Total Tayangan Halaman

Kamis, 20 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (18)

 

dening : immir

18.

Nalika lakune Darmun teka panggonane Yung Warti, mbeneri Yung Warti lagi lungguh neng emper nunggoni sing lanang ngenam iratan pring, nggawe cikrak. Pancen pagaweyane Karto Kadiran, bojone Yung warti wiwit biyen gawe barang-barang nam-naman saka pring, di dol diiderne neng desa-desa nurut  ratan. Ngerti nek ana wong numpak motor menggok platarane, wong loro kuwi padha ndengengek nyawang sing lagi teka.

"Kula kok Yung" kandhane Darmun karo nyopot heleme.

"O alaah kowe ta Mun?" Yung Warti alok "marahi nek usum padha nganggo masker ngene iki, marahi wong pangling".

"Lha nggih pripun melih ta Yung, wong nggih kawontenane kados ngeten? nggih kangge keslametane piyambak-piyambak nggih kedah purun maskeran" wangsulane Darmun karo mudhun saka pit motore terus mlaku nyedhaki papane Yung Warti karo sing lanang.

"Ayo mlebu omah kana" Karta Kadiran gupuh mbagekne dhayuhe, nam-namane cikrak diselehne.

"Alaah, kok kaya dhayoh mawon ta Dhe" Darmun wangsulan karo mapan lungguh dhingklik sing ana sandhinge KIarta Kadiran lungguh "sekeca teng mriki mawon, isis".

"Ya wis nek ngono" Karta Kadiran ngetokne slepene arep nglinting udute. Yung Warti ngadeg, menyat mlebu omah.

"Ampun repot-repot lho Yung" Darmun alok, dheweke ngerti nek Yung Warti mesthi arep nggodhog banyu gawe wedang ngge nyuguh dheweke.

"Repot apa ta Mun? wong sing dingge repot wae golekane angele ora jamak kok" Yung Warti semaur karo nerusne lakune.

"Pripun Dhe? rak nggih lancar-lancar mawon ta sadeyane?" genti Darmun ngajak omong Karta Kadiran, takon perkara gaweyan.

"Ya butuhe mlaku ngono wae neh" wangsulane Karta karo nyumet udute "marahi apa-apa saiki padha saka plastik, Cikrak saka plastik, cething saka plastik, dadine ya ngene iki, wongt-wong wis padha wegah ngenam karo ngirati pring maneh, lha nek aku wong wiwit biyen bisane ya mung ngene iki, arep melu mregawe abot ya wis ora kuwat, dadi ya nekad nerusne ngirat karo ngenam pring, ya mbuh sak oleh-olehe sing baku kemrembyah, wong rejeki kuwi wis diatur karo sing ngecet lombok".

"Lha enggih neh Dhe" wangsulane Darmun ngenaki rembug "criyose tukang kutbah nika, nyambut gawe kuwi kuwajibane wong urip, lha nek rejeki niku rak peparinge Pengeran? Lha criyose janji tasik gesang, menungsa mesthi tasik dijatah rejeki kalih Gusti Allah. Rak nggih ngoten ta Dhe?".

 

"Iya, iya bener kuwi" wangsulane Karta Kadiran "Piye ngendi-ngendi wis bar tandur kabeh iki sajake?"

"Empun Dhe, jane niki mrika mpun wayahe matun, nanging nggih niku sakniki sami ngangge obat suket, dados nggih boten perlu pados tiyang ngge matun malih"

"Lha ya ta? suwe-suwe wong mlarat ki sansaya suda gaweyane, mbiyen jik bisa kerja nglakokne luku, saiki ya wis kalah karo traktor, malah macul ceketan wae saiki ya ora ana. Terus wong buruh derep saiki ya wis kalah karo Kombin. Malah arep kerja matun bubut-bubut suket wae ya wis kalah karo rondap apa gramason .......".

"Nggih Dhe jamane mpun beda marahi, nanging jane tiyang tani kok remen nggunakne obat suket niku sami kalih nglalu, nyumpet rejekine anak putu" Darmun ngomong tunane wong seneng nyemprot sawah nganggo obat suket "Lha wong sitine dados risak lho Dhe?"

"Lha iya, pancen biyen ki ana unen-unen Combolo Mangan Teki"

"Napa niku Dhe?" Darmun takon.

"Wong bodho kuwi dadi pangane wong pinter sing rakus" wangsulane Karta Kadiran.

Yung Warti metu saka omah, nyangga lengser isi kopi telung gelas, karo gembili godhog diwadhahi piring.

"Lhah, Yung-e ki rak malah repot tenan" aloke Darmun karo nampani kopi sing disuguhne.

"Repot apa neh?" sing wangsulan Karta Kadiran "wong kuwi mau ndelalah Yungmu pas duwe banyu panas, gek kopine iki ya lor Madiun karo Kopi weton Genthong, dadine ya kopi ngger-reng ngono wae".

Darmun mesem, kopi caruban beras ngono karepe Karta Kadiran, dadi ya mung angger ireng.

"Diombe Mun, ngge anget-anget, karo kuwi Gembiline, lehku nggodhog tandurane Pakmu Gedhe".

"Nggih Yung" Darmun ngangkat gelase, nyruput kopine.Bareng wis sauntara Yung Warti banjur takon:

"Kowe mesthine arep nakokne welinganmu nyang aku dhek emben ya Mun?"

Darmun ora semaur, malah ndhingkluk karo bathuke pating jengkerut, ketok nek lagi mikir abot. Karta Kadiran ya ora omong apa-apa, merga Karta Kadiran ora melu-melu petung antarane Yung Warti Karo Darmun.

"Nanging sadurunge aku mangsuli sing arep kok takokne, aku arep omong luwih dhisik, ya aja dadi atimu ya Mun? nek tenan ya ora sokur ning nek gak tenan ya sing gtedhe pangapuramu wong aku ya mung dhapur kabare, gek kabar kuwi sok diemperi sok diempoki, ya ra?" Yung Warti wiwit omong tembunge digawe ngati-ati.

"Napa ta Yung? kok sajake wigati sanget niku?" Darmun takon.

"Dhek kapan kae, aku rak diomongi karo mBokdhemu ?"

"mBokdhe Darma Sagi?" Darmun nggenahne.

"Lha iya neh, arep mBokdhe ngendi maneh?".

"Disanjangi napa Dhe?" Darmun bali takon .

"Jarene mBokdhemu Darma, kowe kuwi dikarepne karo Wong Ayu tur sugih mbrewu, trah priyayi luhur pisan, omahe  Brang Lor ? Sing duwe karep kuwi ora mung bocahe wedok, nanging kabeh kulawargane klebu Pak-pakne cilik lan ibu-ibune cilik kabeh. Kuwi kabar tenan apa kabar sing wis diemperi Mun?" Yung Warti wangsulan kanggo nggenahne apa sing dadi pitakone Darmun.

Darmun unjal ambegan dawa, ora ngira babar pisan nek kabar sing wis gawe mumeting sirahe kuwi jebul malah wis tekan Ngarengan barang. Malah kira-kira wis sumebar tekan kupinge wong-wong Ngarengan sing tepung karo dheweke, merga Dimun wis apal karo sipat lan tekune mBokdhene sing seneng kojah karo sapa wae. Nek Yung Warti wae wis diomongi, mesthine sak liyane Yung Warti ya wis dipameri. Sirahe Darmun dadi sansaya cekot-cekot, mau anggone dolan nyang Ngarengan wis dilon-loni ora mampir nggone Pakdhene luwih dhisik, kareben enggal bisa kepethuk Yung Warti. Teka nggone Yung Warti malah oleh kabar kang kaya mangkono kuwi.

"Hm........"  ora sadar Darmun nggereng alon.

"Piye tenane Mun? ditakoni kok malah nggereng kaya kucing" Yung Warti mbaleni pitakone.

