Total Tayangan Halaman

Sabtu, 04 September 2021

TEMBANG CEMPLANG 51

 

dening: IMMIR

 

51.

Sawise gaweyane rada longgar, mBok Ti pamitan Bu Kardiman arep menyang omahe Bu Kristin sedhela, ngeterne oleh-olehe Yung Yem. mBok Ti blaka marang bendarane nek dheweke nembung marang Mur supaya Bu Kristin sing wis apik srawunge karo mBok Ti lan Mur kuwi diwenehi oleh-oleh saka ndesa kuwi. Bu Kardiman ya bisa nampa klawan seneng marang lekase mBok Ti sing luwih bisa akrap srawunge karo tangga, tinimbang Bu Kardiman dhewe sing luwih akeh repote merga gaweyan sing diayahi luwih akeh.

"Akrap karo tangga kuwi ya apik mBok" kandhane Bu Kardiman pas mBok Ti pamitan mau "nanging aja nganti kakraben, banjur seneng ngrumpi ngrasani tangga liyane".

"Inggih, Buk-e" wangsulane mBok Ti "kalih Mur kula nggih sampun dicriyosi ngoten niku kok. Mangke paling kula bakda ngelungne niki nggih lajeng wangsul".

"Iya" Bu Kardiman nerusne rembuge "Ya nek ana wektu longgar, nek Bu Kristin kepengin tepungan karo Ibune Mur diaturi tindak mrene sedhela ta. Mur kuwi ora mung ponakanmu dhewe mBok saiki, nanging ya ponakanku barang. Wong Bu Daryana ibune Mur kuwi isih mBakyuku dhewe, mBakyuku sing ilang pirang-pirang tahun digoleki nyang ngendi-endi ora ketemu, jebul malah ora sengaja teka dhewe marani aku. Dadi Mur kuwi saiki nek nyeluk aku ya kudu malih ora Ibuk-e maneh, nanging Bulik".

"O, jebul ngaten ta Buk-e?" mBok Ti lagi rada mudheng.

"Iya, wis ndang budhal"

Karo mlaku mBok Ti ngangen-angen karo apa sing mentas dikandhakne bendrane kuwi mau. Kareben wong-wong kancane nyambut gawe ndherek Pak Kardiman, ora nyawang Mur sakepanake dhewe, mBok Ti niyat mengko arep ngandhani wong-wong kuwi kabeh. Nek Mur kuwi jebul ponakane Bu Kardiman, anake mBakyune sing banget diajeni dening Bu Kardiman.

"Matur nuwun banget lho mBak" Bu Kristin nampani oleh-oleh kuwi karo mesem sajak seneng atine, banjur takon "dadi mBok-e Nak Mur niliki anake mrene?"

"Inggih Buk" wangsulane mBok Ti "jebul Ibunipun Mur punika taksih mBakyunipun Ibuk-e, ngendikanipun Ibuk-e wau, duka kenging punapa, boten dangu sasedanipun Bapakne Mur, lajeng ngical. Dipadosi pinten-pinten tahun boten kepanggih, lha kok dumadakan ngetingal piyambak".

"Lha ya lelakon kok nganti bisa kaya ngono ya mBak?" Bu Kristin nanggapi critane mBok Ti.

"Wau, Ibuk-e nggih meling, mbok menawi wonten wekdal lan Bu Kristin ngersakaken tepangan kaliyan Ibunipun Mur, katuran tindak mrika" kandhane mBok Ti maneh, nerokne welinge bendarane.

"Oh, ya ya, matur nuwun mBak" Bu Kristin semaur seneng "mengko wae, nek bar potong-potong tak ngidul".

mBok Ti banjur pamitan, Bu Kristin nguntapne tekan emper ngarep. Sauntara iku, neng Pos jagan, dikupengi Singgih, Marsana karo Sadirun, Andhik lagi ngethuprus crita. Ngomongne warta anyar anggone nguping neng mburi lawang karo mBok Ti.

"Nek ngono Budhe Narti karo Mas Sujud kae dudu wong baen-baen" kandhane Marsana sawuse Andhik rampung crita.

"Lha kok Budhe Narti karo Mas Sujud Mas?" Andhik takon.

"Wong loro kae cetha nek nduweni indera keenam, panggraitane landhep banget, nanging ora gelem ndhisiki kersaNe Sing Kuwasa" wangsulane Marsana.

"Piye ta? aku kok malah sansaya bingung ki?" Singgih genti takon.

"Sadurunge Mak-e, eh Ibune Mur teka, wong loro kae sikepe marang Mur jarene Andhik wis beda, malih dadi ora kaya sikepe marang rewang. Malah nek nyeluk Mur Budhe Narti malih dadi Nak Mur, banjur Mas Sujud nek nyeluk nganggo tambahan Dhik. Iya apa ora?" Marsana nggenahne karepe.

"Iya, ya Mas?" Andhik manthuk-manthuk.

"Lha saiki, mBak Mur kuwi apane Boss wedok?" Singgih genti sing takon. Andhik ora bisa wangsulan, merga olehe nguping mau ora krungu bab kuwi. Wong papat banjur meneng kabeh. Nanging banjur padha kaget, bareng ana sing mangsuli :

"Mur kuwi Pulunane Ibuk-e" wong papat noleh bareng menyang asale suwara wangsulan kuwi. Jebul mBok Ti sing lagi wae saka omahe Bu Kristin mampir menyang Pos.

"Iya ta mBok?" Marsana genti takon menyang mBok Ti.

"Lagi wae, Ibuk-e mau crita nyang aku. Bu Daryana ya Ibune Mur, kuwi isih mBakyune Ibuk-e. Lha Bu daryana kuwi biyen lunga saka omah ora pamit sapa-sapa, ngerti-ngerti ilang tanpa lari, lha dhek mau malah ngetok dhewe, wonge ki mesthi ora ngira nek anake wedok malah ngabdi marang adhine dhewe" mBok Ti nggenahne critane.

"Dadi critane ngono kuwi?" Andhik takon "kok bisa nganti kaya ngono ya?".

"Ya bisa wae ta Mas Andhik" Sadirun sing wiwit mau mung meneng genti semaur "mbok menawa Ibune mBak Mur kaya neng crita-crita jaman biyen ngana kae".

"Crita apa maneh kuwi Om?" Singgih takon.

"Critane Wong gedhe sing namur laku, merga lagi nglakoni prihatin, napakne anak putu mbesuk ben dadi wong sing mulya uripe, jenenge lakon tapa ngrame ngana kae".

"Lha nek ngono, sasuwene iki awake dhewe iki sing ora ngerti sapa satemene mBak Mur. Merga ora ngerti nganti wani ngandhani sing ora-ora sing ndadekne nesune mBak Mur" Marsana omong maneh.

"Bener kuwi Mas" Andhik wangsulan "Gek kuwi sing paling nemen aku? tujune mBak Mur olehe nesu mung sak gradagan thok, terus mandheg. Kapok tenan aku".

"Kapok? dadi saiki wis ora tresna maneh karo Mur?" mBok Ti takon karo mesem kecut.

"Tresnane ki ya tresna mBok, nanging aku genah nek ora bakal wani nembung" wangsulane Andhik karo ngguyu-ngguyu anyel.

"Nanging nek aku ditari mBakyune Boss wedok, apa gelem ngrabi anake ngono aku ya ora bakal nolak kok" Singgih sing genti semaur.

"Kuwi jenenge ketiban kanugrahan Mas Singgih" Sadirun nanggapi karo ngguyu "mbok sapa wae mesthi rindik asu digitik nek ditari ngono kuwi, kok istilahmu ora nulak?".

"Nek aku panggah ora wani Om" Marsana sing genti omong "rabi anake wong gedhe kuwi kena diupamakne kaya wong nyunggi lumpang kentheng".

"Lumpang Kentheng ki apa Mas?" Andhik takon.

"Lumpang Kentheng, kuwi lumpang sing digawe saka watu gedhe. Wong nyunggi lumpang kentheng kuwi entuk-entukane mung dialembana wong sing weruh, diarani rosa. Nanging kurang-kurang bejane, sirahe bisa pecah, gulune coklek, merga saking abote barang sing disunggi".

