Total Tayangan Halaman

Selasa, 19 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 89

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

89.

Kanthi cepet Dewi Rismani mlumpat maju, karo ngarahne pucuk tumbake ngener menyang jantunge Marga. Marga nginger anggone ngadeg, sudukan tumbake Rismani luput, nanging Rismani ora mandheg, tumbake diputer banter disabetne marang sirahe Marga. Marga ngendhani kanthi mencolot memburi, nanging Rismani terus mburu klawan tumbak sing ora mandheg nggone ngarah marang Marga. Sepisan maneh Marga mlumpat memburi banjur wiwit nyeblakne pecute, tumibane seblakan pas ngenani awake Rismani, sakala Rismani kontal memburi kaya kebanting tiba neng lemah, nggulung memburi telung puteran banjur mletik kaya walang Rismani bali ngadeg, karo kuda-kuda sing kukuh, siaga ngadhepi tekane seblakan sabanjure.

"Pecutanmu apik Marga" kandhane Dewi Rismani karo  nyawang Marga sajak ngece "kuciwa tanpa tenaga, sabetan pecutmu dadi tanpa guna. Ayo tutugna nggonmu dolanan pecut sing mung pantes kanggo meden-medeni cempe sing ngebyong tanduran kuwi, sedhela maneh kowe bakal dadi bangke, getihmu bakal dadi ombene tumbak Kyai Srodog sing ana tanganku iki".

Marga gumun dene Rismani jebul isih bisa tangi sawuse tiba kena sabetan pecute, malah isih katon waras-wiris ora kurang sawiji apa. Kamangka nggone namakne pecut mau wis dilambari nganggo kekuwatan hawa murni sing cukup, nanging dening Rismani sabetan pecute dilokne jare tanpa tenaga. Lan Marga ora kober nyenyuwe anggone nggagas rasa gumune, serangane Dewi Rismani wis teka maneh, mripating tumbak sing ana tangane kuwi deres ngarah marang gulune Marga. Sepisan maneh Marga ngendhani klawan ndhoyongne awake mangiwa, tumbake Rismani pancen ora ngenani gulune, nanging kanthi cepet Rismani ngobahne sikile, dhadhane Marga ora kenyana kena dugangan sikil tengen, Marga kontal memburi patang jangkah, sempoyongan banjur tiba ndhodhok karo ngrasakne seseging dhadhane. Rismani nututi mengarep karo namakne tumbake ngarah praupane Marga. Marga kaget, banjur nibakne awake manengen, nggulung neng lemah nganti limang puteran banjur mencolot tangi karo genti nyerang nganggo seblakan pecute. Ora ana suwara jumedher, lambunge Rismani keneng sabetan upat-upat pecute Marga. Kaya dhek mau, Rismani kontal memburi watara limang jangkah, adege dadi ora jejeg, sempoyongan. Wong wadon ayu kuwi ngeses ngempet lara, banjur nata adege siyaga arep males marang mungsuhe nganggo tumbak sing wiwit katon murup pucuke.

Marga tanggap yen mungsuhe wiwit ngunggahne tataran ngelmune, mula Marga ora kepengin kecolongan maneh napase ditata hawa murnine dipunjerake menyang upat-upat pecute.  Nalika Rismani maju ngrangsang klawan tumbak sing katon murup kuwi, Marga mapagne nganggo sabetan pecute sing upat-upate wis kisenan hawa murni sing dikirim saka dhasar jantunge. Ana suwara jumeglug banter banget, pucuking tumbak tatapan karo pucuking upat-upat. Wong loro padha-padha kontal memburi. Marga kadheseg mundur telung jangkah, Rismani kesurung limang jangkah, kuda-kudane ambyar merga Rismani ngrasakne kaya ana lindhu sing ngerog ragane.

Sansaya suwe perang tandhing antarane Marga lan Dewi Rismani kuwi dadi sansaya rame, kekarone wis wiwit nggunakne aji jaya kawijayan simpenane. Demang Kedhungtuwung lan wong-wong sing ana kono dadi padha mlongo saking erame, wong-wong kuwi wis ora weruh wujude Marga lan Dewi Rismani, jalaran sing katon ing panyawange wong-wong kuwi, ing ngarepe ana cahya kuning sing mubeng seser, luwih cepet tinimbang kitiran  katempuh angin barat, uber-uberan karo cahya biru sing mubeng kanthi kacepetan sing padha. Sauntara ing kiwa tengene cahya loro sing uber-uberan kuwi, lemah ora leren-leren nggone horeg kaya lindhu sing susul-susulan.

Dumadakan keprungu suwara angin lesus sing disusul ana macan gembong sing sakebo benthung gedhene sing mudhun saka awang-awang. Macan gembong kuwi banjur nggero-nggero karo mamerne siyunge madhep marang papane Demang Kedhungtuwung sakancane. Demang Kedhungtuwung lan para bebau lan jagabaya sing ana kono sakala entek atine, macan gembong kuwi katon galak lan sajake lagi luwe.

"Marga, sawangen kanca-kancamu sing arep padha mati merga kaweden kae!" ana suwarane wong wadon nguwuh banter saka puseraning cahya kuning sing lagi uber-uberan karo cahya biru.

"Ha ha ha....." keprungu suwara guyune Marga aweh wangsulan marang panguwuh kuwi "olehmu nggambar kucing kacepeten Rismani, sawangen untune kucingmu wis padha coplok malah saiki wis dadi ompong, banjur olehmu nggambar sikile kucing ya ora bener, lha wong sikil kucing kok memper karo sikile truwelu ngono ....... ha ha ha".

Demang Kedhungtuwung sing lagi ndhrodhog wel-welan dadi gumun, bareng karo rampunge Marga aweh wangsulan marang Rismani ngono kuwi, dumadakan Demang Kedhungtuwung lan wong liyane sing ana kono weruh, macan gembong sing gero-gero kuwi jebul untune padha mrotholi lan dadi ompong lan sing luwih nggumunake maneh jebul macan gembong kuwi ora duwe cakar utawa kuku, merga sikile persis sikile truwelu.

"Ha... ha... ha.... Lucu" Rangga sing mau mung meneng karo nyawang sedulur angkate sing lagi perang tandhing kuwi dumadakan ngguyu banter karo omong "lagi tumon iki aku, prayangan mendem sinau nggambar, dadine gambare dadi lucu ha ha ha".

"Iblis laknat" keprungu maneh suwarane Rismani misuh-misuh banter "kowe bocah loro pancen wis ora kena dieman maneh. Neng neraka aja padha alok nek aku iki kejem, kapeksa kowe Marga lan wong-wong sing ana kene arep tak lebur nganggo Aji Pangleburbawana, kareben ora ana maneh sing ngarubiru anggonku nindakne dhawuhe guruku Bathari Kali".

"Aja kesusu sumbar Rismani" keprungu wangsulane Marga "garising kodrat wis nyebutake : Birawaning angkara luluh dening Kasetyaning Jiwa".

"mBuh ora idhep, saiki padha rasakna!!" Rismani nggetak banter.

Ora suwe keprungu ana suwara gemleger, disusul lindhu horeg sing nibakne gentheng-genthenging omah ing sacedhake papan perang tandhing kuwi.  Nanging ora suwe, watara saampetan ambegan. Lindhu sirep, suwara gumleger ilang, cahya kuning lan cahya biru sing mubeng uber-uberan uga wis ora katon maneh. Kahanan dadi sepi. Alon-alon Marga tangi saka anggone ngglethak, njupuk pecute sing uga gumletah ing sandhinge. Rangga nyedhak karo takon sajak kuwatir :

"Kepriye kahananmu Dhi?"  

"Ora apa-apa Kakang" wangsulane Marga lemes, ketok nek kentekan tenaga, banjur watuk-watuk lan saka tutuke metu getih kenthel kira-kira saendhog gemak gedhene.

"Menyang ngendi parane Prayangane Dewi Rismani mau?" pitakone Marga karo ngusapi lambene.

Rangga noleh ngiwa nengen, nggoleki sing ditakokne sedulur angkate.

"Aku ana kene Marga" kira-kira sepuluh jangkah saka papane Marga katon ana Nini-nini tuwa sing gumlethak tanpa daya. Gage-gage Rangga lan Marga marani Nini-nini tuwa sing ngglethak kuwi.

"Aku ngakoni klawan jujur Marga, kowe wis bisa menang mungsuh muride Bathari Kali" Nini-nini kuwi guneman karo megap-megap ngempet lara. Kahanane wis melas banget, nadyan katone ora ana sing tatu, nanging sarnduning awake katon gosong kabeh.

"Ora sah ngrembug perkara kuwi dhisik Nini" wangsulane Marga "entenana sedhela, tak racikne bobokan kanggo nambani ragamu".

