Total Tayangan Halaman

Kamis, 23 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 39


39.

Dangu Darim lan para santri pandherekipun Sunan Kudus ngrantos ing Pendhapa kempal kaliyan para Prajurit ingkang nembe jagi. Nanging para abdi dalem Kasultanan ugi boten nglirwakaken ing kuwajibanipun njyugata tamu. Darim lan para pandherek sami kaparingan tedha saha ngunjuk sakcekapipun. Sareng sampun radi dalu, Kanjeng Sunan Kudus miyos saking kedhaton, para pandherek sami daya-daya mapagaken, sami nyadhong dhawuh punapa ingkang kedah katindakaken sasampunipun Sunan Kudus pepanggihan kaliyan Kanjeng Sultan Trenggana. Kanjeng Sunan Kudus lajeng lenggah ing pendhapa lan para pandherek kalebet Darim kadhawuhan mirengaken dhawuh-dhawuh ingkang badhe dipun ngendikakaken.

"Para pandherek kabeh lan sira Darim" Sunan Kudus miwiti pangandikanipun "anggonku rerembugan karo ngersa dalem wis rampung, lan wengi iki uga sira kabeh arep tak ajak bali menyang Kudus, kajaba si Darim".

"Wonten dhawuh punapa dene kula boten kaparengaken ndherek wangsul dhateng Kudus Kanjeng Sunan?" semu kaget Darim nyuwun pirsa "punapa kula nindkaken kalepatan temah kedah kapidana ing Demak mriki?".

"Sliramu ora luput Darim" Sunan Kudus paring wangsulan kaliyan mesem "yen sliramu ora tak ajak bali menyang Kudus kuwi ora ateges aku ora ngeparengake sira bali menyang Kudus. Nanging sliramu nampa dhawuh saka Kanjeng Sultan kanthi layang kekancingan sing saiki isih tak gawa iki".

"Kula nampi dhawuh saking Kanjeng Sultan Kanjeng?" Darim sansaya bingung manahipun, langkung-langkung sareng Sunan Kudus ngedalaken bumbung isi Serat Kekancingan ingkang ugi katapakastani dening Kanjeng Sultan Demak Bintara.

"Bener pancen mangkono" Sunan  Kudus paring wangsulan "sumurupa, jebul ora mung sliramu sing wis nampa sasmitaning Gusti, nanging Kanjeng Sultan jebul uga nampa sasmita, dene isine sasmita kinen nimbali aku sarta supaya matur kanthi blaka apa aku lagi wae nampa siswa anyar sing lagi ngupaya wong sing ngerti lan bisa ditakoni mungguh sing dadi pepenginane siswa anyar mau. Sasmita iki katampa dening Kanjeng Sultan ambarengi tekane Darim ing Panti Kudus. Mula aku ya banjur apa anane bab siswane Ki Gedhe Kebo Kenanga sing diutus gurune supaya nemoni aku. Uga tak aturake manawa siswane Ki Gedhe Pengging kuwi saiki uga tak kanthi menyang Demak. Anane sasmita rukyah shahihah sing sira tampa, uga sesawangan sing mau esuk sira weruhi kabeh uga tak aturake".

Sunan Kudus kendel sakedhap anggenipun ngendika, Darim lan para santri ingkang ndherek sami kasengsem katungkul mirengaken punapa ingkang dipun ngendikakaken dening Sunan Kudus, nanging boten wonten ingkang wantun matur anyelani.

"Bareng aturku wis rampung" Sunan Kudus nglajengaken pangandikanipun "Kanjeng Sultan banjur ngasta layang kekancingan sing ana jerone bumbung iki. Dene isine layang kekancingan iki yaiku Kanjeng Sultan ndhawuhake marang Darim supaya yasa padhukuhan sarana mbabat alas ing papan ngadege teja sing diweruhi dina iki mau. Aku uga banjur gawe dudutan mbok menawa, iya ing papan sing arep kok babat mengko pepenginanmu ngaweruhi sapa wong tuwamu bakal oleh wangsulan. Mula aja kesuwen bengi niki uga prayogane sira budhala mangetan tumuju arahing Teja sing nyada lanang mau. Lamun lakumu wis tekan papan Teja ora bisa disawang maneh, lire sliramu wis ora weruh Teja kuwi mau, ing kono wiwitana nggonmu nidakne dhawuhe Kanjeng Sultan Trenggana iku mau".

"Menawi makaten dalu punika, Kanjeng Sunan lan kadang santri badhe kundur dhateng Kudus lan kula nglajengaken lampah mangetan semu mangidul Kanjeng?" darim miterangaken malih dhateng Sunan Kudus.

"Bener mangkono, lan iki kanggo sangumu tampanana : siji dhuwit mas lan dhuwit perak sakanthong cilik, dhuwit iki peparinge Kanjeng Sultan marang sira sing dinaku minangka abdi Kasultanan Demak, jangkep kang angka loro, iki ana kitab cilik isi ngilmu kanuragan yasane Kanjeng Pangeran Handayaningrat uga Ki Ageng Pengging Sepuh, sing biyen diparingake marang aku sadurunge aku budhal nglurug menyang Majapahit midana Girindrawardana. Saiki kitab cilik iki tak paringake marang sira minangka ahli waris paguron Pengging, muga-muga ana guna lan paedahe. Dene sing kaping telune, jaran putih sing kok tunggangi mau tetepa dadi duwekmu nganti sak matine".

Cekaking cariyos, dalu punika Darim siyos bidhal mangetan klawan sangu ingkang kasebataken kala wau. Nalika gagat rahina kalih lumampah ing nginggiling kapal, Darim ngulati Teja ingkang dipun tingali kala wingi, taksih katingal manther, nyada lanang. Darim inggih lajeng nerusaken lampah malih. Ngantos pinten-pinten dinten Darim lumampah, kendelipun namung saperlu ngendelaken kapal murih nedha suket sarta boten katelasan napas. Lan saben enjing boten supe ningali teja ingkang nyada lanang ing imbang wetan taksih ketingalan, pramila Darim inggih dereng wantun ngendhegagaken lampahipun. Nadyan nglangkungi padhusunan ugi wana tuwin bulak ingkang panjang, suprandene Darim babar pisan boten gadhah pepenginan kangge kendel kajawi namung menawi wonten kabetahan ingkang boten kenging dipun semadosi.

Sareng anggenipun mlampah angsal pitung dinten, ing satengahing wana ingkang wit-witanipun maneka warni. Inggih ing pinggiring lepen alit ingkang toyanipun bening semu nyarong, nalika samanten wekdalipun nembe badhe ngajengaken pletheking surya, dumadakan Darim sumerep wonten cahya kados kilating baledheg, kasusul suwanten jumlegur nanging cetha menawi boten suwantenipun gludhug, awit nalika samanten wancinipun mangsa katiga. Salebeting manah Darim ngraos nratab kaworan ngedhap, mila lajeng kendel. Kapalipun dipun uculaken murih ngombe toyaning lepen lan nyrenggut rumput ing kiwa tengenipun. Darim piyambak dumadakan ugi kepengin ngraupi praupanipun mawi toyaning lepen alit ingkang bening kala wau. Nanging sepinten kageting manahipun Darim, nalika ing salebeting toya katingal wonten wewayangan teja bengkok ingkang ngekuwung cahyanipun mancawarni. Sakala darim emut kaliyan teja ing imbang wetan ingkang saben enjing dipun ulati. Pranyata teja ingkang saben enjing ketingal nyada lanang punika samangke sampun boten katingal malih. Wongsal-wangsul Darim ngulati panggah kemawon teja boten katingalan. Sapisan malih darim lajeng ningali wewayangan teja ingkang wonten ing salebeting toya lepen, namung sagebyaran teja punika katingal nunten ical.  Darim lajeng nggagas bilih anggenipun mlampah sampun dumugi panggenan ingkang dipun tuju. Darim nunten sujud kaliyan madhep mangilen ngunjukakaken sokuring manah dhumateng Gusti Ingkang Maha Wikan.

