Total Tayangan Halaman

Rabu, 13 April 2022

SLENDHANG KUNING (025)


25.

Jebul wektu kanggo nyarekne layon ing Panggang rada beda karo sing lumaku neng Yogya. Ing Panggang nyarekne layon ora kaiket wektu kaya neng Yogya sing wancine nyarekne layon kurang luwih mesthi jam loro awan. Nek neng Panggang wektune njumbuhake karo gaweyan ing kuburan, yen omah sing arep dienggoni layon wis dadi ya layon banjur dibudhalake.

 

Kira-kira jam sepuluh awan, Ibune Bu Hasanah wis dibudhalake saka wisma dhuhkita, ora nganggo mobil wong kuburane cedhak, watara mung rong atus meter saka omah. Sing padha ndherekne tekan pasareyan akeh banget, ya ora nggumunake wong jaman sugenge Eyange Restu kuwi garwane Penghulu ing Gunung Kidul lan kabare Sawargi Pak Penghulu kuwi ya isih trahing Kusuma Rembesing madu saka kraton Ngayogyakarta. Lan sing ora kalah kondhange, Maratuwane Pak Jayadi kuwi kakung putri duwe pakulinan srawung sing becik karo tangga teparo lan sanak sedulure kabeh.

 

Jebul tradisi ing kampung kono kuwi rada beda karo panggonan liyane, sing dikeparengake ndherekne layon nganti tekan pekarangane pasareyan mung priyayi kakung thok, priyayi putri, sanadyan isih putra wayahe mung dikeparengake ndherekne tekan plawangan pasareyan, banjur ngenteni upacara pemakaman neng njabane pakarangan pasareyan. Saking akehe sing padha ndherekne layon, akeh wong lanang sing ora melu mlebu, milih leren neng njabane pekarangan pasareyan, golek panggonan sing rada adhem banjur padha lungguh ngenteni rampunge upacara. Sodik sing uga ngrumangsani nek mung olehe nglayat merga kegandheng karo mBakyune sing dadi kanca lan tanggane Bu Hasanah, uga banjur milih ora melu mlebu pekaranganing Pasareyan. Olehe mangkono kuwi mau, Sodik kepengin supaya para putra wayah lan kerabate sing seda ora keganggu merga dheweke.

 

Bu Hasanah, Restu lan para kerabate layon sing olehe ndherekne mung dikeparengake tekan plawangan pasareyan, banjur padha mlumpuk golek panggonan neng cedhake kono, ana sing ngadeg ana sing lungguh, kabeh padha anteng nyemak lakuning upacara pemakaman saka kadohan. Bu Kaji lan Ririen uga banjur melu-melu lungguh ing cedhake putra wayah lan kerabate layon neng ngisore wit Munggur sing ngrembuyung godhonge, wit munggur sing thukul ing pekarangan pasareyan nanging pang lan godhonge akeh sing manglung menjaba, ndadekne ratan cedhak pasareyan kuwi dadi adhem kayoman.

 

Merga dudu kerabat, anane Bu Kaji karo Ririen neng kono kuwi tan wurung dadi kawigatene para sedulur lan sanakane Bu Hasanah. Merga ya padha durung ana sing padha tepung. Ngawruhi kahanan kang mangkono kuwi, Bu Hasanah rumangsa ketiban kuwajiban nepungake tamu saka Yogya kuwi marang sedulur-sedulur lan kerabate.

 

"Ditepungne Bulik" kandhane Bu Hasanah marang sawijining wong wadon sing lungguh ing cedhake, wong liyane sing ora diajak guneman kabeh padha melu migatekake "iki Bu Kaji Ali lan iki Putrane asmane Bu Ririen utawa Bu Dokter Kahar, daleme tunggal sak RT karo omahku neng Jatitubanan kana".

 

Sing diundang Bu Hasanah nganggo sebutan Bulik kuwi, mesem karo manthuk marang Bu Kaji lan Ririen, karo kandha :

 

"Matur nuwun awit rawuhipun Bu Kaji, pun tepangaken kula Sumirah, inggih taksih kapernah pulunanipun sawargi Budhe Pengulu menika".

 

"Inggih matur nuwun" Bu Kaji sing aweh wangsulan karo mesem ramah, Ririen manthuk seneng.

 

"Estunipun wiwit enjing wau kula sampun sumerep, boten nyana menawi priyantun saking Yogya dados kula nggih mendel mawon" kandhane Sumirah sabanjure "kala wau saking Yogya jam pinten? gajege taksih enjing sampun rawuh? gek wau nitih menapa no?".

 

"Saking Yogya taksih radi enjing Bu, wau dipun teraken adhik" sing wangsulan genti Ririen, sing banjur kandha marang Restu sing manggon ana sisihe "tulung Dhik Restu, Masmu Sodik kae timbalana mrene ben tepung karo sedulur-sedulur Panggang kene".

 

Bu Kaji karo Bu Hasanah sing uga ngerti nek Ririen kongkonan Restu ngono kuwi padha ngempet eseme dhewe-dhewe, mung ing batin padha ngalembana marang kawegigane Ririen olehe migunakake kalodhangan kanggo nglancarne pepenginane. Restu dhewe ya ora bisa suwala, banjur mlaku nyedhaki Sodik sing lungguh ijen ing dhumpal watu tatanan wadhah cagak gendera.

 

"Menika lho Bu adhik kula ingkang kula aturaken wau, naminipun Sodik Salim" kandhane Ririen marang Sumirah nepungake adhine "wau saking Yogya mila taksih radi enjing, tiyang sareng kalih Dhik Restu".

 

"Oo, makaten?" Sumirah wangsulan banjur karo mripate namatne praupane Sodik wong kuwi guneman maneh karo suwara sing grapyak semanak "kula niki nggih taksih mBokne Cilik Restu Mas, mangke sampun kesesa kundur rumiyin,  kersane saged panggih kalih sedherek-sedherek kulawarganipun Budhe Pengulu".

 

Krungu gunemane wong sing jeneng Sumirah ngono kuwi, Sodik mung bisa wangsulan karo mesem amba wae. Sauntara Restu sing rada rumangsa pekewuh karo gunemane Sumirah sing isih kapernah Bulike kuwi, mung bisa ndhingkluk karo praupan rada mbrabak. Kuwatir yen nganti Sodik dadi salah tampa karo tembunge Sumirah. Beda maneh karo Bu Hasanah karo Bu Kaji, priyayi loro kuwi sepisan maneh aweh pangalembana sajroning batin marang Ririen sing wasis gawe raket antarane Sodik karo Restu.

 

"Matur nuwun sanget Bu" sing aweh wangsulan marang Sumirah malah Ririen "kula lan Ibu estu remen kok saged sowan ing Panggang mriki niki, upami ing griya boten repot ngaten estunipun kula kepengin ngajak adhik kula niki nyipeng mriki, nggih mangke supados radi dangu teng mriki, kula tak wangsul radi sonten kemawon".

