Total Tayangan Halaman

Sabtu, 06 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 29

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 

29.

 

Karo mesam-mesem ngono kuwi Tiok ya nggagas, sajake mBakyune kuwi luwih semangat anggone nduweni rasa sengit marang pacare Ester ponakane, tinimbang rasa sengite Bandana dhewe. Tiok ya ngerti mangkono kuwi merga Sri Hartini wis duwe rasa gething lan sengit marang Arka suwe sadurunge Arka lan Ester sambung tali katresnan. Dadi mungguhe Tiok, olehe mBakyune kuwi muring-muring merga krungu kabar yen Arka duwe niyat arep nglamar Ester kuwi mung didadekne pawadan kanggo dalan olehe arep nesu marang Bagus utawa Karmini. Saupama sing arep nglamar Ester kuwi dudu Arka, dudu anake Karmini, sanajan kahanane persis kaya sing dicritakne Bandana, kira-kira Hartini ora bakal nesu-nesu kaya saiki iki. Tiok ya kober mikir, sanajan wektu iki kahanan Rumah Tanggane Bagus ya mung katon lumrah-lumrah wae, nanging Tiok wis ngakoni yen panguripane adhine sing ragil kuwi luwih terhormat lan luwih mulya tinimbang kahanane dhewe. Bagus mesthine rumangsa seneng lan marem, anake lanang wis dadi wong tenan, sanadyan isih nom, nanging wis duwe gelar doktor kathik weton luwar negeri pisan, ora luwar negeri-luwar negerinan nanging saka Universitas sing jenenge kasasra sabuwana, Leiden Univercity. Banjur anake wedok, sedhela maneh ya arep budhal sinau menyang Pawiyatan Lujur sing padha karo sing wis ndadekne kangmase dadi Doktor. Lha anake Tiok dhewe? Isih lumayan bisa lulus saka Fakultas Ekonomi UII, sanajan saiki wis bisa diwengku Pengusaha sing sukses. Anake angkat loro, sing siji dadi Bayan sing siji maneh dadi Karyawan Koperasi, nek ditandhingne karo putu-putune Mak Jiyah ya rada kadohan.  Sanadyan Tiok ya ngakoni nek anak-anak lan mantune sedulure tuwa sing mbarep kuwi ya wis padha dadi, lire kabeh cekel gawe neng kantoran lan ana sing dadi Guru SMP, nanging mungguhe Tiok ya rada kadohan yen ditandhingne karo anak-anake Karmini.

 

"Piye Yok?" lamunane Tiok dadi buyar, Hartini nakoni dheweke "kowe kuwi dijak omong kok malah mung mesam-mesem, klecam-klecem ta? Eling Yok, aja nganti merga klakowane anake Karmini sing ora bisa noleh githoke kuwi banjur ndadekne sesambungan paseduluran antarane kulawargane Dhik Bandana karo kulawargane dhewe dadi renggang, Kowe sing lair lanang, kudune enggal tumandang, aja nganti kasep".

 

"Mengko dhisik ta mBak" Tiok wangsulan karo panggah mesam-mesem "sing dadi underaning perkara kuwi rak antarane Mas Bandana karo pacare Ester ta? mBok wis ben, Ngapa mBak Tien ndadak melu-melu ? malah ngajak-ajak aku barang kon melu mumet mikirne? Kuwi Mas Bandana bisa ngrampungne dhewe mBak, ora perlu aku barang melu-melu".

 

"Kowe kuwi piye ta Yok ? Arka, pacare Ester kuwi anake Bagus, dadi gelem ora gelem awake dhewe ya katut, merga Bagus kuwi adhimu" Hartini methentheng maneh.

 

"Ya ora kudu ngono" Tiok panggah sabar wangsulan "Ester kuwi wis sarjana, wis diwasa, wis bisa mbedakne endi sing ala endi sing becik. Lha Mas Bandana kuwi ya wong pinter, ngerti carane ngadhepi lan ngrampungne masalah. Anane Ester kuwi gelem karo Arka, mesthine ya duwe pawadan sing tinemu nalar, ora ngawur. Lha kari Mas Bandana piye?. Nek tarah ora setuju, wong ya durung sida lamaran wae, Mas Bandana rak ya bisa ngandhani Arka, ora perlu niyat olehe arep nglamar Ester kuwi diterusne, merga mesthi bakal ditulak. Ngono wae rak ya rampung ta mBak? Ya gene mBak Tien ndadak arep melu mencak-mencak barang? Lha nek olehe nanggapi Karmini utawa Bagus kaya pas mBak Tien nglabrak neng omahe terus ditinggal ngalih kaya wingi kuwi? apa ora malah kulak wirang?".

 

"Ya gak ngono iku Dhik" Harmana genti sing kandha "pancen bener kandhane Dhik Tiok mau, Bandana bisa wae menging Arka supaya ora mbacutne karepe, malah luwih saka kuwi Bandana ya bisa wae, nanging Bandana nek ngerti yen Arka kuwi isih wayahe Ibu, rak Bandana ya mikir-mikir ta Dhik nek arep nampik?  Mula mBakyumu banjur ngajak Dhik Tiok bisa sithik edhing karo Bandana, piye carane murih aja nganti ndadak ditampik bisowa Arka murungne karepe kuwi mau".

 

"Kuwi malah tak anggep ngremehne keluwarga kene Mas" Tiok rumangsa kenyonyok pangrasane "sing duwe karep arep nglamar Ester kuwi dudu Ibu, dudu aku, dudu mBak Evi lan ya dudu mBak Tien, malah Bagus wis duwe karep apa durung aku ya ora ngerti, merga bisa wae Arka durung omong bapak utawa ibune. Dadi nek Mas Bandana ora seneng duwe mantu Arka, ya aja banjur ngatut-ngatutne wong liyane sing ora ngerti perkarane ngono kuwi".

 

"Ngene lho Yok" Hartini genti sing nyauri "aku iki wis apal karo kulawargane Jenate Karmin Bengkring wetan kali kono kuwi. Jiyah tilas tandhak tayub sak pranakane kae senengane laku dhukun, laku ngelmu hitam. Aku percaya banget, anane Ester gelem dadi pacare anake Karmini kuwi, merga mesthi Ester wis ketiban guna dhesthi. Kaya Bagus biyen bisa dadi bojone Karmini kuwi ya merga dayane mantra pengasihane Tledhek Jiyah. Biyen Tledhek Jiyah kuwi ngejokne anake wedok ben bisa dirabi Bagus, karepe aku ngerti, arep nunut urip mukti, merga Bagus putrane Bapak lan Ibu sing kabeh wong weruh nek nDara Asper kuwi kagungan bandha donya sing cukup. Tujune, aku kukuh lan bisa ngyakinke Ibu karo awakmu, senajan Bagus nekad ora kena dipenggak, nanging rahayune teka saiki Tledhek Jiyah ora bisa melu-melu ngentekne bandhane Bapak karo Ibu. Nah, bareng Tledhek Jiyah ketanggor karo kulawarga Surya Gutama sing kukuh, saiki genti golek sasaran liya sing dijokne genti putune sing kira-kira ya duwe rupa sing bagus, kuwi ya mesthi wis dikantheni guna dhesthi  supaya bisa mlebu dadi kulawargane Dhik Bandana. Kuwi mengko nek klakon tenan, ndhase Karmini karo ndhase Tledhek Jiyah rak dadi sak rinjing gedhene, banjur wani nyepelekne kulawargane dhewe".

 

"Bener kuwi Dhik" Harmana nyambungi kandhane Hartini "Dhik Tiok ngerti ta? Aku iki olehku nusup mlebu neng jagade wong-wong sing seneng ngecakne ngelmu hitam kuwi cukup suwe lan sing dikandhakne mBakyumu ngono kuwi mau akeh benere".