Darim lajeng cucul sandhangan, adus dhateng lepen punika sarta sesuci pisan. Ing salebeting manahipun sasampunipun sesuci badhe nindakaken panembah minangka raosing sokur awit pitulunganing Pangeran, lampahipun sampun manggih rahayu lan boten kepanggih alangan punapa-punapa. Sasampunipun kraos seger badanipun awit nembe dipun adusi, Darim lajeng mlampah nyaketi dhareng sangandhaping wit ingkang cemeng warnaning kulitipun. Ing ngriku darim nunten sembahyang, pasujudanipuning sela ingkang leter praenipun. Rampung sembahyang, dumadakan padharanipun kraos luwe ngintir-intir, badanipun kraos lemes tanpa daya. Darim lajeng lenggah sila sarwi nata lampahing napas kangge mulihaken tenaganipun ingkang kraos telas. Dumadakan ing pangkonipun dhawah satunggaling woh-wohan, inggih punika wohipun wit ingkang kulitipun cemeng punika kala wau. Nalika darim ndhangak, piyambakipun sumerep wonten peksi ingkang nembe enak-enak nucuki wohing wit ingkang warninipun abrit, kados uwoh ingkang dhawah ing ngajengipun. Darim lajeng mendhet woh punika dipun onceki lan dipun tedha dagingipun, kraos eca mawi ganda ingkang arum mangambar, inggih punika ingkang sinebat woh mertega.

Rampung angenipun nedha woh mertega ingkang ageng, raos ngelih ing padharanipun sampun ical, tenaganipun sampun wiwit pulih. Nanging nalika wonten angin sumribit, Darim boten kiyat ngampet raos arip ing mripatipun, wasana darim lajeng tilem ing ngandhaping wit mertega kala wau.

 

ana candhake.

 

Rabu, 22 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 38

 


38.

Anggenipun nggelak kapalipun Kanjeng Sunan Kudus boten rikat sanget, nanging inggih boten alon, namung samadya kemawon. Dados kapalipun inggih boten patos ngedalaken tenaga. Makaten punika kalampahan awit Sunan Kudus ugi nyambi memirsani pagesanganipun titiyang ingkang mapan padhusunan, dados babagan pundi ingkang kedah dipun penggalih murih pagesanganing tiyang-tiyang ing padhusunan saged kauningan. Sunan Kudus mila kondhang kajawi tansah migatosaken reh pangibadahaning kawula, ugi boten kendhat mbudidaya murih kawula ingkang sami mangayom dhateng Kudus langkung sae ing pagesanganipun.  Nalika lampahipun kapal nglangkungi pategilan lan pasabinan, katingal tetaneman ingkang ijo royo-royo ndadosaken ingkang sumerep sami remen manahipun. Dumadakan Sunan Kudus ingkang mapan ing ngajeng, ngalonaken lampahing kapal ingkang dipun titihi, astanipun kumlawe asung sasmita dhateng Darim supados ngajengaken kapalipun, Darim ugi lajeng ngajengaken kapal ingkang dipun gelak.

"Darim" pangandikanipun Kanjeng Sunan Kudus sasampunipun lampahipun Darim radi njejeri Sunan Kudus "coba sawangen langit ing imbang Kidul wetan kae apa sing katon?".

Darim ndhangak lajeng mripatipun nyawang langit ingkang dipun tudingi Sunan Kudus. Nem-neman siswanipun Ki Gedhe Kebo Kenanga punika kraos nratab manahipun. Jebul ing langit sisih wetan semu radi kidul, ketingan manther wonten Kluwung ingkang sakalangkung endah kaliyan warninipun ingkang Pancawarna.

"Apa ngana kae sing sira weruhi sajroning impen mau bengi?" Sunan Kudus ndangu malih, sasampunipun Darim dangu boten atur wangsulan.

"Inggih Kanjeng Sunan" wangsulanipun Darim klawan manah ingkang gawok "Kluwung ingkang katingal punika mengku werdi punapa Kanjeng?".

"Ujaring wong pinter, kluwung sing mancawarna kuwi dumadi saka rupa sunaring surya sing katempuh dening wewayanganing banyu. Dadi sunaring surya iku warnane dumadi saka pitung rupa kaya kang kacetha ing rupane kluwung kae. Lan adhakan sing lumrah kluwung kuwi yen wanci esuk mapan ing sisih kulon, lan yen wanci sore mapan ing sisih wetan nut lan mapane srengenge, kluwung duwe wewangunan bengkok kaya pedhotaning wewangunan kalanganing srengenge utawa rembulan. Nanging iki wancine esuk, kluwunge mapan ing sisih wetan semu kidul, adege jejeg ora bengkok. Sumurupa Darim, rerupan ngono kuwi wong-wong biyen ngarani Teja. Lan akeh wong kuna sing padha kandha yen Teja ngono dumadi awit cahyane titah sing lagi gentur ing kasubratane" Sunan Kudus ngendika kathah nerangaken bab kluwung kados ingkang katingal punika.

"Punapa Teja manther ingkang nyada lanang punika, cahyanipun titah ingkang nembe gentur kasubratanipun ugi Kanjeng?" Darim lajeng nyuwun pirsa "lajeng anggenipun mangsah subrata titah wau mapan ing pundi dene tejanipun katingal saking mriki?".

"Aku ora kandha yen sing katon kae tejane wong sing lagi gentur subrata, awit aku durung ngerti klawan sanyatane" Kanjeng Sunan Kudus paring wangsulan "saupama pangira mangkono iku bener, kowe kudu eling titahing Gusti sing dhemen manungkupuja, nindakne ulah panembah kuwi ora mung sing wujude manungsa wae, ana sing wujud tetuwuhan, ana sing wujud bangsane kewan nanging ana uga sing wujude bangsa alus yaiku panunggalane bangsa Jim".

"Inggih Kanjeng Sunan" Darim nanggapi pangandikanipun Sunan Kudus.

"Nanging teja kae uga bisa wae minangka sasmita marang wong-wong sing padha manekung nyenyuwun marang Hyang Agung, sing salah siji saka wong-wong mau ora liya ya sliramu dhewe" Kanjeng Sunan Kudus ngendika malih.

"Sasmita kados pundi Kanjeng Sunan?" Darim sakalangkung kasengsem kaliyan pangandikanipun Sunan Kudus ingkang makaten punika.

"Kanggo wong liyane sing panyuwune ora padha karo panyuwunmu, mbokmenawa ana jarwa liya ing waliking teja kang katon iki. Nanging jarwaning sasmita kang digawa dening teja iki kanggo sliramu, mbok menawa ing papan madege teja kuwi bakal bisa sira temu pituduh sing ana sambung rapete karo sing kepengin sira ngerteni".

"Makaten inggih Kanjeng Sunan?" Darim matur sajak sampun ngertos kaliyan ingkang dipun ngendikakaken Sunan Kudus.

"Uwis, mengko wae sawuse rampung anggonku ngadhep Kanjeng Sultan ing Demak rembugan iki bisa ditutugne. Mung siji sing perlu sira kawruhi : manawa teja iku aweh sasmita marang titah, lan sliramu kalebu sing oleh sasmita klawan anane teja iki, teja iki bakal katon ing pandulumu nganti wektu sing rada suwe, bisa sedina bisa rong dina malah bisa uga nganti sepasar".

Kanjeng Sunan Kudus lajeng anggebrak kapalipun, temah mamprung kanthi rikat laju lampahipun tumuju Kasultanan Demak Bintara. darim lan Para santri ingkang ndherekaken tindakipun Kanjeng Sunan Kudus inggih lajeng sami nututi. Ing wanci ngajengaken seraping surya, tindakipun Kanjeng Sunan Kudus lan para pendherek sampun dumugi ing Demak. Boten daya-daya minggah dhateng kraton, nanging njujug dhateng Masjid awit wancinipun sampun nedahaken wanci tumapaking sembahyang Maghrib. Pranyata Kanjeng Sultan Trenggana ugi nindakaken sembahyang ing Masjid mriku, kempal kaliyan para kaum sanesipun. Dupi Kanjeng Sultan pirsa bilih Kanjeng Sunan Kudus sampun dumugi ing Masjid, mila lajeng kaaturan amangarsani lampahing panembah, dados imamipun sembahyang.