 

"Inggih matur nuwun Bu" wangsulane Sumirah karo mesem seneng. Wong-wong liyane kerabate Bu Penghulu sing disarekne kuwi wis padha duwe dudutan dhewe-dhewe yen antarane Bu Hasanah karo Bu Dokter Kahar kuwi ora mung tetanggan lumrah, nanging tangga sing cedhak lahir lan batine, merga antarane Restu lan Sodik kuwi katone uga ora mung kekancan lumrah wae.

 

"Mengko Dhik Restu piye? kundur nyang Yogya apa keri neng daleme Eyang dhisik?" genti Ririen nakoni Restu. Restu sajak kewuhan olehe arep semaur.

 

"Restu mila kula kengken wangsul Bu Ririen" sing mangsuli malah Bu Hasanah "kula kalih bapake ingkang kantun. Awit Restu benjing menika rak gadhah tanggelan kalih lare-lare TK ingkang sampun disagahi badhe dipun ajak dhateng Taman Pintar?".

 

Ora krasa ditinggal omong-omongan, wong-wong sing nggawekne omahe sing jan sing dienggoni layon wis rampung. Sing padha omong-omongan banjur meneng kabeh, nyemak lakune upacara wiwit atur panuwun saka wakiling kulawarga sing disalirani dening Pak Dhukuh nganti sing pungkasan ditutup donga sing dipimpin Pak Kaum. Lan bareng upacara pametaking layon wis rampung, wong-wong ya banjur padha bali menyang omahe dhewe-dhewe. Kajaba kulawarga cedhake sawargi sing mbalik menyang daleme Bu Penghulu. Njagani mbok menawa ana sanak sedulur sing olehe takziyah rada telat.

 

Tenan, sidane rombongane Bu Kaji sing mobile disetiri Sodik, ora tumuli bali menyang Yogya. Nanging merlokne mandheg dhisik ing kono, melu jagongan kumpul karo putra wayah lan kerabate sawargi Bu Penghulu sing mlumpuk, padha lungguhan ing jogan sing digelari klasa.

 

Pak Jayadi sing uga melu lungguhan neng kono sepisan maneh nepungake Bu Kaji, Ririen lan Sodik marang kulawargane Bu Hasanah. Sanajan olehe kandha Pak Jayadi ya apa anane, lire Bu Kaji  kuwi daleme Ngawi, tindak menyang Yogya merga tuwi wayahe didherekne Sodik, putrane. Lan ndelalah daleme Bu Ririen utawa Bu Dokter Kahar putrane Bu Kaji kuwi tunggal sak RT karo dheweke, mula Bu Ririen karo Bu Kaji ya banjur takziyah mrono sing nyetiri Sodik, budhale bareng karo Restu. Nanging panampane wong-wong sing ana kono beda, wong-wong kuwi luwih percaya karo dudutane dhewe-dhewe yen Sodik kuwi calone Restu, mung kaceke durung ana tembung tuwa utawa lamaran wae, dadi Pak Jayadi dianggep isih pekewuh yen nepungne Sodik kuwi calon mantune.

 

Watara Jam loro luwih lima las menit, rombongane Bu Kaji pamitan arep bali menyang Yogya. Restu sing sing sesuk arep ngeterne anak-anake ing TK rekreasi menyang Taman Pintar uga banjur melu bareng pisan. Dadi ya kaya budhale mau. Bu Kaji lan Ririen manggon ing jog tengah, Restu lungguh ngarep njejeri Sodik sing nyekel setir.

 

"Sodik kuwi sampean jak omong Dhik Restu" kandhane Ririen aweh prentah "merga Sodik kuwi nek nyetir wayah awan ngene iki kerep ngantuk, nek ora sampean jak omong mengko bisa-bisa turu karo nyetir".

 

"Yu Rien ki kok, ngono wae diomongne lho?" sadurunge Restu semaur, Sodik luwih dhisik sing nyaut kandhane Ririen "Ora-ora nek aku mengko ngantuk, wong termosku wis tak iseni nganggo kopi pas leren esuk mau, nek ngantuk ya kari ngombe wae he he he".

 

Sauntara Sodik lungguh dijejeri Restu, sing ana SMA Al-Hasan seje maneh critane. Waginem krasa dheg-dhegan ngenteni acara wawancara diwiwiti. Pikirane nglangut, nggambarake, mendah senenge saupama wektu kuwi dheweke ditunggoni Mas Sodik. Priya lugu sing andhap asor lan nengsemake atine............

 

ana candhake.

 

 

SLENDHANG KUNING (024)

24.

Sanadyan nganti wengi Sodik ora bisa turu, nanging sadurunge adzan subuh wis tangi. Pancen wis wiwit biyen Sodik kuwi duwe pakulinan sadurunge manjing wektu subuh mesthi wis adus gebyur. Dadi esuk kuwi nalika masjid sacedhake omahe dokter Kahar kuwi ngumandhangake adzan subuh, Sodik ya daya-daya budhal arep nindakne kuwajiban marang Gusti Allah sing tumrape Sodik wis dudu kuwajiban maneh nanging wis manjing dadi kabutuhaning urip sing ora bisa ditinggalne.

 

Mulih saka Masjid, weruh Ibu lan mbakyune padha tata-tata, Sodik ya banjur mlebu kamar nyopot sarunge, salin penganggo sing arep dienggo lunga esuk kuwi. Ririen ngulungne kunci mobile marang adhine, Sodik wis tanggap mobil ya banjur dipanasi.

 

Esuk kuwi, isih peteng wong telu wis padha sarapan, sing mungguhe Bu Kaji dudu sarapan nanging mung saderma nyamikan wae. Merga ngendikane Bu Kaji sing jeneng sarapan kuwi ya kudu nganggo sega. Lha esuk kuwi sing diladekne rewange Ririen mung Susu sagelas karo endhog pitik loro ditambah roti tawar.

 

"Mengke menawi ngersakne dhahar sekul saged mampir wande mawon Bu" kandhane Ririen karo nyedhaki sarapane "niki damel ampet-ampet rumiyin".

 

"Upama ora ndadak nganggo mapir warung ya ora apa-apa kok" Bu Kaji paring wangsulan "wong ya wis kulina ora sarapan wae, aku ki mung omong nek durung mangan sega kuwi rumangsaku kok kaya durung sarapan".

 

"Ning mengke kedah mampir wande Bu" Sodik sing genti guneman karo mesem "kula rak putrane Ibu?, dados nggih meh sami".

 

"Meh padha apane Dik?" Ririen takon.

 

"Esuk kuwi nek durung nyruput kopi pait sing panas, ya kaya durung ngombe wae" wangsulane Sodik "lha iki arep tak kon nggawekne kopi, aku malah kuwatir nek dadi kembung wong wis ngombe susu sak gelas gedhe ngene?".