"Pripun nggih Yung? Sing disanjangne mBokdhe Darma niku, nggih enten lerese ning nggih enten lepate" Darmun wiwit nggenahne "nek enten lare estri sing kepengin kula rabi niku nggih leres, Bulik kalih Paklike Lare estri nyengkuyung karepe lare estri niku nggih leres, malah mpun rembagan kalih simbok napa, kalih kula nggih empun. Nanging bares mawon kula nampi kajenge Lare estri wau nggih dereng, nyagahi ajeng ngrabi nggih dereng, jagongan lare kalih nggih dereng, nanging ugi kula nggih dereng nulak. Nek ngoten niku pripun olehe Yung-e ajeng ngarani?".

Yung Warti mesem amba, krungu wangsulane Darmun sing mangkono kuwi, tangane tengen njawil pundhake Karta Diran aweh sasmita supaya bojone kuwi gelem ngrewangi omong.

 

Ana candhake.

Rabu, 19 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (17)

 

dening : immir

17.

Nek neng Ngarengan sing dadi topik omongan bab anggone Arja Sampun sing wis klakon pegatan karo Supeni, beda maneh karo sing ana Sekarputih. Meh saben uwong padha rasan-rasan ngomongake "kanugrahan" sing ditampa Darmun awit ngundhuh wohing kabecikan sing wis dadi lakuning uripe. Pancen Darmun kuwi mung wong tani sing ora sugih, nanging meh saben wong kenal yen Darmun kuwi unusaning sinoman sing kinacek. Sregep, prasaja, anoraga lan seneng labuh marang bebrayan murih desa lan lingkungane sansaya maju ora keri karo liya desa sing rebut gancang ngetutne playune rodha jagad sing sansaya maju.

"Ora ngira ya Yu?" mBokdhe Kemi miwiti omong karo Lik Surati, pas karo blanja neng nggone bakul ideran sing ajeg liwat dalan ngarepane.

"Sing ora ngira sapa lan apa lho Dhe?" karo milihi terong sing arep dituku Yu Surati takon.

"Darmun anake Dhe Tumin kuwi neh?" wangsulane mBokdhe Kemi karo ngiling-ilingi pindhang besekan.

"Lha iya ta? jare arep rabi oleh ponakane Bulik Narsi, sing omahe Brang Lor kana?" Lik Surati nanjihne.

"Iya, bejane si Darmun oleh bojo ayu gek sugihe nora mekakat. Ya kuwi oleh-olehane wong ki nek sabar, narima, temen lan ora kakehan polah" mBodhe Kemi nerusne rembuge.

"Sing sugih niku rak calon mara tuwane ta Dhe?" Sri Salon sing lagi teka melu nrambul gunem.

"Dudu ya?" Yani beras sing uga lagi nyedhak nyauti "Dhita ki, anak tunggal wong tuwane kabeh wis ora ana ninggal warisan ora karuwan akehe, kabeh dadi duweke Dhita dhewe, lha warisane kuwi saiki dicekel Pak Jiono, mengko nek Dhita wis omah-omah lagi dipasrahne".

"Malah kabar sing tak tampa, kulawargane Dhita sak Dhitane pisan wis setuju, murih bandha warisan kuwi ora morat-marit, kabeh arep digesterne dadi jenenge Darmun lho. Apa ora aran beja kemayangan tenan anake mBok Tumin kuwi?" Lik Surati ngimbuhi rembug.

"Lha ya kuwi" mBokdhe Kemi omong maneh "merga wong sakjagad ki ngerti kabeh sipat lan lakune Darmun sing jujur, gemi nastiti, ngati-ati nanging ora cethil, seneng tetulung marang sapepadhaning wong".

"He eh, kuwi aku nyipati dhewe, pas pelemku sing manglung nyang lurung mateng neng uwit terus ceblok, ndelalah ditemu Darmun, ora dipek dhewe, plalah wonge mara nyang omah ngeterne pelem kuwi nyang aku kok" Sri Salon nyauti omong.

"Lha nek upama sing nemu aku, ya tak gawa mulih terus tak pangan no, wong kuwi barang nemu neng ratan?" Yani Beras sing nyauri.

"Sing lumrah ya ngono mBak" Sri Salon wangsulan "beda karo wong sing duwe laku Wirangi, wirangi apa apa ngono kuwi jenenge, pokoke njaga awake ben gak kelepetan barang riba ngono kuwi pokoke".

Wong-wong padha mesem krungu omongane Sri Salon sing keri ndhewe kuwi.

"Sing beja niku senes Darmun, ning Dhita, mpun entuk bojo sing apike kaya ngoten niku, sak jagad durung karuwan numoni loro telu wong sing sucine kaya Mas Darmun" Tinuk, bakule blanja suwe-suwe ya melu nimbrung omongan pisan.

"Walah-walah kok olehmu ngompak Darmun kok dhuwur men lho mBak Tinuk?" Lik Surati takon karo ngguyu.

"Boten ngompak, niku nyata Bu" wangsulane Tinuk serius "sinten sing boten ngerti kula, jaman tesih bubrah dhek emben? Pas tanggapan teng nggene Pak Carik riyin, sing kepatah ngeterne wangsul kula rak Mas Darmun. Njenengan nggih ngertos piyambak, sing jenenge ngeterne Penyanyi sing nyambi, niku mesthi dadi rebutane lare nom, merga nggih ngertos piyambak, nek mpun dugi griya nggih ngoten nika. Kula nggih remen sing ngeterne kula Mas Darmun, merga kula nggih kepengin ngoten niku kalih wong lanang bagus sing kalem niku, eeee .... dugi griya kula disenggol mawon boten. Kula rayu-rayu blas boten tedhas, kula pancing-pancing malah pamitan bali. Ning saene kula boten diuneni sing awon, piyambake panggah sopan tuture tetep alus boten nglarani ati".

Wong sing blanja padha meneng, kabeh nyemak kandhane Tinuk Bakul Blanja sing kabeh wong ngarani ayune uleng-ulengan kuwi. Kabeh ya wis padha ngerti nek Tinuk kuwi durung suwe olehe dadi bakul blanja ideran ngono kuwi. Maune ya kuwi, kajaba kerep diundang dadi penyanyi campur sari, orgen tunggal ya sok dhapuk dadi tandhak ing pagelaran seni Tayub. Wonge ayu, suwarane empuk kepenak, pinter mbeksa tur...... awehan. Ora mung siji loro sing padha kedanan karo Tinuk. Nanging jebule ora kabeh wong lanang kena ditelukne dening eseme si Tinuk. Malah lagi wae Tinuk ngakoni, yen anggone kepengin lelangen ing samodraning hawa nafsu wis tinampik kanthi alus lan wicaksana dening Darmun. Dadi pancen Darmun kuwi nyata satriya tama,nadyan kawruh agamane cumpen, olehye nyantri mung rubuh-rubuh gedhang, ewa dene nduweni Iman sing angel golek tandhingane.

Sauntara dadi rasanane wong-wong akeh, wektu kuwi Darmun sing lagi sumpeg pikire, nggelak Yamaha Vega tahun 95 ne tumuju Ngarengan. Karo mlaku angen-angene seser, mikirake. Kabar sing sumebar yen dheweke arep rabi karo Dhita, ora bisa dibendung. Kanca-kancane sing diwaduli, ora menehi solusi kaya sing dikarepne, nanging malah padha njurungne supaya Darmun gelem ngepek lan ngrabi Dhita Rahayu. Malah Danang, bocah Kedunggalar sing saiki manggon neng Tulungagung, sedulur sinoroh wadi ne Darmun, nalika di-curhati, wangsulane ya padha wae

"Ora usah digagas dawa-dawa Guys" kandhane Danang lumantar ha-pe ne "aku wis ngerti Dhita kae serasi yen karo kowe. Aja mung nyawang Dhita sing dhek emben, nanging sawangen lan ajenana niyat sucine Dhita sing kepengin bali nurut dalan sing diliwati kanca-kancane, lha tugasmu kuwi nuntun dheweke".

