Total Tayangan Halaman

Kamis, 02 Juni 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (006)

 

6.

Nalika samanten lampahipun Ki Sarkara lan kulawarganipun sampun tebih nilaraken laladan nagari Pajang. Inggih labet pados slamet ngendhani pangincim saking tiyang-tiyang awon ingkang dipun sraya dening Ki Dangsa, sodagar ingkang rumaos ewa dhateng Ki Sarkara. Inggih gandheng bidhalipun saking Pajang tiyang-tiyang menika boten mbeta sangu menapa-menapa, kajawi sandhangan ingkang tumemplek ing raganipun, pramila kangge mbudidaya murih boten pejah kaliren, langkung-langkung tumrap Pradapa ingkang rikala samanten nembe umur kinten-kinten tiga utawi sekawan tahun, Ki Sarkara tuwin semahipun sami gresek-gresek menapa ingkang saged katedha. Malah menawi kapepet ugi sok mantunaken manah, ngemis dhateng tiyang sanes. Anggenipun ngemis inggih namung kangge nyekapi murih anakipun boten pejah kaliren kemawon, dados menawi sampun pikantuk setunggal wungkus tetedhan inggih sampun. Kedadosan makaten menika lumampah ngantos pinten-pinten wulan, temah kawontenan raganipun titiyang menika sampun ewah tebih. Tilas-tilas menawi Ki Sarkara menika nate dados tiyang ingkang sugih bandha donya labet nggadhahi pakaryan dados sodagar alit-alitan, babar pisan boten ketingal tabetipun. Sedaya katingal kera-kera saha boten pakra, inggih kados limrahipun kere-kere ingkang boten cetha kandhangipun ngaten menika.

 

"mBok kendel rumiyin ta Pakne, suku kula kok kraos theklok sanget kados makaten" nalika lampahipun Ki Sarkara sabrayat dumugi satunggaling bulak ingkang wiyar, dumadakan Nyi Sarkara sambat sayah lan ngajak semahipun kendel.

 

"Iya leren ya leren, nanging ya golek enggon sing rada kepenak, ora neng panasan ngene iki" wangsulanipun Ki Sarkara sarwi nyawang semahipun ingkang ketingal sampun sayah sanget, inggih wiwit wau saderengipun pletheking surya ngantos samangke srengenge sampun ngglewang mangilen, mila dereng kendel anggenipun sami mlampah lan wiwit wingi inggih dereng sami nedha menapa-menapa, kajawi pun Pradapa ingkang wau kober nedha sekul wadhang tirahan kala wingi. Wekdal niku Pradapa dipun gendhong dening bapakipun.

 

"Inggih Pakne" wangsulanipun Nyi Sarkara kalih mripatipun nyawang mengajeng, watawis seket jangkah saking mriku ketingal wonten wit-wit ageng ingkang ngrembuyung pang-pangipun.

 

Saestu sasampunipun dumugi ing ngandhaping wit-witan ingkang ageng kasebat, ingkang pranyata wit Munggur. Ing ngandhaping wit menika wonten sendhang ingkang toyanipun bening lan ketingal nyarong.

 

Ing salebeting batos Ki Sarkara ngraos ngungun, dene ing papan ingkang tebih saking padhusunan makaten menika, teka wonten sendhang ingkang ketingalipun resik, mracihnani menawi asring kaambah dening tiyang. Nanging raos gumun kala wau enggal ical, awit sanaosa tebih saking padhusunan, nanging papan mriku dipun kupengi dening ara-ara ingkang jembaripun boten kantenan. Sanaosa wekdal niku ara-ara kala wau namung bera, nanging Ki Sarkara nggadhahi panginten menawi ing wanci boten mangsa ketigen, ara-ara menika tartamtu dipun olah lan dipun tanemi dening ingkang gadhah. Inggih ambok bilih kemawon, titiyang ingkang nggadhahi siti ing sakupenging sendhang menika ingkang asring saba dhateng mriku menawi mbetahaken toya.

 

Ki Sarkara sasampunipun ngandhapaken Pradapa saking gendhongan tumuli mlampah, mandhap dhateng sendhang lajeng ngunjuk toyaning sendhang sakatogipun. Nyi Sarkara ugi makaten, inggih boten maiben tiyang kekalihipun menika nembe kaliren, dados kangge ngisi padharanipun inggih lajeng sami ngunjuk. Benten kalih Pradapa sanadyan wetengipun ngelih nanging boten kados ngelihipun tiyang sepuhe. Nalika Ki lan Nyi Sarkara sami mandhap dhateng sendhang, Pradapa milih dolanan ing sacaketing sela ageng ingkang wonten sacaketing wit Trembesi ingkang ageng wau. Sela wau awangun kados pipisan nanging ageng, lan ing sandhingipun wonten sela alit ingkang wangun gandhik. Wonten malih sela ingkang wujudipun kados lumpang lan ing caketipun wonten sela ingkang awangun kados alu.  Dumadakan Pradapa ingkang nembe kasengsem ningali sela-sela ingkang rumaosipun aneh awit benten kalihan salumrahing sela menika, sumerep wonten ancak ing sangandhaping sela ingkang awangun lumpang. Ancak menika isi tetedhan maneka warna, wonten sekul jangkep salawuhipun, wonten tetedhan rupi kupat kalih lepet lan jajanan sanesipun. Lajeng ing sisihipun ancak wau wonten ancak malih ingkang isinipun pisang raja satangkep, dipun sisihi apem . Ing mriku ugi wonten Kendhi ingkang kucunipun sunumpetan mawi ron pisang.

 

Nyumerepi kawontenan makaten kala wau, boten sranta Pradapa lajeng mlajar murugi tiyang sepuhipun ingkang nembe kendel ing satepining sendhang.

 

"Alon-alon Dapa, aja mlayu mengko nek tiba?" Nyi Sarkara ingkang nguwatosaken menawi yoganipun dhawah awit playon ing papan ingkang radi miring, nuturi Pradapa.