 

"Ya wis, mengko mampir ngopi neng ndalan" karo suwara sing sareh Ririen wangsulan "ning jarene Pake cah-cah ki, kopi neng warung Yogya ki beda lho nek karo kopi nggone dhewe kana Dik? Jarene kopine blas ora manteb, malah jarene wong sing seneng guyon rasane kopi warung kene ki kaya banyu kendhi".

 

"Iya Yu, aku ya ngerti kuwi" wangsulane Sodik "mula nek pesen kopi neng warung kene kuwi kudu omong menyang bakule, njaluk kopi sasetan weton toko, merga nek kopi gaweyane sing duwe warung padha karo kopi genthong nek neng nggine dhewe kana, kopine nganggo gelas gedhe nanging ora ana rasane. Wong Yogya kuwi wiwit biyen rak kondhang priyayi, dadi ngombene Teh".

 

Ora suwe olehe padha jagongan sinambi sarapan, banjur padha budhal arep nglayat menyang Panggang Gunung Kidul. Kaya sing dikandhakne wingi, mobil sing disetiri Sodik kuwi luwih dhisik ngampiri Restu neng omahe. Sing mudhun saka Mobil mung Ririen dhewe, karepe arep nyeluk Restu. nanging sing arep diceluk jebul malah wis mlaku metu saka njero omah.

 

"Sampean manggon ngarep wae Dhik" kandhane Ririen ngongkon Restu supaya manggon njejeri Sodik, Ririen sengaja ngundang Restu nganggo sebutan "dhik" ora kaya padatan sing nek ngundang mensthi nganggo sebutan "mbak". Bu Kaji mesem, ngerti karo apa sing dikarepne Ririen.

 

"Ben ngiras dadi pemandu jalan, iki kabeh rak durung ana sing weruh dalane, klebu sopire kuwi?" kandhane Ririen sabanjure.

 

"Inggih Bu, menawi makaten" wangsulane Restu sing banjur munggah mobil.

 

"Ngaturaken kasugengan sarawuhipun Mas" kandhane Restu marang Sodik sing mesem gantine luruh marang Restu "kala menapa rawuhipun?".

 

"Kala wingi siang mBak" wangsulane Sodik cekak "mangke tulung kula dikandhani margini lho, tiyang kula nggih nembe sepisan niki badhe dhateng Panggang".

 

"Inggih Mas" wangsulane Restu karo mapan lungguh.

 

Senajan tenane ngono Restu kuwi lagi sajroning nandhang susah merga ditinggal seda eyange, nanging katon nek susahe Restu ora pati nemen, malah kepara katon lumrah wae. Amarga, kajaba Eyange pancen wis sepuh banget, Restu uga ora pati cedhak nemen karo eyang sing saka ibune iki. Beda adoh karo sawargi eyang putrine sing saka bapake. Dadi neng jero mobil, karo mlaku wong-wong kuwi bisa rembugan kanthi mirunggan wae. Ririen sing dhasare ngono Dhosen Ilmu Komunikasi, tansah bisa nata ukara murih sing dirembug bisa disauti dening Restu lan bisa narik kawigatene Sodik. Dadi olehe padha rembugan karo mlaku kuwi bisa nyambung lan krasa gumyak. Bola-bali Restu karo Sodik padha urun panemu marang sing lagi padha dirembug. Bu Kaji rumangsa sansaya seneng penggalihe, Sodik wis wiwit bisa guyon karo Restu. Sauntara kuwi, Restu apa dene Sodik ora ngerti yen bisane bocah loro kuwi sambung olehe padha omong-omongan amarga saka pambudidayane Ririen sing nyata baud ngolah carane komunikasi. Sansaya suwe, sansaya gayeng. Restu wiwit wani takon marang Sodik magepokan karo piwulange agama ngenani wong sing wis tinggal donya kaya eyange kuwi.

 

"Lha menawi tiyang ingkang sampun seda niku pripun Mas?" pitakone Restu "kados eyang kula niki upaminipun, kula niki asring nggambaraken mendah sepine raosipun tiyang ingkang sampun disarekne ing kuburan, lajeng tiyang-tiyang ingkang nglayat sampun sami wangsul?".

 

"Niku ngeten mBak" wangsulane Sodik karo mesem "mila leres sasampunipun seda tiyang niku manggenipun ing alam kubur, nanging nami alam kubur utawi alam barzah menika mapanipun ing sanjawining alam dunya menika, nanging ing alam sanes ingkang dereng dipun ngertosi dening tiang ingkang taksih gesang. Dados antawisipun kuburan kalih alam kubur menika benten, kuburan menika mapanipun taksih ing alam dunya menika. Ingkang wonten kuburan namung wujud raganing manungsa ingkang sampun boten wonten ginanipun malih, awit boten dangu malih lajeng risak dados mangsanipun siti. Lha sejatining manungsanipun mapan ing alam kubur, ing mrika lerem utawi istirahat, ngentosi timbalan ing dinten kiyamat saperlu marak ing trajuning pengadilan akherat. Niki menawi pamanggih kula".

 

"O makaten nggih Mas?" Restu wangsulan karo mesem "ketingale kula kok langkung sreg kalih pamanggihipun Mas Sodik niki. Lha waunipun kula niki jan boten mudheng lho Mas?, malah mbentekanken antawisipun alam kubur kalih kuburan kemawon inggih boten saged, murugaken criyos ingkang kula tampi niku benten-benten, wonten ingkang paring katrangan bilih sasampunipun tiyang ingkang nglayat sami wangsul, lajeng ingkang dipun kubur wau dirawuhi Malaikat kalih mbeta gada ageng saking wesi, menawi tiyang ingkang dikubur wau boten saged wangsulan lajeng dipun gada ngantos ajur badanipun, malah kanca-kanca kula wonten ingkang criyos sambatipun tiyang disiksa ing kuburan menika sok-sok saged dirungokne tiyang ingkang taksih gesang napa. Ugi criyose kados nyanyian lagu dangdut jaman kina, penyanyine Ida Laila ingkang judhulipun Siksa Kubur nika. Kanca kula ugi wonten ingkang criyos, menawi pengin mbuktekne wontenipun tiyang disiksa ing kuburan niku, saged api-api tumut wangsul titiyang ingkang sami nglayat, nanging jane namung nylingker mawon, lajeng wangsul nyaketi kuburan malih, criyose tiyang ingkang mbuktekne mawi cara niku lajeng mireng suwanten horegipun bumi, awit kagetipun tiyang ing kuburan ingkang dipun dugeni Malaikat mbeta gada niku wau.......".

 

Durung nganti olehe kandha Restu rampung, Sodik wis luwih dhisik ngguyu banter. Merga critane Restu kuwi keprungu yen lucu. Malah ora mung Sodik dhewe sing ngguyu, klebu Ririen karo Bu Kaji uga melu ngguyu, malah Restu sing diguyu ya banjur melu ngguyu pisan, dadi kahanan mundhak gayeng wae.

