20.
Waginem
ora enggal semaur, dheweke butuh nata ukara sing becik kanggo mangsuli pitakone
simboke sing sajake rumangsa ora marem krungu wangsulan sing dhek mau
dikandhakne. Waginem wis duwe pangira yen mau Munir wis crita akeh-akeh marang
simboke lan Waginem ya ora bisa ngluputne simboke yen banjur percaya marang apa
ding dikandhakne Munir, merga Waginem ya ngerti nek Munir kuwi pancen wasis
micara. Lan kanggo mangsuli piakone simboke sing keri dhewe iki mau, mbutuhne
basa sing becik sing bisa ditampa lan ora nganti gawe seriking atine wong
tuwane sing kari siji kuwi.
"Kok
malah meneng ki karepmu piye ta Nem?" mBok Sadikem wiwit ora sabar merga
Waginem ora enggal semaur nyauti omongane.
"Sabar
dhisik ta mBok" wangsulane Waginem nganggo suwara sing alus "karepku
mau ki ngene lho.......".
"Iya
piye? aku mung butuh genahe ngono lho!" mBok Sadikem nigas tembunge anake
wedok.
"Iya,
Simbok mau rak meling supaya aku ngati-ati sajrone srawung karo sapa wae ta?
kareben ora getun tembe mburine, rak ya ngono ta?" Waginem tembunge
nanging diganti nganggo ukara pitakon.
"Iya
banjur?"
"Jenenge
ngati-ati kuwi ora mung nek ngadhepi salah sijine wong wae, nanging sikep
ngati-ati kuwi kudu dicakne sjrone srawung karo sapa wae luwih-luwih marang
wong sing durung ditepungi lahir batine, upamane ya Mas Sodik karo Mas Munir
ngono kuwi, iya ta?" Waginem wiwit nggenahne apa sing mau dikandhakne.
"Bener,
banjur piye?" mBok Sadikem mburu nganggo pitakonan.
"Nah,
pancen bener Mas Munir kuwi tau ngandhani aku nek arep aweh pitulungan
nggolekne panggonan mulang neng sekolahan sing ana kutha Ngawi kene, sing
jarene sekolahan sing maju, muride akeh lan blanja kanggo guru sing mulang sak
liyane sing wis PNS jarene cukup lumayan gedhe. Nanging, pas aku takon
sekolahane kuwi ngendi? Mas Munir ora gelem blaka, bakune aku mung dikongkon
nyepakne berkas-berkas lamaran thok, mengko sing arep nglakokne Mas Munir lan
Mas Munir ya janji nek sing nggawa lamaran kuwi Mas Munir mesthi ketampane,
wong Mas Munir kuwi neng jagade Lawyer, LSM lan sapanunggalane jarene klebu
dhuwur".
"Lha
kok ora mbok turuti? malah kowe manut
Sodik sing sekolahane ora pati cetha, wis adoh saka omah kathik neng ndesa tur
muride mung sethithik kuwi?" mBok Sadikem nugel rembuge Waginem maneh, nganggo
pitakon sing isine mbaleni pitakonan sing mau.
"Kuwi
ngene" Waginem semaur karo suwara sing sareh lan sabar "merga aku ki
rak durung ngerti njaba lan njerone Mas Munir satemene ta mBok? wong tepungku
karo Mas Munir kuwi ya merga wonge kuwi kancane kanca ing grup Prasaja Laras
lan kerep ngendhangi nek dhong Prasaja Laras Gladhen, gek kabar saka
kanca-kanca sing wis luwih wanuh karo Mas Munir kuwi beda-beda, ana sing kandha
nek wonge apik ning ya ana sing kandha nek wonge kuwi perlu diwaspadani, malah
mBak Muji tau meling marang supaya aku ngati-ati nek srawung karo
dheweke......".
"Lha
ngapa kok ngono?" mBok Sadikem nigas rembug maneh.
"Aku
ora ngerti mBok" wangsulane Waginem karo nutugne gunemane "jarene
mBak Muji, Mas Munir kuwi seneng ngajak lunga dolan kanca-kanca waranggana sing
isih nom tur ayu rupane, lha ora suwe nek wis bar dijak dolan karo Mas Munir
kanca-kanca Waranggana kuwi banjur kaya wong kisinan, pamit metu saka Grup
Prasaja Laras".
"Kuwi
sing kandha mBak Muji?" mBok Sadikem takon, nggenahne.
"Iya
mBok" Waginem aweh wangsulan "kajaba saka kuwi, olehku kudu luwih
ngati-ati nek srawung karo Mas Munir kuwi, merga aku bola-bali weruh, wonge ki
seneng mampir nyang warunge mBah Kadut wetan kana kae, terus ngajak metu
anak-anakane mBah Kadut, mbuh menyang ngendi parane".
mBok
Sadikem manthuk-manthuk karo ketok nek nggagas karo apa sing dikandhakne anake
wedok, banjur takon maneh :
"Lha
nek mung kuwi pawadanmu banjur kowe ngati-ati olehmu srawung karo Munir ya ora
apa-apa, nanging bab olehmu ngemohi gaweyan sing ditawakne kuwi piye? kamangka
cetha nek luwih becik tinimbang sing ditawakne Sodik?".