"Walah, omong kuwi pancen gampang Coy" wangsulane Darmun nalika iku "ning sing nglakoni kuwi lho sing angel!. Jarene Rabi kuwi luput pisan kena pisan? nek nganti luput apa ora blaen, coba?".

"Guys, awakmu kuwi ditakdirne dadi obor sing bisa madhangne, dadi guru sing bisa minterne, dadi banyu sing bisa ngresikne, kuwi wis dadi pilihane uripmu. Saiki kok malah arep endha? tinggal glanggang colong playu? wedi ngadhepi resiko sing durung karuwan anane. Ingat Guys, awakmu kuwi Darmun kancaku, sedulurku, pantang menyerah dalam membela kebenaran dan menebar kebajikan. Musuh tidak dicari tapi bila bertemu tak akan lari Guys" Danang terus menehi semangat marang dheweke.

"Iya, nanging........"

"Gak sah nanging-nagingan, sing jenenge mungsuh iku ora mesthi sing wujud wong sing sentosa otot baune, rosa lan trengginas polahe, nanging luwih akeh wujud suwara sing ngranuhi sajroning ati sing ngojok-ojok menging tumindak becik, nggiri-nggiri wong sing duwe niyat suci. Jenenge musuh ora kudu dikalahne Guys, nanging luwih becik ditelukne, dituntun lan dibudidaya murih bali ngliwati dalan sing digarisne dening Gusti Sing Maha Suci".  

Ora krasa lakune Darmun wis tekan prapatan Sambirejo, Vega dienggokne mengalor nurut dalan Jogorogo-Kedunggalar. Darmun kepengin enggal reruwet sing ana pikirane enggal-enggal udhar.

 

Ana candhake.

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (16)

 

dening : immir

16.

Diarani nek wis dadi wong aneh dening Ibune Setya mung mesam-mesem karepe dhewe. Lha wong Setya dhewe gumun karo awake dhewe, ya gene ana rasa sing ora bisa dicritakne sing tansah ngreridhu atine?. Ana rasa kepengin cedhak karo Koiroh, ana rasa sing tansah eling marang Koiroh. Wewayangane Tukang tandur anake Tukang Mancing kuwi saben dina tansah kumanthil - kanthil ing mripate. Mesthi wae, Setya ya ora ngerti sing dadi sebab musababe.

 

"Dadi olehe pegatan Sampun karo Peni kuwi durung ana seminggu iki lho Bas? Kuwi kabar sing tak tampa saka Pak Kandar telung dina kepungkur" Ngendikane Bapakne wis mbuyarne lamunane Setya.

 

"Niku rak resmine ta Bapak? Awit Bu Supeni punika sampun gesang sesarengan kaliyan tiyang sanes, sasmpunipun nilar Pak Sampun, malah Pak Sampun babar pisan boten ndugeni panggilan sidhang awit, kuwatir menawi boten enggal putus, selak mesakaken Bu Supeni, kedangon anggenipun nglampahi dosa. Punika criyos ingkang kula tampi saking Bu Kandar ingkang kula suwuni tulung supados nyaketaken kula kalih Koiroh" Setya wangsulan lancar.

 

"Lha wong dijaluki tulung nyedhakne awakmu karo Koiroh, kok malah nyritakne lelakone Pak Sampun kuwi piye genahe?" Bu Muh genti sing takon.

 

"Rak ngeten ta Bu niku" Setya njlentrehne critane "wiwitanipun kula nyuwun tulung dhateng Bu Kandar supados nangkleti Koiroh, sampun wonten calon punapa dereng? Gadhah pacangan utawi pacar punapa boten? ngoten".

 

"Lha banjur wangsulane Koiroh piye?"

 

"Sinten ta mBokdhe sing purun kalih kula? tiyang kula niki bobot, bebet, bibit meh cacad sedaya. Gadhah tiyang sepuh estri kados makaten polahipun, malah sakniki rumah tanggane tiyang sepuh kula, sampun rame dados pamaidon saha panacading tiyang kathah. Upamia kula wonten ingkang ngersakne, kula nggih boten badhe cepet-cepet nampi, boten nimbang bobot, bebet, bibitipun tiyang, nanging langkung rumiyin tiyang ingkang badhe ngajak kula gesang bebrayan punika kedah mangertosi jawi-lebeting kawontenan kula lan tiyang sepuh kula, murih boten getun tembe wingkingipun" Setya ngulu idu ngge nelesi gorokane "ngoten niku wangsulanipun Koiroh dhateng Bu Kandar Bu. Lajeng Bu Kandar nyariyosaken lelampahan ingkang dipun sandhang kulawarganipun Pak Arja Sampun. Pramila kula saged matur dhateng Bapak kados kala wau".

"Lha bareng kowe wis ngerti lelakon sing disandhang wong tuwane Iroh kaya mangkono mau, kowe banjur kepiye?" Bu Muh takon sajak nanting anake.

 

Setya meneng sedhela, nata ukara sing arep diaturne marang Ibune.

 

"Kowe ya kudu ngerti Bas" Pak Muh numpangi rembug "Koiroh kuwi dudu mung anake Sampun dhewe, nanging uga anake Supeni, wong wedok sing wis laku sedheng temah njaluk pegat marang bojone".

 

Setya meneng ora enggal wangsulan, ora ateges wis ora bisa ngunggahi rembuge Bapakne, nanging pancen lagi nata ukara murih bisa dirungokne kanthi cetha lan ora gawe selingt-surup karo Bapak lan Ibune.

 

"Piye Bas? kok mung meneg wae ki piye?" Bu Muh ndheseg pitakonan.

 

"Inggih Bu lan Bapak" wekasane Setya atur wangsulan "kala emben kula rak sampun matur Ibu bilih kula badhe istikharah langkung rumiyin?"

 

"Iya piye asile?"

 

"Salebeting kula istikharah, ingkang kula niyati sepeken wekdalipun, kula kapingt tiga nyupena utawi ngimpi kepanggih kaliyan sawargi Dhi Asih kaping tiga, salebeting impen Dhik Asih ngengken kula supados kula mbudidaya saged mengku Koiroh, awit Dhik Asih sampun nitipaken kula dhateng Koiroh. Kula piyambak boten ngertos maknane impen kala wau, punapa ingkang manggihi saha ngengkien nkula kala wau membaning malaikat punapa pamembaning setan. Nanging saben-saben kula tansah kemutan, kelangkunganipun Koiroh ingkang kula sumerepi nalika taksih sekolah rumiyin, prasaja jujur lan remen tetulung dhateng kanca saha nggadhahi jiwa kiritis ingkang sae" wangsulane Basuki rancag lan patitis.

 

"Iya, banjur kepiye karo pandangune Bapakmu sing keri iki mau?"  Bu Muh mbaleni pitakone kakunge.

 

"Niku kanyatan ingkang boten saged diselaki Bapak" Setya ngaturne panemune "mila kathah tiyang ingkang ngugemi teori Genetik ingkang boten komplit, liripun saben anake wong jahat nggadhahi potensi dados tiyang jahat. Kamangka teori genetik ingkang jangkep boten ngaten punika, rak makaten ta Bu?".

 

"Iya terus piye?" Bu Muh rumangsa rada diwelehne dening anake.

 

"Jagad sampun paring paseksen, boten sakedhik anak maling saged dados guru ingkang sae, anak kiyai dados koruptor punika ugi wonten. Makaten punika awit wontenipun unen-unen : awit pambudidayaning ajar saged ngewahi warnaning dhasar, dados inggih kados teorinipun John Lock ing Tabularasa nika. Sanaosa Iroh niku putranipun Bu Supeni, awit Iroh tumemen anggenipun sekolah saha ngaji, temah sipat dhasar ingkang mbok menawi warisan saking gen-ipun Bu Supeni utawi Pak Arja Sampun saged musna awit kablebeg asiling ajar ingkang dipun tampi".  

 

"Dadi cekake, awakmu tetep kepengin ngepek Koiroh anake Sampun kuwi dadi bojomu?" Pak Muh negesne niyaqte Setya.