 

"Aku ya tau krungu crita sing mangkono kuwi Dhik" kandhane Ririen ing sela-selane guyune "nanging kuwi sing crita ya bocah-bocah biyen sing mung krungu dongeng saka wong liya, ning ya ora ana sing mbuktekne".

 

"Lha inggih ta Bu?" Restu genti wangsulan "menawi anggenipun rawuh Malaikat niku ngentosi ingkang nglayat sami wangsul lan kuburan sampun boten wonten tiyang, rak malaikatipun inggih mesthi pirsa menawi wonten tiyang ingkang nylingker api-api wangsul nanging jebul boten?".

 

"Sing gawe crita kuwi duwe panemu nek Malaikat kuwi gampang diapusi Nak Restu" Bu Kaji melu ngendika mbumboni apa sing lagi wae dikandhakne Restu.

 

Ora guneman apa-apa dumadakan Sodik nginggirne mobile, banjur menggok mlebu platarane Rumah Makan sing klebu gedhe, sing neng ngarepe dipasangi lampu papan nama nganggo tulisan gedhe-gedhe "PANGGONAN NGOPI" .

 

"Sarapan dhisik Dhik" kandhane Ririen marang Restu sing meh wae arep takon menyang Sodik ya gene ndadak mampir kono kuwi barang "iki mau kabeh saka omah rak durung ana sing sarapan, Dhik Restu rak ya durung ta?".

 

"Dereng Bu".

 

 

ana candhake. 

 

SLENDHANG KUNING (023)


23.

Bubar mangan Sodik wis ora bali menyang kamare Ibune maneh, merga Sodik ngerti nek Ibu karo mBakyune lagi gayeng jagongan ngrembug urusane wong wedok sing Sodik ora pati mudheng. Sodik malah bablas menyang kamare sing manggon neng lantai dhuwur. Kelingan nek sesuk esuk kudu dhapuk dadi sopir nyetiri mobile Ririen nglayat menyang Panggang, Sodik kepengin enggal bisa leren wae. Merga mau awan ya ora turu babar pisan wong nyetir saka omah tekan Yogya, ora ana kancane pisan. Mula murih sesuk esuk bisa duwe tenaga sing luwih seger, becike bengi iki ora sah ndadak melekan nganti wengi, enggal mapan wae, sokur nek bisa enggal turu, saora-orane bisa ndlujurne balung neng paturon.

 

"Klunthing" lagi wae Sodik arep mapan ngglethak, dumadakan hapene muni nuduhne nek ana pesen WA sing mlebu. Karo njengkerutne bathuke, Sodik mbukak pesen sing jebul saka Ustadz Mahfudzi, Ketua Yayasan sing ora kulinane kirim pesen liwat WA.

 

"Assalamu'alaikum, Dhik Sodik posisi di mana? longgar gak? nek longgar aku arep ngobrol sedhela" ngono kuwi unine pesen WA saka Ustadz Mahfudzi. Pancen Ustadz Mahfudzi kuwi sanajan duwe kalungguhan sing dhuwur, wong ya pensiunan salah sijine Petinggi Kemenag Ngawi, banjur tau lungguh dadi anggota DPRD barang, dhasare Ustadz kondhang sing saben dina mider ngubengi kutha-kutha nekani panjaluke umat sing mbutuhake pituture, nanging priyayine lembah manah lan ora sombong. Karo sapa-sapa tansah ngajeni, tembung satembung tansah gawe senenge sing ngrungokne, tata kramane komplit mula ya mokal ana sing wani aweh panyendhu marang dheweke. Klebu nek rembugan karo bocah-bocah sing umure adoh mapan ing sangisore, kaya marang Sodik Salim iki. Wong Sodik Salim kuwi umure telung puluhan, lha Ustadz Mahfudzi pitung puluh kepara punjul. Nanging basa sing dicakne nalika ngajak guneman Sodik ya kaya mau ngono kuwi.

 

Ora niyat arep aweh wangsulan lumantar WA, Sodik Salim banjur nutul Hapene telepon marang Ketua Yayasane kuwi.

 

"Assalamu'alaikum, iya Dhik Sodik?" Ustadz Mahfudzi nampani telpune Sodik.

 

"Waalaikumussalam" wangsulane Sodik nganggo suwara sing alus "badhe dhawuh menapa Tadz? kula longgar sanget kok".

 

"Alhamdulillah, sesuk awan Dhik Sodik are tak jaluki tulung makili aku, bisa ta?" Ustadz Mahfudzi nembung nek arep njaluk tulung. Sodik ngerti, tembunge njaluk tulung, nanging satemene kuwi luwih pas nek diarani prentah. Nanging pancen selawase urip, Ustadz mahfudzi kuwi ora tau nibakne prentah marang sapa wae, kabeh mesthi nganggo tembung njaluk tulung, sing ndadekne para  andhahan ngisorane rumangsa nek diajeni dening pimpinane.

 

"Makili dhateng pundi ta Tadz?" Sodik genti takon dibacutne nggenahne nek dheweke lagi repot dhewe "wekdal menika kula taksih dhateng panggenane Yu Rien, kalih Ibu napa. Lha benjing enjing badhe takziyah dhateng tiyang sepuhipun tanggine Yu Rien dhateng Panggang Gunung Kidul".

 

"Oo, Dhik Sodik neng Yogya ta? ya wis nek ngono" suwarane Ustadz Mahfudzi keprungu rada cuwa "ya mengko tulung nitip salamku wae kagem mBak Ririen lan Kakunge nek ngono".

 

"Inggih Tadz" wangsulane Sodik, banjur ditutugne nganggo takon "lha estunipun badhe kadhawuhan makili bab napa ta Tadz?"

 

"Sesuk awan kuwi rak jadwale wawancarane mBak Waginem sing olehe nglebokne lamaran panjenengan barengi kae?" Ustadz Mahfudzi aweh katrangan.

 

"Dipun ralat Tadz" Sodik nigas rembug karo ngguyu "boten kula sarengi nanging, andilalah sareng kalih kula ingkang badhe ndherek rapat ing Kantor Yayasan".

 

"He he he " Ustadz Mahfudzi melu ngguyu "iya, mau karepku ya arep muni ngono kuwi he he he, lha sirku Dhi Sodik sing arep tak jaluki tulung ngawasi lakune wawancara kuwi. Merga bares wae ya Dhik, Waginem kae wis tak anggep kaya anakku dhewe, merga aku wis ngerti tenan nek bocah kae klebu bocah sing luwar biasa. Sregep, sopan,Solihah, duwe rasa tanggung jawab sing gedhe lan ora mbalekne gaweyan apa wae sing dipasrahne. Kuwi aku ngerti dhewe, wong ing atase bocah saka kana kae, nanging bisa nuduhne nek olehe taat neng agamane ngungkuli bocah weton pesantren wae. Mula jane ngono aku kepengin Waginem kuwi bisa ditampa neng SMA ne dhewe".

