Total Tayangan Halaman

Senin, 09 Mei 2022

SLENDHANG KUNING (044)

44.

Ustadz Mahfudzi sak garwane pisan padha manthuk-manthuk semu mrengut, priyayi loro kuwi ora ngira babar pisan yen nganti tekan semono tumindake Munir marang sedulure dhewe. Wong loro kuwi banjur padha duwe dudutan merga Waginem ora gelem nimbangi tresnane, Munir banjur nekad gawe pitnah nyebar warta ngayawara sing isine ngala-ala marang Waginem lan wong sing dianggep cedhak karo Waginem. Nanging Ustadz Mahfudzi durung ngendika apa-apa kanggo nanggapi critane Bu Kaji, merga isih ngenteni critane Sampir sing diutus Bu Kaji golek sisik melik sing magepokan karo crita sing digawa Munir marang Bu Kaji.

 

"Wis Pir, saiki critakna apa sing wis mbok rungokne gegayutan karo olehku kongkonan wingi kae" sawuse rada sauntara padha meneng Bu Kaji banjur dhawuh marang rewange kuwi supaya ngaturake oleh-olehe "critakna apa anane, aja ana sing mbok tutupi, saupama Sodik wis tumindak kleru ya kandhakna, aja ndadak nganggo wedi barang, ben Ustadz ya mireng mengko upama Sodik kleru rak luwih gampang olehe mbenerake".

 

"Inggih Bu Kaji" Sampir atur wangsulan, sawuse nata lungguhe banjur wiwit crita "Waranggana ingkang dipun criyosaken Munir niku jebul taksih andhahane mBak Muji, Sindhen Karawitan kempalanipun Ibu-ibu PKK teng Karangasri mrika, ndelalah kala dalu niku sing kula purugi nggih griyane mBak Muji niku. Pas kula dugi mrika nyarengi wonten tamu Pak Carik kalih Bu Carik sing dados pangarepe karawitan napa namine kula boten apal, kalih tiyang sepuh sing dados tukang siter namine mBah Wan".

 

"Iya banjur kepiye ?" Bu Kaji nyelani rembug.

 

"Nggih niku, Munir nika pancen garangan edan tenan kok" Sampir wangsulan karo getem-getem "mosok meh saben wonten Sindhen anyaran teng mriku lajeng didobrili sareng mpun kenging lajeng diumbar ngoten mawon, nek enten sing ajeng boten trimah diweden-wedeni ajeng diukumne, dumeh piyambake niku criyose Pengacara. Lha sing boten keguh kalih dublukane Munir nggih klebet Waginem niku, piyambake boten nggabres kalih napa sing dikandhakne Munir. Niku sing criyos mBak Muji kalih mBah Wan".

 

"Lha jaremu ana Pak Carik karo Bu Carik barang?" Bu Kaji nyela takon.

 

"Enggih, Pak Carik criyos nek Waginem niku lare sing sae, Waranggana sing pinter, suwantene nggih sae, boten mata dhuwiten pancen nggih pengabdi seni saestu, mila nggih lajeng dados waranggana sing laris. Ning nggih niku nek kengken nembangne lagu sing radi lekoh sekedhik mawon piyambake mesthi boten purun. Wong croiyose Pak Carik, Waginem niku lare kuliyahan tur nggih dados lare masjidan, nek wonten wekdal longgar sok ngrencangi mulang ngaji lare-lare TPA napa, dados sepisan malih critane Munir nika cetha nek nggedabrus. Kula tumut anyel, nek panggih ajeng kula takoni nek neka-neka ajeng kula ungkal gerang pisan, kersane kapok" kandhane Sampir sing suwarane ketara nek ngemu rasa pegel marang Munir.

 

"Lha banjur sing ana sambung rapete karo Sodik?" Bu Kaji mundhut pirsa maneh.

 

"Lha nek niku radi kirang terang" Sampir atur wangsulan .

 

"Kurang terang piye?" Bu Kaji mburu pitakonan.

 

"mBak Muji kalih Pak Carik boten tepang lan boten ngertos sinten niku Mas Sodik, namung kemawon criyose mBak Muji, Waginem nate criyos menawi gadhah tepangan enggal tiyange sae, sopan, alus lan pinter namine Sodik. Lha criyose Waginem teng mBak Muji, Sodik niku, duka Sodik Mas Sodike piyambak duka Sodik sanes lho?".

 

"Iya banjur kepriye?" Bu Kaji mesem.

 

"Mas Sodik niku wiwitane tepang pas numpak bus saking Yogya, lajeng kepanggih malih pas Waginem ngurus SIM teng Polres, Mas Sodik nggih sami nembe ngurus SIM. Lajeng Mas Sodik diajak mampir teng griyane Waginem, teng mriku kepanggih Bedhes elek Munir sing kedanan kalih Waginem nanging boten direken. Nggih pas Mas Sodik mampir niku, Waginem nembe ngertos nek jebul Mas Sodik niku Guru, wong ngakene pas kepanggih riyin criyose namung tukang macul" kandhane Sampir nutugne olehe crita.

 

"Kuwi genah nek Sodik kene Pir, banjure piye?" Bu Kaji mundhut pirsa maneh.

 

"Criyose mBak Muji" Sampir nutugne olehe crita "ketingale Waginem nggih kepencut kalih Mas Sodik, nanging namung mandheg dugi manah thok. Kabar ingkang enggal, Waginem niku sakniki dados Guru teng Dunggalar mriki, duka teng pundi, criyose sing mbantu saged mlebet dados Guru niku nggih Mas Sodik pas Mas Sodik mampir teng griyane niku. Namung niku sing dingertosi mBak Muji kalih Pak Carik bab Mas Sodik. Ingkang cetha Munir nika empun damel pitnah dhateng Mas Sodik, kapan-kapan ajeng kula labrag!".

