Total Tayangan Halaman

Rabu, 14 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (14)


 14.

Wektu kuwi Warsidi ya banjur rada bisa nyandhak karo apa sing dikandhakne Sudimin. Sasuwene iki Warsidi ora ngerti nek Sudimin kuwi mung bocah sing ndherek utawa ngenger marang wong liya, merga pancen omahe Warsidi kuwi seje desa karo Sudimin, lan tepunge karo Sudimin ya sawise mlebu neng SMP kono. Warsidi dhewe anake wong sing cukup neng Desa Begal poncot kidul saka Kecamatan Kedunggalar. Sing dingerteni Warsidi sasuwene iki, Sudimin kuwi bocah sing alus pambegane lan pinter dhewe neng kelase, ewa samono ora sombong. Ora mung Warsidi sing seneng cedhak karo Sudimin, nanging meh bocah sakelas padha seneng yen cecaketan karo bocah sing jebule mung bocah ndherek kuwi.

 

“Saiki genti omong liyane Min” kandhane Warsidi sawuse meneng sedhela.

 

“Iya arep omong apa?” Sudimin genti takon.

 

“Iki bocah-bocah arep ngecakne apa sing kerep didhawuhne Bu Srisupingah, Guru Ilmu Ukur kae” Warsidi aweh kabar “wis padha rembugan pas karo jajan neng kantine mBak Yah, dhek wingi pas ngaso. Aku barang ya melu, nanging kowe ora eneng……”.

 

“Pancen selawase sekolah kene iki, aku durung tau jajan neng kantine mBak Yah kok, ya lumrah wae nek aku ora eneng” wangsulane Sudimin sing banjur nutugne pitakone “lha sing dirembug bab sing endi? Merga sing didhawuhne Bu Srisupingah murih bocah-bocah luwih bisa gampang nggone sinau Ilmu Ukur ya akeh, ora mung siji thok”.

 

“Sing kae lho, supaya awake dhewe lan bocah-bocah padha ngenekne sinau bareng, ing sajabane wektu sekolah” Warsidi aweh wangsulan “bocah-bocah ya wis mathuk kabeh. Wiwit suk Senin arep diwiwiti, wektune sawise mulih saka sekolahan, sing omahe cedhak-cedhak kene bisa bali dhisik, mangan utawa salin klambi dhisik, lha sing omahe adoh kaya aku lan kanca liyane, bisa mangan lan leren neng warung utawa kantin dhisik”.

 

“Kuwi jane ngono ya apik banget War” wangsulane Sudimin “nanging aku durung karuwan nek bisa melu, luwih-luwih nek saben dina. Ora kok merga aku emoh, nanging ya merga saka kahananku sing beda karo kanca-kanca sing wis merdeka lan duwe wektu sing turah-turah”.

 

“Lha nek kowe gak bisa melu, banjur kepiye no Min?” Warsidi katon nglendheh suwarane “wong bocah-bocah kae wis padha sepakat, ing meh kabeh mata pelajaran kuwi sing paling pinter ya kowe lan mengkone sing dadi paran pitakonane bocah-bocah nek rumangsa kangelan olehe mikir, ya mung kowe”.

 

“Jane ya ora kudu mengkono” wangsulane Sudimin sareh “aku karo kanca-kanca kuwi jane ya padha wae, mung sok-sok aku luwih cepet bisa nampa kersane Guru sing nerangne ngana kae. Lha nek mung bab pitakonan, saupama aku ora ana rak ya bisa wae banjur padha dicathet, mengko nek wayah mlebu sekolah ngana kae disuwunke pirsa marang Guru sing kawogan. Upama kuwi pelajaran Al Jabar ya bisa wae disuwunke pirsa Pak Murdani, Ilmu Ukur marang Bu Srisupingah, Ilmu Hayat marang Pak Dalijan lan sateruse. Kanthi cara mangkono kuwi mau, mesthi Guru-gurune dhewe malah dadi luwih rena ing penggalihe, tur maneh olehe maringi katrangan mesthi luwih komplit lan luwih cetha”.

 

“Embuh Min” warsidi wangsulan semu anyel, nanging panggah karo mesem “nek omong karo kowe, kapan ta aku bisa menang?”

 

“Ya wis ngene wae” Sudimin wangsulan karo ngguyu “janji ora saben dina, utawa seminggu pisan apa pindho, aku tak nyoba taren matur marang Bapak lan Ibu. Adat sing uwis, nek kanggo urusan sekolahan ngene iki, Bapak karo Ibu ya malah nyengkuyung, nanging aku rak ya kudu matur dhisik ta? Ya ngene iki lho War, abote dadi abdi sing ndherek, apa-apa kudu sarwa taren, ben gak nampa duka”.

 

“Nah, nek ngono kuwi aku bisa nampa kanthi seneng Min” Warsidi katon seneng atine “Yati, Warsiyati, Hartini, Masirah karo bocah-bocah wadon liyane kae mesthi semangat banget nek kowe gelem melu neng sinau bareng utawa belajar kelompok iki”.

 

“Kok kowe nyebut jeneng-jenenge bocah-bocah wedok thok ta War?” Sudimin takon karo ngincangne alise “apa sing duwe karep ngecakne pituture Bu Sri Supingah kuwi mung bocah-bocah wedok kae thok?”.

 

“Ora kok ngono, bocah-bocah lanang klebu aku, ya kepengin ngecakne kuwi” Warsidi wangsulan sareh “nanging nek Cewek-cewek kae ki beda”.

 

“Bedane neng nggik endi?”

“Bedane, asline ngono meh kabeh cewek sakelas kae rak padha olehe kepengin cedhak lan dadi kanca sing istimewa karo kowe? Nanging jarene kowe kuwi pancen angker, arang sing wani kandha terus terang marang awakmu, mula kanthi anane belajar kelompok iki mengko rak keneng dienggo pawadan bisa ngraketne srawungmu karo bocah-bocah wedok kae. Lan mengko mesthi rada rame, merga kabeh kepengin dadi pacarmu, mesthi banjur padha saingan, nanging kowe aja kuwatir, aku percaya olehe saingan mesthi nganggo cara sing sehat”.

 

“Lha nek iki cetha nek kowe kuwi wis banget nggonmu ngawur War” Sudimin wangsulan karo mesem.

 

“Ngawur piye ta Min?” Warsidi ngeyel “sing tak omongne iki berdasarkan fakta, bocah-bocah kae kuwi tenan kasarane ngono padha gandrung karo kowe, ya ora maido wong kajaba kowe kuwi duwe rupa bagus, pakulitan resik, ora sombong kathik pinter pisan, dadi ya wis pas”.

 

“Aja ngawur tenan kowe War” Sudimin wangsulan “aku iki isih cilik, tatune sunat wae kasarane durung garing, kok arep mikir sing neka-neka? Karo maneh, upamaa patut mikirne ngono-ngono kuwi, aku ya ora arep wani mikir karo bocah-bocah wedok kanca sakelase dhewe kae, merga apa? Aku iki mung drajate bocah ndherek sing kastane sangisormu lan sangisore kanca-kanca liyane”.