 

"Inggih Ustadz" Sodik salim wangsulan alon "kula kemawon sanaosa anggen kula tepang dereng dangu, rumaos kula mBak Waginem nika mila kenya ingkang mumpuni ing samubarang reh".

 

"O, dadi Dhik Sodik kuwi durung suwe ta olehe tepung karo Waginem?" Ustadz Mahfudzi takon karo ngguyu alon.

 

"Kinten-kinten nembe setengahan wulan kok Tadz" wangsule Sodik.

 

"O ngono, nanging lagia setengah wulan olehe tepung, Dhik Sodik ora perlu tidha-tidha, percaya wae karo aku, Dhik Sodik ora bakal rugi nek ndang cepet olehe nembung menyang wong tuwane Waginem banjur ndang diresmekne pisan" Ustadz Mahfudzi nyambung olehe rembugan "aja samar mengko aku tak sing nginang jambe suruhe, ndhodhog kori lawange, dadi talanging basane keng Ibu nglamar Waginem kanggo slirane........".

 

"Ustadz ki kok saged mawon lho.....?" sanadyan satemene sajroning atine Sodik ana rasa seneng krungu tembung guyon parikenane Ketua Yayasane kuwi, nanging sing ucul saka lambene tembung sing seje. Mung cengkoking suwarane sing ora bisa diajak apus-apus, yen tenane pancen Sodik duwe rasa seneng karo apa sing dikandhakne Ustadz Mahfudzi ngono kuwi mau.

 

"Nanging bares wae ya Dhik?" Ustadz Mahfudzi ngendika maneh "Upama Dhik Sodik ki bisa karo Waginem, aku rumangsa melu seneng, lha Dhik Sodik dhewe kira-kira piye? nek karo bocah Karangasri kae?".

 

"Pripun nggih Tadz? nggih ngoten nika neh......" wangsulane Sodik karo ngguyu.

 

Ora suwe Ustadz Mahfudzi mungkasi nggone rembugan liwat telepon karo Sodik, sanajan jebul Sodik ora bisa nindakne apa sing diprentahne, merga lagi neng Yogya, nanging rembugan neg telepon kuwi mau, nuwuhake rasa sing nyenengake. Nyenengake ing atine Sodik Salim, uga ing penggalihe Ustadz Mahfudzi.

 

Sodik nyelehne Hapene neng meja cilik cedhak ambene, banjur ngglethak arep mapan turu. Nanging jebul pikirane Sodik angel dijak enggal leren, suwe nggone Sodik ngeremne mripate, nanging panggah durung bisa ngliyep. Jroning atine tansah kelingan marang Waginem sing bengi iki satemene uga lagi ana ing Yogya, pase ing kos-kosane ponakane. Nanging sesuk-esuk bar subuh, Waginem kudu bali menyang Ngawi, merga jam loro awan kudu wawancara ing SMA Al-Hasan magepokan karo lamaran sing wis dilebokne.

 

"Wah, sesuk Waginem piye ya? muga-muga wae bisa mlaku kanthi lancar" kandhane Sodik marang atine dhewe.

 

"Nek kudune kuwi wis kenek dijagakne nek mesthi lancare" atine sing sesisih melu guneman "wong Ustadz Mahfudzi sing pengalaman uripe wis ora karuwan akehe wae wis ngandhakne nek Waginem ki bocah luwar biasa tenan. Gek ya ngapa ndadak mbuwang-buwang wektu kanggo wawancara barang ki jane? Genah patuta ngono kudune SMA Al-Hasan sing ngunggah-unggahi supaya Waginem gelem melu mulang neng kono kok, kok malah arep ditest barang?".

 

"Iya ya? kudune kaya aku biyen kae ya? gara-gara kurang guru bahasa Arab karo Bahasa Inggris banjur aku digregik kon melu mulang kae ya?" atine sing sijine mau aweh wangsulan.

 

"Nanging apa sing diakandhakne Pak Ketua Yayasan mau ora mung guyon lho?" atine sing sesisih ngajak rembugan bab liya "aku iki pancen wis pas banget upama dadi jodhone Waginem, sanajan durung tau blaka, ketoke Waginem kae ya wis ngerti nek dheweke kuwi cocoge ya dadi jodhone Sodik Salim he he he".

 

"Mula apa sing dikandhakne Ustadz Fudzi mau ndang ditindakne wae, apa pengin Munir mbaleni crita jaman karo Susi biyen ?, aku kudu ngerti nek satemene Munir kae uga duwe rasa seneng marang Waginem, sanadyan aku ora ngerti senenge Munir kuwi seneng sing kepiye? Kaya senenge wong marang enake panganan apa kaya senenging satriya sing nggayuh wahyuning Hyang Suksma? mBuh apa modhele senenge Munir, nanging wajib diwaspadani aja nganti Waginem luput saka kudangan mrucut saka embanan".

 

 Ngolang-aling nggone ngeloni guling, Sodik panggah angel anggone enggal bisa turu. Beda karo Bu Kaji sing mau sore sawise rumangsa oleh dalan anggone kepengin luwih ngraketake anake lanang karo Bu Guru TK sing arep dikancani nglayat sesuk, penggalihe Bu Kaji dadi sansaya rena. Mula ora suwe olehe mapan sare, ya banjur mider ing alaming pangimpen, nyupenakne para putrane murih bisa antuk kamulyan.

 

 

ana candhake,

 

SLENDHANG KUNING (022)


22.

Sodik rada kewuhan olehe arep aweh wangsulan marang pesen sing lagi wae ditampa lumantar WA saka Waginem kuwi. Dhek emben Sodik wis janji nek arep mbantu sakuwasane marang Waginem sing nglebokne layang lamaran menyang SMA papane mulang kuwi. Nanging saiki bareng bantuwan kuwi dibutuhne, Sodik malah ora ana omah lan lagi wae olehe budhal mau awan. Upama olehe teka ing Yogya kuwi wis rada sauntara, pantes wae upama banjur pamitan marang Ibu lan mBakyune nek arep bali dhisik menyang Kedunggalar merga ana urusan sing kudu dirampungne. Nanging bareng olehe test lan wawancara Waginem kuwi kudu sesuk awan, nek dheweke kepengin bisa melu nunggoni, gelem ora gelem sesuk esuk kudu bali, kamangka iki mau lagi wae teka. Genah nek mokal bisa dilakoni. mBuh arep nganggo pawadan apa wae, nek arep pamait marang mBakyu lan Ibune nek sesuk arep bali dhisik, cetha nek bakal nuwuhake sujana sajroning atine mbakyu lan wong tuwane. Lan arep kandha blaka apa anane durung ana kuwanen ing atine Sodik nyritakne mungguh anane jemparing asmara sing tumanduk ing jantunge.

 

"Klunthing" hape sing diselehne meja muni maneh, ana pesen WA sing mlebu. Saka Waginem maneh. Durung nganti dibukak, disusul ana suwara klunthing sepisan maneh, Waginem nusuli pesene.