Kados padatan, sasampunipun nindakaken sembahyang Maghrib, kathah para santri lan kaum ingkang sembahyang ing mriku boten sami wangsul dhateng griyanipun piyambak-piyambak. Nanging sami lelenggahan ing srambining masjid mirengaken pitutur sae saking Kyai Ketib Masjid Demak. Gandheng ing wekdal punika, Kanjeng Sunan Kudus rawuh kanjeng Sultan ugi boteh kundur rumiyin, malah lajeng paring dhawuh supados ingkang paring pitutur sae dhateng para santri lan para kaum ingkang sembahyang ing masjid mriku. Kanjeng Sunan ugi lajeng mkangestoaken dhawuh.

Kathah-kathah anggenipun medhar pitutur Kanjeng Sunan Kudus para kaum. Nanging bakenipun paring mangertos bilih titah gesang ing ngalam donya punika sinandhangan kuwajiban-kuwajiban. Kuwajiban dhateng Gusti Ingkang Nitahaken, kuwajiban dhateng Nagari, Kuwajiban dhateng tiyang sepuh saha kuwajiban dhateng sesamining titah ingkang wujud manungsa miwah ingkang wujud sanesipun. Sedaya kuwajiban kala wau wajib linampahan dening titah mliginipun ingkang sampun ngrasuk Agami ingkang winucalaken dening kanjeng Nabi ingkang jumeneng minangka Rasulullah. Kuwajiban satunggal lan satunggalipun boten kenging cecengkahan, kedah jumbuh lumampah kanthi sae. Murih langkung cethanipun Kanjeng Sunan Kudus mrayogekaken para kaum murih amewahi anggenipun marsudi ing kawruh agami, asarana ndherek ngaji dhateng Kyai Ketib lan para Ngulama sanesipun. Wonten setunggal kalih kaum ingkang pitaken dhateng Sunan Kudus, babagan agami sok wonten ingkang radi kepireng lucu. Nanging samudayanipun dipun wangsuli dening Sunan Kudus kanthi cetha lan sae,sok-sok ugi kaseselan tembung-tembung ingkang kapireng lucu, ndadosaken kawontenan ing srambi masjid kapireng regeng.

nDungkap wancinipun Ngisak bedhug katabuh, sinambut suwantening Kenthongan ingkang suwantenipun jumlegur ngebeki saindenging Kitha Demak. Suwantening kaum ingkang ngumandhangaken adan kepireng nganyut-anyut ndadosaken ingkang mireng sami trenyuh, emut dhateng Gustinipun sarta emut dosa-dosa ingkang sampun linampahan, dosa dhateng Gusti ugi dosa dhateng sesami, nunten kathah ingkang sami ngucapaken janji ing salebeting manah,  bilih mangke sasampunipun nindakaken sembahyang ngisak badhe sami mertobat saha nyuwun pangaksami dhateng Gusti miwah dhateng sesaminipun. Boten dangu sembahyang Ngisak lajeng kawiwitan, Sunan Kudus taksih kasuwun dados imam.

Bakda sembahyang Ngisak Sunan Kudus dipun kanthi dening Kanjeng Sultan tindak dhateng kadhaton para pandherek datan kantun sami ndherek dumugi pendhapaning Kraton kempal kaliyan para Prajurit ingkang nembe nindakaken jejibahan jagi.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 37

 


37.

Dangu anggenipun Darim ngangen-angen pitutur ingkang dipun tampi saking Ki Gedhe ing Pengging punika kala wau. Menawi boten kenging taken dhateng tiyang ingkang boten mangertos punika pancen nyata gampil. Nanging kangge mangetosi tiyang sanes punika ngertos punapa botenipun punika ingkang sok angel. Awit nyata kathah tiyang ingkang boten mangertos nanging sampun rumaos ngertos, ugi boten sakedhik tiyang ingkang estunipun ngertos nanging piyambakipun boten rumaos ngertos. Ugi kathah tiyang ingkang boten mangertos nanging dipun tutupi api-api ngertos, murih tiyang sanes nganggep bilih piyambakipun ngertos. Inggih awit wohing pangangen-angen ingkang makaten punika, wasana Darim mantun-mantunaken matur malih dhateng Ki Kebo Kenanga :

"Estunipun sampun cetha punapa ingkang dados dhawuhipun Bapa punika, nanging gandheng kula ngrumaosi cupeting nalar kula, mugi Bapa kepareng paring dhawuh malih ing pundi kinten-kinten kula saged pinanggih tiyang saestu mangertos, murih lampah kula boten dhawah ing sasar susur".

"Wong sing ngrumangsani yen nalare cupet, kuwi tenane wong sing bakale dadi wong pinter, waton anggone ngrumangsani kuwi ora mung lelamisan" Ki Ageng Pengging paring wangsulan "satemene aku dhewe klebu wong sing ora ngerti kuwi mau, mula aku banjur mbudidaya murih ngerti. Mula yen kowe kepengin weruh sapa wong sing ngerti lan bisa kok takoni, coba kowe budhala menyang Kudus, sowan lan ngadhepa Kanjeng Sunan ing Kudus. Sanadyan aku satemene ya ora ngerti apa Kanjeng Sunan Kudus kuwi klebu wong sing ngerti utawa ora, nanging ora ana alane yen kowe nyuwun kalidamar marang Panjenengane, dene apa sing bakal diparingake marang kowe, mengkone bisa kok angen-angen mungguh bener lan lupute apa sing dadi kalidamare Kanjeng Sunan ing Kudus kuwi. Entenana sedhela, tak gawani layang mengko aturna marang Kanjeng Sunan Kudus, murih ora kangelan nggonmu arep marak, amarga tekamu kana sing kapisanan kuwi dhapur tak utus ngaturne nawala".

Wasana ing dinten punika ugi, Darim lajeng pangkat dhateng Kudus. Boten kacariyosaken reroncening kedadosan ingkang dipun panggihi Darim ing margi, kacariyosaken sampun Darim sampun marak ing ngarsanipun Kanjeng Sunan ing Kudus.

"Darim" pangandikanipun Kanjeng Sunan Kudus sasampunipun maos nawala ingkang kaaturaken dening Darim "Nawala peparinge Ki Ageng Kebo Kenanga wis tak waca lan wis tak ngerteni apa sing dadi surasane. Nanging eman banget, dene aku ora bisa paring kalidamar sing cetha marang keng slira. Jalaran aku karo Ki Ageng ing Pengging kuwi tenane ora beda. Lire, nganti titi wanci iki aku uga isih marsudi ing kawruh, sarana njingglengi dhawuh-dhawuhing Gusti sing tinulis cetha ing Kitab-E, kanthi pangajab supaya aku ora mandheg dadi wong sing ora ngerti. Nanging, jebul dadi wong ngerti kuwi mbutuhake kasabaran lan katlatenan sarta katekunan, yen kongsi ilang sabar, tlaten lan tekune mangka gegayuhan supaya bisa dadi wong sing ngerti, kuwi bakal gagar wigar tanpa karya.Nanging, keng slira aja banjur duwe pangira yen aku iki klebu wong sing ora ngerti lamun sayektine ngerti, luwih-luwih duwe panyana yen aku emoh paring kalidamar marang sliramu. Murih padhanging atimu, aku mung bisa aweh rerigen, yen rerigen iki kok anggep becik bisa sira enggo, dene menawa rerigen iki kok anggep rerigen sing tanpa guna, becik nengna lan tak pangestoni sliramu golek rerigen sing luwih becik".

"Dhuh Kanjeng Sunan" Darim matur malih dhateng Kanjeng Sunan ing Kudus "mugi Kanjeng Sunan boten sanggarunggi paring rerigen dhumateng kula, mugi enggal kadhawuhna badhe kula mirengaken kanthi saestu".

"Yen ngono,coba rungokna. Iki dina kaping rolas wiwit jumedhule rembulan kang kapisan, wiwit dina kaping telulas nganti dina kaping limalas, aku arep nyenyuwun marang Gusti supaya kaparingan pituduh murih bisa aweh Kalidamar marang sliramu. Yen keng slira ora kabotan, tak jaluk gelema ngrewangi aku kanthi nyedhak marang Gusti, dene saranane nyedhak nindakna laku pasa ing dina kang tak sebutake mau, banjur nyenyuwuna marang Gusti apa sing sira karepake. Mung welingku, aja pisan-pisan kowe nganggep olehmu nglakoni pasa iku minangka tukon murih Gusti kepareng ngabulake panyuwunmu, sabab satuhune Gusti ora mbutuhake apa-apa saka kawulaNe. Sajroning telung dina sliramu tak keparengake mapan ing dalem Kasunanan kene".