 

Maune Tiok arep ora nggatekne omongane mBakyune sing dianggep ngawur lan pancen merga sengit karo Mak Jiyah banjur olehe ngomong dadi sakepenake dhewe. Nanging, bareng Harmana melu guneman sing surasane mbenerke kabeh sing dadi omongane Hartini, Atine Tiyok dadi panas. Arepa kaya ngapa Arka kuwi isih ponakane dhewe, anake sedulur lanange, dadi padha karo anake dhewe, upama Arka pancen duwe kelakuwan sing ora bener, Tiyok isih bisa nampa nek diomong wong nek Arka kuwi penjahat, nanging Tiyok dadi ora bisa nrimakake yen ponakane sing bocahe apik kelakuwane kuwi dipitnah kaya sing dikandhakne Hartini banjur diimbuhi Harmana ngono kuwi.

 

"Mas Har karo panjenengan mBak Tien" Tiok banjur wangsulan suwarane wiwit keprungu atos, mripate nyawang Harmana karo sorot murup, untune nggeget katon yen lagi nyoba ngempet rasa panas sing wiwit mrambat ing jero dhadhane.

 

 

ana candhake.

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 28

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 

28.

 

Tiok sengaja metu saka Tokone, lungguh kursi sing ana ngarep toko sing kulinane dingge lungguh wong-wong sing antri ngenteni diladeni nek pas sing golek rabuk utawa obat-obatan nuju rame. Kang mangkono kuwi jalaran Tiok kepengin supaya mBakyune ora nganti mlebu omah lan kepethuk Ibune. Tiok kepengin olehe nemoni mBakyune lan Mase Ipe ing toko, aja nganti Ibune mireng suwara sing bisa nuwuhake rasa ora kepenak ing penggalihe.

 

Temenan, ora let suwe Tiok nunggu neng ngarep Toko, Hartini teka diboncengne Harmana nganggo pit montor N-Max sing anyar. Gita-gita Tiok mapagne lan ngajak dhayohe kuwi mlebu menyang jero toko.

 

"Ora neng omah wae ta Yok? Mengko neng kene dirungokne pelangganmu sing arep blanja?" Hartini nakoni adhine, karepe ngajak olehe jagongan ana omah wae.

 

"Ora mBak, ya yen ana wong blanja mengko leren dhisik neh" wangsulane Tiok "nek neng omah, mengko pas ana wong arep blanja aku ora weruh? Neng kene wae ora apa-apa".

 

"Iya Dhik, jagongan neng kene ya luwih kepenak" Harmana melu omong .

 

Wong loro Hartini karo Harmana banjur mapan lungguh neng Kursi njero, ngadhep mejane kerjane Tiok. Tiok ngundhukne ngombe, teh botol telu kanggo nyuguh dhayohe.

 

"Critane kuwi piye ta Mas?" Tiok mbukak rembugan nganggo pitakonan.

 

"Ngene lho Dhik" Harmana guneman karo suwara sing sareh "Dhik Tiok kelingan Bandana adhiku kae?".

 

"O alah, Mas Bandana sing biyen neng Dinas Pendidikan kae ta Mas? ya kelingan lah, najanta wis suwe ora tau kepethuk" Tiok mangsuli pitakone Harmana.

 

"Iya, pancen sak jege  Ibu seda kae, Bandana wis arang mrene. Nek mrene paling ya njujug makam, bar nyekar ya terus balik menyang omahe sing ana Geneng kana" kandhane Harmana maneh.

 

"Iya Mas, wong mesthine saiki Mas Bandana ya sansaya sibuk, wong neng Dinas Pendidikan ya nglenggahi jabatan sing penting".

 

"Iya, wong saiki wis dadi Kasi" kandhane Harmana sabanjure "lha anake Bandana sing gedhe dhewe kae  sasi ngarep kuwi wisuda S1 neng Yogya kana.......".

 

"Iya Mas, kuliyahe neng ngendi ta?" Tiok takon ngge abang-abang lambe.

 

"Ester kae bocah pinter" Hartini sing mau mung ngrungokne genti nyaut omongan "kuliyahe neng Fakultas Hukum UGM".

 

"Ya, si Ester kuwi Dhik sing arep kleru olehe pacaran" kandhane Harmana numpangi tembunge bojone.

 

"Arep kleru kepriye Mas?" pikirane Tiok wiwit bisa nyandhak karo underaning perkara, merga jebul ponakane Harmana kuwi kuliyahe neng Yogya, gek Arka anake Bagus uga neng Yogya, malah nek ora kleru uga dadi Dosen senior neng Fakultas Hukum UGM, bisa-bisa anake Bandana sing jeneng Ester kuwi malah Mahasiswane Arka.

 

"Jane ya wis lumrah nek bocah wis gedhe, wis mahasiswa malah wis arep diwisuda kuwi duwe pacar utawa calon bojo sing dadi pilihane dhewe. Ester kuwi kandha menyang Bapake nek wis duwe pacar lan pacare kuwi wis siap arep nglamar dheweke, kuwi nek wong tuwane Ester ngentuki" kandhane Harmana mangsuli pitakone Tiok.

 

"Nek ngono, pacare putrane Mas Bandana kuwi tenanan, ora mung pacaran sing sipate dolanan, gampang sambung ya gampang putus ngana kae?" Tiok takon negesne.

 

"Kuwine ketoke iya, nanging Bandana mikir olehe Pacare anake kuwi arep ndang nglamar anake kuwi, duwe tujuwan apa?  Wis siap lahir batine olehe arep rabi, apa mung butuhe bisa ngrabi Ester, terus uripe mengko nunut maratuwa? Merga rak ya akeh wae ta Dhik, jaman saiki bocah lanang sing rabine kendel banjur uripe nunut?"

 

"Iya Mas"

 

"Watak Bandana, sawise ngerti nomer hape ne bocah lanang sing arep ngepek anake kuwi, Bandana banjur naker wareg pacare Ester, ditakoni piye karepe? Wis siap omah-omah tenan apa durung? Saiki wis cekel gawe apa? Banjur asli omahe ngendi? Latar belakang panguripane wong tuwane apa? lan liya-liyane" Harmana nutugne olehe kandha.

 

"Banjur bocahe lanang piye?" Tiok nyelani takon.

 

"Ya wangsulan, nanging isih ngambang, jarene tujuwane ya arep mbangun rumah tangga bareng karo Ester, jarene maneh ketoke ya wis siap olehe arep omah-omah, nyambut gawene dadi pelayan masyarakat, ngladeni Mahasiswa sing mbutuhne tenaga lan pikirane, lha bareng wis tekan asli omahe, jarene bocah lanang kuwi asli saka Kedunggalar, wong tuwane sing lanang sopir Angkudes sing wedok bakul janganan neng pasar. Oleh wangsulan ngono kuwi, mesthi wae Bandana banjur mikir, nek mung arep oleh bocah lanang sing mung kaya ngono kuwi, rak ya banjur eman-eman ta? wong Ester kuwi ya ayu tur sekolahe dhuwur, ya pinter pisan, kok mung arep dirabi bocah lanang sing blas gak jelas? Lha Bandana banjur takon nyang aku, sapa sopir Angkudes sing bojone bakul janganan neng Pasar Kedunggalar kuwi, merga najan Bandana kuwi asline Kedunggalar, ning rak ya ora pati kenal karo wong Kedunggalar, wong ya ora tau neng omah ?".

"Iya Mas" Tiok wangsulan cekak.

 

"Lha bareng tak takoni sapa jenenge Bandana ngaku nek lali ora takon menyang Arka pacare si Ester kuwi. Banjur mBakyumu golek sisik melik, jenenge anake Dhik Bagus sing lanang kae sapa? merga sak ngertine mBakyumu sopir angkudes sing bojone bakul janganan kuwi ya mung Dhik Bagus adhine kae" kandhane Harmana sabanjure.

 

"Kae dudu adhiku maneh Pah" Hartini karo suwara sing dhuwur nyaut kandhane sing lanang.

 

"Jebul bener" Harmana ora nanggapi tembunge Hartini nanging malah nerusne olehe kandha "anake Dhik Bagus kae jenenge Arka, jarene tanggane saiki ora neng omah, nanging luru urip neng Kutha Gedhe. Sawuse mBakyumu mesthekne nek Arka sing jarene arep nglamar Ester kuwi anake Dhik Bagus, banjur mBakyumu ngebel Dhik Tiok mau".