Wong papat, lima mBok Ti padha ngguyu bareng.  mBok Ti banjur ngalih arep bali menyang omah, isih ana gaweyan sing kudu ditandangi. Karo mlaku mulih mBok Ti nggagas, atine krasa ayem, bocah-bocah sing maune padha rebutan kepengin ngrebut atine Mur sajake wis padha mendha. Sing dipikirne mBok Ti kari Tanta karo Bu Kristin, kira-kira mBoke Mur gelem nampa apa ora saupama Bu Kristin nembung Mur arep dipek mantu?.

"Ah, ya gene aku kudu melu mumet mikirne butuhe wong liya sing ora ana sambung rapete karo aku?" bareng olehe mikir rada suwe mBok Ti banjur mupus dhewe.

Pas lakune mBok Ti ngliwati cedhak lawang butulan menyang ruang tengah, mBok Ti kober nglirik neng ruang tengah, bendarane karo tamu-tamune lagi padha gumyak jagongan, karo ngadhep teh, pacitane jadah karo wajik klethik. mBuh apa sing lagi padha dirembug.

 

ana candhake.  

TEMBANG CEMPLANG 50

 

dening: IMMIR

 

50.

Esuk kuwi sarapan sing dicakne kulawargane Bu Kardiman nganggo cara ndesa, dudu roti bakar karo ndhog godhong kaya padatane sing dicawisne. Nanging sega pecel, komplit sak lawuhane. Esuk kuwi pancen Bu Kardiman niyat nyambut tekane tamu sing ora dikira-kira sadurunge jebul klebu tamu sing istimewa tumrap Bu Kardiman. Lan Bu Kardiman wis apal karo sarapan sing disenengi tamune kuwi, mula mau prentah mBok Ti supaya nyiapne sarapan sing cocog karo selerane tamune. Neng ruang makan wis mlumpuk sing arep sarapan bareng, Bu Kardiman, Bu Narti, Sujud karo Yang Yem. Lagi wae arep wiwit sarapan Bu Kardiman kelingan nek esuk iki durung nelpon anak-anake sing wektu kuwi ora ana omah kabeh, Doni lagi KKN neng cedhake Gunung Pangrango, Angga lagi ngisi liburane munggah gunung bebarengan karo kanca-kancane. Mula banjur njupuk Hapene telpon anak-anake supaya ora lali anggone padha sarapan lan njaga kuwarasane.

"Nyuwun Pangapunten Bu Daryana" bubar telepon Bu Kardiman kandha marang Yang Yem "niki nembe ngelingne Doni, kalih Angga bocah loro niku nadyan sampun ageng, nanging mBokne sok ora teganan, saben dinten napa-napa kedah dipun emutaken".

"Inggih, makaten punika mila limrah, inggih naminipun tiyang sepuh dhateng putra" wangsule Yang Yem "kula kemawon waunipun kalih Mur niku nggih sok boten tega, sareng kula mireng saking Dhik Nita menawi ingkang dipun dhereki Mur punika priyantunipun sae, nembe kula negakaken. Alhamdulillah jebul ingkang dipun criyosaken Dhik Nita leres".

"Kagungan putra kados Nak Mur ngoten niku klebet beja tur sekeca Jeng" Bu Narti melu omong "larene sampun ngertos kuwajibanipun piyambak, niki kula boten pamer upami lare jaler ngaten nggih kados anak kula si Sujud niku. Jane ponakan kula Doni kalih Angga niku nggih klebet lare ingkang taat, nanging Ibunipun kemawon ingkang boten teganan, lha wong ya jenenge Ibu".

"Inggih mBakyu" Bu Kardiman wangsulan, banjur kandha ngajak sarapan "mangga enggal dipun kedhapi sarapan damelanipun mBok Ti niki, ditinggal omong-omongan wae mengko rak boten siyos sarapan".

"Ketingalipun kok dereng jangkep ta Bulik?" dumadakan Sujud nyela rembug.

"Bener Mas" Bu Kardiman tanggap sing dikarepne ponakane "Mur mau nyang ngendi maneh? kok Ibune ora dikancani sarapan ki piye? sik tak celuke sik, paling neng pawon karo mBok Ti bocah iki".

Bu Kardiman ngadeg arep nyeluk Mur, Sujud gage melu ngadeg karo omong :

"Sampun Bulik, kula kemawon ingkang madosi Dhik Mur" ora ngenteni wangsulan Sujud banjur mlaku menyang pawon arep nggoleki Mur. Bu Kardiman bali lungguh maneh, nglirik Bu Narti karo mesem ngemu teges. Bu Narti ya melu mesem.

Ora ngenteni tekane Mur karo Sujud, wong telu kuwi banjur padha wiwit nyidhuk sega. Ora suwe Sujud karo Mur teka banjur nusul mapan lungguh neng kursi arep melu sarapan.

"Awakmu kuwi piye ta Mur?" karo njupuk lawuh Bu Kardiman nakoni Mur "wis didhawuhi supaya ngancani Ibune, kok malah ngrewangi mBok Ti neng pawon".

"Nyuwun pangapunten Buk-e" Mur wangsulan "lha wau Mak-e nembe kaliyan Ibu Gunung Putri kok, lajeng kula tilar ngancani mBok Ti".

"Ya wis, anu wiwit saiki awakmu aja ngundang Ibuk-e marang aku ya? merga jebul awakmu kuwi isih ponakanku dhewe, ngerti?" Bu Kardiman kandhane Bu Kardiman sabanjure. Mur meneng, plenggang-plenggong, ora mudheng karo sing diomongne bendarane. Bu Kardiman mesem, banjur nutugne rembuge :

"Wiwit awakmu durung lahir biyen, Ibumu kuwi wis tak anggep mBakyuku dhewe. Biyen jaman durung ndherek Pakdhe Sakun neng Gunung Putri, aku iki ndherek Pakdheku neng Klaten kana, lha Bapak karo Ibumu kuwi daleme cedhak karo daleme Pakdheku sing tak dhereki kuwi. Srawunge Bapak - Ibumu kuwi karo Pakdheku, ya karo wong-wong kana kabeh apik banget, malah upama ora ana ibumu iki, biyen tak kira aku wis dadi pangane cacing neng kuburan kana".

"mBok sing kuwi ora sah diomong ta Dhik" ora sadar Yang Yem nyaut omong, ora nganggo basa krama lan ngundang Bu Kardiman "dhik", lagi bareng krasa nek kleru Yang Yem banjur nututi rembug "nyuwun pangapunten, klentu Bu ingkang punika mbok inggih boten dipun dhawuhaken malih, tiyang sampun dangu kedadosanipun lan nalika samanten inggih namung limrah kemawon, sampun dipun ageng-agengaken".

Kabeh sing ana kono padha pating domblong, ora ana sing ngerti karo sing diomongne Bu Kardiman lan Yang Yem. Bu Narti sing nadyan wis suwe dadi mBakyune Ipe Bu Kardiman, jebul ya ora weruh nek antarane adhine ipe karo Yang Yem kuwi wis luwih suwe anggone padha tepung. Semono uga Mur, sasuwene iki sing dingerteni jenenge mbok-e kuwi ya Yang Yem ngono wae, selawas-lawase Mur durung tau krungu wong ngundang mbok-e kuwi nganggo sebutan Ibu utawa Jeng kaya esuk iki, sing lumrah nyeluke ya Mak utawa Yem, mung kala-kala wae dheweke tau krungu Bu Mandhor sok nyebut jenenge mbok-e kuwi nganggo jeneng Srinthil. Nek Sujud, pancen durung ngerti babar pisan bab wong tuwane Mur, dadi ya lumrah nek ora ngerti.

"Sampun, sampun sak niki sarapan riyin mawon" kandhane Bu Kardiman nanggapi swasana sing wis ndadekne wong-wong padha pating plenggong kuwi "mangke mawon bakda sarapan dipun lajengaken malih".

Muni ngono kuwi Bu Kardiman karo nyontoni tamu-tamune nyendhok sarapane. Wong liyane ya banjur padha nyandhak piringe dhewe-dhewe. Wong-wong kuwi kabeh ora ana sing padha ngerti, klebu Murjiyati lan Bu Kardiman, yen satemene wiwit Mur karo Sujud mlebu menyang ruang makan mau, ana kuping papat sing ngrungokne kabeh sing diomongne wong-wong sing arep sarapan kuwi, saka mburi lawang. Wong loro sing nyolong suwara kuwi pancen sengaja nguping, ora merga arep neka-neka, nanging wong loro kuwi mung pengin anane owah-owahan sing krasa aneh mungguhing wong loro kuwi. Owah-owahan sing aneh wiwit tekane Bu Narti karo Sujud pas sanja dhek dina Ahad kae, banjur ditambahi maneh esuk iki mau, ya iku sawise Mur bali saka anggone mapag simbok-e neng Stasiun Gambir.

