Total Tayangan Halaman

Kamis, 07 April 2022

SLENDHANG KUNING (019)

19.

Lagi wae Sodik mlebu omah, hape sing diseleh neng tas cangklonge muni. Ana sing lagi telepon. Karo ngetokne hape saka tase, batine nggagas takon sapa sing telepon kuwi. Sawise diiling-ilingi sedhela banjur ditampa karo sajak seneng.

"Assalamu'alaikum, iya Yu piye kabare Ibu?" kandhane Sodik neng telepone, mangsuli panyeluke Ririen mBakyune, kanthi nakokne kabare ibune.

 

"Alaikumsalam" wangsulane Ririen lumantar telepone "alhamdulillah kabeh apik,  mau tak telepon bola-bali kok ora mbok angkat ki ana apa ta Dik?"

 

"Sepurane mBak, ora krungu wong hape tak selehne tas tak tinggal neng meja dadi aku gak ngerti, wong iki aku ya lagi mlebu omah, kas rapat Yayasan neng Ngawi" wangsulane Sodik ngandhakne nek ora ngerti makyune telepon.

 

"Ya wis nek mung ngono" kandhane Ririen lega "aku mau ki kober nggagas sing ora-ora lho?. Anu, arep takon.....".

 

"Takon bab apa Yu?" wangsulane Sodik karo mesem, batine rumangsa luput sing wis marahi mbakyune nguwatirake dheweke.

 

"Olehmu menyang Yogya ki suk kapan?" pitakone Ririen sabanjure "aku matur Ibu ki ngendikane Ibu kowe kuwi saiki dadi wong sing repot terus? Dhek emben matur nyang Ibu nek arep ngrampungne gaweyan sawah sing wayahe tandur, banjur jarene neng Sekolahan ana gaweyan sing kudu mbok rampungne, banjur dina iki mau jaremu rapat Yayasan. Sesuk ngapa maneh?".

 

"He he he, aja muring ngono kuwi ta Yu" wangsulane Sodik karo ngguyu "pancen ya lagi repot tenan kok, arep piye maneh? Tenan lho Yu, aku ki ora ngapusi lan saben bar maghrib aku rak ya telepon Ibu ngaturake apa sing wis tak tandangi neng omah".

 

"Iya, aku ya ngerti kuwi, aku mung takon olehmu bisa nyang Yogya ki suk kapan?" Ririen mbaleni pitakone.

 

"Sik Yu, suk Jum'at sore wae Yu" wangsulane Sodik "bar jum'atan tak terus budhal, aturna Ibu pisan nek olehku mapag nganggo grobag wae, wong nek numpak bus ki najan Patas ya wektune suwe".

 

"Iya, Ibu pancen dhawuh nek kowe didhawuhi nggawa kendharaan dhewe wae, ngendikane Ibu kowe didhawuhi leren neng Yogya telung dina apa patang dina ngono, ketoke Ibu ngersakne tindak-tindak neng Yogya kene ki".

 

"Tindak-tindak? menyang ngendi no Yu? kok kadhingaren temen, ibu ngersakne tindak-tindak barang?".

 

"Aku ya ora ngerti kok, wong kuwi mau mung kira-kiraku wae" wangsulane Ririen "kowe rak ya ngerti dhewe, Ibu ki neng dalem apa neng Yogya ya ngana kae, ora ana acara liya kajaba mung ngaji njingglengi Kitab Suci. Ya wis ngono wae dhisik ya?  Ning tenan, suk Jumuah aja nganti dibatalne, Assalamu'alaikum".

 

"Salam"

 

Sodik nglebokne hapene menyang sak klambine. Karo mlaku menyang kamare, pikirane nglambrang, nggagas karo apa sing dikandhakne mbakyune neng telpon mau. Ibune ngersakne tindak-tindak?. Ibune mesthi banjur dhawuh supaya didherekne menyang papan-papan wisata sing suwe ora tau diparani, mesthi bisa gawe sengseme ati tenan. Saora-orane bakal bisa nyegerake utek sing saben dina mung mikirne gaweyan wae iki. Ah, iba luwih senenging atine, saupama olehe ndherekne Ibune tindak-tindak mengkone kuwi ora mung ijen, utawa mung dikancani mBakyu lan Mase Ipe sarta ponakane? Nanging uga dikancani Waginem sing mau dikancani ngadhep Ustadz Mahfudzi?. Sodik mesem dhewe.

 

"Pikiranmu ki kok kaya pikirane bocah puber kapisan wae ta Dik-dik?" ana suwara sing cumengkling nyenggol temboking atine "gawe gambaran kok ngawur, genah mokal kowe bisa ngajak Waginem mlaku-mlaku karo ndherekne Ibu, wong Waginem kuwi dudu apa-apamu. Upamaa Waginem gelem mbok jak mlaku-mlaku, disawang wong ya kurang becik, wong dheweke kuwi genah nek dudu mahram-mu".

 

"Iya, ya?" batin sing sisih liyane semaur "mosok jaka kaplak arep pacaran kaya ABG genah saru dinulu ing akeh, ya mbesuk wae nek wis klakon Waginem tak wengku dadi sisihanku, tak jake mlaku-mlaku ngiras bulan madu".

 

"Piye? nek wis klakon mbok wengku?" batin sing sisihe semaur karo ngguyu "rumangsamu Waginem kae gelem ta karo kowe?, aja kegedhen rumangsan kowe Dik, aja nemen-nemen olehmu duwe panjangka bab kuwi, bisa-bisa kowe mengko ngetan bali ngulon, tiwas edan jebul gak klakon".

 

Sodik ngguyu dhewe. Banjur cucul klambi arep mangkat adus, wektune wis rada sore.