 

"Kira-kira upama Sodik wis kepencut karo Waginem kuwi ya memper wae Pir" Bu Kaji banjur ngendika "merga aku wae sing mung krungu crita sing mbok gawa ya melu kepencut lho karo Waginem kuwi, neng kene arang lho Waranggana kuwi sing bocah kuliyahan, luwih-luwih gelem dadi bocah masjidan barang, malah sok ngrewangi mulang TPA, kuwi genah nek bocah wedok sing pethingan tenan. Aku kok malah kepengin tepung karo waranggana sing jeneng Waginem kuwi".

 

"Nuwun sewu Bu Kaji" dumadakan Ustadz Mahfudzi nyela rembug "anggen kula matur ing ngajeng wau estunipun rak dereng rampung? Lajeng kasela kalih duginipun Kang Sampir niki wau?".

 

"Inggih Tadz" Bu Kaji atur wangsulan "nggih nyuwun pangapunten, inggih awit saking wontenipun wartos ingkang dipun beta dening ponakan kula si Munir niku wau napa, lajeng kula selak kepengin ngertos kalih critanipun Sampir".

 

"Lha samangke keparenga kula njangkepi critanipun Kang Sampir niku wau" Ustadz Mahfudzi ngendika maneh.

 

"Njangkepi kados pundi ta Tadz?" Bu Kaji katon nek durung pirsa karo sing dingendikakne tamune.

 

"Inggih njangkepi kabar ingkang magepokan kalih criyosipun Kang Sampir wau" Ustadz Mahfudzi wangsulan karo mesem "ingkang dipun sebat Kang Sampir Waranggana Waginem niku, nggih lare estri santri kula, ugi siswanipun Ustadzah Laila, ugi Guru SMA Al-Hasan ingkang kula aturaken ing ngajeng wau. Lan estunipun, kula ugi sampun manggihi tiyang sepuhipun Waginem saha Waginemipun piyambak, kula jajagi saupami Dhik Sodik kersa lan Bu Kaji marengaken, kados pundi upami Waginem dipun jodhokaken kalih Dhik Sodik. Lha wekdal kula jajagi ngaten menika, tiyang sepuhipun Waginem ingkang sampun Randha naminipun mBok Sadikem tuwin Waginem piyambak inggih ndherek mawon. Namung kekalihipun matur supados kula ngaturaken dhateng Bu Kaji bilih rumiyinipun mBok Sadikem niku nate dados tiyang nakal ingguh awit saking kawontenan, sareng dipun krama dening Bapakipun Waginem, ugi lajeng mertobat sak niki sregep ngibadah lan ndherek Majelis Taklim kula. Samangke keparenga kula matur, kadospundi menggah pamanggihipun Bu Kaji? Jalaran Dhik Sodik piyambak estunipun inggih sampun mambet manah kalih Bu Waginem, nanging dereng wantun matur dhateng Bu Kaji".

 

"Nuwun sewu Tadz" Bu Kaji sajak bingung olehe arep atur wangsulan "menapa anggenipun Ustadz pirsa menawi Sodik menika mambet manah kalih Waginem sampun dangu?".

 

"Inggih dereng patosa Bu Kaji" Ustadz Mahfudzi atur wangsulan "inggih pas ngendikanipun Bu Kaji tetirah dhateng dalemipun mBak Ririen nika, lajeng lewt sedinten Dhik Sodik dhawuh menawi badhe murugi Bu Kaji dhateng Yogya, ingkang lajeng ngendikanipun Takziyah dhateng Panggang Gunung Kidul nika".

 

"Ooooo pantes......!" Bu Kaji ngendika ditujokne marang Panjenengane dhewe .

 

"Pantes kados pundi Bu Kaji?" Ustadz Mahfudzi nyuwun pirsa.

 

"Bares mawon nggih Tadz, rikala menika kula kepengin sanget ngraketaken antawisipun Sodik kalih Restu, Guru TK tangginipun Ririen ingkang kula aturaken ing ngajeng wau. Ketingalipun Restu ugi sampun wonten tandha-tandha menawi purun menawi dipun jodholaken kalih Sodik, namung Sodikipun ingkang malah ketingalk asrep, kemawon, kula babar pisan boten ngertos menawi Sodik sampun tepang kalih Waginem niku".

 

"Inggih-inggih Bu Kaji, kula ngertos" Ustadz Mahfudzi ngendika alon.

 

"Nanging kula ingkang lajeng dados bingung piyambak Tadz? kados pundi niki saenipun?" Bu Kaji mundhut pirsa "bares mawon, kula kalih Restu niku sampun ngertos saestu bilih piyambakipun lare ingkang sae, nanging Sodik dereng ketingal purun menawi dipun jodhokne kalih Restu. Kosok wangsulipun, Waginem ngertos kula menawi Waginem menika lare ingkang sae rak inggih nembe saking Ustadz niki wau? kaimbuhan kalih criyos ingkang dipun beta si Sampir? nanging Sodik kados ingkang sampun Ustadz dhawuhaken wau bilih piyambkipun sampun mabet manah dhateng Waginem. Kula bingung Ustadz!".

 

"Ngaten kemawon Bu Kaji" Garwane Ustadz Mahfudzi genti sing ngendika "murih langkung sami cethanipun, kados pundi upami Bu Waginem dipun timbali dhateng dalem mriki? Inggih mawi pawadan menapa ngaten, mengke kula ingkang ngatur ingkang baken boten ndadosaken Bu Waginem mikir neka-neka lha kanthi makaten Bu Kaji saged tepang lan pirsa kados pundi Bu Waginem menika estunipun. Kados pundi?".

