Total Tayangan Halaman

Minggu, 09 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (070)


 

70.

Ki Lurah lajeng mlebet dhateng griya ingkang sampun dados gadhahanipun piyambak menika. Jebul kawontenaning griya sampun jangkep, papan-papan ingkang dipun betahaken dening Ki Lurah sampun wonten sedaya, kados upaminipun papan kangge lerem, papan kangge sarwa-raras (santai), papan kangge manekung minangka sanggar pamujan ugi sampun wonten. Kangge ngirangi raos ingkang boten sekecaning manah, labet dereng mangertos kalihan lelampahan ingkang dipun panggihi menika, Ki Sarkara lajeng sesuci kasambet manjing sanggar pamujan badhe nyuwun pitedah dhateng Gusti Ingkang Maha Pana. Saderengipun, Ki Lurah langkung rumiyin manggihi Nyai Lurah ingkang nembe lenggah jejagongan kalihan Nyi Dirah saha Nyi Diyem ing longkangan kering, sawatawis Pradapa nembe ketungkul anggenipun dolanan ing sacaketipun.

 

“mBokmu, aku arep golek padhanging nalar ing jero sanggar pamujan dhisik” wicantenipun Ki Lurah dhateng semahipun “aja ana sing padha ngganggu” .

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Lurah cekak kemawon.

 

“Anakmu Pradapa aja oleh dolan adoh-adoh dhisik, awit awake dhewe rak durung apal karo papan kene iki?”.

 

“Inggih Pakmu, mangke Thole kula kandhanane”.

 

Sadumuginipun Ki Lurah ing salebeting sanggar pamujan, dumadakan kraos kadya sinendhal manahipun. Wonten raos lingsem ingkang sakalangkung ageng, lingsem dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung.  Ki Lurah ngrumaosi bilih saestu sampun dangu anggenipun nyingkur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung. Inggih wiwit piyambakipun nilaraken nagari Pajang, ingkang wonten salebeting manahipun namung wujud raos ajrih menawi gesangipun sansaya ngrekaos, inggih labet sadaya bandhanipun ingkang sadangunipun menika kaanggep praboting gesang ingkang paling baken sampun boten dipun gadhahi malih. Manahipun ugi tansah kacondhokan raos sakit awit bandha donyanipun sampun dipun rebat kanthi peksa dening titiyang ingkang duraka. Kamangka piyambakipun ngrumaosi menawi bandha donya menika anggenipun pados rumiyinipun ugi kanthi liwat margi ingkang boten cengkah kalihan piwucaling agami, liripun kanthi boten damel kapitunaning sanes, ewa semanten dumadakan ucul saking regemanipun awit tumindakipun tiyang ingkang culika. Mila saestu, saben dinten sadangunipun kesah saking nagari Pajang, boten nate kendhat anggenipun manembah dhateng Gusti nut lan tuntunaning agami ingkang dipun rasuk, inggih menika kanthi nglampahi panembah gangsal wekdal ing saben dintenipun. Nanging salebeting nglampahi lampah panembah menika, ingkang dipun unjukaken Ki Lurah dhateng Gusti Ingkang dipun sembah, boten wonten malih kajawi kasangsaraning gesangipun sakulawarga. Netraning manahipun kados-kados sampun kadamel wuta awit kasangsayan ingkang nembe dipun sandhang, satemah boten saged ningali bilih estunipun sih katresnaning Gusti boten nate kendhat anggenipun kumucur dhateng piyambakipun lan manawi katandhing kalihan kasangsayan ingkang nembe dipun sandhang, kasangsayan menika estunipun namung kados dene tiyang ingkang kapencokan mrutu ingkang lajeng dipun cakot,  ketang anggenipun kesangeten anggenipun ngraosaken gateling salira awit kacokot ing mrutu temah nutupi raos eca lan sekeca ingkang wonten ing perangan sanesipun saking  saliranipun.

 

Inggih awit kemutan ingkang makaten kala wau, satemah Ki Lurah boten kiyat ngampah raos keduwungipun, awit sampun rumaos tebih anggenipun namung nurut margi ingkang katedahaken dening hawa lan napsunipun. Pranyata sadangunipun menika Ki Lurah boten tuhu-tuhu anggenipun angestu dhateng Gustinipun, panembahipun dhateng Gusti namung kangge nuruti pakenipun hawa napsu ingkang tansah boten narimahaken dhumawahing kodratipun Gusti ingkang boten jumbuh kalihan pikajengipun.  Tanpa kraos Ki Lurah ngguguk anggenipun muwun, anggetuni sadaya lepatipun. Inggih kalepatan lan dosa ingkang namung saged dipun tingali mawi sucining manah kemawon, kalepatan lan dosa ingkang boten wonten ingkang nyumerepi kajawi namung netraning manah ingkang suci. Lan ing salebeting raos keduwung menika Ki Lurah nggadhahi tekad kepengin wangsul dados kawulaning Gusti, dede kawulaning hawa napsu kados ingkang sampun kalampahan sadangunipun gesang ing pangumbaran menika.

 

Inggih awit saking raos kepengin wangsul dados kawulaning Gusti menika ndadosaken Ki Lurah emut bilih piyambakipun dinten menika nembe ngayahi sesanggeman kados ingkang sampun kaaturaken dhateng mBah Tambak, Ki Jurudah, Ki Prasanta miwah Nyai Pandhanwangi, inggih menika mbubak wana ing sakiwa tengenipun wit Kepuh inggih wit ingkang agal piyambak katimbang wit-wit sanesipun ing wana menika. Lan sepisan malih Ki Lurah kepengin mangertos ing titi kalenggahan menika piyambakipun menika nembe gesang ing alam maya, menapa ing alam nyata ? Menapa malah sampun pejah kalap dados brekasakan ing alaming para lelembat?.   Lan kangge mangertosi menika, Ki Lurah badhe ngempalaken titiyang ingkang sampun ngrumiyini mbabat wana lan miwiti yasa padhukuhan sarta ndamelaken griya jangkep saisinipun kangge piyambakipun, ingkang criyosipun awit nuhoni dhawuhipun Nyai Pandhanwangi. Tiyangt-tiyang kasebat badhe dipun ajak makarya sesarengan nglajengaken anggenipun badhe yasa padhukuhan kanthi cara limrah kados ingkang dipun cakaken dening tiyang ingkang gesang ing alam nyata, kanthi makaten pitakening manahipun Ki Lurah badhe tumuli pikantuk wangsulan. Dene sasampunipun mangertosi samangke piyambakipun mapan ing alam menapa, mangke badhe dipun gagas malih.

 

Ki Lurah tumunten amungkasi anggenipun nindakaken lampah panembah ing sanggar pamujan, daya-daya badhe dhateng pendhapa, badhe nabuh Kenthongan kajeng Lo ingkang gumantung ing blandar emper, suka tengara bilih piyambakipun ngersakaken Ki Pawit sakancanipun murih mlempak ing Pendhapa Kalurahan.

 

“Aja kesusu ngundang Pawit sakancane, Ki Lurah” sepinten kageting manahipun Ki Lurah nalika tanganipun sampun nyepeng tabuh kenthongan lan badhe dipun tabuhaken, dumadakan saking prenah wingkingipun kepireng suwanten pamenging, tanpa sranta Ki Lurah lajeng noleh dhateng wingking, kepengin mangertos sinten ingkang menging piyambakipun menika.

 

“Sadurunge ndika andum gawe, luwih dhisik aku kepengin rembugan” jebul ingkang menging kala wau Nyai Pandhanwangi, ingkang lajeng wicanten kalihan boten nilar esemipun ingkang sepet madu.

 

“O, Nyai Pandhanwangi ta?” Ki Lurah atur wangsulan mawi basa ingkang nelakaken radi kageting manahipun “nyuwun pangapunten dene kula boten sumerep menawi jengandika jebul sampun lenggah ing pendhapa mriki”.