"Terang dhawuhipun Kanjeng Sunan, kanthi suka gambiraning manah, rerigen saking Kanjeng Sunan badhe kula lampahi".

Tigang dinten Darim nindakaken dhawuhipun Kanjeng Sunan ing Kudus, menawi siang cegah tedha sarana nglampahi siyam, saha nyambut damel mbantu bot repoting dalem Kasunanan, menawi sampun rampung nunten njingglengi Kitab Suci, ing wanci dalunipun ngathah-ngathaken nindakaken sembahyang dalu. Sadaya dipun niyati namung badhe nyaket dhumateng Gusti Ingkang Maha Wicaksana. Boten katalompen pepenginan murih saged manggih margi anggenipun ngupadi tiyang sepuhipun ugi kasuwunaken dhumateng Allah. Sasampunipun angsal tigang dinten anggenipun Darim nglampahi rerigenipun Kanjeng Sunan Kudus . Sasampunipun rampung nindakaken sembahyang Maghrib, Darim katimbalan marak dening Kanjeng Sunan. Suwaunipun Darim nginten menawi badhe kajarwanan menggah pitedahipun Allah babagan anggenipun nyuwun kalidamar, nanging jebul Kanjeng Sunan Kudus malah ngendika bab sanes.

"Darim, sesuk bubar sembahyang subuh, aku arep sowan Kanjeng Sultan ing Demak. Kaya padatan bakal didherekne sawatara santri pinilih cacah lima. Yen sliramu longgar tak keparengake ndherek pisan, mengko jaran minangka tunggangan kanggo sliramu supaya disiyagakne dening kanca santri" makaten anggenipun Kanjeng Suna Kudus paring dhawuh.

"Inggih Kanjeng Sunan" atur wangsulanipun Darim "sakalangkung ngaturaken gunging panuwun dene kula kaparengaken ndherekaken tindakipun Kanjeng Sunan".

Dinten enjingipun, ing plataran Dalem Kasunanan sampun santri gangsal sampun sumadiya, kapal kangge tungganipun Darim ugi sampun kasiyagakaken. Dumadakan Kanjeng Sunan Kudus nimbali Darim supados marak ing Pendhapa. Sanajan boten mangertos badhe kadhawuhan punapa, Darim inggih lajeng minggah dhateng Pendhapa.

"Sliramu mau bengi watara sabubare tengah wengi, nampa sasmita apa Darim?" pandangunipun  Kanjeng Sunan sasampunipun Darim marak ing ngarsanipun. Darim kendel sakedhap, ngemut-emut kedadosan ingkang dipun alami kala dalu. Darim lajeng emut bilih kala wau, sasampunipun nindakaken sembahyang dalu, boten kraos Darim ketileman iing pasujudan klawan linggih.

"Inggih Kanjeng Sunan" wangsulanipun Darim sasampunipun anggenipun ngemut-emut cekap "boten sengaja kula nyupena, sumerep kluwung ingkang sakalangkung endah ing langit sisih wetan, kula sakalangkung kasengsem dhumateng kluwung ingkang pancawarna punika. Nanging namung sagebyaran anggen kula ketileman lajeng tangi malih. Punika kenging kawastanan sasmita punapa boten, kula boyen ngertos".

"Sumurupa Darim, kuwi ngono diarani rukyah shahihah, tegese impen ingkang mengku makna, dudu impen sing amarga impen-impenen, dudu impen sing tekane merga kakehan turu. Boboting impen rukyah shahihah kuwi meh timbang karo sapra-patangpuluhe  wahyu sing ditampa para Nabi. Dene apa maknane impen sing kok tampa kuwi, mengko sawise ngadhep Kanjeng Sultan ing Demak, sliramu bakal dak jarwani, muga-muga wae, anggonmu aweh jarwa mengko ora nasarake marang jeneng sira. Wis, sajake jaran-jaran wis padha disiyagakne dening para Santri, mumpung isih esuk ayo dherekna lakukuku menyang Kasultanan Demak Bintara".

"Suwawi kula dherekaken Kanjeng Sunan".

Surya enjing dereng jumudhul, nanging Kanjeng Sunan Kudus sampun bidhal anggenipun badhe tindak dhateng nagari ing Demak.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 36

 


36.

Nalika samanten sasurutipun Kanjeng Sultan Muhammad Yunus Ali Akbar Abdul Fatah, inggih panjenanganipun Kanjeng Pangeran Sabrang Lor ingkang jumeneng Nata ing Bumi Jawi nenggih Kasultanan Demak Bintara nuwun inggih Sampean Dalem Kanjeng Sultan Muhammad Trenggana Ali Akbar Abdul Fatah. Inggih Kanjeng Sultan Trenggana. Nalika samanten wonten lare nem-neman ingkang nami Darim, suwaunipun bayi ingkang dipun panggih dening Ki Ageng Pengging ing margi nalikanipun Ki Ageng Pengging miwah ingkang Raka Ki Kebo Kanigara tindak wangsul sasampunipun mbedhah Majapahit ingkang dipun ratoni Brawijaya Girindrawardana ingkang estunipun taksih kapernah Mantu miwah siswa dalem Sri Brawijaya lan kajumenengaken Adipati ing Keling, nanging wasana mbalela ing ratu nindakaken Kraman temah Sri Brawijaya lolos saking praja nginggahi Redi Mahendra inggih Redi Lawu. Bayi punika dipun panggih dening Ki Kebo Kenanga jalaran nangis kekejer ing satepining lepen alit, tanpa kamangertosan sinten tiyang sepuhipun. Kamangka ing mriku tebih ler te bih kidul, boten wonten padhusunan lan boten wonten titiyang ingkang mapan ing mriku.  Ketang welasipun dhateng Jabang Bayi ingkang nandhang kasatan punika dening Ki Gedhe Kebo Kenanga bayi wau kapundhut kaparingan ngombe sarta kaasta kundur dhateng Pengging.

Sampun barang ingkang limrah, warta menawi Ki Ageng pengging manggih bayi ing margi punika nunten sumebar ing meh sadaya padhusunan ingkang mangayom ing Bumi Perdikan Pengging. Mila lajeng kathah ingkang sami martakaken dhateng Dalemipun Ki Ageng Kebo Kenanga. Kathah tiyang ingkang sami nembung badhe mupu jabang bayi ingkang boten kantenan sinten tiyang sepuhipun kala wau. Nanging, Ki Ageng Pengging boten ngeparengaken, malah lajeng ngendika :

"Kabeh wae padha seksenana, Bayi lanang sing tak temu ing pinggir dalan iki tak wenehi tetenger Darim amarga olehku nemu Darim iki prasasat kaya ana ing alam pangimpen. Bocah gandheng tak gawa mrene, ya dadi anake wong Pengging, sepisan maneh anake wong Pengging dudu anake Ki Ageng Pengging. Aku duwe kuwajiban aweh sandhang sarta pangan marang Darim nganti bocah iki diwasa, yen wis diwasa lan bisa mikir kanthi ganep bakal tak uculake, dimen golek lan milih dalan kianggo mikir uripe dhewe".

Nalika umur kalih welas tahun, Darim dipun supitaken dening Ki Ageng Pengging saha kasuwunaken berkah saha pangestu dhateng para sesepuh lan para Ngulama. Boten namung saking Pengging kemawon ingkang kepareng paring berkah dhateng Darim ingkang sampun kaakenan ngrasuk Agami Rasul, kanthi tandha dipun supit dening Kanjeng Sunan Jakfar Shadiq saking Kudus.

Sasampunipungaring tatunipun anggenipun tetak, Darim katimbalan marak dening Ki Ageng Pengging saha kaparingan dhawuh :

"Ngger Darim, saiki sira wis gedhe lan wis diwasa. Lan wiwit dina iki, sing bisa gawe suwarga lan nerakamu dudu sapa-sapa kajaba mung kowe dhewe. Kuwajibanku marang kowe rampung, mula kowe bisa milih, caramu urip liwat dalan sing kok senengi lan sing kok cocogi. Nek kowe kepengin urip dadi wong tani, kowe bisa milih garapan endi sing kok senengi. Yen kowe kepengin ngabdi marang Ratu, tak kira kowe uga wis duwe sangu, ngelmu agal alus sing tak wulangake marang kowe muga-muga bisa kok gawe sarana kanggo ngabdi menyang Demak Bintara, suwita marang Kanjeng Sultan Trenggana".