"Aku sansaya ora mudheng karo sing padha diomong kae ki mBok?" ing mburi lawang Andhik bisik-bisik ngomongi mBok Ti.

"Padha" wangsulane mBok Ti ya karo bisik-bisik.

"Ketoke Mur kae ya ora mudheng tenan kaya sing diomongne pas sampean takoni mau" Andhik bisik-bisik maneh.

"Ketoke ya ngono" wangsulane mBok Ti "nanging sing cetha, awake dhewe dadi ngerti nek Mur kae jebul dudu wong sembarangan".

"Dudu wong sembarangan piye mBok?" Andhik takon.

"Wong tuwane isih ana sambung-rapet karo Ibuk-e utawa karo Budhe Narti, lan kuwi sajake lagi wae padha dingerteni" mBok Ti wangsulan.

"Iya, iya tak kira nek dudu wong sembarangan ki nek duwe kasekten kaya sing neng pilem horor neng tivi kae?" Andhik ngguyu nggleges.

"Wis mumpung rung konangan ayo ngalih, jadah karo wajik sing neng piring biru neng meja kae digawa nyang Pos kana" mBok Ti prentah nyang Andhik.

"Kae mau jajane mak-e Mur ya mBok?"

"Duuuuuk"

"Lha saka ngendi?"

"Oleh-olehe Ibune MBAK MURJIYATI saka Kedunggalar, Ngawi" wangsulane mBok Ti karo mesem.

 

 

ana candhake.

TEMBANG CEMPLANG 49

 

dening: IMMIR

 

49.

Bu Narti karo Yang Yem banjur padha salaman, rerangkulan. Tumuli padha mlebu kamar mapan lungguh neng kursi sing ana kono. Mur pamitan arep menyang Pawon, arep ngupakara oleh-olehe Mak-e sing digawa saka ndesa, Jadah karo Wajik. Teka pawon Mur nggoleki peso sing kulinane dienggo ngirisi lan motong roti, jadah tetelan telung beruk kuwi banjur diirisi cilik-cilik, diwadhahi piring . Lagi kalong saprotelon jebul wis oleh pirang-pirang piring. Turahane diungkus maneh banjur dilebokne kerdhus. Genti nyandhak wajik, diirisi lan ditata neng piring maneh. Karo nyambut gawe Mur ngetung-etung kancane, supaya ora ana sing kliwatan nampa oleh-oleh saka ndesa kuwi. Sing kanggo Pak lan Bu Kardiman uga wis disisihne dhewe. Miturut etungane Mur, sawise jadah lan wajik klethik kuwi diirisi, isih turah rada akeh, Mur mikir bisa nggawani Bu Narti, kanggo oleh-oleh Kanthi, rewange sing ditinggal neng Gunung Putri.

"Lha awakmu ki kok neng kene ta Mur? Mau Ibuk-e wis dhawuh dina iki kabeh gaweyanmu dadi tanggung jawabku merga awakmu jare didhawuhi ngancani Bu Daryana. Bu Daryana ki sapa ta Mur?" dumadakan mBok Ti karo nggawa sayuran teka banjur nakoni Mur.

"Aku dhewe ki malah dadi bingung mBok" wangsulane Mur "wiwit bali saka stasiun mau ki rumangsaku ana kedadeyan sing sarwa ora tinemu ing nalar".

"Ora tinemu nalar piye ta?" mBok Ti nguber takon.

"Pas aku karo Mak-ku mlebu omah mau, tekan mburi garasi kono kuwi rak kepethuk Ibuk-e? Jebul Ibuk-e ki wis ngerti karo Mak-ku, Mak-ku terus dirangkul diambungi karo ditangisi barang, Sampean ngerti? Ibuk-e kuwi lho karo Mak-ku basa mlipis ngana kae, banjur Bapak ya ngono, ngerti nek Mak-ku dijak lungguh neng kursi tengah kono kuwi karo Ibuk-e, Bapak ya terus mara nyalami Mak-ku, mbagekne basane ya mlipis banget. Gek Mak-ku ki nek ngaturi Bapak karo Ibuk-e ki Dhik, pas arep diganti nganggo Ibu, Ibuk-e menging, malah Mak-ku ki ora oleh basa pisan. Mumet gak upama sampean dadi aku? Ibuk-e karo Bapak ki nek nyeluk Mak-ku, Bu Daryana. mBok menawa wae jenenge Bapakku ki Daryana kuwi. Sampean ngerti durung asma asline Ibuk-e?" Mur kojah akeh-akeh mangsuli pitakone mBok Ti dipungkasi karo pitakonan.

"Durung, ngertiku ya Bu Kardiman, ngono wae" wangsulane mBok Ti bares.

"Ibuk-e kuwi asmane sing asli Sri Subekti" Mur omong karo ngguyu "iki mau aku dikongkon Bu Daryana ngiris jadah karo wajik oleh-oleh saka ndesa, kagem Ibuk-e, Bapak, Ibu Gunung Putri, Mas Sujud karo kanca-kanca kabeh".

"Nek turah Bu Kristin bageyana ta Mur" mBok Ti ngusulne kancane blanja saben dina "ben melu ngrasakne oleh-olehe Mak-mu".

"Iya isih ana kok, tak seleh neng jero Kerdhus iki, karepku sing salok ben diasta Ibu Gunung Putri ngge oleh-oleh mBak Kanthi, rewange kae, lha mengko Bu Kristin sampean irisne dhewe ya? aku tak ngancani Mak-ku dhisik sing saiki lagi jagongan karo Ibu Gunung Putri".

"Iya, matur nuwun lho Mur" wangsulane mBok Ti.

Mur banjur ngalih arep menyang kamare Mak-e, karo nggawa piring loro sing siji isi jadah sing sijine maneh isi wajik.

Sauntara Mur lagi omong-omongan karo mBok Ti mau, neng kamar Yang Yem uga lagi jagongan gayeng karo Bu Narti.

"Dados kula niki taksih kapernah mBakyu Ipe menawi kaliyan Dhik Bekti niku, Jeng" pas Mur teka ngarep lawang kamar Bu Narti nepungne awake marang Yang Yem.

"Inggih Buk" Yang Yem wangsulan alus "menawi nimbali kula boten usah mawi Jeng ta Buk, kula niki tiyang dhusun nami kula Yang Yem, utawi Biyange Yem, Yem punika nami julukanipun Mur rikala taksih alit lan saderengipun ndherek Dhik Bekti dhateng Jakarta niki".

"Walah sami kemawon Jeng" Bu Narti wangsulan karo mesem ramah banget "kula niki asline nggih tiyang dhusun, pindhah dhateng Kitha niku rak amargi ngetutne Bapakne lare-lare merdamel dhateng Bogor niku, lha Dhik Bekti niku rumiyin nggih lare dhusun, dhusun Watuleter mrika, lajeng dipek Dhik Kardiman kancanipun sekolah Bapakne lare-lare niku".

"Inggih Buk" Yang Yem mung wangsulan cekak.

"Lha nami Yang Yem niku rak nggih namung julukan ta Jeng? asmanipun asli sinten? menawi kula Narti, Sunarti lajeng wonten ingkang nimbali Bu Sakun, awit bapakipun niku asmane Sakun".

"Inggih Buk" Yang Yem meneng sedhela mikir-mikir, arep ngaku jeneng Srinthil kaya sing dienggo sasuwene dadi wong Kedunggalar iki, apa nganggo jeneng pawehe wong tuwane, wasana timbang mengko dadi ora kepenak karo Bu Kardiman, Yung Yem banjur ngaku "nami anggenipun maringi tiyang sepuh kula, Srimurni lajeng sareng dipun semah kaliyan Bapakipun Mur, nami kula dados Bu Daryana, sareng sampun ngalih dhateng Kedunggalar nami kula Srinthil, julukanipun Yang Yem".

"Nuwun sewu Ibu" Mur mlebu karo ngladekne piring loro menyang ngarepe Bu Narti.

"Lha iki apa ta Nak Mur?" Bu Narti takon.