Marga ngawe Demang Kedhungtuwung lan wong-wong liyane sing ketok ngoplok durung ilang wedine. Nanging diawe Marga wong-wong kuwi uga banjur ngadeg, mara nyedhak.

"Uwis Marga, ora sah repot-repot, sedhela maneh aku bakal mati. Sumurupa satemene olehku nglakoni urip iki wis suwe, aku lahir wiwit jaman Tanah Jawa diratoni dening Sri Girindrawardana ya Prabu Brawijaya Pamungkas. Lan aku wis nyecep ngelmune Bathari Kali, sing ndadekne aku kelangan sipat kamanungsan, dadi prayangan. Jalaran saka panglawanmu marang ajiku Panglebur Bawana, aku malah ketulungan, bisa bali wujud manungsa sing jebul wis kaya ngene wujude. Aku wis iklas marang patiku Marga, aku bisa mati kanthi wujud manungsa maneh".

"Ora Nini" Marga wangsulan alus sawise njaluk tulung marang Bebau Supiturang supaya digolekne banyu bening "Nini Dewi Rismani bakal bali waras kaya wingi uni, entenana sedhela".

"Aku wis wayahe mati Marga" wangsulane  Dewi Rismani karo suwara pedhot-pedhot "aku uga ngerti dosaku tumpuk undhung akehe, nanging aku percaya Gusti Maha welas lan Maha Asih marang titahE, sadurunge mati aku mung butuh nyuwun pangapuraNe. Critaku sing pungkasan iki muga-muga bisa nyuda dosa lan kaluputan sing wis tak tindakne".

Dewi Rismani sing wis wujud Nini-nini tuwa kuwi meneng sedhela, banjur wiwit guneman maneh :

"Sing ana pasenthongan sing lawange tak tunggu mau, prawan-prawan Kedhungtuwung sing ilang dicolong para Durjana kae. Sing telu diselehne ana kono merga arep didadekne abdine Bathari Kali, dene prawan liyane digawa menyang paguron Kluwihan didadekne Tumbal dening Panembahan Sekarjati kaunjukake marang Bathari Pramoni ratuning lelelmut ing Dhandhangmangore sing mapane ana pereng lor kulone Gunung Lawu. Dene wanita-wanita liyane sing wis duwe bojo nanging katut ilang, kuwi kabeh mung didadekne papan panyuntake hawa nafsu dening Kahastha lan anak lanange sing didhaku minangka muride, awit Kunthara kuwi temene anake asil anggone slingkuh wong tuwane wadon Kunthara karo Kahastha. Mung kuwi sing bisa tak critakne marang kowe, wektuku wis entek Marga...........".

Dewi Rismani ora bisa nerusne guneme, meneng bareng lan pecating nyawane. Marga lan Rangga ora bisa guneman apa-apa maneh. Nom-noman loro kuwi rumangsa melu kelangan merga matine Dewi Rismani sing kalah pangabaran nalika ngecakne aji Panglebur Bawana sing ditadhahi Marga klawan aji Astidamatular peparinge Ki Tanparupa.

"Ki Demang" kandhane Rangga marang Demang Kedhungtuwung sawuse meneng sauntara "Ki Demang sampun mireng piyambak kaliyan cariyosipun Nini Rismani punika kala wau, salajengipun borong anggenipun Ki Demang badhe anyikepi lan ngedalaken prawan-prawan ingkang wonten pasenthongan kala wau. Kula lan adhi kula badhe ngrukti layonipun Nini Rismani punika rumiyin".

"Inggih anakmas, kaparenga kula ndherek ngrencangi ngrukti layon punika, prakawis mbikak pasenthongan supados dipun tandangi Ki Bebau Padaringan lan kanca-kancanipun rumiyin" wangsulane Demang Kedhungtuwung.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 88

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

88.

Nalika srengenge wis ngglewang mangulon papan kanggo ngubur layone Ki Kahastha wis dadi. Demang Kedhungtuwung banjur mrentahne supaya layon kuwi enggal dikubur kanthi pakurmatan kang sacukupe. Sing ngangkat layon ora mung para cantrik wae, nanging gentenan karo para prajurit Kademangan. mBarengi rampung pangubure Ki Kahastha, lan para warga Bulakbadher mulih menyang omahe dhewe-dhewe, Bebau Supiturang nyedhaki Demang Kedhungtuwung saperlu nglapurake asile nggone niti priksa sajroning padhepokan. Deningt Demang Kedhungtuwung Bebau Supiturang, Bebau Padaringan, Jagabaya Pahang lan Jagabaya Sekayu banjur diajak mlebu ing Pringgitan murih lapurane ora dirungokne wong akeh. Rangga lan Marga dening Demang Kedhungtuwung diajak melu ngrungokne lapurane Bebau Supiturang. Cantrik loro yaiku Dario karo Limpad sing dadi cucuking laku uga melu ngrungokne apa sing diaturake Bebau Supiturang marang Demang Kedhungtuwung.

Kajaba ana tumpukan rajabrana sing akeh sing didhelikne neng pasenthongan padhepokan, Ki Supiturang uga nglapurake yen ana pasenthongan gedhe sing ora bisa dibukak saka njaba. Jalaran kajaba lawange digawe saka kayu sing pilihan uga dikancing nganggo gembok sing ora bisa digawe saka waja pilihan temah ora tedhas ditamani gegaman. Sarta ana kekuwatan aneh sing ora kasatmata sing ngalang-alangi wong sing nedya ngrusak lawanging pasenthongan.

"Pasenthongan sing ora bisa ndika bukak kuwi manggone ana ngendi?" pitakone Demang Kedhungtuwung marang Bebau Supiturang.

"Jejer kaliyan pasenthongan ingkang kangge nyinggahaken bandha donya ingkang wujud mas picis punika Ki Demang" wangsulane Ki Supiturang "kaapit kaliyan papan paleremanipun Ki Kahastha, namung kemawon ketingalipun wiyaripun tikel kaping kalihipun pasenthongan punika".

"Lan ndika durung ngerti apa sing ana jerone pasenthongan kuwi ?" Demang Kedhungtuwung takon maneh.

"Nuwun inggih dereng mangertos Ki Demang" wangsulane Ki Supiturang "malah ingkang dados gawoking manah kula lan kanca-kanca, dumugi sakniki raos ajrih dhateng punapa ingkang boten kula ngertosi punika taksih ngreridhu salebeting manah kula sadaya".

"Aneh" Ki Demang guneman alon, banjur genti nakoni Dario lan Limpad "Lha kowe Cantrik loro, mesthine kowe sing ngerti isen-isening pasenthongan sing jarene Ki Supiturang angker kuwi?".

"Sewu tadhah deduka Ki Demang" Daria wangsulan  karo suwara kedher ketara yen atine isih krasa miris "wiwit kula dados cantrik ing mriki, nembe dinten niki wau kula midak sangajenging kori pasenthongan kalih punika. Jalaran dhawuhipun Bapa Guru Kahastha miwah Kakang Kunthara, para cantrik boten dipun keparengaken nyaketi pasenthongan kalih punika saha papan pasareyanipun Bapa Guru Kahastha. Sinten ingkang kumawantun nyaketi pidana pejah minangka ganjaranipun".

Demang Kedhungtuwung meneng sedhela banjur noleh Rangga lan Marga karo takon :

"Kadospundi Anakmas punika?".

"Saenipun mangga dipun tingali sesarengan Ki Demang" wangsulane Rangga "Kula kok ugi kepengin mangertos pasenthongan ingkang criyosipun Ki Bau Supiturang angker punika".

"Manawi makaten mangga dipun tingali Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung sing banjur prentah marang wong sing ana kono "ayo didherekne Anakmas Rangga lan Anakmas Marga mirsani pasenthongan sing nyalawadi kuwi".

Wong-wong kuwi banjur padha mlaku menyang papan sing dicritakne Ki Supiturang mau. Wong akeh sing ana pendhapa lan plataran Padhepokan yaiku para cantrik sing wis carub karo para Prajurit Kademangan mung padha nyawang karo mripat kebak tandha pitakonan.

"Apa sing bisa kosawang ing papan iki Adhi?" pitakone Rangga nalika wis tekan ngarepe lawang pasenthongan sing jarene angker kuwi.

"Dolanane Kunthara karo Ki Kahastha sing ditemplekne lawang Kakang" wangsulane Marga.

"Bisa kok singkirne nganggo upat-upating pecutmu ta?" pitakone Rangga karo mesem.

"Ya tak cobane dhisik Kakang" wangsulane Marga karo nglolos cemethine.

