Total Tayangan Halaman

Kamis, 19 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (20)

 

dening: IMMIR

 

20.

Dina-dina sing maune sepa tanpa rasa, wengi-wengi sing maune anane mung sepi, krasa bali urip maneh bareng jabang bayi sing dikandhut wis lahir. Bener kandhane Daryana, anake Srimurni lahir wedok. Tangga teparo sacedhake, banget anggone padha suka pitulungan marang Srimurni sing uripe mung ijen tanpa sedulur tanpa wong tuwa kuwi. Budhale menyang Rumah Sakit dikancani Bu RT karo Bu Ningsih garwane Pak Guru Drajat. Ya wong loro kuwi sing banjur gentenan ngurusi anggone Srimurni lahiran. Ora mung ngurusi neng Rumah Sakit wae, nanging nganti tekan golek akta kelahiran barang ya diurusne pisan. Dening Srimurni anake wedok kuwi ditengeri kanthi jeneng Daryanti Murni, kanggo pangeling-eling yen bocah kuwi wohing katresnan antarane Sawargi Daryana karo Srimurni.

Nganti mulih saka Rumah Sakit, Bu RT sing sajake wis kepengin duwe putu nanging durung kasembadan kuwi, isih ngrewangi lan kerep niliki Sri Murni. Tangga-tangga liyane ya padha, kerep niliki lan aweh bebantu marang bot repote Sri Murni sing lagi sepisanan nglahirake tanpa tinunggon bojo lan ora duwe kulawarga liyane. Anane wong-wong padha entheng anggone aweh bebantu marang Srimurni ngono kuwi, ya awit saka tandurane Daryana nalika uripe lan pintere Srimurni srawung karo ibu-ibu ing lingkungan kono.

"Ora usah nyandhak gaweyan sing abot-abot dhisik Jeng, nek butuh apa ta apa, njenengan ngendikan wae" kandhane Bu RT marang Srimurni ing sawijining esuk.

"Inggih Bu, nanging rak nggih kedah dilatih ta?" wangsulane Srimurni "Gek kula niki raosipun pripun ngaten lho Bu, mosok dadi wong kok mung dadi sanggan lan tansah ngrepotne Bu RT lan Ibu-ibu sanese".

"Panjenengan ki aja ngendikan ngono kuwi" Bu RT ngandhani "neng kene kuwi panjenengan  wis dadi sedulure wong sak RT, malah kaya-kaya njenengan ki tak anggep anakku dhewe dadi Si Daryanti kuwi ya wis padha karo putuku dhewe".

"Inggih Bu Dar" Yu Gemi sing wektu kuwi ya pas ana kono melu omong "Bu Ningsih kalih Bu Diyan i kala wingi niku ngraosi Bu Dar lho?".

"Ngraosi kula Budhe?" Srimurni takon semu rada kaget "ngraosi bab napa?".

"Criyose tiyang-tiyang mriki mpun sami Bu Dar, mengke nek Bu Dar badhe pindhah criyose badhe dipenggak" wangsulane Yu Gemi.

"Wooo, Gemi ki karepe dhewe wae......" Bu RT nrambul gunem "kuwi ki wis dadi keputusane Ibu-ibu kene kabeh ya? Kabeh wis sepakat nek Bu Dar aja diwarah dhisik, lha kok malah diomongne wonge".

Srimurni dadi domblang-domblong kaya wong enggong, ora mudheng karo sing diomongne Bu RT karo Yu Gemi.

Let sepasar apa sing diomongne Yu Gemi kuwi apa, Srimurni lagi ngerti. Ibu-ibu diwakili wong lima ya kuwi Bu RT, Bu Diyan, Bu Ningsih, Bu Dewi karo Bu Atik padha nemoni Srimurni neng omahe. Wong-wong kuwi wis padha weruh karo kahanane Srimurni wektu iki. Upama ninggalne desa kono, banjur bali nyang Sragen, kira-kira kahanane iya durung karuwan luwih becik, jalaran sanadyan Sragen kuwi tanah wutah getihe Srimurni, nanging wektu iki Srimurni neng Sragen ya wis ora duwe apa lan sapa maneh. Mula gandheng sasuwene manggon neng kono meh setahun nyatane Srimurni wis akeh aweh sumbangan pikiran lan bau sing nyata akeh gunane bareng dicakne, wong-wong banjur duwe pikiran supaya Srimurni ora usah lunga saka kono. Kanggo nyambung urip lan kanggo ngragati anake Srimurni dibantu supaya bisa dodolan panganan neng omahe.

"Kok ngantos samanten kasaenanipun Ibu-ibu dhateng kula?" karo luh sing dleweran Srimurni kandha marang Ibu-ibu sing makili ibu-ibu sak RT kuwi "gek benjing kados pundi anggen kula saged males kasaenan panjenengan sedaya punika?".

"Ngene lho mBak" Bu Dewi sing aweh wangsulan dhisik dhewe "biyen lingkungan kene kuwi jan ora tau ana sing jenenge kegiatan, nanging bareng sawargi Mas Daryana karo panjenengan rawuh kene, Karang Tarunane wiwit tangi, tekan saiki kegiatane ya ora tau mandheg, remaja-remaja putrine sing maune ora ketok ana kegiatan apa-apa ya banjur wiwit tangi, Ibu-ibu sing biyen ngertine mung ngedumel ana omah ya banjur, saiki panjenengan pirsa dhewe wis ora kalah karo ibu-ibu ing nggon liyane. Kabeh mau merga Mas Dar sawargi karo panjenengan bisa aweh rerigen lan bisa nyontoni. Kuwi kabeh wong kene padha ngakoni, dadi kok iki Ibu-ibu mbantu panjenengan ngono sejatine ora kabeh bener, nanging wong kene iki isih mbutuhne panjenengan supaya tetep neng kene".

Wekasane apa sing dirigenake dening Ibu-ibu kuwi bisa ditampa lan dilakoni Srimurni. Srimurni wiwit bukak warung cilik-cilikan neng omah kontrakane, sing didol ya mung sarapan  sing bukake mung pendhak esuk nganti kira-kira jam wolu. Asile lumayan, kena kanggo nyambung urip tenan. Ing wektu-wektu longgar, karo nggendhong Daryanti, Srimurni bali aktip ing kegiatane Ibu-ibu lan remaja putri, malah sok neng kegiatan Karang Taruna barang.

Ngono kuwi mau mlaku becik nganti setahun luwih, nganti anane lelakon sing ndadekne Srimurni minggat ninggal desa kono, mbuwang jeneng asline, lan ngganti jenenge anake saka Daryanti Murni dadi Murjiyem. Ya kuwi, merga tekane Koh Jang sing duwe omah sing dienggoni kuwi, neng omah kono.

Srimurni sing ora ngerti kenthang kimpule, ngerti-ngerti dening Koh Jang diajak lunga pawadane jare arep dijak methuk calon nyonyahe Koh Jang nyang Bandara Solo, sing lagi teka saka Singapore. Gandheng wis tau kepotangan budi merga sewan omahe sing saiki iki kuwi dipotong regane, Srimurni ya banjur gelem. Daryanti sing lagi umur siji setengah tahun ditinggal dititipne Yu Saikem tangga cedhake. Jebul Koh Jang duwe sedya sing nerjang sarak nyingkiri bebener. Srimurni ora diajak nyang Bandara nanging dienggokne neng papan sing sepi. Ya neng kono kuwi Srimurni dipeksa ngladeni nafsune Koh Jang sing wis kerasukan setan. Bawane wong wadon sing ringkih, nadyan polah kaya ngapa Srimurni ora bisa ucul saka cengkeremane  wong lanang sing wis kepanjingan setan kuwi.