 

"Punika pikajeng kula Bapak" Setya wangsulan ngati-ati "nanging menawi Iroh purun kula dadosne sisihan kula lan Bapak saha Ibu marengaken".

 

"Kok ngono?" Pak Muh takon.

 

"Lha pripun malih nek mboten ngoten ta Bapak? Lha nek Koiroh kekeh boten purun kula pek, napa kula saged napa? paling inggih terus mbudidaya murih Koiroh purun, nanging inggih winates ing pambudidaya. Kosok wangsulipun, menawi Bapak utawi Ibu mboten marengaken kula jejodhowan kaliyan Iroh, punapa kula badhe wantun kaliyan Bapak utawi Ibu? tumrap kula sak asor-asoring drajat punika lare ingkang wantun kaliyan tiyang sepuhipun kekalih, utawi salah satunggal saking tiyang sepuh kalih" Setya atur wangsulan alus nanging krasa kebak rasa.

Pak Muh ora enggal nyauti rembug, nyawang mendhuwur karo nyedhot ambegan dawa, jroning ati ngalembana anake lanang sing nduweni jiwa kang kaya mangkono mau. Ora seneng mung mburu senenging atine dhewe, nanging panggah duwe rasa bekti marang wong tuwane. Katone Setya gelem ngalah, nanging sejatine ngalahe Basuki kuwi kanggo nggayuh kamenangan.

 

"Dadi upama Bapak utawa Ibu ora marengake kowe ngepek Koiroh kowe legawa Bas?" Bu Muh sepisan maneh nanting atine anake.

"Bab legawa punika mapanipun boten saged katingalan mawi mripat Bu" wangsulane Basuki "ingkang baken, kula boten badhe wantun kaliyan Ibu utawi Bapak. Kula inggih boten badhe ngraos remen menawi dipun peksa utawi meksa sinten kemawon. Kula badhe mundur anggen kula nggadhahi kekajengan nresnani Iroh, menawi Ibu utawi Bapak boten rena menawi kula gandheng tresna kaliyan Iroh. Sanaosa mbok menawi kula badhe wadat salaminipun, punika langkung prayogi tinimbang kula wantun kaliyan Bapak utawi Ibu".

 

Krungu ature Setya sing mangkono mau Pak Muh lam Bu Muh sapandurat ora bisa kumecap apa-apa. Tata gelar Basuki nngandharake yen ora bakal wani gawe laraning atine wong tuwa, nanging wong tuwane kudu weruh yen satemene kang mangkono iku  bakal gawe laraning atine Basuki kanggo selawase uripe.

 

Ana Candhake.

Selasa, 18 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (15)

dening : immir

15.

Pak Muh meneng sedhela, nyruput kopine. Pikirane ngumbara nyawang lakone kancane sing jeneng Sampun. Pranyata sipate Sampun sing sok aneh kuwi, angel dicocogi karo wong liyane, klebu dening Supeni sing wis pirang-pirang tahun urip bareng dadi bojone. Nanging, kira-kira merga klakowane Sampun sing kerep nganeh-anehi, ora padha karo cara uripe tangga-tanggane, ndadekne sing wedok entek kesabarane banjur njaluk pegatan. Merga adhakane wong wedok kuwi janji sing lanang gemati, gelem kemrembyah apa mesthine, ora ditinggal selingkuh, akeh menenge, rekasaa kaya apa panguripane nanging tetep setya marang kulawargane, ora gampang-gampang ngajak pegatan. Lha nek sipat anehe Sampun kuwi nurun nyang anake, apa ya mathuk upama dadi sisihane Setya Basuki, anake lanang?.

 

Pancen Pak Muh mung krungu saka Pak Kandar pirang dina kepungkur ngepasi Pak Muh telepon Pak Kandar ngrembug perkara anggone arep nggawe pager omah pekarangan tinggalane Eyang Buyute sing mapan neng Ngarengan. Ya ing kalodhangan telepon kuwi Pak Kandar ngabarne nek Arja Sampun jare wis pegatan.

 

"Lhah wis anak-anak gemrayah kok ya pegatan barang ki gek sing marahi apa lho Pak? lan apa manehy sing arep digoleki si Sampun kuwi? Wong wis sansaya tuwa kok sansaya aneh wae cak-cakiane uripe?" ngono pitakone Pak Muh minangka tanggapan marang selingan kabar sing digawa Pak Kandar.

 

"Duka nika Pak" wangsulane Pak Kandar neng telpone "murugaken Dhik Sampun nika tiyang pinter, dados tiyang bodho kados kula ngeten niki nggih kathah boten mudheng kalih kersane. Rahayune Dhik Sampun nika nek kalih tangga tepalih boten nate benthik, boten remen eyel-eyelan, nek boten cocog nggih namung kendel kalih mesamk-mesem. Tur malih Dhik Sampun nika rak remen tetulung lan boten nate damel susahe tanggane. Ning nggih niku wau, tiyang pinter sing sok aneh-aneh cak-cakan uripe, boten wonten kabar napa-napa kok ngertos-ngertos mpun perakan".

 

"Ya wis neh Pak Kandar" Pak Muh wangsulan karo ngguyu "muga-muga cukup dilakoni Sampun dhewe, awake dhewe minangka tangga lan kanca ora sah nemen-nemen melu mikir lan ora sah melu-melu nudhu panemu, mandhak kleru. Ya didongakne wae, muga-muga Gusti Allah paring kabecikan marang Sampun lan anak-anake".

 

Saiki Pak Muh mung perlu aweh weruh lan ngandhani Setya yen sajake pamilihe jodho sing tumiba marang Koiroh kuwi kurang pas. Kuwi nek adhedhasar wewaton Bobot, Bebet lan Bibit kaya sing diandharne Bu Muh mau. Nanging Pak Muh uga kudu ngati-ati olehe ngandhani Basuki, awit sak jane olehe Basuki wis kepencut marang bocah wedok wektu iki, wis suwe diarep-arep dening Pak Muh lan Bu Muh. Iki dadi sasmita yen Basuki sing maune babar pisan ora bisa nglalekne pacangane si Ni Made Siti Asih, sing wis dipundhut dening Allah, saiki sajak wis sadar lan eling marang jati dhirine.

 

"Pantes Pripun Bapak?" Setya mbaleni pitakone sawuse Bapakne suwe ora mangsuli pitakone.

 

"Pantes nek Supeni kae njaluk pegat" wangsulane Pak Muh "merga, kira-kira Supeni ora kuwat nurut melu-melu ngecakne urip aneh kaya Sampun, wong Sampun ki nyambut gawe apa- apa ya bisa, kok mung milih dadi Tukang Mancing, gek pengasilane Tukang mancing kuwi sepira? mesthine adoh saka cukup yen kanggo ngragati kabutuhane kulawarga".

 

"Lha nek ngono, sadurunge kowe mesthekne Koiroh dadi jodhomu, kowe kudu mikir manehy Bas" Bu Muh nyelani rembug, aweh tutur mkarang anake "merga ngene, bisa uga sipat-sipat aneh sing diduweni Pak Sampun kuwi nurun menyang Koiroh. Apa kira-kira kowe bisa nimbangi cara urip sing aneh lan keneh-keneh ngono kuwi?"

 

Basuki durung semaur, wewayangane Ni Made Siti Asih dumadakan ngaton ing angen-angene. Ni Made Siti Asih katon memelas  sesambat njaluk tulung supaya Setya mbudidaya murih Koiroh bisa dadi jatukrama nggenteni kalungguhane dadi woding atine Basuki.

 

"Lha sesambungan antarane Kowe karo Koiroh kuwi wis sepira adohe Bas? Apa wis kok omongi kapan Bapak karo Ibu nglamar dheweke?" Pak Muh takon.

