuwun sewu, apa ndika kancane bregada prajurit sing ora nganggo busana kaprajuritan mau Kisanak? Merga tak ulati ndika kaya lagi nggoleki kanca ndika sing wis rada sawantara ninggalne papan kene. Mung yen ndika ora kabotan, aku kepengin ngerti ndika sakanca mau arep tindak menyang ngendi?”.

        “Prajurit?” Sukmana pitaken mawi suwanten api-api boten mangertosi ingkang dipun kajengaken tiyang kala wau “Prajurit saka ngendi Kisanak? Aku ora ngerti sing ndika karepne”.

        “Lha nek dudu kancane prajurit-prajurit mau, ndika kuwi sapa lan ya gene wayah wengi teka blusukan neng alas kene?” tiyang kala wau pitaken mawi suwanten nedahaken menawi nggadhahi raos sujana dhateng Sukmana.  

        “Kudune sing takon ngono kuwi aku Kisanak” wangsulanipun Sukmana “nanging lagi wae tak takoni ndika kuwi sapa, ndika ora bares anggone wangsulan. Nadyanta mangkono, aku ora kabotan blaka marang ndika Kisanak. Jenengku Sukmana, omahku ing Desa Pangapitan kidul kuwi. Aku blusukan ing alas kene iki aran wis lumrah, merga sanadyan alas kene iki kagungan Dalem Kanjeng Panembahan Senapati Ing Alaga kang Jumeneng ing Mataram, nanging alas iki dudu alas tutupan. Malah warga desa sakiwa tengene alas kene dening Kanjeng Sinuhun dikeparengake luru kabutuhaning uripe ing alas kene waton gelem melu njaga kalestarening alas. Saiki genti aku kandha marang ndika, yen nyata ndika kuwi mung wong lelungan lumrah, yen merga kawengen kudune ndika bisa leren ing Desa sing ora adoh karo alas kene, kajaba yen ndika lagi nglakokne dom sumuruping banyu ing desa sacedhake alas iki. Mula murih padhanging lelakon, saiki uga tak jaluk ndika gelem bareng salakuku ngadhep ing ngarsaning Ki Lurah Pangapitan murih ora ana rasa sujana marang ndika yen ndika kuwi mata-pitaning mungsuh sing arep gawe kisruhe Desa Pangapitan”.

        “Matur nuwun Ki Sukmana” tiyang kala wau suka wangsulan sareh “lan nyuwun pangapura dene aku mau durung nepungake jenengku, aku Dhedhali omahku adoh ing sacakete Mataram kana, aku iki pangumbara sing mung kepengin ngubengi saindenging Tanah Jawa, aku wis kulina turu saenggon-enggon sok ing gisiking kali, sok ing plogroking uwit, merga aku ora seneng dadi gawene liyan. Mula wengi iki aku ya ora nginep ing Desa Pangapitan papan ndika kuwi, merga kanggoku luwih kepenak yen aku turu ing plogroking wit sing ana alas kene. Dadi aja ndadekne penggalih ndika nek aku kapeksa ora gelem ndherekne ndika kasowanake ing ngrasane Ki Lurah Pangapitan, jalaran aku ora ana sambunge apa-apa karo Desa Pangapitan, ora midak bumi sing dadi wewengkone Ki Lurah Pangapitan dadi aku babar pisan ora gawe rugine Desa apa dene Lurah lan kawula ing Pangapitan. Yen ana sing nyujanani aku minangka mata pitaning mungsuh sing arep nindalne laku dom sumuruping banyu ing Desa Pangapitan kuwi sujana sing ngayawara awit ora ana bukti sing kena dienggo wewaton”.

        Kraos benter manahipun Sukmana mireng wangsulanipun tiyang ingkang ngaken nami Dhedhali ingkang makaten menika. Nanging taksih dipun ampet, mila lajeng wicanten mawi suwanten ingkang alus nanging ngemu suraos ingkang atos :

        “Ki Dhedhali kudune ngerti ya gene aku nduweni rasa sujana marang ndika, merga iki mau ana ing Pangapitan wis ana kedadeyan sing meh wae gawe tiwase salah sijining Pamong ing Desa Pangapitan sing jalarane merga anane wong-wong sing disujanani ngambah ing pinggire alas kene iki. Sarta aku mung ngajak ndika kanthi becik, murih ora ana kleru pangira marang ndika, mung kuwi wae. Nanging yen ndika ora gelem nuruti panjalukku, ateges ndika njaluk supaya aku meksa ndika ngadhep Ki Lurah nganggo cara sing mbok menawa kena diarani nganggo cara sing kasar”.