"Jajanipun Mak-e, saking ndhusun Ibu" wangsulane Mur alus "Jadah ketos cemeng kaliyan wajik klethik".

"Waa, nek iki panganan klangenanku, wis suwe aku ora weruh rasane Jadah tetel ketan ireng, luwih-luwih wajik klethik" Bu Narti mangsuli karo ngguyu seneng "nek ngono mesisan, unjukane Ibu neng kamar jupukna ben Ibu mengko ora sereten".

"Inggih"

Mur ngalih arep njupukne unjukane Bu Narti neng kamare.

"Panjenengan niku kok nggih taksih kober ngasta Jadah karo Wajik barang lho Jeng? menawi kula sakniki sampun awang-awangen ndamele" Bu Narti kandha marang Yang Yem.

"Lha saged kula inggih namung damel tetedhan modhel dhusun ngaten punika, badhe damel roti punapa kuweh sanesipun inggih boten saged" wangsulane Yang Yem karo mesem.

Mur mlebu karo nggawa kopi unjukane Bu Narti, diselehne neng meja pas ngarep Bu Narti.

"punika Ibu" kandhane Mur masrahne kopi mau.

"Lhaa, nek ngene iki dadi enak tenan, ngobene kopi pacutane jadah ketan ireng" kandhane Bu Narti sing banjur ngacarani sing nyuguh "mangga Jeng, diunjuk kalih didhahar, kula selak kemecer kaliyan suguhane Nak Mur".

"Inggih Mangga Bu" Yang Yem mangsuli karo nyandhak cangkir kopine.

"Jadahe empuk" Bu Narti kandha "ketawis klapanipun sepuh tur kathah, tetelanipun mateng saestu, netelipun ngangge punapa niki Jeng?".

"Inggih mawi papah klapa gadhing ingkang sampun radi alum Bu" wangsulane Yang yem sing uga banjur nyruput kopine.

"Nuwun sewu inggih Ibu" dumadakan Mur nyela rembug "kasekecakna anggenipun lelenggahan kaliyan Mak-e kula, Mur badhe dhateng pawon rumiyin, ngrencangi mBok Ti".

"Iya, iya kana tinggalen, Ibu tak ngobrol karo Ibumu dhisik".

Mur mlaku metu arep menyang pawon nusul mBok Ti, pas tekan mburi garasi kepethuk karo Andhik, sing terus takon :

"Lho Mur, jarene kowe mau mapag Makmu? lha Makmu saiki neng ngendi? kok ora enek ketok ki?".

"Iya Mas, mau sidane diterne Mas Sujud, saiki Makku lagi jagongan karo Ibu Gunung Putri neng kamare kae. Arep tepungan pa piye Mas? mengko tak omongne Mak-e". wangsulane Mur karo mesem.

Andhi dadi sansaya gumun, jebul dening Bu Kardiman Mak-e Mur sing jare mung wong ndesa tur mung dadi babu kuwi dipapanke neng kamare tamu sing mewah. Pikirane Andhik dadi ora teka yen arep mikirne.

"ya mengko wae nek wis longgar, nek Mak-mu ngepasi metu, tak kenalan dhewe" wekasane Andhik aweh wangsulan, suwarane keprungu lempeng-lempeng wae.

 

ana candhake.

Jumat, 03 September 2021

TEMBANG CEMPLANG 48

 

dening: IMMIR

 

48.

Kaya gudel ucul saka cancangan mapag tekane babone sing lagi bubar kanggo mluku, Bu Kardiman marani Yung Yem dirangkul kenceng, karo diambungi, karo mripate mbanjir luh saka tangis kang ora kawetu suwarane. Yang Yem dhewe ora bisa apa-apa kajaba ngimbangi ngrangkul Bu Kardiman uga karo mbrebes mili. Mur sing ora ngerti alang-ujure perkara, plenggang-plenggong ora dhong, mung bisa nyawang ora bisa ngucap apa-apa. Bu Kardiman banjur nuntun Yang Yem digawa mlebu ruang keluarga banjur dilungguhne neng kursi dawa, Bu Kardiman uga banjur lungguh njejeri Yang Yem karo isih luh sing dleweran nelesi pipine. Mur nyelehne gawane, banjur nututi mlebu lungguh neng ngisor sacedhake simboke.

"Kupingku ora bisa diapusi" kandhane Bu Kardiman bareng wis sauntara meneng "wiwit wingenane kae, aku wis ngerti nek sing duwe suwara kuwi genah Bu Daryana, mung wae aku durung percaya yen durung weruh wonge. Pranyata bener, kupingku isih apik pangrungune. Bu Daryana, kenging punapa kala wingi boten blaka kaliyan kula?".

"Nuwun sewu" Yang Yem semaur klawan suwara sing sajak isih tidha-tidha "punapa panjenengan Dhik Sri Subekti pulunanipun Bu RT nika?".

"Leres Bu, kula Bekti ingkang sampun utang nyawa dhateng Panjenengan jaman semanten" wangsulane Bu Kardiman "Bu Daryana dhateng pundi kemawon sadangunipun punika? Let setahun sasampunipun kula dipun boyong Bapakne lare-lare rumiyin, kula nate tilik dhusun, niliki Pakdhe lan Budhe, nanging dugi dhusun dipun criyosi Budhe menawi Pak Dar sampun seda, Bu Dar sampun kagungan putra, nanging lajeng jengkar nilar Watuleter boten kantenan purugipun".

Pak Kardiman metu saka kamar, niyate arep budhal menyang kantore, bareng weruh bojone lagi jagongan karo Yang Yem sing ditunggoni Mur, Pak Kardiman dadi rada kaget.

"Nuwun sewu punika rak Bu Daryana ta?" Pak Kardiman mara karo ngethungne tangan ngajak salaman.

"Iya Pa" Sing nyauri malah Bu Kardiman "babar pisan ora ngira, jebul Mur iki putrane Bu Daryana, sing lahir neng Watuleter nggone Pakdhe Slamet sing tak dhereki biyen".

"Iya, iya" pak Kardiman wangsulan karo ngeculne tangane saka salamane Yang Yem, banjur kandha marang Yang Yem "kula dangu pados sisik melik dhateng Sragen, ugi dhateng Sala madosi Panjenengan lho Bu, nanging gagar wigar tanpa angsal damel. Estunipun Bu Daryana sakniki lenggahipun dhateng pundi?".

"Kula dhateng Kedunggalar, dhusunipun Kedhungmileng Dhik" Yang Yem wangsulan.

"Kedhungmileng, Kedunggalar niku tumut Kabupaten pundi Bu?" Pak Kardiman takon maneh.

"Tumut Ngawi Dhik, dados sampun mlebet Jawi wetan" wangsulane Yang Yem aweh katrangan.

"Inggih, inggih Jawi wetan ingkang kilen piyambak" Pak Kardiman manthuk-manthuk.

Mur sing krungu lan meruhi anggone jagongan simbok-e karo Majikane lanang wedok dadi sansaya bingung lan gumun. Kok Bu Kardiman karo Pak Kardiman nganggo basa krama sing alus marang Mak-e? Kok olehe nyebut jenenge Mak-e ora Yang Yem, nanging Bu Daryana? Apa Daryana kuwi jenenge Bapake? Kok Mak-e mau ngundang bendarane kanthi sebutan Dhik? lan isih akeh maneh pitakon sing Mur ora ngerti wangsulane. Mur mung bisa plompang-plompong kaya sapi ompong.

"Mur" dumadakan Bu Kardiman ngundang jenenge.

"Inggih Buk-e?" gragapan Mur wangsulan.

"Saiki, tas karo sing diasta Mak-mu, eh Ibumu  lebokna Kamar Tamu sisihe kamar sing diagem Budhe Narti kae. Ibumu dherekna mrana, nek ngersakne siram lan leren dhisik" Bu Kardiman aweh prentah marang Mur sing diterusne kandha marang Yang Yem "Bu Dar, samangke mangga kagem siram rumiyin lan kendel sakedhap, mangke dipun sambet malih anggenipun awake piyambak kangen-kangenan".

"Inggih Dhik, eh Bu" Yang Yem wangsulan alon.