 

“Cinta kuwi Buta Min” Warsidi ngguyu “ora mbedak-mbedakne drajat. Wis ta, percayaa karo aku”.

 

“Wegah” Sudimin wangsulan sengak “aku iki ya weruh War, kanca-kancane dhewe kae jane ya padha pacaran, Warsiyati kae pacarana karo Anwar, Lastri pacaran karo Jaka bocah SMPP sing biyen saka SMP Walikukun, Yong Kim kae sir-siran karo Cicie anake Koh Sing, terus Edi kae nguber-uber Yati, dadi wis entek kabeh wis duwe pacar dhewe-dhewe, kari kowe sing kabare pacarana karo Masirah sing omahe Wonokerto kae”.

 

Olehe padha rembugan antarane Sudimin karo Warsidi mandheg, merga saka Kantor mBak Kani aba marang salah sijine bocah sing ana cedhak gantungan wesi sinai sepur supaya wesi sinei kuwi dithuthuk kaping telu, minangka tandha yen wancine ngaso wis entek, bocah-bocah kudu bali mlebu menyang kelase dhewe-dhewe. nutugne nampa pelajaran.

 

nDelalah ing kelase Sudimin ngepasi Pelajaran Pendidikan Agama Islam, sing ngasta Pak Wahidin sing wektu kuwi durung rawuh, isih konferensi neng Depag Ngawi. mBak Rokhani TU Kantor mlebu kelas, ngandhani supaya bocah-bocah ngenteni sauntara.

 

“Nggih mBak” Hartini sing dadi Ketua Kelas aweh wangsulan marang mBak Rokhani “nek ngoten kalih ngrantos rawuhe Pak Wahidin, kula tak ngumumne keputusan rapat kelas dhateng kanca-kanca”.

 

“Iya nanging aja rame ya? Ben gak ngganggu kelas liyane!” mBak Rokhani aweh wangsulan.

 

Tanpa nyauri kandhane mBak Rokhani, Hartini maju neng ngarep banjur madhep marang kanca-kancane.

 

“Kanca-kanca kabeh” Hartini miwiti guneman “wiwit suk Senin ngarep kelase dhewe ngenekne Belajar Kelompok, wektune Jam setengah loro nganti jam telu awan, manggone neng omahe Warsini lan bisa pindhah-pindhah, seminggu njupuk dina Senin, Rebo karo Jumuah. Sing disinau mung pelajaran Ilmu Pasti karo Bahasa Inggris thok, cethane Aljabar, Ilmu Ukur, Ilmu Alam, Ilmu Hayat karo Bahasa Inggris. Tak jaluk kabeh aja ana sing ora melu kanthi pawadan sing digawe-gawe, merga iki kabutuhane awake dhewe. Piye kanca-kanca?”

 

“Setujuuuuuuu” bocah sekolah semaur bareng, kajaba mung Sudimin dhewe, sing banjur ngangkat tangane.

 

“Piye Min?” Hartini takon semu rada gumun, adate Sudimin kuwi seneng banget nyengkuyung kegiatan sing sipate positip, nanging iki kok malah ngangkat tangan “apa kowe duwe panemu liya?”.

 

“Ora” wangsulane Sudimin alon nanging cetha “aku mau jane ya wis dikandhani Warsidi nek arep ana sinau bareng utawa belajar kelompok iki. Aku ya nyengkuyung wong kuwi cetha nek apik, nanging gandheng kahananku sing beda karo kahananmu lan kanca-kanca liyane, aku kudu matur taren dhisik marang Bapak lan Ibu sing tak dhereki, nek Bapak lan Ibu ngeparengake, aku ya bisa melu. Nanging nek ora dikeparengake, ya kapeksa aku ora bisa melu”.

 

Kahanan kelas dadi umyeg, bocah-bocah padha alok saur manuk pating cruwet ora karuwan, sing wose nek Sudimin ora bisa melu belajar kelompok bocah liyane ya wegah melu.

 

“Kanca-kanca kabeh” wekasan Sudimin ngadeg njejeri Hartini sing bingung ngadhepi aloke kanca-kancane “aja padha salah tampa, merga aku durung wani mutusne nek bisa melu iki jalaran aku iki beda karo kowe kabeh, aku iki mung wong ndherek, dadi aku kudu taren dhisik marang sing tak dhereki. Adat sing uwis, Bapak karo Ibu kae nek aku matur kanggo kabecikan mesthi ngeparengake. Nanging aku durung wani mesthekne, mula tak jaluk padha gelema melu ndonga marang Gusti Allah, muga-muga nggonku taren marang Bapak lan Ibu mengko dikeparengake. Jelas?”.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

 

 

Selasa, 13 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (13)

 

13.

Diman Bandhat sida budhal transmigrasi. Sudimin ora melu. Sudimin milih keri ana Kedunggalar, merga kepengin nutugne sekolahe dhisik. Dadi paling cepet ya telung tahun maneh Sudimin bisa nusul wong tuwane menyang Sumatera, wong wektu kuwi Sudimin lagi kelas siji. Pak Suwaji apa dene Bu Suwaji tansah mbombong atine Sudimin, supaya sansaya sregep anggone sinau, merga arepa kaya apa sing jenenge pisah karo wong tuwa lan sedulur-sedulure iya panggah krasa abot neng ati. Krasa susah lan sepi. Sasuwene ndherek Pak Suwaji iki, ora ketang sepasar sepisan Sudimin mesthi merlokne bali menyang omah, ora ketang mung sak nyukan bisa pethuk karo wong tuwa lan adhi-adhine. Kajaba saka iku, dina-dina liyane kerep wae Sudimin kepethuk adhi-adhine utawa wong tuwane ing papan liyane.

 

“Telung tahun kuwi ora suwe kok Min” ngendikane Pak Suwaji ing sawijining dina “apa maneh nek dina-dinamu mbok isi kanggo sinau lan nandangi gaweyan sing ana gunane, mesthi ora bakal krasa. Kaya saiki iki, olehmu manggon neng omah kene rak ya wis meh telung tahun ta? Nanging rasane rak kaya lagi wingenane wae. Iya apa ora?”.

 

“Inggih Bapak” atur wangsulane Sudimin mbenerne pituture Pak Suwaji “kula piyambak inggih rumaos makaten. Kajawi saking menika, boten ateges kula langkung remen pisah kalih Pak-e lan mBok-e, nalika kula milih kendel boten tumut bidhal dhateng Sumatera menika, nanging kula ngertos bilih kula taksih mbetahaken seserepan ingkang langkung kathah kangge mecaki lampahing gesang ing dinten-dinten ngajeng. Malah saupami saged makaten, sampun malih namung tigang tahun boten kepanggih Pak-e kalih mBok-e menapa dene adhik-adhik, sanadyan tambah tigang tahun malih menapa langkung kula inggih boten badhe kawratan”.