 

"mBok aja dilokne, nek tiba mengko rak ya tangi" Ki Sarkara ingkang suka wangsulan dhateng semahipun "bocah lanang kuwi upama tiba merga playon utawa penekan kuwi lumrah".

 

"Anu Bapa, aku weruh anu......." Pradapa criyos dhateng Ki Sarkara bilih nembe kemawon sumerep tetedhan ingkang wonten ancak kala wau, nanging boten saged nyebat naminipun ingkang dipun sumerepi.

 

"Anu apa? Ula? Kadhal? apa.... apa?" Ki Sarkara semaur kalih mesem sumerep solahipun Pradapa ingkang ketingal lucu menika, sakeplasan raos ngelih lan sayahing badan saged kaslimur.

 

"Dudu kuwi Bapa" wangsulanipun Pradapa kalih mrengut.

 

"Lha apa? Kucing ? Rase apa liyane?" Ki Sarkara gumujeng alon.

 

"Ya dudu, deloken ta Bapa, ketoke enak lan legi Bapa" Pradapa nyobi nyethakaken menapa ingkang dipun criyosaken "deloken ta, kae lho neng ngisor wit!".

 

"mBok cobi ditingali ta Pakmu!" Nyi Sarkara numpangi rembag "kok sajak nyalawadi".

 

Ki Sarkara ngadeg, lajeng mlampah nuruti lampahipun Pradapa ingkang semu nggeret tanganipun.

 

Sareng dumugi panggenan ingkang dipun kajengaken dening Pradapa lan sumerep ancak sarta isinipun, Ki Sarkara sakala mlengak. Nitik kawontenanipun ancak saisinipun menika dereng dangu anggenipun sumeleh wonten mriku. Nanging sinten ingkang nyelehaken? ing mriku boten ketingal menawi wonten tiyang sanes kajawi namung piyambakipun tuwin semah lan anakipun kemawon.

 

"Ketingalipun menika kok sesajen ta Pakmu?" Nyi Sarkara ingkang ugi sampun sumerep ingkang wau dipun criyosaken Pradapa pitaken dhateng semahipun. Ki Sarkara boten semaur, namung manthuk ngleresaken pangucaping semahipun.

 

"Kuwi dipek banjur dimaem oleh ya Bapa?" sareng dipun tengga radi dangu Ki Sarkara namung kendel kemawon, Pradapa ingkang ngraosaken wetengipun sansaya ngelih, lajeng pitaken dhateng tiyang sepuhipun.

 

"Inggih Pakmu" Nyai Sarkara mbumboni pitakenipun Pradapa, awit Ki Sarkara boten enggal paring wangsulan "menawi menika sesajen, padatanipun menawi sampun dipun tilar dening ingkang yasa, rak lajeng kenging dipun surut?".

 

"Mengko dhisik ta Bokmu" wangsulanipun Ki Sarkara sajak ngatos-atos "aja gampang melik barang kang melok kesusu selak muluk, awake dhewe kudu eling unen-unen sing mulangake yen Desa mawa cara, negara mawa tata, ngana kae".

 

"Kajengipun pripun niku Pakmu?" Nyi Sarkara ketingal dereng mudheng kalih ingkang dipun kajengaken sing jaler.

 

"Yen cara nggone dhewe biyen, pancen bener kaya sing mbok kandhakne mau" kanthi sabar Ki Sarkara nuturi estrinipun "sesajen kuwi nek wis ditinggal dening sing nyelehne, wong liyane sing weruh lan kepengin njupuk sesajen kuwi pancen ora ana sing ngluputake, jenenge nyurut. Nanging kuwi cara ing nggone dhewe, lha nek neng kene, cara ngono kuwi padha cak-cakane apa ora? kuwi awake dhewe rak durung ngerti ta? dadi ya aja kesusu tinimbang mengko dadi kleru".

 

Nyi Sarkara namung kendel boten wangsulan, piyambakipun ngertos kalih ingkang dipun criyosne dening ingkang jaler.

 

"Gage ta Bapa, ndang dijupuk, wetengku wis luwe banget lho!" Pradapa ingkang sampun kepengin nedha kasurung dening raos ngelih ing wetengipun, boten maelu dhateng rembagipun bapa tuwin biyungipun, ngengken Ki Sarkara murih enggal mendhet sesaji ing ngandhaping wit Munggur menika.

 

"Aja ya Le, ora becik" Ki Sarkara gage anggenipun mangsuli "njupuk lan mangan barang sing dudu duweke kuwi jenenge laku sing ora becik, bisa kuwalat!".

 

"Nanging kuwi rak ora ana sing duwe ta Bapa?" Pradapa panggah ngeyel.

 

"Barang kok ora ana sing duwe ki piye ta Le?" Ki Sarkara sabar mangsuli ucapipun Pradapa "kabeh barang kuwi mesthi ana sing duwe, awake dhewe wae sing durung ngerti sapa sing nduweni panganan kuwi kabeh, sing cetha dudu awake dhewe lan upama nganti awake dhewe njupuk lan mangan panganan kuwi bisa kuwalat".

 

"Nanging wetengku wis luwe banget lho Bapa?" Pradapa wiwit prembik-prembik arep nangis ketang anggenipun sampun sawatawis dangu ngampet raos ngelihing wetengipun.

 

Nyi Sarkara ingkang estunipun nggadhahi pamanggih meh sami kalih Pradapa namung kendel boten wantun nyaulu ingkang jaler, ajrih menawi Ki Sarkara nesu, mila lajeng wicanten ngajak nglajengaken lampah murih boten kegodha melik sesajen ing ngadhap wit Trembesi wau.

 

"Mangga Pakmu ndang nglajengne lampah mawon, mugi-mugi enggal panggih tiyang ingkang purun nglintoni tenaganipun piyambak kalih sekul kangge tedhanipun si Thole" lajeng Nyi Sarkara gentos ngandhani yogane "ayo Nang, mlaku maneh sedhela engkas Bapa rak ndang oleh sega, nek neng kesuwen neng kene ya sapa sing arep menehi?".