"Sampun ngewah-ewahi adat ta Bu, kalih kula nggih boten sisah mawi basa, kados rumiyin nika lho?" Bu Kardiman nyauti tembunge Yang Yem sing ngowahi pangundange saka Dhik arep diganti Bu. Banjur kandhane maneh marang Mur :

"Mur, mengko gaweyan liyane ben ditandangi mBok Ti, awakmu tak dhawuhi ngancani Ibumu nek Ibumu ngersakne apa-apa sing ladenana sing becik, awakmu kudu bekti karo wong tuwa".

Sadurunge Yang Yem mangsuli kandhane bojone, Pak Kardiman ngadeg karo pamitan :

"Nyuwun pangapunten Bu Dar, niki kula tilar rumiyin, badhe glidhig. Bu Dar sampun daya-daya kondur, kondur benjang menawi sampun sewulan napa kalih wulan dhateng mriki".

Sawuse Yang Yem mlebu kamar dikancani Mur, Pak Kardiman budhal menyang kantor, Bu Kardiman banjur nggoleki mBok Ti sing lagi kelut-kelut neng cedhak garasi.

"mBok tulung mengko gaweyane Mur sampenen pisan, banjur esuk iki olaha sarapan sing enak, sarapan cara desa wae, sega pecel karo ayam goreng, gajege kajaba njahit Bu Kristin ngarepan kuwi ya nyambi dodol sambel pecel Madiun ta? Ayame bisa kok pesenke nggone Warung SERBA AYAM KAMPUNG ngiras kowe golek sayuran neng prapatan kulon kae" Bu Kardiman aweh prentah marang mBok Ti sing durung pati mudheng karo kedadeyan sawuse Mur karo Mak-e teka saka Stasiun esuk iki mau.

"Inggih Buk-e" mBok Ti wangsulan cekak.

"Mengko wae tak critani, jebul aku wis dosa gedhe marang Mur lan Mak-e, ya saka ora ngertiku sapa satemene Murjiyati kuwi" kandhane Bu Kardiman maneh.

"Inggih Buk-e" mBok Ti mung bisa wangsulan cekak karo ngrampungne nggone kelut-kelut.

Sauntara kuwi, Yang Yem wis rampung olehe adus lan reresik awak. Rasane dadi seger sawuse sewengi utuh lungguh neng kursi kayu neng gerbonge Sepur Tatarmaja. Neng meja kamar sing dienggoni wis cemawis kopi panas sing dicepakne Mur pas Yang Yem adus mau. Gandheng ora kulina, nadyan neng kamar kono wis cemawis meja lan kursi, Yang Yem malah milih lungguh neng jogan sing digelari karpet babud karo nylonjorne sikil.

"Kok lungguh neng ngisor ta Mak?" Mur nakoni Mak-e karo mapan lungguh neng ngarepe "Kopine tak dhukne ya?".

"Ora sah nDhuk, mengko wae tak ombene nek wis adhem" wangsulane Yang Yem "wong neng omah Mak-e ora kulina ngombe kopi kok. Oh, iya neng kerdhus kuwi Mak-e nggawa jadah ketan ireng, karo wajik sing nggawani Bu Mandhor ngge oleh-oleh kowe, ya nek anu didumne kanca-kancane kana ta, arep tak aturne Dhik Bekti, Mak-e ora wani, wong kuwi panganane wong ndesa".

"Dhik Bekti ki sapa Mak? Nek Ibuk-e ki seneng banget lho karo sing jenenge Jadah apa wajik ngene iki" Mur mbukaki isine kerdhus.

"Asmane Ibukmu kuwi sing asli rak Sri Subekti? Ya sokur ta nek Ibukmu mengko kersa".

"Iya, tak gawane neng pawon dhisik ya Mak? tak irisane neng kana, Mak-e neng kene wae dhisik ya?" Mur arep ngangkat gawane Mak-e kuwi menyang pawon.

Durung nganti Yang Yem wangsulan, dumadakan lawang kamar dithothok saka njaba. Mur ngadeg, mbukak lawang arep ndelok sapa sing teka.

"Oh, Ibu? Mangga Bu pinarak nglebet" kandhane Mur, jebul sing nothok lawang kuwi mau Bu Narti sing wingenane ngongkon Mur supaya yen ngundang ora Budhe nanging Ibu.

"Iya Nak Mur, Ibu kepengin sowan Ibuk-e Nak Mur ngiras tepungan" wangsulane Bu Narti karo mesem. Mur bener-bener sansaya gumun, ingatase Bu Narti kok olehe muni "arep sowan" marang Mak-e sing mung babune Bu Mandhor sing omahe mung mondhok neng lemahe Desa.

"Inggih Bu mangga" Mur nisih aweh dalan marang Bu Narti, banjur oomong marang Mak-e "Mak, iki lho Ibu sing daleme Gunung Putri, mBakyune Ibuk-e".

"Mangga-mangga Bu pinarak nglebet mriki" Yang Yem, ngadeg mapagne Bu Narti sing isih ngadeg ana ngarep lawang.

 

 

ana candhake

TEMBANG CEMPLANG 47

 

dening: IMMIR

 

47.

Ora mung Yang Yem dhewe sing kaget, sandyan Mur kaya ora percaya karo panyawange mripate. Malah Mur banjur nggagas, iki kedadeyan ing alam nyata apa mung ing pangimpen?. Bola-bali mripate diucek-ucek, nanging panggah sing disawang ora ilang. Iki nyata, ora ngayawara. Semono uga Yang Yem, sing selawase urip durung tau ana wong sing salaman karo dheweke kanthi cara mangkono iku kajaba mung anake wedok sithok kuwi thok. Mula bareng sadar, cepet-cepet Yang Yem nggeret tangane, mripate kaya wong weruh barang sing aneh manther nyawang mripate wong lanang sing lagi wae ngambung tangane kuwi mau.

"Inggih Buk" wong lanang kuwi sajak ngerti isen-isening atine Yang Yem sing gemronjal ora karuwan "dipun tepangaken kemawon, kula Sujud lare kleyang kabur kanginan ingkang lajeng kapupu dados yoganipun Bu Narti, mBakyunipun ipe Bulik Kardiman ingkang dipun suwitani Dhik Mur".

"O, inggih-inggih Mas" wangsulane Yang Yem sawise gemronjal ing dhadhane krasa suda "nggih kula niki Mak-e Mur".

"Inggih Mas Sujud, punika tiyang sepuh kula" Mur melu ngenalne Mak-e marang Sujud.

"Iya" wangsulane Sujud marang Mur "ayo saiki ndang bali wae, selak diantu-antu karo Bulik mengko".

Muni ngono kuwi Sujud karo nyandhak kerdhus gawane Yang Yem banjur dicangking, tas cilik wadhah salin banjur disaut Mur. Wong telu banjur mlaku marani mobile Sujud sing neng parkiran.

"Kala dalu kula kaliyan Ibu rak ngepasi sanja dhateng Jakarta ta Buk" Karo nyetir Sujud mbukak omongan ben ora sepi merga kabeh mung meneng-menengan "Ibu ngersakaken sare ing dalemipun Bulik, sareng ngertos Ibuk badhe rawuh Jakarta, lajeng kaliyan Ibu kula kadhawuhan ndherek Dhik Mur methuk Ibuk dhateng setasiun".

"Inggih Mas" Yang Yem sing lungguh jejer karo Sujud neng kursi ngarep wangsulan "kala wingenane kula rak matur Ibuk-e Mur, menawi kula dereng sumerep margi-margi ing Jakarta, lha tiyang kula niki tiyang dhusun ingkang dereng nate sumerep kitha? Lajeng Ibuk paring dhawuh menawi badhe dipun pethuk kaliyan Mur, sareng ngaten kula inggih wantun menawi namung nunggang sepur dumugi setasiun Gambir mawon, ndelalah wau dhateng sepur nggih panggih tiyang sae, ingkang ngancani kula ngantos kepanggih Mur niku wau".

"Sakjane rak ngaten ta Mas?" Mur nrambul melu omong "suwaunipun kula kaliyan mBok Ti semadosan badhe pados taxi kangge mapag Mak-e niki, tiyang kula nggih dereng apal, angkot napa bus kota pundi ingkang saged ditumpaki. Lajeng Bapak dhawuh dhateng Ibuk-e bilih Mas Andhik dinten punika boten kaampil Bapak mbantu sopir Kantor, lajeng Ibuk-e ndhawuhi kula supados nyanjangi Mas Andhik bilih kalih Ibuk-e kadhawuhan mapag Mak-e kula dhateng Stasiun. Kok dumadakan enjing saderngipun subuh wau, Ibu nimbali kula paring dhawuh menawi kula kapurih ndherekaken Mas Sujud dhateng stasiun, nggentosi Mas Andhik mapag Mak-e kula. Mula kalih bidhal wau kula nggih radi kirang sekeca, mosok Mas Sujud lha kok arep mapag Mak-e, rak ketingal aneh semu lucu ta Mas? milanipun wau dhateng Margi kula nggih mendel mawon".