 

“Semono uga aku uga nyuwun pangapura Ki Lurah” wangsulanipun Nyai Pandhanwangi “merga yen tak sawang saka padhanging pasuryan ndika, aku mung duwe pangira yen ndika arep ngunekne tengara dara muluk kanggo nyeluk Pawit sakancane supaya mlumpuk ing pendhapa kene. Apa pancen bener mangkono? Apa ndika kagungan kersa liya kanthi ngasta tabuh kenthongan kayu elo kuwi?”.

 

“Leres Nyai” Ki Lurah atur wangsulan “mila leres bilih kula badhe nglempakaken sadaya kadang lan sedherek ingkang sampun ngrumiyini miwiti mbabat wana lan yasa padhukuhan menika. Inggih gandheng awit kawicaksanan jengandika Nyai, temah tiyang-tiyang menika sampun andhaku bilih kula menika lurahipun, mangka angkah kula tiyang-tiyang menika badhe kula ajak rerembagan murih sansaya rancag anggen kula ngayahi jejibahan mbubak wana menika”.

 

“Prayogane pancen mangkono Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi wicanten malih kalihan mesem “nanging dadi kurang prayoga yen ndika tindakne dina iki. Jalaran lagi wae Pawit sakancane nindakne dhawuh ndika ya kuwi nutugne olehe nyambut gawe kaya padatane, yen dumadakan ndika timbali supaya mlumpuk, kuwi bisa katon yen ndika kurang wicaksana. Aku ngerti yen satemene ndika lagi nyingidne rasa kepengin weruh, sing tansah ngranuhi sajroning ati ndika. Mula aku kepengin ngajak ndika rembugan murih apa sing ndadekne kisruh ing angen-angen ndika bisa ilang utawa saora-orane ya ben rada suda. Piye Ki Lurah?”.

 

“Sepisan malih kula nyuwun pangapunten Nyai” Ki Lurah rumaos kejodheran jebul Nyai Pandhanwangi ketingalipun pirsa bilih piyambakipun nembe bingung anggenipun gesang menika ing alam menapa “lakar kula nembe kados ingkang jengandika dhawuhaken menika. Awit saking menika kula sakalangkung remen lan ngaturaken genging panuwun menawi jengandika kepareng majaraken manah kula ingkang nembe ngadhepi pepeteng menika”.

 

“Iya Ki Lurah” wangsulanipun Nyai Pandhanwangi salajengipun “Satemene mungguhku, tumrap Ki Lurah yen wewadi iki tak kandhakne saiki, kuwi luwih akeh tunane katimbang bathine. Jalaran, pisan oraa tak kandhakne suwe-suwe Ki Lurah uga bakal weruh satemene Ki Lurah iki mapan ana alam sing ngendi, kaping pindho yen tak kandhakne saiki bisa nuwuhake sing maune bisa malih dadi ora bisa, sing maune katon dadi ora katon lan sapiturute. Nanging yen ora tumuli tak kandhakne, Ki Lurah ya mung bakal ngene iki wae kahanane, tansah bingung lan merga kepengin weruh satemene iki manggon neng alam apa?. Mula sadurunge, sepisan maneh aku prelu wangsulan saka ndika, Ki Lurah milih sabar sawatara wektu sing suwe-suwe ya bakal ngerti dhewe, apa milih ngerti saiki ndika kuwi manggon ing alam sing endi, nanging kang iki kena diarani ana kapitunane?”.

 

Ki Lurah boten tumunten atur wangsulan, menapa ingkang dipun dhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi menika dipun timbang-timbang sakedhap. Wekasan Ki Lurah milih kepengin mangertosi wangsulan pitakening manahipun sak niki ugi. Awit Ki Lurah rumaos boten badhe kraos jenjem manahipun lan boten badhe saged tumandang nyambut damel kanthi tentrem manawi tansah binujung dening pitakenan ingkang saged damel tratapaning manahipun.

 

“Nyuwun pangapunten Nyai” wekasanipun Ki Lurah atur wangsulan “manawi kaparengaken milih kula milih saged tumuli mangertos, titi kalenggahan menika kula gesang ing jagad maya, menapa ing jagad pasupenan, menapa ing jagad nyata? Menapa estunipun kula sampun kasantunan sipat, liripun saking sipating titah ingkang winastan manungsa santun dados titah ingkang asipat brakasakan ingkang manggen inga laming para lelembat?. Kula ugi sampun mireng bilih menawi kula milih ingkang menika, jengandika kala wau dhawuh langkung kathah tunanipun tinimbang bathinipun, mugi kauningan Nyai tumrap kula ing babagan menika boten badhe metang tuna menapa dene bathi, awit manawita kawastanan tuna, nyatanipun kula sampun makaping-kaping nampi bebathen ingkang ganjaran saha kasaenan ingkang sampun kula tampi lumantar jengandika Nyai Pandhanwangi, Ki Jurudah , Ki Prasanta menapa dene mBah Tambak  sadangunipun menika yekti boten saged kula wilang kathahipun”.

 

“Yen mangkono ndika piyarsakne kanthi trawaca apa sing bakal tak kandhakne iki mengko Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi tumunten paring wangsulan “lan muga-muga ing mengko sawuse ndika mangerteni wangsulane pitakon saka ati ndika, ndika ora keduwung ya gene ndadak kepengin ngerti saiki”.

 

“Inggih Nyai suwawi tumuli kadhawuhna, badhe kula mirengaken kanthi saestu” atur wangsulanipun Ki Lurah Sarkara tatag “lan kula prasetya boten badhe anggetuni menapa ingkang kedah dumados awit saking wantering pepenginan kula mangertosi kula samangke manggen ing alam pundi menika”.

 

“Iya Ki Lurah” Nyai Pandhanwangi tumunten paring dhawuh “mesthine saka critane mBah Tambak ndika wis sumurup yen satemene mBah Tambak utawa Raden Bagus Suwanda, Ki Jurudah apa dene Ki Prasanta kae, biyen-biyene ya manungsa lumrah. Nanging kegawa saka anggone padha milih lakuning urip sing rada beda karo manungsa liyane, mula dening Gusti wong-wong kae tumuli kaparingan yuswa sing luwih dawa, kena diarani tikel matikel karo umure manungsa lumrah, mung wae gandheng winatese umur tumraping ragane manungsa, wong-wong kae dening Gusti banjur kaparingan urip sing mapane beda karo manungsa lumrah, temah ragane bisa ngalih menyang alam maya wekasan dadi lan awete. Akeh wong lumrah sing ngerteni yen ana manungsa sing malih uripe dadi kaya dene mBah Tambak apa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta ngana kae, lan wong sing mangerteni kuwi duwe pangira yen manungsa sing wis ngalih menyang alam maya kuwi banjur dadi dhemit, kuwi pangira sing luput. Benere wong kaya mBah Tambak kae ya panggah drajate manungsa nanging kaparingan papan dening Gusti ing alam maya. Sawise ndika wis ngaweruhi bab mBah Tambak lan panguripane, saiki ndika uga kudu ngerti sapa sejatine aku lan ana sambunge apa yen digandhengake karo ndika Ki Lurah Sarkara”.

 

Mireng dhawuhipun Nyai Pandhanwangi ingkang pungkasan menika, Ki Lurah rumaos kaget kaworan ngungun. Ing manahipun tuwuh pitakenan enggal, jalaran jebul antawisipun Nyai Pandhanwangi kalihan piyambakipun menika taksih wonten sambung rapetipun.

 

 

Ana candhake.

Rabu, 05 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (069)

69.

