dening: IMMIR
5.
Gegarane guna klawan sekti, kudu andhap asor, wani ngalah luhur wekasane, tumungkula yen dipun dukani, bapang disingkiri, ana catur mungkur. Tembang Mijil sapada kuwi mbuh saka sapa asale ditampa minangka jimat dening Yang Yem wiwit cilik, banjur genti diwarahne menyang Murjiyem sing saiki wis dadi Murjiyati. Dening Mur, wewarah kuwi tansah dipundhi lan dieling-eling kanggo sangu nglakoni kuwajibane urip. Lan nyatane kanthi gegaman piwulang kuwi ndadekne uripe Mur dadi tentrem, tumrape Mur nyambut gawe kanthi bener lelandhesan temen kuwi ora kanggo sapa-sapa, nanging kanggo awake dhewe. Nyambut gawe glopa-glape sakepenake kuwi padha karo nuntun awake marang kapitunan, mbuh wancine mesthi bakal ngundhuh anggone glopa-glape sasenenge kuwi. Samono uga, nyambut gawe sing ora linandhesan sipat temen, kuwi padha karo ngapusi marang awake dhewe. Welinge Mak Yem wiwit Mur isih cilik tansah dumeling neng jeroning kuping :
"Yem, kowe kuwi mung anake Makmu sing neng donya iki ora gableg apa-apa lan ora duwe sapa-sapa, kowe dening Sing Kuwasa mung digawani raga karo nyawa, raga kuwi raganganing uripmu aja nganti rusak, merga yen nganti rusak nyawane bakal lunga. Ora ana sing bisa ngreksa ajining jiwa lan ragamu kajaba kowe dhewe, nek kowe ora gelem ngajeni jiwa lan ragamu, mangka wong liya mesthi bakal ora gelem ngajeni kowe. Sranane supaya jiwa ragamu duwe aji, kowe kudu bisa ngecakne piwulang sing kerep ditembangne para pesindhen sing kerep tak warahne kae, ngerti?".
Pranyata kanthi ngecakne pitutur iki, wiwit Mur nyambut gawe dadi Pembantu neng omahe Pak Kardiman nganti oleh rong tahun, durung tau Mur cilike dipaido gedhene nampa srengen saka Bendarane. Malah Bendarane sansaya seneng marang Mur, Mur luwih diwenehi kaparcayan , meh kaya dianggep kulawargane dhewe. Sanadyanta mangkono Mur ora banjur aji mumpung, lagak lagon lan lageyane pancet ora ana owahe babar pisan. Dheweke tetep ngugemi yen jejere kuwi mung abdi, tenaga lan pikirane kabeh wis didol marang bendarane. Mungguhe Mur, dheweke kuwi ora duwe wewenang apa-apa kajaba kudu mung manut miturut marang bendara, nindakne kuwajiban sing wis disaguhi kanthi sabecik-becike.
Ora krasa umure Mur wis tambah, saiki wis pitulasan tahun. Cara kembang wis wiwit megar, bocah sing maune saba sawah lan kerep kepepe soroting srengenge kuwi saiki wis beda. Apa maneh mBok Ti sing uga gemati marang Mur, uga migatekne cara uripe Mur murih dadi lan becike. Mur wiwit dituduhi bangsane Hand & Body Lotion, sabun kanggo rai, parfum, wedhak lan sapiturute. Kang mangkono mau awit mBok Ti uga dikandhani dening Bu Kardiman, supaya sawayah-wayah Mur diajak metu dening Bendarane ora ngisin-isini.
"Iki sing nukokne aku Mur" kandehane mBok Ti karo ngelungne ubarampene macak kanggo ngedi salira "nanging nganggo dhuwit sing maringi Ibuk".
"Iya mBok Matur nuwun" wangsulane Mur karo nampani barang sing diwadhahi tas plastik kuwi.
"Kowe ya kudu ngerti apa sing dadi kersane Ibuk " mBok Ti nerusne kandhane.
"Ngeti piye mBok?" Mur takon ngetokne lugune.
"Kowe kuwi rak sok-sok didhawuhi ndherekne Ibuk neng dhong miyos saka dalem ngana kae ta? mbuh Blanja, mbuh nyang Toko, mBuh nyang ngendi ngana kae?".
"Iya mBok?".
"Nah, ambak-ambak mung sak batur, kowe karo aku ngene iki aja nganti gawe lingseme Ibuk, dadi ya kudu ketok resik, nyandhang nganggo ya sing patut, dadi disawang uwong kuwi ora marahi sing weruh dadi ora seneng, ben ora ana pangira yen Ibuk ki ora migatekne abdine kaya awake dhewe iki".