 

Sauntara kuwi, neng omahe karo nandangi gaweyane, Waginem alon-alonan rengeng-rengeng karo ati sing seneng. Mau neng kantore Ustadz Mahfudzi Waginem krungu dhewe nek olehe nglebokne lamaran menyang SMA Al-Hasan, mbarengi karo kahanane sekolahan kuwi mbutuhne Guru Mapel Bahasa sing jumbuh karo jurusan sing kecathet ana ijazahe. Waginem uga krungu yen Ustadz Mahfudzi ngendikakne yen wis apal karo kapribaden sing diduweni Waginem. Kanthi pawadan iki, mbok menawa wae bisa dadi dalan sing padhang bisa ketampane olehe nglebokne lamaran mau.

 

"Mbesuk nek klakon ketampa, bakal kerep kepethuk karo Mas Sodik neng sekolahan" suwara batine Waginem guneman dhewe. Waginem mesem.

 

"Nem, aku mau lali" dumadakan mBok Sadikem, simboke Waginem mara karo kandha.

 

"Lali, apa sing lali mBok?" Waginem semaur genti takon.

 

"Dhek esuk saungkurmu mau, kancamu sing jaremu Pengacara kae teka, nggoleki kowe" mBok Sadikem ngandhakne bab tekane Munir mau esuk.

 

"Mas Munir rene? arep ngapa jarene? lha Simbok mangsuli piye?" Waginem mbrondong pitakonan marang simboke.

 

"Iya, butuhe apa aku ya gak takon, aku ya kandha nek kowe menyang Kedunggalar arep nglebokne lamaran neng sekolahan kana, ngono" mBok Sadikem wangsulan.

 

"Wonge rak ya banjur bali ta mBok? ya wis neh, kapan-kapan nek kepethuk wonge rak ya crita dhewe" kandhane Waginem sabanjure.

 

"Nanging wonge mau ya rada suwe lho olehe leren neng warung kono" mBok Sadikem nyambung kandhane.

 

"Neng warunge Simbok? Ngajak crita apa karo Simbok?" Waginem takon.

 

"Wonge mau grenang-greneng, ora mudheng karo karepmu, jarene wonge wis nyaguhi nggolekne gaweyan kowe neng sekolahan sing cedhak-cedhak kene, sing blanjane klebu gedhe, lha kok kowe malah nglebokne lamaran menyang sekolahan ndesa, sing durung maju, muride sethithik lan blanjane mung sak-sake, apa merga kowe wis kepencut karo critane kancamu sing jenenge Sodik kae?" mBok Sadikem nekakne apa sing mau dikandhakne Munir marang dheweke.

 

"Mas Munir ngomong ngono kuwi?" Waginem takon maneh "banjur ngomong apa maneh mBok?".

 

"Ora, ya mung grenang-greneng ngono kuwi mau, karo ngomongi aku supaya ngandhani kowe supaya luwih ngati-ati" wangsulane mBok Sadikem kalem.

 

"Iya" Waginem wangsulan karo mesem "gajege saben arep nang ngendi-endi aku rak ya pamit simbok ta? Banjur Simbok ya meling supaya aku ngati-ati, rak ya ngono ta mBok?".

"Ora kuwi sing dikarepne ki" mBok Sadikem wangsulan arep nggenahne ukarane.

 

"Lha piye?"

 

"Ngene lho Nem" mBok Sadikem kandha alon-alon kanthi suwara sing sareh "mau ki Mas Munir kae kandha, jarene kowe kuwi bocah sing sregep, pinter tur sembarang kalir bisa, nanging isih polos, isih lugu. Ya merga isih polos lan lugu kuwi, nek ora ngati-ati gampang keglendheng dening wong culika, keblithuk dening manising wicara, kalimput dening alusing solah bawa, sing dicakne dening wong sing dhemen laku cidra".

 

"Iya mBok" Waginem wangsulan alon "aku bakal mbudidaya ngati-ati, ya pandongane Simbok wae sing tak jaluk, muga-muga aku kinayoman dening Gusti Allah temah ora kleru ngambah dalan sing ora bener merga nuruti pangajak lan pambujuke wong seneng laku cidra".

 

"Iya ndhuk"  kandhane mBok Sadikem sabanjure "saiki aku tak takon, wangsulana, sakjane ngono olehmu kekancan karo Sodik kae wis tekan ngendi ta? Kok olehmu nggugu kandhane ngluwihi petungan nalar sing lumrah, wis disaguhi nek arep digolekne panggonan mulang neng sekolahan sing maju dening Munir, kok malah kowe milih nggugu pangajake Sodik sing ngongkon nglebokne lamaran neng sekolahan ndesa sing durung bisa aweh blanja sing mingsra?".

 

Waginem unjal ambegan landhung, batine wiwit ngira nek tekane Munir mau esuk nalikane dheweke ora neng omah wis crita sing neka-neka marang simboke. Kuciwane, simboke wong tuwa sing lugu, sing cupet kawruh lan srawunge gampang wae ngandel lan percaya karo apa sing dikandhakne Munir, sing dhasare pancen Munir kuwi wong sing wasis ngolah ukara.

 

"Ngene ya mBok" Waginem aweh wangsulan marang simboke sawise rada sauntara meneng "nek Simbok mau ngandhani aku supaya ngati-ati, aja gampang kepilut tembung manis sing bisa uga metu saka lambene wong sing dhemen tumindak lamis, saiki tak kandhakne yen olehku milih nglebokne lamaran menyang sekolahan sing jarene Mas Munir sekolahan ndesa kuwi sarta ora nggugu marang pangrigene Mas Munir, jalarane ya merga aku nindakne pituture simbok supaya aku ngati-ati kuwi mau".

 

"Piye ta karepe tembungmu iki? Aku kok malih dadi bingung iki?" mBok Sadikem takon, rumangsa ora ngerti karo tembunge Waginem sing lagi wae dikandhakne.

