dening: IMMIR
17.
Bubar nampa telepon saka Nita Yang Yem mbalik menyang pawon arep nerusne gaweyane. Naker beras inmg padaringan banjur diangkat menyang sumur arep dipususi. Pancen najan wis usum Magicom, nanging Bu Mandhor luwih seneng sega sing didang nganggo kayu neng pawon, lagi nek wis mateng diwadhahi neng Mejikom ben awet panase. Karo tandang gawe pikirane Yang Yem nglambrang tekan ngendi-endi kelingan jaman sing wis kawuri, sing tenane wis suwe olehe nglalekne. Jalaran lelakon sing wis nate kelakon kuwi luwih akeh sedhih lan susahe tinimbang seneng lan kepenake.
Ya lelakone Yang Yem sadurunge keplantrang nganti tekan Kedunggalar kono kuwi. Nalika samana durung ana sing jeneng Yang Yem, sing ana prawan ayu sing jeneng Srimurni, anake mBok Tukimah. Sri Murni sing nyambut gawe dadi batur utawa babu utawa buruh neng daleme Pak Arja Suradi juragan Mendhong sing sugihe ora karuwan. Nalika semana sing nyambut gawe melu Juragan Arja Suradi ya klebu akeh, tenaga lanange sing bageyan golek tenaga ngarit mendhong sing wis ditebas, ana loro jenenge Sarina karo Jalidin, loro-lorone isih legan kabeh. Banjur sing nyambut gawe neng omah lan ngurusi pawon ana loro Sini karo Dikem, telu Srimurni. Maune Srimurni teka omahe bendrane jam nem esuk, macak surup bali menyang omah, mengkono iku amarga mBok Tukimah sing mondhok neng pawone Pak Bayan Kusmin wis tuwa, nek bengi butuh kanca. Bareng mBok Tukimah wis mati, gek ya ora ninggal papan sing keneng dienggoni, Srimurni banjur melu manggon neng omahe Arja Suradi juragane.
Wektu kuwi umure Srimurni wis ana rolikuran tahun, dhasar duwe pakulitan resik, rambute dawa, rupane ayu, mula akeh wong lanang sing tenane padha seneng nglirak-nglirik marang dheweke. Ora sethithik uga sing nyoba nyedhaki Srimurni, ngesir arep dijak urip bebarengan. Nanging Srimurni tansah kelingan welinge mbok-e sing manti-manti yen arep dirabi wong lanang aja gampangan, aja mung ndelok rupa lan kayane thok. Nanging uga kudu weruh sapa kulawargane, aja nganti wonge lanang gelem karo dheweke nanging kulawargane padha nampik.
"Ngertiya ya Sri" ngono welinge mBoke biyen "uripmu sing ngrekasa kaya saiki iki ngono kuwi sakjane sing dosa aku karo jenate Pakmu, Kowe bocah sing ora weruh dosane nanging sing paling suwe nanggung ukumane".
"Simbok ki jane ngomong apa ta mBok?" Srimurni nyauri omongane simboke "pancen awake dhewe ki ditekdirne dadi wong mlarat ya dilakoni ngono wae lah, ora usah nggetuni barang sing wis keliwat".
"Aku iki ora nggetuni barang sing wis kebacut, mung arep ngandhani kowe, mbesuk aja nganti mbaleni lelakone mBokmu karo Pakmu sing wekasane nurunke kasangsaran marang anak ngene iki" mBok Tukimah ngandhani anake.
"Iya mBok, dongakna wae marang Sing Kuwasa supaya mbesuk aku oleh bojo sing apik tur sugih, dadi putu-putumu mbesuk ora urip ngrekasa kaya aku he he he" Srimurni wangsulan karo ngguyu.
"Kowe kuwi aja guyon, iki pitutur sing tenanan ngono" mBok Tukimah semaur rada sereng.
"Ya wis ndang diterusne, tak rungokne kene".
"Asline Pakmu ki rak Wonogiri ta Sri? olehe tekan Sragen kene iki merga mbara kerja dadi Tukang Becak, lha mBokmu iki asli Sragen kene. mBokmu iki biyen rak tledhek tayub, jamanisih nom ya laris tanggapan, ya kerep diparani lan dijak lunga wong lanang. nanging bareng wis tuwa, ya kuwi blas ora ana sing nanggap lan ya ora ana maneh sing gelem nyedhak. Barang-barang asile mbokmu dadi tledhek kabeh entek dienggo mangan. Keri dhewe kari nisa sethithik tak ngge pawitan bakul wedang neng cedhak Pabrik Gula kono".
"O dadi simbok ki biyen bar dadi tandhak banjur ngalih dadi Bakul Wedang?" Srimurni nyelani crita.