Demang Kedhungtuwung lan wong liyane sing ora mudheng marang apa sing dikandhakne Rangga lan Marga kuwi mung meneng. Jalaran kajaba ora mudheng apa karepe nom-noman loro kuwi, wong-wong mau dumadakan padha mengkorog githoke, ana rasa miris lan wedi sing nggremet ing sajroning atine. Ora krasa wong-wong kuwi klambi sing dienggo wis teles krana kringet adhem sing mabjir saka ragane. Lan sing luwih nggumunake maneh, wong-wong kuwi uga ora ngerti apa sing ndadekne atine padha kegremetan rasa wedi.

"Nuwun sewu Ki Demang" dumadakan Marga guneman "kula aturi radi nebih sakedhik, kula badhe nyeblakaken pecut kula kangge nggugah kori ingkang sajakipun nembe tilem punika".

"Inggih Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung sing banjur alon-alon mundur dieloni wong-wong liyane watara sepuluh jangkah saka panggonane Marga.

Marga banjur ngencengi nggone ngegem garan pecute, karo wiwit ndedonga kaya sing tau diwarahake dening Ki Tanparupa manawa sawayah-wayah weruh titah saka alam liya sing ana ngarepe. Ya iku sing diarani aji Taratadira. Bareng karo rampunge nggone ngunekne unen-unen aji Taratadira, Marga ngangkat pecute arep diseblakne menyang gegodhonganing lawang pasenthongan sing ana ngarepe. Dumadakan saka gegodhonganing lawang kuwi ana cahya padhang rupa kuning, sing sorote sumebar ing kiwa tengene. Wong sing ana kono padha sansaya mengkorog rasaning githoke. Ora suwe cahya sumorot iku banjur ilang lan tanpa sangkan ing ngarep Marga wis ana wong wadon ayu sing sandhangane sarwa kuning, ngadeg nyekeli tumbak cendhek, mripate manther nyawang praupane Marga. Disawang dening wong wadon sing ora ngerti sangkane kuwi, Marga murungake nggone arep nyeblakne pecut. Nanging ora tinggal ing kawaspadan.

"Sapa aranmu bocah bagus?" wong wadon ayu kuwi nakoni Marga "dene wis lancang arep ngganggu gawe anggonku nyambut gawe".

"Jenengku Marga" wangsulane Marga karo panggah waspada "aku ora arep ngganggu gawe sapa wae, jalaran sing tak tindakne iki neng jagadku, jagade titah kang kasat mata, jagad Datullah sing dadi ing pangwasane manungsa. Balik, kowe kuwi sapa sing kumawani ngambah alam sing dudu alammu dhewe?".

"Ngertiya Marga aku Dewi Rismani, manungsa sing wis oleh nugraha bisa mapan urip ing alam Sipatullah, jalaran meguru marang Bathari Kali temah kanugrahan kalis saka ing pati lan wenang mapan ing jagad ngendi sing tak senengi" wangsulane wong wadon sing jebul duwe jeneng Dewi Rismani lan ngaku muride Bathari Kali kuwi.

"Menungsa kesasar kowe kuwi Rismani, kowe manungsa sing ora nampa kodrating manungsa malah kapencut ngawula marang titah sing tan kasatmata, nadyan kowe ngaku isih wujud manungsa nanging sejatine kowe wis nyawiji ing alaming titah sing tanpa raga wadhag, kowe kuwi prayangan sing ora cetha. Gage baliya marang alam sing dadi papane gurumu kana, kajaba yen kowe pancet niyat arep gawe gendra ing alaming manungsa" kandhane Marga marang Rismani.

"lancang pangucapmu Marga" wangsulane Rismani karo mripat mencereng "ing kene aku nindakne dhawuhe Guruku, nunggu lan ngenteni manungsa-manungsa sing mapan ing walike lawang iki, sing wis diaturake bakal dadi abdine Guruku neng Kahyangane. Ora ndadak kok prentah yen manungsa sing tak tunggu wis bisa manjing alaming Bathari Kali, aku mesthi lunga saka papan kene".

"Yen mangkono cetha yen kowe niyat arep gawe gendra ing jagading manungsa, kapeksa aku mentala aweh paukuman marang kowe" kandhane Marga karo ngangkat pecute.

"Ngati-ati Marga, ora mung kowe sing bisa aweh pidana, najan aku uga diwenangake aweh paukuman marang manungsa sing kaya kowe" muni ngono kuwi Rismani karo muter tumbak sing ana tangane lan siyaga arep nrajang Marga.

 

ana candhake.


Senin, 18 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 87

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

87.

Demang Kedhungtuwung, Para Bebau lan Para Jagabaya padha gegancangan nyedhaki Rangga sing isih ngadeg ing cedhak mayite Ki Kahastha sing gumlethak ing plataran Padhepokan. Wong-wong kuwi padha rumangsa eram ngerti carane perang Rangga lan Marga mungsuh Ki Kahastha lan Kunthara. Cara perange wong sing duwe ngelmu kanuragan sing arang diduweni dening wong-wong liyane. Kunthara sing kulinane dieringi lan diwedeni dening wong-wong Kedhungtuwung jalaran saka kasekten lan kadigdayane, saiki gumlethak neng lemah mripate merem, mung ambegan sing mlebu metu saka irunge wae sing nuduhne yen wong kuwi isih urip. Malah Ki Kahastha sing bener-bener katon ora duwe nyawa, dhadhane katon gosong, praupane mingkus rupane dadi biru. Bener-bener angel ditampa karo nalar yen ora nyumurupi dhewe kedadeyan ing plataran Padhepokan Bulakbadher esuk kuwi. Aja maneh kok nganti adu arep, tandhing ijen padha ijen, lha wong saupama wong-wong kuwi dikongkon maju bareng mungsuh karo Ki Kahastha ijen wae, wong-wong kuwi durung karuwan yen isih ana sing urip, lha kok esuk iki Ki Kahastha bisa kanthi cepet dikalahne dening nom-noman sing durung ilang pupuk lempuyange, malah wis gumlethak neng lemah tanpa nyawa maneh.

"Ki Kahastha sampun dumugining pejah lan Kunthara ugi sampun boten saged napa-napa malih Anakmas......" kandhane Demang Kedhungtuwung.

"Leres Ki Demang" wangsulane Rangga "samangke borong dhateng Ki Demang, kados pundi prayogining lampah salajengipun".

"Lha miturut Anakmas Rangga lan Anakmas Marga punapa ingkang kedah kula lampahi?" Demang Kedhungtuwung genti takon njaluk rerigen marang Rangga lan Marga.

Rangga meneng sedhela banjur mripate nyawang Marga kanthi sasmita njaluk sumbanganing panemu. Marga banjur maju sajangkah nyedhaki Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau sarta para Jagabaya sing ngadeg ing sisih matite Ki Kahastha.

"Nuwun sewu Ki Demang" kandhane Marga sabanjure "kula aturi nengga sakedhap".

Bubar muni ngono kuwi, Marga banjur ngawe para cantrik sing isih kalimput dening rasa wedi lan kuwatir kuwi supaya nyedhak. Sing diawe uga banjur mlaku nyedhaki papane Marga sing lagi rembugan karo Demang Kedhungtuwung sakancane.

"Ing Padhepokan kene iki, kajaba Ki Kahastha lan Ki Kunthara sapa sing dituwakake sing kulina makili Ki Kahastha utawa Ki Kunthara yen nuju wong loro kuwi ora ana ing Padhepokan?" Marga nakoni para cantrik kuwi.

"Ingkang kapatah nata para cantrik ing salebeting Padhepokan punika dening Bapa Guru Kahastha punika Adhi Limpad kaliyan kula pun Daria, Raden" salah siji saka cantrik kuwi mangsuli karo nudingi salah siji saka kancane sing diarani nganggo jeneng Limpad kuwi.

"Yen ngono kene Kisanak Limpad lan Kisanak Daria, rada nyedhak kene, ana bab-bab sing prelu dirembug karo Ki Demang Kedhungtuwung" kandhane Marga maneh karo suwara sing alus lan keprungu grapyak semanak.

Limpad karo Daria maju nyedhak,  banjur ngadeg karo tumungkul, kanthi sikep ngenteni prentah. Marga banjur ngedhepi Rangga supaya genti guneman.

"Punika makaten Ki Demang" kandhane Rangga sawuse dikedhepi Marga "miturut pamanggih kula, langkung rumiyin prayoginipun Ki Kahastha saderengipun dipun rukti kanthi salimrahipun dipun leremaken rumiyin ing pendhapa mriku. Makaten ugi Kunthara, saderengipun dipun tambani inggih prayogi dipun papanaken ing pendhapa rumiyin".

"Inggih Anakmas" wangsulane Demang Kedhungtuwung "kula ndherek punapa ingkang dados pamanggihipun Anakmas".