 

"Estunipun sesambetan kula kaliyan Koiroh punika kenging dipun wastani dereng wonten napa-napane Bapak" Setya wangsulan "Tiyang sak jege Koiroh lulus, kula nggih nembe sepisan kepanggih kala wingenane pas kula diutus niliki sabin nika. Niku mawon kula nggih boten kober omong-omongan, tiyang panggihe nggih teng sabin, Koiroh tumut buruh tanem".

 

"He? Bocahe gelem lan bisa tandur?" Bu Muh njomblak.

 

"Lha nggih niku Bu, kinten-kinten sebagian sipat anehipun Pak Arja Sampun sing nurun dhateng Iroh" wangsulane Setya .

 

"Lha terus sesambunganmu sasuwene iki mung liwat Ha Pe ngono?" Bu Muh takon maneh.

 

"Nggih boten, tiyang kula nggih boten sumerep nomer Hapene Iroh, ngertose nggih sareng wangsul teng griyane Pak Kandar, kula nyuwun pirsa dhateng Bu Kandar nomer ha pe nipun Koiroh".

 

"Lho kok nganti tekan Bu Kandar barang kuwi lho?" Bu Muh sansaya gumun.

 

"Inggih Bu, awit kula nggadhahi raos penasaran kepengin ngertos sinten sejatine si Koiroh punika, mila lajeng kula nyuwun pirsa Pa Kandar lan Bu Kandar ing griyane. Sareng sampun mireng cariyos bab Iroh saking Pak Kandar lan Bu Kandar, kula lajeng merlokaken ndugeni griyane Pak Arja Sampun" wangsulane Setya sing nambahi gumune Bu Muh.

 

"Pethuk Koiroh?" Bu Muh takon.

 

"Mesthi kemawon boten, tiyang Khoiroh nerasaken tanem malih dhateng sabinipun tiyang sanes sasampunipun mentas saking sabine Pak Kandar".

 

"Dadi mung pethuk Bapake?" Pak Muh genti sing takon.

 

"Inggih boten Bapak" wangsulane Setya "Kinten-kinten wekdal niku Pak Arja Sampun taksih mancing"

 

"Lha banjur ?" Bu Muh genti sing nyauri.

 

"Kula kepanggih adhike Iroh, dipanggihi ing emper, awit aturan ing griya niku nek wonten tamu kakung, kamangka Pak Arja boten wonten griya, tamune boten pareng mlebet griya".

 

"Lha neng kono awakmu ngomong apa karo adhine Iroh kuwi? lha Ibune apa ya ora ana omah?" Bu Muh takon maneh.

 

"Nggih kula namung nepangaken yen kula Setya Basuki nate dados gurunipun Iroh teng SMA lan criyos nek nembe mawon panggih kaliyan Iroh nanging boten diluruhi. Rayine Iroh sing jeneng Devi niku boten pitados, mergi mokal kula saged kepanggih kaliyan mbakyunipun, awit Devi ngertos Iroh nembe berah tanem dhateng sabinipun tiyang. Kula lajeng criyos : nek awakmu gak percaya, mengko wae nek Iroh wis bali takonana, ngoten. Lha nek Ibunipun nIroh utawi Bu Arja Sampun, kula ngertos wiwit Iroh dereng lulus SMA, bilih ibunipun kesah lajeng ical tanpa lari, awit pamitipun dhateng Sukoharjo nyambut damel, nanging lajeng blas boten sambang boten layang babar pisan, wiwit Iroh kelas gangsal SD dugi sapriki".

 

"Aneh.... aneh....aneh...." Bu Muh nggresah dhewekan.

 

"Apane Bu sing aneh ?" Pak Muh takon.

 

"Nggih putrane njenengan niku ta Pak" wangsulane Bu Muh "durung sida dadi mantune Pak Sampun wae wis ketularan sipate sing aneh".

 

Pak Muh mesem, ana sesulak padhang sing tumiba ing sajroning atine.

 

ana candhake.

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (14)

 dening : immir


14.

mBuh sapa sing miwiti crita, kabar yen Arja Sampun pegatan merga diemohi bojone wis sumebar tekan saindenging desa. Dhasar wong akeh, ora sethithik sing melu rumangsa prihatin nanging uga akeh sing maido. Maido Arja Sampun sing jaman nom-nomane kondhang pintere, nanging jebulane kabukten diemohi bojone. Ya ana sing maido Supeni, bojone Arja Sampun sing nadyan duwe rupa ayu, nanging ora weruh ing kabecikan. Wiwit dadi bojone Arja Sampun, Supeni sing dhasare anak Randha sing manggone mung mondhok-mondhok neng nggone wong, banjur manggon neng omah sing didegne neng pekarangane wong tuwane Arja Sampun, malah sak simboke banjur diboyong dijak manggon dadi saomah, diopeni nganti sakmatine. Ewa samono bareng ngerti rupane dhuwit, merga bisa nyambut gawe dhewe, ngepasi rejekine Arja Sampun seret, suwe-suwe tega lan mentala ngajokne gugat cerai neng Pengadilan Agama.


Senajan sing jenenge pegatan kuwi barang sing tenane lumrah, nanging gelem ora gelem tumrap sing nglakoni lan anak-anake dadi cathetan sing kurang nyenengake dening tangga teparo lan sanak karuhe.  Kaya ing lelakon iki, sanajan sing pegatan kuwi Arja Sampun karo Supeni, nanging anak-anake kabeh melu dicathet yen turune wong sing bubrah rumah tanggane. Tumrap anak lanang kaya si Bagong utawa Catur, cathetane ora sepira ketara, beda karo cathetan sing ditampa anak wedok kaya Iroh lan Depi. Senajan rupane ayu pisan, nanging tetep akeh sing "jarene" melu nguwatirake yen ing tembene bakal tiru-tiru wong tuwane sing seneng bubrah rumah tanggane.


Arja Sampun sak anake kajaba ya kerep krungu rerasanan bab anggone bubrah anggone omah-omah, uga ngrumangsani yen unine kukum adat sing lumaku ing masyarakat ya ngono kuwi, dadi klawan sabar mbudidaya nglakoni "mata micek, nguping budheg" yen ana suwara miring kang tumiba marang awake. Sinartan muwuhi kayakinan yen satemene kabeh sing dumadi wis ginaris dening arane pesthi, manungsa saderma nglakoni nurut garising Gusti, pambudidayaning manungsa yekti tan kuwawa ngungkuli kersane sing gawe crita. Jenenge siji pesthi, loro jodho, telu wahyu, papat drajat, lima nugraha, titah mung wenang mbudidaya nanging kabeh bakal tundhuk klawan Karsaning Kang Maha Kawasa.


Crita pegatane Arja Sampun lan Supeni wis teka ngendi-endi, merga akeh sing menehi weruh marang sanak lan tepungane senajan tenane ora ana gunane. Ing kene klebu Pak Kandar sing uga tau nyritakne lelakon sing disandhang Arja Sampun iki marang Pak Muh, majikane. Maune Pak Muh ya blas ora nggagas karo crita sing diomongne penggarap sawahe, nanging dadi malih kelingan bareng anuju sawijining dina, anake lanang, Setya Basuki matur yen sajak wis kepethuk jatukramane.


"Lha sing kok karepne kuwi bocah ngendi? putrane sapa? nyambut gawene apa? prawan apa randha?" ngono pitakone Pak Muh sing lungguh jejer karo Bu Muh, nalika Setya kandha yen atine wis kecanthol karo sawijining wanita.


"Ya pancen jenenge wong arep omah-omah kuwi keneng diarani yen gampang luwih gampang yen angel angel kelangkung Bas" Bu Muh numpangi rembug sadurunge Setya mangsuli pitakone Bapake "dadi sadurunge kudu ditintingi sing tenanan, ngenani bobot, bebet lan bibite. Bobot tegese wujud, sanajan ayu kuwi relatif, nanging kaudiya aja aja milih sing duwe cacadan luwih-luwih cacading kelakuwan. Bebet tegese sandhangan, ora ateges mbedak-mbedakne pangkat lan carane golek pangan, nanging yen bisa kudu disingkiri, lire aja milih wong sing kulawargane anggone urip seneng ancik-ancik kasangsaraning liyan, dhemen mangan riba lan karem necep getihe tanggane. Tegese Bibit kuwi asal usul, ora jeneng mbedak-mbedakne uwong yen kudu ngati-ati nggone milih jodho awit milih sing kira-kira luwih genah asal lan usule, sapa kang nganakake lan kapriye teku lan kelakuwane wong tuwane. Sebab kabeh bayi iku linahirake sajroning kasucen, dene dadine uwong gumantung marang wong tuwane".