       Kados tiang sinamber gelap lepat tinubruk ing mong tuna, temah dhelog-dhelog kados munyuk ketiban tulup Ki Pawit, wicantenipun Ki Sarkara boten tumunten dipun wangsuli. Malah Ki Pawit lajeng tumoleh dhateng para rowangipun, mbaka setunggal dipun tingali praupanipun, nanging boten wonten setunggal-setunggala saking rewangipun Ki Pawit menika ingkang boten gedheg-gedheg sarwi angangkat pundhakipun minangka sasmita bilih piyambakipun ugi boten mangertos kalihan menapa ingkang dipun wicantenaken dening Ki Sarkara, inggih lelurahipun ingkang nembe kemawon dipun tepangi.

 

“Kepiye Kakang Pawit lan kabeh sedulurku sing ana kene?” sareng sampun dangu Ki Pawit sarowangipun panggah ketingal menawi bingung, Ki Sarkara lajeng wicanten malih “Apa sing tak kandhakne sajroning prentah mau durung cetha? Tak sawang ndika kabeh padha pating dlongop kaya wong sing ora mudheng karo sing tak kandhakne”.

 

“Nuwun sewu Ki Lurah” Ki Pawit lajeng atur wangsulan “mila leres menawi kula sakanca kirang cetha merdeni dhawuh jengandika kala wau. Awit jengandika paring dhawuh ingkang wosipun marentahaken bilih ing Padhukuhan Kepuhagal ingkang nembe kababat menika boten wonten abdi lan boten wonten Bendara. Kamangka awit sih kawelasanipun ingkang Ibu nenggih Nyai Ageng Pandhanwangi, kula sakanca ingkang suwaunipun tiyang-tiyang ingkang sampun boten gadhah pangayoman, jalaran pangayoman kula sakanca ing bumi kelahiran kula ing laladan Wana Patalan sampun telas katumpes dening titiyang manca, lan kula sakanca lajeng dados buron ngantos dumugi papan mriki awit boten purun teluk dhateng tiyang manca ingkang numpes para pangayoman kula, kula sakanca kaparingan bendara enggal, ingkang badhe anglurahi bumi ingkang dening Nyai Ageng Pandhanwangi kadhawuhan mbabat menika, inggih putranipun Nyai Ageng Pandhanwangi piyambak nenggih jengandika Ki Sarkara. Inggih sasampunipun kula sakanca katampik nalika kula nyuwun pangayoman dhateng Padhukuhan Tambaksela. Sampun kepara dangu kula sakanca ngentosi rawuh jengandika Ki Lurah, nanginmg dumadakan sareng jengandika rawuh lan paring dhawuh ingkang kapisan sampun ngendikaken bilih ing bumi babadan menika boten wonten malih inhgkang winastan bendara lan boten wonten ingkang sinebat abdi. Menapa menika sasmita saking jengandika Ki Sarkara bilih kula sakanca boten kaparengaken ndherek ngaup lan mangayom dhumateng jengandika Ki Lurah? Menapa kula sakanca boten kaparengaken nglajengaken mbabat wana, saha kedah kesah saking papan mriki?”.

 

“Aja kleru tampa Kakang Pawit” gage kemawon anggenipun wangsulan Ki Sarkara, awit Ki Sarkara boten nyana saderengipun menawi tiyang-tiyang menika boten mangertos kalihan ingkang dipun kajengaken “sedulurku kabeh iki panggah kudu nindakane apa sing wis didhawuhne dening Nyai Pandhanwangi, ya iku mbubak wana kinarya padhukuhan lan papan kanggo ulah tetanen kanggo papan palereman lan papan pangupa boga sajrone nindakne kuwajibaning urip. Anane Kakang Pawit lan para sedulurku kabeh katon padha pating domblong nggone nampa prentahku mau jalaran mung kandheg ing tembung ing papan kene wiwit saiki tumeka mbesuk sak jebating jagad, ora ana sing diarani abdi lan ora ana sing diarani bendara. Tembung-tembung sabanjure wangune durung keprungu ing angen-angen ndika kabeh. Temah ndika padha salah tampa lan duwe pangira kanag kleru kaya sing ditakokne Kakang Pawit mau. Saiki ngene wae, dhawuh utawa prentah sing tak kandhakne mau panggah ora bakal tak wurungake, mung anggone nindakne wae sajake mbutuhne wektu sing rada suwe”.

 

“Inggih Ki Lurah” Ki Pawit atur wangsulan.

 

“nDika mau uga ngandhakne yen kanggo papan paleremanku lan anak bojoku wis ndika cawisi, apa Nyai Pandhanwangi sing dhawuhake marang ndika kabeh?” Ki Sarkara lajeng pitaken malih dhateng Ki Pawit lan tiyang-tiyang menika. Ki Sarkara ketingalipun radi supe kalihan dhawuhipun Nyai Pandhanwangi ingkang nembe kemawon dipun tampi, inggih menika dhawuh murih boten kekathahen pitakenan dhateng Pawit saha kanca-kancanipun.

 

“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” Ki Pawit atur wangsulan “keng Ibu boten paring dhawuh murih kula sakanca yasa dalem kagem Ki Lurah, nanging kula lan sedaya kanca-kanca ingkang rumaos nggadhahi kuwajiban nyawisaken dalem Kalurahan, awit saking menika ambok bilih mangke wujud lan tataning dalem boten nocogi penggalih jengandika, kula sakanca nyuwun pangaksami lan kula sakanca sampun siyaga ing dhiri sawanci-wanci kadhawuhan yasa dalem Kalurahan ingkang cundhuk kalihan ingkang jengandika kersakaken”.

 

“Iya, iya Kakang Pawit” Ki Sarkara wicanten malih, kalih salebeting manah ngalembana dhateng Ki Pawit kalihan kanca-kancanipun menika, lan Ki Sarkara ugi sansaya mangertos menawi tiyang-tiyang ingkang wonten sangajengipun menika mila tiyang-tiyang ingkang mbetahaken pangayoman saha pamong. Awit saking menika Ki Sarkara ugi lajeng kengetan kalihan pitakenanipun Ki Prasanta menapa piyambakipun badhe purun nglampahi menawi kabetahaken nglurahi titiyang ingkang badhe nggayuh gesang ingkang sae? Lan Ki Sarkara ugi enget bilih piyambakipun ugi wicanten menawi sagah. Inggih awit saking menika, Ki Sarkara lajeng mantebaken tekad bilih piyambakipun mila kapiji dening Hyang Agung murih madeg dados lurah ing padhukuhan ingkang nembe kawiwitan anggenipun mbabad menika  “aku nedha nrima banget marang ndika kabeh sing wis mikirake kabutuhane sedulure kamangka sedulur mau durung tau diweruhi sadurunge. Lan saiki aku kepengin mlebu menyang omah sing ndika gawekne kanggo Lurah padhukuhan iki, sing wektu iki aku kang dipercaya dadi Lurah kuwi”.

 

“Menawi makaten suwawi kula dherekaken Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawit ingkang lajeng asung sasmita dhateng rowangipun dipun ajak sareng-sareng ndherekaken Ki Lurah Sarkara.

 

“Ayo mBokmu anake digandheng dijak mlebu omah anyar” Ki Lurah Sarkara lajeng prentah dhateng semahipun.

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara ingkang estunipun samangke sampun wenang sinebat Nyai Lurah, ingkang lajeng ngajak yoganipun “ayo nang, mlaku dhewe apa njaluk gendhong?”.

 

“Tak mlaku dhewe wae Biyung, arep nang ndi ta ?” wangsulanipun Pradapa ingkang lajeng taken dhateng biyungipun.

 

“Arep menyang omah Ngger” ingkang wangsulan Ki Lurah Sarkara “dening Wa Pawit kowe wis dicepaki panggonan kanggo dolanan neng omahe Ki Lurah kae lho!”.

 

“Iya Bapa” wangsulanipun Pradapa “Wa Pawit kuwi sapa? Lha mengko aku dolanan nang omahe Ki Lurah, ora didukani Bapa?”.