"Salajengipun, Ki Demang paringa dhawuh dhateng Kadang Bebau lan Jagabaya niti priksa sadaya panggenan ing salebeting Padhepokan punika, kula kinten saged dipun rencangi dening Kisanak Daria punika murih nedahaken pundi-pundi ingkang kedah katitipriksa".

"Inggih Anak Mas" wangsulane Demang Kedhungtuwungt maneh "Ki Bau  Supiturang lan Bebau Padaringan kabantu Jagabaya Pahang miwah Jagabaya Sekayu supados nindakaken dhawuhipun Anakmas Rangga punika".

"Inggih Ki Demang" wong sing jenenge disebut padha semaur bareng.

"Salajengipun Ki Demang ugi ndhawuhana kadang Jagabaya sanesipun murih ngrigenaken para Kadang Cantrik, anggenipun badhe ngrukti layonipun Ki Kahastha" kandhane Rangga sabanjure.

Layone Ki Kahastha banjur diangkat lan diselehne ing jogan pendhapa, ditumpangne dhampar sing dilemeki klasa pandhan sing resik, banjur dilurupi nganggo jarit sing isih katon rada anyar, rangkep telu.  Demang Kedhungtuwung uga banjur aweh prentah marang prajurit-prajurit Kademangan supaya mbiyantu para cantrik  gawe luwangan kanggo ngubur layone Ki Kahastha, ing plataran Padhepokan kono. Prajurit liyane diprentah supaya olah-olah gawe panganan nggunakake sangune sing mau digawa saka Kedhungtuwung jagan pangane prajurit yen sida kedadeyan perang. Demang Kedhungtuwung uga banjur mrentahne salah sijining cantrik sing dikantheni prajurit Kademangan cacah loro supaya nabuh thonthongan, aweh warta marang warga ing Bulakbadher yen dina iku Ki Kahastha wis kapundhut ing ngarsane Gusti, cantrik lan prajurit sing ngancani kuwi diwanti-wanti ora kena ngandhakne sing dadi sebab patine Ki Bulakbadher.

Bebau Padaringan, Bebau Supiturang, Jagabaya Sekayu lan Jagabaya Pahang uga banjur nganthi sawatara prajurit banjur nindakne panaliti lan nggledhah isen-isening Padhepokan dikancani Limpad lan Daria minangka cucuking laku.

Marga sing rumangsa wis ndadekne Kunthara remuk pupune, banjur wiwit ngetokne bumbunge, ngracik bobokan kanggo nambani tatune Kunthara. Kunthara dhewe sawuse eling saka anggone semaput, wis kentekan daya lan tenaga mung bisa kethap-kethip, diselani ngesas-ngeses ngempet laraning ragane. Kunthara ditambani lan diupakara ing pringgitan mburi pendhapa.

Sauntara wong-wong padha nindakne gaweyane dhewe-dhewe, Demang Kedhungtuwung, Rangga lan wong-wong liyane sing ora nindakne kuwajiban apa-apa padha lungguh ing jogan pendhapa, entrane padha tugur nunggoni layone Ki Kahastha. Uga dhapuk dadi wakile kulawarga Padhepokan, nampa tekane wong-wong Bulakbadher sing padha teka, nglayat lan nelakne rasa anggone melu bela sungkawa. Wong-wong ing Bulakbadher akeh sing padha gumun, awit akeh sing duwe kapitayan yen Ki Kahastha kuwi dudu wong sing lumrah. Nanging titising Dewa sing duwe kasekten sing tanpa ana tandhinge, aja maneh jamake manungsa sanadyan jim setan peri prayangan wae ora ana sing wani tandhing tiyasa karo Ki Kahastha, saking sektine. Mula nalika wong-wong Bulakbadher padha krungu warta yen Ki Kahastha wis kapundhut dening Sing Maha Kuwasa, akeh sing duwe pangira lamun matine Ki Kahastha kuwi mung jalaran Ki Kahastha ngersakne salin raga. Layon sing saiki gumlethak ing dhampar dilurupi jarik-jarik anyar kuwi satemene dudu Ki Kahastha, nanging wujud tiron mbuh saka apa sing diusapi lenga sipat, sing ndadekne sapa sing weruh padha ngarani nek kuwi ragane Ki Kahastha. Lan Ragane Ki Kahastha sing satemene, saiki isih dandan ing alam panglemunan. Mengko yen wujud tirone Ki Kahastha kuwi wis dikubur, embuh pirang dina maneh Ki Kahastha bakal bali menyang Bulakbadher maneh klawan raga sing wis anyar sing isih sarwa santosa.

Demang Kedhungtuwung lan Rangga sing uga diajak rembugan bab pangira lan panemune wong Bulakbadher kuwi mung manthuk-manthuk sajak percaya. Mung wong-wong liyane sing ngerti lan weruh sing dadi sebab patine Ki Kahastha padha meneng karo tangane nutup lambe, ngampet supaya ora ngguyu kapitayane wong Bulakbadher sing dianggep lucu.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 86

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

86.

Kaya geni siniram ing lenga kanepsone Ki Kahastha krungu wangsulane Rangga sing cetha wis wani ngremehne kasektene. Nanging pancen ora kabeh sing dikandhakne Rangga kuwi luput, nyatane nganti  pirang-pirang jurus nggone adu kasekten Rangga cetha durung bisa dikalahne. Ora ana sabetan tekene sing bisa ngenani ragane Rangga, sanadyan Ki Kahastha dhewe uga durung tau ngrasakne kena samplukane teken pring kuni sing dienggo gegaman Rangga. Lagi nemoni kanyatan kang kaya mangkono kuwi wae, temene Ki Kahastha wis rumangsa isin, dene mungsuh bocah sing paribasan durung ilang pupuk lempuyange wae, ora enggal bisa ngalahake, luwih-luwih bareng kandha yen kondhanging jenenge mung tinemu ngayawara, Ki Kahastha bener-bener rumangsa diwirang-wirangake, luwih-luwih apa sing dikandhakne Rangga mau uga dirungokne dening cantrik-cantrike. Mula yen nalika Rangga lan Marga teka mau Ki Kahastha isih kepengin ndadekne Rangga lan Marga dadi muride, saiki pepenginan kaya ngono kuwi wis ilang babar pisan. Sajroning atine ora ana liya kejaba kepengin enggal bisa nyirnakne nom-noman loro sing duwe ragangan apik kuwi. Sakkeplasan Ki Kahastha nglirik tarunge Kunthara sing mungsuh Marga, Ki Kahastha dadi sansaya ngigit-igit, Kunthara wis katon kethetheran ngadhepi tandange Marga, klambine Kunthara ing sisih mburi ketok wis akeh sing  suwek  dirajang dening upat-upat pecute Marga, lan kringete Kunthara wis dadi abang merga kecampuran getih sing metu saka tatu-tatu tilas ketiban pecute mungsuhe.

"Wis ora kena dieman maneh Kunthara" Ki Kahastha nguwuh seru ngandhani muride "luwih becik enggal dirampungi wae bocah sing nrucak ora genah loro iki".

Krungu panguwuhe Gurune, Kunthara ora wangsulan nanging banjur mletik mencolot memburi kira-kira limang jangkah banjur ngetrapne aji jaya kawijayane. Ora gantalan wektu Kunthara maju maneh, ana ganda arus semi banger ngiri hawa panas sing metu saka ragane. Pedhange uga wiwit katon mengangah abang murup kaya lagi metu saka geni ububan. Kunthara pancen wis ngecakne ajine sing aran aji alas kobar sing kekuwatane luwih nggegirisi.

Ki Kahastha ngguyu lakak-lakak weruh Kunthara wiwit ngecakne Alaskobare, Ki Kahastha luwih dhisik percaya lan wani mesthekne nek sedhela maneh Marga bakal mati gosong kena dayane Aji Alas Kobar sing diabar dening muride. Ki Kahastha uga banjur nata awake, teken waja kuning sing mau dicekel saiki diselehne neng lemah, banjur matak ajine sing luwih nggegirisi yaiku aji Dumung saleksa. Epek-epeke Ki Kahastha dadi ketok mencorong, banjur tangane wiwit polah kaya solahe ula dumung sing ngempros-ngempros ngetokne wisane, meh padha karo Aji Alas Kobar sing digunakne muride, saka ragane Ki Kahastha uga banjur metu hawa panas sing ngiringi ganda amis campur lan ganda sing langune kagila-gila.