 

 

ana candhake.

 

SLENDHANG KUNING (018)

18.

Sodik nyalami Khoirul banjur melu lungguh neng kursi cedhake, Khoirul lagi ngerti yen jebul antarane Sodik karo Waginem sing lagi  teka nglebokne lamaran kuwi wis padha tepung. Nanging Khoirul ora mikir tekan ngendi-endi, merga ngerti nek Sodik kuwi pancen srawunge jembar tekan ngendi-endi. Khoirul dhewe nek karo Sodik kuwi uga klebu raket, lan Khoirul uga wis apal karo lagak, lagon sarta lageyane Sodik sing kondhang seneng tetulung marang sok sapa sing mbutuhake lan nek srawung ora mbedak-mbedakne pangkat utawa drajat, kabeh rinengkuh dadi sedulur sing becik.

 

"Pak Kepala ana Mas Khoirul?" Sodik takon "tulung panjenengan aturne nek aku arep sowan".

 

"Pak Kepala tindak, Pak" wangsulane  Khoirul "rapat kalih Yayasan teng Kantor Yayasan Ngawi".

 

"Lho wis budhal ta?" Sodik takon maneh "undhangane jam sewelas ki? Neng Kantor Ngawi sing cedhak daleme Pak Ketua, wong aku ya oleh undhangan?".

 

"Enggih, ngendikne wau kalih ajeng mampir teng Cabang Dinas Pendidikan riyin ngoten lho".

 

"Ooo ngono?" Sodik njengkerutne bathuke, banjur genti nakoni Waginem sing isih lungguh meneng neng papane "Lamarane sampun diasta ta mBak?"

 

"Sampun Mas, sampun kula aturaken Mas Khoirul" wangsulane Waginem "kalih Mas Khoirul kapurih ngrangkepi, kajawi dhateng Kepala Sekolah ugi dhateng Ketua Yayasan".

 

"Leres niku Pak" Khoirul amul rembug, mbenerne kandhane Waginem "angkah kula kersane langkung sae, awit ketingale kangge Mapel Bahasa niku mila taksih dibetahaken sanget, kajeng kula sinten ngertos nek mBak Waginem niki langsung diangkat dados Guru Tetap Yayasan rak langkung sae?".

 

"Apik kuwi Mas Khoirul" wangsulane Sodik "rak inggih saged dijangkepi teng mriki mawon ta mBak? timbang ndadak kundur rumiyin dhateng Ngawi?".

 

"Wau kalih Mas Khoirul inggih dipun dhawuhi makaten Mas" wangsulane Waginem.

 

"Pak Sodik mengke rak nggih rapat teng Yayasan ta?" Khoirul genti takon "napa lamarane mBak Waginem diasta pindhah? mengke dicaosne Pak Kepala pisan?".

 

"Ya ora ngono ta Mas" wangsulane Sodik "sing kagem Pak Kepala ya panjenengan tampa neng kene, mengko sing ngaturne Pak Kepala ya Panjenengan wae. Lha nek sing kagem Pak Ketua Yayasan, mengko ben diaturne mBak Waginem dhewe menyang Ustadz Mahfudzi, lha mranane bisa bareng karo aku, aku mengko tak matur pisan marang Pak Kepala karo Ustadz Mahfudzi".

 

"O nggih Pak menawi makaten" Khoirul aweh wangsulan marang Sodik, banjur dibacutne ngandhani Waginem "wis mBak mangga ndang diserat wae lamarane, berkas-berkase ben dipotokopekne Pak Waris ngiras golek materei pisan".

 

Sidane esuk kuwi Waginem bareng karo Sodik, numpak pit motor dhewe-dhewe, arep sowan Ustadz Mahfudzi neng Kantor Yayasan Al-Hasan sing manggon neng Ngawi. Khoirul rumangsa seneng bisa ngrewangi Waginem, kenya sing senajan lagi wae ditepungi, nanging wis ndudut rasa lan kawigatene. Khoirul babar pisan ora tau ngerti tulisan apa sing ana jero dhadhane Sodik lan Waginem, upama ngerti luwih dhisik kira-kira wae Khoirul ora gemampang anggone aweh pitulungan marang Waginem.

 

Satemene neng Yayasan Al-Hasan kuwi, Sodik duwe kalungguhan sing klebu baku, wong dening Dewan Pembina Sodik dipasrahi nglungguhi kursi Pengawas. Mula olehe mulang neng SMA, Sodik ya dudu Guru Tetap Yayasan, kuwi kanggo ngawekani supaya ora ana kalungguhan sing rangkep. Saupama wae wis ana tenaga guru sing bobote wis meh madhani Sodik, Sodik mesthi milih leren olehe mulang, merga nyambut gawe dadi Pengawas ing Yayasan kuwi miturut panemune ora pati cocog nek dirangkep karo dadi Guru ing sekolahan duweke Yayasane.

 

Tekane Sodik neng Kantor Yayasan sing dibarengi Waginem jebul dhisik dhewe, jeneh lagi jam setengah sewelas, dadi para Pengurus lan Undangan liyane ya durung ana sing padha teka, klebu Pak Kepala sing jare mau ndadak arep mampir neng kantor Cabang Dinas Pendidikan Provinsi Jawatimur sing manggon neng Ngawi.

 

"Mangga Mas Sodik" Pak Sunar sing kulina resik-resik kantor yayasan mbagekne tekane Sodik karo ngajak salaman "dereng sami rawuh kok, nembe Ustadz Mahfudzi piyambak".

 

"Ustadz Mahfudzi sampun rawuh Pak Sunar?" Sodik genti takon "kleresan nek ngoten, kula tak manggihi rumiyin".