 

Ki Lurah boten tumunten suka wangsulan namung lathinipun kemawon ingkang dipun esemaken. Nyai Lurah ugi tumut mesem. Ki Pawit ingkang lajeng majeng, nyaketi Pradapa kalihan wicanten :

 

“Ingkang namine Wa Pawit niku kula Gus. Mangga Gus Dapa dipun gendhong Wa Pawit mawon mirsani dalemipun ingkang enggal”.

 

“Mengko ora didukani Ki Lurah Wa?” Pradapa pitaken dhateng Ki Pawit.

“Boten Gus, Ki Lurah niku sabar kok lan kasok tresna dhateng Gus Dapa” boten mawi ngentosi wangsulan, Pradapa dipun junjung lajeng dipun gendhong dening Ki Pawit, dipun jak mlampah mangaler. Ki Lurah lan Nyai Lurah ugi lajeng nututi tindak njejeri Ki Pawit. Sawatawis tiyang-tiyang ingkang wau dugi sareng Ki Pawit ugi lajeng ngetutaken.

 

Ki Lurah Sarkara sakalangkung gumunipun, jebul ing laladan mriku sampun kenging dipun wastani padhukuhan. Awit sampun kathah griya-griya ingkang sampun dipun panggeni kados dene griya-griya ing padhukuhan ingkang sampun dangu wontenipun. Nalika ingkang wonten ing griya-griya menika sumerep Ki Lurah ingkang kadherekaken dening Ki Pawit lan kanca-kancanipun, sami medal saking griya nututi lajeng tumut ngetutaken saking wingking. Inggih radin-radin mila para pawestri.

 

Pranyata sasampunipun dumugi papan ingkang dening Ki Pawit sinebat Dalem Kalurahan. Ki Lurah rumaos eram. Awit griyanipun ageng tur inggil winangun joglo jangkep sapendhapanipun inggih kados limrahipun dalem kalurahan ingkang sampun asring dipun sumerepi dening ki Lurah. Pekarangan saha plataranipun wiyar, kapageran tatanan sela ingkang limrah sinebat Prigi. Ing Regolipun wonten wewangunan salimrahing regol kalurahan, ing mriku ketingal wonten nem-neman kalih ingkang samekta ing dedamel, njagi korining regol ingkang tutupan. Ki Pawit suka sasmita dhateng paraga kalih ingkang nembe rondha menika, ingkang kasasmitan inggih lajeng daya-daya mbikak korining regol lan lajeng atur kurmat dhateng Ki Lurah sagarwa putranipun ingkang nembe rawuh.

Sanaosa kanthi manah ingkang dereng rumaos mangertos kawontenan ingkang salugunipun, nanging Ki Lurah Sarkara ketingal kanthi tatag lan kados sampun kulina, bablas minggah dhateng pendhapa. Joganing pendhapa awujud gladhag saking blabagan kajeng jati sepuh ingkang dipun serut alus, ketingal endah jumbuh kalihan warnaning gedheganing pendhapa ingkang ugi kadamel saking blabag kajeng jati.

 

“Ngaturaken kasugengan sarawuhipun Ki lan Nyai Lurah” dereng ngantos telas anggenipun Ki Lurah mirsani kaendahaning pendhapa, saking griya wingking ketingal wonten pawestri kalih ingkang nyaket lajeng mundhuk-mundhuk kalihan matur “kula ingkang abdi pun Diyem abdi dalem kalurahan ingkang tinanggenah ngreksa isen-isening dalem kalurahan dene menika sedherek kula anem pun Dirah abdi dalem kalurahan ingkang tinanggenah njagi lumampahing padamelan ing pawon dalem kalurahan. Kula kekalih kaparingan wekdal dening Nyai Ageng sekawan dasa dinten kaetang wiwit Nyai Lurah mlebet dalem kalurahan mriki, dene sasampunipun menika kula kekalih kadhawuhan wangsul malih ngladosi Nyai Ageng ing dalemipun. Samangke inggih awit ngemban dhawuh saking Nyai Ageng, kaparenga Nyai Lurah kula dherekaken aniti priksa kawontenaning dalem Kalurahan menika”.

 

“Aku nedha nrima banget marang ndika Nyi Diyem apa dene Nyi Dirah sing arep aweh tuntunan marang Nyai Lurah supaya ora kaget klawan panguripan anyar ing Kepuhagal, mligine kanggo ngayahi kuwajiban ing dalem kalurahan iki” Ki Lurah Sarkara paring wangsulan dhateng Nyi Diyem lan Nyi Dirah ingkang pranyata abdinipun Nyai Pandhanwangi ingkang kadhawuhan asung piwucal dhateng Nyai Sarkara murih saged dados Nyai Lurah ingkang boten nguciwani “saiki kana mBokne, melua Nyi Diyem karo Nyi Dirah murih diwarahi carane dadi Nyai Lurah sing becik”.

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Lurah ingkang lajeng wicanten dhateng Nyai Diyem lan Nyai Dirah “mangga Nyai”.

 

Sasampunipun Nyai Lurah kadherekaken Nyai Diyem lan Nyai Dirah, Ki Lurah lajeng mapan lenggah ing kursi ingkang sampun cumawis ing pendhapa mriku. Salebeting manahipun Ki Sarkara inggih Ki Lurah tansah pitaken, ingkang dipun panggihi menika nyata menapa maya. Awit wiwit kepanggih saha tepang kalihan mBah Tambak, Ki Sarkara ngraosaken gesang ing alam sanes, temah nalaripun kraos boten patos saged kaginakaken kanthi limrah. Malah Ki Sarkara sampun rumaos ajrih. Ajrih awit nggadhahi panginten bilih piyambakipun sampun dumugining pejah ingkang boten kamangertosan temah boten saged pejah kanthi patitis, boten saged wangsul dhateng asal kamulanipun nanging kesasar margi anjog ing alaming para lelembat. Tuwuh ing angen-angening Ki Sarkara badhe paring sumerep dhateng semahipun, nanging kuwatos menawi semahipun dados bingung temah damel wewah bidhuhing manah, pramila Ki Sarkara lajeng api-api boten nggagas lelampahan ingkang dipun panggihi menika.

 

“Nuwun sewu Ki Lurah” Ki Sarkara dipun kagetaken dening Ki Pawit ingkang dumadakan sampun linggih ing ngajenganipun sarwi wicanten  “sasampunipun jengandika Ki Lurah kalampahan lenggah ing Dalem Kalurahan, kaparenga kula sakanca nyadhong dhawuh menapa ingkang kedah kula lampahi”.

 

“Iya, iya Kakang Pawit” wangsulanipun Ki Lurah semu gupuh labet saking sansaya bingunging manah “aja dadi atimu yen dina iki kapeksa aku durung bisa ngajak rembugan ndika apa dene sedulurku kabeh sing ana gegayutane karo pambabating alas ing Kepuhagal iki sarta nata lakuning parentah ing Padhukuhan sing durung dadi klawan sampurna iki. Sanadyanta mangkono, tak jaluk Kakang Pawit apa dene sedulurku kabeh aja salah pangira marang aku, awit aku isih arep manages marang Gusti Sing Maha Agung luwih dhisik murih lakuning awake dhewe sajroning ngayahi jejibahan sing didhawuhake dening Nyai Pandhanwangi iki ora nguwohake barang sing nguciwani. Kanggo sauntara Kakang Pawit lan kadang-kadangku kabeh becik nindakna kaya padatan sadurunge aku teka. Lan ing pendhapa iki tak sawang ana Kenthongan Kayu Elo, mengko sawayah-wayah aku wis nampa sasmitaning Hyang Agung, Kakang Pawit lan para kadangku kabeh bakal tak celuk kanthi tengara kenthongan daramuluk”.