Weruh mungsuhe wiwit nggunakne aji jaya kawijayan sing nggegirisi, Rangga uga banjur mbalekne teken Pring Kuning ana sengkelitane. Epek-epeke ditlangkupne, digebeg padha epek-epeke. Karo ngrapal mantra olehe marahi Korine Pangeran Surawiyata sing tau aweh ngelmu kanuragan ing alaming pangimpen ya alaming Sipatollah jaman Rangga isih manggon neng Gunung Prawata biyen.

"Klawan nyebut Asmaning Gusti Kang Maha Welas lan Maha Asih, temen ora ana daya kekuwatan lan ora ana sing bisa menang kajaba awit peparinge Gusti Kang Maha Luhur lan Maha Agung".

Rangga wis ngecakne aji Saleksadaya.

Sauntara kuwi Marga sing weruh yen Kunthara wis ngetokne pangabaran nganggo aji Alas Kobar, mesem sedhela banjur karo jungkir walik memburi rada ngedohi mungsuhe Marga nggugah kekuwataning batine, hawa murnine ditata lan diklumpukne karo hawa adhem sing asale saka anasir banyu kang manggon ing awake. Marga wiwit ngetrepne Aji Sendhangkenanga, peparinge Ki Tanparupa. Sakala ing kono ana hawa adhem sing atise kagila-gila kairing angin sing ngetokne gandane kembang kenanga. Hawa panas lan ganda arus banger sing maune ngambrak ngebaki platarane Padhepokan nganti tekan papane wong-wong sing ora padha perang, yaiku papane Demang Kedhungtuwung lan para Bebau sarta para Jagabaya, uga papane Para Cantrik murid-muride Ki Kahastha, dumadakan musna ketutup hawa atis lan gandane Kembang Kenanga.

Kunthara dadi sansaya nesu, lan sansaya getem-getem kepengin enggal bisa ngrampungi Marga. Pedhange sing isih ngetokne pega panas sing kagila-gila kuwi terus obah ngarah gulune mungsuhe. Marga dadi rada kethetheran ngendhani, nanging mangkono kuwi kedadeyane ora suwe. Marga mencolot jungkir walik memburi ing awang-awang, lan nalika sikile bali ngambah lemah, pecute sing gagange digegem kenceng kuwi genti diseblakne, dikantheni kekuwatan wutuh surungan hawa murnine.  Kunthara sing mencolot maju sing karepe arep mburu Marga, kaget merga kepapag seblakan pecut. Ora ana cara liya kanggo ngadhepi seblakan kuwi kajaba kudu ditangkis nganggo pedhange, nanging apes tumraping Kunthara, ugel-ugele tangan sing nggujengi gagang pedhang kesrempet pucuk upat-upat. Kunthara mbengok kelaran, ugel-ugele krasa kaya ucul sambungan balunge, pedhang sing dicekeli nggregeli ceblok neng lemah. Lan sadurunge Kunthara obah, seblakan pecute Marga muni maneh, saiki tumibane sabetan pecut pas ngenai pupune sing kiwa. Sepisan maneh Kunthara njerit banter, banjur awake rubuh neng lemah ora eling apa-apa, balung pupune Kunthara wis remuk ketiban pecute Marga sing disurung nganggo kekuwatan wutuh hawa murnine.

Weruh Kunthara rubuh neng lemah banjur kejet - kejet sedhela sing banjur meneng, ora krasa Demang Kedhungtuwung, para bebau lan para jagabaya sarta prjaurit Kademangan sing ana plataran Padhepokan Bulakbadher kuwi padha keplok lan surak mawurahan.   nDadekne Kagete Ki Kahastha sing banjur nglirik papan tarunge Kunthara lumawan Marga.  Ki Kahastha nggeget untune bareng weruh Kunthara gumlethak neng lemah wis ora obah. Pangarsaning Paguron Bulakbadher kuwi nggereng karo mripat sing murup. Ora kandha apa-apa banjur nrajang Rangga nganggo ajine sing luwih nggegirisi, jalaran panrajange Ki Kahastha iki dibarengi karo rasa pangigit-igit sing tanpa upama.

Rangga kaget ngerti panrajange Ki Kahastha sing mbebayani kuwi, nanging Rangga luwih bisa nggunakne nalare. Panrajange Ki Kahastha kanthi gampang bisa diendhani, Ki Kahastha kebablasen mengarep kesurung dening tenagane dhewe. Rangga nginger adege, banjur klawan cukat epek-epeke sing wis kesasaban aji Saleksadaya kuwi diarahne kanggo nabok dhadhane Ki Kahastha sing arep mbalik saka kebablase. Pas banget. Dhadhane Ki Kahastha kena tabok epek-epeke Rangga, ora sida bisa bali malah kontal memburi, tanpa sambat Ki Kahastha nggeblag. Dhadhane gosong, isen-isening dhadhane rontog. nDadekne Ki Kahastha koncatan nyawa.

Sepisan maneh keprungtu suwara surak gumuruh, surake Wong-wong Kedhungtuwung. Para cantrik mueid-murid Padhepokan Bulakbadher sing weruh Kunthara lan Ki Kahastha wis gumlethak neng lemah, banjur tolah-toleh karo kancane. Arep mlayu nanging wis kentekan daya amerga saking wedine. Marga sing weruh slagane para Cantrik banjur thukul welase, cantrik-cantrik kuwi banjur diparani lan dikandhani :

"Kisanak ora sah padha wedi, aku ngerti yen ndika kabeh ora ngerti apa sing wis ditindakne Ki Kunthara lan Ki Kahastha lan ndika kabeh ora bakal tak katutne dosane wong loro kuwi, waton ndika kabeh gelem nungkul kanthi becik. Nanging yen ana sing ora nrimakne merga tumindakku marang Ki Kunthara lan Kakangku sing wis gawe patine Ki Kahastha, ya bakal tak tegakne".

"Inggih Raden, kula boten ngertos napa-napa lan kula sedaya boten badhe wani kaliyan Raden miwah priyantun-priyantun saking Kedhungtuwung" para cantrik kuwi saur manuk padha wangsulan.

 

ana candhake.


Minggu, 17 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 85

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

85.

Rangga mendhakne awake mangisor, sabetan tekene Ki Kahastha liwat dhuwur sirahe. Mendhake Rangga ora mung mendhak lumrah nanging karo ngobahne tangane sing nyekeli tekene kanggo nyuduk lambunge mungsuhe. Ki Kahastha kaget, enggal-enggal muter awake ngendhani sudukan tekene Rangga, sabetane sing luput ora diendhegne nanging diowahi dadi serangan anyar sing ngarah marang lambunge Rangga. Rangga sing sudukane bisa diendhani mungsuhe malah saiki lambunge arep dienggo sasaran tumibane serangan saka Ki Kahastha mencolot nisih. Kuda-kudane tetep kukuh, siaga ngadhepi mungsuh. Ki Kahastha sing ngira yen ing bab kekuwataning tenaga Rangga mung kaya salumrahe nom-noman liyane, kepengin nuduhne kekuwatan sing diduweni, murih Rangga ngerti yen sing diadhepi kuwi Ki Kahastha sing nduweni karosan luwih dhuwur tinimbang karosane wong lumrah cacah sepuluh didadekne siji. Mula serangane Ki Kahastha ngarah supaya ora bisa diendhani, nanging Ki Kahastha ngarep-arep supaya sabetan tekene ditangkis dening Rangga nganggo teken pring kuninge. Petunge Ki Kahastha, klawan mangkono bakal ndadekne Rangga miris weruh karosane lan kena dipesthekne yen teken gegamane Rangga bakal mencelat ucul saka gegeman. Rangga sing bisa maca apa sing dikarepne mungsuhe, sengaja ora gelem ngladeni kanthi nangkis panyabete Ki Kahastha, nanging milih endha sing ndadekne sabetane Ki Kahastha sing dilandhesi kekuwatan hawa murni kuwi mung tumiba ing papan suwung sing ndadekne wetuning tenagane Ki Kahastha mung tiba muspra. Pancen Rangga sengaja durung kepengin nuduhne kekuwatan lan karosane marang mungsuhe sing rumangsa duwe kekuwatan lan karosan tanpa tandhing, nanging Marga pilih ngobong kanepsone Ki Kahastha lan nguras tenagane klawan terus ngendhani sakehing serangan saka mungsuhe. Ki Kahastha sing serangane tansah bisa diendhani dening Rangga kuwi tumuli ngundhakne kacepetan obahe, tekene disolahne kaya ubenge kitiran lan ngarah marang peranganing ragane Rangga sing mbebayani.

"Keparat kowe Rangga" Ki Kahastha misuh ngerti solahe Rangga sing tansah ngendhani serangane "sedhela maneh bakal tak remuk sirahmu nganggo teken pusakaku iki, kowe!".

