dening: IMMIR
16.
Esuk uthuk-uthuk Yang Ti wis teka neng omahe juragane, ya banjur tandang gawe resik-resik omah lan pekarangan banjur nyegat bakul blanja sing ider, pancen Yang Yem arang blanja menyang pasar merga kabeh kabutuhan pawon saiki wis cukup tuku menyang bakul ideran ngono kuwi. Wingi Bu mandhor karo ngelungne dhuwit blanja kanggo mangan dina iki ngomong yen kepengin mangan lawuh pindhang gerih dimasak brengkes klapa, karo kepengin Kecipir disayur asem karo kecambah kedhele, karo sambel trasi. Panganan sing prasaja nanging kebak gizi tur regane ora larang.
"Kebeneran Yu" kandhane mBak Yuni bakul blanja ideran kuwi nalika Yang Yem njupuk kecipir sing diwadhahi kanthong plastik telung adhah karo gremengan nek juragane kon masakne sayur asem "iki kecipire nom-nom, isih seger-seger lagi teka saka gunung".
"Karo njaluk capar kedhele rong plastik mBak" Yang Yem ora nyauri kandhane mBak Yun malah nembung kecambah.
"Beres, apa maneh?" bakule semaur karo njupukne sing dijaluk Yang Yem.
"Pindhang Gerih, rong besek, lombok rawit campur karo lombok tampar sak plastik" wangsulane Yang Yem.
"Gerihe sisik aku ora nggawa, salem ya Yu? nek dibrengkes rak luwih enak?"
"Regane rak luwih larang no mBak?" Yang Yem mangsuli karo takon.
"Weleh mung kacek seket repis wae kok, tur maneh iki saleme gedhi-gedhi lho" mBak Yun nggenahne rega dagangane.
"Ya wis, saleme telu nek ngono" wangsulane Yang Yem "mengko ben karo ngge lawuh sorean, wong Bu Mandhor kuwi senengane lawuh turahan ngge mangan awan, klapane rong wawar wae mBak".
"Nggih, sampean milih dhewe teng ngandhap niku" kandhane mBakyun karo nudingi klapa sing wis oncekan ora ana bathoke, klapa siji disigar dadi papat "Tempene iya apa ora Yu? aku mau nggawa dagangane mBah Gemi Pojok, Tempe buntelan godhong plasa, sejinah mung patang ewu thok".
"Iya yen ngono, sejinah wae".
Kabeh blanja sing dituku diwadhahi tompo olehe nggawa saka omah, banjur diangkat digawa bali, karo batine Yang Yem ngomong dhewe dhuwit kanggo blanja dina iki turah rada akeh, adate turahan ngono kuwi nek mung sethithik karo Bu Mandhor banjur diwenehne Yang Yem, nanging iki mau turahe ana rolas ewu, dadi kira-kira ya ora dilungne dheweke.
Lagi wae tompo wadhah blanja diselehne neng amben babragan, Bu Mandhor saka omah celuk-celuk. Yang Yem gageyan ngadeg, mlaku marani panggonane Bu Mandhor sing lungguh neng kursi cedhak cendhela.
"Iki Lho, telpon saka Nita" Bu Mandhor ngulungne ha pe ne. Yang Yem ora semaur, hape ditampani banjur dicedhakne kupinge karo kandha :
"Iya Dhik Nita, iki aku yang Yem".
"Iya, piye kabare Yu? Sehat ta?" wangsulane Nita saka njero telpon.
"Iya Dhik, kamdulillah diparingi seger kuwarasan, Dhik Nita karo Mase rak ya sehat ta?"
"Oleh pandongamu Yu, kabeh waras. Anu Yu, aku arep omong bab Mur" kandhane Nita sabanjure.
"Iya, Mur geneya Dhik? apa lara? apa disrengeni Majikane? Nek anu ki ya kandhanana ta Dhik, ben ora kerep diuring-uring bendarane, kandhanana pancen wong ngawula bendara kuwi kudu sing manut miturut apa sing dadi prentahe majikan ora keneng mbantah".
"Ha...ha...ha... Ora kok Yu, Mur sehat, malah saiki wis katon ayu kaya jaman nom-nomane Mak-e he he he" liwat telepon Nita gumuyu renyah.
"Weleeeeh, Dhik Nita ki kok ya bisa wae lho? kaya ngerti jaman prawanku wae ? he he he".
"Ya ngerti wae ta Yu, wong tuwekane wae isih ketok ayu tur semok ngono kok, mendah ayune jaman nom-nomane, ya pa ra?"
"He he he " Yang Yem wangsulan "Lha Yem , eh Mur kena apa Dhik?".