 

"Mangga Mas Sodik" wangsulane Pak Sunar "nika priyantune nembe mirsani laptope nika".

 

Sodik aweh sasmita marang Waginem, dijak mlebu ngadhep Ketua Umum Yayasan Al-Hasan sing lagi ketungkul ngadhep laptop neng ruwangane. Waginem mung manut, semrinthil ngetutne Sodik, sajroning atine ana rasa sing rada dheg-dhegan sethithik.

 

Babar pisan ora ana sing ngira lan ora ana sing nyana yen jebule jagad kuwi ora pati jembar. Bareng wis tekan njero ruwangane Ketua Umum Yayasan Al-Hasan, Waginem dadi rada mlengak, jebul sing asmane Drs, KH. Mahfudzi, MA kuwi dheweke wis kulina srawung becik. Ya kuwi, Ustadz Mahfudzi kuwi salah siji saka Ustadz sing ngisi materi kajian rutin sing dianakne dening Muda-mudi Masjid Al-Khairiyah, lan Waginem neng grup Muda-mudi Masjid kuwi dhapuk dadi Sekretarise.

 

"Lha iki mau Dhik Sodik karo mBak Waginem kok bisa bareng?" pitakone Ustadz Mahfudzi ramah, sawuse wong telu kuwi lungguh sapajagong neng ruwangane.

 

"Lho Ustadz sampun tepang ta kalih mBak Waginem niki?" Sodik genti takon semu gumun "ande mau mBak Waginem kok ora paring dhawuh ?".

 

"Ya wis apal banget no Dhik" wangsulane Ustadz Mahfudzi karo mesem "lha wong sesasi pisan aku ki mesthi ngisi neng Majelis Taklime mbak Waginem neng Masjid Al-Khoiriyah Karangasri kana, mula bareng aku ngerti nek rawuhe panjenengan bareng karo mbak Waginem ya banjur tak dhengarekne".

 

"Lha kula boten ngertos menawi Ketua Umum Yayasan menika jebul Ustadz kula piyambak lho Ustadz" Waginem nrambul rembug karo mesem.

 

"O, dadi rawuhe mBak Waginem iki mau arep butuh ketemu karo Ketua Yayasan Al-Hasan? Ora merga nggawa tugas saka Majlis Taklim Muda-Mudi Masjid Al-Khoiriyah?" kandhane Ustadz Mahfudzi sabanjure, nakoni mungguh wigatine Waginem teka ing papan kuwi.

 

"Leres Ustadz" wangsulane Waginem, sing banjur disaut dening Sodik sing ngandhakne yen tekane kono kuwi mau, kajaba arep nekani undhangan rapat uga ngancani Waginem sing arep nglebokne lamaran menyang SMA Al-Hasan Kedunggalar.

 

"Nek ngono, iki kena diarani jeneng kepasang yogya ngana kae" kandhane Ustadz Mahfudzi sawise Sodik rampung olehe ngandhakne karepe "merga salah siji agenda rapat iki mengko ya arep ngrembug SMA sing Guru Mapel Bahasane kurang, merga Pak Tohari wis rumangsa sepuh, luwih-luwih sakjege gulane rada dhuwur iki sambat nek ora bisa aktif kaya dhek emben. Lan iki aku ya wis apal banget nek karo kapribadene mBak Waginem iki, dadi ya alhamdulillah tenan ngana kae".

 

"Inggih Alhamdulillah Ustadz" Sodik wangsulan cekak karo polatan sing katon seneng.

 

"Saiki ngene wae" kandhane Ustadz Mahfudzi sabanjure "berkas-berkas lamarane mBak Waginem bisa ditinggal neng kene, mengko tak jingglengane, mBak Waginem bisa kundur dhisik, ditengga neng dalem sawayah-wayah bakal ana sing ngebel ngaturi panggilan tes lan wawancara neng sekolahan".

 

"Inggih, matur nuwun Ustadz" wangsulane Waginem karo ati sing kebak pangarep-arep yen olehe nglebokne lamaran menyang SMA papan mulange Sodik, bakal bisa ketampa.

 

Sawise dianggep cukup butuhe, Waginem pamitan mulih dhisik, ora bisa mbarengi Sodik, merga Sodik isih ana perlu arep melu rapat yayasan neng kono.

 

"Nggih Mbak, mugi-mugi kemawon sedaya saged lumampah kanthi lancar" wangsulane Sodik nalika dipamiti Waginem.

 

Wektune wis jam sewelas, nanging sing ana ruwangan rapat isih akeh sing durung teka. Mula Ustadz Mahfudzi banjur ngajak Sodik jagongan dhisik neng ruwangane. Sodik ya kandha apa anane marang Ustadz Mahfudzi yen olehe tepung karo Waginem kuwi ya durung suwe. Malah olehe kepethuk lan omong-omongan ya lagi kaping telu dina iki mau. Ewa samono Sodik ya kandha bares, nek dheweke rumangsa seneng bisa tetepungan karo kenya sing duwe tekad sing gedhe kanggo bisa melu labuh marang bangsa lan negarane, lumantar kabisan sing diduweni.

 

"Nek aku, kaya sing tak kandhakne mau, wis suwe olehku tepung karo bocah sing jeneng Waginem kuwi Dhik" kandhane Ustadz Mahfudzi nanggapi critane Sodik "aku ya ngerti banget nek kapribadene bocah kuwi becik banget. Pinter, sregep, duwe wawasan sing jembar uga aktif neng jagade seni tradisional, Waginem kuwi ya nyambi dadi Waranggana lho Dhik? Ngerti waranggana ta? kae neh, wong-wong nek ngarani Sindhen utawa Pesindhen kae neh? Dadi nek enek Waranggana sing duwe suwara becik tur ya pinter ngaji, salah sijine ya mbak Waginem kuwi".