 

 

ana candhake. 

 

Minggu, 08 Mei 2022

SLENDHANG KUNING (043)

43.

Munir sing dening Aman dianggep beja jalaran bakal bisa ngrabi Saropah, jebul malah ngrasakne sing kosok baline. Tumrap Munir, gelem neken kesaguhan arep ngrabeni Saropah kuwi dudu kanugrahan nanging kacilakan. Maune Munir nggagas ora arep netepi kesaguhan sing wis ditandha tangani neng ndhuwur meterei, nanging bareng kelingan sing dikandhakne Pak Ketua Keamanan Kampung sawise dheweke neken layang kesaguhan , Munir dadi mengkeret. Githoke mrinding.

 

"Sampean bisa wae sawise metu saka omah kene banjur ngglenes ora nggagas karo isine layang sing sampean tandha-tangani kuwi" kandhane Pak Ketua Keamanan Kampung wengi kae "aku ngerti nek sampean ki Lawyer sing endhag ngenggak-ngenggokne ukara ben bisa luput saka jiretan ukum, nanging sampean ya kudu ngerti nek kajaba ana KUHP ya ana sing diarani Hukum Adat, nek nganti sing dicakne nyang sampean hukum adat dening pemuda-pemuda kene, bakal luwih runyam dadine".

 

"Nggih Pak" wektu kuwi Munir mung bisa semaur alon.

 

Kajaba saka kuwi, Munir sing wis bengeb raine lan lara awake uga kudu tanggung jawab marang sing duwe mobil sing disewa. Ndadakne nganti pulih kaya maune. Munitr jan rumangsa cilaka mencit ngana kae. Ya pas Munir nggelak mobil sewan arep digawa menyang bengkel esuk kuwi, mobile simpangan karo Mobil Pajero Sport sing dhek emben ketemu ana ngarep omahe mBok Sadikem. Ustadz Mahfudzi sekalian garwa, arep sanja menyang daleme Bu Kaji Ali.

 

"Matur nuwun saestu lho Us kalih Ustadz" ngendikane Bu Kaji sawuse padha bage binage ngabarake keslametane dhewedhewe "saestu kula sampun kapang sanget kalih Ustadzah saha Ustadz, ning sabensaben badhe sowan mrika ki kok ya ana-ana  wae pepalange".

 

"Mila kedahipun ingkang nem ngeten niki ingkang sowan Bu Kaji" Bu Mahfudzi wangsulan karo mesem "nanging nggih sami, Abine niku ingkang radi kangelan nata wekdal".

 

"Inggih Us" Bu Kaji ngendika maneh "lha badhe pripun malih tiang Ustadz niku sampun dados gadhahane umat ingkang cacahipun inggih kathah, sami anggenipun mbetahaken Ustadz".

 

"Lha ndelalah enjing niki wau longgar, Bu Kaji" sing semaur genti Ustadz Mahfudzi "mila lajeng kula langaken sowan mriki niki wau".

 

"Inggih Ustadz" Bu Kaji paring wangsulan "ndelalah niki wau si Thole ngepasi mlebet dhateng sekolahan Pondhok, nggih nyuwun pangapunten si Sodik boten saged manggihi Ustadz".

 

"Boten dados menapa Bu Kaji" Ustadz Mahfudzi mesem semanak "mila kula seja anggen kula sowan mriki wau mligi badhe sowan Bu Kaji, malah menawi saged Dhik Sodik sampun ngantos pirsa rumiyin kok".

 

Penggalihe Bu Kaji dumadakan krasa nggragab, mireng ngendikane Ustadz Mahfudzi sing sajak nyala wadi kuwi. Nek olehe rawuh mrono sengaja nglimpekne Sodik lan mligi arep kepethuk Bu Kaji, genah nek ana apa-apa sing dadi wadine Sodik. Bu Kaji banjur emut maneh apa sing dicritakne Munir wingenanane, penggalihe dadi sansaya trataban. Pasuryane katon pucet, nuduhne nek lagi kejot penggalihe.

 

"Abine niku senengane kok damel kejot lho?" Bu Mahfudzi sing pirsa glagat ora kepenak ing pasuryane Bu Kaji, gage anggone ngendika "boten kok Bu Kaji, mila Abine niku sampun pirsa menawi dinten niki wau Dhik Sodik anceran mlebet, boten kok neja badhe nglimpekaken Dhik Sodik".

 

"Estunipun wonten menapa ta Tadz? Si Thole damel kalepatan menapa?" Bu Kaji genti matur marang Ustadz Mahfudzi.

 

"Tenan ta Bi?" Bu Mahfudzi nyaut rembug karo nyawang pasuryane kakunge "Bu Kaji dados kejot nginten ingkang boten-boten dhateng Dhik Sodik. Nggih sampun mangga diaturne menawi Dhik Sodik boten tumindak ingkang boten sae".

 

"Nyuwun pangapunten Bu Kaji" Ustadz Mahfudzi banjur ngendika sareh "Babar pisan Dhik Sodik boten tumindak menapa-menapa, saestu. Lha sowan kula niki wau, kajawi njampeni raos kapang dhateng Bu Kaji, ugi wonten sambetipun kalih dhawuhipun Bu Kaji dhateng kula kala rumiyin, bab madosaken calon ingkang cocog kalih Dhik Sodik. Alhamdulillah, calon menika sampun kepanggih, larenipun sregep, trampil, remen berjuang, pinter lan nyambut damelipun boten tebih saking mriki, tiang inggih ndherek mucal ing Sekolahan Pondhok, dados sasekolahan kalih Dhik Sodik".