Sujud ngguyu krungu kandhane Mur sing blaka ngono kuwi, pancen ora aneh karo sing diomongne Mur ngono kuwi. Sanadyan wis mardika, nanging sisa-sisa mikir cara jaman feodal kuwi isih akeh sing ngugemi lan ngecakne ing panguripane. Isih akeh wong sing nyawang remeh marang wong nyambut gawe dadi rewang, dadi buruh kasar lan sajinise. Kamangka tanpa rewang, tanpa buruh kasar, tanpa wong tani wong-wong sing jarene kinurmat uripe kuwi ya bakal repot lan ora bisa ngrampungne gaweyane. Ing jaman saiki kudune wong sing dianggep manggon ana dhuwur sajroning urip neng donya kuwi miwiti nggunakne cara mikir sing luwih klebu ing nalar, lire wong urip kuwi siji lan sijine padha dene olehe mbutuhake. dadi drajate padha, endi sing mbutuhne kudu dibantu jumbuh karo kabisane dhewe-dhewe.

"Sing aneh kuwi malah caramu mikir Dhik" sawuse rampung guyune Sujud kandha.

"Aneh kados pundi Mas?" Mur takon.

"Ya aneh , wong aku ya longgar tur bisa nglakoni, nek Mas Andhik sanajan bisa rak jan-jane durung karuwan yen longgar tenan? sawayah-wayah baune dibutuhne dening Paklik utawa Bulik, ya ta? Dadi wis pas nek luwih becik aku sing budhal mapag Ibuk nyang Stasiun, ngajak Dhik Mur merga aku durung tau weruh lan ngerti Ibuk. Paham?".

"Inggih Mas" Mur wangsulan alon "nanging lucunipun punika, tiyang Mak-e niku namung Mak-e kula, Mak-e PRT utawi kasaranipun Mak-e babu mawon lho, kok ingkang mapag malah Mas Sujud, niku upami dirakit dados cariyos utawi dados tembang ngaten dados Tembang Ingkang Cemplang ngaten lho Mas?".

"Apa tembang cemplang?" Sujud ngguyu maneh "iki sing luwih lucu maneh. Dhik Mur aja katut karo wong sing ora ngerti, sanajan jarene wong sing ora ngerti kuwi klebu wong pinter. Wong sing tak arani ora ngerti kuwi, wong sing seneng mbedak-mbedakne pangkat, drajat, kasugihan ing papan sing ora pas. Pancen bener antarane Rewang karo Majikan kuwi drajate ora padha, nanging kudune sing dadi Majikan ya ora banjur gumedhe rumangsa mung bisa mbayari rewange, ora ngelingi nek ora ana rewang, majikan kuwi bakal kerepotan. Padha karo rewang nek ora ana majikane banjur arep ngrewangi sapa?. Mula aku meling, kuwi nek Dhik Mur ora kabotan lho?".

"Meling punapa Mas?" Mur nyela takon "badhe kula estokaken welingipun Mas Sujud dhateng kula".

"Meling, saupama mbesuk ana wolak-waliking kahanan, Dhik Mur banjur bisa ngereh Rewang, aja banjur rumangsa dumeh bisa ngereh, luwih prayoga lan luwih becik nek Dhik Mur mbesuk kersa nganggep rewang kuwi  wong sing wis nulungi Dhik Mur aweh bebantu nyuda karepotane Dhik Mur, mathuk apa ora?" Sujud mangsuli pitakone Mur.

"Inggih Mas, welingipun Mas Sujud mesthi kula estokaken" Mur nanggapi, banjur ngguyu cemplang "nanging kok nggih kados ngayawara ta Mas menawi kula mbenjing saged dados tiyang ingkang ngerehaken rewang?"

"Aja ngono olehe mikir" Sujud ngandhani Mur "sing bisa gawe sugih mlarate manungsa kuwi Gusti Allah, manungsa mung bisa mbudidaya thok. Aja mung nganggo wewaton siji thok wong sing sregep nyambut gawe mesthi dadine sugih, kuwi ora luput nanging nyatane akeh wong sing nyambut gawene nganti teken janggut suku jaja, nanging uripr panggah mung pas-pasan, malah sok-sok ya isih kurang. Ana maneh sing katone olehe nyambut gawe mung samadya nanging nyatane asile gedhe. Kuwi merga apa? Merga sing nduweni kasugihan ki Gusti Allah terus dititip-titipne marang kawulaNe, ana sing dititipi akeh, ana sing dititipi sethithik. Lha wektu iki sing dititipne Dhik Mur kira-kira durung pati akeh, sapa sing bisa ngalang-alangi nek mbesuk-mbesuk dening Gusti Allah sing dititipne Dhik Mur luwih akeh tinimbang sing dititipne marang Bulik utawa Paklik Kardiman?".

"Inggih Mas, kula saged nampi" wangsulane Mur alon.

Ora krasa, disambi omong-omongan lakune mobil sing disetiri Sujud wis tekan regol sing dijaga Marsana. Ngerti nek sing teka Sujud, Marsana mbukak lawange regol aweh dalan marang Sujud sing arep nglebokne mobile menyang plataran omahe Pak Kardiman. Sujud noleh menyang Marsana karo mesem aweh kurmat, banjur nggiring mobile mlebu plataran.

Sawise mobil mandheg, Sujud ndhisiki mudhun, mbukakne lawang kanggo Yang Yem supaya bisa mudhun. Mur nututi mudhun. Banjur ngajak Mak-e mlebu omah, ora liwat lawang ngarep. Nanging liwat lawang garasi, sing tembusane pawon sing cedhak kamare Mur lan mBok Ti. Pas tekan lawang butulan saka ruang tengah, Mur mandheg, Yang Yem melu mandheg, saka njero omah Bu Kardiman ngepasi mlaku metu. Weruh nek Mur wis teka ditutne Mak-e, Bu Kardiman suwe olehe ngulati sing lagi teka, dumadakan saka lambene Bu Kardiman mencolot suwara pitakon klawan rasa kaget :

"Bu Daryana............?"

Yang Yem melu kaget, banjur nyawang sing nyebut jeneng sing suwe ora kocap kuwi. Yang Yem, blangkemen ora bisa ngucap apa-apa.

 

ana candhake.

Kamis, 02 September 2021

TEMBANG CEMPLANG 46

 

dening: IMMIR

 

46.

Let sedina karo anggone Bu Kardiman Transfer dhuwit, Yang Yem sida budhal menyang Jakarta. Numpak sepur Tatarmaja sing rega karcise ora larang. Sadurunge budhal mau Yang Yem isih kober pamitan marang Bu Mandhor menyang omahe. Senajan mengko Bu Mandhor bakal tandang gawe dhewe sasuwene Yang Yem neng Jakarta, nanging ing atine ora ana rasa gela utawa cuwa marang Yang Yem, malah Bu Mandhor kepara nyengkuyung anggone rewange kuwi menyang Jakarta. Bu Mandhor duwe panemu yen neng Jakarta anake Yang Yem kuwi diasihi majikane. Bu Mandhor uga duwe rasa sujana marang anake kuwalon, Nita, sing duwe karep ngolehne Mur karo kancane sing jare Pengusaha Sugih nanging olehe arep ngepek Mur dadi bojone mung kepengin nganggo nikah sing ora resmi. Iki genah nek mung arep ndadekne Mur minangka wanita simpenan thok, diuja bandha nalika isih ayu rupane seger awake, nek wis ilang ayune mesthi banjur dibuwang kaya buntel panganan sing dibuwang menyang pauwuhan. Kamangka Mur kuwi bocah sing isih suci, durung tau kegepok wong lanang, lha wong Bu Mandhor kuwi biyen sing mung drajate wadon palanyahan wae, nalika Mandhor Takat nembung njaluk supaya dheweke mung dadi duweke Mandhor dhewe, dheweke gelem nek diijab kanthi resmi, ora mung dadi wanita simpenan, sing wekasane ndadekne uripe bisa mentas saka urip sing nistha, lan mbuh ditampa karo sing kuwasa mbuh ora, nyatane dheweke bisa mertobat.