 

"Inggih Ustadz" wangsulane Sodik cekak.

 

"Iki upama lho" Ustadz Mahfudzi guneman maneh "upama srawunge Dhik Sodik karo mBak Waginem iki luwih diraketake maneh ngono, aku mesthi mathuk banget lan bakal nyengkuyung tenan. Merga Insya'allah bisa dadi pasangan sing serasi".

 

"Alah, Ustadz ki kok saged mawon lho?" Sodik wangsulan karo mbrabak "mBak Waginem napa nggih purun kalih jaka kaplak kados kula ngeten niki? he he he ?".

 

 

ana candhake.

 

 

Rabu, 06 April 2022

SLENDHANG KUNING (017)

17.

Munir ngira yen mBok Sadikem wis percaya marang kabeh apa sing dikandhakne. Mula Munir banjur sansaya mempeng anggone arep ngecakne cara supaya simboke Waginem kuwi sansaya kepencut marang critane, kanthi mangkono Munir duwe panemu nek mengkone bakal ana sing bakal ngrewangi dheweke kanggo ngepek atine Waginem sing saiki ana tandha-tandha lagi kapencut marang Sodik, sedulur misanane. Kamangka jane ngono, olehe mBok Sadikem aweh wangsulan marang Munir kaya sing diucapne mau mung merga kepengin gawe kepenaking atine sing ngajak omong. mBok Sadikem panggah duwe kapitayan yen anake wedok wis cukup diwasa lan ngerti karo apa sing ditindakne. Kajaba saka kuwi, mBok Sadikem sethithik-sethithik ya wis ngerti sapa satemene Munir, sing ngakune nyambut gawe dadi lawyer kuwi.

 

"Panjenengan napa sampun ngertos saestu sinten Mas Sodik, Mak?" Muir wiwit ngecakne aji sapu regele kanggo nyaponi rasa senenge mBok Sadikem marang sedulur misanane.

 

"nGgih ngertose pas Gus Sodik dolan mriki sepeken kepengker nika neh Gus?" wangsulane mBok Sadikem panggah ngenaki rembug "tiyang Wag piyambak criyose nggih dereng dangu anggenipun tepang, kepanggih turene nggih nembe ping kalih".

 

"Mas Sodik nika sedherek kula tunggil mBah Buyut, Mak" kandhane Munir sabanjure eseme wiwit katon megar ing lambene "dados kula nggih sampun apal sanget kalih Mas Sodik nika, apal njawi lan nglebetipun, tiyang wiwit alit ngantos ageng kerep awor tunggil sapadolanan".

 

"Inggih ta Gus?" mBok Sadikem waton wangsulan.

 

"Inggih Mak" Munir nutugne olehe guneman "jane Mas Sodik nika tiyange pinter, sregep lan pinter srawung, kalih sinten-sinten sae, namung kuciwanipun nggadhahi sipat boten anteban".

 

"Boten anteban pripun Gus?" mBok Sadikem wiwit nggatekne omongane Munir.

 

"Sipatipun dhemennyar" wangsulane Munir maneh "dhemen menawi taksih anyar, menika ing babagan menapa kemawon, inggih ing babagan padamelan menapa dene babagan kekancan. Upami boten dhemenyar ngoten, jane Mas Sodik nika sak niki mesthi empun dados tiyang sing mapan sanget, tiyang piyambakipun menika lulusan luwar negeri, rumiyin nate mucal dhateng sekolahan ageng tur kondhang, nanging gandheng boten anteban niku, nembe angsal setunggal tahun nggih empun boten tlaten lajeng medal, pindhah dhateng papan sanes, nanging ing papan enggal niku nggih boten dangu, medal malih. Ngoten niku wongsal-wangsul, ngantos sak niki mucal teng sekolahan dhusun ingkang blanjanipun boten cekap kangge gesang limrah".

 

"Nanging ketingalipun Gus Sodik nika priyantune sabar ngoten lho Gus? Pas mriki kala emben nika nitihe nggih mobil, ndhak mobil silihan neh?" mBok Sadikem wiwit kegeret ing puseraning critane Munir.

 

"Oh, nika ta Mak?" Munir mesem sansaya amba "pancen Mas Sodik nika putra ragil saking sedherek kalih, mbakyune sampun emah-emah lan ndherek kakunge teng Yogya mrika. Teng griya Mas Sodik kantun kalih Budhe Kaji, ibunipun. Sawargi Pakdhe Kaji niku, nilari warisan ingkang kathah, tegal, sabin, raja kaya lan sanes-sanesipun, dados nggih limrah mawon menawi Mas Sodik niku gesange sekeca. Nanging, menawi namung njagakne tilaranipun tiyang sepuh lan boten dipun ngrembakaken malah namung dipun agem nuruti remening manah, dangu-dangu warisan menika rak inggih telas piyambak ta Mak?".

 

"Nggih, leres niku Gus" mBok Sadikem mbenerne panemune Munir.

 

"Malah sakniki nggih sampun ketingal kok" Munir mbacutne kartisampekane "warisan saking Pak Dhe Kaji sawargi niku, sak niki sampun kathah sudanipun, sabin ingkang waune pinten-pinten enggen, sak niki kantun setunggal panggenan tur nggih sampun boten wiyar malih, kandhangipun Pak Dhe kaji niku waune wonten tiga kebak raja kaya, setunggal kangge ngandhangne Lembu ingkang cacahe langkung saking sedasa, ingkang setunggal kangge kandhang Maesa, wonten menawi namung sewelas ngoten, lan setunggale kangge kandhang menda, cacahe nggih kathah. Sak niki meh telas, kantun nisa lembu kalih napa tiga ngaten, maesa blas boten nilas lan mendanipun kantun gangsal napa nem ngaten. Kamangka kangge nyekapi kabetanan saben dinten pensiun jandha ingkang dipun tampi Budhe Kaji niku nggih mpun turah-turah, tiyang sawargi Pakdhe Kaji niku rumiyin ing kemenag pangkatipun sampun inggil".