 

"Dados Sodik sampun tepang kalih lare wau Ustadz? lha piyambakipun mucal menapa ing Sekolahan Pondhok niku Tadz?" Bu Kaji sajak kepencut karo sing lagi wae dingendikakne Ustadz Mahfudzi.

 

"Sampun tepang namung inggih dereng lami" wangsulane Ustadz Mahfudzi "menawi Mapel ingkang dipun cdepeng inggih jumbuh kalih ijazahipun Pendidikan Jurusan Bahasa Indonesia, nanging gandheng tiyange enthengan tur nggih samubarang sarwa saged, lajeng kapasrahan nyepeng dados Pelatih Pencak Silat kangge para siswi, ugi ken tumut mucal ing ketrampilan karawitan sekolah. Lare niku mila santri kula piyambak, rumiyin ugi nate dados siswanipun Ustadzah Laila putinipun Kyai Anam Ngarengan, dados kula saestu ngertos piyambak bilih lare niku klebet lare ingkang pethingan, jan cocog sanget menawi saged dados garwanipun Dhik Sodik".

 

Akeh-akeh olehe ngendika Ustadz Mahfudzi sing nyritakne kaluwihan lan kekurangane Waginem marang Bu Kaji. Nanging babar pisan durung ngandhakne jeneng Waginem marang Bu Kaji. Bu Kaji dhewe sawuse mireng apa sing dingendikakne Ustadz Mahfudzi banjur nggagas, saupama Sodik kapeksane ora gelem digandhengne karo Restu, sajake bakal luwih apik nek dijodhokne karo Guru anyaran sing ditawakne Ustadz Mahfudzi iki.

 

Anggone padha wawan pangandikan antarane Bu Kaji karo tamune kuwi kasigeg sedhela, saka njero omah Sampir metu arep ngladekne unjukan kanggo tamune bendarane, ditutne Simpen sing ndhisiki mlaku ana ngarepe.

 

"Lho kowe wis mulih ta Pir?"  Bu Kaji dumadakan mundhut pirsa marang Sampir.

 

"Sampun Bu Kaji, dhawuhipun Bu Kaji sampun kula lampahi, alhamdulillah sedaya sing dikandhakne Mas Munir kala wingenane nika boten leres sedaya, Mas Sodik boten kados sing diwadulne Munir" Sampir wangsulan ngiras ngaturake wohing dinuta.

 

"Ya wis, aja ngalih dhisik, lungguha kene , mengko critakna apa anane ben Ustadz Mahfudzi pirsa pisan" Bu Kaji banjur paring dhawuh marang Sampir lan Simpen "kowe ya melu neng kene pisan Pen".

 

Abdine Bu Kaji lanang wedok kuwi ya banjur mapan lungguh, rada adoh karo kursi sing dilenggahi Ustadz Mahfudzi lan garwane.

 

"Mangga Tadz, mangga Us dipun kedhapi sawontenipun" sawuse meneng sedhela Bu Kaji banjur ngacarani tamu-tamune supaya ngedhapi pasugatan sing lagi wae diaturake .

 

"Inggih Bu Kaji" wangsulane Ustadz Mahfudzi lan garwane meh bareng.

 

"Nyuwun pangapunten Ustadz" Bu Kaji banjur ngendika maneh "estunipun kula niki rak nembe mawon bingung carup kalih sedhih boten kantenan ta Tadz".

 

Ustadz Mahfudzi ora wangsulan mung netrane wae ora kedhep mirsani Bu Kaji karo sorot kebak tandha pitakon.

 

"Critanipun rak ngaten" Bu Kaji nutugne olehe ngendika "Ustadz taksih kemutan pulunan kula ingkang radi mbeling nika?".

"Sinten nggih Bu Kaji?" Ustadz Mahfudzi mbalik nyuwun pirsa.

 

"Munir nika lho Tadz......."

 

"O alaah, Dhik Munir ingkang rumiyin krama kalih Susiana?"

 

"Leres Ustadz".

 

"Inggih, wonten menapa kalih Dhik Munir Bu Kaji?" Ustadz Mahfudzi banjur nyuwun pirsa.

 

"Munir niku kala wingenane dolan mriki" Bu Kaji nggenahne critane "criyos kathah-kathah sing ndadosne kula boten eca nedha ugi boten angler tilem".

 

"Lha kok saged ngantos makaten menika, menapa no Bu Kaji ingkang dipun ngendikakaken Dhik Munir?" Bu Mahfudzi genti sing nyuwun pirsa.

 

Bu Kaji unjal napas rada dawa, banjur nyritakne apa sing diwadulake Munir marang panjenengane. Ora kliwatan, Bu Kaji ya dhawuh yen wis oleh rerigen lan pamrayoga saka Simpen, abdine. Olehe Bu Kaji wis telepon marang Ririen ngrembug critane Sodik sing digawa Munir ya dicritakne, Kabeh wis ora ana sing ditutup-tutupi, klebu anggone mbudidaya Bu Kaji lan Ririen arep njodhokne Sodik karo Restu lan kekuwatirane Bu Kaji yen nganti Sodik wis mambu ati marang wanita sing nyambut gawene dadi pesindhen, kamangka wiwit biyen Bu Kaji kuwi kepengin banget bisa duwe mantu sawijining Guru, mbuh guru TK, Guru SD, Guru apa wae, watone Guru. Merga Bu Kaji pirsa, adhakan sing wis, guru ngono pinter paring piwulang becik marang putra-putrane.