 

Mireng dhawuhipun Ki Lurah ingkang makaten menika kala wau, Ki Pawit lajeng asung sasmita dhateng rowangipun sedaya kaajak wangsul ing papanipun piyambak-piyambak. Lan kanthi kurmat Ki Pawit lajeng pamitan dhateng Ki Lurah badhe nindakaken menapa ingkang sampun kadhawuhaken.

 

Ana candhake

 

 

 

Selasa, 04 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (068)


 

68.

Ki Sarkara ningali tiang-tiang ingkang nembe dugi menika boten kedhep, miturut pangintenipun Ki Sarkara tiang ingkang sami ndugeni papanipun menika boten kirang saking tiyang selangkung. Senadyan sami sikep dedamel jangkep nanging ketingal menawi dede golonganing prajurit, Ugi nitik cara anggenipun sami ngrasuk sandhangan, titiyang menika ugi dede golonganing para culika. Radi dangu Ki Sarkara  boten tumunten suka wangsulan, awit ngraos radi aneh, anggenipun pitaken tetuwaning para tiyang kala wau mawi sekar Pocung, kados tiyang ingkang ngungelaken panembrama. Ki Sarkara tumunten kengetan menapa ingkang nembe kadhawuhaken dening Nyai Pandhanwangi dhateng piyambakipun wau. Mila kanthi nimbangi mawi sekar kinanthi Ki Sarkara suka wangsulan :

“Mula bener sedulurku

Sarkara parapku yekti

Wong klambrangan saka Pajang

Dene semahku puniki

Satiti kang dadi aran

Pradapa anakku iki”

 

Mireng wangsulan ingkang dipun sekaraken dening Ki Sarkara ingkang sinawung sekar kinanthi makaten menika, pangarsaning tiyang-tiyang wau lajeng noleh dhateng kanca-kancanipun, suka sasmita kanthi nganthukaken sirahipun. Ingkang kasasmintan lajeng sami manthuk-manthuk, boten dangu lajeng sami ndheprok ing siti kados patrapipun tiyang ingkang nembe sowan ing ngarsaning bendaranipun. Pangarsanipun tiyang-tiyang kala wau lajeng mbalik gentos marep dhateng papanipun Ki Sarkara, inggih lajeng linggih ndheprok ing siti kados rencang-rencangipun, namung mapanipun radi majeng watawis kalih jangkah ing ngajenging rencang-rencangipun.

 

“Ngaturaken kasugengan sarawuh jengandika Ki Lurah” tiyang kala wau nangkepaken epek-epekipun, ngemba atur sembah sarwi wicanten dhateng Ki Sarkara “saha mugi kaparenga nampi pangabekti kula sakanca, kula abdi jengandika pun Pawit ingkang sampun sawatawis dangu nengga rawuh jengandika Ki Lurah Sarkara”.

 

“Awit oleh pandongane Kakang Pawit aku sakulawargaku nemu slamet nganti tekan papan kene iki” kanthi kados sampun tepang dangu kalihan pangarsanipun tiyang-tiyang ingkang jebul gadhah nami Pawit menika, Ki Sarkara suka wangsulan mawi basa ngoko “lan Kakang Pawit ngaturake pangabekti ya wis tak tampa kanthi senenging atiku, ora liwat ya tiba sapadha-padha, mung wae kurang pas yen ndika Kakang Pawit nyebut aku kanthi sebutan Lurah, jalaran aku durung bisa nindakne ayahan sing kudune wis tak tandangi ya kuwi mujudake papan ing sakiwa tengene Kepuh Agal iki dadi kaya sing wis didhawuhake marang aku”.

 

“Cadhong duka tuwin nyuwun sihing pangaksami Ki Lurah” Pawit wicanten malih “badhea kados menapa, saestu namung jengandika ingkang dados lurahipun Pawit sakanca menika. Lan sepisan malih mugi diagung ing pangaksami dene sampun setengah tahun langkung anggen kula sakanca ngayahi wajib, nindakaken dhawuhipun keng Ibu nenggih Nyai Ageng Pandhanwangi, mbabat wana ing sakanan keringing Wit Kepuh Agal menika nembe pikantuk watawis sekawan bau. Menika kemawon ingkang tigang bau sampun katancepan griya kangge leremipun kula lan kanca-kanca miwah sagung kulawarga lan kacithak dados pategilan kangge nyekapi gesang. Ewadene dalem Kalurahan minangka papan lenggah jengandika Ki Lurah miwah kagem lerem sagung kulawarga, sanaosa nembe awangun prasaja, dening kanca-kanca ugi sampun kayasakaken, inggih menawi Ki Lurah ngersakaken tedhak dhateng Kalurahan sumangga kula dherekaken”.

 

Mireng menapa ingkang dipun wicantenaken dening Pawit ingkang ugi makili kanca-kancanipun kados makaten menika, raos gumun ing salebeting manahipun Ki Sarkara sakalangkung agengipun. Nanging Ki Sarkara tumuli enget kalihan dhawuh pangandikanipun Nyai Pandhanwangi, murih piyambakipun boten gumunan lan boten kagetan, Pramila raos gumuning manah tumunten saged sinamudana. Malah Ki Sarkara ugi lajeng nggathuk-gathukaken menapa ingkang dados aturipun Ki Pawit menika kalihan anggenipun sampun nyagahi menapa ingkang dados rerigenipun mBah Tambak, Ki Jurudah lan Ki Prasanta tuwin Nyai Pandhanwangi ingkang jejer mangka talanging basa. Ki Sarkara ugi nggagas menawi nitik cariyosipun Ki Pawit ingkang sampun setengah tahun langkung anggenipun miwiti mbabat wana ing papan menika awit nuhoni dhawuhipun Nyai Pandhanwangi ingkang kala wau dipun basakaken minangka ibunipun, lan Ki Pawit sakanca menika kadhawuhan nyawisaken papan lan griya kangge piyambakipun, awit piyambakipun sampun katetepaken minangka Lelurahing bumi babadan ing sakanan keringipun Wit Kepuh menika, mangka Ki Sarkara lajeng nggadhahi panginten menawi dumuginipun ing papan mriku menika mila sampun ginarisaken dening Nyai Pandhanwangi ingkang anggenipun tepang kalihan piyambakipun nembe kalih utawi tigang dinten kapengker ing griya mayanipun mBah Tambak. Lajeng Nyai Pandhanwangi menika estunipun sinten? Menapa sambung rapetipun kalihan piyambakipun?. Ki Sarkara dereng saged mangertosi.*).

 

“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” sareng radi dangu Ki Sarkara boten tumunten suka wangsulan, Ki Pawit lajeng wicanten malih “menawi awit sembrananing kula lan kanca-kanca temah anggen kula amapag rawuh jengandika kirang anuju prana, estunipun sampun wiwit sekawan dasa dinten kapengker kula sakanca saben siang lan dalu boten kendhat anggenipun gentosan ngrondhani papan menika kangge mapag  jengandika sawanci-wanci rawuh, nanging inggih gandheng taksih regeding jiwa lan raga kula sakanca, kala dalu menika kula tuwin abdi jengandika pun Bengkring saha Kadmana, ingkang anuju nindakaken jejibahan rondha ing papan menika pranyata boten kiyat anampi perbawaning rawuh jengandika, temah namung saged sumerep cahya cacah tiga ingkang tumurun saking langit, nenggih cahya jengandika Ki Lurah, Cahyanipun Nyi Lurah saha Cahyanipun ingkang putra pun Bagus Pradapa. Lan sasampunipun sakeplasan kula tetiga sumerep cahya jengandika sami, kula tetiga lajeng kontal kapracondhang kados kabuncang, temah mencelat tebih. Nalika kula tetiga badhe wangsul malih mrepegi jengandika, kula ajrih menawi dereng kiyat cecaketan kalihan perbawa jengandika, temah kula lajeng wangsul dhateng gubug kula lan ngempalaken para kanca sedaya, lajeng kula ajak sareng-sareng mrepegi jengandika menika. Dados sepisan malih kula sakanca nyuwun pangaksami dene anggen kula mapag rawuh jengandika ambok bilih boten anuju prana penggalih jengandika Ki Lurah”.