"Ora kena apa-apa, aku mung arep ngomongi nek Mur saiki wis gedhe, wis pantes upama didadekne manten. Wingenane pas aku metu karo Majikanku sing anyar, kepethuk Mur ndherekne Bu Kardiman neng Mall. Bu Kardiman kuwi sayang banget lho marang Mur, Yu".
"Iya sokur ta Dhik, nek olehmu mulangi Mur nyambut gawe bisa dilakoni kanthi becik, aku mung bisa matur nuwun thok nyang Dhik Nita" wangsulane Yang Yem nylondhohi rembug.
"Ngene ya Yu?" Nita suwarane keprungu serius "pas aku ketemu Mur neng Mall kuwi, aku rak karo Koh Wie barang? Koh Wie kuwi adhine Majikanku wedok".
"Oo Dhik Nita ki saiki nyambut gawene karo Wong Tiong Hwa?".
"Iya Yu, aku saiki melu Cina, lha piye? wong aku ya kepengin pengasilanku mundhak? Ngene Yu, Koh Wie kuwi bareng weruh Mur, sajake mambu ati".
"Mambu ati piye Dhik?" Yang Yem takon.
"Mambu ati kuwi seneng ngono lho Yu, seneng antarane wong lanang menyang wong wedok, mudheng ta Yu?" Nita nggenahne tembunge.
"Ya, ya , aku mudheng terus piye?" Yang Ti mangsuli.
"Lha saiki aku arep takon, Piye nek manut sampean mathuk apa ora nek Kok Wie kuwi seneng karo anak sampean?" Nita nari Yang Yem.
"Mengko dhisik ta, sing dikarepne Dhik Nita ki piye? Nek mung seneng ngono wae ra ya lumrah ta Dhik? wong antarane Yem karo sapakuwi mau adhine Bosse Dhik Nita ya ora kerep ketemu wae?".
"Ora ngono Yu, Koh Wie kuwi wis omong nyang aku nek kepengin ngepek Mur, ngono lho Yu, piye?" Nita bali nanting Yang Yem.
"Lha nek kuwi aku sing durung bisa mutusi saiki Dhik" wangsulane Yung Yem alon nanging cetha "merga, sepisan sing nglakoni rak dudu aku? nanging Mur, Pindho sing lumrah Wong Tiong Hwa kuwi duwe agama utawa kapitayan sing beda karo awake dhewe, kamangka wong omah-omah kuwi nek agama utawa kapitayane beda Pak Naib ora bisa ngijabne, iya ta? genah anake Pak Gita kae sing wis daden rembug karo Indra anake Koh Liem sidane ya batal ngono kok? kae merga ya beda agama lan ora ana sing ngalah salah siji. Lha aku dhewe, najan agamaku ki ora cetha, jarene Islam ning selawase ya ora tau sembahyang, ora tau pasa, nanging aku ya gemang nek kon ngalih agama lan aku ya ora bakal lila nek nganti anakku ngalih agama".
"O, ngono nya Yu?" Nita takon karo suwara sing sajak cuwa.
"Iya Dhik, ya sepurane Dhik Nita wae sing gedhe".
"Ora apa-apa Yu, jan-jane ki ngene, critaku mau durung rampung. Koh Wie kuwi ya wis ngomong marang mBakyune bab olehe seneng marang Mur, jebule mBakyune ora sarujuk nek nganti Koh Wie nikah resmi karo wong Jawa. Banjur Koh Wie nggagas, piye saupama hubungane karo Mur mengko nikahe di bawah tangan wae, cara jawane upama nek nikah siri ngana kae lho Yu? Jarene nek mung manut kudu ngucapne sahadat ben bisa nikah siri wae Koh Wie ya gelem. Anu Lho Yu, jenenge Koh Wie kuwi sugihe ora mekakat, luwih sugih Koh Wie timbang Majikanku, dadi saupama Mur gelem dipek Koh Wie uripe mesthi dadi luwih kepenak, ora kaya saiki sing mung nampa recehan saka juragan sing olehe nampa direwangi adus kringet saben dina".
"Aku durung bisa wangsulan Dhik" Yung Yem rumangsa sansaya bingung krungu omongane Nita liwat telpon ngono kuwi mau "saiki ngene wae......".
"Piye Yu?"
"Iki rak wis Rejeb? ora suwe maneh Riyaya, suk riyaya Mur tak kongkone bali, merga sasuwene iki durung tau njupuk prei riyayan. mengko tak rembuge perkara iki karo Mur. Sokur bage nek Dhik Nita suk Riyaya iki ya bisa bali nyang Dunggalar".
"Ya wis nek ngono Yu, muga-muga aku bisa bali".
ana candhake.