 

"Mila kula lajeng nggega rerigenipun Simpen" Bu Kaji mungkasi anggone paring crita "kula lajeng kengkenan Sampir, pados sisik melik magepokan kalih criyos ingkang dipun aturaken Munir kala wau. Samangke Sampir sampun wangsul, mbeta criyos ingkang leres. Mangke kersanipun criyos piyambak, kados pundi menggah leresipun kawontenan".

 

 

 

ana candhake, 

 

Sabtu, 07 Mei 2022

SLENDHANG KUNING (042)

42.

Sauntara Aman lagi katrem nggone aweh lapuran marang Pak RT, sing lagi dilapurne babar pisan ora nduga mana yen kabeh tumindake lagi dadi bahan rerembugan. Wektu kuwi Saropah wis nyepakne gelas gedhe isi es batu sing dijupuk saka kulkase. Ber wis dibukak lan diiling neng gelas, gelas siji kanggo wong loro genti nyecep. Lampune kamar wis disalini nganggo lampu sing ijo, kahanan sajroning kamar dadi remeng-remeng, katon asri luwih-luwih kanthi suwarane gendhing-gendhing katresnan sing nganyut-anyut sansaya  muwuhi kaendahaning kamar papane Munir lan Saropah padha nyuntak rasa kangen sing wis sawatara dina ngganjel neng jerone dhadhane dhewe-dhewe.

 

Sansaya suwe wong loro seje jinis kuwi sansaya adoh keseret dening lalining ati. Lali yen apa sing ditindakne wengi kuwi ora pantes ditindakne, jalaran kekarone durung kaiket talining paugeran bebrayan. Kekarone durung dinikahne kanthi sah ing ngarepe wali lan seksi. Weruh kahanane Saropah sing wis ora kasasapan sandhangan, ndadekne Munir lali marang sapa wae, klebu wis lali marang Waginem lan wanita liyane. Samono uga Saropah, uga wis lali marang Aman lan priya liyane. Lan sing luwih nemen laline, wong loro kuwi uga lali yen cendhela kamar sing mau di bukak Munir merga arep ngrokok olehe nutup durung rapet lan durung bali dikancing.

 

Wong loro dhudha karo randha sing durung padha nikahan maneh kuwi wis ora eling yen dunya kuwi duweke wong akeh, rumangsane wis mung wong loro kuwi dhewe sing nduweni. Saking sengseme nindakne ulah asmara wis lali purwa duksina, ana suwara ora pati dirungokne ana rerupan wis ora pati diwaspadakne, ketutup rasa sing wis bener-bener kobong dening genining nafsu.

 

"Braaak........!!!" wong loro kuwi lagi kaget bareng cendhela kamare digebrak saka njaba kanthi kasar, lan saka cendhela sing menga kuwi njudhul wong loro sing anguk-anguk ngingeti apa sing wis ditindakne, Pak RT karo Pak Ketua Keamanan.

 

"Tulung Bu Saropah, klambi sampean ndang diagem !!" Pak RT dhawuh kanthi suwara alus nanging ngemu wibawa "gek lawang omah kae tulung dibukakne, akeh sedulur sing teka mrene arep kepethuk sampean".

 

Saropah karo Munir pucet, banjur padha byayakan nutupi ragane sing wis padha ora kesasapan awer-awer apa-apa.

 

"Uwis gak sah panik, sampean wong loro tak tunggu neng ngarep lawang ngarep" Pak Ketua Keamanan Kampung genti sing omong. Basane rada sereng, ora kaya carane omong Pak RT mau. Bubar muni ngono kuwi, Pak RT karo Pak Ketua Keamanan Kampung banjur padha ngalih, ninggalne Munir karo Saropah sing karo klamben atine dheg-dhegan ora karuwan.

 

Jebul Pak RT karo Pak Ketua Keamanan mau ora dhewe, neng ngarep lawang omahe Saropah wis akeh sinoman sing padha ngenteni karo praupan kebak kanepson.  

 

"Larene boten purun medal ta Pak RT?" salah sijine sinoman takon marang Pak RT.

 

"Lawange didhubrag saking njaba mawon Pak" kancane genti nyauti.

 

"Mobile wae disurung ngadoh njur diobong, ben kapok!" ana suwara liyane sing usul "dumeh wong sugih banjur arep sakepenake gawe rereged neng kampunge uwong!".

 

"Sabar.......!" Pak Ketua Keamanan sing semaur "aja seneng gawe rusak, sing nekad mengko mungsuhe malah karo aku. Saiki padha rungokna Pak RT ben ngendika!".

 

"Nggih" digetak Pak Ketua Keamanan para nom-noman kuwi kabeh mengkeret, banjur bebarengan semaur "nggih".

 

"Bu Ropah karo tamune sedhela maneh arep nemoni awake dhewe neng ruwang tamun, mengko tak jaluk aja melu mlebu kabeh, cukup siji apa loro sing melu aku karo Pak Ketua Keamanan, nakoni wonge. Ngerti?" Pak RT genti sing aweh prentah marang sinoman.

 

"Nggih" sepisan maneh bocah-bocah nom kuwi wangsulan bareng.

 

"Ngentosi teng teras mriki rak nggih angsal ta Pak?" salah siji saka nom-noman kuwi takon,

 

"Oleh!" sing mangsuli Pak Ketua Keamanan Kampung "nanging aja gawe kisruh!".

 

"Siap Komandhan, delapan nam" wangsulane sing takon mau karo mesem.