 

Tiok manggut-manggut ora enggal aweh wangsulan marang Mase Ipe. Batine Tiok, nek bener sing arep nglamar anake Bandana kuwi Arka, jeneng kanugrahan tenan tumrape Bandana. Lha wong Arka kuwi sarjana, Doktor lulusan luwar negeri, Dosen Senior neng Perguruan Tinggi sing kondhang. Dadi nek ditandhingne karo PNS sing najan wis senior neng Dinas Pendidikan, ya keneng diarani ora tiba asor. Tiok ya banjur kelingan karo slaga lan sipat-sipate Bagus lan Karmini, sing ora tau gelem umuk pamer kabisan utawa kaluwihane marang wong liya. Sajake sipat-sipate Bagus lan Karmini kuwi nurun menyang anak-anake, Arka ora ngaku nek Dosen Senior nanging malah ngaku nek Pelayan Masyarakat sing ngladeni para mahasiswa sing mbutuhne tenaga lan pikirane. Persis karo wangsulane Bagus nek ana sing takon anake lanang kae saiki neng ngendi, Bagus ajeg olehe aweh wangsulan nek saiki ora neng omah merga luru urip neng Kutha Gedhe.

 

"Ngono kuwi lho Yok critane" Hartini banjur guneman nyambung kandhane Harmana marang Tiok "nek biyen, anake Tandhak tayub kae klakon bisa ngrebut atine Bagus. Lha kok saiki ditutugne maneh dening anake, anake Karmini putune Tledhek Amen kuwi, wis kuwanen seneng karo Ester, bocah ayu sing pinter, anake Dhik Bandana wong penting lan kajen kineringan neng Dinas Pendidikan. Apa ngono kuwi ora marahi kemropok neng ati?. Lha nek awake dhewe ngerti kaya ngono kuwi, banjur awake dhewe mung meneng wae, Dhik Bandana lan kulawargane rak malih duwe anggepan nek awake dhewe kuwi melu-melu ngrojongi lakune Arka, anake Karmini putune Tandhak Tayub sing ora duwe duga kuwi. Merga sanajan awake dhewe wis kipa-kipa, ngertine wong-wong tetep wae, Arka kuwi anake Bagus, Bagus kuwi adhine Hartini, sedulure Drs, RM. Prastia Kusumaningrat, M.Sc. Saiki piye najajal?".

 

Tiok mung mesem ayem krungu kandhane Sri Hartini sing cetha nek lagi cethik geni kanggo ngobong ati lan pangrasane ngono kuwi.

 

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 27

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 27.

Satemene Tiok rada aras-arasen nampa telepon saka mBakyune kuwi, gelaning atine marang Sri Hartini pancen durung pati mari. Gela merga diunekne jarene Tiok kuwi wong lanang sing ora jejeg adeg-adege, gampang kepencut tembung manis. Gampang molah-malih yen duwe panemu, kaya  alang-alang sing thukul neng tengah ara-ara, ana angin saka kidul cepet ndhoyongne awake mangalor, ana angin saka lor gage olehe ndhoyongne wite mengidul. Malah sing keri dhewe, Tiok ya tau diarani wong sing imane tipis, mula gampang ketiban guna dhesthi saka Mak Jiyah, nganti Tiok dadi malik grembyang anggone duwe sikep marang Bagus lan Karmini, kamangka jarene sedulure tuwa kuwi, Karmini olehe diasihi dening Ibune lan Evie kuwi merga Karmini nggunakne japa mantra sing ditampa saka simboke sing duwe ngelmu pelet.

 

"Gara-gara ketiban guna, kowe kuwi malih tega ngurbanake kaluhurane Kulawargamu, gelem srawung kanthi akrap karo Begenggek Tandhak Tayub sing wis ora payu kuwi Yok" ngono kandhane Hartini dhek semana kae "kuwi merga kowe ora duwe iman sing kukuh. Nek kowe duwe iman, ora bakal gampang kena pelet kaya saiki iki".

 

"Aja ndakwa sing neka-neka mBak" wangsulane Tiok marang Hartini nalika kuwi "olehku gelem bali rukun karo Bagus lan kulawargane kuwi ora merga kena pelet kaya sing mBak Tien kandhakne, nanging aku nggunakne nalarku, kaya sing dialami Ibu apa dene mBak Evie. Pancen jaman biyene Mak Jiyah kuwi kondhang kaya sing panjenengan kandhakne, nanging nyatane bareng duwe anak Karmini, Karmini kuwi wong sing ora duwe cacad ing sajroning pasrawungan. Wong sing duwe jiwa temen, ngajeni marang sepepadhane, ora tau gawe seriking liyan lan bisa ndadekne Bagus dadi luwih becik tinimbang sadurunge. Rumangsaku malah mung mBak Tien wae sing ora gelem nyawang kanyatan, ngukuhi olehe rumangsa olehe dadi wong luhur, trahing kusuma rembesing madu, banjur seneng ngremehne lan gething karo wong sing dianggep wong pidak mpejarakan kaya Karmini ngono kuwi. Kamangka, sangertiku selawase urip Karmini kuwi durung tau gawe rugine mBak Tien ta? ya gene kudu digething kaya tikus gering?".

 

"nDelok wangsulanmu kuwi sansaya cetha Yok, pelete Tandhak tayub kae wis nunjem tekan dhasaring atimu, wis, nek ngono kuwi pancen angel olehe ngandhani kowe. Ya wis, nek pancen kowe ora kena tak kandhani, enek apa-apa aja sambat aku kowe. Ya muga-muga wae kowe ora ketularan urip dadi kere kaya Bagus kae, ing atase putrane nDara Asper saiki arep mangan wae kangelan, direwangi nyopir Angkudes sing asile ngge mangan saben dinane wae sok kurang" wakasan Hartini ora nutugne olehe ngandhani Tiok supaya ngedohi Bagus lan kulawargane.

 

Ya merga tembung-tembunge Sri Hartini sing ngono kuwi mau, sing ndadekne Tiok rumangsa aras-arasen nampa telepon saka mBakyune sing mlebu menyang Ha Pe ne. Nanging telepon kuwi terus muni ora mandheg-mandheg. Dibolan- baleni nganti ping sapirang-pirang. Suwe-suwe Tiok ya banjur thukul rasa welase, telepon saka Hartini banjur ditampani :

"Halo, iya mBak ana apa?"  kandhane Tiok liwat hapene.

 

"Gawat Yok, iki wis ora cukup dienengne wae!" wangsulane Sri Hartini liwat telepon karo suwara sing nadhane dhuwur, ketara nek lagi nesu.

 

"Mengko dhisik ta mBak" mangsuli karo tembung sing sareh "sing gawat kuwi apa? sing ora cukup dienengne wae kuwi sapa?".

 

"Karmini" Hartini wangsulan karo suwara panggah isih ngemu hawane wong nesu "Karmini wis wani nyepelekne aku,aku wingi mara menyang omahe, wonge tak kandhani nek arep ngongkon anake mbajing, tak kon ndelok-ndelok sapa sing arep dibajingi, aja ngawur wani adol bagus menyang kulawargaku. Menungsa ora tata anake Tandhak Tayub kuwi ora semaur apa-apa, malah aku ditinggal mlebu omah banjur lawange ditutup, dikunci saka njero. Aku diumbar mbranggang dhewe neng empere nganti kaya wong edan ngana kae".

 

"Aku malah dadi bingung mBak" wangsulane Tiok karo ngempet guyu, kebayang neng angen-angene Hartini omong dhewe neng empere Mak Jiyah ora ana kancane, rak nek ana sing weruh lan ora ngerti perkarane banjur duwe pangira nek Hartini wis owah pikire banjur ngompyang ora karuwan "mBak Tien nganti nglabrag Karmini neng omahe Mak Jiyah kuwi perkarane apa? Sak ngertiku anake Bagus kuwi loro wis gedhe-gedhe kabeh, bocahe sopan-sopan tur ya pinter-pinter.Sing adol bagus neng kulawargane mBak Tien kuwi sapa? Kulawarga sing endi?".