 

“Nanging kanyatane Kakang Pawit lan kadang-kadangku kabeh iki, mau katon isih tidha-tidha lire durung pati percaya yen sing teka kuwi Sarkara sing saka Pajang?” Sanaosa estunipun dereng cetha lampahing cariyos ingkang saestu, nanging kangge nutupi boten mangertosipun Ki Sarkara lajeng tambuh setengah nutuh dhateng Ki Pawit sakanca ingkang kala wau duginipun kanthi sesikep dedamel lan Ki Pawit langkung rumiyin pitaken dhateng piyambakipun.

 

“Bares kemawon Ki Lurah, sanaosa sampun ngraosaken perbawa jengandika, nanging panggah taksih wonten raos tidha-tidha salebeting manah kula sakanca, dupi kula sakanca sumerep saking katebihan, salira jengandika ingkang katingal prasaja, boten mantra-mantra nedahaken bilih trahing kusuma ingkang ngagem busananing sentana nata, awit saking menika kangge jagi-jagi murih boten klentu ing panganggep lajeng kula kumawantun matur nyuwun pirsa sinawung ing sekar pocung wewarah saking Keng Ibu Nyai Ageng Pandhanwangi, ingkang tuhunipun sekar mantram sakti. Nanging sareng jengandika Ki Lurah pranyata kepareng paring wangsulan mawi sekar Kinanthi, sakala raos tidha-tidha kula sakanca babar pisan sirna. Langkung-langkung sareng saking papan ingkang caket menika kula sakanca ugi sumerep ageman jengandika nenggih Wangkingan Kyai Pantek sipat kandel trah Samparan Dalem Kanjeng Sultan Adiwijaya, kula sakanca estu-estu pitados bilih jengandika mila Ki Sarkara ingkang kula tengga-tengga. Nanging minangka abdi ingkang mbudidaya murih saged dados abdi ingkang setya, menawi Ki Lurah ngersakaken paring pidana awit saking raos tidha-tidha menika, kula sakanca boten badhe suwala menawi ta kedah kapatrapan pidana” Ki Pawit atur wangsulan, nelakaken blaka anggenipun sampun tidha-tidha dhateng wujudipun Ki Sarkara ingkang ketingal prasaja lan Ki Pawit ugi lajeng pasrah menawi anggenipun tidha-tidha menika kaanggep lepat ingkang pantes nampi pidana.

 

“Iya, iya Kakang” Ki Sarkara lajeng wangsulan kalihan mesem “sing ndika tindakne kuwi merga tuwuh saka rasa pangati-ati ndika, dadi ndika ora luput malah kepara wis bener lan pantes oleh pangalembana. Saiki aku arep miwiti aweh prentah marang ndika kabeh, sing gelem nampa prentahku ndika kandhani supaya  padha ngrungokne, dene sing ora gelem nampa prentahku tak jaluk supaya kandha kanthi blaka yen wegah tak parentah”.

 

Mireng wangsulan saha wicantenipun Ki Sarkara ingkang makaten menika, ketingal Ki Pawit remen manahipun.

 

“Inggih Ki Lurah” kanthi suwanten ingkang nedahaken remining manah Ki Pawit atur wangsulan “mangga kula suwun tumuli paring pangandika, Ki Lurah badhe paring dhawuh menapa, saestu kula sakanca boten badhe wonten ingkang boten badhe nglampahi kanthi gembiraning manah……”.

 

“Mengko dhisik Kakang Pawit” Ki Sarkara nindhihi atur wangsulanipun Ki Pawit “apa sing tak kandhakne iki mau durung suwe, dadi durung ana wektu kanggo rembugan antarane Kakang Pawit karo sedulur-sedulur liyane, tak jaluk ndika aja dhemen ndhisiki aweh wangsulan sing durung cetha bener utawa lupute wangsulan ndika kuwi”.

 

“Nyuwun pangapunten Ki Lurah” wangsulanipun Ki Pawit kalihan ndhingkluk ketingalipun rumaos menawi lingsem “atur kula kala wau namung dhapur mawi wewaton padatan, inggih menika padatanipun para kanca menika boten wonten ingkang benten pamanggih kalihan kula”.

 

“Kuwi nuduhake yen ndika minangka tetuwa utawa pangarsane sedulur kabeh iki, nyata tetuwa utawa pangarsa kang becik. Nanging bakal luwih becik maneh manawa sadurunge ndika kabarne yen panemu ndika kuwi wis padha karo panemune sedulur kabeh, para sedulur padha ndika takoni luwih dhisik, sanadyan satemene ndika wis weruh apa sing arep dadi wangsulane para sedulur mau” Ki Sarkara suka pitutur dhateng Ki Pawit.

 

“Inggih Ki Lurah, ngestokaken dhawuh” Ki Pawit atur wangsulan, lajeng kalihan nginger anggenipun linggih, gantos madhep dhateng rencang-rencangipun, Ki Pawit wicanten :

“Sedulur-sedulurku kabeh, dina iki sawuse klakon Lurahe dhewe ya Ki Sarkara rawuh, kaya sing didhawuhne Nyai Ageng Pandhanwangi kae, Ki Lurah arep paring parentah marang awake dhewe minangka abdine. Ki Lurah paring dhawuh sapa sing gelem nampa parentah saka Panjenengane supaya padha meneng ngrungokne lan sing ora gelem nampa dhawuh utawa prentah saka panjenengane supaya gelem kandha kanthi blaka apa anane. Piye sedulur-sedulur? Mligi kanggo aku, apa sing dadi prentah utawa dhawuhe Ki Lurah mesthi bakal tak lakoni kanthi senenging ati. Marang sedulur sing ora gelem nampa prentah coba ndika ngangkat tangan sadurunge guneman yen ora gelem kaparentah dening Ki Lurah Sarkara!”.

 

Ki Pawit kendel sakedhap ngentosi wangsulan saking rencang-rencangipun. Pranyata sedaya kendel, boten wonten ingkang ngangkat tangan lan wicanten menawi boten purun kareh dening Ki Sarkara.

 

“Dadi kabeh padha siyaga nampa dhawuh saka Ki Lurah Sarkara?” sareng sampun swatawis wekdal kawontenan sidhem, Ki Pawit lajeng sepisan malih  nanting pitaken dhateng rencang-rencangipun.

 

“Inggiiiiiiiiiih” sedaya rencangipun Ki Pawit semaur sesarengan.

 

“Bagus!” Ki Pawit wangsulan kalihan mesem lega, lajeng nginger linggihipun malih wangsul ngadhep dhateng Ki Sarkara sarwi matur :

“Ki Lurah sampun midhanget piyambak wangsulanipun kanca-kanca sedaya. Samangke kula lan kanca-kanca nengga dhawuh utawi parentah saking jengandika Ki Lurah ingkang saged kula tegesi menika parentah kapisan saking Ki Lurah”.

 

“Aku nedha nrima banget marang nDika Kakang Pawit lan sedulurku kabeh sing ana kene” wangsulanipun Ki Sarkara “saiki padha ndika rungokne, wiwit dina iki antarane awake dhewe ora ana sing diarani abdi lan ora ana sing diarani bendara. Sing ana mung loro ya kuwi pamong sing duwe jejibahan momong lan aweh tuladha marang wong sing manunggal karo aku Sarkara lan sing siji maneh Warga, sing duwe jejibahan aweh pambiyantu marang Pamong kanggo wuwuhe karaharjan lan kamakmurane awake dhewe iki kabeh. Dadi Prentah saka aku minangka Lurah ing Kepuhagal kene aja ana sing rumangsa dadi abdiku utawa kawulaku utawa rumangsa dadi abdine utawa kawulane sapa wae kajaba dadi abdi lan kawulane Gusti Sing Maha Agung!”.

