42.
Sauntara
Aman lagi katrem nggone aweh lapuran marang Pak RT, sing lagi dilapurne babar
pisan ora nduga mana yen kabeh tumindake lagi dadi bahan rerembugan. Wektu kuwi
Saropah wis nyepakne gelas gedhe isi es batu sing dijupuk saka kulkase. Ber wis
dibukak lan diiling neng gelas, gelas siji kanggo wong loro genti nyecep.
Lampune kamar wis disalini nganggo lampu sing ijo, kahanan sajroning kamar dadi
remeng-remeng, katon asri luwih-luwih kanthi suwarane gendhing-gendhing katresnan
sing nganyut-anyut sansaya muwuhi
kaendahaning kamar papane Munir lan Saropah padha nyuntak rasa kangen sing wis
sawatara dina ngganjel neng jerone dhadhane dhewe-dhewe.
Sansaya
suwe wong loro seje jinis kuwi sansaya adoh keseret dening lalining ati. Lali
yen apa sing ditindakne wengi kuwi ora pantes ditindakne, jalaran kekarone
durung kaiket talining paugeran bebrayan. Kekarone durung dinikahne kanthi sah
ing ngarepe wali lan seksi. Weruh kahanane Saropah sing wis ora kasasapan
sandhangan, ndadekne Munir lali marang sapa wae, klebu wis lali marang Waginem
lan wanita liyane. Samono uga Saropah, uga wis lali marang Aman lan priya
liyane. Lan sing luwih nemen laline, wong loro kuwi uga lali yen cendhela kamar
sing mau di bukak Munir merga arep ngrokok olehe nutup durung rapet lan durung
bali dikancing.
Wong
loro dhudha karo randha sing durung padha nikahan maneh kuwi wis ora eling yen
dunya kuwi duweke wong akeh, rumangsane wis mung wong loro kuwi dhewe sing
nduweni. Saking sengseme nindakne ulah asmara wis lali purwa duksina, ana
suwara ora pati dirungokne ana rerupan wis ora pati diwaspadakne, ketutup rasa
sing wis bener-bener kobong dening genining nafsu.
"Braaak........!!!"
wong loro kuwi lagi kaget bareng cendhela kamare digebrak saka njaba kanthi
kasar, lan saka cendhela sing menga kuwi njudhul wong loro sing anguk-anguk
ngingeti apa sing wis ditindakne, Pak RT karo Pak Ketua Keamanan.
"Tulung
Bu Saropah, klambi sampean ndang diagem !!" Pak RT dhawuh kanthi suwara
alus nanging ngemu wibawa "gek lawang omah kae tulung dibukakne, akeh
sedulur sing teka mrene arep kepethuk sampean".
Saropah
karo Munir pucet, banjur padha byayakan nutupi ragane sing wis padha ora
kesasapan awer-awer apa-apa.
"Uwis
gak sah panik, sampean wong loro tak tunggu neng ngarep lawang ngarep" Pak
Ketua Keamanan Kampung genti sing omong. Basane rada sereng, ora kaya carane
omong Pak RT mau. Bubar muni ngono kuwi, Pak RT karo Pak Ketua Keamanan Kampung
banjur padha ngalih, ninggalne Munir karo Saropah sing karo klamben atine
dheg-dhegan ora karuwan.
Jebul
Pak RT karo Pak Ketua Keamanan mau ora dhewe, neng ngarep lawang omahe Saropah
wis akeh sinoman sing padha ngenteni karo praupan kebak kanepson.
"Larene
boten purun medal ta Pak RT?" salah sijine sinoman takon marang Pak RT.
"Lawange
didhubrag saking njaba mawon Pak" kancane genti nyauti.
"Mobile
wae disurung ngadoh njur diobong, ben kapok!" ana suwara liyane sing usul
"dumeh wong sugih banjur arep sakepenake gawe rereged neng kampunge
uwong!".
"Sabar.......!"
Pak Ketua Keamanan sing semaur "aja seneng gawe rusak, sing nekad mengko
mungsuhe malah karo aku. Saiki padha rungokna Pak RT ben ngendika!".
"Nggih"
digetak Pak Ketua Keamanan para nom-noman kuwi kabeh mengkeret, banjur
bebarengan semaur "nggih".
"Bu
Ropah karo tamune sedhela maneh arep nemoni awake dhewe neng ruwang tamun,
mengko tak jaluk aja melu mlebu kabeh, cukup siji apa loro sing melu aku karo
Pak Ketua Keamanan, nakoni wonge. Ngerti?" Pak RT genti sing aweh prentah
marang sinoman.
"Nggih"
sepisan maneh bocah-bocah nom kuwi wangsulan bareng.
"Ngentosi
teng teras mriki rak nggih angsal ta Pak?" salah siji saka nom-noman kuwi
takon,
"Oleh!"
sing mangsuli Pak Ketua Keamanan Kampung "nanging aja gawe kisruh!".
"Siap
Komandhan, delapan nam" wangsulane sing takon mau karo mesem.
Pak
Ketua Keamanan karo Pak RT wis ora semaur maneh, merga saka kono katon lampu
ruwang tamune Saropah wis diuripne, banjur Saropah mbukakne lawang kanggo
wong-wong sing padha teka ora merga diundang kuwi. Munir karo ndhingkluk lan
praupan pucet ngetutne neng mburine.
"Mangga
katuran mlebet Pak RT" kandhane Saropah karo mbukakne lawang.
Durung
wae Pak RT semaur, dumadakan ana sinoman loro sing mbrosot ndhisiki mlebu omah,
karo sing sijine mbengok banter :
"Iki
ta menus sing arep gawe reged kampunge dhewe iki?".