 

"Dawa kuwi critane Yok" kandhane Hartini maneh "merga anake lanang Karmini kuwi ya anake Bagus, senajan wis murtad Bagus kuwi dening wong-wong isih dianggep bageyan saka Kulawargae Asper Surya Gutama, mula demi kehormatan Keluarga Surya Gutama, kowe kudu tumandang ngrampungne perkara iki, aja nganti lelakone Bagus dibaleni dening anake sing aku yakin olehe mbajing kuwi merga saka pakone simboke".

 

"mBak" rada banter Tiyok nyauri omongane Hartini "mBak Tien kuwi omong apa? Omong kok ora cetha bongkot pucuke, ngerti-ngerti ngebrukne gaweyan nyang aku, gaweyan apa sing uga ora cetha pisan. Genahe kuwi lho piye?".

 

"O alah Yok, yok" suwarane Hartini wiwit keprungu arep nangis "kuwi ya merga kegawa saka panase atiku merga klakowane anake Lonthe kae, ngene wae, ben luwih cetha kowe mrenea tak tunggu neng omah karo Masmu, Vero mbok ajak pisan ya apik, mengko ben dijelasne Masmu perkarane".

 

"Wadhuh, nek saiki aku ora bisa mBak" Tiyok wangsulan "aku wis semayan karo petani-petani pelangganku jare, wong-wong kuwi arep njupuk rabuk. Dadi aku ya ora bisa ninggal toko, Ibu Pramesthi ya lagi repot dhewe, rewange sing nunggu dagangane ya pas ora mlebu. Lha nek mBak Tien karo Mas Har mara nyang Toko piye?".

 

"Aku karo Masmu mbok kon menyang tokomu?" Hartini takon karo suwara njengek mendhuwur.

 

"Kuwi nek mBak Tien karo Mas Har longgar lan dhangan ing penggalih, aku mung takon kok, ora ngangkon. Nek pancem gak bisa ya wis, aku ya ora apa-apa, ya mbesuk-mbesuk wae nek pas longgar aku tak mara mrono. Nek Pas longgar" wangsulane Tiok karo suawara sing keprungu rada atos.

 

"Ya wis nek ngono" Hartini kandha maneh "aku karo Masmu tak sing ngalahi mrono. Tenan, iki mung merga demi kehurmatane kulawargane dhewe, kulawarga Asper Surya Gutama".

 

"Ya" wangsulane Tiok sing banjur nutup telepone.

 

Tiyok sing dhek esuk lagi wae jagongan karo Bagus ngrembug anak-anake  Bagus, Arka Bismantaka  karo Indri Hapsari bareng krungu sing dikandhakne Hartini liwat telepon mau dadi sansaya ora mudheng. Mau mBakyune sing paling tuwa kuwi cetha nyebut nek anake lanang Karmini wis mbajing, adol bagus menyang kulawargane Hartini. Kamangka Tiyok weruh nek Dr, Arka Bismantaka, SH, MA. , ya anake lanang Karmini, wektu iki dadi Dosen neng pirang-pirang Perguruan Tinggi neng Yogya kana. Pancen sing ngerti nek anake lanange Bagus kuwi bisa sekolah dhuwur, bisa kuliyah nyang luar negeri, saiki dipercaya dadi Dosen barang kuwi, ora akeh sing ngerti, kejaba winates wong tuwane lan Tiok wae. Bagus nek ditakoni kanca-kancane anake sing lanang kae saiki neng ngendi? wangsulane ajeg : lagi luru apa kanggo urip neng kutha, titik. Tiok banjur duwe dudutan yen Hartini utawa Harmana, genah nek durung ngerti yen ponakane kuwi saiki dadi wong penting, wis ora kober mbajing kaya sing didakwakake Hartini neng telepon mau.

 

 

ana candhake.

Jumat, 05 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 26

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang.

 

26.

Sidane bageyane Bagus saka olehe andum bandhane wong tuwane ora diuthik-uthik babar pisan, jumbuh karo sing dikarepake sening Bagus. Sawah sebahu seprapat, karo lemah pekarangan wolulas are, panggah diregem dening putra pambayune Bu Asper kabeh. Lan lakune wektu terus ora ana lerene, dina ganti dadi dina, nyandhak sasi gumanti marang sasi candhake. Hubungan kekeluwargaan antarane Bagus karo Wong Tuwane tansah mlaku kanthi becik. Saben dina saben bali saka Pasar Karmini ajeg diterne Bagus menyang daleme Bu Asper, kajaba nek dina Sabtu lan dina Ahad sarta tanggal abang.  Kesehatane Bu Asper ya ora tau ana masalah sing serius. Hubungan antarane Bagus karo Tiok lan Evie ya terus dadi apik, mlaku kaya lumrahe wong seduluran. Sri Hartini sing senajan omahe ora pati adoh karo wong tuwane, nanging gandheng karo akehe gaweyan sing kudu ditandangi sansaya arang bisa ngelangake wektu kanggo tilik menyang  daleme wong tuwane.

 

 

Ora krasa, kabeh wis padha tuwa. Putra-putrane Bu Asper sing nyambut gawe neng kantoran, wis padha pensiun kabeh. Tiok sawise pensiun banjur ngopeni sawahe sing amba, sawah peparinge wong tuwane ditambah sawah olehe nggawani maratuwane, disambi mbukak toko dodolan rabuk lan bibit sarta obat-obatan pertanian. Vero bukak Toko sandhangan. Dadi sanadyan wis padha pensiun Tiok lan Vero panggah wae dadi wong sing ora tau leren. Pramesthi, anake Tiok sing ora duwe tunggal kae, sawise lulus saka fakultas Ekonomi UII Yogya banjur omah-omah karo Pengusaha Sukses lan diboyong kakunge sing isih Trah Pakualaman, menyang Yogya. Ponakane Vero sing biyen dikukup lan diopeni Tiok, sing siji wis dirabekne lan saiki manggon neng kutha melu bojone. Sing siji wis cekel gawe dadi Perangkat Desa sing nyambi kuliah neng Universitas Surya. Uga wis rabi lan omah dhewe, mung wae durung duwe anak.

 

 

"Lha iya ta Gus" kandhane Tiok ngepasi Bagus ngeterne Karmini menyang Daleme Ibune sing saiki wis dadi omahe Tiok "rumangsaku sakwise pensiun aku banjur bisa santai ngono, jebul malah sansaya repot. Nek isih nyambut gawe kae, isih ana dina Sabtu karo Minggu ditambah tanggal abang kanggo leren, saiki malah ora duwe prei babar pisan, dina Senin apa dina Minggu ya padha wae repote".

 

 

"Ngono kuwi rak ya wis dikarepne Mas Tiok dhewe ta Mas?" wangsulane Bagus karo mesem.

 

"Pancen ya bener, maune aku iki rak ya nguwatirake nek aku karo Ibune Pramesthi wis pensiun kabeh,  banjur nglangut merga ora ana sing ditandangi. Mula aku banjur golek kesibukan nyang sawah karo bakul rabuk kuwi. Jebul gaweyan sing maune mung tak anggep samben kuwi, bareng dilakoni luwih mbutuhna tanaga, wektu lan pikiran sing luwih akeh tinimbang nyambut gawe neng Kantor dhek emben" kandhane Tiok sabanjure.

 

"Ya disyukuri wae ta Mas, sing baku diparingi sehat ngono wae lho"

 

"Iya" wangsulane Tiok, banjur genti ngajak omongan bab liyane "Lha sidane olehmu arep mantu kuwi suk kapan?".

 

"Durung sida kok Mas" wangsulane Bagus entheng.

 

"Lha kepiye ta?" Tiok takon karo ngandhani "jaremu dhek emben pas ditakoni Ibu kae, nek Indri wis diwisuda? lha kok saiki malah omong nek durung sida kuwi genahe kepiye?".

 

"Karepku dhek emben ya ngono Mas, lha jebul Indri ki malah ketampa nggenteni mase gek calone Indri ya padha" .

 

"Sik, ketampa nggenteni Mase piye? Calone Indri ya padha? padha sing kepiye ?" Tiok ora mudheng karo sing dikandhakne Bagus.