 

"Nanging saiki aku wis luwe banget Biyung......" Pradapa semaur sajak taksih kepengin saged nedha panganan sesajen ingkang dening bapakipun boten angsal dipun pendhet kala wau.

 

Radi sawatawis Ki Sarkara nuturi lan mbujuk Pradapa supados boten rewel lan murih purun dipun ajak nerasaken lampah, nanging Pradapa boten nggega malah lajeng nangis sambat ngelih.

 

"He he he..... iki ana wong ngerti nek anake luwe kok malah dipeksa dijak mlaku? Kok bodho temen, wong neng kene ana panganan sing keneng dipangan kok malah arep ditinggal lunga?" boten ngretos sangkan paranipun, dumadakan Ki Sarkara sabrayat dipun kagetaken dening suwantenipun tiyang gumujeng lan maido dhateng Ki Sarkara, kawasatanan bodho . Tanpa sranta Ki Sarkara lajeng tumoleh ningali sinten ingkang nembe dugi menika.

 

 

ana candhake.


Selasa, 31 Mei 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (005)


 5.

Sing diarani dening Tanggon Guwa kuwi mau jebul mung wujud papan sing jembare watara rong puluh jangkah mubeng sing dikupengi punthuk-punthuk rada dhuwur, mung ing sisih kidul saka panggonan kuwi ana papan sing kaya erong gedhe manggon neng ngisore punthuk.  Papan sing kayoman dening ngrembuyunge pang saka wit-witan sing gedhe-gedhe kuwi uga dipayoni nganggo alang-alang garing sing diwelit lan digapit, rapet dadi kena kanggo ngiyub manawa ana udan sing tumiba utawa kanggo nadhahi tumurune banyu ebun ing wanci bengi.

 

Tekane Tangon sing ditutne karo Pradapa, Rangga lan Marga pranyata nuwuhake rasa seneng saka Pahing, Tolu lan Pangkas sing dina kuwi kudu leren mandheg ora oleh metu saka guwa, merga sing kejatah golek pangan kanggo dina kuwi uga ngulat-ulati kahanan sajabane guwa, tiba gilirane Tanggon. Wong telu kuwi banjur padha kanthi grapyak semanak njagongi sing lago padha teka.

 

"Saestu kula boten nginten menawi dinten niki kula saged kepanggih kalih ndika Gus Dapa" kandhane Tolu makili kanca-kancane "sanaosa kula ngertos bilih nalika samanten ingkang dhawahaken paukuman tundhung dhateng kula tiyang sekawan niki, murih kesah saking Kepuh Agal mila nDika Gus Dapa, nanging kula tiyang sekawan ugi ngertos bilih anggen ndika ndhawahaken paukuman tundhung dhateng kula  tiyang sekawan niki estunipun namung kangge ngayomi kula lan kanca-kanca saking wentalanipun Lurah Danara miwah murid-muridipun Kyai Daka".

 

"Iya Paman" wangsulane Pradapa alon, sanajan tatu neng lempenge wis ora krasa lara, nanging kekuwatane Pradapa durung pulih, isih krasa lemes lan kurang daya. Tanggon sing wis ngerti yen Pradapa lagi nandhang tatu, banjur mbisiki Pangkas. Sing dibisiki manthuk-manthuk banjur mundur alon-alon rada mire, ngalih ing peranganing guwa sing kaling-kalingan wit gedhe, Tanggon ngetutne ana mburine.

 

"Aku dhewe uga ora ngira yen aku bakal ketemu karo ndika kabeh ing papan kene" Pradapa nutugne anggone wangsulan "malah iki mau upama ora awit oleh pitulungan saka Adhi Rangga lan Adhi Marga, sing nyingidake ragalku sing wis ajur amoh mergakena gegamane para andhahane Lurah Danara, lan uga banjur diusadani nganggo carane Dewa paring usadam kira-kira aku ora bakal bisa ketemu ndika kabeh kanggo selawas-lawase. Merga miturut petungan nalar lumrah, tatu sing ana lempengku merga kena disawat Kudhi dening si Parwa, kudune wis ora bisa ditulungi maneh. Nanging iya awit mandining tamba sing didarbeni Adhi Marga ora nganti ngentekne wektu seprapat dina, tatuku wis pulih".

 

"Sing ndika kandhakne kuwi mau ana sing ora bener Kakang Pradapa" Marga nyaru wuwus nugel omongane Pradapa.

"Boten leres? ingkang lepat ingkang pundi Adhi?" Pradapa takon sajak gumun, merga rumangsane sing diomongne kuwi mau ya jumbuh karo kahanan sing dilakoni.

 

"Dudu tamba lan caraku mbudidaya murih tatu ndika enggal waras sing ndadekne ndika isih bisa urip tekan saiki, nanging kabeh mau mung awit saka Maha Asihe Gusti marang kawulaNe" wangsulane Marga aweh piwulang supaya menungsa ora gampang nglalekne kamurahaning Gusti.

 

"Inggih-inggih Adhi" wangsulane Pradapa "Adhi Rangga lan Adhi Marga lakar namung dados srana kawilujengan kula".

 

"Nyuwun pangapunten Gus Dapa" dumadakan Tolu bali guneman "estunipun kadospundi larah-larahipun ngantos ndika  keplajeng lan dados buronipun Ki Lurah Danara menika? kamangka sadangunipun menika Gus Dapa tansah ngalah lan boten nate nglanggati pikajengipun Lurah Danara ingkang saben-saben tansah pados dadakaning pasulayan menika?".