"Inggih Bu" Setya atur wangsulan.


"Banjur kepriye karo pandangune Bapakmu mau? Ibu ya kepengin ngerti" Bu Muh mbaleni pitakone Pak Muh marang anake.


"Lare Kedunggalar Bu".


"He? Kedunggalar apa Ngarengan ?" Bu Muh njelih rada kaget.


"Inggih Ngarengan napa Kedunggalar mrika nika?" Setya wangsulan karo mesem.


"Jenenge sapa omahe nggik ngendi? Karo Omahe Pak Kandar adoh pa gak?" Bu Muh mbrondong pitakonan.


"Kalih nggene Pak Kandar nggih boten pati tebih, naminipun Koiroh, rumiyin murid kula ing SMA kalih Ngawi" Setya wiwit nggenahne.


"Sokur ta, nek tilas muridmu dhewe dadi kowe wis weruh lagak lageyane" Bu Muh nanggapi becik.


"Jenenge Koiroh? tegese Becik, kuwi putrane sapa?" Pak Muh genti takon.


"Putranipun Pak Arja Sampun Bapak" wangsulane Setya alon.


"Karepmu Sampun Arja Sumbaga?" Pak Muh nggenahne jawabane Setya.


"Inggih , punapa Bapak sampun tepang?" Setya genti sing takon.


"Ya, turah tepung ngono" wangsulane Pak Muh "Kae wong pinter sing sok-sok gawe bingune wong sing nyawang, merga banjur sakarepe dhewe".


"Mila makaten Bapak?" Setya takon.


"Iya, jaman nom-nomane biyen Si Sampun kuwi nate dadi santrine Eyangmu Kakung neng kene. nanging olehe nyantri ya ora neng nggone Eyangmu thok, ya sinau neng jalan Kenari barang nyang nggone muride Prof.Ahmad Muhammad sing ngembangne aliran Ahmadiyah versi Lahore, ya melu ngaji nggone Jemaat Ahmadiyah versi Qadian, ya sinau neng nggone Pak Rustamadji sing nggilut aliran Sumarah, malah tau melu sinau lan kerep diskusi karo Dra, Blandina sing dadi sapukawate UNIKA Widya Mandhala barang. Pokoke jaman nom-nomane seneng nyinaoni babagan agama lan kebatinan apa wae. Mulane wonge dadi pinter ing samubarang reh" Pak Muh nyritakne jaman nom-nomane Bapakne Iroh.


"Makaten Bapak?" Setya ndomblong sajak gumun krungu critane Bapake.


"Wong kae ya tau melu test PNS lan diangkat dadi CPNS nanging ora dilakoni, merga wektu kuwi dheweke duwe rasa sengit marang Suwargi Pak Harto sing dianggep kebacut nggone degsiya marang tilas anggota PKI lan kulawargane. Jaman semana, jenenge Sampun kuwi nek diskusi mbelani tilas anggota PKI jan ora karu-karuwan, ngalah-ngalahne wong sing asli Marxis ngana kae".


"Menawi makaten Pak Sampun punika namung simpatisan PKI, Bapak?" Setya takon nugel critane Bapake.


"Ya dudu wong kae ki ya Anti Komunis tenanan, jeneh tau nyuwita nggone Pak M.Natsir neng Jakarta barang, malah sing keri dhewe ya tau diragati Sawargi Pak Sjafruddin Prawiranegara, kon melu kursus apa ngono lho, aku gak pati cetha". 


"Aneh" Setya grenengan alon.


"Pancen wong kae sok aneh, nanging wong kae klebu wong pinter, lha wong jaman durung akeh wong pinter kaya saiki iki tulisane wis tau lolos sensore Koran Kompas lho, uga sok nulis neng Majalahe Rusydi Hamka sing jeneng Panji Masyarakat barang".


"Nek ngoten Pak Arja Sampun niku nggih klebet tiyang sing pinter nyingidne kapinterane Bapak, tiyang sak niki niku damelane namung sade Ulam anggenipun mancing dhateng Benawi?" Setya ketrucut nyritakne gaweyane Bapakne Iroh.


"Dadi gaweyane mung Tukang Mancing? Pantes nek ngono!" Pak Muh wangsulan suwarane kaya wong ngunandika sing ditujokne awake dhewe.


"Pantes kados pundi Bapak?" Setya nyuwun pirsa.


ANA CANDHAKE.


Senin, 17 Mei 2021

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (13)

 dening : immir


13.

Sinigeg mumete Darmun, seje papane isih nunggal critane. Ora kaya padatan Iroh sing wis tekan omah udakara jam telu awan, Depi olehe mapagne ora sumringah lan akeh omonge. Polatane suntrut, ketok nek lagi nggembol rasa sedhih ing atine. Sawise brekatan sing digawa saka sawah diupakara dening Depi, kaya padatan Iroh ya banjur menyang sumur reresik awak lan sandhangane. Lagi sawise resik awak lan panganggone Iroh metu saka kamar nggoleki adhine, arep ditakoni apa sing wis kedaden. Iroh banget nguwatirake sedulure wedok kuwi, kuwatir yen susahing atine bisa ngganggu pasinaone. Nalika Iroh metu saka kamare, neng  ruang tamu ketok Bapakne lagi lungguh, karo klepas-klepus nyedhot udute, rokok klobot nglinting dhewe. 


Iroh mlebu kamare Depi, sing duwe kamar lungguh neng amben sendhen tembok, mripate nyawang mengarep embuh apa sing lagi disawang. suwung. 


"Thik murung lagi ana apa ta Dhik?" Iroh lungguh nyedhyaki adhine karo takon "apa bar disrengeni Bapak maneh?".


Depi ora wangsulan, Iroh dirangkul kenceng karo luhe drodosan mili saka mripate sing lindri-lindri kuwi, nelesi pipi bablas tumiba neng klambine mBakyune.


"Uwis ora sah ndadak nangis, ora becik" Iroh ngelus-elus rambute Depi "ana apa ?".


"Ibuk mBak.........." Depi wangsulan karo magep-magep.


"Iya, Ibuk keneng apa?" Iroh takon, suwarane panggah sareh.


Depi nguculi pangrangkule, banjur ndengengek nyawang praupane Iroh.


"mBak mau wis kepethuk Bapak?" Depi nakoni mbakyune.


"Lho ngapa maneh?" Iroh takon semu bingung "mau Ibuk, saiki genti Bapak? Bapak rak lagi lenggah neng kursi kae ta?".


"Ibuk wis tega mirang-mirangne Bapak mBak" Depi wangsulan karo tetep sesenggrukan.


"Piye?" Iroh rada kaget krungu wangsulane adhine ngono kuwi mau 


"Lha Ibuk apa mulih? Saiki Ibuk neng ngendi?".


"Aku ora bisa nerangne mBak, kana saiki mBak ndang nyedhak Bapak, mengko Bapak rak ngomongi mBak" Depi wangsulan alon.


"Ayo ta nek ngono, mBak dikancani" Iroh ngajak adhine. 


Bocah loro kuwi banjur metu saka kamar, arep nemoni Bapakne sing lungguh neng kursi ruang tamu, ora ana kancane. Depi luwih dhisik ngelapi eluhe nganggo tisu, sanajan mangkonowa tilas-tilase tangis isih katon cetha.