 

"Indri oleh bea siswa, njupuk S2 ne menyang Leiden, bedane nek Arka dhek emben S2 karo S3 ne neng Leiden kuwi rak njupuk Hukum, lha nek anakmu wedok si Indri kuwi njupuk Sastra Jawa. Ndelalah si Rofiq, Dosen kancane Arka sing wis nglamar Indri dhek emben kae, ya oleh sponsor njupuk S3 ne menyang Chicago. Ya wis ora sida mantu. mBesuk wae nek wis padha rampung, Arka karo Indri dibarengne wae" Bagus nggenahne wangsulane.

 

"Eeeeeeng....." Tiok manthuk-manthuk, banjur takon maneh "Lha Arka ki calone oleh sapa? omahe ngendi?".

 

"Ditakoni Ibune, wangsulane Arka jare durung duwe sir-siran" wangsulane Bagus karo mesem.

 

Olehe jagongan Tiok karo Bagus kuwi banjur rampung, merga wis rada suwe, Bagus kudu bali nggelak Angkudese, mau olehe leren neng omahe Tiok wis kesuwen sepuluh menit. Adate paling suwe, Bagus nemoni Ibune bareng karo Karmini kuwi sepuluh menit banjur bali nggelak Angkudes. Iki mau gandheng ndadak diendheg lan dijak jagongan Tiok sing disambi nunggu Tokone Rabuk, olehe mandheg Bagus dadi kesuwen sepuluh menit. Bagus banjur daya-daya mbalik marani Angkudese, arep digelak ngladeni wong-wong sing butuh lunga menyang Sidowayah kanthi nunggang Angkudes.

 

Tiok bali mbukaki buku cathetane, nocogne mlebu metune dhuwit sing kanggo mbayar DO Rabuk neng Gudhang Pusri karo dhuwit sing ditampa saka wong sing padha tuku, ora kliwatan uga ndelok cathetan wong-wong sing olehe njupuk rabuk neng tokone isih utang dhisik, mbayare ngenteni nek pari sing ditandur wis panen.

 

Karo nyambut gawe ngono kuwi, pikirane Tiok kober kagum marang ponakan-ponakane, anake Bagus sing mung loro, nanging lancar sinaune. Bocah loro bisa kuliah nganti tekan Luar Negeri kabeh. Iya, Arka karo Indri, kuwi nek didelok saka silsilahe, bisa diarani isih Trah saka Mangkunegaran, merga Bagus kuwi senajan mung sopir Angkudes, nanging putrane Asper Raden Mas Surya Gutama. Nanging nek disawang saka sisih, Dr, Arka Bismantaka, SH, MA., kuwi anake Karmini, Bakul Tempe lulusan SMA KP., putune Mak Jiyah Tledhek Amen, Tandhak Tayub bojone Karmin Bengkring. Tiok banjur kelingan jaman semanane, nalika dheweke  karo sedulur-sedulure padha nyawang remeh lan asor marang Karmini, merga Karmini sing anake Mak Jiyah Tandhak Tayub sing dening Tiok karo sedulure dicap nganggo sebutan "lonthe".  Banjur Tiok lan sedulur-sedulure uga Ibune, wis nganggep Bagus mung bakal nggawa sesuker sing ngregedi lan gawe kucem kaluhuraning Kulawarga jalaran duwe karep lan ora keneng diundurne, ngrabi Karmini.  Jaman semana, Tiok nganti tega lan mentala, bareng-bareng karo mBakyune "mropokasi" Ibune.

 

"Sakniki ngeten mawon Buk" ature Tiok marang Ibune nalika samana "murih Bagus niku saged pedhot kaliyan Karmini, Ibu kedah wentala kangge kasaenanipun Bagus piyambak".

 

"Wentala sing kepiye?" pandangune Bu Asper nalika samana.

 

"Jatah kangge kuliyahe Bagus dipun endheg rumiyin lan nek Bagus taksih nekad boten kenging ditata, Ibu kedah tega nundhung Bagus saking dalem mriki" atur wangsulane Tiok sing banjur diimbuhi dening Sri Hartini :

 

"Niku leres Buk, sampun ta mangke Bagus nek sampun kejepit boten gadhah napa-napa, kalih anake lonthe niku rak diemohi piyambak".

 

"Atake mengko Bagus nekad? terus dikukup Karmin Bengkring pisan? Aku rak njur kelangan anak?" wektu kuwi Bu Asper kober tidha-tidha.

 

"Nek pancen ngoten nggih kersane neh Buk" wangsulane Hartini nalika samana "punapa ginanipun anak nek namung badhe damel wirange tiyang sepuh? punapa Ibu remen menawi dipun jejeraken satimbang kaliyan Tandhak Tayub, Lonthe murahan kados Tandhak Jiyah niku?".

 

Tembung-tembung kuwi bali dumeling neng kupinge Tiok. Tiok thenger-thenger, nggetuni tumindake sing wis kasilep wektu sing wis suwe. Lamunane Tiok lagi buyar bareng HP sing ana sak klambine muni, aweh tandha yen ana telepon mlebu. Tiok ngrogoh sak, ngiling-ilingi sapa sing ngirim panggilan menyang nomer hp ne. Alise Tiok sakala dikencangake bareng ngerti tulisan sing ana layar hp ne........ MBAK TIEN.

 

 

ana candhake.

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 25

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

25.

Tiok meneng sedhela, ora enggal wangsulan, malah plengah-plengeh, ngguyu ning tanpa rasa. Tiok pancen lagi ngrasakne rasa cemplang sing ngranuhi sajroning atine. Rasa cemplang sajroning ngrasakne lelakon uripe. Wong ngendi-endi padha ngerti lan padha ngarani, kajaba kulawarga kinurmat kang kajen kineringan dening sapepadhaning wong, kulawargane Ndara Asper kuwi kulawarga sing sugih bandha. Kulawarga sing ora kurang enthong ora kurang irus. Ewa samono saiki para putra-putrane nDara Asper padha pegel-pegelan siji lan sijine, ora sabab kekurangan, nanging sabab kepengin entuk bageyan luwih akeh lan luwih kuwasa marang bandhane wong tuwane.

 

"Piye Pah ? mBak Tien banjur kepriye?" Vero bali nakoni bojone.

 

"mBak Tien ndakwa mBak Evie jare wis ndobrili Ibu, nganti Ibu ora emut marang kalenggahane minangka wong sing kinurmat, gelem nampa Karmini dadi putra mantune kuwi padha karo Ibu kersa disejajarne karo Mak Jiyah, sing jarene mBak Tien ya nana kae, kaya sing diucapne mBak Tien menyang Karmini pas neng Rumah Sakit. mBak Tien banjur ngongkon aku supaya ngaturi Ibu caos pemut yen I bu kuwi wis kena pengaruhe mBak Evie" kandhane Tiok mangsuli pitakone bojone.

 

"Banjur Papah ya saguh?"  Vero nguber karo pitakonan.

 

"Aku mangsuli, nek Ibu kuwi padha karo aku lan mBak Evie, sing duwe keyakinan, nek neng donya kuwi ora ana manungsa sing tanpa cacad, tanpa duwe kekurangan. Lan uga ora ana manungsa sing ora duwe kabecikan. Saelek-eleke menungsa mesthi isih ana apike, sapik-apike menungsa mesrhi ana kekurangane. Wong sing katone apik iki merga dening Gusti Allah ora dibukak cacad sing didhelikne, dadi manungsa kuwi ora kena dumeh rumangsa resik, banjur seneng nggoleki alaning liyan, bisa kuwalat. Pungkasane aku emoh dikongkon mBak Tien ngono kuwi" Tiok banjur wangsulan maneh.

 

"Ya wis, nek ngono Papah wis bener" Vero ngalembana bojone.