 

"Kuwi rada dawa critane Paman Tolu" wangsulane Pradapa "lan kanggo crita minangka wangsulan marang ndika kuwi, lagi bisa tak kandhakne mengko yen wis rampung olehku atur wangsulan marang Adhi Rangga lan Adhi Marga kang uga mbutuhne crita sing rada dawa yen wis rampung lagi aku bisa aweh wangsulan marang ndika lan marang Paman Tanggon sing mau uga nakokne perkara kang padha karo pitakon ndika marang aku lagi wae iki mau".

 

"Manawi makaten, inggih mangga Gus Dapa wawan pangandikan rumiyin kalih Adhi kekalih menika, murih boten angreregoni anggen ndika badhe rerembagan, kula kalih Adhi Pahing tak mire sawatawis nusul Adhi Tanggon lan Adhi Pangkas ing pepengkeran" kandhane Tolu sabanjure banjur ngatag Pahing diajak ngalih "ayo Dhi, mire sauntara aja ngregon-ngregoni Gus Dapa lan Adhi Rangga sarta Adhi Marga wawan pangandikan".

 

"Ora prelu ngalih Paman" wangsulane Pradapa "malah kepara padha mlumpuka ana kene, prelune mbok menawa ana kliwatane critaku Paman-paman sing uga ngerti lelakon sing arep tak aturne marang Adhi Rangga lan Marga mengko, bisa nggenepi critane. Lan mbok menawa wae, kanthi melu nyemak apa sing bakal tak aturake marang Adhi Rangga lan Adhi Marga mengko, pitakonan ndika lan pitakone Paman Tanggon katut bisa oleh wangsulan".

 

Tanggon karo Pangkas sing mau ngalih, mbalik mara mrono maneh, karo nggawa panganan sing diwadhahi tampah, uwi gembili godhogan karo daging kidang sing wis diolah prasaja kanthi dipanggang dibumboni uyah. Sauntara minangka ombene banyu tawa sing diwadhahi ing jero Kendhi.

 

"Nyuwun pangapunten Raden, eh Adhi Rangga lan Adhi Marga saha Gus Dapa" kandhane Tanggon karo nyelehne tampah sing disangga ing dhuwur Theple sing dienam saka blarake kelapa "mangga katuran ngrahabi tetedhan pala kependhem saking wana saha ulam kidang asil mbebedhag kala dalu".

 

"Matur nuwun Kakang" sing aweh wangsulan Rangga sing banjur kandha marang Marga "lha uwi putih mau katut mbok gawa mrene apa ora Dhi?".

 

"Ingkang mbeta mriki kula Adhi" sing aweh wangsulan malah Tanggon "ingkang sampun bakaran nembe kemawon kula tedha kalih Adhi Pangkas, lha ingkang taksih mentah kula wor kalih pala kependhem anggen kula pados ing pengkeran".

 

"Oo, ya wis mau aku kober kuwatir nek olehku ndhudhuk uwi alus esuk mau jebul ora kepangan" kandhane Rangga sabanjure.

 

"Inggih Adhi" genti Pradapa sing guneman "mangga enggal dipun rahabi mawon, saderengipun kula lajengaken ngaturaken lelampahan kula dhateng Adhi kekalih".

 

"Iya Kakang" wangsulane Rangga "mangga".

 

Dhasare wis padha ngelih kabeh, mula sanadyan mung wujud pala kependhem digodhog, karo dilawuhi iwak kidang sing mung dipanggang lan dibumboni uyah thok, ewa samono kabeh padha ngrasakne enake panganan sing lagi dirahabi. Bubar mangan banjur padha gentenan nglangga banyu tawa saka jerone kendhi, krasa seger lan nuwuhake kasumyahan marang sakujuring raga.

 

"Criyosipun rumiyin niku, rak makaten ta Dhi" kandhane Pradapa sawuse padha rampung olehe padha mangan .

 

"Iya, kepiye Kakang Pradapa?" Rangga wangsulan karo takon.

 

"Criyosipun ingkang rumiyin manggeni papan ingkang samangke kasebat Dhukuh Kepuhagal utawi Kepoh Agal, menika rak Bapa tuwin Biyung kula?" Pradapa miwiti crita.

 

"Ngono Kakang ya?" Marga nyela rembug.

 

"Inggih Adhi" wangsulane Pradapa nutugne crita "Tiyang Sepuh kula rumiyin suwaunipun tiyang saking laladan Pajang, gesang minangka bakul utawi nindakaken lampah dagang, dados gesangipun inggih kenging winastan sampun cekap. Nanging andilalah garising pesthi ingkang kedah dipun pidak dening tiyang sepuh kula lan anakipun inggih menika kula, ngedahaken nglampahi gesang kesrakat ketula-tula dados tiyang klambrangan temah ngantos dumugi papan ingkang samangke sinebat Dhukuh Kepoh Agal menika".

 

"Kok Bisa mangkono Kakang?" Rangga sumela takon.

 

"Inggih Adhi" wangsulane Pradapa karo nutugne critane "meh sareng jamanipun Ki Gedhe Mataram nilar kitha Pajang saperlu mbabad wana Mentaok kalihan putranipun ingkang samangke jumeneng ing Mataram, inggih Gusti Panembahan Senapati, tiyang sepuh kula nampi pacoban saking Gusti Ingkang Paring Gesang. Griyanipun tiyang sepuh kula kadugen Kampak ingkang dipun sraya dening salah satunggaling sodagar ingkang boten remen dhateng tiyang sepuh kula. Sedaya barang pengaji lan isen-isening griya dipun tedhi srana peksan, lajeng griya dipun obong ngantos telas. Bapa kalihan biyung sarta kula dipun tundhung murih kesah, menawi boten purun badhe dipun pejahi. Inggih awit karoban mengsah, tiyang sepuh kula babar pisan boten saged suka panglawan. Inggih saderengipun griya telas kamangsa ing latu, Bapa tuwin biyung nganthi kula kesah nilaraken dhusunipun. Kesah sapurug-purug dados tiyang papriman".

 

"Ing ngarep mau ndika dhawuh, yen sing wiwitan manggon neng Dhukuh Kepuh Agal kuwi wong tuwa ndika, kuwi critane kepriye?" Rangga munggel rembug kanthi pitakonan.