 

“Iya Min” Pak Suwaji paring wangsulan “Bapak rumangsa seneng dene kowe satemene duwe gegayuhan bisa sekolah sing dhuwur maneh, ora trima mung tekan SMP wae. Bapak pancen ora bisa nyaguhi paring bebantu murih sawuse lulus SMP kowe bisa nutugne maneh neng sekolahan sadhuwure, nanging minangka santrine Kyai Wahid kowe kudu percaya, yen Gusti Allah kuwi Maha Loma, ora bakal kekurangan dalan kanggo ngabulne panyuwune kawulaNe. Mula kajaba saiki kowe kudu luwih tenanan nggonmu sekolah, ya aja kendhat nggonmu ndedonga lan nyuwun marang Gusti Allah murih apa sing dadi pepenginanmu bisa kasembadan”.

 

“Inggih Bapak, pangestunipun Bapak tansah kula suwun mugi-mugi kula saged nglampahi menapa ingkang dados dhawuhipun Bapak menika” wangsulane Sudimin .

 

Olehe wangsulan mangkono kuwi mau, jalaran Sudimin uga ngerti yen mbesuk dheweke kepengin nutugne sekolah ing sekolahan sak dhuwure, kudu menyang kutha. Jalaran wektu kuwi ing Kedunggalar sekolahan sing paling dhuwur tingkatane ya lagi tekan SMP, durung ana Sekolah Lanjutan Atas. Lan kena diarani mokal yen Sudimin bisa sekolah nyang SLTA mbuh kuwi SPG mbuh kuwi SMEA Utawa SMA, kanthi ndherek Pak Suwaji kaya saiki iki. Nanging Sudimin uga tau krungu rerasane Pak Suwaji karo Guru-guru liyane yen para Guru ing Kedunggalar kuwi kepengin banget bisa adeg Sekolahan tingkat SLTA neng Kedunggalar, kanggo nulungi bocah-bocah sing kurang wragad wekasan ora bisa nutugne sekolahe nyang kutha sing wragade ora sethithik merga mbutuhne laku barang.

 

Dina-dina candhake, Sudimin tansah mbudidaya bisa ngecakne apa sing dadi pituture Pak Suwaji. Sinaune sansaya disengkut, ngibadahe uga ditambahi. Watara rong jam sadurunge manjing wektu subuh mesthi wis tangi, banjur nindakne Sembahyang Wengi dibacutne ndedonga nyuwun kawlasaning Gusti Allah. Sudimin nate dituturi dening mBah Kyai Wahid sing ngabarake piwulange Kanjeng Nabi, yen mandine donga utawa panyuwunan marang Gusti Allah kuwi ing wayah sakwuse wengi oleh rong protelon. Lan sawuse Sudimin ngecakne pitutur kuwi, dheweke bisa mbuktekne yen ing wayah sabubare tengah wengi mligine sawise nyedhaki wektu gagat rahina, kuwi kepenak banget yen kanggo dzikir utawa nyenyuwun marang Allah, iya jalaran kahanan sepi tentrem dadi olehe ndedonga bisa khusuk. Sudimin uga kerep nggedhekne prihatine, pasa Senin Kemis ora tau gothang anggone nglakoni, isih diwuwuhi saben telung dina nyedhaki Rembulan Purnama  Sudimin uga nglakoni pasa.

 

“Kowe sregep nindakne pasa ngono kuwi apa kareben panyuwunmu dikabulne Gusti Allah ta Min?” Warsidi kancane Sudimin tunggal sabangku neng sekolahane kober takon nalika ngerti nek Sudimin sregep nindakne pasa Senin Kemis.

 

“Aku nglakoni pasa utawa ngibadah liyane kuwi ora merga ben piya utawa ben piye War” wangsulane Sudimin aweh katrangan marang Warsidi sing tenane mung nyambung pitutur sing tau ditampa saka mBah Kyai Wahid “aku ngibadah kuwi merga aku kepengin dadi kawulane Gusti Allah sing bisa nyaket marang Panjenengane”.

 

“Dadi ora ana sambung rapete karo sing mbok suwun marang Gusti Allah?” Warsidi takon maneh, sajake durung pati mudheng karo wangsulane Sudimin.

 

“Ya cetha nek ana ta War” Sudimin aweh wangsulan “lha wong nyuwun utawa ndonga marang Gusti Allah kuwi wae uga klebu ngibadah sing bisa nekakne Renaning Gusti Allah lho? Nanging murih aku bisa dadi kawula sing ikhlas, nggonku manembah utawa ngibadah iki mung merga nindakne dhawuhE, ya dhawuh sing kukume wajib, ya dhawuh sing kukume utama. Lha perkara kabul utawa orane panyuwunku, kuwi gumantung marang Maha WicaksanaNe. Sing cetha panyuwunku dikabulne utawa ora, kuwi kabeh mesthi becike tumrap awakku”.

 

“Omong karo wong pinter kaya kowe kuwi jebul marahi mumet Min” Warsidi rada maido marang ucape Sudimin sing angel dipahami karo nalare.

 

“Mumet piye ta?” Sudimin ngguyu “olehku wangsulan apa kurang cetha?”.

 

“Cethane cetha, mung marahi bingung” wangsulane Warsidi semu anyel “contone ya omonganmu sing keri dhewe mau, kowe nyuwun marang Gusti Allah, jaremu nek olehmu nyuwun kuwi kabul kuwi becik tumrapmu, iki aku isih bisa nampa. Nanging bareng kowe ya kandha nek olehmu ndonga ora kabul, jaremu uga becik tumrapmu. Lha nek ora kabul wae mbok arani becik kanggomu, mbok ora sah ndonga pisan?”.

 

“O kuwi ta?” Sudimin wangsulan karo ngguyu cilik “jan-jane ngono, mbuh nyuwun mbuh ora, mbuh ndonga mbuh ora, Gusti Allah kuwi panggah maringi apa sing dibutuhne kawulaNe, kalebu aku lan kowe. Tekan kene wis paham?”.

 

“Iya wis paham, lha nek ngono ya gene awake dhewe kok ndadak ndonga barang?” Warsidi takon maneh.

 

“Kawula sing seneng nyenyuwun marang Gusti Allah lan mbudidaya ora nyuwun marang saliyane Gusti Allah, kuwi bakal diasihi Gusti Allah lan bisa ndadekne kawula bisa sansaya caket karo Gusti Allah. Lan sing sapa wonge caket karo Gusti Allah atine bakal tentrem, ora gampang mumet, ora gampang bingung ngadhepi kahanan sing kaya apa wae. Beda karo wong sing ora tau caket karo Gusti Allah, anane mung sarwa salah, nek pas diparingi bungah, diparingi rejeki sing akeh upamane, banjur lali, ora matur nuwun marang sing maringi, malah rumangsane kuwi merga saka olehe mbudidaya dhewe, mula banjur kumalungkung rumangsa dumeh nduwe. Kosok baline, nek lagi diparingi susah, upamane lagi seret rejekine, banjur bingung, nyalahne Gusti Allah, sok nyalahne alam barang, kamangka satemene dheweke kuwi lagi diasihi Gusti Allah”.