        Mireng tembung pungkasan saking Sukmana ingkang makaten menika, lumantar soroting rembulan ingkang remeng-remeng, ketingal tiyang ingkang nami Dhedhali menika mesem. Nanging boten tumunten suka wangsulan. Ingkang makaten menika, ndadosaken Sukmana sansaya benter manahipun.

 

ana candhake.

Jumat, 05 Januari 2024

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (21)


 021.

        Ki Lurah Pangapitan, Sukmana, Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen ketingal sami cingak nyumerepi tingkah saha ucapipun Ki Jagabaya Munggur dhateng Ki Palir makaten menika. Ki Palir piyambak ugi boten tumunten suka wangsulan dhateng Ki Jagabaya. Sawatawis menika, Sukmana ngadeg menyat dhateng dalem wingking mendhetaken wedang kangge Ki Jagabaya, boten dangu inggih sampun wangsul malih ing pendhapa kalihan mbekta wedang jahe ing cangkir ageng kangge Ki Jagabaya. Sareng sasampunipun watawis sapanginang, Ki Jagabaya inggih lajeng tangi piyambak lajeng mapan linggih ing sisihipun Ki Palir, madhep dhateng Ki Lurah.

        “Nyuwun pangapunten Ki Lurah….” Kalihan suwanten ingkang tasik serak Ki Jagabaya Munggur atur kalepatan dhateng Ki Lurah “inggih kabekta saking leganing manah, ngantos kula supe menawi nembe ngadhep ing ngarsa jengandika, temah sampun wantun nilar suba sita”.

        “Ora dadi baya pangapa Ki Jagabaya” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah kalihan mesem “aku dhewe uga melu lega lan seneng dene ndika wis bisa dislametake lan wis uwal saka bebaya pati sing nggegirisi. Mau aku krungu ndika kandha, saupama ora tumuli oleh pitulungan saka Adhi Palir, ndika bakal tumekeng pati kanthi nggegirisi kaya kang ndika sumurupi sajroning impen ndika, mau ndika ngimpi apa Ki Jagabaya?”.

        “Inggih Ki Lurah” Ki Jagabaya atur wangsulan sinambi njejegaken anggenipun linggih “kala wau nalika Ki Lurah nemplekaken dhuwung Kyai Wesi Tawa ing geger kula, kula taksih kemutan kawontenan kula. Nanging boten dangu kula sampun rumaos salin alam”.

        “Iya, salin ing alam pangimpen ngono apa piye?”

        “Leres Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya “rumaos kula, kula nembe wonten ing salah satunggaling gisikipun lepen dipun larak-larak dening tiyang ageng inggil cacah tiga. Sedaya sami ngangge jarik plonthang cemeng kalihan pethak. Tiyang tiga kala wau, ingkang kalih nglarak suku kula kanan lan kering lan ingkang setunggal nyampluki badan kula mawi pecut. Kula bengok-bengok kalihan sambat inggih boten dipun rewes, malah anggenipun mecuti badan kula langkung dikerepi kalih dipun pisuh-pisuhi.”

        “Lha wong telu mau apa ora kandha ndika arep digawa menyang ngendi ngono?” Ki Lurah nyelani anggenipun Ki Jagabaya cariyos.

        “Inggih criyos, Ki Lurah” Ki Jagabaya atur wangsulan “kalih misuh-misuhi kula, tiyang ingkang nyampluki kula kala wau criyos menawi kula badhe dipun lebetaken dhateng pakunjaran lan badhe kapatrapan pidana kadamel tedhanipun anak-anak sawer ingah-ingahanipun Kyai Nagaweling”.

        “Sabanjure kepiye?”