 

"Menika kalampahan awit Bapa nindakaken dhawuh piwucalipun Kyai Juradah lan Kyai Asmarasanta" Pradapa aweh wangsulan.

 

"Sapa maneh kuwi?" Marga sumela takon.

 

"Kekalihipun menika abdi kinasih saking Sang Hyang Bathari Setyawati, inggih Ratuning para lelembat ing Kraton Ngiyom, ingkang menawi kasawang mawi mripat limrah wujudipun inggih namung Sendhang alit ingkang mapan ing Kidul mrika radi sawatawis tebih saking papan mriki. Dene jangkeping cariyos kados makaten ...................."

 

 

ana candhake


Minggu, 29 Mei 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (004)

 

4.

Sepisan maneh Marga ngiling-ilingi tatu ing lempenge Pradapa  sing mau diwuwuri bubukan saka bumbung tamba lan diblebet nganggo suwekan jarite. Marga manthuk-manthuk, jroning bati nocogne apa  isining piwulang kasarasan sing diwaca ing rontal sing ditemu ing omah sing ditunggu Ki Lasma jaman semana. Pancen kanthi sengaja dina iki mau Marga wis ndadekne Pradapa sing miturut petungan nalar kudune wis mati merga kesatan getih sing mili saka tatu ing lempenge, minangka panyoba apa sing dicritakne ing rontal sing diwaca. Isine rontal nyebutake yen bubukan sing digawe saka gegodhongan lan oyot-oyotan rolas rupa kuwi nduweni daya kang ngedab-edabi, nanging yen nganti kleru anggone ngecakne uga bisa mbilaheni, sing ditambani ora sida waras nanging bakal tumekeng tiwas. Mula bareng ngerti kahanane Pradapa sawuse ditambani nganggo bubukan sing digawe kanthi dhasar piwulang rontal sing diwaca kuwi katon sansaya becik, jroning atine Marga ngunjukne rasa sokur marang Gusti Allah. Lan kanthi lelandhesan piwulang saka rontal sing diwaca nalika samana kuwi, Marga bisa rada mesthekne yen ora suwe maneh Pradapa bakal bisa tangi lan tatune ora mbutuhne wektu sing suwe anggone bisa garing lan pulih kaya mau-maune. 

 

"Tak kira bener apa sing ndika kandhakne kuwi mau Ki Sanak Pradapa" kandhane Marga marang Pradapa sabanjure "nanging ya aja dipeksa, nek pancene durung kuwat mlaku ya ora ana alane yen kudu ditandhu".

 

"Inggih Raden" wangsulane Pradapa isih karo ngglethak "nanging kula sampun boten ngraosaken sakit malih ing sakujurung badan kula menika. Nuwun sewu Raden, kula saestu ngaturaken genging panuwun dhumateng andika Raden ingkang sampun paring pitulungan dhateng kula temah kula dereng siyos pejah ing tanganing titiyang duraka ingkang dipun suhi dening Luah Danara kala wau. Nuwun sewu, menapa kula keparengaken mangertos Raden menika sinten ? Wingking saking pundi ? Badhe tindak pundi? menapa mila Raden menika utusaning Sang Hyang Agung saking alam sanes kangge milujenmgaken kula saking tanganipun Danara lan rencang-rencangipun kala wau?".

 

"Sadurunge tak wangsuli apa sing ndika takokne marang aku iki mau, saiki coba ndika enggo lungguh luwih dhisik, isih krasa lara apa ora?" wangsulane Marga aweh prentah supaya Pradapa tangi saka anggone ngglethak.

 

"Inggih Raden" wangsulane Pradapa karo tangi lan sawuse lungguh sawantara banjur nutugne olehe guneman "sampun Raden, kula sampun mantun saestu, boten wonten raos sakit malih".

 

"Sokur yen pancen mangkono Kisanak Pradapa" wangsulane Marga karo mesem lega "saiki ndika rungokne kandhaku, aku iki manungsa lumrah bocah saka padesan, dadi ndika aja ngundang aku Raden maneh, cukup nganggo celukan sing pantes kanggo nyeluk bocah ndesa, jenengku Marga tekaku kene mau karo sedulurku tuwa jenenge Kakang Rangga saiki wonge lagi golek wuwuh uwi nutawa gembili tunggale sing tak bakar neng geni bedhiyang kuwi"

 

Marga ngadeg lagi kelingan yen mau dheweke mbakar uwi putih. banjur mlaku nyedhaki bedhiyang sing kanggo mbakar uwine. Temenan uwi sing dibakar wis mateng lan upama kasep sedthithik olehe ngentas bisa kobong dadi areng. Wi bakaran kuwi banjur digawa bali ing panggonane lungguh mau.

"Uwine wis mateng Kisanak Tanggon lan Kisanak Pradapa" kandhane Marga karo ngajak wong loro kuwi melu mangan uwi olehe mbakar, ora lali sing sethithik disisihne kanggo ngengehi Rangga sing lagi lunga embuh menyang ngendi parane "ayo padha dipangan, kenaa kanggo ngganjel weteng".

 

Tanggon nyandhak uwi sing ana ngarepe banjur diulungne marang Pradapa .

 

"Mangga ndika nedha riyin Gus" kandhane Tanggon "menawi kula kalih Kang Pahing, Kang Tolu kalih Adhi Pangkas sampun nedha gembili ing guwa".

 

"Saiki Paman Tolu, Paman Pahing lan Paman Pangkas isih ana guwa pandhelikanmu, apa Paman Tanggon ?" karo nampani Uwi sing diulungne Pradapa takon marang Tanggon.