"Mesthine awakmu mengko neng nggone Mur ya ana sepasar bisa uga punjul lho Yem" kandhane Bu Mandhor sawuse rampung olehe aweh pitutur sacukupe.

"Lha duka niku mengke" wangsulane Yang Yem "mesthine nggih ndherek kalih kersane bendarane Mur ta Bu? wong kula mrika niku rak nggih awit saking rerigene mrika?".

"Ya ora apa-apa rada suwe neng kutha, karo nglereni awak Yem" Bu Mandhor mesem lega "karepku ngene, ben mengkone aku ora diluputne karo Nita, aku ya njaluk awakmu gelem sethithik edhing".

"Sethithik edhing pripun Buk?" Yang Yem takon.

"Ngene, nek awakmu wis oleh rong dina neng Jakarta Nita arep tak kabari nek kowe niliki Mur, dadi Nita ora nyalahne aku merga dikira ngojok-ojoki kowe supaya ora nggugu eguhe Nita bab Mur kuwi. Ngerti karepku ta?" Bu Mandhor wangsulan karo takon.

"Nggih ngertos" wangsulane Yang Yem "nanging, mengke nek Dhik Nita nusul mrika pripun?".

"Kaya sing tak omongne mau, kowe mengko ngomonga sak wutuhe marang bendarane Mur karo omonga pisan nek kowe ora mathuk karo eguhe Nita, banjur pasraha njaluk tulung murih apike piye, ngono wae. Dadi upama mengko Nita nusul kowe, sing mangsuli omongane Nita ben bendrane Mur".

"Inggih Bu" Yang Yem wis mudheng karo sing dikarepne majikane.

Jam lima sore sepur jurusan Blitar-Madiun-Jakarta mangkat saka setasiun Kedunggalar. Yang Yem sing gawane ora pati akeh, mung tas cilik wadhah salin karo kerdhus cilik isi oleh-oleh kanggo anake, oleh lungguhan sing kepenak. Kursi ngarep Yang Yem dilungguhi bocah lanang loro, jejere Yang Yem bocah wedok sing kira-kira rada tuwa sethithik karo anake wedok.

"Badhe tindak pundi Bu?" bocah wedok sing neng jejere Yang Yem kuwi ngajak omong.

"Arep Jakarta mBak, jarene mau kon mudhun Setasiun Gambir" wangsulane Yang Yem "Lha slirane?".

"Sami Bu kula mangke nggih mandhap Gambir" wangsulane bocah wedok kuwi.

"Tiyang sekawan niki mangke sami Bu" bocah lanang sing ana ngarepe nrambul gunem "mandhap Gambir sedaya. Ibuke badhe tuwi sedherek nggih?".

"Anu arep niliki anak, Mas" wangsulane Yang Yem .

"Putrane daleme Jakarta nggih Bu?" bocah wedok sing neng jejere takon.

"Ora, mBak anakku ki mung ndherek, kasarane ya dadi babu neng Jakarta, lha wingi bendarane telepon ngabari nek anakku kuwi kangen mbokne, banjur karo bendarane anakku aku dikon nyang Jakarta anakku ora bisa tilik omah merga repot" wangsulane Yang Yem bares.

"Putrane Ibuke niku angsal majikan sing sae Buk" Bocah wedok kuwi omong "kula teng Jakarta nggih mbabu kok Buk, ning majikan kula niku tiyange "etungan" , njing riyaya niku kula boten oleh mulih, nek kangen omah ken wangsul sasi-sasi ngeten niki, ning nggih niku nggih dipotong gaji".

"Nek kados kula ngeten niki lho Buk, sawayah-wayah pengin mulih boten enten sing menging, mulih nggih boten dipotong gaji" Bocah lanang sing dhek mau omong melu nyaut gunem maneh.

"Ning boten dibayar" bocah lanang sijine sing maune meneng wae, melu omong karo ngguyu. Kancane karo bocah wedok sing lungguh jejer Yang Yem melu ngguyu.

"Ampun gumun Buk" bocah lanang sing omong keri kuwi nutugne omonge "kula lare kalih niki sami-sami kuli bangunan, buruh harian nek mlebu nggih dibayar nek boten nggih boten".

Yang Yem mung mesem wae.

"Anu lho Buk, nek ngersakne tilem njenengan tilem mawon, kula tak sing melek, merga nek tilem danten sok enten tukang ngutil mider sing pados asil" bocah lanang kuwi ngandhani Yang Yem.

"Ya apike, turune gentenan wae Mas" sing nyauri bocah wedok sing ana jejere Yang Yem.

"Ora apa-apa mbak, sampean turu dhisik wae, cah loro iki nek neng sepur utawa kendaraan gak tau bisa turu kok" bocah lanang kuwi aweh wangsulan.

Sepur ora leren-leren anggone mlaku. Jam lima esuk mlebu stasiun Gambir. Wong papat kuwi bareng-bareng mlaku arep mudhun. Kerdhus gawane Yang Yem digawakne dening bocah lanang sing lungguh neng ngarepe mau. Bocah lanang sijine nggawakne tas gedhe gawane bocah wedok sing lungguh neng jejere Yang Yem.

"Sampean Naksi mBak?"  bareng wis tekan ngisor bocah lanang kuwi nakoni bocah wedok sing dibantu nggawakne tase mau.

"Iya Mas, lha sampean?" sing ditakoni genti takon.

"Aku mlaku wae, wong arep njujug proyek kok, nggone ora adoh" wangsulane bocah lanang mau sing banjur takon menyang Yang Yem "lha ibuke?".

Durung nganti Yang Yem wangsulan, dumadakan Mur teka karo nyeluk simboke:

"Maaaaak......." setengah mlayu Mur marani Yang Yem terus dirangkul.

"Iya" Yang Yem wangsulan karo omong menyang kancane barengan neng sepur mau :

"Iki anakku wedok Mas, mBak. Aku dipapag".

Mur banjur ngingeti wong-wong kuwi, ngethungne tangan ngajak salaman karo mesem.

"Matur nuwun lho Mas, mBak.... wis ngancani Mak-ku" kandhane Mur karo mesem seneng.

"Ya, Mbak padha-padha" wangsulane bocah lanang karo bocah wedok mau meh bareng "ya wis yen ngono, aku tak nerusne laku ya?".

"Inggih Mas, matur nuwun sanget".

"nGgih sami-sami" bocah lanang kuwi mangsuli banjur mlaku ninggalne Yang Yem Karo Mur.

"Aku ya tak terus ya mBak, kula riyin nggih Bu?" bocah wedok sing mau melu pamitan.

"Nggih mBak matur nuwun" wangsulane Yang Yem karo Mur bareng.

Sawuse wong-wong kuwi padha lunga, Yang Yem banjur nakoni anake :

"Iki terus nyang ngendi ndhuk? numpak apa maneh?".

Mur ngguyu banjur semaur :

"Ya nyang daleme Ibuk-e ta Mak, iki mau aku diterne ......."

"Rencangipun Buk" dumadakan neng sisihe Mur wis ngadeg wong lanang sing lagi nyekeli kunci mobil sing banjur ngethungne tangan ngajak salaman Yang Yem. Wong loro kuwi padha kaget, ora ngerti nek ana wong sing marani. Luwih kaget maneh bareng Yang Yem nampani tangane sing ngajak salaman, tangane Yang Yem digegem kenceng banjur diambung kaya lumrahe anak sing salaman karo wong tuwane ngana kae.

 

ana candhake.

Rabu, 01 September 2021

TEMBANG CEMPLANG 45

 

dening: IMMIR

 

45.

Ngerti nek Andhik karo Marsana mlebu Mur mandheg sedhela, nanging ora omong apa-apa, banjur nerusne olehe mlaku arep menyang papan anggone jagongan para bendarane. Saklebatan Mur weruh mripate Andhik sing owah dadi mencereng, nanging Mur ora ngerti sing dadi sebabe. Najan mangkonowa, ing atine Mur banjur tuwuh rasa sing ora kepenak, nanging banjur ketutup karo mikirne gaweyane, yaiku ngaturi Bu Kardiman yen olehe tata dhahar wis rampung. Mengko wae, nek karo mangan bareng, Mur arep nakoni Andhik ya gene Andhik mliliki dheweke iki mau, ben ora ndedawa panyakrabawa sing ala.