 

“Diasihi ?” Warsidi nyela wuwus.

 

“Iya diasihi” Sudimin aweh wangsulan karo mesem “bingung?”

 

“Genah ta Min?” Warsidi semaur sengak “wong rejekine seret kok diasihi?”.

 

“Aku biyen ya kowe kuwi War, aku biyen kerep ngresula, jeneh kepengin sekolah nyang SD wae saupama ora ndherek Bapak sing tak dhereki saiki iki, aku kangelan arep bisa sekolah. Kowe mesthi ngerti kaya apa rekasane dadi wong sing ndherek utawa ngenger kaya aku iki, ora duwe wewenang apa-apa blas, kabeh mung sendika dhawuhe sing dingengeri…….”

 

“Lha banjur neng ngendi manggone sing jaremu lagi diasihi Gusti Allah kuwi mau?” Warsidi mburu pitakonan.

 

“Lha tujune dening Bapak sing tak dhereki, aku didhawuhi melu ngaji marang mBah Kyai. Lan ya saka mBah Kyai mau aku diwulang supaya nggedhekne rasa sabar lan ngakehne rasa syukur marang Pangeran, awit sing sengsarane ngluwihi rekasaning uripku, kuwi isih luwih akeh maneh. Lan wekasane, aku bisa oleh dudutan ya merga aku dikeparengne ndherek Bapak lan Ibu iki, wusanane aku bisa melu ngrasakne sekolah neng SMP kene awor karo kowe barang kuwi. Upama biyen Pakku ora lara-laranen lan uripe dadi kesrakat, mesthine aku ya ora ndherek Bapak lan Ibu, nanging wis meh bisa dipesthekne, yen sawise lulus SD aku ya dianggep wis cukup lan wong tuwaku mokal kuwat nyekolahne aku neng kene iki, lha wong ngge urip saben dina wae isih akeh kurange, nganti saiki melu budhal transmigrasi menyang Sumatera kana”.

 

 

 

Ana candhake.


Senin, 12 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (12)

12.

Tahun terus tambah, Sudimin wis ngalih sekolah. Dening Pak Suwaji Sudimin disekolahne neng SMP KEBANGSAAN sing manggon neng Kutha Kecamatane. Wektu kuwi ing Kedunggalar durung ana SMP Negeri, sekolah lanjutan sing statuse Negeri mung siji  yaiku STN. Jurusan sing ana ya mung loro, Teknik Bangunan Air karo Teknik Bangunan Gedung. Merga nitik kelantipaning pikire, dening Pak Suwaji, Sudimin didhawuhi mlebu menyang SMP wae. Manggone SMP Kebangsaan kuwi ora adoh karo SD Pasopati sekolahane Sudimin sing biyen.

 

Pagaweyan sing ditandangi Sudimin sanjabane wektu sekolah isih pancet kaya biyen. Mung gandheng Sudimin wis sansaya gedhe, tandang gawene dadi luwih rikat. Mula iya banjur bisa nyandhak gaweyan liyane, kalebu luwih kerep menyang sawah sanadyan mung sak endhang-endhang tumpukan kawul sing didadekne papan thukule Jamur Damen. Bener kaya sing dikandhakne Lik Sakir, wonge sida tiru-tiru Sudimin. Lan ora mung Lik Sakir dhewe sing tiru-tiru lekase Sudimin, nanging akeh wong-wong sing padha melu mbudidayakne Jamur Damen kanthi cara  prasaja kuwi. Lan bener apa sing dadi pambadhene Pakdhe Saidi biyen, rendhengan candhake sawise weruh nek Lik Sakir lan wong-wong tumpukan kawule padha bisa ngasilake Jamur Damen sapirang-pirang, Pak Dalal ya banjur ngatag Pakdhe Marimin, penggarape supaya melu-melu kaya sing ditandangi kanca-kancane. Wangune Pak Dalal wis lali anggone maido Sudimin jaman pisanan ngecakne wulangane buku Ilmu Hayat biyen. Sing luput ramalane malah ramalane Sakir sing ngandhakne yen sawuse kawule bisa ngasilake jamur Pak Dalal neng endi-endi rapat ngandhakne yen merga olehe nuturi Sudimin lan Lik Sakir saiki pinter mbudidaya Jamur Damen.

 

Pak Suwaji apa dene garwane sansaya mundhak tresna lan asihe marang Sudimin, nalika Sudimin arep mlebu SMP biyen, dening Pak Suwaji Sudimin disunatne. Mesthi wae ya sawise taren marang Diman Bandhat, wong tuwane Sudimin. Mula ora aran aneh yen Sudimin uga sansaya bekti marang Guru kang uga pangayomaning uripe kuwi. Mungguhing Sudimin sanadyan tata gelar sing dadi lantaran dheweke ana ing alam padhang iki Diman Bandhat, wong tuwane lanang lan sing nglahirne sarta ngopeni kuwi Sudinem wong tuwane wadon, sing kudu dipundhi-pundhi sarta diaji-aji ing selawase uripe, nanging sing ndadekne dheweke weruh lan ngerti apa sing diarani urip lan kepriye carane urip sing becik kuwi sing akeh ya awit saka sih kawelasane Pak Suwaji lan Bu Suwaji. Tekad ing atine Sudimin, dheweke kuwi wajib ngabekti marang wong tuwane sing cacahe papat, ora mung loro. Lan carane ngabekti uga ora padha, kudu dijumbuhne karo mekaring budayane dhewe-dhewe. Kaya nalika sawijining wengi, ngepasi Sudimin bali saka langgar, ngaji, ing pendhapa daleme Pak Suwaji katon lagi ana wong jagongan sajak gayeng. Jebul wong tuwane loro karo ngajak adhine loro Daliyem karo Wagirah sing lagi mara, entrane ngono kaya wong merdhayoh.

 

“Kene lungguh kene pisan Min” ngendikane Pak Suwaji sawise Sudimin mlebu omah “digoleki Bapak karo Smbokmu iki lho?!?”

 

Ora semaur apa-apa, Sudimin banjur melu mapan lungguh ing kursi sing isih kothong. Batin takon-takon, ana pari gawe apa Bapak karo Simboke mara menyang daleme Pak Suwaji, thik ngonowa adhine loro pisan uga diajak.

 

“Ngene lho Le” Diman Bandhat banjur guneman ngandhani anake lanang “iki aku karo mBokmu arep lunga adoh, adoh banget lan mbuh bisa tilik mrene maneh embuh ora, karepku kowe karo adhi-adhimu ya arep tak jak pisan”.