 

"Leres Gus" wangsulane Tanggon "mila dinten niki wau, ingkang gadhah kuwajiban pados tedha kula benjing enjing gentos Adhi Pangkas. Lan sampun dipun sarujuki dening kula tiyang sekawan, bilih ingkang kenging medal saking papan pandhelikan inggih namung ingkang kajibah pados tedha, dene sanesipun kedah kantun wonten salebeting guwa, menika namung kangge njageni murih boten gampil kadenangan dening tiyang-tiyangipun Danara".

 

"Iya, iya aku ngerti sing padha mbok karepne kuwi Paman" wangsulane Pradapa sawuse mamah uwi bakar lan diulu mlebu wetenge "mesthine Paman Tanggon rak ora ngira yen bakal kepethuk aku ana kene iki ta? lan kira-kira sawise kepethuk ndika lan Paman Tolu, Paman Pahing apa dene Paman Pangkas, aku bakal krungu crita sing akeh saka ndika kabeh, crita sing aneh-aneh lan ngrerujit ati, nanging kepengin banget aku ngerti".

 

"Inggih Gus, kula sedaya nggih kepengin ngertos wartos lan wonten kedadosan menapa ing  Kepuhagal sasampunipun kula katundhung kesah saking mrika, langkung-langkung sareng kula ngertos wonten kedadosan bilih Gus Pradapa nandhang kanin ingkang radi santer, katujune wonten Kisanak Marga ingkang asung pitulungan menika" wangsulane Tanggon.

 

"Mengko dhisik Kisanak Pradapa lan Kisanak Tanggon" sadurunge Pradapa aweh wangsulan marang Tanggon, Marga nigas rembuge wong loro kuwi "yen ndika wong loro padha kepengin ngrumgokne crita saka siji lan sijine, satemene aku ya kepengin weruh kepriye crita sing sabenere, apa kang dadi mula bukane teka Kisanak Pradapa memungsuhan karo Ki Daka, sing wekasane ana kedadeyan Lurah Danara sakancane  mbujung Kisanak Pradapa kaya ngoyak durjana, nganti meh wae Kisanak Pradapa tumeka pati merga kena Kudi sing disawatake dening andhahane Danara sing jeneng Parwa ? ndelalah wae aku karo kakangku liwat dalan kene sing banjur bisa nyingidake Kisanak Pradapa lan sethithik aweh tamba iki mau?".

 

Pradapa karo Tanggon rumangsa eram krungu pitakone Marga sing wis weruh jenenge Ki Daka, Lurah Danara malah sing nyawatake Kudhine temah ngenani lempenge Pradapa wae Marga uga weruh yen jenenge Parwa.  Saking olehe gumun lan rumangsa eram, nganti sapandurat wong loro kuwi ora bisa kumecap apa-apa.

 

"Bener kuwi Dhi" Tanggon lan {Pradapa dadi sansaya eram bareng ora weruh sangkane dumadakan wis ana wong teka karo guneman lan mapan lungguh neng sandhinge Marga "coba kaya apa critane wong loro kuwi mengko? jumbuh karo critaku sing tak temu nalika aku lunga mau apa ora?".

 

"Iya Kakang" wangsulane Marga marang Rangga sing lagi wae teka kuwi mau "iya Kisanak Pradapa lan Kisanak Tanggon, ditepungake iki sedulurku tuwa sing mau wis tak kandhane yen jenenge Kakang Rangga".

 

"Inggih Adhi" wangsulane Pradapa "nuwun sewu, kepareng ta menawi kula ngaturi ndika kekalih mawi sebutan Adhi? awit miturut pamawas kula Adhi kekalih menika taksih langkung timur tinimbang kula?".

 

"Aku seneng Kakang Pradapa" sing gage wangsulan malah Rangga "yen ndika gelem nyeluk aku adhi, aku ya seneng yen ngaturi ndika nganggo sebutan Kakang. Aku wis ngerti jenenge kakang Pradapa kuwi merga mau aku krungu Si Danara sakancane nyebut-nyebut jenenge Kakang Pradapa lan aku ngerti jenenge kakang Tanggon iki merga adhiku mau nyebut jenenge Kakang Tanggon".

 

"Inggih Adhi" wangsulane Pradapa sing sajak wis waras saka tatune, kang mangkono mau uga wis narik kawigatene Rangga sing banjur kelingan yen mau Marga kandha arep nyoba bubukan tamba anyar asil saka anggone maca tulisan neng rontal sing ditemu ing omah sing ditunggu Ki Lasma jaman semana. Rontal lan omah maya kang sanyatane manggon ing alam Sipatullah.

 

"Kula sakalangkung matur nuwun dhumateng Adhi Rangga lan Adhi Marga ingkang sampun nyambung gesang kula menika" Pradapa nutugne olehe wangsulan "mila kula kedah ngaturaken lelampahan ingkang saleresipun dhumateng Adhi kekalih, awit nadyan kula sampun saras, nanging kula panggah badhe nyuwun tulung dhateng Adhi Marga lan  Adhi Rangga, murih nglarungaken wangkingan gadhuhan kula dhateng telenging Sendhang Ngiyom".

 

"Perkara ndika arep kongkonan aku nglarung keris menyang Sendhang Ngiyom kuwi bisa dirembug mengko Kakang Pradapa" kandhane Rangga nigas tembunge Pradapa "sing baku aku kepengin nocogne crita sing tak tampa saka sumber liya karo crita sing bakal ndika critakne marang aku lan adhiku mengko, endi sing kira-kira bisa tinemu ing nalar".

 

"Nuwun sewu Gus Dapa lan ndika Adhi Rangga lan Adhi Marga" dumadakan Tanggon melu guneman "panginten kula, criyosipun menika mangke radi panjang. Menapa boten prayogoi menawi anggenipun jagongan menika nglaih dhateng guwa papan pasingidan kula kalih kanca-kanca? murih langkung sekeca anggenipun ngaturaken cariyos ingkang dipun kersakaken Adhi Rangga tuwin Adhi Marga menika kala wau?".