"Lha awakmu karo bocah-bocah apa ya wis padha maem?"  Bu Kardiman takon, nalika Mur bubar atur uninga yen anggone tata dhahar wis rampung.

"Ingkang sampun mlebet nembe Mas Andhik kaliyan Mas Marsana" wangsulane Mur "inggih sakedhap malih rak mlempak sedaya lajeng sami nedha sesarengan".

"Yen ngono, awakmu karo mBok Ti maeme bareng karo Budhe Narti wae, kana mBok Ti kandhanana" Bu Kardiman dumadakan prentah sing tumrape Mur prentah sing aneh, ora kaya padatane. Mula Mur ora enggal ngalih, kaya-kaya ora percaya karo sing dikandhakne majikane.

"Dikandhani kok ora ndang dilakoni ta Mur? kok malah plenggang-plenggong kaya sapi ompong?" Bu Kardiman ngelokne Mur "kana ndang budhal, nek piringe kurang nyangking pisan".

"Inggih Buk-e" Mur wangsulan banjur ngalih mbalik nyang panggonane mBok Ti sing lagi lungguh awor karo wong-wong liyane.

mBok Ti, Marsana, Andhik, Sadi karo Singgih wis padha mapan lungguh neng kursine dhewe-dhewe. Ngerti Mur wis teka, Sadirun banjur arep nyandhak enthong nyidhuk sega.

"nDang ta Mur, dienteni kok suwe temen?" Singgih alok menyang Mur karo mesem.

"Iya Mas Singgih, disekecakne dhisik olehe olehe padha dhahar" Mur wangsulan banjur kandha marang mBok Ti "mBok, nyang Ibuk-e didhawuhi ndherekne Budhe Narti dhahar neng ruang makan".

"Apa? aku didhawuhi maem neng kana?" mBok Ti takon semu ora percaya "awakmu ki guyon apa klecon?".

"Iya, ayo. Sing didhawuhi sampean karo aku" Mur negesne omonge.

mBok Ti ora sida imbuh sega, banjur ngadeg arep mara menyang ruang makane Bu Kardiman ditutne Mur sing mlaku ana mburine.

"Rumangsaku dina iki mau kok beda banget karo dina-dina liyane ta?" bareng Mur karo mBok Ti wis ngalih, Marsana karo imbuh sega ngomongne rasa gumune.

"Pancen iya kok Mas" Andhik nyauti cluluke Marsana "wiwit esuk mau, aku weruh Mur telepon nganggo hapene Bosse, banjur Bosse ya melu omong neng telepon kuwi mau. Gek ketoke bar telepon bosse ketok nek seneng, banjur sampean weruh saiki driji manise Mur wis ana ali-aline lho?!? Atake.......".

"Atake apa Bro?" Singgih nyaut tembunge Andhik sing ora dirampungne "Mur telepon nganggo hapene Bosse ki sing ditelepon sapa? omong apa?".

"Aku ya ora ngerti" Andhik wangsulan "wong weruhku ki mung saka kadohan, aku neng lawang garasi, gek Mur karo Bosse neng ngarep lawang butulan sing mburi kae, dadi aku ya ora krungu".

"Lha bar telepon apa Mur ora nyoba kok takoni?" Marsana takon.

"Ora kober mas" wangsulane Andhik "wong bar Mur telepon mau banjur Budhe Narti karo Mas Sujud teka mau, dadi Mur ya terus ora bisa dicedhaki wong banjur repot karo gaweyane, banjur aku nusul sampean nyang gerdhu mau apa?".

"Terus saiki Mur karo mBok Ti malah dikongkon mangan bareng karo Bosse?" Sadirun sing maune mung meneng genti melu omong.

"Lha iya? eneng apa ya iki mau? sing rada dadi pikiran ki malah saiki Mur wis nganggo ali-ali kuwi lho?" Andhik mangsuli sajak ora seneng atine.

"Lha mau sampean ngomong atake ta? atake apa Bro?" Singgih takon.

"Atake tanpa awake dhewe weruh Penjahir ngarepan kuwi wis nembung dhewe nyang Boss wedok? Merga dhek emben kae Boss wedok tau omong sajake Tanta ki kepencut karo Mur, gek Boss wedok ki ya padha karo mBok Ti, olehe ngalembana wong ngarepan saanake ki nganti sundhul langit ngana kae. Atake ali-ali sing dienggo Mur kae olehe menehi Tanta, ketitik dienggo neng driji manis sisih kiwa, nek wis gelem nganggo barang pawehe wong lanang, tegese Mur wis nampa katresnane wong sing menehi barang kuwi. Dadi sasuwene iki Mur blas ora nggatekne kabecikan saka awake dhewe" kandhane Andhik ketok nek lagi gela.

Wong-wong ora ana sing semaur maneh, malah banjur padha telap-telep anggone mangan. nDhog  kamal asin sing kudune jatahe mBok Ti karo jatahe Mur dening Sadirun karo Singgih disikat pisan. Mung Andhik sing mangane sethithik, malah piring sing adate resik, awan kuwi isih ana sisa sega sing ora dipangan.

Sauntara kuwi sing neng ruang makan jero, Bu Narti ora leren-leren anggone ngalembana Mur sing masakane sing jarene ngalahne masakane koki hotel bintang lima. Sing dialem mung meneng ora semaur apa-apa. Bu Kardiman sing saben dina mangan olah-olahane Mur, tiru-tiru Bu Narti melu ngalembana Mur pisan.

"Sing dingendikakne Budhe Narti kiuwi tenan Mur" kandhane Bu Kardiman "olah-olahanmu kuwi bener-bener kena dirasakne. Nanging ya kuwi, awakmu ya kudu ngerti sirikane supaya masakanmu panggah enak lan kena dirasakne".

"Sirikanipun punapa Buk-e?" bareng sing omong Bu Kardiman Mur wani takon.

"Sirikanmu awakmu aja olah panganan yen atimu lagi ora kepenak, sedhih, gela, bingung lan sapiturute. Nek atimu lagi seneng panganan sing kok olah mesthi mirasa, sansaya seneng atimu sansaya enak rasane panganan sing kok olah" Bu Kardiman ngandhani Mur murih enake panganan sing diolah.

"Layak ta?" dumadakan mBok Ti melu cluluk.

"Layak apane mBok?" Bu Kardiman takon.

"Kala emben nika olah-olahanipun Mur kraos cemplang boten wonten raosipun, sareng Ibuk-e ngendikan kula nembe kemutan, kala emben nika Mur nembe mawon muring-muring kaliyan kanca-kanca" wangsulane mBok Ti karo mesem.

Mur mleruk karo nglirik mBok Ti. Bu Kardiman ngguyu. Bu Narti ba njur melu mbumboni :

"Ya mbesuk nek wis omah-omah, kakunge kudu dikandhani nek kepengin mangan panganan sing enak rasane, aja nganti cilik gawe gela gedhene gawe sedhihe Nak Mur".

"Lha ingkang kadhawuhan ngandhani sinten Budhe?" mBok Ti takon karo rada ngguyu.

"Ya Ibune ta mBok" Bu Kardiman sing mangsuli karo ngguyu.

"Oh iya, Mur iki mau Budhe Narti meling nyang Ibuk, supaya ngandhani awakmu" dumadakan Bu Kardiman omong bab liya.

"Punapa Ibuk-e?" Mur takon.

"Paring dhawuh piyambak punapa siyos kula wakili mBakyu?"  Bu Kardiman genti nakoni mBakyune Ipe.

"Panjenengan dhawuhne wae ta Dhik" wangsulane Bu Narti "merga aku ki nek omong sok kamisosolen, angel ditampa".

"Inggih sampun" Bu Kardiman kandha kanthi sareh "wiwit dina iki,  Budhe Narti luwih remen yen kok aturi Ibu, Mur, ora Ibuk-e, tinimbang kok aturi nganggo tembung Budhe. Dadi awakmu nek ngaturi Ibuk-e, kuwi tegese nyebut aku, ning nek nyebut Ibu, kuwi marang Budhe Narti. Ngerti?"

"Inggih, ngestokaken dhawuh Buk-e" Mur wangsulan. Tumrape Mur apa sing diprentahne bendarane waton ora cengkah karo paugeraning urip kuwi ora kena dibantah, wajib dilakoni.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...