 

"Makaten nggih Gus?" mBok Sadikem sansaya kasengsem ngrungokne critane Munir.

 

"Inggih Mak" wangsulane Munir disambung karo nutugne critane "Mas Sodik nika wiwit cilik gesangipun sekeca Mak, boten nate ngraosaken rekaosing gesang kados kula niki, betah napa-napa kantun aba. Benten kalih kula, sing wiwit bayi diingu tiyang ingkang gesangipun pas-pasan, tiyang Bapak kula niku riyin namung pegawe negeri ingkang pangkatipun andhap, gadhah sabin nggih boten wiyar, gek yogane bapak kula niku kathah dados nggih gesange namung pas-pasan kemawon. Kados kula niki, saged tumbas napa-napa nggih sasampunipun ageng, sampun saged pados arta piyambak, niku mawon nggih direwangi meres kringet sarta gesang ngirit ngantos mlirit ngoten nika, dados nggih tebih menawi dibandhingne kalih Mas Sodik".

 

Sansaya suwe sansaya akeh sing dirembug Munir karo mBok Sadikem, mligine sing magepokan karo Sodik sing meneng-meneng maune wis mikat atine mBok Sadikem sing kepengin ngepek mantu. Senajan bola-bali olehe padha rembugan diselani wong sing teka tuku blanja neng warunge mBok Sadikem, nanging ora nyuda kasengseme mBok Sadikem sing sansaya adoh kaseret ing ulekaning critane dhayohe.

 

Sauntara kuwi, Waginem sing wis tekan Kantore SMA Al-Hasan Kedunggalar lagi ditemoni dening Khoirul Anam, Kepala Tata Usaha ing sekolahan kuwi. Khoirul kuwi wonge bagus tur alus, isih nom tur ya isih legan pisan. Lulus saka Fakutas Adab UIN Surabaya telung tahun kepungkur banjur nglamar menyang SMA Al-Hasan sing ora adoh saka omahe kuwi. Ndelalah ya banjur ketampa, malah bareng Pak Kepala lan Para Pengurus Yayasan weruh nek Khoirul kuwi nyambut gawene becik, banjur dipasrahi dadi KTU nggenteni KTU sing lawas sing wis sepuh sing banjur didadekne sesepuh ing Kantor kono.

 

"Niki lamaranipun mBak Waginem kula simpene rumiyin" kandhane Khoirul sawise nampani berkas-berkas lamaran saka Waginem "amargi Pak Kepala nembe tindak rapat kalih Yayasan ing dalemipun Pak Ketua Yayasan ing Ngawi mrika. Mangke sawanci-wanci Pak Kepala rawuh kula aturaken dhateng panjenenganipun".

 

"Makaten nggih Bapak?" Waginem wangsulan sopan.

 

"Inggih mBak" kandhane Khoirul karo nglirik sing diajak omong, menang-meneng Khoirul ya weruh nek wong sing nglebokne layang lamaran ing sekolahane kuwi nduweni "daya tarik" sing kuwat. Kasarane rembug, miturut panemune Khoirul, Waginem iki klebu kenya ayu sing arang tandhinge. Ayu alami ora ayu pulasan kaya lumrahe kenya sing tau ditepungi ngana kae "mangke sawanci-wanci wonten keputusan saking Pak Kepala Panjenengan kula kabari".

 

"Inggih Bapak, matur nuwun sanget" wangsulane Waginem sing arep pamitan.

 

"Jane saene lamarane didamel warni kalih mBak" Khoirul aweh rerigen marang Waginem.

 

"Warni kalih kados pundi Bapak?" Waginem takon.

 

"Ah, sampun nimbali kula Bapak ta mBak, kersane boten kaken" Khoirul semnata karo ngguyu renyah nuduhne ramahe "kula niki dereng tuwa lho, nami kula Khoirul Anam, sanes Guru, dados mBak Waginem saged nimbali kula Pak Khoirul, napa Mas Khoirul, napa Dhik Khoirul, ngaten langkung akrab. Menawi ditimbali Bapak ngono kuwi rasane aku dadi grogi dhewe he he he".

 

"Oh, nyuwun pangapunten Bap... eh, Mas Khoirul" Waginem semaur karo mesem.

 

"Nah, ngono rak keprungu luwih kemraket" wangsulane Khoirul karo ngguyu "karepku ki ngene, lamaran sing siji persis kaya sing njenengan asta iki mau, ditujokne menyang Bapak Kepala Sekolah lha sing siji maneh ditujokne menyang Bapak Ketua Yayasan Al-Hasan, sapa ngerti mengko mBak Waginem bisa langsung ditampa dadi Guru Tetap Yayasan?!?".

 

Waginem manthuk-manthuk, jroning atine ana rasa panuwun marang Pak Kepala Tata Usaha sing wis aweh rerigen marang dheweke mangkono mau.

 

"Ngene wae, mBak Waginem bisa ngasta surat lamaran siji maneh neng kene, mengko berkas liyane rak bisa dipoto-kopi neng lor kono? Dadi ora sah ndadak kundur dhisik menyang Ngawi, banjur tindak mrene maneh".

 

"Assalamu'alaikum" durung nganti Waginem mangsuli pamrayogane Khoirul, keprungu ana wong uluk salam. Wong loro sing lagi lungguh adhep-adhepan keletan meja ing ruang tamu Kantor SMA Al-Azhar kuwi padha ndengengek bareng karo wangsulan :

 

"Alaikumussalam".