Sing banget gawe larane atine Srimurni, jebul Koh Jang wis suwe nggone duwe sedya ala ngono kuwi. Wong lanang kuwi bareng wis rampung nyuntak nepsune banjur ngomong karo nuduhne kertas sak suwek neng ngarepe:

"Kamu gak bisa bilang kalau kowe sudah tak perkosa Bu Dar, karena aku wis berhasil njiplak tulisan tanganmu sama tanda tangannya sekalian. Ini poto Copy Surat perjanjian kawin siri antara kamu dan aku yang seolah kamu tulis dan kamu teken dhewe. Dadi kalo kowe nanti lapor polisi surat yang aslinya akan kutunjukkan pada polisi. Apa lagi di sini semua orang ngerti kabeh kalo aku ini orang yang baik-baik dan pemurah, maka tentu aku lebih bisa dipercaya ketimbang kamu. Maka lain kali kalau aku minta kamu nurut saja. Hadiah untukmu sewa rumah untuk setahun yang akan datang aku gratiskan deh".

Srimurni ora wangsulan, atine lara, lara banget. Bareng wis rada wengi, Srimurni diajak bali nyang omahe maneh lan Koh Jang ya banjur lunga, olehe pamit suwarane digawe banter keprungu ramah lan kaya ora tau kedadeyan apa-apa.

 

ana candhake.

 

TEMBANG CEMPLANG (19)

 

dening: IMMIR

 

19.

Wektune wis ngancik setugel dina, ketitik saka wis akeh wong liwat dalan ngarepan omah sing dienggoni Daryana karo Srimurni, ya kuwi wong-wong sing padha bali saka sawah. Wektu ngono kuwi wektune wong sing nyambut gawe padha leren rolasan. Adate nek ora repot banget Daryana mesthi mulih sedhela, kajaba niliki bojone uga kanggo mangan awan. Pancen sak jege Daryana duwe bojo, olehe mangan neng warung kena dietung nganggo driji tangan. Kajaba pengiritan, uga bisa ngandelake rasa tresnane marang bojone.

Awan kuwi Srimurni ya wis cecawis mangan awan kanggo bojone, mau esuk bojone kandha yen kepengin mangan lawuh jangan bening sambel bawang. Mula Srimurni uga nyawisake panganan ding dipengini Daryana, ya kuwi bayem taun dijangan bening diwenehi janten nom karo capar kedhele, sambele bawang lomboke didang, karo bothok urang lan tempe sing digoreng. Karo ngenteni tekane sing lanang, Srimurni nglempiti klambi lan sandhangan liyane sing lagi dientas saka pemehan, kumbahan mau esuk.

Dumadakan saka jaba keprungu suwara sepedha motor mlebu pekarangan, Srimurni banjur metu mapagne sing lagi teka. Nanging sepira kagete, bareng Srimurni menyang jaba, jebul sing teka dudu Daryana bojone nanging kancane Daryana sing jeneng Sumardi.

"Mangga Pak Mardi, lha kok Mas Dar dereng dugi griya?" Srimurni gupuh mapagne sing lagi teka karo nakokne bojone.

"Inggih mBak, rebat cekap mawon niki, panjenengan enggal tata-tata, mengke kula gonceng teng Rumah Sakit. Niki Pak Dar kenging alangan teng damelan, sak niki dibeta teng Rumah Sakit Umum" Sumardi wangsulan karo aweh kabar.

"Napa? Mas Dar kenging alangan ? Kenging napa Pak Mardi? lajeng kawontenanipun pripun?" Srimurni akon karo jelih-jelih kebak rasa kuwatir.

"Kula piyambak inggih boten ngertos persise mBak, mergi panggenan kula wau pas teng garapan kidul dhusun, lha Pak Dar rak teng garapan caket kuburan kilen dhusun nika. Empun mangga enggal salin, gek ndang bidhal mawon".

Ora sranta, Srimurni banjur salin terus budhal menyang Rumah Sakit, kepengin ngerteni kahanane bojone.

Krodhaning ati tan kuwawa mbedhah kuthaning pasti, pambudidayaning titah winatesan kuwasane Gusti Allah. Kanthi lantaran karubuhan wit gedhe sing ambruk neng papane nyambut gawe, dina kuwi Daryana kapundhut bali ngadhep ing ngarsane Gusti Sing Gawe Urip. Lan kanthi bantuan saka papane nyambut gawe, mayite Daryana dikubur neng kuburan sacedhake omah kontrakane, merga kulawargane Daryana yaiku sing jare Bulike, sing neng Karanganyar saiki ya wis ora karuwan papane. Tangga teparo sing ana sakiwa tengene omah kontrakane Daryana akeh sing padha teka nglayat, ya sing lanang ya sing wedok. Merga Daryana lan Srimurni kuwi pancen pinter srawung lan wis akrap banget karo tangga-tanggane. Akehe sing nglayat lan nelakake melu bela sungkawa ora bisa mulihake atine Srimurni sing ajur mumur. Siji-sijine wong sing didhaku dadi duweke wis ilang, papane ngayom sajroning nindakne urip neng ngalam donya iki wis ora ana maneh. Impen-impen endah sing sasuwene iki tansah diangen-angen bebarengan karo Daryana,kudu musna lan ganti karo impen liyane sing katot peteng dhet-dhet lelimengan.  Mung siji sing ndadekne Srimurni duwe pepenginan  ndawakne uripe yaiku wohing katresnan karo Daryana sing saiki dikandhut neng wetenge. Aku kudu tetep urip, dening Gusti aku dititipi gadhuhan sing ora kena tak siya-siya, dening Mas Dar aku dititipi bukti katresnan rupa jabang bayi sing sedhela maneh bakal lahir. Ngono suwara ing batine Srimurni.

Nganti pirang-pirang dina isih ana wae tangga teparo sing teka neng omah kontrakan kuwi, melu bela sungkawa lan aweh lelipur sarta semangat marang Srimurni. mBarengi pitung dinane Daryana wakil saka papane Daryana nyambut gawe teka, menehi bantuan uang duka cita karo tandha minangka matur nuwune marang Daryana sing wis sawantara ngabdi ing Perusahaan kuwi. Karo Srimurni dhuwit kuwi banjur disinggahne, atine wiwit ayem kanggo wragat lahiran mengko wis ana sing digawe jagan.

"Mas Dar....., nadyan wis ora ana nanging panjenengan isih bisa ngragadi kelahirane anakmu. Matur nuwun ya Mas, muga-muga neng kana Panjenengan tansah angsal pitulungane GustI" tembunge Srimurni marang bojone sing mung bisa dirungokne dhewe, karo luh sing terus dleweran nelesi pipine.

Bengine, bubar slametan Koh Jang sing duwe omah sing dienggoni kuwi karo dikancani Pak RT teka karo ngomongi yen satemene suk sasi ngarep kuwi wis wayahe nganyari kontrak omah. Nanging merga karo anane musibah sing wis tumiba marang kulawargane Srimurni dening Koh Jang, Srimurni diwenehi kalonggaran.

"Sebenerne kontrake Pak Daryana sama ini rumah sudah habis mBak" kandhane Koh Jang wong Tiong Hwa sing ora asli kono kuwi mula basane ora karu-karuwan "tapi tadi sudah tak bicarakne karo Pak RT barang, nek sampean mau memperpanjang kontrak setengah atau satu tahun maneh, mbayarnya bisa diundur, artinya tidak harus sekarang, boleh sesudah anak sampean lahir, kata Pak RT wis pitung bulan ya?".

"Terima kasih Koh" wangsulane Srimurni alon "sakjane aku ya durung ngerti, apa arep tak terusne apa ora, merga aku neng kene wis ora duwe sapa-sapa maneh".

"Lha kalo gak diterusne sampean mau kemana?" Koh Jang takon.

"Ya durung ngerti, mbok menawa bali menyang Desaku neng Sragen kana" wangsulane Srimurni.

"O, jadi di Sragen sampean masih ada orang tua?"

"Sak Jane ya wis ora duwe lan neng kana aku kudu manggon neng ngendi ya durung ngerti, nanging saora-orane tak kira nek aku golek gaweyan ngge nyambung urip karo ngge ngopeni anakku mengko, luwih kepenak neng kana timbang neng kene. Nek neng kana ki aku rak wis apal nggon-nggon ngge nyambut gawe lan apa sing kudu tak lakoni? nek neng kene iki aku kena diarani wuta, lire kabeh durung ana sing tak ngerteni".