 

"Sanajan radi dheg-dhegan, kula inggih nggadhahi raos optimis kok Mas" unine pesen WA ne Waginem sing lagi ae mlebu kuwi "jalaran kajawi nampi panggilan wawancara ingkang dipun kintun dening Mas Khoirul, nembe kemawon kula pikantuk WA saking Ustadz Mahfudzi ingkang maringi suport dhateng kula. Kula matur nuwun sanget dhateng Mas Sodik lho, awit dipun terne Mas Sodik kala emben nika, ndadosaken Ustadz Mahfudzi paring suport dhateng kula".

 

Banjur ing ngisore pesen kuwi ana gambar tayangan layar sing nuduhake nek ing Hp ne Waginem ana pesen WA  sing dikirim dening Ustadz Mahfudzi :

 

"Assalamu;alaikum Wr Wb.

sesuk awan wawancara ya mBak?

muga-muga kaparingan lancar. Aamiin."

 

Iki pesen saka bapak kagem mBak Waginem, nuwun.

(Sip. Ny. Mahudzi)".

 

Ngono kuwi unine foto tayangan layar sing dikirm Waginem menyang Sodik, sing nuduhake yen Bu Mahfudzi wis ngirimake pesene Kakunge menyang Waginem.

 

Sakala Sodik mesem lega, nek nitik anane pesen kuwi, nuduhake yen Ustadz Mahfudzi wis pana tenan marang kapribadene Waginem mula banjur paring suport sing kaya mangkono kuwi. Lan Sodik uga duwe pangarep-arep, muga-muga Ustadz Mahfudzi mbaleni maneh olehe paring kabar marang Pak Kepala SMA ngenani kapribadene Waginem, kaya sing dingendikakne pas bareng karo rapat yayasan kae.

 

Merga atine krasa lega lan pangarep-arep ing jero atine tuwuh ngrembaka, mula Sodik ya banjur wani aweh wangsulan WA ne Waginem marang dheweke kanthi ukara :

 

"Alhamdulillah muga-muga suport saking Ustadz Mahfudzi saged nambahi semangatipun mBak Waginem. Estunipun, kula inggih kepengin saged nyumerepi anggenipun mBak Waginem Wawancara, nanging gandheng wekdal niki, nembe kemawon anggen kula dugi ing Yogya, dados inggih kapeksa benjing dereng saged wangsul. Nanging kula pitados dhateng Allah kok, mBak Waginem tamtu saged wawancara kanthi lancar, awit pitulunganing Allah".

 

Durung suwe pesen kuwi kakirim, Waginem wis aweh wangsulan cekak : "Aamiin. Matur nuwun Mas".

 

Sodik mesem, banjur ngadeg arep mlebu omah, Sodik kepengin marani kamare ibune, mbok menawa ibune ngersakne paring dhawuh apa ta apa marang dheweke.mbarengi lakune Sodik tekan ngarep lawang kamare Bu Kaji sing bukakan, katon Bu Kaji lagi lenggah dikancani Ririen, mBakyune. Nanging wektu kuwi katon yen Ririen lagi serius guneman neng telepon hapene, sauntara Bu Kaji katon melu nyemak kanthi pasuryan sing sajak ngemu rasa kuwatir. Batine Sodik banjur takon-takon, sapa sing lagi telpunan karo Ririen kuwi? Ya gene katon nek ngemu rasa kuwatir? iya ing praupane Ririen, iya ing pasuryane Ibune?.

 

Alon-alon Sodik nyedhak, ngadeg ing sisihe mBakyune, meneng, ora guneman apa-apa.

 

"Piye nDhuk sidane?" Bu Kaji mundhut pirsa, sawuse Ririen ngudhunke hapene tandha yen olehe telpon wis ditutup.

 

"Anu Bu" Ririen atur wangsulan, secleraman kober ngilirik Sodik sing lagi ngadeg neng sisihe "Pak Jayadi kalih Bu Hasanah wiwit siang wau sampun wonten ing Panggang, Gunung Kidul mrika. Inggih mantun nambi wartos menawi Ibunipun Bu Hasanah dibeta dhateng Rumah Sakit, Pak Jayadi kalih Bu Hasanah inggih lajeng bidhal nusul mrika, dados Bu Hasanah inggih kober nenggani sedanipun ingkang ibu. Dhik Restu wau ngabari bilih benjing enjing, piyambakipun badhe mruput bidhal nusul Bapak lan Ibunipun dhateng Panggang".

 

"Lha awake dhewe piye?" Bu Kaji mundhut pirsa marang putrane sing mbarep kuwi.

 

"Ingkang dipun kersakaken Ibu?" Ririen nggenahne apa sing dikersakne Ibune.

 

"Awake dhewe ki kudune rak ya melu bela sungkawa kanthi takziyah mrana ta nDhuk? Jeneh srawunge kulawargamu karo kulawargane Bu Hasanah ki wis ngungkuli karo sedulur cedhak ngono" Bu Kaji nggenahne apa sing dadi kersane.

 

"Inggih Bu" Ririen wangsulan "padatanipun, menawi wonten kulawarga caketipun warga RT ing mriki ingkang ninggal, kamangka mapanipun ing njawi kitha, wonten perwakilan warga RT ingkang nyulihi, takziyah lan ngaturaken raos bela sungkawanipun warga dhateng ingkang kasripahan wau".

 

"Iya kuwi rak kanggo warga RT kene?" Bu Kaji ngendika maneh "sing tak karepne ki awake dhewe iki lho? Aku karo awakmu, mosok nek ora budhal takziyah?".

 

"Inggih Bu, mila kedahipun nggih takziyah" Ririen atur wangsulan, banjur karo nglirik adhine, Ririen mesem amba "pripun menawi ngeten mawon Bu?. Ibu kalih kula benjing enjing bidhal takziyah nyarengi Dhik Restu kemawon?".

 

"Lha kok esuk ki awakmu apa ora mulang?"  Bu Kaji mundhut pirsa maneh.

 

"Benjing rak Sabtu ta Bu? nggih libur ta?" Ririen mesem sansaya amba "menawi Ibu mathuk, mangke mbeta mobil kula mawon kersane disetiri Sodik". Ririen banjur nakoni adine "gelem ta Dik?".

 

"Siap!" Sodik wangsulan cekak.

 

Sanadyan durung pati cetha bongkot pucuke perkara sing lagi dirembug, nanging Sodik sethithik-sethithik wis nyandhak yen mBakyu karo Ibune kuwi sesuk arep nglayat, menyang Panggang, Gunung Kidul.

 

"Nek ngono ya luwih becik" Bu Kaji ngendika sajak karenan penggalihe "nek ngono Nak Restu ndang telpunen, kandhanana karo rencanamu iki mau".

 

"Inggih Bu" Ririen atur wangsulan, banjur nyandhak hapene, nelpon Restu.

 

"Inggih Bu Kahar?" saka sabrang kana Restu nampani telpune Ririen "wonten dhawuh ?".