 

"Mas Sodik......?" ora krasa Waginem nyebut jenenge sing lagi teka kuwi.

 

"Inggih" wangsulane Sodik karo mesem lan nyedhaki papane sing lagi lungguh "sampun dangu ta mBak niki wau?".

 

"Sampun saantawis Mas" kandhane Waginem aweh wangsulan.

 

 

ana candhake.

 

Selasa, 05 April 2022

SLENDHANG KUNING (016)

 

16.

Isih esuk Waginem wis ngrampungake olehe nata lan mbunteli sarta aweh nota marang sandhangan sing dikumbah lan disetlikakne neng Laundrenane. Dadi sawayah-wayah dijupuk sing duwe kari ngulungne wae. Pancen Waginem duwe prinsip nek wis milih gelem dadi tukang umbah-umbah lan setlika kuwi kudu bisa aweh kamareman sing maksimal marang para langganane. Lan kuwi kabeh wis diakoni dening wong-wong sing nglondrekne mrono, meh kabeh banjur padha tuman aweh kaparcayan marang Waginem sing direwangi bocah nom loro, Nita karo Ella sing karo-karone isih nyambi sekolah sing mlebune ing wayah awan. Para pelanggan ora mung tuman, nanging uga gelem dadi tukang iklan lelahanan (gratis), padha ngandhani kanca rowange supaya nek butuh ngumbahne sandhangan milih neng panggonane Waginem wae. Kajaba asile nyenengake, uga kondhang jujur, nek nemu dhuwit utawa barang penting sing katut neng sak klambi utawa clana mesthi disimpen lan dibalekne marang sing duwe. Mula ora mokal nek banjur dadi sansaya laris lan sansaya reja wae, nganti rewang loro kuwi dening Waginem isih perlu ditambahi siji utawa loro maneh.

 

"Lha jarene kowe mau arep nyang Kedunggalar ta Nem?" Mak Sadikem, simboke Waginem mara karo takon "sida apa ora?".

 

"Ya sida no mBok" wangsulane Waginem "wong aku wingi wis telpon Mas Sodik nek arep nglebokne lamaran menyang SMA-ne, ya mengko sedhela maneh tak ndang budhal".

 

"Mas Sodik sing mrene bareng kowe pas bar golek SIM kae ta?" kandhane mBok Sadikem maneh "wonge kae sopan banget ya Nem? ketoke wong pinter sing ora gumedhe, seneng aku jagongan karo kancamu sing siji kae".

 

"Iya mBok, wong pinter kuwi akeh-akeh ya sopan tur ora seneng ngremehne liyan" wangsulane Waginem "merga wong pinter kuwi akeh-akeh ngerti, nek jane ngono sopan lan ramah kuwi ora ngajeni sapa-sapa nanging malah ngajeni awake dhewe".

 

"Kae ketoke kok isih legan ta nDhuk?" mBok Sadikem takon maneh "upama bisa duwe mantu kae ngono, aku mesthi seneng banget. Nek kowe dhewe piye Nem?"

 

Ditakoni ngono kuwi atine Waginem nratab, sapandurat ora bisa wangsulan. Merga bares wae, wiwit kepethuk sepisanan kae Waginem wis duwe rasa sengsem marang Sodik Salim jaka rada tuwa sing ngakune mung buruh tani nyambi angon wedhus karo sapi, ning jebule ya nyambi dadi guru barang, sanadyan isih guru GTT. Nanging Waginem ora gelem katut adoh-kadoh kageret dening rasa pangrasane sing durung karuwan bisa kasembadan, mula ditakoni simboke ngono kuwi, Waginem ya banjur mesem rada amba.

 

"Wong olehku tepung karo Mas Sodik kae ki durung suwe lho mBok" karo mesem Waginem mangsuli pitakone simboke "pethuk ya lagi kaping pindho, sing sepisanan bareng ngebus pas aku mulih saka ngendhangi Sri neng Yogya, sing kepindho ya pas Mas Sodik mampir mrene kae, dadi aku ya rung mikir tekan nggon kuwi".

 

"Nanging wonge kae ketok nek wong temen, jujur, tanggung jawab, pokoke wong sing apik lah, iya apa ora?" mBok Sadikem takon maneh.

 

"Ketoke ya ngono mBok, ya bejane mbesuk sing bisa dadi bojone" Waginem wangsulan karo ngguyu "Ya wis mBok, aku tak ndang tata-tata budhal, mumpung durung pati awan. Nita karo Ella tak kandhanane dhisik, nek arep tak tinggal".

 

Waginem banjur mlaku memburi, marani Nita karo Ella sing isih repot nandangi gaweyane, Nita lagi nglebok-nglebokne kumbahan menyang Mesin Cuci sauntara Ella lagi ketungkul nggone nyetlika.

 

mBok Waginem ya banjur bali menyang warunge nunggoni dagangane, karo neng jero batin nggagas yen tenane ngono anake wedok sing cilik kuwi mesthine wis wayahe diomah-omahne. mBok Sadikem ya banjur kelingan anake wedok sing gedhe sing saiki lunga menyang negara manca. mBok Sadikem ora kepengin lelakone Ponatun, anake sing mbarep kuwi dibaleni dening Waginem, anake sing cilik.

 

"Ya muga-muga wae, nasibe Waginem dadi luwih becik" mBok Sadikem guneman neng jero atine "arepa bibit kawite padha, nanging Waginem kuwi wiwit cilik wis duwe teku sing beda adoh karo aku sing diterokne Ponatun kae. Ya muga-muga wae olehe Waginem wiwit cilik sregep melu ngaji neng TPA lan nganti saiki sregep melu Pengajian sing uga dibarengi olehe sregep sekolah bisa nuntun lakuning uripe liwat dalan sing bener lan diparingi kanugrahan dening Pangeran tembene bisa urip sing lumrah, ora kekeceh ing blumbanging dosa lan kanisthan kaya wong tuwane iki, geleme tobat sawise nyedhaki mati".