 

"mbak Tien banjur sansaya nesu lan ngomong ora arep nggugu Ibu, mBak Evie apa dene aku, merga kabeh dianggep kleru. Sing luwih lucu maneh, bageyane Bagus ya tetep arep dikukuhi ora arep diwenehne marang Bagus, merga jarene sesuai dengan kesepakatan, bageyane Bagus kuwi arep dipasrahne nek Bagus wis nuruti apa sing dadi karepe mBak Tien lan sing uga tau dadi karepku sadurunge aku sadar, Ibu uga tau duwe kersa sing padha sadurunge Ibu pirsa kabecikane Karmini. Mula aku ya dadi bingung, lha bareng aku takon menyang Bagus, Bagus malah omong nek ora arep melu omong perkara kuwi. Mengko bageyane Bagus rak sida ilang katut dipek mbak Tien kabeh?. Piye Gus?" Tiok mungkasi critane sing ditutup nganggo pitakonan marang Bagus.

 

"Ngene wae Mas" Bagus banjur wangsulan suwarane keprungu sareh "wektu iki kahanane Ibu ya ngana kae, nek nganti kebanteren menggalih bisa gerah maneh. Kamangka minangka anak ragil, aku iki sing paling sethithik anggonku bisa ngabekti marang Ibu, aku isih mbutuhake Ibu kanggo nampa bektiku, lan bektine sisihanku marang Ibu Maratuwane. Dadi aku nyuwun tulung marang Mas Tiok, aja nganti Ibu nganti pirsa nek putra-putrane padha udur jalaran bandha sing asale saka peparinge Ibu kabeh. Mas Tiok utawa mBak Evie ora sah masalahne sing jarene bageyanku kuwi mau karo mBak Tien. Aku ora apa-apa, tenan aku ora arep ngrembug bab kuwi, merga aku isih seneng milih Ibu tansah sehat lan panjang yuswane".

 

Banjur Bagus genti noleh marang Karmini karo takon :

"Panemuku ing perkara sing dicritakne Mas Tiok kuwi mau ngono kuwi Dhik, mathuk ta? Jare dhek emben kae awakmu ya wis dijak bisik-bisik karo mBak Evie bab iki?".

 

"Inggih Mas" wangsulane Karmini marang Bagus sing uga bisa dirungokne Vero apa dene Tiok "kados ingkang sampun kula aturne kala wingenane nika. Pas dikabari mBak Evie ing prakawis niku, kula namung atur wangsulan, bilih kula niki boten wenang tumut ngrembag prakawis punika, nanging kula janji dhateng mBak Evie bilih  badhe matur dhateng Panjenengan, murih ngeman dhateng kasugenganipun Ibu. Sampun ngantos Ibu kejot ing panggalih, sampun ngantos Ibu kebanteren anggenipun manggalih, awit Ibu punika sampun sepuh, betah katentreman, dening Pak Dokter Heru kalih Pak Dokter sing teng Rumah Sakit nika dipun weling, murih Ibu boten gampil sakit Ibu kedah nggadhuh panggalih ingkang ayem, menawi ngantos Panjenengan ngrembag prakawis bandha ingkang samangke dipun asta dening nDara Den Ayu Tien, lajeng Ibu ngantos pirsa, kula kuwatos Ibu lajeng kejot penggalihipun lan saged nuwuhaken boten sae kedadosanipun. Niku atur kula kala wingenane ingkang kula wangsuli dinten niki, kangge mangsuli pamanggih panjenengan ingkang kala wau".

 

Wangsulane Karmini sing nadyan alon nanging cetha kuwi, bener-bener wis klop karo sikep lan panemune Bagus sing dikandhakne marang sedulure tuwa. Ora krasa Tiok banjur ndhingkluk, rumangsa kasoran perbawa. Babar pisan Tiok ora duwe pangira yen bakal krungu wangsulane Bagus sing dhek mau  lan banjur diimbuhi karo wangsulane Karmini ngono kuwi. Tiok rumangsa dibanting lan dikeplekne dening Bagus lan Karmini sak pol-pole. Tiok uga banjur rumangsa kalah adoh nek ditandhingne karo Bagus karo Karmini, ing babagan kadiwasan lan kapinteraning rasa.  Sasuwene iki, Tiok ora tau nggagas bab kesehatane Ibune kanthi njaga murih penggalihe Ibune bisa ayem lan tentrem. Tiok sing wis rumangsa mongkog sing saben sasi sepisan bisa gawe bungahe Ibune kanthi tuku panganan sing mirasa banjur dicaosne Ibune, dumadakan rumangsa ora ana apa-apane yen ditandhing karo apa sing lagi wae dikandhakne dening Bagus sing banjur disusul karo kandhane Karmini.  Bagus karo Karmini ora butuh Ibune pirsa yen duwe niyat lan lekas sing luhur, nanging Bagus karo Karmini mung butuh supaya Ibune ora gerah lan kaparingan panjang yuswa.

 

"Ngene lho Mas" bareng Tiok ndhingkluk lan suwe ora  omong apa-apa Bagus banjur gunemen maneh "aku ngerti, Mas Tiok apa dene mBak Evie kuwi padha nguwatirake panguripane kulawargaku sing mung kaya ngene iki. Nanging Mas Tiok kudu ngerti lan aja nemen-nemen olehe mrihatinake aku, sanajan nyambut gaweku mung njagakne tumetesing bun paribasane, kabutuhanku isih akeh melu disangga mara tuwa, nanging Mas Tiok tak aturi percaya karo Maha Asihe Gusti Allah marang kawulaNe. Cukup kuwi manggone ana ing ati, nek ati wis rumangsa cukup mangka ora bakal kekurangan selawase. Wis ta Mas, ora -ora nek kulawargaku nganti kesrakatan kangelan olehe bisa mangan. Aku percaya kok, Gusti Allah bakal anyukupne kabutuhane kulawargaku waton aku temen-temen bekti marang Ibuku, kanthi ikhlas ing lahir trusing batin, ora murih apa-apa kajaba murih ridlaNe Gusti Sing Maha Agung. Lan aku njaluk tulung marang Mas Tiok, supaya kersa ngabarne bab iki marang mBak Evie, iki kabeh demi kesehatan dan kasugengane Ibune dhewe sing wis sansaya sepuh kae".

 

Kahanan dadi sansaya sepi, ora ana suwara sing keprungu metu saka lisan. Nganti suwarane ambegan sing mlebu metu liwat irung, keprungu cetha kaya suwarane rebab sing ngiringi suluke Ki Dhalang nalika ngancik manyura.

 

ana candhake.

 


Kamis, 04 November 2021

MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 24

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

24.

Oleh pitakonan saka kakangane ngono kuwi Bagus ora enggal semaur, nanging malah ngguyu nggleges. Karmini karo Vero sing weruh Bagus ngguyu karo nutupi lambene nganggo epek-epek tangane, kuwi kaya kesetrum banjur padha melu ngguyu. Ngguyu olehe Bagus ngguyu omongane dhewe sing nyebut jenenge mBakyune nganggo sebutan Raden Ayu, sing saiki wis keprungu lucu. Tiok sing ora pati mudheng karo sing lagi padha digeguyu sansaya penasaran, genti-genten nyawang kancane jagongan siji-siji.

 

"Jane ki sing lagi padha diguyu kuwi apa ta? Apa olehku takon nyang Bagus iki mau aneh utawa lucu ngono ?" Tiok takon marang kancane jagongan.

 

"Ora Mas" wangsulane Bagus "Aku mau ki ngguyu omonganku dhewe sing tak anggep lucu, merga ing jaman sing wis modern iki jebul isih ana wong sing isih seneng disebut nganggo sebutan ngono kuwi. Nanging aja kleru tampa lho, aku ora ngarani nek mBakyune Panjenengan sing mbarep kae isih seneng nganggo sebutan ngono kuwi. Mung wae, merga aku kepengin ngajeni wong sing rumangsa kinurmat kae, aku pengin wae nggunakne sebutan kuwi kanggo nyebut asmane. Sepisan manehtak baleni, kanggo ngajeni wong sing rumangsa kinurmat".

 

"Aku sansaya ora mudheng karo sing mbok karepne kuwi Gus" Tiok guneman karo mesem sepa.

 

"Ngene lho Mas, saiki aku ya arep blaka menyang Panjenengan" kandhane Bagus sabanjure.

 

"Blaka perkara apa kuwi?" Tiok takon.