"Nuwun sewu Bu Dar" Pak RT melu ngendika "prekawis sing niku saged dipenggalih mengke menawi keng putra sampun miyos, ingkang baken samangke Bu Dar njagi kawilujenganipun Bu Dar kaliyan ingkang putra ingkang taksih ing kandhutan punika".

"Inggih Bapak, Matur nuwun sanget" Srimurni wangsulan karo kaca-kaca mripate.

"Ngene wae Koh" Pak RT banjur ngomong menyang Koh Jang "urusan omah iki diperpanjang apa ora, dirembug mbesuk wae nek Bu Daryana wis bar babaran. Upama diterusne, ya kaya sing sampean omongne mau mbayare rak nek wis bar babaran ta?".

"Iya Pak RT" wangsulane Koh Jang "lha kalau Bu Daryana tidak melanjutkan sewanya gimana?"

"Gampang kuwi" wangsulane Pak RT karo ngguyu "Kan bisa dihitung bulanan? berapa bulan Bu Daryana menempati rumah ini. Bisa kan? Nanti yang nanggung sewa bulanan selama Bu Daryana nempati rumah ini terhitung sejak bulan depan aku. Bukan aku pribadi, tapi pakai uang Dana Sosial RT , Jadi Koh jang jangan kuwatir".

"Ya, ya Pak RT, aku akur saja itu, nanti aku juga bisa kasih ikut nyumbang untuk dana sosial itu kok".

"Menawi makaten rak inggih mathuk ta Bu Daryana?" Pak RT nakoni Srimurni.

"Inggih pak RT kula ndherek lan matur nuwun" wangsulane Srimurni.

 

ana candhake

 

Rabu, 18 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (18)

 

dening: IMMIR

 

18.

Ya amarga pituture mBok Tukimah sing mangkono kuwi lan pitutur iki kerep banget dibolan-baleni, wekasane ndadekne Srimurni ngati-ati banget nampa katresnan saka wong lanang. Malah maune tau ing atine Srimurni tuwuh panemu yen satemene urip bebojowan kuwi kanggo wong sing dilahirne ing kamlaratan lan nganti diwasa panggah mlarat ora ana gunane kajaba mung bakal nambahi  kasangsaraning pikir. Mula nganti umure meh telulikur tahun, Srimurni panggah isih legan. Jalidin karo Sarina sing tau nelakake yen kepengin ngajak Srimurni urip bebarengan nanging dening Srimurni ora ditanggapi kuwi malah wis rabi kabeh. Nganti sawijining dina ing omahe Juragan Arja Suradi ketekan nom-noman sing dadi Pengawas Proyek Pembangunan Irigasi, nembung arep mondhok neng omahe Juragan Arja Suradi. Andilalah ing omah kuwi ana kamar kothong, yaiku singgetan pendhapa ngarep. mBuh petunge Nom-noman sing jeneng Daryana kuwi wekasane mondhok neng omah kono. Dening bojone Arja Suradi Srimurni ditambahi gaweyan yaiku ngladeni mangan lan ngombene Daryana, punggawa proyek sing asline saka Karanganyar kuwi.

Daryana kuwi pancen nom-noman prasaja, najan wis dadi punggawa proyek sing pangkate kalebu dhuwur, nanging wonge ora gumedhe. Karo masyarakat ing lingkungane Juragan Arja Suradi kono srawunge ya becik, yen dhong wayah longgar ya kerep melu kumpul-kumpul karo nom-noman lingkungan kono, malah kerep aweh sumbangan rupa dhuwit utawa pikiran marang Karang Taruna kono.  Mula ora aneh nek Daryana banjur akrap karo para nom-noman lan perangkat kalurahan desa kono. Pokoke neng lingkungan kono kuwi Daryana duwe jeneng sing apik.

Karo para rewang-rewange Juragan Arja Suradi, sikepe Daryana ora beda tangkepe daryana marang wong liyane, ya iku tetep sopan lan ngajeni, klebu marang Srimurni sing saben esuk lan sore ngeterne kopi neng meja pendhapa cedhak kamar turone Daryana.

"Bareng ben dina sampean cepaki kopi ngene iki, saiki aku dadi ketagihan kopi lho mBak" kandhane Daryana sawijining esuk nalika Srimurni nyeleh kopi kanggo Daryana ing meja pendhapa, pas kuwi Daryana wis tata-tata arep budhal nyambut gawe.

"Inggih ta Den?" wangsulane Srimurni lumrah wae "lha menawi ing dalem Karanganyar napa boten ngunjuk kopi?".

"Sampean kuwi nek nyeluk aku mbok aja Den ngono kuwi ta mBak"  Daryana ngomongi Srimurni "aku kuwatir mengko nek kebacut aku dadi Den-den Manuk sing diselehne neng sawah ngana kae mengko".

Srimurni mung mesem krungu guyonane Daryana sing ngono kuwi. Banjur Daryana nutugne omonge :

"Sebutan Den kuwi kanggo putrane priyayi luhur sing isih trah Kraton, cekakan saka tembung Raden. Lha nek aku iki  Bapakku mung Tukang Batu lan Ibuku mung nyambut gawe dadi Tukang gawe roti sing didolne warung-warung cedhak omah, nek sampean sebut Den aku bisa kuwalat".

"Inggih ta Den, eh Mas Dar?" Srimurni mesem karo wangsulan "sekeca no, menawi keng Ibu damelanipun damel roti, saben dinten Mas Dar mesthi dhahar roti sing eca-eca".

Daryana ngguyu, wangsulane :

"Kuwi biyen, pas Ibu isih sugeng. Saiki ibu wis suwe seda let setahun karo sedane Bapak. Saiki aku dadi bocah lola ora duwe sapa-sapa maneh, nek bali nyang Karanganyar ngana kae aku nyang omahe Bulikku adhine Bapak. Wong pomahane Bapak sawise Ibu seda ki ya banjur kadol, ngge nutup utang tinggalane Bapak karo Ibu pas dienggo berobat biyen".

Srimurni meneng ora wangsulan, prawan ayu kuwi kelingan yen dheweke ya wis ora duwe sapa-sapa maneh. meh padha karo Daryana, mung kaceke nek Daryana isih duwe kabegjan, merga sadurunge wong tuwane mati, isih bisa ngragati sekolahe nganti lulus sing banjur bisa dienggo golek gaweyan sing pantes. Lha nek dheweke? mBok Tukimah, wong tuwane mung bisa nyekolahne dheweke tekan tamat SD thok. Ijazahe ora payu dienggo nglamar gaweyan sing rada alus lan nekakne asil sing lumayan. Dadi padha-padha bocah lola, Daryana kuwi Pegawe beda karo Srimurni sing mung payu dadi Babu.

"Kok malah nglamun ta mBak?" Daryana takon karo nyandhak kopine "nggagas apa?"

"Ah, boten kok" wangsulane Srimurni "kula nggih mpun boten gadhah tiyang sepuh, bapak tilar nalika kula taksih alit, simbok nembe setunggal tahun niki, Bapak kalih simbok boten nilari napa-napa, mula kula lajeng ndherek Pak Arja niki".

"Lho sampean karo aku thik nasibe padha mBak?" Daryana takon.

"Nggih boten ta Mas" wangsulane Srimurni "nek Mas Dar rak taksih dipun sekolahaken? Nek kula? Sekolah ngantos lulus SD mawon simbok mpun empet-empetan. Nek Mas Dar saged nyambut damel sangu Ijazah nek kula nggih namung dadi Babu ngeten niki he he he......".