 

Sudimin domblang-domblong, durung nyandhak karo apa sing lagi wae dikandhakne bapakne.

 

“Merga kowe dhewe ya ngerti”  Diman Bandhat nyambung omonge “nek panggah ora ngalih saka desa kene, sansaya suwe uripe dhewe iki ora sansaya mapan nanging malah sansaya keponthal-ponthal ditinggal dening kahanan, mula mumpung ana kalodhangan sing becik, arep tak gunakne mbok menawa kanthi cara iki aku bisa ndandani panguripane dhewe sakulawarga”.

 

“Mengko dhisik” Sudimin sing durung ngerti paraning tembung sing diucapne bapakne kuwi nyela takon “sing dikarepne Pak-e iki piye ta? Aku blas ora mudheng. Pak-e karo mBok-e arep ngajak aku karo Daliyem apa dene Wagirah lunga, kuwi lunga menyang ngendi? Lan apa gandheng cenenge karo panguripane kulawargane dhewe?”.

 

Diman Bandhat mesem, banjur nyawang Pak Suwaji karo matur :

 

“Nyuwun tulung Pak Mantri, Sudimin panjenengan tuturi ingkang kula kajengaken niki, kula ajeng guneman kok angel lan boten saged nata ukarane”.

 

“Ngene lho Min” karo mesem lan tanpa mangsuli panembunge Diman Bandhat, Pak Suwaji ngendika marang Sudimin “Wektu iki Pemerintah rak mbukak daftaran Transmigrasi?. Kowe ngerti ta apa kuwi Transmigrasi?”.

 

“Inggih ngertos Bapak” wangsulane Sudimin wiwit bisa nyandhak apa sing dikarepne dening bapakne karo tembung lunga adoh mau “menapa Pak-e kalih mBok-e  badhe ngajak kula kalihan adhik-adhik Transmigrasi?”.

 

“Bener” dhawuh wangsulane Pak Suwaji rumaos rena penggalihe dene Sudimin cepet nyandhak yen diajak rembugan “lha lemah tujuan Transmigrasi kuwi manggone neng  Baturaja, Lampung kana. Kabar sing tak tampa, Transmigrasi sing arep dieloni Bapak karo simbokmu iki jinis Transmigrasi PIR, ya kuwi mbukak tanah Perkebunan Inti Rakyat. Neng kana mengko saben wong sakeluarga oleh jatah omah sak pekarangane jembare setengah hektar, pekarangan samono kuwi bisoa ditanduri tanduran pangan. Banjur oleh kebun sing wis ditanduri Karet lan butuh diopeni murih dadine, rong hektar. Lan kabeh kuwi mau nyambut gawe bareng karo Perusahaan sing dipilihne Pemerintah, kanggo ngagati tanduran lan mbesuk nek wayah panen sing diwenehi wewenang nuku asile kebun kuwi. Lan sasuwene rong tahun, pangane para peserta transmigrant ditanggung dening Pemerintah.  Kari saiki kowe piye? Melu wong tuwamu apa keri ana kene nutugne sekolah lan yen wis lulus SMP kowe nusul mrana?”.

 

Sudimin meneng sedhela, pikirane isih nimbang lan nglimbang, endi sing arep dipilih? Nek nitik pangandika sing didhawuhne Pak Suwaji kuwi, Pak Suwaji isih kersa didhereki nganti lulus SMP. Mengko nek wis lulus SMP dheweke dikeparengne nusul wong tuwane menyang papan panggonan sing anyar. Nanging Sudimin ya nggagas, lulusan SMP kuwi beda karo lulusan ST utawa Sekolah Kejuruan liyane, lulus SMP kuwi isih mbutuhne sekolah sing luwih dhuwur maneh supaya ngerti carane nyambut gawe utawa bisa nyambut gawe. Sekolah menyang SPG upamane kepengin dadi Guru, sekolah neng STM nek kepengin bisa nyambut gawe sing ana gandheng cenenge karo Teknik lan sapiturute. Dadi Saupama mengko wis lulus SMP banjur nusul wong tuwane, tan wurunga tekan kana ya ora bisa nyambut gawe apa-apa kajaba mung mbantu wong tuwane sing dhasare ya dadi wong tani. Nadyan ta mangkono, Sudimin uga isih rumangsa eman yen kudu metu saka sekolahe mung beteke kepengin ngetutne wong tuwane menyang tanah sabrang, golek papan jembar sing jarene lemahe  loh jinawi, tulus kang sarwa tinandur sing ndadekne murah kang sarwa tinuku.

 

“Piye Le?” bareng Sudimin ora enggal atur wangsulan, Diman Bandhat banjur mbaleni takon “kowe melu budhal saiki bareng karo adhi-adhimu? Apa ngenteni lulus sekolah dhisik lagi mbesuk nusul?”.

 

“Olehe budhal menyang Baturaja kuwi rak isih rada suwe ta Pak?” Sudimin genti takon “tegese kuwi ora sesuk utawa sesuke, paling ora rak ya ana sepasar utawa rong pasar maneh ta?”.

 

“Dhawuhe Pak Kyai Mundir sing dadi Pengarepe para Transmigran, isih suk tanggal siji enteke sasi iki, dadi ya isih rong puluh dina luwih” wangsulane Diman Bandhat “Transmigrasi iki ujube rak bedhol Pesantren ta Le? Dadi sing budhal asline ya para santri utawa kulawargane Santri ing Pondhoke Pak Kyai Mundir, lha aku wis didhaku minangka kulawarga Pondhok, mula saiki gelem ora gelem aku karo mBokmu ya kudu sinau sembahyang kaya lumrahe wong Pondhok Pesantren. Ana apa ta kok kowe nakokne kapan olehe budhal?”.

 

“Aku butuh wektu kanggo mikir Pak” wangsulane Sudimin “sedina utawa rong dina maneh aku tak aweh wangsulan, milih budhal bareng karo Pak-e apa ngenteni lulus dhisik lagi nusul lan bisa uga ana pilihan liyane”.

 

Pak Suwaji sing uga midhanget wangsulane Sudimin manthuk-manthuk, panjenengane pirsa yen atine Sudimin lagi ewuh aya ing pambudi.

 

 

Ana candhake.

 

 

 

 

 

Jumat, 09 Desember 2022

JAMUR FAMEN ING PINGGIR GALENG (11)

11.

Tanduran pari apitan neng sawahe para kadang tani wis wiwit gumadhung. Udane wiwit rada ngarang-arangi, ya ing wayah ngono kuwi adhakane jamur-jamur damen ing tumpukan kawul wiwit padha thukul. Sudimin lagi ngerti nek olehe mbudidaya nandur Jamur jaman semana kae wis wiwit panen. Ngertine sawise Sudimin mangan awan sabubare sekolah, ing panggonan mangan sing kulina dicawisake dening Bu Suwaji, ana tambahan lawuh wujud jamur damen sing digoreng. Karo mangan Sudimin wiwit eling karo olehe nata damen sing dipaido dening Pak Dolal dhek emben. Nek olehe mbudidaya biyen kae kasil, mesthine saiki uga wis wayahe thukul jamure. Mengko sore sadurunge budhal menyang langgar utawa sesuk-esuk, arep nyoba diendhangi.