"Keparenga matur Bapa" wangsulanipun darim dhateng Ki Ageng Pengging "kairing raos sokur kunjuk mring Gusti Allah, saha atur panuwun ingkang boten saged kapetang dhateng Bapa ingkang dados lantaran kula taksih saged gesang ngantos dumugi sakniki, kaparenga kula badhe matur menggah ingkang dados pepenginaning manah kula".

"Dadi sasuwene iki kowe nggembol pepenginan sing durung kasembadan? ngono apa piye? banjur apa sing dadi pepenginanmu Darim?" Ki Ageng Pengging ndangu dhateng Darim.

"Inggih Bapa" darim matur kaliyan ngatos-atos, ajrih menawi ngantos damel boten renanipun Ki Ageng Pengging "estunipun pepenginan kula punika kenging winastan ngayawara, nanging kula nate nampi dhawuh saking Bapa bilih menggahing Gusti Allah boten wonten prakawis ingkang boten saged dipun mangertosi".

"Iya pancen mangkono" Ki Ageng nigas tembungipun Darim "pancen Gusti Allah iku Maha Wikan, Gusti Allah ngawruhi sing ana jagad lan sing ana sajabane jagad, awit kabeh kang ana, kabeh kang kasat mata utawa kang ora kasat mata, wis rinegem sajroning Maha Wikaning Gusti. Banjur apa pepenginan sing kok arani ngayawara kuwi mau?".

"Inggih Bapa, kula punika tata gelar wujud manungsa, mesthinipun kula punika inggih gadhah tiyang sepuh, gadhah bapa tuwin gadhah biyung jalaran kalebet mokal menawi wonten tiyang ingkang wontenipun tanpa lantaran wontenipun bapa tuwin biyung, kados ingkang asring kadhawuhaken dening Ki Ageng, bilih Gusti boten badhe anyulayani kodrat. Kamangka kodratipun manungsa punika wontenipun awit saking wontenipun Bapa Biyung. Nanging, kula inggih tansah emut dhawuhipun Bapa bilih kula punika dipun ramut dening Bapa tanpa kinwruhan sinten tiyang sepuh kula. Estu Bapa, kula kepengin sanget mangertosi sinten ingkang nglahiraken kula lan sinten ingkang ngukir jiwa raga kula".

Ki Ageng Pengging kendel sakedhap midhanget aturipun Darim ingkang makaten punika kala wau. Mila estu pepenginanipun Darim punika, kenging winastan ngayawara. Sampun malih sampun kalih welas tahun langkung sageda manggihaken tiyang sepuhipun Darim, jeneh nalika nembe kapanggih kemawon Ki Ageng Pengging ingkang dipun rencangi para Prajurit saking Pengging, boten saged manggihaken tiyang ingkang anakipun dipun seleh ing pinggir margi punika.

"Ngene ya Ngger" wasana Ki Ageng Pengging nunten paring dhawuh "nek sing kok takoni sapa wong tuwamu kuwi aku, mesthi aku ora bakal bisa mangsuli kanthi bener. Aja maneh kok wangsulan kanthi sanyatane, sedheng nganggo pangira-ira wae, aku ora bisa. Aja maneh nggoleki wong tuwamu sing selawase uripku durung nate ketemu, lha wong upama dikongkon nuduhne ing ngendi olehku nemu awakmu nalika samana wae, kira-kira aku wis lali karo panggonane. Nanging, aja cilik atimu. Arepa dikaya apa, kowe kuwi Darim muridku sing najan mbuh sepira akehe wis necep ngilmune Pangeran Handayaningrat, yen kowe duwe pepenginan kamangka pepenginan kuwi durung bisa kok sembadani, aja pisan-pisan kowe nglokro luwih-luwih banjur mutung, wong mutung sing nuwuhake pepenginan wurung, kuwi ora becik kedadeyane".

"Mila leres saha tansah kula pundhi ingkang dados dhawuh pangandikanipun Bapa" Darim nunten wicanten malih "samangke kula nyuwun pitedah kados prayogining lampah murih kula saged manggihaken utawi sakmboten-botenipun sumerep sinten sejatosipun tiyang sepuh kula punika?".

"Tindakna apa sing dadi kandhaku iki : sepisan aja pisan-pisan kowe takon marang sing ora ngerti, awit bisa-bisa wangsulane malah bisa njlomprongake. Kapindho : aja pisan-pisan pedhot ing pangarep-arep saka pitulungane Gusti, awit mung wong bodho sing medhot pangarep-arep marang pitulungane Gusti. Sumurupa : sing abot ora ateges ora bisa diangkat, sing angel ora ateges ora bisa ditindakne. Abot-entheng, gampang-angel kuwi kabeh bakal bisa dudu pepalang tumrap wong sing temen-temen duwe gegayuhan. Waton kowe tetep teteken tekun bakal katekan apa sing kok sedya, awit saka daya pitunganing Dzat Kang Maha Bisa".

 

ana candhake.


Selasa, 21 September 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 35

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih

35.

Dening Marga wong papat sing wis anteng lungguh ora bisa obah kajaba mung plira-plirik thok kuwi banjur dijunjung ditumpangne neng watu - watu sing ana tengah kali, dijejer-jejer kaya reca. Bubar kuwi Rangga lan Marga banjur arep nerusne lakune, ya kuwi munggah satekukan maneh bakal teka papan sing mau awan ana wewayangan baya lan ana wong tuwa sing aweh pesen supaya nom-noman loro kuwi mara mrono wengi iki ing wanci sepi bocah. Sadurunge budhal ninggalne Gima sakancane, Rangga isih kober pamitan :

"Padha dikepenakne dhisik olehe padha lelungguhan ya? Aja kuwatir, neng kono kuwi ora bakal ana semut abang sing marani. Tak tinggal sedhela, mengko tak parani maneh".

Bubar muni ngono kuwi Rangga banjur aweh sasmita marang Marga nerusake olehe mlaku.  Ora nganti sapanginang, nom-noman loro wis tekan panggonan sing arep dituju. Rangga lan Marga milih mlumpat lan  mapan lungguh neng watu gedhe sing manggon tengah kali, ngongkang kedhung sing sajake banyune jero. Ora let suwe saka dhuwur gampeng, katon ana wewayangan sing mlaku nyedhaki papan kono. Wewayangan kuwi kaya ngleyang mencolot menyang watu sing ora adoh karo nggon sing dilungguhi Rangga lan Marga. Bareng ditamatke wewayangan kuwi jebul Kaki-kaki Tuwa awan mau.

"Ngaturaken kasugengan ing dalu punika Raden, kula pun Darim nyuwun pangapunten sampun kumawantun ngrawuhaken Raden ing papan punika" beda karo slagane dhek mau awan, wong tuwa sing nepungake awake dhewe kanthi jeneng Darim kuwi mbagekne Rangga lan Marga kanyhi tatakrama sing genep, malah uga migunakne basa krama.

"Awit pikantuk berkah saha pangestunipun Kaki Darim, lampah kula kekalih tansah manggih rahayu temah saged dumugi mriki, nuhoni dhawuhipun Ki Darim kala wau siyang" wangsulane Rangga ora kalah anggone ngajeni wong tuwa sing aneh kuwi.

"Sepisan malih kula nyuwun lumunturing sih pangaksami Raden, anggen kula sesongaran kala wingi estunipun namung awit lamuring paningal kula temah kula boten pitados bilih ingkang kula adhepi punika siswa gaib saking Korinipun Pangeran Surawiyata, inggih Raden Rangga putra Mataram ingkang tuhu luhuring budi" Ki Darim wangsulan klawan luwih alus.

"Boten dados punapa Ki Darim" wangsulane Rangga "ing mriki mila boten wonten Putranipun Panembahan Senapati ing Alaga, ingkang wonten nuwun inggih namung lare ingkang dolan klambrangan  radi tebih nilaraken griya. Nuwun sewu, menawi kaparengaken mugi kaprasajakna dhumateng kula Ki Darim punika estunipun sinten? saha wonten kersa punapa sampun kepareng nimbali kula kaliyan adhi kula ing papan ingkang sepen lan wingit punika?".