 

Pak Ketua Keamanan karo Pak RT wis ora semaur maneh, merga saka kono katon lampu ruwang tamune Saropah wis diuripne, banjur Saropah mbukakne lawang kanggo wong-wong sing padha teka ora merga diundang kuwi. Munir karo ndhingkluk lan praupan pucet ngetutne neng mburine.

 

"Mangga katuran mlebet Pak RT" kandhane Saropah karo mbukakne lawang.

 

Durung wae Pak RT semaur, dumadakan ana sinoman loro sing mbrosot ndhisiki mlebu omah, karo sing sijine mbengok banter :

 

"Iki ta menus sing arep gawe reged kampunge dhewe iki?".

 

Ora ngenteni pitakone diwangsuli, nom-noman kuwi sing siji wis ngobahne kepelane di pupuhne menyang raine Munir. Sakala Munir glayaran memburi arep tiba, sadurunge tiba, nom-noman sijine ngobahne sikile, wetenge Munir disadhuk sakayange. Ora bisa diendhani, Munir glangsaran neng jogan karo sambat ngaruara. Praupane sing wis bengeb kena kepelan ditutupi nganggo epek-epeke. Tujune Pak Ketua Keamanan Kampung luwih trengginas, gageyan mlumpat mengarep, aweh pangayoman marang Munir sing arep diimbuhi gejohan sikil dening sinoman sing mau ngampleng raine.

 

"Mundur!" Pak Ketua Keamanan nggetak sinoman loro kuwi, sing digetak bali mengkeret banjur lon-lonan mundur bali menyang teras ngumpul karo kanca-kancane.

 

Munir ditulungi banjur dituntun lungguh neng kursi tamu. Saropah ngetutne karo mripate dleweran ngetokne luhe, nangis. Pak RT uga banjur melu mapan lungguh neng kursi tamu neng sisihe Pak Ketua Keamanan sing luwih dhisik lungguh. Sinoman ora ana sing melu mlebu, kabeh mung njrabing neng ngarep lawang karo praupan sajak ngigid-igid marang Munir.

 

"Sampean jenenge sapa lan daleme ngendi?" Munir sing isih ngrasakne njareme awak kuwi dumadakan ditakoni dening Pak RT.

 

"Niki  Lawyer kula,  Pak RT......." Saropah nyoba arep aweh wangsulan.

 

"Sampean durung wancine omong!" Pak RT rada nggetak mangsuli Saropah. Saropah banjur meneng karo ndhingkluk.

 

"Dadi sampean iku Pengacara?" Pak RT ngimbuhi pitakonan marang Munir.

 

"Nggih Pak" wangsulane Munir alon.

 

"Jenengmu sapa, omahmu ngendi?" Pak Ketua Keamanan Kampung mbaleni pitakone Pak RT sing durung diwangsuli "kene Katepene wae sampean tokne!".

 

Munir ngrogoh sak, dhompete ditokne. KTP ne didudut banjur dilungne menyang Pak Ketua Keamanan Kampung, karo omong :

 

"Nami kula Munir Pak, griya kula tebih wonten Ngawi mrika".

 

Pak Ketua Keamanan ngiling-ilingi KTP sing lagi wae ditampani. Pak RT banjur nutugne olehe guneman :

 

"Sampean Pengacara, mesthine ngerti nek tumindake arek loro mau wis nerak paugeran KUHP. Sadurunge aku takon sing magepokan karo tumindak sampean neng kampung kene, aku kepengin ngerti sampean trima karo tumindake arek loro marang sampean mau? Apa sampean arep lapur Kepolisian merga sampean wis dianiaya?".

 

Munir ora enggal bisa aweh wangsulan, Saropah banjur bisik-bisik neng cedhak kupinge :

 

"Wis Yang, gak sah athik lapur, engkuk urusane nek dadi dawa, malah tekan ngendi-endi engkuk".

 

"Iya" Munir wangsulan lirih karo manthuk.

 

"Piye sedulur Munir?" Pak RT negesne njaluk wangsulane Munir "tumindake arek loro mau mandheg tekan semene apa dibacutne menyang Polisi?".

 

"Kula sampun trimah dumugi samanten mawon Pak RT" Munir wangsulan alon isih karo ndhingkluk ora wani nyawang sing ngajak omongan.

 

"Sing mandheg mung tekan semene iku, cumak olehe arek loro wis ngantemi sampean iku mau lho ?" Pak Ketua Keamanan Kampung melu negesne "dadi gak ana hubungane ambek tumindak sampean sing nerak aturan kampung kene iki mau".

 

"Nggih Pak kula ngertos" wangsulane Munir panggah.

 

Sabanjure embuh kepiye olehe padha rembugan antarane Pak RT, Pak Ketua Keamanan Kampung karo Munir lan Saropah. Sing cetha kira-kira let sak jam saka kedadeyan kuwi, Munir budhal ninggalne omahe Saropah sawise nandha tangani layang salembar sing ditempeli metrei cukup. Sing isine layang antara liya nyebutake, kajaba Saropah kudu asok dhendha kasusilan wujud Paving Blok kanggo ndandani gang cilik sing ora adoh saka omahe, uga nyebutake yen sajroning wektu sing ora suwe, Munir kudu enggal ngurus olehe arep rabi karo Saropah kanthi sah.