Arja Sampun, mbenakne lungguhe bareng anake wedok loro padha nusul lungguh neng kursi sandhinge. Iroh weruh ana layang neng jero amplop kandel rupa coklat gumlethak neng meja, mripate cepet weruh yen layang kuwi ditujokne bapakne, sing ngirim Pengadilan Agama Ngawi. Pikirane Iroh banjur nggathuk-gathukne layang kuwi karo apa sing lagi wae diucapne Depi marang dheweke bab Ibune. Nanging Iroh ya ora wani takon marang Bapakne bab layang saka Pengadilan Agama Ngawi kuwi. Nganti Bapakne ngomong, ngandhani adhine sing lungguh ana jejere :


"Uwis ta Dev, ora ana gunane kok tangisi, ngantia entek luhmu ya ora bakal ngowahi kahanan, wong kuwi kabeh wis dikarepne dening Ibumu".


"Jane enten napa ta Pak?" lagi Iroh wani takon marang Bapakne ana kedadean apa kok nganti Depi nangis kaya ngono kuwi mau.


"Ibumu ngajokne Gugatan nyang Pengadilan Agama" wangsulane Arja Sampun klawan suwara sing lumrah "lha, kuwi ta layang Panggilan Sidhang kanggo Bapak, wacanen!"


Iroh njupuk layang sing tumumpang meja kuwi, dibukak banjur diwaca. Karo maca bola-bali Iroh njengkerutne bathuke, sajak gumun karo unine layang kuwi mau.


"Ibuk ki sak jane piye ta?" Rampung diwaca layang diselehne, Iroh grenengan dhewe.


"Rak ya wis cetha ta Roh?" Arja Sampun mangsuli grenengane Iroh "uwose Ibumu wis kepengin dipisahne dening Pengadilan Agama saka Bapak. Kuwi jenenge Gugat Cerai, sing didadekne wewaton ya janjine Bapak dhewe sing ditulis lan ditandha tangani Bapak neng Buku Nikah kae".


"Nggih Pak, kula ngertos niku" Iroh wangsulan "nanging fakta sing diandharne teng gugatan niki sedaya lepat"


"Karepmu ?" Arja Sampun takon.


"Teng layang niku, Ibuk sampun ngetrek-etrek wirange Bapak sing namung lelandhesan pitnah".


"Kowe kok bisa ngarani ngono?" Arja Sampun takon.


"Lha enggih lah Pak, Ibuk nglaporne Bapak nek Bapak sing nilarne Ibuk lan putra-putrane, tanpa dipun nafkahi babar pisan ingkang dangunipun sedasa tahun langkung. Kamangka kanyatane rak malah kuwalik, Ibuk sing kesah nilar griya criyose badhe kerja teng Pabrik kangge nyekapi kabetahane kulawarga, nanging nyatane malah bablas kesah boten cetha puruge, lan sadangune kesah blas boten wonten sambang utawi layang sing ngabarake. Sedaya kabetahan kula lan adhik-adhik saha Mas Bagong, sing nyekapi nggih Bapak sedaya. Sakit manah kula Pak, kula boten trimah babar pisan, Bapak difitnah dietrek-etrek wirange kados ngoten niku". karo muni ngono kuwi ora bisa dibendung, luhe Iroh dleweran banjir saka mripate mili liwat pipine ceblok nyang jogan omah.


Krungu wangsulane Iroh lan weruh tangise anake, Arja Sampun nyecek rokok klobote nyang asbak, nyerot ambegan dawa, banjur kandha :


"Ngene lho Roh, wosing wos, Ibumu kuwi wis wegah dadi bojone Bapak, malah miturut bisik-bisike Kurir Pengadilan sing Bapak tepung wonge mau, jarene ketoke Ibumu ki wis duwe gandhengan maneh. Dadi Ibumu bisa ora bisa dituntut kudu bisa pegatan karo Bapak ngerti?. Lha supaya gugatane Ibumu iku bisa laras karo unine Taklilk-talaq, laporane kudu kaya sing kok waca ngono kuwi. Nek ora laras, kuwatir gugatane ditulak karo Pengadilan. Ngerti? Lan kowe ya kudu ngerti, urip neng jaman merdika ngene iki, ibumu ya duwe hak utawa wewenang mutusake pisah karo Bapak. Dadi kowe aja nyalahne Ibumu nemen-nemen. Merga tuking luput kuwi manggone neng Bapak, sepisan Bapak ora bisa nyukupi apa sing dibutuhne Ibumu, pindho biyen Bapak aweh idin ibumu budhal nyambut gawe nyang Sukoharjo, mula Bapak ya kudu nglenggana marang kaluputane lan kudu legawa nampa wohing kaluputan sing ditindakne. Ora liwat, muga-muga wae Gusti Sing Maha Welas, paringa kawlasan, maringi pangapura marang Bapak. Lan muga-muga  Gusti nyukupne lelakon kang kaya mangkene iki mandhega tekan Bapak wae, aja nganti dibaleni dening anak putune Bapak ing dina mburi".


Krungu omonge Arja Sampun sing sareh lan ngemu rasa pasrah ngono kuwi, Iroh ora kuwawa ngempet gumronjaling dhadhane, Iroh mung bisa nangis sesenggrukan disusul Depi sing wis wiwit mau ora kober ngelapi eluhe.


"Karo maneh" Arja Sampun nambahi omonge "sing ngetik gugatan kuwi cetha nek dudu Ibumu, nanging Lawyer sing dipercaya. Olehe ngetik ya mung modhel copy-paste, dadi akeh sing kleru, mosok Pratama Yuda neng kono ditulis berjenis kelamin perempuan, terus Devia Sari ditulis laki-laki, gek sing maleni Ibumu jaman nikah biyen ya kleru olehe nulis, ditulis jenenge mBahmu lanang, kamangka jaman semana mBahmu Lanang ki wis seda. Dadi kowe kabeh tak jaluk, aja masalahne unine layang gugatan kuwi. Lan aja pisan-pisan nyalahne utawa wani karo Ibumu. Amerga Bapak ora kepengin lan ora seneng nek anak-anake cilaka uripe merga wani marang wong tuwane".


Iroh lan Depi mung meneng lan ngiyani apa sing dadi panjaluke Bapakne. Tangise durung bisa diendhegne. Saka langit sing ana ndhuwur omah, keprungu suwara bledheg sing sesautan. Banjur disusul udan deres sing kaya disokne.


ana candhake.

ABANG-ABANG KEMBANG KERTAS (12)

 dening : immir


12

Darmun kepengin banget bisa ngomong menyang Simboke mungguh panemune tumrap Dhita. Nanging Darmun luwih apal sipate Simboke, ora tau gelem ngakoni panemune liyan sing ora ana bukti lan nyatane. Kamangka iki mau Simboke wis bisa gawe dudutan yen Dhita kuwi bocah sing apik tur becik teku lan kelakuwane. Dadi timbang dadi salah tampa ing antarane dheweke lan Simboke, kanggo sawantara Darmun pilih ngalahi kanthi meneng. Karo maneh, wong antarane Simboke lan Dhita ya durung ana rembug sing anjoge marang jejodhowan. Mung wae, Darmun duwe dudutan yen Simboke wis kegedhen rumangsan, dikira antarane dheweke lan Dhita wis eneng sesambungan batin. Mulane becik anggone Simboke entek amek kurang golek anggone ngalembana Dhita diumbar wae, ora susah ditanggapi.


"Lha Simbok kon mampir nggone Bulik Narsi mau diomongi apa?" Darmun ngalihne rembug.


mBok Tumin ora age semaur malah mesam-mesem sajak lagi seneng atine. Darmun dadi gumun, merga sak ngertine wong sing kondhang jenenge Bulik Narsi bojone Pak Jiono salah sijine Penggedhe neng jajaran Pemkab.Ngawi kuwi, priyayi luhur. Nek srawung pilih-pilih wong. Kok bisa Simboke sing genah nek Wong Ndesa sing bodho tur ora duwe apa-apa dikongkon malah semu dipeksa supaya mampir neng omahe. Thik ngonowa, Simboke kok ya katon seneng atine, mula banjur tuwuh pitakonan neka-neka ing jero atine Darmun.


