dening: IMMIR
19.
Wektune wis ngancik setugel dina, ketitik saka wis akeh wong liwat dalan ngarepan omah sing dienggoni Daryana karo Srimurni, ya kuwi wong-wong sing padha bali saka sawah. Wektu ngono kuwi wektune wong sing nyambut gawe padha leren rolasan. Adate nek ora repot banget Daryana mesthi mulih sedhela, kajaba niliki bojone uga kanggo mangan awan. Pancen sak jege Daryana duwe bojo, olehe mangan neng warung kena dietung nganggo driji tangan. Kajaba pengiritan, uga bisa ngandelake rasa tresnane marang bojone.
Awan kuwi Srimurni ya wis cecawis mangan awan kanggo bojone, mau esuk bojone kandha yen kepengin mangan lawuh jangan bening sambel bawang. Mula Srimurni uga nyawisake panganan ding dipengini Daryana, ya kuwi bayem taun dijangan bening diwenehi janten nom karo capar kedhele, sambele bawang lomboke didang, karo bothok urang lan tempe sing digoreng. Karo ngenteni tekane sing lanang, Srimurni nglempiti klambi lan sandhangan liyane sing lagi dientas saka pemehan, kumbahan mau esuk.
Dumadakan saka jaba keprungu suwara sepedha motor mlebu pekarangan, Srimurni banjur metu mapagne sing lagi teka. Nanging sepira kagete, bareng Srimurni menyang jaba, jebul sing teka dudu Daryana bojone nanging kancane Daryana sing jeneng Sumardi.
"Mangga Pak Mardi, lha kok Mas Dar dereng dugi griya?" Srimurni gupuh mapagne sing lagi teka karo nakokne bojone.
"Inggih mBak, rebat cekap mawon niki, panjenengan enggal tata-tata, mengke kula gonceng teng Rumah Sakit. Niki Pak Dar kenging alangan teng damelan, sak niki dibeta teng Rumah Sakit Umum" Sumardi wangsulan karo aweh kabar.
"Napa? Mas Dar kenging alangan ? Kenging napa Pak Mardi? lajeng kawontenanipun pripun?" Srimurni akon karo jelih-jelih kebak rasa kuwatir.
"Kula piyambak inggih boten ngertos persise mBak, mergi panggenan kula wau pas teng garapan kidul dhusun, lha Pak Dar rak teng garapan caket kuburan kilen dhusun nika. Empun mangga enggal salin, gek ndang bidhal mawon".
Ora sranta, Srimurni banjur salin terus budhal menyang Rumah Sakit, kepengin ngerteni kahanane bojone.
Krodhaning ati tan kuwawa mbedhah kuthaning pasti, pambudidayaning titah winatesan kuwasane Gusti Allah. Kanthi lantaran karubuhan wit gedhe sing ambruk neng papane nyambut gawe, dina kuwi Daryana kapundhut bali ngadhep ing ngarsane Gusti Sing Gawe Urip. Lan kanthi bantuan saka papane nyambut gawe, mayite Daryana dikubur neng kuburan sacedhake omah kontrakane, merga kulawargane Daryana yaiku sing jare Bulike, sing neng Karanganyar saiki ya wis ora karuwan papane. Tangga teparo sing ana sakiwa tengene omah kontrakane Daryana akeh sing padha teka nglayat, ya sing lanang ya sing wedok. Merga Daryana lan Srimurni kuwi pancen pinter srawung lan wis akrap banget karo tangga-tanggane. Akehe sing nglayat lan nelakake melu bela sungkawa ora bisa mulihake atine Srimurni sing ajur mumur. Siji-sijine wong sing didhaku dadi duweke wis ilang, papane ngayom sajroning nindakne urip neng ngalam donya iki wis ora ana maneh. Impen-impen endah sing sasuwene iki tansah diangen-angen bebarengan karo Daryana,kudu musna lan ganti karo impen liyane sing katot peteng dhet-dhet lelimengan. Mung siji sing ndadekne Srimurni duwe pepenginan ndawakne uripe yaiku wohing katresnan karo Daryana sing saiki dikandhut neng wetenge. Aku kudu tetep urip, dening Gusti aku dititipi gadhuhan sing ora kena tak siya-siya, dening Mas Dar aku dititipi bukti katresnan rupa jabang bayi sing sedhela maneh bakal lahir. Ngono suwara ing batine Srimurni.