 

Olehe metu saka omahe Saropah Munir sajak kesusu, nganti ora kober weruh yen mobil olehe ngrental kuwi ing bageyan mburi rada bonyok merga dikepruk watu dening Aman pas Munir lagi ditakoni dening Pak RT mau. Pak RT lan wong liyane ya banjur bali menyang omahe dhewe-dhewe, sing keri mung Aman karo Raji merga pancen nindakne kuwajiban dadi tukang njaga omahe Saropah, juragane. Mung wengi kuwi Aman kajaba ketok gela uga ketok cuwa atine, angen-angene olehe arep bisa ngrabi juragane sing wis randha kuwi jugar merga kesangguhane Munir olehe arep enggal ngurusi layang kanggo bisa nikah kanthi sah oleh Saropah.

 

ana candhake.

 

SLENDHANG KUNING (041)

41.

Bubar reresik awak neng kamar mandhi pribadine Saropah lan salin sandhangan sing resik, kaya neng omahe dhewe ngana kae, Munir banjur mapan lungguh neng sofa sing ana jero kamar sing jembar kuwi. AC sing isih urip dipateni, ganti mbukak cendhela, Munir wiwit udut nyumet rokoke. Ora suwe Siti Saropah bali mlebu kamare karo nggawa kopi komplit sak lalapane disuguhne neng ngarepe Munir, kopi sing kanggo awake dhewe ya wis digawa pisan. Saropah ya banjur nusul lungguh njejeri wong sing wis dadi woding atine kuwi.

"Diunjuk yang mumpung isih anget" kandhane Saropah ngacarani .

Munir mesem, tangane diangkat lengene diselehne pundhake Saropah, ngrangkul.

"Kangen sayang......" kandhane ing sela-selaning eseme.

"Adhik luwih kangen maneh Mas....." Saropah wangsulan karo mesem ngujiwat.  Munir tanggap, lungguhe diinger Saropah diruket karo diarasi kebak nafsu. Rada sawatara wong loro kuwi padha kekep-kekepan kaya lumrahe wong sing wis dadi bojone.

 

"Ayo golek maem dhisik Mas" kandhane Saropah sawuse ngendhoni pangrukete "jane aku mau ya wis masak, nanging aku kepengin bengi iki Masku dhahar sate wedhus sing ora pati mateng banget, neng nggone Pak Man kidul Bang Jo kana kae".

 

"Saiki?" Munir mangsuli karo takon.

 

"Lha iya no, mumpung isih durung wengi nemen" Saropah wangsulan diterusne karo kandha "aku ya kepengin maem pepes iwak mas sing bakule jejer nggone Pak Man kae".

 

Wong loro banjur metu bareng, Munir nggandheng Saropah kenceng banget. Sadalan-dalan karo nyekeli setir nganggi tangan sesisih, Munir ngrangkul Saropah sing sirahe dilendhetne neng pundhake Munir. Ora mung ngrangkul nanging ya karo nggrathil tekan ngendi-endi, Saropah meneng atine malah seneng.

Rampung olehe padha mangan, ya banjur bali. Saropah kober njaluk Ber rong botol marang bakule.

 

"Ketoke sing neng oma wis entek" kandhane Saropah nalika Munir ngingeti Saropah namapani ber sing diwadhahi kresek putih.

 

"Lha sing neng omah ora dibungkusne ?" Munir takon.

 

"Omahe dhewe wengi iki suwung Mas, mBok Sumbruk mau pamit arep turu nggone anake wedok, wong putune dipitoni" wangsulane Saropah "aku mau ya titip sumbangan kok".

 

Munir mesem karo manthuk-manthuk, wong loro banjur mangkat bali menyang omahe Saropah sing gedhe tur jembar.  Tekan plawangan ngarep, Munir arep mudhun karepe arep mbukak lawang regol sing mau ditutup, nanging wurung. Aman karo Radi, wong lanang loro tukang jaga omahe Saropah jebul wis teka lan bareng ngerti nek ana mobil arep mlebu pekarangan banjur daya-daya nyedhaki ndelok sapa sing lagi teka kuwi.

 

"Lho sampean mau wis teka ta?" Saropah mbukak kaca mobile karo anguk-anguk nakoni wong loro kuwi.

 

"Uw... sampun Buk, nembe mawon" sing semaur Aman karo mesem "kula kinten sinten, lha wong nomere Plat AE kok".

 

"He eh, mobile Pak Lawyer kok" wangsulane Saropah karo ditutugne prentah "ndang dibukak lawange!".

 

"Nggih" Aman wangsulan karo nyurung lawang regol.

 

"Oh, iya mBok Sumbruk gak neng omah, turu nggone anake" kandhane Saropah maneh "mengko nek butuh ngopi sampean pesen nggone angkringane Bendhol wae".

 

Karo muni ngono kuwi Saropah ngulungake dhuwit atisan ewon salembar. Radi sing nampani dhuwite rada mlenggong, ora kulinane juragane kuwi blaba karo dhuwit, Wong adate nek dhong mBok Sumbruk ora bisa nggawekne kopi ngana kae paling akeh kanggo tuku kopi neng angkringan sing neng trotoar ngarep omah kuwi, ya mung sepuluh ewu, kuwi kanggo wong loro. Kok wengi iki dilungi atusan ewon, mula Radi ya ora gage-gage nampani, malah nyawang semu gumun marang juragane.

 

"Lagi bar oleh rejeki rada akeh Pak Radi" Saropah sing tanggap karo plenggang-plenggonge Radi gage guneman karo mesem "ben bisa sak rokoke pisan".

 

"Matur nuwun Gan" Radi nampani dhuwit atusan kuwi karo ngaturne panuwun.

 

Saropah aba menyang Munir supaya mobile diparkir mepet garasi wae, ben nek udan ora kodanan.

 

"Sajake juragane bar oleh bathi akeh Mus" bareng disawang Juragane wis mlebu omah karo tamune lan lawange wis ditutup, Radi ngomongi Aman karo ngethungne dhuwit atusan ewon sing durung kober dilebokne sake.