        “Dumadakan kula mireng suwanten jengandika saking katebihan, nguwuh-uwuh nimbali kula” Ki Jagabaya nglajengaken anggenipun cariyos “lan saestu, boten watawis dangu jengandika rawuh lan ngadhang nyegati tiyang tiga kala wau. Kula dipun culaken nanging inggih boten saged ebah. Tiyang tiga kala wau lajeng nrajang jengandika Ki Lurah, mawi dedamel. Nanging jengandika ugi sampun siyaga kanthi mandi Dhuwung Kyai Wesi Tawa. Namung eloking kawontenan, saben-saben tiyang tiga kala wau wonten ingkang ketaman Dhuwungipun Ki Lurah lan rebah pejah, dipun langkahi rencangipun lajeng gesang malih. Makaten menika wongsal-wangsul kedadosanipun, ngantos kula tingali Ki Lurah, nuwun sewu, ketingal sansaya sayah, sanaosa dedamelipun tiyang tiga kala wau boten wonten ingkang tumama nalika kadhawahaken ing salira jengandika.”

        Ki Jagabaya kendel sakedhap anggenipun cariyos, nyruput wedang jahe kangge nelesi gorokanipun. Ki Bebau Peleman lan Ki Kebayan Kuncen ketingal kasengsem mirengaken cariyos saking Ki Jagabaya Munggur menika. Makaten ugi kalihan Ki Lurah Pangapitan.

        “Tujunipun” Ki Jagabaya nglajengaken cariyosipun malih “tumunten Ki Palir lan Adhi Sukmana dumugi mriku.”

        “Adhi Palir karo Sukmana?” Ki Lurah nyela rembag nyethakaken anggenipun cariyos Ki Jagabaya.

        “Leres Ki Lurah” atur wangsulanipun Ki Jagabaya ingkang lajeng nyambet cariyosipun “kula mila radi kaget kaworan ngungun, awit dening Ki Palir Adhi Sukmana kadhawuhan nyukani ngombe tiyang tiga ingkang ngrubut Ki Lurah kala wau. Lan Adhi Sukmana inggih boten suwala. Eloking kawontenan, sareng tiyang tiga kala wau sampun sami ngombe, badan kula ingkang kala wau sakujur kraos sakit sedaya dumadakan boten krasos malih. mBaka sakedhik kula lajeng emut menawi kula sampun wonten ing pendhapa mriki malih. Lamat-lamat kula ugi mireng, Ki Palir dhawuh dhateng Ki Bebau Peleman murih nilemaken kula ing mriku niku wau. Salajengipun kula tilem, nglilir-nglilir sareng kalihan Ki Palir matur dhateng jengandika Ki Lurah, menawi tumrap Ki Palir antawisipun Ki Dungkul lan Ki Dhangkal kalihan Ki Lurah menika bobotipun sami, saha tumrap Ki Palir ingkang langkung baken malih, wekdal menika kula sampun saged dipun wilujengaken luwar saking bebaya pejah ingkang nggegirisi. Inggih kanthi makaten kala wau sampun ndadosaken kula ngertos menawi Ki Palir sampun milujengaken nyawa kula saking tumindakipun tiyang tiga andhahanipun Kyai Nagaweling kala wau”.

        “Iya, iya Ki Jagabaya” Ki Lurah ngendika kalihan manggut-manggutaken mustakanipun “sansaya cetha nggonku nyawang kahanan ing Pangapitan iki sawuse aku krungu crita saka ndika iki mau, sanajanta crita sing mung saka alam pangimpen, nanging impen ndika iki mau cetha nek dudu impen sing saka impen-impenen utawa impen merga kakehan turu. Murih sansaya cetha maneh, saiki aku njaluk marang Adhi Palir gelema merdekne impene Ki Jagabaya iki mau”.