 

"Iya mBak" Ririen wangsulan, banjur takon "sesuk esuk budhale mBak Restu menyang Panggang kira-kira jam pira? karo sapa?".

 

"Inggih radi enjing Bu" wangsulane Restu "piyambakan badhe numpak Bus saking Giwangan mawon. Badhe wonten dhawuh menapa ta Bu?".

 

"Sirku ngene, Ibu karo aku rak ya arep ndherek bela sungkawa menyang Panggang kana, upama mBak Restu bareng karo aku ngono piye?" Ririen takon maneh.

 

"Sareng kalih Bu Kahar?" Restu nggenahne takon "inggih Bu boten napa-napa, mbenjing bidhale dhateng terminal Giwangan tak mampir mriku".

 

"mBak Restu wae sing tak ampiri" wangsulane Ririen karo suwara renyah "merga aku mengko rak bisa nggawa grobag saka omah, kabeneran iki mau Sodik teka nyang omah, dadi sesuk ben disetiri Sodik wae".

 

"Mas Sodik mriki ta Bu? manawi makaten, inggih matur nuwun. Salam kula Bu katur Mas Sodik".

 

Ririen banjur nutup telpune. Karo mapan lungguh neng ambene Ibune, Ririen banjur kandha menyang adhine :

 

"Oleh salam saka Restu Dik" .

 

"Restu sapa ta mBak? Bu Guru TK putrane Pak Jayadi kidul kono kuwi pa?" Sodik wangsulan nggenahne sapa sing kirim salam marang dheweke.

 

"Iya" wangsulane Ririen "arep Restu sapa maneh? wong sak blok kene iki sing jenenge Resti ya mung siji kuwi".

 

"Iya, matur nuwun" Sodik wangsulan karo mesem "alaika wa alaihissalam warahmatullah".

 

"Lha kowe mau wis maem ta?" Ririen genti nakoni bab liya "senenganmu ki ajeg ngasep-ngasep ngono kuwi kok nek maem, dikandhani nek ngono kuwi ora becik kok panggah nekad wae".

 

"Iya, tak ndang maem nek ngono" Sodik wangsulan karo mesem, banjur pamit marang ibune "kula maem riyin nggih Bu?".

 

"Ya" Bu Kaji wangsulan cekak.

 

Sapungkure Sodik saka kamare Ibune, Bu Kaji karo Ririen banjur kanthi suwara sing alon ngrembug yen dina sesuk kuwi bisa dadi dina sing becik, dina sing bisa kanggo miwiti olehe luwih ngraketake antarane Sodik Salim karo Restu Arumdalu. Muga-muga kanthi cara sing ora dirancang sadurunge iki bisa dadi lantaran dumadine jejodhowan sing becik antarane Putrane Bu Kaji Ali jaka sing wis rada kasep karo Restu Arumdalu putrane Bu Hasanah, prawan ayu sing isih sajroning nahan rasa bingget ing atine.

 

 

ana candhake.

 

SLENDHANG KUNING (021)

 


21.

Mudhun saka sembahyang Jumuah, sawise pamitan lan aweh pituduh-pituduh bab gaweyan sawah lan omah marang Sampir lan Simpen, Sodik banjur budhal nusul Ibune menyang Yogya. Mobile digelak kanthi laku sing ora kesusu, sengaja ora liwat dalan tol kanthi pawadan murih rada ngirit, rada suwe sauntara ora apa-apa wong ya ora lagi mburu gaweyan sing gage-gage wae. Ngarepne Maghrib jebul wis tekan omahe mbakyune, kaya padatan sing digoleki dhisik dhewe ora ana liya kajaba ibune sing wis rada sauntara dina ora kumpul saomah. Sodik pancen wis rada nemen olehe kangen karo ibune.

 

"Lha kowe mau saka omah jam pira ta Le?" pitakone Bu Kaji nalika Sodik nusul nyang kamare perlu sungkem.

 

"Nggih bakda sembahyang jumuah wau bidhal saking griya Bu" wangsulane Sodik karo mapan lungguh njejeri ibune.

 

"Lha urusan omah wis mbok pasrahne Simpen karo Sampir ta?" Bu Kaji mundhut pirsa urusan omah.

 

"Sampun Bu" Sodik wangsulan banjur ditutugne karo tembung pangalembana marang kahanane ibune "Ibu teng mriki ketingal langkung seger lho Bu?, ketingale kraos nggih Bu? layak nganti pirang-pirang dina ora kundur-kundur, beda banget karo padatane ngana kae".

 

"Lha olehe arep ndang bali ki ya piye? wong kowe saben dikongkon ndang mapag malah pawadan ana gaweyan sing ora bisa ditinggal ngono kok? Mosok Ibumu arep mbok kon ngebus dhewe?" Bu Kaji wangsulan karo suwara sing digawe rada anyel, anyel sing ora nganti tekan jero ati.

 

Sodik ora semaur, mung nggleges mbenerne apa sing didhawuhne ibune. Dumadakan Sodik mesem rada amba, kelingan karo Waginem sing wis dadi salah sijine jalaran dheweke ora enggal-enggal mara menyang Yogya. Batine Sodik, mendah senenge saupama bisa ngajak Waginem banjur ditepungne Ibu karo mbakyune, karo kandha nek atine wis wiwit ketuwuhan rasa asmara marang kenya sing sulistiyeng warna.

 

"Kegedhen rumangsan tenan kok Dik, kowe kuwi" dumadakan ana suwara cumengkling sing nyenggol temboking atine "apa rumangsamu Waginem kae gelem karo kowe apa piye? karo maneh kowe ya durung ngerti, bocah kae ki wis duwe pacangan apa durung ta?".

 

Krungu suwara batine dhewe sing mangkono kuwi, Sodik ya banjur mesem maneh.

 

"Ya atine muga-muga wae Waginem kae durung ana sing duwe lan gelem dadi jodhoku" sepisan maneh batine aweh wangsulan marang batine dhewe.

 

"Kok malah mesam-mesem dhewe, ana apa ta Le? Apa ibumu malih lucu ngono apa piye rumangsamu?" Bu Kaji ngendikan karo ngingeti praupane Sodik.

 

"Boten kok Bu" wangsulane Sodik dora sembada "Ibu saestu ketingal langkung seger, Sodik remen Bu".

 

"Iya ta?" Bu Kaji mesem "ya mesthi wae, wong neng kene Ibu mentas nemu barang sing ndadekne Ibu seneng kok".

 

"Menapa menika Bu?"

 

"Wis, kowe ora perlu ngerti dhisik mundhak ora becik" Bu Kaji wangsulan karo ngguya-ngguyu "kowe mau wis kepethuk mBakyumu apa durung? Kana ndang nemoni mBakyumu dhisik, banjur gek ndang adus-adus kana, sedhela maneh maghrib".