Ora
ngenteni pitakone diwangsuli, nom-noman kuwi sing siji wis ngobahne kepelane di
pupuhne menyang raine Munir. Sakala Munir glayaran memburi arep tiba, sadurunge
tiba, nom-noman sijine ngobahne sikile, wetenge Munir disadhuk sakayange. Ora
bisa diendhani, Munir glangsaran neng jogan karo sambat ngaruara. Praupane sing
wis bengeb kena kepelan ditutupi nganggo epek-epeke. Tujune Pak Ketua Keamanan
Kampung luwih trengginas, gageyan mlumpat mengarep, aweh pangayoman marang
Munir sing arep diimbuhi gejohan sikil dening sinoman sing mau ngampleng raine.
"Mundur!"
Pak Ketua Keamanan nggetak sinoman loro kuwi, sing digetak bali mengkeret
banjur lon-lonan mundur bali menyang teras ngumpul karo kanca-kancane.
Munir
ditulungi banjur dituntun lungguh neng kursi tamu. Saropah ngetutne karo
mripate dleweran ngetokne luhe, nangis. Pak RT uga banjur melu mapan lungguh
neng kursi tamu neng sisihe Pak Ketua Keamanan sing luwih dhisik lungguh.
Sinoman ora ana sing melu mlebu, kabeh mung njrabing neng ngarep lawang karo
praupan sajak ngigid-igid marang Munir.
"Sampean
jenenge sapa lan daleme ngendi?" Munir sing isih ngrasakne njareme awak
kuwi dumadakan ditakoni dening Pak RT.
"Niki Lawyer kula, Pak RT......." Saropah nyoba arep aweh
wangsulan.
"Sampean
durung wancine omong!" Pak RT rada nggetak mangsuli Saropah. Saropah
banjur meneng karo ndhingkluk.
"Dadi
sampean iku Pengacara?" Pak RT ngimbuhi pitakonan marang Munir.
"Nggih
Pak" wangsulane Munir alon.
"Jenengmu
sapa, omahmu ngendi?" Pak Ketua Keamanan Kampung mbaleni pitakone Pak RT
sing durung diwangsuli "kene Katepene wae sampean tokne!".
Munir
ngrogoh sak, dhompete ditokne. KTP ne didudut banjur dilungne menyang Pak Ketua
Keamanan Kampung, karo omong :
"Nami
kula Munir Pak, griya kula tebih wonten Ngawi mrika".
Pak
Ketua Keamanan ngiling-ilingi KTP sing lagi wae ditampani. Pak RT banjur
nutugne olehe guneman :
"Sampean
Pengacara, mesthine ngerti nek tumindake arek loro mau wis nerak paugeran KUHP.
Sadurunge aku takon sing magepokan karo tumindak sampean neng kampung kene, aku
kepengin ngerti sampean trima karo tumindake arek loro marang sampean mau? Apa
sampean arep lapur Kepolisian merga sampean wis dianiaya?".
Munir
ora enggal bisa aweh wangsulan, Saropah banjur bisik-bisik neng cedhak kupinge
:
"Wis
Yang, gak sah athik lapur, engkuk urusane nek dadi dawa, malah tekan
ngendi-endi engkuk".
"Iya"
Munir wangsulan lirih karo manthuk.
"Piye
sedulur Munir?" Pak RT negesne njaluk wangsulane Munir "tumindake
arek loro mau mandheg tekan semene apa dibacutne menyang Polisi?".
"Kula
sampun trimah dumugi samanten mawon Pak RT" Munir wangsulan alon isih karo
ndhingkluk ora wani nyawang sing ngajak omongan.
"Sing
mandheg mung tekan semene iku, cumak olehe arek loro wis ngantemi sampean iku
mau lho ?" Pak Ketua Keamanan Kampung melu negesne "dadi gak ana
hubungane ambek tumindak sampean sing nerak aturan kampung kene iki mau".
"Nggih
Pak kula ngertos" wangsulane Munir panggah.
Sabanjure
embuh kepiye olehe padha rembugan antarane Pak RT, Pak Ketua Keamanan Kampung
karo Munir lan Saropah. Sing cetha kira-kira let sak jam saka kedadeyan kuwi,
Munir budhal ninggalne omahe Saropah sawise nandha tangani layang salembar sing
ditempeli metrei cukup. Sing isine layang antara liya nyebutake, kajaba Saropah
kudu asok dhendha kasusilan wujud Paving Blok kanggo ndandani gang cilik sing
ora adoh saka omahe, uga nyebutake yen sajroning wektu sing ora suwe, Munir
kudu enggal ngurus olehe arep rabi karo Saropah kanthi sah.
Olehe
metu saka omahe Saropah Munir sajak kesusu, nganti ora kober weruh yen mobil
olehe ngrental kuwi ing bageyan mburi rada bonyok merga dikepruk watu dening
Aman pas Munir lagi ditakoni dening Pak RT mau. Pak RT lan wong liyane ya
banjur bali menyang omahe dhewe-dhewe, sing keri mung Aman karo Raji merga
pancen nindakne kuwajiban dadi tukang njaga omahe Saropah, juragane. Mung wengi
kuwi Aman kajaba ketok gela uga ketok cuwa atine, angen-angene olehe arep bisa
ngrabi juragane sing wis randha kuwi jugar merga kesangguhane Munir olehe arep
enggal ngurusi layang kanggo bisa nikah kanthi sah oleh Saropah.
ana
candhake.