Saka jagongan lan omongan esuk kuwi ndadekne Daryana karo Srimurni dadi sansaya akrap. Witing tresna jalaran saka kulina, kuwi pancen nyata. Srimurni sing neng atine wis kukuh duwe kapitayan yen wong sak ukurane dheweke kuwi ora pantes ditresnani lan ora wenang nresnani yen ora kepengin rekasa ing tembe mburine, mbaka sethithik wiwit owah.  Wiwit thukul rasa sing beda marang Daryana, sing  wiwit kerep lan suwe jagongan neng pendhapa kono nalikane lodhang gaweyan. Daryana dhewe ketok nek mambu ati marang pembantune Juragan Arja Suradi sing rupane ayu kuwi.

Garising pesthi kudu dilakoni, setahun sawise kedadeyan kuwi Daryana klakon ngrabi Srimurni. Ijaban lumaku kanthi climen. Banjur wong loro sing padha lolane kuwi, ngontrak omah ora adoh saka panggonan proyek sing digarap Daryana. Let setahun pindhah maneh, merga proyek irigasi neng kono wis rampung. Ngolah-ngalih panggonan ngono terus lumaku, jumbuh karo gaweyan sing kudu ditandangi Daryana.

Rumah tanggane Daryana karo Srimurni najan ora mubra-mubru nanging mlaku kanthi tentrem. Srimurni wis wiwit ngandheg wohing katresnane karo Daryana. Kang mangkono kuwi mesthi wae ndadekne Daryana wuwuh tresnane marang bojone. Wektu kuwi, Daryana lagi nggarap proyek neng Klaten, dadi ya ngontrak omah neng Klaten kono. Anggone ngandheg Srimurni wis oleh pitung wulan, ora ketang mung prasaja dening Daryana olehe ngandheg bojone ya ditengeri mawa syukuran yen cara jawane diarane Tingkeban utawa rujakan, ngundang kanca-kanca proyek lan tangga teparo ing sakiwa tengene omah kontrakan kuwi.

"Ketoke anakku iki wedok Dhik" kandhane Daryana sawise tamu-tamu sing diundang syukuran padha bali.

"Wedok nggih matur nuwun, jaler nggih matur nuwun, ngoten lho Mas" wangsulane Srimurni.

"Iya bener kuwi, kabeh ki rak peparinge Gusti Allah, lan Gusti Allah ki ora tau maringi kawulaNe apa-apa sing ora apik. iya ta?"

"Nggih, gene njenengan sak niki mpun kados santri ngoten kok nek ngendikan, benjing-benjing ndang sinau sembahyang ben padha kanca-kancane nika" Srimurni semaur karo mesem.

"Iki mau aku rak nerokne pangandikane Pak RT pas paring sambutan mau? terus digenahne maneh karo Pak Huda sing maringi donga mau".

"Nggih, mugi-mugi pangestu lan pandongane tiyang-tiyang wau dikabulne kalih Sing Kuwasa. Putrane panjenengan sing kula kandhut niki kaparingan wilujeng sangajeng lan sapawingkingipun, wilujenga ingkang dikandhut wilujenga ingkang ngandhut. Nggih ta Mas?"

"Pinter, pinter bojoku sing ayu iki saiki mundhak pinter".

Angin ketiga sumilir adhem, wektune wis sansaya wengi, wahe leren  ngumpulne kekuwatan kanggo makarya dina sesuk. Daryana lan Srimurni banjur padha mapan turu.

 

ana candhake.

 

TEMBANG CEMPLANG (17)

 

dening: IMMIR

 

17.

Bubar nampa telepon saka Nita Yang Yem mbalik menyang pawon arep nerusne gaweyane. Naker beras inmg padaringan banjur diangkat menyang sumur arep dipususi. Pancen najan wis usum Magicom, nanging Bu Mandhor luwih seneng sega sing didang nganggo kayu neng pawon, lagi nek wis mateng diwadhahi neng Mejikom ben awet panase. Karo tandang gawe pikirane Yang Yem nglambrang tekan ngendi-endi kelingan jaman sing wis kawuri, sing tenane wis suwe olehe nglalekne. Jalaran lelakon sing wis nate kelakon kuwi luwih akeh sedhih lan susahe tinimbang seneng lan kepenake.

Ya lelakone Yang Yem sadurunge keplantrang nganti tekan Kedunggalar kono kuwi. Nalika samana durung ana sing jeneng Yang Yem, sing ana prawan ayu sing jeneng Srimurni, anake mBok Tukimah. Sri Murni sing nyambut gawe dadi batur utawa babu utawa buruh neng daleme Pak Arja Suradi juragan Mendhong sing sugihe ora karuwan. Nalika semana sing nyambut gawe melu Juragan Arja Suradi ya klebu akeh, tenaga lanange sing bageyan golek tenaga ngarit mendhong sing wis ditebas, ana loro jenenge Sarina karo Jalidin, loro-lorone isih legan kabeh. Banjur sing nyambut gawe neng omah lan ngurusi pawon ana loro Sini karo Dikem, telu Srimurni. Maune Srimurni teka omahe bendrane jam nem esuk, macak surup bali menyang omah, mengkono iku amarga mBok Tukimah sing mondhok neng pawone Pak Bayan Kusmin wis tuwa, nek bengi butuh kanca. Bareng mBok Tukimah wis mati, gek ya ora ninggal papan sing keneng dienggoni, Srimurni banjur melu manggon neng omahe Arja Suradi juragane.

Wektu kuwi umure Srimurni wis ana rolikuran tahun, dhasar duwe pakulitan resik, rambute dawa, rupane ayu, mula akeh wong lanang sing tenane padha seneng nglirak-nglirik marang dheweke.  Ora sethithik uga sing nyoba nyedhaki Srimurni, ngesir arep dijak urip bebarengan. Nanging Srimurni tansah kelingan welinge mbok-e sing manti-manti yen arep dirabi wong lanang aja gampangan, aja mung ndelok rupa lan kayane thok. Nanging uga kudu weruh sapa kulawargane, aja nganti wonge lanang gelem karo dheweke nanging kulawargane padha nampik.

"Ngertiya ya Sri" ngono welinge mBoke biyen "uripmu sing ngrekasa kaya saiki iki ngono kuwi sakjane sing dosa aku karo jenate Pakmu, Kowe bocah sing ora weruh dosane nanging sing paling suwe nanggung ukumane".

"Simbok ki jane ngomong apa ta mBok?" Srimurni nyauri omongane simboke "pancen awake dhewe ki ditekdirne dadi wong mlarat ya dilakoni ngono wae lah, ora usah nggetuni barang sing wis keliwat".

"Aku iki ora nggetuni barang sing wis kebacut, mung arep ngandhani kowe, mbesuk aja nganti mbaleni lelakone mBokmu karo Pakmu sing wekasane nurunke kasangsaran marang anak ngene iki" mBok Tukimah ngandhani anake.

"Iya mBok, dongakna wae marang Sing Kuwasa supaya mbesuk aku oleh bojo sing apik tur sugih, dadi putu-putumu mbesuk ora urip ngrekasa kaya aku he he he" Srimurni wangsulan karo ngguyu.

"Kowe kuwi aja guyon, iki pitutur sing tenanan ngono" mBok Tukimah semaur rada sereng.

"Ya wis ndang diterusne, tak rungokne kene".

"Asline Pakmu ki rak Wonogiri ta Sri? olehe tekan Sragen kene iki merga mbara kerja dadi Tukang Becak, lha mBokmu iki asli Sragen kene. mBokmu iki biyen rak tledhek tayub, jamanisih nom ya laris tanggapan, ya kerep diparani lan dijak lunga wong lanang. nanging bareng wis tuwa, ya kuwi blas ora ana sing nanggap lan ya ora ana maneh sing gelem nyedhak. Barang-barang asile mbokmu dadi tledhek kabeh entek dienggo mangan. Keri dhewe kari nisa sethithik tak ngge pawitan bakul wedang neng cedhak Pabrik Gula kono".

"O dadi simbok ki biyen bar dadi tandhak banjur ngalih dadi Bakul Wedang?" Srimurni nyelani crita.