Nganti pirang-pirang dina isih ana wae tangga teparo sing teka neng omah kontrakan kuwi, melu bela sungkawa lan aweh lelipur sarta semangat marang Srimurni. mBarengi pitung dinane Daryana wakil saka papane Daryana nyambut gawe teka, menehi bantuan uang duka cita karo tandha minangka matur nuwune marang Daryana sing wis sawantara ngabdi ing Perusahaan kuwi. Karo Srimurni dhuwit kuwi banjur disinggahne, atine wiwit ayem kanggo wragat lahiran mengko wis ana sing digawe jagan.
"Mas Dar....., nadyan wis ora ana nanging panjenengan isih bisa ngragadi kelahirane anakmu. Matur nuwun ya Mas, muga-muga neng kana Panjenengan tansah angsal pitulungane GustI" tembunge Srimurni marang bojone sing mung bisa dirungokne dhewe, karo luh sing terus dleweran nelesi pipine.
Bengine, bubar slametan Koh Jang sing duwe omah sing dienggoni kuwi karo dikancani Pak RT teka karo ngomongi yen satemene suk sasi ngarep kuwi wis wayahe nganyari kontrak omah. Nanging merga karo anane musibah sing wis tumiba marang kulawargane Srimurni dening Koh Jang, Srimurni diwenehi kalonggaran.
"Sebenerne kontrake Pak Daryana sama ini rumah sudah habis mBak" kandhane Koh Jang wong Tiong Hwa sing ora asli kono kuwi mula basane ora karu-karuwan "tapi tadi sudah tak bicarakne karo Pak RT barang, nek sampean mau memperpanjang kontrak setengah atau satu tahun maneh, mbayarnya bisa diundur, artinya tidak harus sekarang, boleh sesudah anak sampean lahir, kata Pak RT wis pitung bulan ya?".
"Terima kasih Koh" wangsulane Srimurni alon "sakjane aku ya durung ngerti, apa arep tak terusne apa ora, merga aku neng kene wis ora duwe sapa-sapa maneh".
"Lha kalo gak diterusne sampean mau kemana?" Koh Jang takon.
"Ya durung ngerti, mbok menawa bali menyang Desaku neng Sragen kana" wangsulane Srimurni.
"O, jadi di Sragen sampean masih ada orang tua?"
"Sak Jane ya wis ora duwe lan neng kana aku kudu manggon neng ngendi ya durung ngerti, nanging saora-orane tak kira nek aku golek gaweyan ngge nyambung urip karo ngge ngopeni anakku mengko, luwih kepenak neng kana timbang neng kene. Nek neng kana ki aku rak wis apal nggon-nggon ngge nyambut gawe lan apa sing kudu tak lakoni? nek neng kene iki aku kena diarani wuta, lire kabeh durung ana sing tak ngerteni".
"Nuwun sewu Bu Dar" Pak RT melu ngendika "prekawis sing niku saged dipenggalih mengke menawi keng putra sampun miyos, ingkang baken samangke Bu Dar njagi kawilujenganipun Bu Dar kaliyan ingkang putra ingkang taksih ing kandhutan punika".
"Inggih Bapak, Matur nuwun sanget" Srimurni wangsulan karo kaca-kaca mripate.
"Ngene wae Koh" Pak RT banjur ngomong menyang Koh Jang "urusan omah iki diperpanjang apa ora, dirembug mbesuk wae nek Bu Daryana wis bar babaran. Upama diterusne, ya kaya sing sampean omongne mau mbayare rak nek wis bar babaran ta?".
"Iya Pak RT" wangsulane Koh Jang "lha kalau Bu Daryana tidak melanjutkan sewanya gimana?"
"Gampang kuwi" wangsulane Pak RT karo ngguyu "Kan bisa dihitung bulanan? berapa bulan Bu Daryana menempati rumah ini. Bisa kan? Nanti yang nanggung sewa bulanan selama Bu Daryana nempati rumah ini terhitung sejak bulan depan aku. Bukan aku pribadi, tapi pakai uang Dana Sosial RT , Jadi Koh jang jangan kuwatir".
"Ya, ya Pak RT, aku akur saja itu, nanti aku juga bisa kasih ikut nyumbang untuk dana sosial itu kok".
"Menawi makaten rak inggih mathuk ta Bu Daryana?" Pak RT nakoni Srimurni.
"Inggih pak RT kula ndherek lan matur nuwun" wangsulane Srimurni.
ana candhake