"Ngono ya mBok? iya , nek anu aku sampean warahi carane nggunakne barang-barang ngono kuwi, terus saupama aku nyandhang nganggo sing ora pas ya tulung sampean elingne murih becike" Mur wangsulan karo tembung njaluk rerigen marang mBok Ti.
Sak jane ngono, tembunge Mur kuwi klebu tembung prentah, nanging gandheng ujube njaluk tulung, sing diprentah ora gela nanging malah seneng atine, rumangsa nek wis diuwongne dening Murjiyati.
"Ya, mengko tak warahi" wangsulane mBok Ti karo mesem "wis kana ndang disinggahne dhisik, mengko bengi wae tak nyang kamarmu, tak warahi carane nganggo".
"Ya mBok, matur nuwun" Mur ngadeg banjur mlaku menyang kamare, nyinggahne barangt-barang kuwi ditata neng lemarine.
Kegawa saka dhasar nduweni pakulitan sing resik, kuning ngemu giring, pawakan sing sedheng, rambut ketel, kimbuhan make up kutha sing wis modhern, ndadekne Mur katon sumunar. Nyandhang nganggone sarwa patut. Upama ora ngerti saben dinane arang sing weruh yen Mur kuwi mung Pembantu Rumah Tangga, sing asale saka ndesa.
Wis lumrah nek jenenge prawan ayu kuwi neng ngendi-endi mesthi narik kawigatene wong lanang. Lan kerep dadi bahan omongane wong-wong lanang. Klebu wong lanang-lanang sing nyambut gawe melu Kulawarga Kardiman, sing cacahe ana papat, ya kuwi Andhik sopir pribadine Kulawarga Kardiman, bocah nom sing isih legan umure telulikur tahun mlebune dadi sopir kacek setahun sadurunge Mur nyambut gawe neng omah kuwi. Andhik iki asline Banyubiru Widodaren, pakulitane resik, pawakane mbambang, nyandhang nganggone ajeg nek rapi, ora ngrokok. Nek awan nyopiri Pak Kardiman gentenan karo sopir kantor, nek bengi turune neng mes sing manggone let satus meter saka omahe Pak Kardiman. Sing nomer loro jenenge Marsono, umure luwih tuwa sethithik tinimbangane Andhik, asline Karangjati Ngawi. Nyambut gawe melu Pak Kardiman kira-kira wis ana patang tahunan, gaweyane dadi Satpam, sing pose pas neng plawangan ngarep pekarangane Pak Kardiman. Marsana iki nduweni pakulitan ireng manis, ngtingu brengos, pawakane gedhe dhuwur, nek ngepasi ora nganggo sandhangan Satpam, akeh sing ngira nek Marsana iki Polisi utawa Tentara. Nyambut gawene Marsana kuwi sedina dhines sedina prei, gentenan karo kancane sing uga Satpam neng kono jenenge Singgih, bocah asli Kedhungdawa, Kedunggalar, umur-umurane ya padha karo Marsana, nduweni pakulitanh kuning, ora ngingu brengos utawa jenggot, bocah e sumeh. Wong lanang siji maneh jenenge Sadirun, umure wis rada tuwa kira-kira telung puluhan tahun.Sadirun kuwi dhudha sing ditinggal sing wedok, asline saka Punthuk Widodaren, Ngawi. Neng nggone pak Kardiman dipercaya dadi Tukang Kebon . Padha karo Andhik, bocah-bocah lanang kuwi nek ora wayah nyam but gawe lerene neng mes.
Wis dadi pakulinan, kabeh wong sing nyambut gawe ana omahe Pak Kardiman kuwi siji lan sijine padha tepung becik. Dening Pak Kardiman lan Bu Kardiman wong-wong sing melu nyambut gawe neng omahe, kabeh dianggep kulawarga dhewe. Dadine padha-padha "wong ndherek" siji lan sijine bisa srawung kanthi akrab. Nalika Mur sepisanan teka neng omah kono, wong papat kuwi ya nganggep lumrah wae, lire ya nganggep kanca lumrah sing umure luwih nom, sing nyambut gawene sing manggon neng jero. Panganggepe ora beda karo panganggep marang mBok Ti sing saben awan bareng karo Mur nyepak-nyepakne mangane wong-wong kuwi, neng cedhak pawon. Nanging, bawane kerep kepethuk, kerep omong-omongan katambahan Mur sing wiwit ana owah-owahan ing awake, ing atine wong lanang papat sing kabeh legan kuwi, banjur thukul rasa sing beda marang Murjiyati.
ana candhake.