"Inggih Ngger" Ki Darim wangsulan "estunipun kula punika abdinipun Ingkang Eyang Buyut, nenggih Gusti Kanjeng Sultan Trenggana ing Demak, ingkang kapundhut dados siswa sinengker dening Ki Ageng Kebo Kenanga ing Pengging".

"Oo, dados Ki Darim punika taksih siswanipun Ki Ageng Pengging dhuk ing uni?. Pangabekti kula katur Kanjeng Eyang" Rangga lan Marga bareng-bareng nangkepake tangan ditumpangne dhadhane nindakne laku sembah kalbu minangka tandha atur bekti.

"Sampun makaten Raden, pancen miturut gelar wujud, kula punika tebih langkung sepuh tinimbang Raden, nanging mugi kaemutan kula punika namung darajating abdi, sanes trahing kusuma rembesing madu kados dene Raden punika. Dados kapeksa kula boten wantun nampi paringipun pangabekti saking Raden Rangga dhateng pun Darim, malah sembah kula mugi katampia Raden" Ki Darim nagkepne epek-epeke banjur ditemplekne pernah janggute.

"Inggih, Inggih Ki dhawah sami-sami" wekasan Rangga nanggapi "estunipun, pranataning jagad punika sampun cetha, lare anem ngajenana dhateng tiyang sepuh, tiyang sepuh ngasihana dhateng ingkang langkung anem. Prakawis drajat ing kalenggahan lampahing parentah, punika boten ajeg, ing rumiyinipun ingkang linahiraken minangka sutaning Nata miwah priyagung luhur, dereng kantenan menawi langgeng nglenggahi ing kaluhuranipun ingkang rumiyin tinitah dados yoganipun sudra sempali, boten kirang ingkang ing diwasanipun dados kajen kineringan awit kasampiran panguwaos . Kados ingkang sampun lumampah ing kulawarganipun Kaki miwah ing Kulawarga kula. Ki Ageng Kebo Kenanga rumiyinipun putra Adipati, wayah dalem kanjeng Sinuhun Prabu Brawijaya ing Majapahit, nuntenamijilaken admaja Lare klambrangan ingkang nama Karebet ingkang sarawunganipun inggih namung kaliyan para kawula alit, nanging awit kapitados dening Gusti Ingkang Maha Kawasa, Karebet nunten kajunjung dados Sultan Gung Binathara ing Pajang. Sami kaliyan lelampahanipun mbah-mbah kula ing dhusun Sela, Tiyang dhusun ingkang namung gesang tetanen, parandene dumugi Bapak kula, samangke nembe pinitados dening Gusti sinampiran panguwaos ing Nagari Mataram. Sok makatena, kula pitados bilih ing benjangipun duka kapernah canggah duka kapernah gantungsiwuripun, tamtu wonten trahing Panembahan Senapati ingkang namung daos kawula alit ingkang boten benten kaliyan kawula sanesipun. Kalebet kula ing titi wanci punika, ingggih ingkang namung lare klambrangan kumleyang kabur kanginan, labet nuhoni dhawuhipun mBah Juru, ingkang rumiyin namung Dhukun Dhusun, nanging samangke nembe ngemban kanugrahan kanthi sebatan Kanjeng Patih Mandaraka".

Dawa banget wangsulane Rangga sing nggenahne mungguh pangkat lan drajat kuwi ora langgeng kahanane, isih langgeng garising jagad yen ngalam donya iki nisine ana sing tuwa lan ana sing enom. Sing tuwa ora kena ngendelake dumeh tuwane, nanging wajib suka sih marang wong nom. Lan sing isih nom kudu eling marang kuwajibane kudu ngajeni marang sing tuwa, amarga ora suwe maneh si nom uga bakal dadi tuwa, lan mesthi lara atine yen disiya-siya lan disepelekne dening sing isih rosa.

"Inggih Ngger" Ki Darim wangsulan "sedaya dhawuhipun Raden Rangga punika estu nedahaken bilih Raden punika tuhu mustikaning para titah, ingkang sampun saged nglenggahaken samudayanipun jumbuh ing papan ingkang saktrepipun. Badhea kados punapa boten saged dipun selaki lan boten saged dipun singidaken, bilih Raden Rangga miwah Angger Marga punika tuhu satriya sejati lan sejatining satriya, ingkang kasatriyanipun mijil saking lelabetan memayu hayuning bawana murih rahayuning sanggya titah, boten mbenten-mbentenaken asal-usul, drajat-pangkat, kapitayan lan sanes-sanesipun".

"Sampun, kacekapana dumugi samanten rumiyin Ki" Rangga nigas tembunge Ki Darim "Inggih labet saking taksih kathahing prakawis ingkang kedah kula ayahi sarta kula rampungaken, boten kirang prayogi menawi ing wekdal kados punika memanjang rembagt ingkang makaten punika, benjang - benjang kemawon menawi wonten wekdal ingkang mirunggan saged dipun lajengaken. Samangke mugi kajarwanana punapa wigatosipun Ki Darim ngersakaken kula kaliyan sedherek kula punika dumugi ing papan mriki punika?".

Wong tuwa sing rambute ora ana irenge kuwi manthuk-manthuk, mbenerake apa sing dadi kandhane Rangga. Mula banjur kandha klawan suwara sing ora pati banhter nanging cetha :

"Inggih Ngger, sadaya dhawuhipun angger mila leres. Nanging gandheng kaliyan kawontenan kula ingkang sampun sepuh kados makaten, mugi Angger kekalih kersa paring kalonggaran dhumateng kula, kaparengna kula kendel sakedhap saperlu ngemut-emut lan nglempakaken prakawis-prakawis ing angen-angen kula dhumateng Angger Rangga miwah Angger Marga, ingkang estunipun sampun radi dangu kula tengga ing Lepen Tuwung mriki awit saking pitedah ingkang kula tampi lumantar Ki Tanparupa".

"Inggih Ki sumangga" wangsulane Rangga karo nata lungguhe samekta ngrungokne apa sing arep dikandhakne dening wong tuwa sing umure wis atusan tahun akehe kuwi.

 

ana candhake.

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 34

 


34.

Rangga lan Marga sing ampingan watu gedhe ora adoh karo papane wong papat sing duwe niyat ora becik marang Kademangan Kedhungtuwung kuwi nggeget untu. Didelok saka tembung-tembung sing diucapne wong papat kuwi, cetha banget yen wong-wong kuwi sapukawate Kunthara sing kulina digunakne kanggo nindakne kadurjanan lan kadurakan ing Kedhungtuwung lan mbokmenawa uga ing papan liyane. Nanging Rangga lan Marga isih ngenteni tegese sasmita suwara pambaunge asu sing ngalup-alup karo suwarane manuk Tuhu sing ngganter sajak memelas merga ditinggal saba bojone.

"Kunthara aweh weruh yen wong Genengan ora suwe teka kene" dumadakan Gima ngandhakne unine sasmita sing ditampa "wektu iki wonge isih ana Gupit kumpul lan para warga sing lagi rondha, mengko nek wong Genengan wis dadi uber-uberan lan bisa ngilang saka pandulune wong-wong kana, Kunthara genti arep menyang Ngablak memanuki awake dhewe. Nanging ya kuwi, awake dhewe aja nganti niru lakone Gurit wingenane kae".

"Gurit kena apa Kang? gajege wong kuwi duwe kasekten sing punjul ingapapak ta? nganti wegah nyambut gawe bareng karo wong-wong kaya awake dhewe sing dianggep tembre iki?" Jagul takon.

"Wingi Gurit sing diparahi mbradhat Liyem, sedulur ipene Demang Kedhungtuwung, konangan lan kecekel" wangsulane Gima.

"Kecekel? Jare Gurit kuwi duwe aji panglemunan?" Jagul takon maneh.

"Nyatane Gurit kecekel, malah kabare ora bisa apa-apa ditaleni nganggo tampar lulup tangane" wangsulane Gima.

"Banjur Gurit diperes getihe dening wong-wong Kedhungtuwung murih gelem ngaku sapa wae kancane ya Kang?" Penthet genti sing takon.

"Ora" wangsulane Gima "Kunthara dudu wong bodho, sadurunge Gurit ditakoni neka-neka karo wong Kedhungtuwung, dening Kunthara Gurit dilunasi luwih dhisik".