 

“Jamure enak apa ora Min?” dumadakan Bu Suwaji miyos, nyedhaki Sudimin karo mundhut pirsa.

 

“Eca sanget Bu” wangsulane Sudimin “langkung gurih tinimbang jamur merang”.

 

“Bener kowe Min, pancen Jamur Damen sing thukul neng sawah ngono kuwi luwih gurih tinimbang Jamur Merang gaweyan neng omah” Bu Suwaji ngendika maneh karo mundhut pirsa “kowe ngerti jamur sing digoreng Ibu kuwi saka ngendi?”.

 

“Boten Bu” Sudimin atur wangsulan cekak karo mripate nuduhne tandha pitakon marang sing didhereki kuwi.

 

“Kuwi asile olehmu mbudidaya dhek emben kae” Bu Suwaji nerangne asal-usule jamur sing saiki dienggo lawuh Sudimin “mau Pakdhe Saidi ngeterne Jamur budidayamu kuwi, akeh banget banjur dening Ibu dipara dadi telung pantha, sing sepantha dimasak kuwi, dene sing rong pantha dening Ibu diparingne mBokdhe Saidi karo Simbokmu. Dadi kabeh ben melu ngrasakne asil budidayamu”.

 

“Oo inggih Ibu, matur nuwun sanget” Sudimin ngaturne panuwun, merga simboke uga diparingi dening Bu Suwaji “Simbok mesthi remen sanget, tiyang Daliyem kalih Wagirah nika nek kalih Jamur Damen remene boten kantenan”.

 

“Iya” Bu Suwaji paring wangsulan maneh “mau Pakdhe Saidi ya kandha, jarene manen jamur neng tumpukan damen kuwi rong dina sepisan, dadi wis gedhe-gedhe, nek saben dina dijupuk ya keneng wae, nanging rak isih cilik-cilik dadine ya mung sethithik, ora keneng didum”.

 

“Inggih Ibu” Sudimin mung wangsulan cekak. Karo wangsulan ngono kuwi, Sudimin nggagas kepengin ngerti kaya apa wujude tumpukan kawul sing wis nukulake jamur kuwi. Merga wiwit bubar nata lan numpuk biyen, Sudimin ya arang ngendhangi “tegalane” kuwi, iya jalaran saka ora kober, kalah karo gaweyan liyane.

 

“Ya mengko menyanga sawah ta Min, ben ngerti saiki kaya apa wujude Kawul sing mbok tumpuk biyen” kaya pirsa apa sing lagi digagas Sudimin, Bu Suwaji paring dhawuh “jarene Pakdhe Saidi, sakploke nata lan numpuk damen dhek emben blas ora tau mbok delok. Ibu ya pirsa kok, marahi neng omah ya ana wae sing kudu mbok tandangi. Mulane mengko elangna sedhela”.

 

“Inggih Ibu” wangsulane Sudimin “mangke sonten mawon kula tak dhateng sabin”.

 

Tenan. Sorene gaweyan resik-resik lan ngisi kolah disengka, ditandangi rada awan. Bar sembahyang ngasar Sudimin sida menyang sawah ngendhangi “tegalan” jamure. Jebul Pakdhe Saidi ya wayah ana sawah, penggarape Pak Suwaji kuwi nuju lungguh neng cedhak tumpukan kawule Sudimin, lagi udut, jagongan karo Lik Sakir sing uga lagi lungguh neng galengan sinambi udut, rokok tingwe.

 

“Kowe menang Min” lagi wae Sudimin teka, durung nganti melu lungguh, Lik Sakir wis ndhisiki omong.

 

“Menang apa Lik?” Sudimin rada gumun karo sing dikandhakne Lik Sakir .

 

“Menang karo Pak Dalal” sing wangsulan malah Pakdhe Saidi “Jamure metu akeh banget, mau malah dening Ibu mbokne cah-cah ya diparingi”.

 

“Oalah kuwi ta?” Sudimin lagi mudheng, banjur wangsulan karo mesem seneng “iya mau mBokku barang ya diparingi kok”.

 

“Iki mau rak lagi wae tak omong karo Pakdhe Saidi ta Min?” Lik Sakir guneman maneh “nek buku sing mbok waca kae bener. Ora kaya sing dikandhakne Pak Dalal biyen kae”.

“Mau esuk, pas aku ngepeki Jamur mau, Pak Dalal ya pas endhang-endhang sawah” kandhane Pakdhe Saidi maneh “wonge ethok-ethok ora ngingeti. Aku ya meneng wae, ora aruh-aruh blas”.

 

“Upama mbok aruh-aruhi, wonge mesthi mundhak kisinan” wangsulane Lik Sakir “merga luwih rumangsa kalah pinter karo Sudimin, sing dianggep bocah isih cilik sing ora ngerti apa-apa, kamangka Sudimin olehe ngerti carane gawe Jamur kuwi merga seneng maca buku lan migatekne wulangan neng sekolahan wae”.

 

“Sing menang kuwi dudu aku Lik Sakir” Sudimin genti guneman “nanging Pakdhe Saidi, merga bar damen ditumpuk karo dibumboni rabuk TS lan Kawur kae, aku ya blas ora tau endhang-endhang, upama ora diopeni Pakdhe Saidi kira-kira wae ya ora sida metu jamure kaya saiki kuwi. Mulane Ibu mau banjur dhawuh marang aku supaya endhang-endhang menyang sawah”.

 

“Bu Mantri Guru mesthi rena penggalihe” Lik Sakir nyaut rembuge Sudimin “merga pirsa nek bocah sing ndherek kuwi pinter kaya kowe kuwi, dhemen ngecakne apa-apa sing diwulangake Pak Mantri Guru neng sekolahan. Aku ya arep tiru-tiru kowe kok Min, suk emben tumpukan kawulku kae ya arep tak gawakne kawur karo rabuk TS”.

 

“Mathuk kuwi Lik” Sudimin wangsulan.

 

“Jane saiki ya wis ana Jamure sing thukul” Lik sakir nutugne kandhane “nanging cilik-cilik lan ora akeh kaya nggonmu iki. Tumpukan kawul neng sawahe Pak Dalal sing gandheng karo galenganku kae ya thukul jamure, ning ya padha nggonku ora akeh kaya nggonmu iki, gajege wingi esuk dijupuki Pakdhe Marimin arep diterne nggone juragane”.

 

“Mengko nek nggonmu ya ndadi, Pakdhe Marimin rak diprentah ngusungi Kawur nyang sawah, wong damen sawahe Pak Dalal kuwi luwih akeh tinimbang kene utawa nggonmu” Pakdhe Saidi amul rembug “wong sawahe Pak Dalal kuwi sebahu wutuh, nek sawahe Pak Mantri iki rak mung setengah”.