"Oh, mangga Kyai" wangsulane Rangga karo ngguyu "ora sah ndadak nganggo pekewuh, gage ndika tindakne wae apa sing ndika kandhakne kuwi".

Krungu wangsulane Rangga sing sajak ngece kuwi Ki Kahastha sansaya krasa umub getih sing mili ana jero awake. Perang tandhing antarane Ki Kahastha lan Rangga dadi sansaya rame, saking cepete nggone padha obah, ndadekne ragane Ki Kahastha lan Rangga ilang saka panyawang kabuntel wewayanganing gegaman sing mung katon kaya pega mawa cahya, pega kuning sing muser kaya angin gambul mangsa ketiga sing muser ing tengahing ara-ara.

Sauntara kuwi Marga sing weruh tandange Rangga sing milih ngladeni Ki Kahastha klawan ngandelne kacepetaning solah, banjur tiru-tiru lan dicakne kanggo ngadhepi mungsuh sing diadhepi. Kunthara sing wis ngecakne jurus-jurus pedhange ing tataran dhuwur, bisa nyolahne pedhange kanthi cepet lan mbebayani. Pedhange Kunthara mobat-mabit kaya polahe manuk alap-alap sing nyamber mangsane. Nanging, sing disamber alap-alap kuwi dudu bangsane manuk Drekuku sing gampang dicengkerem nganggo kukune, Marga pilih niru lekase manuk Srigunting sing tansah bisa ngendhani panyambere alap-alap lan pisan pindho malah bisa gawe kedandapane Alap-alap merga cakarane. Nadyan ora mbebayani tumrape si Alap-alap nanging cukup gawe perih lan panas ing awake. Kunthara sing serangane mung bisa ngenani angin, isih kudu sedhela-sedhela ngeses ngempet rasa panas lan perih awit tilasing upat-upat pecute Marga sing kober ninggalne tatu cilik ing geger lan lengene Kunthara.

"Setan kowe Marga" pisuhe Kunthara ing sela-selaning ngesese "nek nyata kowe wong perwira ungalna dhadhamu tak jebole jantungmu nganggo pucuking pedhangku iki. Aja mung jedhar-jedher kaya bocah angon wedhus sing nyampluki wedhuse sing ngebyong tanduran ngono kuwi".

"Dhadhaku ora adoh saka papanmu Kunthara" wangsulane Marga karo mesem "jantungku uga isih ana kene, ora mlayu, olehmu nibakne pedhang wae sing kurang tenanan. Nyolahne pedhang kuwi aja kaya panjak mbonang sing nyekeli tabuhe ngono kuwi. Apa kowe wis lali karo sing diwulangne Ki Kahastha wingenane kae?".

"Keparat Iblis laknat, kowe Marga" Kunthara misuh banter "tembungmu sing landhep kuwi pancen kudu diendheg klawan disuwek lambemu nganggo pedhang neng tanganku iki".

"Ayo tindakna Kunthara yen pancen kowe bisa" wangsulane Marga karo ngguyu-ngguyu ngremehne.

Kunthara wis ora semaur maneh, banjur bali nrajang maju klawan ngunggahne tataran ngelmu pedhange. Marga luwih prayitna, tekane serangan saka Kunthara diadhepi klawan nyebalne pecute.

Ora krasa olehe padha perang tandhing wong papat kuwi wis oleh atusan jurus, Cantrik-cantrik Padhepokan Bulakbadher sing wiwit weruh yen gurune lagi perang ana ing plataran tumuli padha metu saka pondhoke dhewe-dhewe nyaketi papan kalangane sing lagi adu kasudiran. Nanging gandheng durung ana prentah saka Kunthara utawa saka Ki Kahastha supaya cantrik-cantrik kuwi padha melu ngebyuk ngrubut sing diadhepi gurune, Cantrik-cantrik kuwi ora wani cedhak-cedhak karo kalangan. Nadyanta mangkono tetep siaga klawan gegamane dhewe-dhewe, wis samekta ing gawe lamun sawayah-wayah nampa prentah.

Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau sarta Para Jagabaya sing mau padha nyawang saka Regol, uga wiwit rada nyedhak. Bareng wong-wong kuwi padha weruh yen Cantrik-cantrike Ki Kahastha wis samekta ing gawe, Jagabaya Pahang tumuli menthang gandewane, banjur nglepasne jemparing motha menyang langit. Iku sasmita marang para Prajurit Kademangan sing lagi ngenteni ora adoh ing sajabaning Padhepokan supaya padha maju melu mlebu ing pekaranganing padhepokan kanthi tertib.

Barisan Prajurit Kademangan sing weruh yen ana tengara supaya maju lan melu mlebu menyang padhepokan tumuli obah tanpa nyuwara.  Cantrik sing jaga regol ora kuwawa mbendung mlebune prajurit Kademangan sing sapirang-pirang. Ora mbutuhne wektu sing suwe, lawanging regol wis klakon dijebol dening Prajurit Kademangan sing banjur padha gumelur mlebu menyang pekarangan padhepokan, nusul para dhuwurane.

Plataran Padhepokan Bulakbadher kuwi dadi kebak Prajurit Kademangan sing wis siaga klawan sikep gegaman. Sauntara kuwi ing sabranging Plataran sisih liyane, uga katon Para Cantrik sing uga wis siyaga klawan gegamane.

"Jirih getih wedi pati kowe Rangga" Ki Kahastha sing tumuli weruh tekane Demang Kedhungtuwung ditutne para Bebau lan Para Jagabaya  sing nggawa barisan prajurit Kademangan banjur alok ngremehne kaprawirane Rangga "licik, tekamu jebul ora ijen nanging diterne karo Demang saandhahane sing nggawa prajurit samono akehe".

"Aja kesusu ndakwa sing ora-ora Kyai" wangsulane Rangga karo mesem "Ki Demang ora bakal melu tumandang, mangkono uga para Bebau lan Para Jagabaya sing lagi padha teka kuwi. Kabeh mung kepengin weruh wae".

"Weruh apa Rangga?" Ki Kahastha nggetak banter.

"Weruh asile Ki Demang olehe mulang ulah kanuragan marang aku lan adhiku Marga, wis bisa nyumpet pangumuke Kunthara karo Ki Kahastha apa durung, ngono. Pranyata nadyan durung pati sempurna nggone ngecakne jurus-jurus kanuragan olehe nuntuni Ki Demang, aku lan adhiku wis bisa mbuktekne yen jebul Ki Kahastha lan Kunthara sing kondhang sekti mandraguna kuwi kabeh mung tinemu yen kabar sing goroh. Sing banter mung suwarane, ora ana buktine, kaya bantere panggerone singa barong ing tontonan reyog, sing mung bisa gawe wedi lan girise bocah-bocah cilik sing durung pati ganep nalare" wangsulane Rangga sing ditutugne nganggo guyu sing manasne kuping.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 84

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

84.

Ki Kahastha lan Kunthara kaget semu ora percaya karo apa sing dikandhakne Marga. Kunthara isih duwe pangira yen tembunge Marga sing kaya mangkono iku mau awit saka dayaning wisa kang diombe bareng lan wedang sing disuguhne. Semono uga Ki Kahastha, mau pangarsaning paguron Bulakbadher kuwi wis weruh dhewe kahanane nom-noman loro kuwi sing katon ngalumpruk tanpa daya, lan nalika diajak omong wangsulane genah nek nuduhne wangsulane wong sing lagi kena dayaning wisa pasangane. Nanging kok dumadakan Rangga lan Marga katon wis bali pulih kaya ora nate ngalami kedadeyan apa-apa, ya slagane ya tembung-tembung sing diucapne kabeh nuduhne yen kuwi slaga lan pangucape wong waras-wiris . Ki Kahastha ora percaya karo panyawang lan pangrungune. Mula banjur wangsulan klawan slaga sing sareh :

"Rangga karo Marga, apa sing lagi wae kok kandhakne iki mau?".

"Kyai " Rangga sing mangsuli "ora sah ndadak api-api ora ngerti. Lan aja kok kira yen rembugku sing keri dhewe iku mau rembuge wong sing lagi wuru kena wisa sing kok campurne neng wedang sing kok suguhne aku. Rungokna sing cetha, iki aku nampa bukti anyar maneh sing bisa dadi bulti-bukti sing ditemokne dening Ki Demang Kedhungtuwung sadurunge, nDika karo murid ndika si Kunthara nyata wus mapanake dhiri ngadeg dadi mungsuhe Kademangan Kedhungtuwung lan terus mbudidaya nambahi kisruhe Kademangan kuwi. Mula saiki ndika wong loro kari milih, milih bangga apa milih nutut. Yen milih nutut, gage wulungna tangan ndika tak banda, nanging yen ndika bangga, aku sakloron wis nampa purba wasesa saka Ki Demang sawutuhe".