        “Nyuwun pangapunten Kakang” Ki Palir gentos ingkang atur wangsulan “estunipun pasupenanipun Ki Jagabaya menika kala wau, kenging kawastanan lelampahan gaib. Liripun lelampahan ingkang dipun prangguli dening sukmanipun Ki Jagabaya magepokan kalihan lelampahaning raganipun ingkang nembe kemawon ketaman dom cem-ceman cacah tiga kala wau. Tiyang tiga kala wau sanepanipun dom cem-ceman ingkang ngintunaken wisanipun tumuju jantungipun Ki Jagabaya. Katujunipun saderengipun wisa dumugi jantung saged dipun adhang dening Kakang Lurah mawi pusaka Dhuwung Kyai Wesi Tawa. Saupami kala wau Ki Jagabaya boten tumunten katempleki Kyai Wesi Tawa, mbok menawi kemawon Ki Jagabaya boten saged kawilujengaken malih. Inggih awit wisa ingkang badhe dipun cabaraken kalihan Dhuwung Kyai Wesi Tawa kala wau taksih manunggal kalihan dom-dom cem-ceman, menika sami kemawon kalihan wisa kala wau taksih wonten ing siyungipun sawer, dados inggih radi angel dipun damel cabar, Dene ingkang kula lampahi kala wau namung dhapur nggeret wangsul dom-dom ingkang mlebet ing raganipun Ki Jagabaya, awewaton kalihan watakipun dom-dom kala wau, mawi piranti santen ingkang dipun tetesaken dening Angger Sukmana dhateng tutukipun Ki Jagabaya. Dados estunipun kula menika inggih boten saged menapa-menapa. Wilujengipun Ki Jagabaya menika kala wau inggih awit garis pesthinipun Ki Jagabaya taksih dereng dumugi ing janjinipun kemawon. Salajengipun murih tiyang-tiyang ingkang nggadhahi lekas boten sae dhumateng Warga lan Dhusun Pangapitan boten sansaya ndadra, panyuwun kula dhumateng Kakang Lurah lan sedaya ingkang wonten ing pendhapa mriki, sampun ngantos martakaken dhateng sinten kemawon menawi dhanganipun Ki Jagabaya menika wonten sambetipun kalihan kula.”

        “Iya Dhi, aku nayogyani banget apa sing mbok kandhakne kuwi mau” dhawuh wangsulanipun Ki Lurah ingkang lajeng kasambet dhawuh dhateng tiyang sanesipun “tak kira Ki Bau Peleman, Ki Bayan Kuncen, Ki Jagabaya Munggur lan anakku Sukmana wis krungu dhewe karo sing dikandhakne Adhi Palir iki mau. Mula perkara larane Ki Jagabaya sing saiki wis waras iki, aja dirembug maneh karo sapa wae”.

        “Inggih Ki Lurah, boten langkung ngestokaken dhawuh” Ki Bebau Peleman, Ki Kebayan Kuncen lan Ki Jagabaya sareng-sareng atur wangsulan.

        “Setunggal malih Kakang” Ki Palir munjuk atur.

        “Iya apa kuwi Dhi?”

        “Miturut petang kula, benjing enjing Kakang Dungkul badhe manggihi Ki Jagabaya nawakaken jampi. Prayoginipun Ki Jagabaya sampun ngantos kepanggih kalihan Kakang Dungkul utawi Kakang Dhangkal langkung rumiyin, inggih saboten-botenipun salebeting wekdal sapeken menika. Kados pundi Kakang?”

        Ki Lurah njengkerutaken palarapanipun sakedhap, lajeng paring dhawuh :

        “Yen mangkono, wiwit wengi iki nganti sepasar mengarep, Ki Jagabaya aja bali menyang omah dhisik. Ki Jagabaya bisa manggon neng gandhok sing tau dienggoni Adhi Dungkul lan Adhi Dhangkal kae. Mengko Ki Bayan Kuncen sabaline saka pendhapa kene, mampira ing omahe Ki Jagabaya Munggur, kandhakna marang Nyai Jagabaya yen kakunge tak dhawuhi nindakne kuwajiban menyang Desa Jaten suwene limang dina luwih, kareben Nyai Jagabaya ora bingung nggoleki”.

        “Inggih ki Lurah” wangsulanipun Ki Kebayan Kuncen.

        “Lajeng para sinoman ingkang kula prentah baris pendhem ing tepis wiring ler kilen kala wau kados pundi Ki Lurah?” gentos Ki Bebau Peleman ingkang nyadhong dhawuh.

        Ki Lurah njengkerutaken palarapanipun.

 

 

Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...