"Dadi upama awake dhewe mengko nganti kecekel, mesthine ya bakal dipateni dhewe dening Kunthara kaya Gurit kuwi ya Kang?" Jagul takon.

"Awake dhewe ora bakal kecekel" wangsulane Gima karo semu nggetak. Kancane wis ora wani takon maneh.

Rangga karo Marga wis krungu kabeh sing dadi rerasanane wong papat kanca-kancane Kunthara kuwi.

"Piye Kakang?" Marga njawil Rangga karo takon.

"Wong papat kuwi kudu disinggahne luwih dhisik" wangsulane Rangga "mengkone bisa dienggo colok dening Ki Demang, kanggo madhangne Kedhungtuwung sing lagi peteng".

"Nanging sedhela maneh wis wayah sepi bocah?" Marga semaur kelingan karo olehe semayan karo Kaki-kaki Tuwa ing kali Tuwung mau awan.

"Mula awake dhewe kudu bisa tumindak kanthi kebat" wangsulane Rangga karo ngadeg banjur mlayu nyedhaki ngisor wit Widara sing dienggo jagongan Gima sakancane. Ora sranta Marga uga banjur nututi, dangan pecute wis kenceng neng gegemane.

"Genengan udan apa banjir?" lagi wae Rangga lan Marga teka ngisor wit Widara, wis dipapag nganggo basa sandi dening Gima. Jagul, Gena mButhil karo Penthet siaga neng papane dhewe-dhewe.

Sapandurat Rangga lan Marga ora wangsulan, merga ora mudheng karo basa sandi sing diucapne Gima.

"He aku takon Genengan udan apa banjir?" Gima takon semu nggetak "apa bedhidhing ora ana angine He?".

Rangga ngguyu, banjur aweh wangsulan :

"Iya, dening Lurahe kowe kabeh dikongkon melu aku".

"Piye ?" Gima kaget ora mudheng karo sing dikandhakne Rangga "lurahe sapa?".

"Goblog!" Marga sing genti nggetak "sing diarani Lurahe ya Kunthara, sing nek ora ana wonge padha kok jangkar kuwi".

"Mengko dhisik" Gima takon suwarane keprungu sareh "Lurahe ngongkon piye?".

"Aja kakehan omong" Rangga wangsulan "Gima, Jagul, Penthet karo mButhil dienteni Lurahe neng kidul sabrangan Kali Tuwung. Saiki, ayo!".

"Aja ngapusi" Gima semaur, batine mbenerne nek sing ngajak omong kuwi mesthi wong Genengan, ketitik wis ngerti marang dheweke "lagi wae Lurahe ngongkon aku supaya ngenteni neng neng ngisor Wit Widara kene".

"Kowe kuwi pancen ora pati bisa mikir kok" Marga semaur suwarane digawe atos "manuk tuhu sing mangsuli pambaunge asu mau aku, wengi iki Wangsa Semi karo anake wedok padha neng nggone Demang Kedhungtuwung, mas-masan lan berleyane digawa kabeh. Omahe dikongkon nunggu rewanhg-rewange".

"Dadi aku sakanca ora sida nyambut gawe wengi iki?" Gima takon, wong papat kuwi wis percaya nek sing ana ngarepe iki cetha nek wong Genengan sing nggawa kabar saka Kunthara.

"Ana gaweyan liyane sing luwih gedhe asile, luwih aji tinimbang mas berleyane Wangsa, luwih mencutake nek dibandhing karo Semi lan Rinem".

"He he he.... " Gima ngguyu seneng, banjur ngatag kancan-kancane "ayo ca, melu sedulur saka Genengan iki menyang Kidul Sabrangan Kalituwung".

Ora suwe Gima sakancane banjur gumrudug ngetutne Rangga lan Marga sing mlaku sajak kesusu. Tekan sabrangan, Rangga lan Marga ngajak Gima sakancane ngetutne lakune ngliwati gisik sangisore gampenge kali. Nalika lakune wong nem kuwi wis ngliwati telung tekukane kali, dumadakan Gima mandheg, kancane telu disasmitani supaya padha mandheg. Rangga lan Marga sing weruh yen Gima sakancane padha mandheg, uga melu mandheg. Saka kadohan keprungu suwarane manuk kedasih sing ngasih-asih, saben rong rambahan olehe muni mandheg, banjur dibaleni muni ngasih-asih maneh.

"Keparat sapa kowe satemene?"Gima nggereng karo nglolos pedhang sing cumanthel neng lempenge.  Gima lagi krasa yen wis kapusan. Suwara kedasih kuwi cetha yen sasmita sing dikirimne dening wong Genengan sing wis teka ngisor wit Widara, papan sing dening Kunthara dheweke sakanca dikongkon ngenteni.

"Aku wong Genengan kongkonane Lurahe" Marga nyoba wangsulan, sanadyan satemene wis ngerti nek Gima krungu suwara sasmita sing niru suwarane Kedasih kuwi.

Krungu wangsulane Marga Gima banjur aweh sasmita marang kanca-kancane supaya ngliga gamane dhewe-dhewe.

"Aku dudu bayi sing gampang kok apusi keparat" Gima nggereng karo siaga "mbuh sapa kowe satemene, wis wani ngapusi Gima ateges wis bosen urip".

Muni ngono kuwi Gima karo mencolot, ngarahne pedhange kanggo nyuduk dhadhane Marga. Penthet, Jagul karo Gena mButhil ora sranta, kabeh melu ngebyuk karo mbabitne pedhang sing ana tangane ngarah awake Rangga. Nanging nom-noman loro kuwi wis luwih dhisik waspada. Marga mletik memburi karo njungkir walik kaping pindho, panyuduke Gima luput malah Gima kegeret tenagane dhewe, meh wae kejongor mengarep merga pedhange sing mung ngenengi angin. Rangga mencolot nisih mangiwa, pedhang telu sing meh wae ngrajang awake bisa diendhani kanthi gampang.

"Sedhela maneh wayahe sepi bocah Dhi" Rangga ngelingne Marga.

"Iya Kakang, nek kepengin dolanan mengko wae nek ngono" wangsulane Marga karo ngguyu.

Gima lan kanca-kancane sing wis nesu merga pangrangsange ora oleh gawe, dadi sansaya nesu krungu tembung-tembung sing diucapne nom-noman loro sing dianggep ngece kuwi. Wong papat kuwi banjur bali pasang kuda-kuda, arep ngrangsang bocah nom loro sing ana ngarepe. Ora kaya dhek mau, Gima karo Jagul ngarahne pucuk pedhange menyang dhadhane Marga, Penthet karo Gena mButhil siaga arep ngrangsang Rangga.

Rangga lan Marga sing rumangsa wis ora duwe wektu rada dawa merga wancine wis meh sepi bocah, ora sabar maneh.  Rangga sing wis nyekeli teken Pring Kuninge kuwi aweh sasmita marang Marga. Mung sajroning wektu sing meh padha karo gebyaring that-thit, dumadakan Gima sakancane krasa pucuk pecute Marga wis nyenggol bangkekane sisih mburi. Wong papat kuwi kabeh tiba lungguh neng lemah, sila. Pedhang sing dicekeli padha ucul saka gegeman. Wong papat ora bisa ngobahne awake, Gima sakancane ora bisa ngetokne suwarane. Mung kari bisa ngobahne mripate sing plirak-plirik ora duwe daya apa-apa.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 33

 


33.

Tekan sabrangan Kali Tuwung, ora krasa Rangga lan Marga isih kober noleh mengidul.Sepi ora ana apa-apa sing sajak nyalawadi. Nom-noman loro kuwi nerusne laku, padhange rembulan mangsa ketiga prasasat kaya rina. Nadyan kiwa tengen dalan sing diliwati akeh sing wis bera, nanging sisa-sisane tanduran sing wis rampung dipanen kepadhangan sunaring rembulan katon endah nengsemake ati. Dumadakan  keprungu suwara pambaunge asu ajak, ngalup-alup, sajak ora adoh saka panggonane Rangga lan Marga, kapernah ana ngarepe. Miturut petung pangirane nom-noman loro kuwi kira-kira asu sing mbaung kuwi mau kira-kira ana limang pambalang manggon neng ngarepe. Rangga aweh sasmita supaya Marga waspada. Kekarone padha olehe wis ngempakne aji Sasra Pandulu, Sasra Pangrungu lan Sasra Panggraita.