"Kancane Juragane mau sapa ta Kul?" ora mangsuli kandhane kancane Aman malah genti takon karo suwara sing sajak ngemu sujana.

 

"Ketoke mau kaya Pak Munir, Pengacara kancane Bosse sing omahe Ngawi ngono lho" wangsulane Radi sing ora ngerti ya gene kancane sajak ora seneng marang tamune juragane "plate mobil genah nek AE ngono lho?".

 

"Lha kok lawange terus ditutup malah lampu ngarep ya dipateni pisan, apa Munir arep nginep kene?" Aman takon maneh, suwarane sansaya keprungu nuduhne ora seneng atine.

 

Radi ora wangsulan, merga Radi senajan saben dina awor karo Aman nanging Radi ora ngerti nek satemene antarane Aman karo Saropah kuwi duwe sesambungan sing klebu wadi. Pancen sasuwene ditinggal mati sing lanang, kajaba duwe sesambungan tresna karo Munir, Saropah ya wis bola-bali kongkonan Aman ora mung supaya njaga omahe, nanging ya dikongkon nambani ngelake atine, ngancani nalika rasa sepi lagi angranuhi atine Randha sing durung duwe anak kuwi. Mula ya ora aneh nek banjur neng atine Aman tuwuh rasa gela meruhi Saropah nglebokne wong lanang liya menyang jero omahe. Pancen wiwitane jenenge Aman sing dhasare jaka sing wis rada kasep merga ora wani rabi kuwi nduweni pengarep-arep bisa dadi urip dadi bojone juragane, dadi ora mung nuruti panyurunge hawa nepsu, mula bareng ngerti nek Juragane jebul uga duwe sambung tresna karo Munir, atine dadi sansaya murup. Rasa tresna sing maune wis thukul ing atine sakala ilang, malah salin dadi rasa gething mburu sengit.

 

"Menungsa ngono kuwi ora keneng dijarne sasenenge dhewe........." karo mapan lungguh neng cedhake Radi, Aman grenengan ijen.

 

"Ya wis ben neh Mus" Radi mangsuli grenengane Aman "wong ya wis padha gedhe tuwane wae, lho. Awake dhewe iki oleh pangan sawaregan ya merga nyambut gawe neng nggone Bose iki. Nek nganti awake dhewe macem-macem, bisa uga awake dhewe banjur dilereni ora diwenehi gaweyan rak sida kapiran?".

 

"Ya kari carane ta Cul" wangsulane Aman karo rada sereng "awake dhewe bisa sedhakep awe-awe, ketoke ora ngerti apa-apa, nanging bajingan sing seneng gawe maksiyat neng kampunge dhewe kae kudu diwenehi pelajaran ben ngerti tata".

 

"Carane piye?" Radi takon sajak bingung "aku kok malah dheg-dhegan dhewe ta Mus? aku samar awake dhewe dikatutne dosane dening Bose, piye?".

 

"Aja samar" Aman wangsulan karo semu ngguyu "bakune awake dhewe mligine kowe slamet ngono wae, saiki entenana neng kene sedhela aku tak metu golek kopi nang nggone Bendhol kono dhisik".

 

Aman ngadeg arep mlaku menyang ratan.

 

"Iki lho dhuwite nek arep golek kopi" kandhane Radi karo ngelungne dhuwit olehe meneni Saropah mau.

 

"Kanthongana dhisik, nganggo dhuwitku wae" wangsulane Aman karo mesem "aku mau ya bar oleh rejeki rada akeh kok, oleh binat merga nyuwuk bayi sing nangis ora meneng-meneng. Wis, entenana kene aja nyang ngendi-endi karo gudhang mburi kae colokana dhisik, wong awake dhewe iki jaga, ora lagi cangkrukan".

 

Radi sansaya gumun ngrasakne lelakon bengi kuwi, mau juragane thukul lomane aweh dhuwit ngge tuku kopi nganti satus ewu. Saiki malah Aman barang melu-melu kandha nek bar oleh rejeki, banjur olehe arep nggolekne kopi ora gelem nganggo dhuwit pawehe juragane. Nanging Radi wegah ndedawa olehe bingung lan gumun. Dhuwit sing arep dilungne Aman mau bali dilebokne sak banjur sentolope dicandhak, pekarangan sing dijaga kuwi dicoloki tepung.

 

Aman jebul mung mampir sedhela neng angkringane Bendhol, pesen kopi kon madhahi teko, karo gorengan sacukupe. Rampung pesen banjur ditinggal, nerusne lakune olehe arep golek cara kanggo menehi pelajaran marang Munir sing dianggep wis gawe regede kampunge. Lakune Aman wis tekan omahe pak RT aweh palapuran nek wengi kuwi Saropah nglebokne wong lanang saka kutha liya menyang jero omahe. Olehe matur Aman marang Pak RT dikompliti pisan mungguh dosane Saropah lan Munir sing wis wani nampa tamu lan nginep neng omahe tanpa luwih dhisik cecala lan lapuran marang Pak Ketua RT sarta Ketua Keamanan Kampung. Kaping pindhone antarane Munir sing wong lanang lan Saropah sing wis randha, kumpul dadi saomah ing wektu bengi ngono kuwi genah nek bakal tumindak maksiyat sing bisa gawe regede kampung kono, jalaran wong loro kuwi cetha wong liya braya sing durung nikahan neng KUA. Wong loro kuwi pantes yen ta kudu ditibani paukuman sing jumbuh karo paugeraning kampung kono.

 

 

ana candhake.

 

SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...