"Iya, ning kuwi mbokmu wis tuwa umure wis seketan. Lha Pakmu sing jenenge asli Kemis kuwi, saben dina tukune wedang ya neng warunge mBokmu. Bocahe isih nom tur ya bagus. Wiwitane ya dadi sanakan lumrah wae, nanging suwe-suwe tuwuh rasa tresna ing atine Bapakmu marang mBokmu iki, dadi bapakmu kuwi wong lanang isih nom bagus pisan lan isih rosa ngrabi mBokmu tilas tledhek sing wis tuwek".

"Nanging Bapak rak cinta ta mBok?" Srimurni nyelani takon maneh.

"Ya tresna, wong nyatane ora ngajak mbokmu senengan thok, nanging malah ngajak rabi sah neng Naiban. Maune, Pakmu karo aku ya mondhok neng Sragen kene, tarah ya arep tuku omah lemah durung duwe dhuwit. Nanging bareng kowe umur telung lapan, bapakmu keneng lara, embuh jenenge sing cetha sikile sing kiwa kerep ora kena dienggo ngadeg, wis digawa neng nggone Dhukun pirang-pirang, ya dipijetne ya disuwukne, nanging panggah ora mari" mBok Tukimah meneng leren anggone crita, sajake atine nmgrasakne susah bareng critane tekan nggon kono kuwi.

"Teruse piye mBok?" Srimurni takon, merga simboke wis rada suwe ora omong.

"Terus Bapakmu ngajak mbokmu iki bali menyang Wonogiri, jarene Pakmu biyen mBahmu ya kuwi wong tuwane pakmu neng kana ya ninggali sawah karo tegal lan omah. Jarene, kuwi sing ngopeni adhine Pakmu wedok sing jeneng Marti".

"Oh Lik Marti bojone Lik Nardi?" Srimurni nyela takon maneh.

"Iya, neng Wonogiri Pakmu karo mBokmu ya dadi saomah karo Likmu Nardi lan Marti kuwi. Merga omah kuwi omah tinggalane mBahmu. Jebul mBokmu Cilik kuwi ora seneng karo mbokmu. Nalika Pakmu omong ngajak rembugan bab tinggalane mBahmu ya sawahe ya tegale, mBokmu cilik kuwi ndakwa mbokmu sing ora-ora, jarene sing ngokok-ojoki Pakmu supaya ngajak mbagi warisan kuwi mBokmu iki. Ora mung mBokmu cilik sing muni-muni ngono kuwi, Pakmu cilik Nardi kae ya melu-melu ngrumpyung. Nanging Pakmu ngengkel njaluk bageyan tinggalane wong tuwane. Dadi padu rada rame, nanging wekasane ditengahi karo Modin Sudir. pakmu ya ora diluputne, mBokmu cilik ya ora disalahne, mung wae Modin Sudir mrayogakne supaya anggone mbagi warisan ngenteni nek Pakmu wis rada waras larane".

"Lha warisane Bapak kuwi terus entek dienggo mertamba ngono pa piye mBok?" Srimurni takon.

"Ngge mretamba piye? wong sadurunge warisane didum pakmu kesusu dipundhut karo sing kuwasa, dadi warisane ora sida didum. Durung nganti pitung dinane Pakmu, mBokmu wis diunek-unekne mBokmu Cilik Marti, ora mung didakwa mbujuki Pakmu, nanging wis diarani sing marahi Pakmu lara ngono kuwi merga ngrabi mbokmu sing tilas tledhek tuwek iki. saking ora kuwat ngempet rasane ati, dina sesuke mBokmu pamitan bali nyang Sragen lan omong ora arep melu cawe-cawe bab warisane wong sing wis mati".

"Banjur Simbok bali nyang Sragen nerusne Bakul Wedang maneh?" Srimurni takon maneh.

"Iya, merga simbokmu iki ya butuh urip, ya butuh nggedhekne kowe. Kowe ngerti dhewe ta? olehe mBokmu leren bakulan wedang kuwi sawise kok penging, merga kowe wis payu buruh melu Juragan Arja Suradi, buruh mepe karo ngelusi mendhong, sing suwe-suwe kowe dikon melu ngurusi gaweyan pawon barang kuwi?".

"Iya mBok, aku kelingan kabeh" wangsulane Srimurni.

"Mula kuwi nDhuk, gandheng kowe saiki wis gedhe, aja niru lelakone wong tuwamu sing ngene iki. Saupama ana wong lanang sing nakokne kowe lan ngajak urip bebojowan, kowe kudu sing ngati-ati. Endahing katresnan kuwi sok gedhe pitukone".

"Iya mBok".

 

ana candhake

Selasa, 17 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (16)

 

dening: IMMIR

 

16.

Esuk uthuk-uthuk Yang Ti wis teka neng omahe juragane, ya banjur tandang gawe resik-resik omah lan pekarangan banjur nyegat bakul blanja sing ider, pancen Yang Yem arang blanja menyang pasar merga kabeh kabutuhan pawon saiki wis cukup tuku menyang bakul ideran ngono kuwi. Wingi Bu mandhor karo ngelungne dhuwit blanja kanggo mangan dina iki  ngomong yen kepengin mangan lawuh pindhang gerih dimasak brengkes klapa, karo kepengin Kecipir disayur asem karo kecambah kedhele, karo sambel trasi. Panganan sing prasaja nanging kebak gizi tur regane ora larang.

"Kebeneran Yu" kandhane mBak Yuni bakul blanja ideran kuwi nalika Yang Yem njupuk kecipir sing diwadhahi kanthong plastik telung adhah karo gremengan nek juragane kon masakne sayur asem "iki kecipire nom-nom, isih seger-seger lagi teka saka gunung".

"Karo njaluk capar kedhele rong plastik mBak" Yang Yem ora nyauri kandhane mBak Yun malah nembung kecambah.

"Beres, apa maneh?" bakule semaur karo njupukne sing dijaluk Yang Yem.

"Pindhang Gerih, rong besek, lombok rawit campur karo lombok tampar sak plastik" wangsulane Yang Yem.

"Gerihe sisik aku ora nggawa, salem ya Yu? nek dibrengkes rak luwih enak?"

"Regane rak luwih larang no mBak?" Yang Yem mangsuli karo takon.

"Weleh mung kacek seket repis wae kok, tur maneh iki saleme gedhi-gedhi lho" mBak Yun nggenahne rega dagangane.

"Ya wis, saleme telu nek ngono" wangsulane Yang Yem "mengko ben karo ngge lawuh sorean, wong Bu Mandhor kuwi senengane lawuh turahan ngge mangan awan, klapane rong wawar wae mBak".

"Nggih, sampean milih dhewe teng ngandhap niku" kandhane mBakyun karo nudingi klapa sing wis oncekan ora ana bathoke, klapa siji disigar dadi papat "Tempene iya apa ora Yu? aku mau nggawa dagangane mBah Gemi Pojok, Tempe buntelan godhong plasa, sejinah mung patang ewu thok".

"Iya yen ngono, sejinah wae".

Kabeh blanja sing dituku diwadhahi tompo olehe nggawa saka omah, banjur diangkat digawa bali, karo batine Yang Yem ngomong dhewe dhuwit kanggo blanja dina iki turah rada akeh, adate turahan ngono kuwi nek mung sethithik karo Bu Mandhor banjur diwenehne Yang Yem, nanging iki mau turahe ana rolas ewu, dadi kira-kira ya ora dilungne dheweke.

Lagi wae tompo wadhah blanja diselehne neng amben babragan, Bu Mandhor saka omah celuk-celuk. Yang Yem gageyan ngadeg, mlaku marani panggonane Bu Mandhor sing lungguh neng kursi cedhak cendhela.

"Iki Lho, telpon saka Nita" Bu Mandhor ngulungne ha pe ne. Yang Yem ora semaur, hape ditampani banjur dicedhakne kupinge karo kandha :

"Iya Dhik Nita, iki aku yang Yem".

"Iya, piye kabare Yu? Sehat ta?" wangsulane Nita saka njero telpon.

"Iya Dhik, kamdulillah diparingi seger kuwarasan, Dhik Nita karo Mase rak ya sehat ta?"