Rampung anggone guneman Rangga banjur ngadeg ditututi Marga sing uga melu ngadeg. Ki Kahastha kaya didhodhog dhadhane, sakala muntap kanepsone. Samono uga sing dirasakne Kunthara, Guru lan murid iku banjur padha ngadeg klawan kanepson sing kaya ngobong jantunge.

"Keparat, adol gendhung kowe Rangga lan Marga" kandhane Ki Kahastha karo tangane nuding praupane Rangga "yen nyata perwira, ayo gendhing apa sing kok jaluk, bakal tak ladeni neng plataran ngarep kono kuwi".

Ora ngenteni wangsulan Ki Kahastha banjur setengah mlayu mudhun menyang plataran ditutne dening Kunthara. Rangga lan Marga gageyan anggone nusul mudhun ninggalne pendhapa.

Sauntara iku, Demang Kedhungtuwung lan para  Bebau sarta para Jagabaya sing mau padha leren rada adoh ing sajabaning Padhepokan, jebul padha ora sabar. Luwih-luwih sawise Tiyasa sing didumuk dadi panyambung warta, ngabarake yen Rangga lan Marga wis mlebu menyang Padhepokan liwat regol tanpa nganggo kerengan luwih dhisik. Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau sarta para Jagabaya banjur kepengin weruh apa sing bakal kedadeyan sawuse Rangga lan Marga kepethuk karo Ki Bulakbadher lan Kunthara.  Prajurite banjur diaba luwih maju maneh, sansaya nyaketi Padhepokan Bulakbadher. Bareng wis sansaya cedhak banjur diendhegne, para pangarsaning prajurit padha dipasrahi siyaga lan nata andhahane dhewe-dhewe, sauntara Demang Kedhungtuwung, para Bebau lan para Jagabaya banjur padha nusul Rangga lan Marga arep ngleboni Padhepokan Bulakbadher.

Cantrik loro sing jaga regol padhepokan, maune rada kaget bareng ana wong pirang-pirang nekani papane jaga. Nanging sawuse ngerti yen sing teka kuwi Demang Kedhungtuwung lan para Bebaune, Cantrik loro sing jaga regol kuwi banjur kelingan karo kedadeyan sing lagi wae dialami, Yaiku tekane Rangga lan Marga sing ngaku nek nom-noman Kedhungtuwung, jebul ditampa klawan becik dening Ki Kahastha. Mula Cantrik loro kuwi uga banjur nampa tekane Demang Kedhungtuwung karo mkanca-kancane klawan becik. Lawanging Regol dibukak amba, Demang Kedhungtuwung sakancane dibagekne supaya mlebu pekarangane Padhepokan. Jebul Demang Kedhungtuwung sakancane ora bablas nusul Rangga lan Marga munggah menyang Pendhapa, nanging pilih mapan lungguh neng regol kumpul karo para cantrik sing kajibah jaga lawanging padhepokan.

"Aku sakanca tak leren ana kene wae Kisanak" kandhane Demang Kedhungtuwung marang cantrik sing jaga regol "mengko wae nek olehe rembugan Anakmas Rangga lan Anakmas Marga karo Ki Bulakbadher lan Kunthara wis rampung tak genti aku sing ngadhep Ki Kahastha".

"Inggih menawi makaten ingkang dipun kersakaken Ki Demang" wangsulane Cantrik kuwi "kasekecakna anggenipun sami lenggah".

"Iya matur nuwun Kisanak" Demang Kedhungtuwung wangsulan karo mapan lungguh ing lincak pring sing ana regol kono kuwi bareng karo kancane kabeh. Karo lungguh wong-wong kuwi ora lendhat nggone padha ngulati pendhapane Padhepokan Bulakbadher sing katon gedhe lan jembar ngemu perbawa.

Watara telung panginang suwene Demang Kedhungtuwung lan Para Bebau lan Para Jagabaya lungguh neng Regol karo ngulati Pendhapa, dumadakan dikagetne karo wewayangan kang mlayu mudhun saka pendhapa. Jebul Ki Kahastha lan Kunthara sing ditututi dening Rangga lan Marga.Weruh yen Rangga lan Marga ketok nek arep kerengan karo Ki Kahastha lan Kunthara, Para Bebau lan Para Jagabaya tumuli padha nyiagakne gegamane. Nanging banjur dipenging dening Demang Kedhungtuwung sing guneman sing semune aweh pitutur, sing uga dirungokne dening Cantrik-cantrik Bulakbadher sing ana kono.

"nDika kabeh aja nyedhak, aja padha ngganggu anggone Ki Kahastha aweh tuntunan kanuragan marang Anakmas Rangga lan Anakmas Marga".

Krungu kandhane Demang Kedhungtuwung ngono kuwi, para andhahane uga banjur padha bali lungguh maneh. Cantrik-cantrik sing ana regol sing uga krungu kandhane Demang Kedhungtuwung banjur padha percaya yen nom-noman loro sing teka esuk mau lagi gladhen kanuragan klawan dituntuni dhewe dening Ki Kahastha. Mula ya banjur padha ora wani nyedhak, kuwatir yen nganti nampa deduka saka gurune. Merga wis dadi pakulinan, yen Ki Kahastha lagi nuntun ulah kanuragan marang Kunthara ngana kae para cantrik liyane ora diidini nyedhak, sing nekad bakal nampa pidana.

Sawise teka plataran, Kunthara banjur ngliga pedhang pusakane, siaga ngadhepi Marga sing wis ngadeg ana ngarepe karo nyekeli gagang pecut neng tangantengene. Ki Kahastha uga wis siaga karo pusakane, teken waja kuning sakjempolan sikil gedhene lan kira-kira limang kilan dawane. Ing ngarepe Ki Kahastha Rangga ngadeg karo ngudang teken pring gadhing neng tangane.

"Dadi ndika pilih babak bundhas luwih dhisik sadurunge tak tlikung lan taleni Ki Kahastha?" karo nganggo dolanan bongkoting pring kuning sing sadriji gedhene lan patang kilan dawane, Rangga nakoni Ki Kahastha.

"Keparat kowe Rangga" wangsulane Ki Kahastha karo nggereng ngempet nesune "menungsa bodho ora keneng digawe becik. Ditawani kamukten lan kamulyan ora dirungokne malah milih nglesot dadi gedibale Demang Kedhungtuwung sing ora suwe maneh bakal ditumpes dening adhine dhewe. Malah luwih goblog maneh, kowe bocah loro manut lan kumalungkung ora ngerti yen dikongkon setor nyawa menyang Bulakbadher kene".

Rangga ngguyu ngece, karo wangsulan :

"Sing luwih pas kuwi, yen ndika ora ngrumangsani bodho, ndika karo Kunthara kuwi kena diarani kegedhen sirah nanging keciliken polo. Mung wong sing ora waras sing percaya karo sing ndika kandhakne yen Kunthara pekok kuwi wis nampa wahyuning kraton Tanah Jawa, luwih-luwih wis nyawiji karo piyandel Kyai Jakapiturun. Mula gandheng aku welas marang ndika lan Kunthara, tinimbang ndika kesuwen mendem angen-angen suwung kuwi, luwih becik nek ndika sakloron tak kendharat tak lebokne pakunjaran ing Kademangan Kedhungtuwung, kareben pikiran ndika bali pulih saka anggone owah".

Diwangsuli ngono kuwi, Ki Kahastha wis ora bisa ngempet nesune maneh. Rangga ditrajang, teken waja kuning disamberne mbabat ngarah sirahe Rangga.

 

ana candhake.

 

 


Sabtu, 16 Oktober 2021

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV 83

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH IV

kacariyosaken malih dening : Rust Luh Getih.

 

83.

Wedang ing cangkire Rangga lan Marga wis entek lan wis kaping pindho diiseni lan banjur diombe entek. Nanging dayaning wisa sing ana wedang kuwi babar pisan ora ndadekne nom-noman loro kuwi kaya sing dikarepake dening Ki Kahastha apa dene Kunthara. Mesthi wae kang mangkono iku ndadekne Ki Kahastha lan Kunthara gumun sing banjur ngira yen mau olehe ngracik omben sing disuguhne wis kleru. Rangga lan Marga sing wis ngecakne aji Sasrapanggraita, kaya-kaya bisa weruh sing ana jero pikirane wong loro kuwi, mula kanggo ngawoni panyawange Kunthara apa dene Ki Kahastha nom-noman loro kuwi banjur api-api ngrasakne mumet sirahe lan lara kabeh awake. Rangga lan Marga senajan ora nganggo sambat banjur ngowahi carane lungguh, yen mau olehe lungguh kaya wong lumrahe lungguh, saiki diganti nganggo ndhengklukne awake mangarep, kaya wong sing lagi turu. Nalika Kunthara ngajak guneman Rangga karo Marga sengaja olehe aweh wangsulan ngawur lan slenca adoh karo unining pitakonan.