 

“Iya nggonku kae mung telung prapat” Lik Sakir aweh wangsulan “lan nek wis nggone Pak Dalal Jamur Damene dadi akeh, mengko titenana wae, wonge neng ngendi-endi rak terus rapat nek wis ngandhani aku karo kowe carane ben kawule metu jamure sing akeh ngono kuwi mau. Kamangka wonge maune maido, entek-entekane malah banjur tiru-tiru terus ndhaku”.

 

Pakdhe Saidi ngguyu rada banter, Lik Sakir ya melu ngguyu banter.

 

“Oalaah, sampean kuwi kok ya pinter temen ngentha-entha perkara sing durung mesthi kelakone” Sudimin ora melu ngguyu nanging malah maido Lik Sakir “Wong Pak Dalal ya durung karuwan nek arep tiru-tiru awake dhewe kok, luwih-luwih arep rapat neng ngendi-endi nek wis muruki awake dhewe. Kuwi jenenge Suudzon, dhawuhe mBah Kyai Wahid dosa gedhe lho Lik”.

 

Dielokne ngono kuwi dening Sudimin, Lik Sakir ora nesu, nanging anggone ngguyu ya ora ditutugne maneh, mung kari klecam-klecem mesem kaya weruh sesawangan sing lucu.

 

“Pancen mbudidaya Jamur Damen cara prasaja ngene iki becik banget nek akeh sing ngecakne” Sudimin banjur ngajak ngrembug perkara pambudidaya jamur damen “merga kajaba rasane ya enak, keneng dienggo lawuh, miturut Buku Ilmu Hayat kae Jamur Damen utawa jamur Merang kuwi nduweni Pitamin sing gedhe manpangate, padha karo pitamine katul lan beras. Dadi ya karo idhep-idhep manpangatne damen panen rendhengan, nek damen panen apitan rak kanggone wis genah?”.

 

“Iya” Pakdhe Saidi sing mangsuli “nek panenan mangsa ketiga genah nek damene dialap wong-wong sing duwe ingon-ingon kebo utawa sapi, ditumpuk dienggo pakan kewane nek wayah larang suket. Nek turah utawa ora ana sing amek, damen bisa gampang digaringne, dieyer neng kedhokan banjur diobong dienggo rabuk nandur Kedhele utawa Palawija liyane”.

 

Rembugan sore kuwi dadi gayeng banget, wosing rembug Lik Sakir arep melu-melu mbudidaya gawe Jamur damen neng sawahe. Malah jare arep ngandhani wong-wong liyane sing padha duwe sawah lan damene nek wayah panen rendhengan mung ditumpuk ora pati ana paedahe kajaba dienggo susuh wang-wung .

 

Srengenge ing sisih kulon sansaya mudhun, wektune wis nyedhaki wengi. Wong-wong banjur padha ngadeg arep bali menyang omahe dhewe-dhewe. Sudimin uga banjur melu mulih, sedhela maneh wis maghrib, wayahe sinau ngaji neng langgar, ngangsu kawruh marang mBah Kyai Wahid.

 

 

Ana candhake.
 

Kamis, 08 Desember 2022

JAMUR DAMEN ING PINGGIR GALENG (10)

 


10.

Sanajan mung sak jamur merang, gandheng sing ngolah kuwi Bu Suwaji sing wis kondhang pinter olah-olah, jeneh biyen lulusan SKP jurusan tata boga, ya dadi lawuh sing banget enak lan gurih. Pak Suwaji ngrasakne eca banget anggone dhahar, luwih-luwih Sudimin sing ngertine panganan enak kuwi ya sawuse ndherek Pak Suwaji, olehe mangan karo lawuh Jamur Merang sing dioseng katon telap-telep ngentekne sega saking segere.

 

Karo mangan Sudimin banjur kelingan, saka rumangsane sasuwene iki saka akehing jinis jamur sing dipangan ora mendemi, sing paling enak kuwi jamur merang utawa jamur damen. Jaman sadurunge ndherek Pak Suwaji, Sudimin kerep mangan jamur damen, olehe oleh simboke nek dhong buruh nyang sawah. Sudimin dhewe uga kerep sengaja golek Jamur Damen neng tumpukan kawul utawa damen sing wis lawas. Jamur damen sing thukul neng tumpukan kawul kuwi adate luwih gedhe-gedhe tinimbang jamur merang asil pambudidayane wong lan akeh sing kandha yen rasane uga luwih enak.

 

Gagasane Sudimin sansaya adoh, banjur kepengin niru lekase mBah Kyai Wahid sing mbudidaya gawe jamur merang, mung bedane sing diangen-angen Sudimin ora arep gawe jamur merang sing mbutuhne papan lan tenaga sarta katlatenan mirunggan. Nanging Sudimin kepengin gawe jamur damen sing carane prasaja banget uga ora mbutuhne panggonan apa dene tenaga mirunggan. Biyen jaman isih kumpul dadi siji karo wong tuwane, Sudimin tau duwe gagasan mangkono kuwi, nanging wurung kaleksanan, jalarane mung sepele, ya kuwi wong tuwane ora duwe sawah dadi ya ora tau duwe damen sing ora kanggo banjur ditumpuk dadi kawul diumbar garing banjur bosok dadi lemah kaya nggone wong-wong sing duwe sawah kae. Nek saiki gagasan kuwi ketoke bisa kaleksanan, jalaran Pak Suwaji uga kagungan sawah sanajan ora pati jembar lan digarap dening Pakdhe Saidi. Sudimin uga ngerti nek Pakdhe Saidi uga kerep numpuki damen dadi kawul neng pojokan sawah garapane, kuwi sing rencanane Sudimin arep dibudidayakne murih bisa thukul jamure luwih akeh, merga nek mung njagakne kanthi cara alami, kerep wae tumpukan kawul kuwi ora thukul jamure utawa upama thukul ya ora akeh.

 

“Kowe arep ngenekne uji coba gawe jamur damen kanthi cara sing prasaja nganggo kawul neng sawah sing ditumpuk Pakdhe Saidi kae?” Pak Suwaji paring wangsulan kanthi mbalekne nganggo pitakonan, nalika Sudimin matur, taren nek arep nyoba “nandur” jamur damen.

 

“Angkah kula makaten Bapak” atur wangsulane Sudimin “menika menawi Bapak marengaken”.

 

“Iya Bapak ya mathuk karo gagasanmu kuwi” Pak Suwaji ngendika karo mesem, penggalihe rumangsa karenan dene Sudimin wis mletik nalare “nek ngono kanggo nyepakne barang sing mbok butuhne, mengko tukuwa Kawur sak kanthong wae nang nggone Pak Marsana, rabuk TSP ne nyuwuna Pakdhe Saidi, matura nek sing dhawuh Bapak, ngono. Dhuwit ngge tuku kawur nyuwuna Ibumu”.