"Oleh pandongamu Yu, kabeh waras. Anu Yu, aku arep omong bab Mur" kandhane Nita sabanjure.

"Iya, Mur geneya Dhik? apa lara? apa disrengeni Majikane? Nek anu ki ya kandhanana ta Dhik, ben ora kerep diuring-uring bendarane, kandhanana pancen wong ngawula bendara kuwi kudu sing manut miturut apa sing dadi prentahe majikan ora keneng mbantah".

"Ha...ha...ha... Ora kok Yu, Mur sehat, malah saiki wis katon ayu kaya jaman nom-nomane Mak-e he he he" liwat telepon Nita gumuyu renyah.

"Weleeeeh, Dhik Nita ki kok ya bisa wae lho? kaya ngerti jaman prawanku wae ? he he he".

"Ya ngerti wae ta Yu, wong tuwekane wae isih ketok ayu tur semok ngono kok, mendah ayune jaman nom-nomane, ya pa ra?"

"He he he " Yang Yem wangsulan "Lha Yem , eh Mur kena apa Dhik?".

"Ora kena apa-apa, aku mung arep ngomongi nek Mur saiki wis gedhe, wis pantes upama didadekne manten. Wingenane pas aku metu karo Majikanku sing anyar, kepethuk Mur ndherekne Bu Kardiman neng Mall. Bu Kardiman kuwi sayang banget lho marang Mur, Yu".

"Iya sokur ta Dhik, nek olehmu mulangi Mur nyambut gawe bisa dilakoni kanthi becik, aku mung bisa matur nuwun thok nyang Dhik Nita" wangsulane Yang Yem nylondhohi rembug.

"Ngene ya Yu?" Nita suwarane keprungu serius "pas aku ketemu Mur neng Mall kuwi, aku rak karo Koh Wie barang? Koh Wie kuwi adhine Majikanku wedok".

"Oo Dhik Nita ki saiki nyambut gawene karo Wong Tiong Hwa?".

"Iya Yu, aku saiki melu Cina, lha piye? wong aku ya kepengin pengasilanku mundhak? Ngene Yu, Koh Wie kuwi bareng weruh Mur, sajake mambu ati".

"Mambu ati piye Dhik?" Yang Yem takon.

"Mambu ati kuwi seneng ngono lho Yu, seneng antarane wong lanang menyang wong wedok, mudheng ta Yu?" Nita nggenahne tembunge.

"Ya, ya , aku mudheng terus piye?" Yang Ti mangsuli.

"Lha saiki aku arep takon, Piye nek manut sampean mathuk apa ora nek Kok Wie kuwi seneng karo anak sampean?" Nita nari Yang Yem.

"Mengko dhisik ta, sing dikarepne Dhik Nita ki piye? Nek mung seneng ngono wae ra ya lumrah ta Dhik? wong antarane Yem karo sapakuwi mau adhine Bosse Dhik Nita ya ora kerep ketemu wae?".

"Ora ngono Yu, Koh Wie kuwi wis omong nyang aku nek kepengin ngepek Mur, ngono lho Yu, piye?" Nita bali nanting Yang Yem.

"Lha nek kuwi aku sing durung bisa mutusi saiki Dhik" wangsulane Yung Yem alon nanging cetha "merga, sepisan sing nglakoni rak dudu aku? nanging Mur, Pindho sing lumrah Wong Tiong Hwa kuwi duwe agama utawa kapitayan sing beda karo awake dhewe, kamangka wong omah-omah kuwi nek agama utawa kapitayane beda Pak Naib  ora bisa ngijabne, iya ta? genah anake Pak Gita kae sing wis daden rembug karo Indra anake Koh Liem sidane ya batal ngono kok? kae merga ya beda agama lan ora ana sing ngalah salah siji. Lha aku dhewe, najan agamaku ki ora cetha, jarene Islam ning selawase ya ora tau sembahyang, ora tau pasa, nanging aku ya gemang nek kon ngalih agama lan aku ya ora bakal lila nek nganti anakku ngalih agama".

"O, ngono nya Yu?" Nita takon karo suwara sing sajak cuwa.

"Iya Dhik, ya sepurane  Dhik Nita wae sing gedhe".

"Ora apa-apa Yu, jan-jane ki ngene, critaku mau durung rampung. Koh Wie kuwi ya wis ngomong marang mBakyune bab olehe seneng marang Mur, jebule mBakyune ora sarujuk nek nganti Koh Wie nikah resmi karo wong Jawa. Banjur Koh Wie nggagas, piye saupama hubungane karo Mur mengko nikahe di bawah tangan wae, cara jawane upama nek nikah siri ngana kae lho Yu?  Jarene nek mung manut kudu ngucapne sahadat ben bisa nikah siri wae Koh Wie ya gelem. Anu Lho Yu, jenenge Koh Wie kuwi sugihe ora mekakat, luwih sugih Koh Wie timbang Majikanku, dadi saupama Mur gelem dipek Koh Wie uripe mesthi dadi luwih kepenak, ora kaya saiki sing mung nampa recehan saka juragan sing olehe nampa direwangi adus kringet saben dina".

"Aku durung bisa wangsulan Dhik" Yung Yem rumangsa sansaya bingung krungu omongane Nita liwat telpon ngono kuwi mau "saiki ngene wae......".

"Piye Yu?"

"Iki rak wis Rejeb? ora suwe maneh Riyaya, suk riyaya Mur tak kongkone bali, merga sasuwene iki durung tau njupuk prei riyayan. mengko tak rembuge perkara iki karo Mur. Sokur bage nek Dhik Nita suk Riyaya iki ya bisa bali nyang Dunggalar".

"Ya wis nek ngono Yu, muga-muga aku bisa bali".

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG (15)

 

dening: IMMIR

 

15.

Bu Narti mesem atine krasa seneng, nek ndelok slagane, Sujud sajak wiwit kepencut karo Mur sing dhek awan wis didadekne pilihane. Nanging, nek panemune Bu Kardiman mau awan bener, lire Sujud bisa uga wurung ni bakne katresnane sawuse nyumurupi yen Mur kuwi dudu bocah sekolahan. Lan iki sing ndadekne Bu Narti rada kuwatir. Nanging sawuse digagas rada dawa maneh, saupama Sujud ora sida kepencut karo Mur, ya ora apa-apa wong Mur dhewe ya durung ditari dening Bu Kardiman.Lan minangka jejering wong tuwa Bu Narti ya wis mbudidaya murih becike anak, nanging nek sing direkak-rekakne ora bisa nampa arep kepiye maneh?.

"Ibuk kok malah kendel kaliyan mesam-mesem piyambak ta?" Sujud omong kaya ditujokne marang awake dhewe. Bu Narti nggragap, banjur semaur :

"Bocah sing kuwi jenenge Murjiyati, Nang asline saka Kedunggalar Ngawi".

"Lho kok tebih sanget Buk?" Sujud takon.

"Iya, Ibu ya wis rada ngerti marang sipat lan tekune Murjiyati kuwi, bocahe ngerti unggah-ungguh, sregep tumandang gawe, ora wegahan, temen lan prasaja, lugu pisan nganti sedina durung karuwan ndelok ha pe ne genep ping pindho" Bu Narti nggenahne mungguh sipat-sipate Mur "Awakmu mau mesthine weruh dhewe lan bisa maca saka anggone nyandhang nganggo sing sarwa prasaja nanging sopan sarta pantes, kepenak disawang karo mripat".

"Menawi makaten Murjiyati niku klebet lare estri ingkang langka inggih Bu?" Sujud takon karo mesem "bejane mbesuk sing bisa mengku dadi bojone".

"Maune Ibu duwe gagasan kepengin nyedhakne antarane Mur karo awakmu, mbok menawa bisa dadi jodho, nanging......." Bu Narti ora mbacurne tembunge.

"Nanging punapa Bu?" Sujud takon sajak cuwa.

"Karo Bulikmu ora oleh" wangsulane Bu Narti nganggo kudhung jenenge Bu Kardiman.