"Nek
kuwi ngene mBok" Waginem mesem banjur semaur "merga aku ngati-ati,
aku banjur mbudidaya murih ora duwe utang budi karo Mas Munir, merga nek nganti
aku kepotangan budi, tan wurunga aku banjur kelangan pangati-ati. Karo maneh,
olehe simbok ngragati aku sekolah nganti lulus sarjana iki sarta awit
pandongane Simbok sing ora tau leren, kuwi wis ngasilne aku dadi wong sing bisa
mikir mBok, ngasilne aku ngerti endi sing bener endi sing luput, kamangka olehe
nawani gaweyan Mas Munir kuwi jaminane mung ngendelne dumeh Mas Munir kuwi
genderane wis dhuwur, jarene. Lan nek aku nggugu, genderaku dhewe banjur ilang
ora katon, olehe ngragadi lan ndongakne simbok menyang aku saben dina ketutup
karo genderane Mas Munir, kuwi sing aku ora seneng, merga padha karo aku wis
ora percaya karo awakku dhewe. Rak ya ngono ta mBok?"
"Lha
nek karo olehmu nglebokne lamaran nyang sekolahane Sodik, sekolahan ndesa sing
isih kolot kuwi?" mBok Sadikem takon maneh.
"Kuwi
ta?" Waginem mesem sansaya amba "wiwit pisanan Mas Sodik wis kandha,
nek olehe mulang neng sekolahane kuwi mung GTT dudu Guru Tetap lan Mas Sodik ya
kandha nek sekolahane kuwi isih durung suwe, umure lagi patang tahunan,
manggone neng ndesa pisan, lan Mas Sodik uga ora njanjeni nek aku mesthi
ketampane nek gelem nglebokne lamaran mrono, wong neng sekolahan kono kuwi Mas
Sodik kandha nek mung Guru sing ora duwe kuwasa apa-apa........".
"Lha
wis ngerti nek kaya ngono kok kowe nekad nglebokne lamaran mrono? ketampane
durung karuwan? tur nek ketampa tenan blanjane ya durung cetha sepira?"
"Ngene
ya mBok" Waginem nutugne olehe kandha, suwarane panggah sabar lan sareh
"ketampa utawa ora mengkone kuwi ora baku, sing cetha kuwi kabeh awit saka
pambudidayaku dhewe kanthi sangu ngilmu sing tak temu sawuse diragati lan
didongakne Simbok. Nek ketampa ya sokur nek ora ya ora apa-apa wong jenenge wae
wong mbudidaya. Lha saupama ketampa bisa melu mulang neng kono, kuwi wis tak
niyati ngibadah mBok bab blanjane sepira kuwi nomer loro, merga ngene mBok, aku
kelingan jaman awake dhewe arep miwiti bukak cucian klambi iki, biyen Simbok
wiwitane rak ya kuwatir nek asile ora cucuk nek dibandhing karo tenaga lan
kangelanku, iya ta mBok?"
"Iya
kuwi biyen merga aku dikandhani Lik Tirah sing jebule mung pinter maido thok
kae......." wangsulane mBok Sadikem mbela awake dhewe.
"Ora
sah ngrembug Lik Tirah sing wis ora ana mBok, ora becik, didongakne wae
muga-muga Gusti Allah paring papan sing becik neng kanane" Waginem nutugne
olehe omong "najanta wektu kuwi Simbok rada nesu olehe menging aku,
nanging aku nekad, aku omong nyang Simbok nek niyatku bukak kumbahan klambi iki
ngibadah, merga Gusti Allah majibake kawulane mbudidaya lan makarya minangka
srana golek sangu kangge urip neng dunya, dene rejeki kuwi wis ditata dhewe
dening Gusti Allah, lha merga saka maha murahe Gusti Allah saka bukak kumbahan
klambi iki asile rak ya wis bisa dirasakne, bisa nyelengi malah najan sethithik
ya bisa kanggo aweh pitulungan marang wong sing mbutuhake. Lha olehku nglebokne
lamaran nyang sekolahan nggone Mas Sodik ki ya ngono kuwi mBok. Lan ana siji
maneh sing ketoke simbok prelu ngerti iki".
"Apa
kuwi?" mBok Sadikem takon.
"Jebul
sing jarene sekolahan ndesa, kolot, ora maju kuwi, bareng aku tekan kana lan
ngerti kahanane, aku banjur duwe pangira yen ora suwe maneh sekolahan kuwi
bakal dadi sekolahan nduweni bobot luwih tinimbang sekolahan-sekolahan
liyane" Waginem aweh wangsulan karo suwara sing manteb "guru-gurune
mBok, dening yayasane tansah digembleng supaya bisa dadi guru sing nduweni rasa
tanggung jawab minterake bangsane, ana sing lulusan saka Mesir barang, sing
lulusan Madinah ya ana, sing lulusan Leiden siji. Simbok ngerti sapa Ketua Umum
Yayasane sekolahan sing jarene ndesa kuwi?".
"Sapa?"
mBok Sadikem takon.
"Kae
lho mBok, sing kerep ngisi Pengajian neng Masjide dhewe, sing jarene Simbok
wonge Bagus, basane runtut, najan wis rong jam olehe ceramah nanging meh kabeh
sing ngrungokne isih rumangsa kurang suwe kae neh.........." Waginem aweh
wangsulan.
"Sapa?"
mBok Sadikem dadi penasaran "sing ceramah neng Masjid pendhak dina Jumuah ngisi
Pengajian ki akeh, ning sing paling tak senengi lan ya dicocogi wong akeh ki ya
Pak Karmudi sing daleme Perumahan lor kono kuwi kae......".
"Sapa
mBok? Pak Karmudi?" Waginem ngguyu rada banter "kae ngono asmane
Ustadz Mahfudzi mBok, daleme Perumahan Karangasri lor kono kuwi, ya kuwi sing
dipercaya dadi Ketua Yayasan sing ngayomi sekolahan sing lamaranku tak lebokne
esuk mau".
"He?
iya?" mBok Sadikem mlenggong, nuduhne gumune.
ana
candhake.