 

"Aku budhal dhisik ya mBok" Waginem sing wis salin nganggo sandhangan sing pantes teka karo pamitan, tangane simboke disalami karo diambung "dongakne ya mBok, muga-muga olehku nglebokne lamaran neng SMA ne Mas Sodik bisa ketampa".

 

"Iya, iya ndhuk muga-muga Gusti Allah ngijabahi" wangsulane mBok Sadikem tulus tumeka njeroning ati.

 

Sepisan maneh mBok Sadikem nyawang anake wedok sing cilik dhewe kuwi, atine sansaya mongkog, merga Waginem sing mung anake, saiki wis bisa ngrampungne olehe sekolah nganti oleh gelar Sarjana Pendidikan lan sing ora kurang olehe rumangsa sukur nyang Pangeran, sanajan katon prasaja nyandhang panganggone Waginem kuwi ketok nek mencorong tejane, sumunar cahyane dhasare kasinungan rupa sing sulistyaning warna.

 

Waginem ya banjur nguripne pit motore, sawise sepisan maneh mbukak dhompet nliti STNK karo SIM sing ora keri, banjur lon-lonan nglakokne pit motore sing arep digelak menyang Kedunggalar. Wingi sore, lumantar WA, Sodik wis kirim kar yasane Google sing nuduhne papan sing arep dituju. Waginem ya ora kelalen mampir menyang SPBU ngebaki tangki sepedhane, sepedha motor matic sing olehe bisa tuku merga dibantu, patungan karo Ponatun, mBakyune.

 

Nalika lakune Waginem wis tekan regol sekolahan SMA Al-Hasan, mbarengi karo mBok Sadikem magekne tekane dhayoh sing mara neng omahe. Munir.

 

"Dados Dhik Wagi boten wonten dalem nggih Mak?" pitakone Munir marang mBok Sadikem sawise mapan lungguh neng kursi sing ana warunge mBok Sadikem kuwi.

 

"Inggih Gus, antawis setengah jam kapengker anggenipun bidhal, numpak pit montor" wangsulane mBok Sadikem blaka, apa anane.

 

"Teng pundi nggih Mak? Mak ngertos?" Munir takon maneh.

 

"Menawi pamitipun wau, criyose badhe nglebetne lamaran nyambut damel ngoten lho Gus" wangsulane mBok Sadikem.

 

"Nglebetne lamaran?" Munir takon suwarane alon, banjur grenengan kaya ditujokne marang awake dhewe "karepe Dhik Wag ki piye ta jane? wong wis tak kandhani nek lamarane arep tak lebokne, kok malah budhal dhewe?"

 

"Oo waune gendhuk niku mpun rembagan prakawis menika kalih panjenengan ta Gus?" krungu nek dhayohe grenengan ngono kuwi, mBok Sadikem banjur nyaut gunem, karo takon.

 

"Niku criyose rak ngeten ta Mak, jane" Munir wangsulan nggenahne dhudhuk-selehe sing lagi dirembug "rumiyin, jaman ijazahe Dhik Wagi dereng medal nika, Dhik Wag criyos teng kula nek kapurih mbantu madosaken damelan menawi ijazahipun sampun medal. Kula nggih lajeng nyagahi, lajeng kala emben seminggu kapengker, ngepasi Mas Sodik mampir mriki nika, Dhik Wag nggih nedhi tulung Mas Sodik ken mbantu anggenipun badhe nglebetaken permohonan dhateng Sekolahan Dhusun ingkang alit, muride nggih boten kathah, blanja kangge guru lan karyawane nggih namung pas-pasan mawon. Pas Mas Sodik taksih wonten mriki, kula nggih namung kendel mawon, wong ajeng omong nggih kesandhung raos pekewet kalih Mas Sodik sing ugi mulang teng sekolahan mriku. Nembe sasampunipun Mas Sodik wangsul, kula sanjang teng Dhik Wag, murih niyate ajeng ngkebetne lamaran teng sekolahanipun Mas Sodik niku dipun wurungaken kemawon. Upami ketampi blas boten cucuk kalih rekasane, ugi eman-eman ijazahe Dhik Wag ingkang bijinipun sae".

 

"Lha lajeng pripun Gus?" mBok Sadikem nyelani rembug.

 

"Kula nggih lajeng nyukani kabar teng Dhik Wag, murih damel lamaran mawon dhateng sekolahan ingkang wonten salebeting Kitha Ngawi mawon. Kajawi boten tebih saking griya, ugi blanjanipun saged lumayan, saged ugi tikel ping tiga tinimbang blanja ing sekolahanipun Mas Sodik sing mapan teng ndhusun niku. Lha murih saged ketampi lan lancar anggenipun nglebetne lamaranipun Dhik Wag, mengke kula ingkang mbeta lan nglebetaken. Kula wantun tanggel menawi mesthi nek ketampinipun, mergi sedaya kepala sekolah ingkang majeng-majeng ing Ngawi mriki niku kanca kula. Kanca ingkang ering dhateng kula".

 

"Dados makaten nggih Gus?"

 

"Inggih Mak" wangsulane Munir "mila niki wau kula nggih gumun, menapa kajengipun Dhik Wag menika kok dumadakan sampun bidhal piyambak badhe nglebetaken lamaran.  Bares mawon Mak, kula kuwatos gek-gek mengke siyos anggenipun nglebetaken lamaran Dhik Wag dhateng sekolahan ndesa nggen mulangipun Mas Sodik niku?".

 

"Lha menawi babagan menika kula mboten mudheng Gus" mBok Sadikem wangsulan alon.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...