 

"Inggih Bu" Sodik ngadeg banjur metu saka kamare Ibune, neng omah kono kuwi Sodik ya didhakoni kamar dhewe, kaya dene Bu Kaji sing uga duwe kamar dhewe. Pancen omahe Dokter Kahar kuwi jembar, jogane ana loro, ngisor karo dhuwur, Kamare Sodik manggon neng jogan dhuwur.

 

Ora kaya sing didhawuhne Ibune supaya nemoni mBakyune, nanging Sodik milih mlaku munggah menyang kamare arep adus lan reresik awak luwih dhisik, mengko wae nek wis seger lagi arep nemoni mBakyune. Karo adus Sodik duwe gagasan mengko arep crita marang Ibu lan mBakyune sarta mase ipe nek pas dheweke bali saka dhek emben kae, neng bus kepethuk karo Waginem kenya ayu sing sregep nyambut gawe, pinter tur ya solihah. Nanging durung nganti rampung olehe nggagas, karepe sing ngono kuwi tumuli dihugarake. Sodik ora sida olehe arep crita, merga Sodik kuwatir nek ditakoni Ibune utawa mBakyune, apa Waginem kuwi wis mratelakne isi atine yen gelem saupama dijak urip bebarengan karo Sodik, apa durung?. Mesthi Sodik banjur ora bisa wangsulan, mula Sodik ya banjur mutusne olehe arep nyritakne Waginem marang Ibu lan mBakyune sarta Mase Ipe mbesuk wae nek wis ana wangsulan yen dheweke ora mung keplok nganggo tangan sing mung sesisih wae.

 

Wingi Ririen liwat telpon kandha yen Ibune ngersakne Sodik leren neng Yogya telu utawa patang dina, aja kesusu bali menyang Kedunggalar, lan Sodik iya wis nyaguhi, dumadakan Sodik wis rumangsa getun olehe wis nyaguhi apa sing dadi panjaluke mBakyune kuwi.

"Lha nek aku kesuwen neng kene, rak ya kangelan olehku arep mangerteni critane Waginem? sidane piye karo lamaran sing wis diaturne Pak Ketua Yayasan kae? Olehe arep diwawancarani suk kapan? bisa ketampa apa ora?" batine Sodik rame dhewe "Ning nek aku ora nuruti Ibu sing ngersakne tindak-tindak banjur kepiye? Mosok aku arep suwala mung merga kepengin mangerteni lakon sing arep diadhepi Waginem? Bener Waginem kuwi wis angel tak lalekne, nanging rak ya durung dadi apa-apaku?".

 

Merga karo nglamun olehe adus Sodik dadi rada suwe, nalika keprungu suwara adzan maghrib saka Masjid sing ora adoh karo omahe mbakyune kuwi, Sodik lagi krasa nek wis keseret ing lelamunan sing ora cetha jluntrunge. Gageyan Sodik byar-byur nutugne olehe adus. Bubar adus, ganti sarung karo klambi koko, gegancangan budhal menyang Masjid, nindakne kuwajibane wong urip sing ngrasuk agama Islam, sembahyang jamaah maghrib neng masjid, banjur dijamak kanthi ijen karo sembahyang isyak sing dikosor dadi rong rekangat. Bubar sembahyang ora bisa enggal-enggal mbalik menyang omahe Ririen maneh, merga saking kerepe Sodik sanja menyang omahe Mase ipe kuwi, ndadekne Sodik tepung karo meh kabeh jamaah masjid kono. Sodik leren sedhela neng masjid, njagongi tepungane sing nakokne kabar kuwarasane.

 

"Olehmu teka mau jam pira ta Dik?" Ririen mapag adhine sing lagi bali saka masjid nganggo pitakonan "ngerti-ngerti kok mobilmu wis neng garasi, tak goleki neng dhuwur ora ketemu, jebul malah wis tekan masjid barang?".

 

"Jam lima luwih sethithik Yu" wangsulane Sodik karo mesem "bar ketemu Ibu, banjur adus terus Maghriban. Lha Yu Rien mau nyang ngendi kok pas aku arep adus mau tak ingat-ingeti ya ora eneng?".

 

"Iya, mau aku nyang warunge Mat Aji wong Medura sing bakul Gas LPG lor kono kuwi, wong tak telepon bola-bali arep tak kon ngeteri Gas, telepone ora diangkat terus aku mara rana. Mulih saka nggone Mat Taji kok mobilmu wis neng garasi, tak goleki mendhuwur kok ora eneng, jebul wis neng masjid" wangsulane Ririen sabanjure.

 

Ora banjur mlebu omah, Sodik malah banjur mapan lungguh neng kursi teras. Ngetokne Ha-pe ne, banjur wiwit maca pesen-pesen sing wiwit awan mau durung didelok. Pesen-pesen lumantar aplikasi WhatsApp lan Telegram sing wis sapirang-pirang. Sing akeh ya mung pesen sing ana grup-grup sing dieloni, ora ana pesen sipate pribadi. Saka Grup RT, Grup Alumni Kampuse, Grup SMA lan liya-liyane sing tumrape Sodik ora pati wigati.

 

"Nyuuuuut" dumadakan Sodik kepengin kirim pesen WhatsApp menyang nomere Waginem, ora arep kandha apa-apa, mung arep aweh kabar yen dheweke lagi neng Yogya nusul Ibune. Ambak-ambak arep nulis pesen mung ngono kuwi, ewa semono Sodik kaya wong ora pati mudheg, olehe nulis rumangsane angel banget, kangelan olehe arep nata ukara. Nanging suwe-suwe ya bisa kanthi ukara prasaja :

 

"Assalamu'alaikum mBak Waginem, kados pundi wartose sami sehat ta? Wekdal niki kula dhateng Yogya, nusul Ibu".

 

Pas pesene "terkirim" mbeneri Waginem pas online, lan banjur centhang loro rupane biru. Sodik mesem, atine krasa seneng, WA ne wis diwaca dening Waginem. Luwih seneng maneh bareng Sodik weruh, Waginem lagi nulis pesen, suwe ora rampung-rampung. Sodik ngguyu alon, batine : "ketoke bocahe ya padha karo aku, kangelan olehe arep nata ukara".

 

Hape ditutup banjur diselehne neng dhuwur meja.

 

"Thuwit-thuwit" ana pesen mlebu, hape bali dicandhak banjur diwaca :

 

"Waalaikumussalam, alhamdulillah sae Mas. Mas Sodik wonten Yogya? kok sami Mas? kula nembe wonten kos-kosanipun ponakan, nanging benjing enjing badhe wangsul Ngawi, jam kalih siang dipun dhawuhi sowan dhateng SMA, panggilan wawancara. Nyuwun pangestunipun inggih Mas?" pesen saka Waginem rada dawa.

 

Sapandurat Sodik njegreg, sesuk awan Waginem wawancara, dheweke ora bisa melu nunggoni aweh semangat.

 

"Hm........" Sodik unjal ambegan landhung.

 

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...