"Bulik Kardiman? Kok saged? Napa kaliyan Bulik badhe dipun pundhut mantu piyambak? Dhik Doni rak inggih sampun meh rampung kuliyahe?" Sujud takon, neng atine ana rasa ora kepenak.

"Ora" wangsulane Bu Narti "ora ana sambung rapete karo kulawargane Bulikmu. Olehe Bulikmu menging Ibu iku awit jare mesakne awakmu, Nang".

Sujud mlenggong, neng ati jrasa gumun. Mesakne? mesakne sing kepiye? apa Bu Kardiman isih ngira nek dheweke durungilang rasa sedhihe merga ditinggal dening sawargi Vera?.

"Kok mesakaken ta Buk? Mesakaken pripun?" Sujud takon.

"Amarga Mur kuwi duwe kekurangan.........".

"Kekirangan Buk?" Sujud nugel rembug "harak inggih limrah sedaya tiyang tamtu nggadhahi kekirangan lan kelangkungan piyambak-piyambak. Sokur-sokur menawi saged dipun bantu murih kekiranganipun punika saged suda. Rak makaten ta Buk?".

"Nanging jarene Bulikmu, kekurangane Mur iki klebu kekurangan sing prinsip. mBokmenawa nek awakmu wis weruh ya bakal mundur alon-alon" Bu Narti wangsulan alon.

"Senaosa makaten, rak inggih langkung prayogi menawi kula dipun tedahi ing pundi kekiranganipun Mur punika? sinten ngertos sanaosa prinsip nanging saged dipun dandosi?. Pripun menawi makaten Buk?".

"Ibu ya duwe pikiran kaya awakmu kuwi Nang" wangsulane Bu Narti sabar "nanging Bulikmu ketoke ya kukuh karo panemune".

"Lha kekiranganipun Mur punika manggen dhateng pundi? sauger boten cengkah kaliyan paugeraning nagari kula kinten taksih saged dipun dandosi".

"Ngene ya Nang" Bu Narti wangsulan sareh "nek didelok saka solah bawa lan lagak lageyane, kekurangane Mur kuwi jane ya ora katon, merga satemene kekurangan mau wis suwe didandani lan terus didandani dening Mur dhewe  lan ya awit pambiyantune Bulikmu. Ngertiya ya Nang, Mur kae bocah sing kurang oleh kabegjan, dheweke ora bisa nutugne sekolah kaya kanca-kancane, lagi kelas lima SD arep munggah kelas nem sekolahe medhot merga ditinggal golek sandhang pangan ngrewangi wong tuwane".

"Ooooo alaaah niku ta Buk?" Sujud mlenggong, nanging pikirane dadi padhang.

"Iya, jarene Bulikmu nek awakmu dicedhakne karo Mur, mesakne awakmu. Ingatase awakmu kuwi Sarjana, putrane wong kinurmat lha kok mung arep digathukne karo bocah buta hurup, anake wong ndesa sing mlarat, tur mung sak drajate abdi pisan".

"Inggih Buk" Sujud alon - alon wangsulan "mila limrah lan boten kenging dipun lepataken lelandhesanipun Bulik ingkang makaten kala wau. Nanging, menggahipun Sujud kekiranganipun Mur ingkang makaten kalawau sanes kekirangan, nanging barang ingkang limrah. Kula asring kepanggih kaliyan Tiyang Tani ingkang kasil anggenipun makarya, temah saged makaryakaken Insinyur Pertanian napa, kamangka Tiyang kala wau sekolahipun namung dugi Kelas Sekawan, nanging sakniki sampun boten wonten ingkang nginten, lha tiyang sampun minggah kaji ping kalih, lajeng anggenipun Umroh inggih sampun wongsal-wangsul lan klebet donatur tetap ing kegiatan-kegiatan sosial. Lha mriki nggih wonten, Pak Samin ingkang dalemipun Gang Mawar mriku niku, rumiyin namung Bakul Bakso surungan, sak niki restoran baksonipun ageng kados makaten, taksih mbantu bakul-bakul alit watawis seketan tiyang ingkang saben dinten ider kaliyan nyurung grobag bakso. Pak Samin nika namung dugi kelas setunggal SMP lho Buk sekolahipun".

Bu Narti mung manthuk-manthuk, apa sing dikandhakne Sujud kuwi nyata lan bener. Banjur Bu Narti uga banjur kelingan jaman pak Sakun isih tau crita yen Pengusaha sing dadi rekanan bisnis kantore Pak Sakun neng Dinas pekerjaan Umum, kuwi bisane tanda tangan mung garis thok merga ora pati bisa nulis, wong sekolahe ya mung tekan kelas telu, nanging bisa kasil nggone nyambut gawe ing Jasa Angkut lan Dol Tinuku Material Bangunan, malah banjur bisa menehi gaweyan Sarjana Ekonomi lan tamatan SMK pirang-pirang  sing dikongkon ngurusi kantore .

"Iya, iya kuwi sing kok kandhakne kuwi bener kabeh, Nang" kandhane Bu Narti sabanjure.

"Lha salajengipun kados pundi Buk?" Sujud takon.

"Salajenge piye? Awakmu gelem upama dikon ngrabi Mur?" Bu Narti takon karo mesem.

"Inggih sak boten-botenipun kula kepengin langkung mangertos kapribadenipun Murjiyati punika, menawi sajakipun cocog saged dipun lajengaken ing tataran candhakipun".

"Ya nek mangkono, Ibuk tak telepon Bulikmu, sadurunge Bulikmu ngomongi Mur ing babagan iki, nek awakmu dhong rada longgar bisa dolan menyang omahe Bulikmu kana. Banjur nek Bulikmu rada longgar tak kongkone ngancani Ibuk kerep dolan menyang panggoinanmu karo ngajak Mur. Kamthi mangkono awakmu bisa maca lan ngulat-ulati kapribadene Mur. Piye yen mangkono?"

Sujud ngguyu atine seneng, krasa kaya oleh pepadhang sing nyunari sanubarine.

"Sujud namung ndherek ingkang dados kersanipun Ibuk" wangsulane Sujud, diterusne nyendhok sega neng piringe sing wis rada suwe ora dicandhak. Bengi kuwi sing dhek mau anggone Sujud mangan mung niyat arep nglegakne atine Ibune, malih dadi beda rasane panganan sing neng piringe krasa luwih enak, olehe mangan Sujud dadi tanduk kaping pindho.

Sauntara kuwi neng Dunggalar, Mak yem lagi wae diceluk Bu Mandhor diwarah yen Nita nek sesuk-esuk arep telepon maneh lan kepengin ngajak omong-omongan karo Yang Yem.

"Sesuk nek Nita sawayah-wayah telepon awakmu tak celuk Mak" kandhane Bu Mandhor.

"Inggih Bu, sajake Dhik Nita badhe ngabari napa nggih?" Yang Yem takon "kula kok radi kuwatir mengke gek enek apa ta apa karo Si Yem, eh si Mur?".

"Aku ya ora ngerti" wangsulane Bu Mandhor "ning jarene Nita mau ana kabar gembira ngono".

"Nggih Buk?"

 

ana candhake.

Senin, 16 Agustus 2021

TEMBANG CEMPLANG (14)

 

dening: IMMIR

 

14.

Olehe mulih saka kuburane bapakne Sujud wis bubar surup, karo Ibune wis ditatakne mangan, mula ya banjur mangan. Dhewekan wae, merga Bu Narti ora tau mangan sore kuwi sabubare surup, jarene wong kuna-kuna mangan sabubare surup kuwi marakne neng awak dadi kelemon. Sujud ya wis apal karo klageyane ibune sing ngono kuwi, mula ya ora omong apa-apa. Najan saktemene Sujud wektu kuwi ora krasa luwe, nanging kanggo nglegani ibune sing wis natakne mangan, ya banjur lungguh imbuh sega banjur wiwit mangan.

Bu Narti nyedhak banjur mapan lungguh neng kursi ngancani cedhak meja ngarepe Sujud.