 

"Bener Paman" sing wangsulan dhisik dhewe Pradapa sing banjur kandha marang Rangga lan Marga "mangga Adhi kekalih, murih sekecanipun mangga kula dherekaken ngalih papan dhateng guwa papan pasingidanipun Paman Tanggon lan rencang-rencangipun kemawon".

 

 

ana candhake.


Sabtu, 28 Mei 2022

SENDHANG MUSTIKANING WARIH VI (003)

 

3.

Ora suwe nggone milang-miling golek pala kependhem sing ana ing alas kuwi, Rangga wis nemu uwi alas jinis uwi putih sing wite lagi sakecu njedhul saka lumahing lemah. Rangga dadi seneng, awit uwi sing ngono kuwi adhakane gedhe uwohe lan gurih sarta empuk yen dibakar utawa digodhog. Gageyan Rangga tumandang ndhudhuk uwi sing thukul neng lemah abang campur pasir kali sing gembur kuwi. Ora suwe uwoh uwi sing didhudhuk  wis bisa dientasne, uwohe dijupuk lan sirahe uwi dipocok banjur bali dibalekne neng tilas dhudhukan lan diurugi maneh, kang mangkono kuwi murih ndhas uwi kuwi bisa thukul maneh dadi ora cures.

 

Karo nggawa bali uwioleh-olehane kuwi Rangga nggagas, kepengin luwih akeh mangerteni sapa satemene Pradapa sing saiki isih diupakaran Marga, Danara lan kanca-kancane sing mau rumangsa kelangan burone, uga kepengin ngerteni sapa kuwi sing jenenge Kyai Daka sing jare gurune Danara sakancane mau. Rangga kepengin weruh ora merga dicritani salah siji saka wong-wong kuwi, merga yen mung manut crita sing metune saka salah sijine wong-wong kuwi genah nek bakal ana sing ditutup-tutupi lan bisa uga diwuwuhi crita sing sabanere.

 

"Iki Dhi aku oleh uwi putih sing isih gumeras" kandhane Rangga karo nyelehne uwi olehe ndhudhuk ing sandhinge Marga sing isih nunggoni Pradapa "ketoke Pradapa kuwi bisa karo mbok sambi cethik geni, aku tak lunga sedhela".

 

Durung nganti Marga semaur, Rangga wis malikne adhepe banjur kaya mlayu nggeblas ninggalne adhi angkate. Marga mung mesem wae dipamiti sedulure angkat mangkono kuwi. Pangirane Marga, Rangga lagi wae weruh utawa krungu sing ngundang rasa kepengine ngerti. Dhasare wektu kuwi kahanane Pradapa wis ora nguwatirake, mula Marga uga banjur tumandang cethik geni ing papan sacedhake kono kanggo mbakar uwi putih oleh-olehe Rangga.

 

Ketang ketungkule Marga gawe bedhiyang, ora eling yen kukuse kayu-kayu garing sing diobong kuwi bisa kaweruhan dening wong liya sing kapinujon lagi mapan ing sacedhake papan kuwi.  Lan yen nganti ana sing weruh yen ana kukus utawa keluke geni, wong sing ndelalah lagi ana sacedhake mesthi kepengin ngerti sapa sing wis gawe bedhiyang kuwi. Kaya sing dialami wong papat sing lagi umpetan ing sawijining guwa ora adoh saka papane Marga gawe bedhiyang.

 

Maune sing nerti lan werih yen ana keluk munggah mendhuwur kuwi mung wong siji,  wong mau banjur kanthi dhedhemitan nyedhaki papan sumbere keluk, saka walike grumbul sing ketel nyoba nginjen sapa sing wis obong-obong gawe bedhiyang kuwi. Wiwitane wong sing lagi nginjen kuwi kecondhokan rasa gumun weruh yen ing kono ana nom-noman sing rupane bagus lagi ngolak-alikne uwi sing dibakar neng geni mawa. Nanging rasa gumun kuwi tumuli owah dadi rasa kaget bareng panyawange genti weruh ana wong liyane sing kaya wong mati gumlethak neng lemah dilambari jarik , ora adoh karo papane nom-noman sing lagi mbakar uwi.

 

"Gus Pradapa...............?" ora krasa wong sing lagi nginjen kuwi nyebut jenenge wong sing ngglethak kaya lagi mati kuwi. Nanging wong kuwi tumuli eling yen dheweke wis ketrucut nyebut jeneng kuwi nganggo lambene, mula banjur gage-gage nutup lambene maneh, mung mripayte ora kedhep tansah nguwasi  Pradapa lan Marga genti-genten. Alon-alon wong kuwi nggrayahi gagang peso sing disengkelit ing lempege, gagang peso digegem kenceng. Nanging wong kuwi sajak isih tidha-tidha arep tumindak, mula banjur genti tangane ngalih njupuk tulup sing mau kober diselehne ing sandhinge. Paser lembut sing bongkote disubal kapas wis dipasang neng tulupe, samangsa-mangsa kanthi gampang bisa digunakne .

 

"Adhuuuuuh.......... " wong kuwi dumadakan dikagetne dening suwara sambat, sing sanadyan alon nanging keprungu cetha. Sambate Pradapa sing ngrasakne larane, Pradapa lagi wae eling saka anggone semaput.

 

Sing kaget krungu sambate Pradapa ora mung wong sing lagi dhedhemitan nginjen saka walike grumbul sing ketel kuwi, Marga sing lagi kasengsem mbakar Uwi ing sandhinge uga kaget, sanajan satemene Marga wis metung yen Pradapa ora suwe maneh mesthi bakal nglilir saka anggone turu merga semaput. Alon-alon Marga nyedhaki papane Pradapa ngglethak.

 

"Aja obah dhisik Kisanak" kandhane Marga karo nggrayang bathuke Pradapa sing wis ora panas maneh kuwi "wektu iki ndika wis ora prelu kuwatir karo sing arep ditindakne Lurah Danara sakancane, kabeh wis mulih arep wadul gurune nek ndika wis ditadhah dening mBah Mileng".