 

"Kaya dhek wingi-wingi sadurunge Ibu gerah kae, aku karo Mas Tiok kuwi rak padha ora geleme nyedhak, malah upama bisa kepara malah kepengin olehe padha ngadoh. Kuwi merga aku iki ngrumangsani wong sing duwe sipat rada brangasan, dadi kuwatir nek nganti ketemu banjur krungu tembung sing ngalarani atiku, aku kuwatir anjur nesu, mula aku milih ngadoh wae. Samono uga karo sedulur panjenengan sing tuwa dhewe kae, malah kepara luwih nemen. Aja maneh kok nganti kepethuk banjur krungu rembug sing nyenggol pangrasa, aku ora muringa. Lha wong ora weruh wonge ngene iki wae, nek kelingan omongan sing diucapne neng ngarepe wong akeh pas neng Rumah sakit kae, ati iki isih krasa njarem jarene. Apa maneh bareng aku ngerti meh wae Ibu mundhak santer gerahe, jalaran meh wae Ibune Arka arep mulih tanpa pamit, tujune konangan Dhik Ningrum karo Mas Yunus sing banjur ngandhani aku. Olehe arep mulih tanpa pamit Ibune Arka sing awane wis didhawuhi Ibu supaya bengi kuwi ngancani Ibu, ya merga gunemane wong sing rumangsa terhormat kae wis kebacut tenan" kandhane Bagus mblakakne isining atine marang Tiok "Nah gegandhengan karo sing tak blakakne iki mau, nek Mas Tiok kok njaluk panemuku perkara sing mau Panjenengan critakne, sepisan maneh tak wangsuli panemuku ora bakal ana gunane babar pisan. Dadi aku milih meneng wae".

 

"Lha sing dikandhakne mBak Tien neng ngarepe wong akeh kuwi apa? kok olehmu njarem nganti kaya ngono kuwi mau? Lha Ibune Arka diuneni apa kok nganti meh wae mulih ki?" Tiok takon.

 

"Nek sing dikandhakne neng ngarepe wong akeh, ora perlu tak kandhakne. Sing cetha romobongane Mbah Mantri Guru kae nganti ora mentala ngrungokne" wangsulane Bagus "lha nek unine menyang Ibune Arka, ya panjenengan takoni dhewe wonge kuwi".

 

"Ngeten lho Mas" sadurunge Tiok nakoni Karmini luwih dhisik nyambung kandhane Bagus "nDara Den Ayu ndakwa dhateng kula bilih anggen kula dhateng Rumah Sakit niku badhe damel cilaknipun Ibu, lajeng kula dipun dhawuhi kesah, menawi boten purun kesah badhe dipun celukne Satpam supados ngrangket kula. Nalika badhe kula genahne, nDara Den Ayu malah sansaya duka, meh mawon kula kalap, jalaran menawi ingkang dipun undamana niku namung kula, kula saged nampi nanging sareng tiyang sepuh kula ugi dipun undamana mawi basa ingkang sakalangkung lekoh lan saru, manah kula dados sakit sanget, meh kemawon kula badhe mara tangan. Mesthinipun Mas Tiok ugi pirsa, sanaosa namung kados ngeten kawontenan kula, nanging pas ing acara Pra-Pon Kabupaten Ngawi rumiyin, pinten atlet pesilat ingkang sampun KO ngadhepi kula?. Tujunipun, kula kaparingan eling, mula kula lajeng mundur nilaraken nDara Den Ayu ingkang nembe duka-duka ingkang ing mriku ugi wonten nDara Den Har, nanging namung mendel kemawon, malah ketingal ngrojongi garwanipun. Gandheng pas dipun dukani nDara Den Ayu niku, dhompet kula kantun teng Kamar, badhe wangsul kula boten saged, tiyang kula boten nyepeng arta kangge mbayari angkota, lajeng kula kepanggih Bu Ningrum kalih Pak Yunus ingkang badhe bezuk, ing pangangkah kula badhe ndherek nunut menawi Bu Ningrum kundur".

 

Tiok karo Vero manthuk-manthuk krungu kandhane Karmini sing ngono kuwi mau. Wong loro kuwi nggambarake mendah kaya ngapa wirange kulawargane Bu Asper yen nganti wengi kuwi Karmini ora bisa ngendhaleni nepsune?. Ora mokal nek Karmini wis nggunakne kabisane ing ulah bela dhirine, Sri Hartini malah banjur mlebu UGD. Lan ora mokal maneh menawa Bu Asper bakal sansaya santer gerahe. Bagus mesthi banjur direpotne ngurusi bojone sing banjur dirangket lan dadi tahanan neng Kantor Polisi. Sepisan maneh Tiok karo Vero banjur padha nyerot ambegan dawa, ngaturake panuwun marang sing kuwasa.

 

"Iya, iya aku bisa melu ngrasakne sepira laraning atimu marang mBak Tien" kandhane Tiok sawuse meneng rada sauntara suwene "lan ya bener kaya sing mbok kandhakne mau Gus, nek ndelok watak wantune, mBak Tien mokal gelem lan bisa nampa panemumu sing embuh kaya apa unine".

 

"Mulane" Bagus wangsulan cekak.

 

"Nanging rak ya perlu dicoba ta Pah?" Vero sing maune mung dadi pendhengar kuwi melu urun rembug, marang bojone.

 

"Dicoba piye?" Tiok takon.

 

"mBak Tien karo Mas Har kuwi rak durung pirsa, nek awake dhewe karo mBak Evie apa dene Mas Sugeng, saiki wis bali rukun karo Dhik Bagus lan Dhik Karmini? Samono uga Ibu, Ibu wis legawa malah kepara klawan rasa syukur marang Gusti Allah, nampa Dhik Karmini dadi putra mantune, bab iki mBak Tien karo Mas Har rak ya kudu dicaosi pirsa?" wangsulane Vero marang Tiok.

 

Tiok ngguyu. Kaya olehe ngguyu Bagus nalika dheweke takon mau. Nanging guyune Tiok guyu sing sepa, keprungu rada wagu.

 

"Kok malah gumujeng ta Pah ?" Vero nyendhu Tiok.

 

"mBak Tien karo Mas Har kuwi wis ngerti kabeh" wangsulane Tiok "wingi pas neng Kantor, aku ditelpon mBak Tien, wonge kandha jare bar diomongi mBak Evie nek sasuwene iki kabeh wis kleru anggone duwe panganggep marang Bagus lan Karmini, banjur kabeh wis padha sadar lan gelem ndandani panganggepe sing kleru mau, ya Ibu, ya awake dhewe, ya mBak Evie karo Mas Sugeng. Mung kari mBak Tien dhewe sing durung ngrumangsani lupute".

 

"Banjur mBak Tien piye?" Vero nugel critane Tiok karo pitakonan, merga Tiok mandheg olehe omong.

 

ana candhake.


MAWAR BIRU ING PINGGIR JURANG 23

 

cathetan cekak kanggo ni made siti asih

 

dening : Bapakne Lintang

 

23.

Krungu kandhane Tiok sing ngrumangsani lupute ngono kuwi Bagus mung meneng wae. Bagus wis ngrasakne dhewe, sepira gedhene rasa gething neng atine Tiok marang dheweke. Merga Bagus ora nurut apa sing dadi panemune Tiok. Luwih saka lima las tahun Tiok ora sudi lorohan karo Bagus. Lan wektu kuwi Bagus ya nimbangi. Wong lanang loro sing isih sedulur tunggal bapa biyung, merga rebut bener, nganti padha ora sapan sinapan. Tiok rumangsa bener merga minangka sedulur tuwa ora digugu nalika aweh pitutur marang adhine. Bagus rumangsa bener merga sing ditindakne babar pisan ora gawe rugine sapa wae, kalebu marang sedulur lan wong tuwane. Nek ana sing menggak kekarepane sing ora nerjang sarak lan paugeraning bebrayan kuwi padha karo wis arep ngatur-ngatur uripe. Satemene Bagus ya ora seneng satron karo sedulure tuwa, nanging arep ngajak bali becik, Bagus durung oleh dalan sing apik. Ngrumangsani yen uripe lagi mapan ing ngisor, bakal sansaya remeh menawa nganti niyate sing becik jebul oleh tanggapan sing ora nocogi atine, bisa-bisa olehe duwe niyat ngajak bali rukun kaya biyen dikira merga wis ora kuwat urip sajroning kacingkrangan .