"Iya, ning kuwi mbokmu wis tuwa umure wis seketan. Lha Pakmu sing jenenge asli Kemis kuwi, saben dina tukune wedang ya neng warunge mBokmu. Bocahe isih nom tur ya bagus. Wiwitane ya dadi sanakan lumrah wae, nanging suwe-suwe tuwuh rasa tresna ing atine Bapakmu marang mBokmu iki, dadi bapakmu kuwi wong lanang isih nom bagus pisan lan isih rosa ngrabi mBokmu tilas tledhek sing wis tuwek".
"Nanging Bapak rak cinta ta mBok?" Srimurni nyelani takon maneh.
"Ya tresna, wong nyatane ora ngajak mbokmu senengan thok, nanging malah ngajak rabi sah neng Naiban. Maune, Pakmu karo aku ya mondhok neng Sragen kene, tarah ya arep tuku omah lemah durung duwe dhuwit. Nanging bareng kowe umur telung lapan, bapakmu keneng lara, embuh jenenge sing cetha sikile sing kiwa kerep ora kena dienggo ngadeg, wis digawa neng nggone Dhukun pirang-pirang, ya dipijetne ya disuwukne, nanging panggah ora mari" mBok Tukimah meneng leren anggone crita, sajake atine nmgrasakne susah bareng critane tekan nggon kono kuwi.
"Teruse piye mBok?" Srimurni takon, merga simboke wis rada suwe ora omong.
"Terus Bapakmu ngajak mbokmu iki bali menyang Wonogiri, jarene Pakmu biyen mBahmu ya kuwi wong tuwane pakmu neng kana ya ninggali sawah karo tegal lan omah. Jarene, kuwi sing ngopeni adhine Pakmu wedok sing jeneng Marti".
"Oh Lik Marti bojone Lik Nardi?" Srimurni nyela takon maneh.
"Iya, neng Wonogiri Pakmu karo mBokmu ya dadi saomah karo Likmu Nardi lan Marti kuwi. Merga omah kuwi omah tinggalane mBahmu. Jebul mBokmu Cilik kuwi ora seneng karo mbokmu. Nalika Pakmu omong ngajak rembugan bab tinggalane mBahmu ya sawahe ya tegale, mBokmu cilik kuwi ndakwa mbokmu sing ora-ora, jarene sing ngokok-ojoki Pakmu supaya ngajak mbagi warisan kuwi mBokmu iki. Ora mung mBokmu cilik sing muni-muni ngono kuwi, Pakmu cilik Nardi kae ya melu-melu ngrumpyung. Nanging Pakmu ngengkel njaluk bageyan tinggalane wong tuwane. Dadi padu rada rame, nanging wekasane ditengahi karo Modin Sudir. pakmu ya ora diluputne, mBokmu cilik ya ora disalahne, mung wae Modin Sudir mrayogakne supaya anggone mbagi warisan ngenteni nek Pakmu wis rada waras larane".
"Lha warisane Bapak kuwi terus entek dienggo mertamba ngono pa piye mBok?" Srimurni takon.
"Ngge mretamba piye? wong sadurunge warisane didum pakmu kesusu dipundhut karo sing kuwasa, dadi warisane ora sida didum. Durung nganti pitung dinane Pakmu, mBokmu wis diunek-unekne mBokmu Cilik Marti, ora mung didakwa mbujuki Pakmu, nanging wis diarani sing marahi Pakmu lara ngono kuwi merga ngrabi mbokmu sing tilas tledhek tuwek iki. saking ora kuwat ngempet rasane ati, dina sesuke mBokmu pamitan bali nyang Sragen lan omong ora arep melu cawe-cawe bab warisane wong sing wis mati".
"Banjur Simbok bali nyang Sragen nerusne Bakul Wedang maneh?" Srimurni takon maneh.
"Iya, merga simbokmu iki ya butuh urip, ya butuh nggedhekne kowe. Kowe ngerti dhewe ta? olehe mBokmu leren bakulan wedang kuwi sawise kok penging, merga kowe wis payu buruh melu Juragan Arja Suradi, buruh mepe karo ngelusi mendhong, sing suwe-suwe kowe dikon melu ngurusi gaweyan pawon barang kuwi?".
"Iya mBok, aku kelingan kabeh" wangsulane Srimurni.
"Mula kuwi nDhuk, gandheng kowe saiki wis gedhe, aja niru lelakone wong tuwamu sing ngene iki. Saupama ana wong lanang sing nakokne kowe lan ngajak urip bebojowan, kowe kudu sing ngati-ati. Endahing katresnan kuwi sok gedhe pitukone".
"Iya mBok".
ana candhake