"Ana suwara jangkah watara patang pembalang saka kene, nyedhaki awake dhewe" Rangga kandha nganggo suwara batin sing mung bisa dirungokne dening Marga dhewe.

"Sikil wolu Kakang" Marga wangsulan .

"Bener" Rangga nyauti rembug "sajake karo mlaku wong papat kuwi karo padha omong-omongan"

"Iya, banjur kepriye kepenake?" Marga takon.

Rangga nudingi watu gedhe sing manggon ora adoh karo dalan sing diliwati kuwi, mapan ana tengah tegalan.

"Awake dhewe ngenteni neng walike watu kuwi wae" kandhane Rangga mangsuli pitakone Marga.

"Apa ora luwih becik neng ngisor wit gedhe ngarep kuwi Kakang?" Marga takon maneh.

"Wit kuwi manggon ana pinggir dalan, nek awake dhewe umpetan neng pange utawa ing walike mesthi gampang kaweruhan, becike neng walike watu kuwi wae sing manggone ana tengah pategalan" wangsulane Rangga karo mlaku nyedhaki watu sing gedhene kira-kira sagajah kuwi. Marga tut wuri ana mburine.

Ora nganti sapanginang suwene nggone ngenteni, sing dienteni wis teka ngisor wit sing mau ditudingi Marga. Bener sing teka pancen wong papat kaya kaya sing dikandhakne Marga yen sing suwara jangkahe dirungokne mau ana sikil wolu. Wong papat kuwi mandheg, banjur salah siji kandha marang kancane :

"Awake dhewe mandheg kene dhisik, ngenteni wong Genengan, prentah sing tak tampa saka Kunthara, awake dhewe supaya ngenteni tekane wong Genengan ana ngisor wit Widara, malah nek bisa awake dhewe dikongkon supaya leren-leren dhisik neng kene".

"Iya" wangsulane kancane "aku mau ya krungu mung wae ora pati cetha dadi aku ya ora ngerti karo sing dikarepne anake lanang Ki Kahastha kuwi".

Wong papat kuwi banjur padha mapan golek panggonan lungguh dhewe-dhewe. Wong sing omong dhisik dhewe mau, gumuyu karo kandha :

"Lha wong durung cetha apa sing kudu ditindakne kok ya gelem budhal? Nek ora Gena apa ya tumon? ha ha ha ha".

"Lhah, olehku gelem budhal kuwi rak merga aku butuh sangu ta Kang?" wangsulane wong sing sijine mau "gek aku ya ngerti, budhale ora ijen nanging wong papat, klebu karo kowe. Dadi apa sing kudu tak lakoni rak bisa tak takokne menyang slirane?".

"Iya lho Kakang Gima" siji maneh sing melu omong "aku ya ora ngerti iki arep ndika jak menyang ngendi? wong budhalku mau ya sing ngajak si Gena mButhil kuwi, banjur aku ngampiri Si Jagul, jare Gena mButhil sing ngongkon ya ndika?. Dadi iki arep nyang ngendi lan kudu kepiye sing ngerti kanthi cetha ya mung ndika dhewe".

"Iya, iya" Wong sing diceluk nganggo jeneng Gima wangsulan sabar "saiki karo ngenteni tekane wong Genengan, padha rungokna gaweyan sing kudu kok tandangi bengi iki neng Kademangan Kedhungtuwung etan kono kuwi".

Wong telu kancane Gima padha meneng karo ngrungokne, Gima banjur nutugne kandhane :

"Kunthara wis weruh nek neng Dhukuh Ngablak ya kuwi Kedhungtuwung tembing lor kulon, ana bandha akeh sing duwe jenenge Wangsa Semi, dheweke kuwi wong tani sing ngrangkep dadi bakul keris, dadine ya klebu wong sing sugih. Wedhuse ora kepetung akehe, sapine ana rolas, kebo patlikur, nanging kuwi kabeh ora ana apa-apane yen ditandhing karo mas-masan lan berleyan singgahane".

"Banjur awake dhewe dikongkon njaluk kabeh mas-masan lan berleyan singgahane Wangsa Semi? Nek gak entuk, kaya padatan wong sak omah dientekne kabeh rak ngono ta?" Gena Mbuthil nyelani critane Gima.

"Ora" Gima wangsulan "aja diselani dhisik!".

"Ya wis, ndang ditutugne nek ngono".

"Semi bojone Wangsa kuwi, najan umure wis telung puluhan lima, nanging isih ketok semok lan seger awake. Dhasare wonge ya ayu pisan, dadi nek bisa Semi kudu dibradhat digawa mlayu".

"Kuwi pakone Kunthara?" Jagul genti takon.

"Kunthara mung omong, ora ngongkon nanging upama bisa mbradhat Semi, kuwi ora kanggo Kunthara" wangsulane Gima karo ngguyu.

"Lha kanggo sapa Kang?" Gena mButhil takon "lha Kunthara mung butuh mas karo berleyan thok?".

"Ora" Gima wangsulan "kaya dhapurmu ki ora tau ngrasakne wae ta Thil? Semi ki ya kanggo awake dhewe, wong papat iki. Paling sing kerep mengko ya kowe karo si Penthet kuwi, nek aku ngono wis gak patek butuh, kejaba nek dhong kepengin thok".

Wong telu kancane Gima padha ngguyu kabeh . Gima mbacutne kandhane :

"Iki sing wigati dhewe, Wangsa Semi kuwi duwe anak wedok sing isih prawan jenenge Rinem. Iki sing wajib digawa kanthi urip. Merga juwi dibutuhne dening Kunthara".

"Dadi mengko awake dhewe nyambut gawe bareng karo Wong Genengan Kang?" Penthet takon.

"Iya nanging ora bareng" wangsulane Gima "mengko nek wis wayah sepi uwong, Wong Genengan cacah loro ndhisiki mlebu Padesan, ora menyang Ngablak, nanging menyang Gupit. Wong loro kuwi ora dikongtkon nyolong apa-apa, mung gawe geger ben wong-wong Kedhungtuwung padha opyak nguber-uber wong loro kuwi. Mesthi wae, neng kono Kunthara kanthi carane sing julig bakal nylametne wong Genengan loro kuwi. Yen wis ngono, genti awake dhewe sing mlebu nyang Ngablak, nindakne gaweyan sing sabenere, dadi ora bakal akeh sing kudu diadhepi awake dhewe, sokur-sokur nek wong Ngablak katut pisan melu nguber Wong Genengan loro kuwi. Ngerti?".

"Lha barang-barange mengko klebu si Semi karo Rinem kuwi mengko digawa menyang ngendi Kang? menyang omahmu dhisik? Apa bablas digawa menyang Bulakbadher?" Jagul takon.

"Ora kabeh" wangsulane Gima "neng sakulone punthuk Bulakbadher kae rak ana Kali? Neng pinggire kali ya neng punthukan sisih kulon sing ana wite Sengon gedhe-gedhe kae ana guwa, jenenge Guwa Bandulan. Sesuk esuk awake dhewe bisa leren neng kana ngiras seneng-seneng karo Semi, sinambi tekane Kunthara".

"Lha nek ngene dadi cetha kabeh Kang" Jagul kandha karo ngguyu ngakak "ya wis karo ngenteni tekane wong Genengan sing tak kira olehe teka ya ngenteni nek wis nyedhaki tengah wengi, aku tak nggethak dhisik neng pasuketan kono kuwi".

"Iya, aku tak aweh tandha marang Kunthara nek awake dhewe wis tekan ngisor wit Widara ing Tegal bera iki". Wangsulane Gima sing banjur ngadeg, banjur tangane dicedhakne lambe.

"Aaaauuuuuuuuuuuuuuuuuuung..............." ana suwara asu ajag sing ngalub saka ngisor wit Widara  cedhak Tegal Bera. Suwarane ngumandhang nrabas sepine wengi nganti keprungu tekan padesan ing Kademangan kalipethuk, sanajan mung rada lamat-lamat. Bareng suwara pambaunge asu wis ilang, adoh saka padesan keprungu suwarane manuk tuhu, sing celuk-celuk, kaya lagi nggoleki manuk Kulik sing dadi bojone.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...