Ki Kahastha manthuk-manthuk rumangsa marem atine, jalaran wis ngira yen nom-noman loro kuwi mlebu ana pasangane. Kunthara mesam-mesem karo nyawang Gurune.

"Rangga lan awakmu Marga" Ki Kahastha karo nggunakne dayaning hawa murni miwiti anggone arep takon kanggo miyak kabeh wewadine nom-noman loro kuwi "sadurunge awakmu sakloron ngandhakne sing dadi sedyamu teka ing Padhepokan kene, saiki wangsulana dhisik pitakon-pitakon sing arep tak kandhakne marang awakmu sakloron".

"Iya, eh , he eh, eh enggih" sing mangsuli dhisik Rangga, gunemane sengaja digawe kaya unine wong sing lagi wuru. Ki Kahastha mesem, Kunthara gumuyu seneng.

"Sepisan" Ki Kahastha miwiti pitakon "sapa sejatine awakmu sakloron, saka paguron ngendi lan sapa sing dadi gurumu?".

"Heeh?" Rangga wangsulan "aku Rangga lan iki adhiku Marga, muride Bapa Mahpada saka Padhepokan Karangendah, Pajang".

"Bagus" Ki Kahastha ngethungne jempolan tangane "Kapindho awakmu sakloron lagi nindakne dhawuhe gurumu apa?".

"Hm......." Marga semaur karo nggereng "numpak getek nurut iline banyu bengawan, nitik lan nggoleki keris Kyai Jakapiturun piyandel Kasultanan Pajang, sing dening suwargi Sultan Adiwijaya dilarung ana bengawan".

Ki Kahastha manthuk-manthuk seneng, Kunthara sing durung nyandhak karo unine wangsulan kuwi mung meneng karo nyawang gurune, aweh sasmita yen mbutuhne katrangan karo apa sing dikandhakne Marga.

"Sabanjure" kaya ora maelu sasmitane muride Ki Kahastha nerusne pitakone "keris wis dibuwang kok digoleki? Jarene gurumu arep kanggo apa yen keris kuwi wis bisa kok temokne?".

"Dikon masrahne marang sing kanggonan wahyu kraton Tanah Jawa, supaya yen wis jumeneng nata, aku karo adhiku diganjar kamukten  pangkat lurah lan bengkok sing amba" wangsulane Rangga nyambung gunemane Marga.

"Dadi nggonmu lelana nggoleki Keris Kyai Jakapiturun iki mung sarana supaya awakmu sakloron bisa dadi oleh pangkat lurah lan bengkok sing amba?"  Ki Kahastha takon maneh.

"He-eh, iya eh enggih" wangsulane Rangga karo gedheg-gedheg kaya wong sing lagi ngilangne mumet neng sirahe.

Ki Kahastha ngguyu seneng, rumangsa wis ngerti sapa lan apa tujuwane nom-noman loro kuwi lelana sing jebul ora ana gandheng cenenge karo pepenginane nggone arep ndadekne muride, ya kuwi Kunthara, mujudne gegayuhane lungguh cekel panguwasa ing Kraton Mataram. Mula I Kahastha tumuli arep nindakne apus krama marang nom-noman loro kuwi murih gelem didadekne alat kanggo mbantu muride ngranggeh gegayuhane.

"Yen ngono awakmu klebu oleh kabegjan sawuse teka ing padhepokan kene iki Rangga lan Marga" kandhane Ki Kahastha.

Rangga lan Marga ora wangsulan, Kunthara karo Ki Kahastha padha ngira yen nom-noman loro kuwi isih ngrasakne awake sing lungkrah kena dayane racikan sing diombe bareng karo wedange.

"Awakmu sakloron, cukup teka kene wae anggonmu padha lelana" Ki Kahastha nutugne kandhane "jalaran sing kok goleki wis tak temokne. Kyai Jakapiturun wis tak jupuk saka dhasaring bengawan lan wis tak pasrahne marang wong sing kanggonan wahyu kraton Tanah Jawa, sing ora liya muridku dhewe, yaiku Kunthara".

KI Kahastha leren olehe guneman, dumadakan Rangga karo Marga bareng mbukak mripate sing mau mung merem. Lungguhe dijejegne, banjur nyawang Kunthara . Nanging mung sedhela, banjur bali merem lan tumungkul maneh, ethok-ethok isih wuru.

"Sumurupa Rangga lan Marga" sawuse Rangga lan Marga bali katon ngalumpruk Ki Kahastha banjur guneman maneh "yen wektu iki awakmu ngrasakne rasa lungkrah, lemes lan mumet, kuwi ora merga apa-apa, nanging jalaran saka dayane Keris Kyai Jaka Piturun sing saiki wis nyawiji ana ragane Kunthara. Sedhela maneh ragamu bakal tak usadani murih bali pulih daya lan kekuwatanmu. Lan awakmu sakloron aja banjur rumangsa yen anggonmu ngumbara lan lelana sasuwene iki tanpa guna, jalaran garising nasibmu wis cetha yen awakmu sakloron bakal nampa kanugrahan pangkat saka sing kanggonan wahyu kraton, ora mung wujud pangkat lurah nanging mbesuk awakmu sakloron bakal sinengkakake dadi Tumenggung. Mula mengko awakmu enggal-enggal ngucapne janji prasetya marang sing wis nggadhuh Kyai Jakapiturun yen bakal ngawula lan nempil kamukten ing selawase uripmu. Kepriye? saiki atimu rumangsa seneng apa ora?".

Ki Kahastha mesem lega, Kunthara uga padha mesam-mesem ngenteni wangsulane nom-noman loro sing saiki isih katon ngalumpruk tanpa daya kuwi.

Dumadakan Rangga njawil pundhake Marga. Nom-noman loro kuwi banjur nata lungguhe, saiki wis ora ngalumpruk maneh, nanging wis katon sigrak, seger sumyah, ora kaya mentas kedadeyan apa-apa. Karo mesam-mesem, nom-noman loro kuwi genti-genten ngulati Ki Kahastha karo Kunthara karo panyawang sing krasa aneh. Ki Kahastha njenggirat kaget weruh owah-owahan sing ana ing nom-noman loro kuwi, batine ora bisa aweh wangsulan ya gene Rangga lan Marga dumadakan katon wis pulih, ora ana tilas-tilase yen lagi wae ketaman dayaning racikan wisa sing diombe bareng karo wedange.

"Kyai Kahastha lan Ki Kunthara" kandhane Rangga sawuse rampung nggone ngulati wong loro kuwi, ora nganggo basa krama kaya mau nanging ngoko lumrah kaya rembugan karo wong sing sapepadhane  "sawuse Kyai Kahastha menehi katrangan marang aku sing cetha kuwi mau, sadurunge aku mangsuli, murih ora lali bakal tak kandhakne apa sing dadi sedyaku dene esuk iki wis tekan ana ing padhepokan Bulakbadher kene".

Ki Kahastha lan Kunthara kaget krungu kandhane Rangga sing mangkono iku. Gunemane Rangga iki cetha yen dudu gunemane wong sing lagi wuru kena dayane wisa, nanging rembuge wong sing waras-wiris ora kurang sawiji apa.

"Apa sing ndika kersakne Adhi Rangga?" Kunthara nyoba takon nganggo basa sing alus kanggo nutupi rasa kagete.

"Iya Rangga lan Marga" Ki Kahastha uga nrambul nganggo basa sing lumrah wae "coba kandhakna apa sing padha kok karepake?".

Rangga gumuyu lirih, banjur aweh sasmita marang Marga supaya genti guneman. Marga tanggap karo sing dikarepne Rangga, tumuli klawan suwara sing anteb banjur aweh wangsulan marang Ki Kahastha lan Kunthara :

"Kyai Kahastha lan ndika Ki Kunthara, tenane tekaku ing padhepokan iki awit ngemban dhawuh saka Ki Demang Kedhungtuwung. Iya awit Ki Demang wis nampa bukti sing cukup, yen Ki Kunthara lan Padhepokan Bulakbadher iki wis sengaja gawe kisruh ing Kademangan Kedhungtuwung, mula Ki Demang ndhawuhake marang aku sakloron supaya ngirid lan nyowanake Ki Kahastha lan Ki Kunthara kanthi wujud bandan ing ngarsane Ki Demang saperlu nampa pidana sing murwat klawan kaluputan sing wis padha ndika tindakake. Mesthi wae sawuse ndika sakloron ngliwati rembug pangadilaning Kademangan".

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...