 

"Matur nuwun Kisanak......" kanthi suwara sing lirih Pradapa guneman.

 

"Uwis aja dienggo guneman utawa obah dhisik" marga aweh wangsulan "bubuk sing tak wuwurne ing tatu ndika kuwi isih mbudidaya mulihne tatu ndika lan bunderan sing mau tak lebokne tutuk ndika uga isih durung rampung nggone nyambut gawe ing jerone raga ndika. Sing baku wektu iki ndika wis slamet saka tumindake wong-wong sing arep gawe cilaka ndika, sanadyan ta wektu iki isih ana wong sing ngulat-ulati ndika lan aku uga durung ngerti apa sing dikarepne, nanging ndika ora prelu kuwatir, nek mung kudu ngadhepi landhep utawa lancipe peso sarta paser sing disiyagakne ing pucuke tulup, kira-kira aku isih saguh ngadhepi".

 

Sanajan tata gelar tembunge Marga kuwi ditujokne marang Pradapa, nanging wis gawe kagete wong sing mau lagi nginjen saka walik grumbul. Wong kuwi lagi ngerti yen satemene wong sing diulati wis weruh yen dheweke lagi nginjen neng kono.  Ora sranta wonng kuwi banjur ngobahne sikile mlangkah maju nyedhaki papane Marga lan Pradapa.

 

"Nyuwun pangapunten Raden........." karo mlaku wong kuwi guneman "kula dede tiyang sanes, kula Tanggon rewangipun Gus Pradapa".

 

"Lungguha dhisik sing kepenak Kisanak" kandhane Marga marang wong kuwi "sapa? Gus Pradapa? isih durung bisa diajak crita, becik aja diganggu dhisik".

 

"Inggih Raden" wangsulane Tanggon karo mapan lungguh sila neng cedhak sikile Pradapa "kula boten nginten babar pisan menawi Gus Pradapa nandhang kanin awit pokalipun Lurah Danara sakancanipun".

 

"Dadi ndika ngerti nek sing gawe tatune bendaramu iki Lurah Danara sing jare muride Kyai Daka kuwi?" pitakone Marga marang Tanggon, sawuse aweh sasmita marang Pradapa supaya ora obah lan ora guneman dhisik.

 

"Nyuwun pangapunten Raden, ngertos kula inggih awit kala wau Raden ngendika, bilih wekdal menika Gus Pradapa sampun lepas saking pangincimipun Lurah Danara lan rencang-rencangipun" wangsulane Tanggon.

 

"O iya, mau ndika kandha yen ndika kuwi dudu wong liya, nanging isih rewange Bagus Pradapa?" kandhane Marga sabanjure "Lha iki mau ndika saka ngendi? tak waspadakne solah bawa ndika sajak mindhak-mindhik kaya wong lagi ndhelik?".

 

"Nyuwun pangapunten Raden........."

 

"Aku dudu Raden, jenengku Marga. ndika kena nyeluk aku Adhi, Ki, utawa njangkar ya ora apa-apa, waton ora mbok sebut Raden"  Marga motong rembuge Tanggon klawan nepungake jenenge lan aweh pamenging murih Tanggon ora ngaturi Raden marang dheweke.

 

"Inggih Kisanak Marga" Tangon aweh wangsulan "mila saestu kula menika nembe umpetan, jalaran dening Bagus Pradapa ingkang dados bendara saha pangayoman kula kula sakanca kadhawuhan umpetan, sampun ngantos kadenangan dening Lurah Danara utawi rencang-rencangipun".

 

"nDika sakanca?" Marga takon "dadi ndika ora ijen?".

 

"Boten Kisanak" Tanggon aweh wangsulan "ingkang kadhawuhan kesah saking Dhukuh Kepuhagal saha umpetan murih boten kadenangan Lurah Danara menika kula kalih rencang kula cacah tiga malih, inggih menika, Tolu, Pahing, Pangkas lan kula piyambak. Samangke kula tiyang sekawan menika mapan ing salebeting guwa ingkang boten tebih saking papan menika,  watawis satus jangkah saking mriki".

 

Marga manggut-manggut krungu wangsulane Tanggon sing nyethakne kahanane lan nuduhne ngendi papan pandhelikane. Sawise nglirik marang Pradapa sing wiwit mau mung meneng ora guneman apa-apa, awit pancen dening Marga dipenging obah utawa guneman luwih dhisik, supaya tamba sing ditamakne ora keganggu. Marga banjur nakoni Tanggon maneh :

 

"Dadi ndika wong papat wis oleh panggonan ing sawijining guwa ora adoh saka kene?"

 

"Leres Kisanak" wangsulane Tanggon cekak.

 

"Yen mangkono" kandhane Marga sabanjure "murih bendara ndika iki luwih gelis bisa pulih, upama olehe ngupakara tatune kuwi dielih neng guwa papan ndika sakanca umpetan, kira-kira isih ana panggonan apa ora?, Jalaran neng kene, bendara ndika iki ora ana sing ngayomi menawa ana udan sing tumiba".

 

"Kula kinten mila langkung prayogi makaten Kisanak" wangsulane Tanggon sing dibacutne karo tembung taren "menawi makaten kanca-kanca kula celuke mriki rumiyin kula ajake yasa tandhu kangge nggotong Bagus Pradapa".

 

"Ora prelu Paman......" dumadakan kanthi suwara lirih nanging keprungu cetha, Pradapa guneman nyauti tembunge Tanggon "aku ora sah ndadak dipikul, nek ndelok apa sing tak rasakne saiki iki, nek mung mlaku satus utawa rong atus jangkah wae aku wis kuwat".

 

Marga karo Tanggon rada kaget krungu gunemane Pradapa sing mangkono kuwi, kekarone banjur padha ngelih panyawange marang Pradapa sing nadyan isih ngglethak nanging praupane wis ora pucet kaya mau, ambegane uga wis keprungu aring.

 

ana candhake.


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...