 

Saiki, Tiok gelem mara menyang omahe lan gelem ngakoni yen Karmini kuwi wis dadi ipene, Bagus rumangsa seneng. Mula kandhane Tiok ya mung dirungokne wae lan Bagus banjur ngati-ati anggone nanggapi, aja nganti tanggapane nuwuhne rasa gela ing atine sedulure lanang kuwi.

 

"Jebul pandakwaku marang Karmini nalika samana ora sing bener babar pisan" Tiok nutugne rembuge "pandakwaku marang awakmu meh kabeh ora bener. Sasuwene aku ora srawung karo awakmu, tenane aku ya niling-nilingake kaya ngapa lakune rumah tanggamu sing ora direstoni dening Kulawargamu kabeh kuwi. Jebul aku dadi weruh, Rumah tanggamu anane mung tentrem lan ayem sanadyan tata gelar panguripanmu ya mung pas-pasan. Aku ya ngerti yen awakmu kerep sowan Ibu nalikane omah lagi sepi. Aku ya ngerti, nek awakmu kuwi anak sing bekti marang wong tuwa lan bektimu tulus ora pamrih apa-apa. Mula aku banjur kepengin ndandani kaluputan sing wis tak tindakne sasuwene iki. Aku nyoba teka nyang omah kene, nalikane kowe ora ana omah. Sikep lan tangkebe Karmini marang aku apa dene mBakyumu banget olehe ngaji-aji, babar pisan ora katon tilasing lara ati merga sikep lan tangkebku marang dheweke sasuwene iki, malah sajake awakmu wong loro sengaja nutup-nutupi kabeh cacade kulawargane Bapak lan Ibu marang kulawargamu. Sing dingerteni dening anak-anakmu, kabeh wiwit Eyange nganti sedulur-sedulure bapak-e kuwi wong apik, apik kaya bapak-e".

 

"Uwis Mas" kandhane Bagus nugel rembuge Tiok "barang sing wis kebacut ora perlu diomong maneh. Aku wis rumangsa seneng lan matur nuwun banget marang Gusti Allah, merga aku lan Ibune Arka, wis bisa ngabekti marang Ibu, ngabekti klawan sakuwasaku. Mungguhku kuwi wis luwih saka cukup. Dadi Mas Tiok aja banjur nggetuni nemen-nemen barang sing wis kepungkur, mundhak ora becik kedadeyane".

 

"Iya Gus, nanging aku ya butuh takon marang awakmu, awakmu kuwi wis ngerti apa durung ?" Tiok dumadakan nakoni Bagus karo praupan ketok serius.

 

"Perkara apa kuwi Mas?" Bagus mbalik takon.

 

"Perkara harta kekayaanne wong tuwane awake dhewe?".

 

"Durung Mas, eneng apa?" Bagus takon maneh.

 

"Kira-kira limang tahun kepungkur, bandhane Ibu lan Bapak wis didum, kuwi sing duwe usulan mBak Tien sing banjur disetujoni Ibu" Tiok aweh katrangan marang adhine "jarene kanggo njagani supaya ing mbesuk nek Ibu wis kapundhut dening Gusti Allah, putra-putrane ora banjur geger rebutan warisan".

 

"Ngono nrak ya luwih becik ta Mas? wong ibu ya wis ora kagungan butuh apa-apa maneh, kanggo saben dinane pensiun tinggalane sawargi Bapak ya wis turah-turah wae" wangsulane Bagus ayem tanpa ekspresi apa-apa.

 

"Aja ngarani luwih becik dhisik nek awakmu durung ngerti, merga critaku durung rampung" Tiok wangsulan.

 

"Ya Mas Tiok bacutne crita, aku tak ngrungokne" kandhane Bagus nanggapi wangsulane Tiok.

 

"Olehe ngedum bandhane Ibu karo bapak kuwi ora adhedhasar hukum waris....."

 

"Ya bener ta Mas, wong ya ora andum warisan, nanging Ibu menehne barang-barange marang putra-putrane. dadi ya sakersane Ibu" Nagus bali nugel kandhane Tiok.

 

"Rungokna dhisik ta, aku tak omong" Tiok omong maneh.

 

"Oh, ya Mas, sorry....." Bagus ngguyu "mangga dilanjut....".

 

"Kaya sing mbok kandhakne mau, kabeh sakersane Ibu, nanging ora murni merga Ibu kari maca konsepane mBak Tien. Kabeh bandhane Ibu karo Bapak dipara papat, merga putrane Bapak karo Ibu kabeh papat. Kabeh wis dipasrahne marang putra-putrane Ibu, kajaba bageyanmu. Merga wektu kuwi, awakmu dianggep isih lunga lan ora kena dipesthekne kapan bisane bali. Ngerti sing tak karepne "lunga" ?". Tiok meneng sedhela nakoni adhine.

 

"Ya ngerti" Bagus mangsuli cekak.

 

"Yen sawayah-wayah bali, mangka bageyanmu lagi arep dipasrahne marang awakmu. Ning nek nganti ora bali, mbesuk arep dibagi kanggo wong telu maneh. Lan sasuwene nunggu balimu, bageyan kanggo awakmu kuwi sajroning panguwasane mBak Tien. Dadi asil sawah bageyanmu sajroning limang tahun iki kabeh dikuwasani dening mBak Tien. Lha pas dina riyaya kepungkur, mBak Evie nakokne bab asile sawah bageyanmu kuwi marang mBak Tien, disimpen apa dikapakne, karepe mBak Evie ora ketang sepira, anak-anakmu supaya diwenehi. Nanging mBak Tien ora bisa nampa, malah salah paham karo mBak Evie, jarene mbak Tien kuwi kabeh wis dadi duweke mBak Tien, mBak Evie karo aku ora oleh cawe-cawe. mBak Evie ya terus meneng. Lagi bareng mbak Tien karo Mas Har mulih, mBak Evie meling nyang aku supaya asil sawahe sing tak urusi tahun iki di wenehne menyang Karmini karo Mak Jiyah sing wis ngopeni awakmu. Dadi dhuwit neng amplop sing dhek emben dilungne Vero marang Karmini karo Mak Jiyah kae, dudu dhuwitku, nanging dhuwit saka mbak Evie. Sing saka aku ya mung telesan karo sajadah kae thok.  Ngono kuwi critane Gus. Saiki kepiye mungguh panemumu ing babagan iki?" Tiok mungkasi anggone nyritakne bab bandhane wong tuwane sing wis didum saduruge diwaris.

 

Ora ana tandha kaget apa dene gumun ing praupane Bagus miturut panyawange Tiok apa dene Vero. Malah katone ya ayem-ayem wae, mung meneng karo manthuk-manthuk thok. Nek Karmini sing uga melu jagongan neng kono, ya ora ketok ana owah-owahan ing praupane. Ngerti sikepe Bagus sing ayem ngono kuwi, Tiok banjur mbaleni olehe njaluk panemu marang Bagus ing perkara sing wis dicritakne iki mau.

 

"Piye Gus? Awakmu kandhaa enek kedadeyan kang mangkono iku banjur kepriye?" kandhane Tiok nakoni adhine.

 

"Ngene ya Mas" kandhane Bagus alon nanging cetha "tak kira, aku omong utawa ora ya padha wae, merga aku pancen dianggep lagi lelungan. Lan aku ya wis ngerti, upama panemuku mengko ora jumbuh karo sing dadi kersane Raden Ayu Sri Hartini, mesthi bakal ditulak tur isih bakal ditambahi pangndamana sing marakake atiku lara. Mula tinimbang aku golek mala, luwih becik aku tak meneng wae Mas".

 

"Mengko dhisik, awakmu kok ngarani mBakyumu dhewe kanthi sebutan sing wis ora tau diucapne wong, kuwi karepmu apa Gus?" Tiok nakoni Bagus sing ora ana gegayutane karo perkara sing lagi dirembug.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...