 

“Inggih Bapak” wangsulane Sudimin seneng, merga gagasane ditampa lan disengkuyung dening Pak Suwaji.

 

“Karo nek nata kawule aja mepet-mepet Galeng wates karo sawahe kidule” Pak Suwaji paring dhawuh maneh “tinimbang mengkone ndadekne Pakdhe Saidi ora kepenak karo sing duwe sawah kidule dhewe kae. Wong Pak Dalal kuwi sok-sok nek ngendikan ya ngana kae, kowe ngerti ta karo sing dingendikakne Bapak iki?”.

 

“Inggih Bapak kula ngertos” wangsulane Sudimin. Panen Sudimin ya ngerti tenan nek sawah tunggal galeng karo sawahe Pak Suwaji kae sawahe Pak Dalal sing digarap Pakdhe Marimin. Pak Dalal kuwi duwe watak sing rada beda karo wong liyane, sok nduweni watak srei lan dahwen pati open, mung perkara sepele wae kerep dadi geger karo tanggane, luwih-luwih nek tanggane kuwi oleh kabegjan sing ora diduweni dening Pak Dalal. Nek guneman seneng nylekit lan gawe laraning atine sing dijak omong. Mulane Sudimin ya mbenerake apa sing didhawuhne Pak Suwaji, priyayi sing kondhang dhemen ngalah marang sapepadhane lan tumindake tansah dingati-ati murih ora gawe kapitunaning liyan.

 

Dina Ahad esuk, wayahe Sudimin prei sekolahe, kanthi direwangi lan dipernah-pernahne dening Pakdhe Saidi, tumpukan damen sing wis ngawul ing poncotan sawah ngisor dhewe kuwi sida disulap dening dening Sudimin dadi calon tegal jamur. Wong sing duwe sawah kiwa tengene, sing kabeneran liwat ing dalan cedhak sawah garapane Pakdhe Saidi kuwi padha mandheg lan ndelok apa sing ditandangi Sudimin sing dibiyantu Pakdhe Saidi kuwi.

 

“Bener kuwi Min” kandhane Lik Sakir sing sawahe keletan sawahe Pak Dalal, sawuse ngerti apa karepe Sudimin “tumpukan kawul nggonku kae ya kerep metu jamure, kamangka ya mung sok kecipratan rabuk nek wayahe aku ngrabuk ngana kae, dadi tumpukan kawul iki mbesuk tak kira jamure bakal thukul luwih akeh lan luwih awet, wong wis mbok kangeli karo mbok ragadi nganggo rabuk Te Es malah mbok wenehi Kawur barang”.

 

“Ya muga-muga ngono Lik Sakir” wangsulane Sudimin “wong olehku ngene iki ya mung idhep-idhep mbuktekne apa unine buku Ilmu Hayat kae kok, mula dening Bapak ya disengkuyung, ngendikane Bapak iki pelajaran praktek Ilmu Hayat”.

 

“Iya, Pak Mantri Guru mesthine luwih pirsa babagan ngono kuwi” kandhane Lik Sakir maneh “lha nek aku iki ya kaya Pakmu kae, sekolah ora tutug dadi ya ora pati mudheg karo unine buku, Ngertine mung nganggo ngelmu titen”.

 

“Lha wong unine buku wae kok digatek nemen-nemen” ora ana sing migatekne jebul Pak Dalal sing ngadeg ana galengan sawahe dhewe nrambul gunem melu omong, semune maido karo apa sing lagi dirembug antarane Lik Sakir karo Sudimin.

 

Sudimin nglirik Pakdhe Saidi karo mesem, Lik Sakir sing weruh ya melu mesem. Wong telu ora ana sing semaur nanggapi pangucape Pak Dalal sing maido Sudimin sing jare kenemenen anggone percaya karo unine buku kuwi mau.

 

“Tumpukan damen neng sawahku kuwi, selawase ora tau kecipratan rabuk blas. Nanging nyatane saben wayah rada ana terangan ngana kae, ya ajeg metu jamure” ora ana sing mangsuli, nanging Pak Dalal panggah nutugne olehe guneman “Jamur Damen kuwi thukule ya merga karo sing nukulne dikon thukul neng panggonan sing wis dipilih, ora merga saka rabuk utawa kawur kaya unine buku sing diwaca Sudimin kuwi mau”.

 

“Inggih Pak Dalal” rumangsa dipaido ora kena diempet Sudimin wangsulan “niki namung dhapur njajal utawi nyobi, leres napa boten unine wulangan teng buku Ilmu Hayat nika kok. mBenjing nek saged thukul jamure nggih alhamdulillah, dene boten inggih boten napa-napa”.

 

“Iya apik kuwi” wangsulane Pak Dalal karo mesem kecut “nanging nek aku ya wegah, tenaga kok diceh-ceh kanggo jajal-jajal unine buku. Nanging aku ya ora ngluputne kowe lho Min?!? Kowe ora prelu gela karo rembugku iki!”.

 

“Boten Pak Dalal” wangsulane Sudimin karo ngguyu “upami dipaido utawi dilepatne kula nggih boten ajeng nesu kok? Menggah kula sing kula tandangi niki empun leres lan ugi sampun dianggep boten lepat kalih Bapak, dados upami benjing niku, tumpukan kawul niki boten medal jamure kula nggih boten ajeng getun, idhep-idhep kula dadosne pengalamaning urip”.

 

Diwangsuli kaya ngono kuwi, Pak Dalal isih guneman akeh-akeh maneh. Nanging dening Sudimin ya ora diwangsuli, merga kajaba Sudimin wis ora pati cetha nggone nampa rembuge Pak Dalal, kegawa saka anggone wis ketungkul nandangi gaweyane, Sudimin uga ngerti nek ora ana gunane ngladeni omongane Pak Dalal, wong sing mung ndelok, lumrah wae pinter keplok nanging ora tombok.  Semono uga karo Pakdhe Saidi, wiwit mau wis ora krungu kandhane Pak Dalal, merga Pakdhe Saidi wiwit krungu rembuge Pak Dalal sing sepisanan mau, wis ora seneng rasaning atine. Mula tinimbang nggatekne omongane wong sing mung gelem maido, Pakdhe Saidi milih meneng karo tumandang gawe, dadi ora pati krungu karo tembung sing diucapne wong sing duwe sawah kidul garapane kuwi. Lik Sakir sing ngerti slagane Sudimin karo Pakdhe Saidi mung mesam-mesem dhewe, malah banjur melu tumandang ngrewangi wong loro sing lagi ketungkul nyambut gawe kuwi.

 

 

Ana candhake


SENDHANG MUSTIKANING WARIH 8. (52)

  52.         Tiyang-tiyang ingkang wonten ing Pringgitan sampun boten kaget malih mireng wicantenipun Bebau Sumber makaten menika. Sadaya s...