"Lha nek neng omah manganmu masak dhewe apa tuku Nang?" Bu Narti miwiti ngajak omong.

"Nggih boten mesthi Bu" wangsulane Sujud "sok masak piyambak, sok tumbas dhateng wande".

"Welinge suwargi Bapakmu biyen, jare kekerepen mangan neng warung kuwi ora becik lho Nang" Bu Narti ngandhani .

"Inggih Buk, Sujud inggih taksih kemutan welingipun Bapak ingkang punika" wangsulane Sujud mbenerne kandhane Ibune "nanging, kados pundi malih? tiyang nggih asring boten wonten wekdal kangge masak piyambak,bidahl sadernge srengenge njudhul lajeng bakda serap nembe dugi griya, ngaten punika asring kelampahan".

Bu Narti manggut-manggut, rumangsa bisa nampa lan ngerti sing dadi karepotane Sujud ing saben dinane. Banjur wangsulane :

"Iya pancen ngopeni tanduran sayur neng kebonan kuwi ya kerep mbutuhne wektu ngono kuwi".

"Inggih Buk"

"Mulane ta Nang, ben ana sing ngolahne panganan, awakmu kuwi aja banjur kesuwen urip ijen ngono kuwi. Ndang golek sisihan sing bisa dijak mikir kabutuhane urip".

Sujud meneng suwe ora semaur, malah olehe mangan sansaya telap-telep, kaya ora nggatekne sing diomongne Bu Narti.

"Piye Nang? apa neng angen-angenmu kuwi nganti saiki durung ana gegambaran kanggo wiwit omah-omah maneh? Ibu ora maido rasane atimu sing angel nglalekne sawargi Vera, nanging awakmu ya kudu eling lho Nang, Vera kuwi wis tentrem neng alam kana, lan awakmu ya kudu wiwit mikir nek duwe kuwajiban kudu nyambung turun  barang, merga anake lanang suwargi Bapakmu kuwi ya mung awakmu thok, dadi sanajan mBakyumu si Rani kae wis duwe anak, nanging miturut garis lajer, anake rani kae anake Han, sing luwih wenang ndhaku nek anak-anake Rani kae turune ya Pak Dib, merga Han kuwi rak anak lanange pak Dib" bareng wis sauntara Sujud ora wangsulan Bu Narti nerusne pituture.

"Inggih Buk" Sujud wangsulan " jane ngaten nggih boten kok amargi boten saged nyupekaken Vera anggen kula dereng emah-emah malih punika" .

"Lha ngapa? Thik nganti suwe temen ora enggal golek sesulihe Vera?".

"Pripun nggih Buk?" Sujud wangsulan karo mesem "kawontenanipun sampun benten, rumiyin kula purun kalih Vera nika rak amargi kula ngertos menawi Vera punika larenipun prasaja, nggadhahi sipat temen boten ajrih rekaos lan saged bekti dhateng tiyang sepuh? Benten kaliyan sak niki Buk, kula milang-miling ngantos dugi padhusunan punika angel manggihaken lare estri ingkang nggadhahi sipat kados Vera rumiyin, menawi ta wonten  sajake kok kula boten klebet ing petanganipun lare wau".

Bu Narti ngguyu alon krungu wangsulane Sujud ngono kuwi, banjur omong :

"Dadi nek kira-kira ana sing gelem awakmu sing emoh? lan upama ana sing awakmu gelem sing kana sing emoh ngono pa piye?"

"Kenging diwastani makaten Buk" wangsulane Sujud karo mesem "dados upami wonten ingkang purun lan kula cocog ngaten mesthi sampun kula ajak sowan Ibuk murih ibuk paringi biji, cocog punapa botenipun".

Bu Narti manthuk-manthuk karo mesem, jroning atine rumangsa mongkog dene nganti saiki Sujud isih ngugemi yen Ibune isih kudu ditareni ing bab golek jodho.

"Ibu iki sak jane ya melu mikir lho Nang, mikir supaya awakmu iku enggal oleh bojo maneh. Nanging ya kuwi, meh padha karo sing kok aturne mau, angel golek sing sipat-sipate ngono kuwi mau. Lan maneh, Ibu rak ya kudu mung milih sing awakmu gelem, sanajan miturut Ibu ana bocah sing wis memenuhi sarat, nanging yen awakmu ora gelem rak ya ora bakal klakon, wong sing arep nglakoni kuwi awakmu. Iya apa ora?".

"Mila leres makaten Buk" wangsulane Sujud "Lha punapa Ibuk sampun nate kepanggih lare ingkang sajakipun purun kaliyan kula?".

Bu Narti mesem, kelingan karo apa sing mentas dirembug karo Bu Kardiman mau awan. Bu Narti wis manteb karo panemune nek Mur, nadyan mung drajate sak Batur utawa Abdi nanging sajake bisa dadi srana luwih becike panguripane Sujud saupama bisa dadi bojone Sujud. Nanging Sujud kira-kira gelem apa ora ? Ngelingi nek Mur kuwi mung Pembantu tur ....... ora sekolah.

"Upami wonten kirangipun sakedhik-sakedhik, kinten-kinten kula nggih saged nampi kok Buk" kandhane Sujud maneh nyambung pitakone "sauger miturut Ibuk sampun cocog kaliyan kula".

"Nek eneke, ki ya enek sak jane Nang" wangsulane Bu Narti karo mesem "nanging bocahe ya durung tak tari, wong aku ya durung takon marang awakmu, nanging nek ndelok sipat lan pakulinane bocahe kira-kira gelem".

Sujud ketok bingar, sajak kepencut karo kandhane Ibune kuwalon kuwi.

"Lare pundi Buk? Randha punapa prawan? sinten namine?" pitakone sabanjure.

"Mengko dhisik ta" Bu Narti wangsulan karo mesem "dhek awan ki lagi wae tak rembug karo Bulik Kar, nanging Bulik Kar isih durung satus persen nyetujoni panemune Ibuk".

"Dados Bulik Kardiman nggih sampun sumerep lare niku?" Sujud semaur karo takon "lha mesthinipun wonten ingkang dereng nocogi tumrap Bulik Kar kaliyan kawontenanipun lare punika? punapa punika Buk?".

"Bener, pancen bocah kuwi luwih cedhak karo Bulikmu tinimbang karo Ibu" wangsulane Bu Narti "nek perkara sipat, sregep, temen, ngerti unggah-ungguh lan gathekan ing samubarang gawe, kuwi Bulikmu wis ngakoni, bab rupa Ibuk karo Bulikmu ya wis sarujuk, upama dadi bojomu bocah kae rupane ya ora ngisin-isini".

Sujud ngguyu, kandhane :

"Wah, mesthi larene ayu nggih Buk?. Pancen rupa ayu niku asring damel kepencute tiyang jaler kok".

"Iya, bocahe ayu".

"Eh, nuwun sewu Buk" dumadakan Sujud takon "ingkang sareng kaliyan Bulik mriki wau sinten ta? kula kok dereng nate tepang? napa sedherekipun Bulik nggih?".

"Sing endi? sing lanang apa sing wedok?" Bu Narti genti takon, sanajan satemene ya wis ngerti sing dikarepake Sujud.

"Menawi ingkang jaler rak Andhik sopiripun Bulik rumiyin nika? Kula taksih kemutan niku Bu, ingkang estri? Nuwun sewu lho Buk, sak brebetan kok radi mirip kaliyan sawargi Dhik Vera.......".

"Oh, iya...iya....." Bu Narti genti sing kaya wong kaget lagi kelingan barang sing suwe dielingt-eling "sedina utuh aku mau ngangen-angen, bocah kuwi kaya mirip karo wong sing cedhak karo aku, nanging aku lali sapa wonge. Bareng awakmu nyebut jeneng Vera, ibu lagi kelingan. Iya pancen mirip banget bocah kuwi karo sawargi. mung kaceke pakulitane luwih kuning".

"Inggih Buk" Sujud nyauti "lare ingkang sareng Bulik niku wau sinten ?"

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...