 

Ana candhake

Sabtu, 01 April 2023

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 7 (067)

67.

Nyai Pandhanwangi ketingal rena penggalihipun midhanget ingkang dados wangsulanipun Ki Sarkara ingkang makaten menika. Makaten ugi Ki Jurudah lan Ki Prasanta ingkang sarwi anglirik dhateng mBah Tambak, kekalihipun ugi mesem kalihan sunaring netra ingkang nedahaken gambiraning manah. Namung mBah Tambak ingkang ketingal boten ewah pasuryanipun.

 

“Ya gene ndika ora katon seneng ta mBah Tambak?” dumadakan Ki Prasanta pitaken dhateng mBah Tambak “nyata yen Angger Sarkara iki wis katon nek ya mung dheweke iki sing didhawuhake dening Kanjeng Ratu, sing bisa nglantarake ndika budhal suwita lan puruita marang Kanjeng Sunan Lawu, nanging tak sawang ndika babar pisan ora nuduhne senenging ati ndika krungu wangsulane Angger Sarkara kang kaya mangkono kuwi mau. Ana apa satemene he mBah Tambak?”.

 

“Aja salah tampa Ki Prasanta” wangsulanipun mBah Tambak ayem kemawon “wong seneng kuwi ora kudu dituduh-tuduhne, nanging nek aku oleh blaka, satemene wektu iki rasaning atiku ana sajroning dalan simpang. Ya kuwi, ati sing sisih tengen rumangsa seneng merga krungu kesaguhane Ki Sarkara kaya ngono kuwi mau, nanging ati sing sisih kiwa ketuwuhan rasa kuwatir sing aku dhewe ora ngerti sing tak kuwatirake kuwi apa. Mula, saiki aku mung arep meneng nganti ana putusan sing cetha saka Kanjeng Ratu  sawise ndika sakloron lan Nyai Pandhanwangi atur palapuran marang panjenengane”.

 

“Taksih wonten jejibahan ingkang kedah ndika lampahi mBah Tambak” Nyai Pandhanwangi numpangi rembag “ndika boten kenging namung kendel njagakaken kula menapa dene Ki Jurudah lan Ki Prasanta, awit ing jejibahan menika mangke malah ndika ingkang baken, kasil utawi botenipun ndika ingkang badhe ngraosaken, kula kalihan Ki Jurudah lan Kiprasanta menika namung dhapur nindakaken kuwajibaning kawula awit kaprentah dening ratunipun”.

 

“Inggih Nyai” wangsulanipun mBah Tambak “kula nglenggana ing babagan menika, nanginhg menawi dipun nalar sepisan malih kula lan jengandika sami menika rak inggih sami-sami nembe nglampahi kuwajibaning kawula dhateng Gustinipun, lelantaran nindakaken dhawuh saking Kanjeng Ratu”.

 

“Leres mBah Tambak” Nyai Pandhanwangi suka wangsulan kalihan mesem “inggih awit saking menika, samangke sampun kedangon, mangga tumunten sareng-sareng tumandang. Ing prakawis kelampahan utawi botenipun Kaki Sarkara yasa padhukuhan Kepuhagal menika, ndika Raden Bagus Suwanda kaparenga amangarsani, Panjawat kanan lan Panjawat kering kula pasrahaken dhateng Ki Jurudah miwah Ki Prasanta, dene kula ingkang badhe anamengi Kaki Sarkara mbok menawi wonten bebaya lan badhe suka pitedah mbok menawi ing mangkenipun Kaki Sarkara kapengkok ing pancabaya”.

 

“Inggih Nyai boten langkung ngestokaken dhawuh” wangsulanipun mBah Tambak ingkang lajeng dhawuh dhateng Ki Sarkara “Ki Sarkara, gandheng ndika wis nyaguhi apa sing dadi rerigene wong papat iki, ya kuwi kaya sing wis didhawuhake dening Nyai Pandhanwangi mau, mula dina iki uga ndika tak prentah budhal ngajak anak lan bojo ndika nggoleki Wit Kepuh sing mau didhawuhake Nyai Pandhanwangi lan nek wis ketemu ndika wiwiti anggon ndika mbabat alas yasa padhukuhan sing nek klakon dadi, bakal duwe jeneng Padhukuhan Kepuhagal kuwi.”

 

Dereng ngantos Ki Sarkara atur wangsulan dhateng mBah Tambak, dumadakan wonten mendhung mendhung peteng ingkang nutupi langit. Kawontenan dados peteng dhet-dhet, bledheg ing langit sami sesautan ambal-ambalan, ndadosaken kekesing manah. Boten namung Ki Sarkara kemawon ingkang kekes manahipun nanging kalebet Nyai Sarkara ingkang kala wau nembe bethak lan olah-olah wonten pawon ngraos ajrih. Lajeng petrek-petrek nguwuh-nguwuh nyeluki anakipun jaler inggih pun Pradapa, ingkang kala wau nembe dolanan wonten plataran ngajeng griyanipun mBah Tambak. Anyarengi kepanggihipun Pradapa ingkang dening Biyungipun nunten kaajak nyaket Ki Sarkara, jawah saking langit wiwit dhumawah. Tanpa sranta Ki Sarkara lajeng ngajak semah lan anakipun ngiyub, mlebet dhateng salebeting griya, murih boten kejawahan.

 

Ngantos sawatawis dangun jawah ingkang deresipun prasasat kados pineres saking langit menika boten tumuli terang. Malah sansaya dangu kawontenan ugi sansaya peteng. Sinurung dening nalurining biyung, tanganipun kanan Nyai Sarkara angekeb badanipun Pradapa, lan tanganipun ingkang kering keket nggondheli tanganipun Ki Sarkara. Kawontenan sansaya nggegirisi malih sareng kajawi jawah ugi wonten angin lesus  ingkang kados pinusus, temah sampun damel wit-witan sakiwa-tengening griyanipun mBah Tambak kathah ingkang sami rebah kasulayah. Malah ugi kapireng dening tiyang tiga ingkang kedadosan saking Bapa, Biyunbg lan Anak menika suwanten ingkang nedahaken empyak griyanipun mBah Tambak ugi wonten ingkang kendhang katrajang ing angin lesus.

 

Ki Sarkara ugi sampun boten nggagas ing pundi mapanipun mBah Tambak , Ki Jurudah lan Ki Prasanta miwah Nyai Pandhanwangi ingkang kala wau sami lelenggahan ing lincak ingkang wonten plataran wingking . Inggih awit saking deresing jawah saha bantering angin tuwin suwantening bledheg ingkang boten kendel-kendel anggenipun tetarungan. Langkung-langkung sareng sansaya dangu anginipun sansaya santer, suwanten empyaking griya ingkang kabur katut angin sansaya damel kekesing manah.  Inggih ing kawontenan ingkang kados makaten menika, Ki Sarkara lajeng wicanten dhateng anak lan semahipun murih sami merem, saprelu angrencangi anggenipun badhe nenuwun dhateng Ingkang Maha Kawasa.

 

“mBokmu kandhanana anakmu supaya ngeremne mripate, semono uga kowe remna mripatmu, rewang-rewangana nggonku arep nenuwun marang Sing Maha Agung”

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara kaliyan ngusap praupanipun Pradapa murih merem.