"Simbok mung ditakoni, suk kapan anggone arep duwe gawe ngundhuh mantu" ing sela-selaning eseme mBok Tumin wangsulan.


"Kok Aneh?" Darmun takon merga gumun "apa sambung rapete kulawargane dhewe karo Bulik Narsi? kok arep melu-melu nyampuri nurusane Simbok ki? Apa niyat arep ngece? Merga anake Simbok sing mung siji, aku dhewe iki, sing wis umur nanging ora wani omah-omah merga saking kesrakating uripe?".


Krungu Darmun semaur klawan semu muring ngono kuwi, mBok Tumin malah ngguyu rada banter.


"mBok sing sabar ta le, aja kesusu ndakwa ala marang liyan tanpa ana bukti lan nyatane, ngono kuwi jeneng ora becik ya?" wangsulane mBok Tumin sawise meneng guyune. 


"Ora jeneng ndakwa ala, nanging takon wae kok ndadak sing neka-neka. Lha nek wis wayahe Simbok ngundhuh mantu, oraa ndadak ngurus-ngurus Bulik Narsi rak ya mesthi diparani dijaluki pangestu, genah nek kuwi tanggane" wangsulane Darmun panggah atos durung ilang rasa gelane.


"Mengko dhisik ta" mBok Tumin rada nyentak "tak omong dhisik rungokna"


"Ya" Darmun nyauri karo manthuk.


"Kowe ngerti asline Bulik Narsi ki ngendi?"


"Embuh, mesthine ya saka Ngawi apa saka kutha ngendi kana ta, sing cetha genah nek anak turune priyayi luhur sing sugih mbrewu" wangsulane Darmun disareh-sarehne.


"Bulik Narsi ki asline ngono wong Lor Bengawan" mBok Tumin nggenahne.


"Lha wonge apa crita neng Simbok?"


"Iya, mau ki rak ngene, dhisik dhewe aku ditakoni apa dhek esuk ana dhayoh. Ya terus tak wangsuli apa anane, nek kowe digoleki kancamu sing jenenge Dhita Rahayu. Terus Bulik Narsi malah crita akeh-akeh ngenani Dhita. Jebul Dhita kuwi isih kapernah ponakane Bulik Narsi".


"Iya ta? dadi Bulik Narsi ki apane Dhita?" Darmun nyelani takon.


"Dhita nek ngaturi Bulik Narsi ya Bulik" Simbokne wangsulan.


"Lha sakbanjure ?" 


"Bulik Narsi ngomong, nek sak jane wonge karo Pak Lik Jiono arep mara mrene, neng nggone dhewe kene. Nanging sadurunge mrene perlu rembugan dhisik karo Simbokmu iki" 


"Lha wong-wong penting thik arep mara nyang omahe dhewe ki pa gak kleru lho  mBok?" Darmun takon semu gumun, merga sasuwene iki durung ana critane wong-wong kuwi gelem sanja nyang omahe tangga sing setrata ekonomine sangisore setandar.


"Lha nek kuwi critane ngene" Simboke Darmun nerusne critane "si Dhita kancamu kuwi, jebul rak wis ora duwe wong tuwa? wiwit cilik melu simbahe, bareng simbahe wis seda banjur dikukup Pakcilike sing dadi Kamituwa, kancamu kuwi?".


"Iya. Nek kuwi aku ya wis ngerti" Darmun motong rembug.


"Lha, Pak Cilike Dhita kuwi, njaluk tulung nyang mBakyune ya Bulik Narsi kuwi".


"Njaluk tulung piye? apa kon genti ngukup Dhita?"


"Ora!,  dikongkon golek kabar, sepisan apa awakmu wis duwe pacangan apa durung, ping pindho yen durung duwe pacangan, Bulik Narsi dikongkon nemoni Simbok nembung piye upama awakmu diolehne karo Dhita? Ngono kuwi critane".


Senajan wiwit mau Darmun wis duwe pangira, lereking critane mBokne, nanging bareng Simboke ngomongne tembung sing pungkasan kuwi, Darmun meksa kaget setengah mati. Sak jane Darmun bisa wae wangsulan marang simboke nek dheweke ora seneng karo Dhita. Nanging Darmun uga weruh, yen saiki mangsuli kaya mangkono mau, padha wae arep ngajak gegeran simboke, wong sajake Simboke ya wis kepencut marang Dhita.


"Mengko dhisik ta mBok" bareng wis sauntara meneng Darmun nyoba wangsulan "Aku iki tepung Dhita ya ora pati cedhak, dadi sasuwene iki upama wong ngiling-ilingi ngono weruhku nyang Dhita ki ya mung sakcleraman thok, sipat asline kaya apa? aku ya durung weruh. Semono uga Dhita, Dhita kuwi kancane sing sugih akeh, sing gantheng ora kurang, sing kesampiran pangkat ya pirang-pirang. Dadi keneng dibedhek, nglengkara nek Dhita ngarepi aku, anak randha, ora duwe apa-apa, thik gaweyane mung sakecekele, adol bau lan tenaga nek pas ana sing mbutuhne. Bisa wae, Pak Kamituwa Endra duwe karep becik, yaiku upama aku klakon gandheng karo Dhita, tenagaku bisa dipurih kon ngrewangi nggarap sawahe sing ambane pirang-pirang mbau kae. Nanging kuwi rak karepe pak Kamituwa? mengko tiwas aku gelem jebul tekane ndata Dhita girap-girap, aku ditampik, apa aku ora kewirangan? apa kira-kira atiku ora dadi serik?".


mBok Tumin olehe ngrungokne wangsulane Darmun ketok tenanan, bareng olehe omong Darmun mandheg lan suwe ora ana bacute, mBok Tumin banjuur takon :


"Uwis? mung kuwi wangsulanmu? nek isih ana tunggale ndang kandhakna pisan, dadi Simbok ki gampang olehe aweh wangsulan".


"Sauntara kuwi ndhisik mBok" wangsulane Darmun "mengko wae nek eneng sing kurang tak omong maneh".


"Ngene lho Dar, Bulik Narsi mau kandha, perkara iki dening kulawargane ya wis dirembug klebu karo Dhita, merga arepa dadi apa-apa mengkone sing arep nglakoni kuwi Dhita, dudu Pak Kamituwa dudu Bulik Narsi. Lan Dhita uga wis mathuk sarta sarujuk karo sing dadi pangrigene bapakne cilik. Kang mangkono mau merga Dhita wis sadar, golek bojo ora mung nyawang bandha, rupa, pangkat lan drajat, nanging sing luwih penting ya budi karo pakertine. Mula, Bulik Narsi ya banjur nyoba sepira keseriusane si Dhita nek gelem saupama kok rabi".


"Lhah, thik ndadak nganggo percobaan barang neh mBok?" Darmun nugel crita karo mesem sepa.


"Ora percobaan, nanging Dhita ditodhi" Simboke wangsulan karo nerusne kandhane, "gandheng miturut pamawase Paklik Jiono, Bulik Narsi karo Pak Kamituwa Endra ki, awakmu bocah sing bener-bener bola-bali bisa dibuktekne nek bocah lugu, temen, lan bertanggung jawab, Bulik Narsi duwe usul marang Dhita lan Pak Kamituwa Endra, bandha donya warisan duweke Dhita sing sasuwene iki layang-layange disimpen dening Pak Lik Jiono, ora arep dipasrahne Dhita, nanging arep dipasrahne bojone Dhita mengkone, ya nek awakmu gelem ateges dipasrahne awakmu, Dar. Lha Dhita uga wis nyetujoni malah jare murih kuwate Dhita ngusulne supaya perjanjene dinotarisne pisan".


Darmun sansaya klemun-klemun. Babar pisan ora bisa ngunggahi tembunge Simboke. Ya nalika iku wewayangane Iroh, buruh tandur andhahane Yung Warti katon mesam-mesem, sajak ngawe-awe ngundang tekane.


Ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...