 

Nalika Ki Sarkara ingkang kalihan ngeremaken mripatipun nenuwun dhumateng Gusti Allah murih kaparingan slamet menika, dhumawahing angin sansaya kraos banteripun. Ki Sarkara ngraosaken bilih badanipun badhe kabur katut lampahing angin, boten sranta Ki Sarkara lajeng ngrayuk semah lan anakipun kekalihipun dipun rangkul kenceng, kanthi tekad menawi ta ngantos sami kabur katut ing angin boten sami pepisahan  anggenipun dhumawah. Saestu kados ron-roning wit-witan, Ki Sarkara sa-anak semahipun sami kabur katut angin. Namung eloking kawontenan, badanipun Ki Sarkara sa-anak semahipun boten nanggor wit-witan babar pisan, kamangka menika ing tengahing wana.

 

Sareng sampun sawatawis katut angin, Ki Sarkara ngraosaken menawi dening angin ingkang nggondhol raganipun, dipun dhawahaken ing siti, sareng kalihan anak saha semahipun. Lan nalika Ki Sarkara mbikak mripatipun malih, piyambakipun jebul sampun gumlethak ing siti ingkang benthak, boten ketuwuhan thethukulan menapa-menapa, jembaripun watawis selangkung jangkah mubeng. Radi dangu Ki Sarkara ingkang sampun boten ngraosaken menawi wonten angin menapa dene jawah sarta boten mireng suwantening bledheg ingkang sesautan, tolah-toleh, ningali kanan lan kering. Lajeng wicanten dhateng semahipun malih :

 

“mBokmu, lekna mripatmu, sajake awake dhewe wis lepas saka bebaya”

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara sarwi mbikak mripatipun.

 

“Kok aneh ?” dumadakan Nyai Sarkara ngedalaken panglocitaning manahipun.

 

“Iya pancen aneh mBokmu, lelakone awake dhewe iki wiwit wingi  pancen sarwa aneh” wangsulanipun Ki Sarkara “yen ndelok kahanane wektu, iki nuduhake yen isih esuk ngarepake pletheking srengenge. Kamangka saka rumangsaku, nggonku jagongan karo mBah Tambak, Ki Jurudah, Ki Prasanta lan Nyai Pandhanwangi mau sawise aku bali saka saka sendhang, lan wektune ya isih esuk. Lha iki kok sajake wis esuk maneh”.

 

“Lha sakniki awake piyambak niki dhateng pundi ta Pakmu? Lha mBah Tambak kalihan tamu-tamunipun kala wau sakniki wonten pundi? Kok awake dhewe dumadakan wonten mriki? Kamangka wau awakipun piyambak rak sami ngiyub ing griyanipun mBah Tambak?” Nyai Sarkara pitaken dhateng kakungipun.

 

“Uwis, aja takon kuwi dhisik, aku dhewe lagi bingung” wangsulanipun Ki Sarkara waton semaur, malah lajeng ngandhani anak semahipun murih tangi “saiki ayo awake dhewe padha tangi aja kesuwen ngglethak neng suketan ngene iki”.

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara ingkang lajeng ngandhani yoganipun “ayo Nang, tangi dhisik”.

 

“Iya Biyung aku wis tangi kok” wangsulanipun Pradapa, ingkang lajeng kalihan semu gumun pitake dhateng tiyang sepuhipun jaler “Bapa……? Bapa kuwi nyengkelit apa kok katon mramong kaya mawa ?”.

 

Ki Sarkara kaget manahipun awit dipun takeni makaten menika dening yoganipun, mila boten sranta lajeng noleh lempengipun ingkang dipun tudingi dening Pradapa. Ki Sarkara wiwit wau mila boten kraos menawi estunipun ing lempengipun wonten Dhuwung ingkang dipun sengkelit ing tagenipun. Sareng sumerep menawi piyambakipun nyengkelit dhuwung ingkang ketingal mramong mratandhani bilih menika dhuwung pusaka, Ki Sarkara lajeng nyepeng ukiraning dhuwung ingkang dipun sengkelit, lajeng kaunus saking warangkanipun.

 

Ananging daya-daya Ki Sarkara murungaken anggenipun badhe ningali kados menapa wujudipun dhuwung ingkang dipun sengkelit nanging boten kamangertosan asal-usuling pusaka menika . Ing talinganipun Ki Sarkara wonten suwanten ingkang sakalangkung cetha. Suwantenipun tiyang estri ingkang ngemu wibawa :

 

“Aja kesusu selak weruh kaya apa wujude pusaka sing ana sengkelitan ndika kuwi Kaki. Keris kuwi mung saderma digadhuhne marang ndika. Saiki sing baku ndika kudu eling marang kesaguhan ndika temah  teka ing papan kene iki. Yen ndika isih bingung marang kahanan sing ndika alami, ndika kudu ngerti kene iki papan ngendi luwih dhisik. Sawangen ing mburi ndika kuwi wit apa ? muga-muga kanthi nyawang wit sing agal dhewe tinimbang wit-witan liyane ndika dadi eling apa sing dadi kesaguhan ndika”.

 

Tanpa kraos, Ki Sarkara lajeng noleh dhateng wingking. Sakala sumerep wit kepuh ingkang agengipun kinten-kinten kalih prangkulanipun tiyang kalih. Sakala Ki Sarkara kengetan dhateng menapa ingkang dipun ngendikakaken Nyai Pandhanwangi dhateng piyambakipun bilih piyambakipun kaparingan rerigen murih mbabat wana ing sakiwa tengenipun Wit Kepuh Agal.

 

“Sokur ta Kaki yen ndika wis eling marang eguh pratikel lan rerigen sing wis tak kandhakne marang ndika. Lan sepisan maneh aja gampang gumunan lan aja gampang kagetan, nanging dadia wong sing pinter lan wicaksana. Sedhela maneh bakal teka ing ngarep ndika, wong-wong sing asale saka Padhukuhan Tambaksela. nDika ora tak lilani takon apa-apa marang wong-wong sing ngadhep ndika kuwi, ndika kudu wangsulan sing sipate mbenerake apa sing dadi kandhane wong-wong kuwi mengko. Wis semene dhisik mengko wae disambung maneh…. Saiki diage ndika temoni wong-wong sing suwarane wis keprungu saka kene kae” Suwantenipun Nyai Pandhanwangi dumeling malih ing talinganipun Ki Sarkara, paring prentah murih manggihi tiyang-tiyang ingkang criyosipun saking Padhukuhan Tambaksela.

 

Mila leres, dumadakan Ki Sarkara mireng suwantenipun tiyang kathah ingkang ketingalipun nembe mlampah tumuju dhateng papanipun mriku niku.  Ki Sarkara lajeng ngandhani semah lan anakipun kados anggenipun mituturi Nyai Pandhanwangi dhateng piyambakipun kala wau :

 

“mBokmu, kae ana suwarane wong omong-omongan. Ngertia, wong-wong kae arep padha mrene nemoni awake dhewe. Mengko tak jaluk kowe aja gumunan, aja kagetan, aja takon apa-apa marang wong-wong sing teka kene, cukup aku wae sing guneman kanggo mangsuli omongane wong-wong sing arep mrene kae”.

 

“Inggih Pakmu” wangsulanipun Nyai Sarkara, kalihan ing batos rumaos sansaya gumun kalihan sikepipun Ki Sarkara.

Jebul ingkang dumugi papan mriku cacahipun kathah sanget, saklebatan dipun etang Ki Sarkara cacahipun langkung saking sedasa tiyang. Sedaya sami sikep gegaman. Wonten ingkang mbeta Clurit, Pedhang, Tumbak lan sanes-sanesipun. Sareng sampun dumugi ngajengipun Ki Sarkara watawis sedasa jangkah lajeng sami mandheg. Salah setunggal saking tiyang-tiyang ingkang nembe dugi niku lajeng majeng sajangkah, nganthukaken sirah minangka tandha kurmat, lajeng pitaken dhateng Ki Sarkara :

Nuwun sewu, sinten jengandika niku

Kang angemu teja

Menapa ndika puniki

Ki Sarkara Pangumbara saking Pajang ?

 

Ana candhake

 

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...